Jayaendra memeriksa surat Karyasentika, 23 September 1842
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Mas Ngabei Jayaendra menerima laporan Karyasentika bahwa Sahi Cina Pak di Jetis belum membayar kekurangan uang sebanyak 40 rupiyah kepada dirinya. Karyasentika menjual uang kertas putih seharga 100 rupiyah kepada Sahi dan baru dibayar 60 rupiyah. Adapun kekurangannya akan dibayar kemudian.
Ing dintên Jêmungah kaping 18 wulan Ruwah taun Jimakir, ăngka 1770.
Kula Mas Ngabèi Jayaendra, amriksani Karyasêntika, aturipun ing ngandhap punika.
Atur kawula Karyasêntika, kawula kadangu ing parentah, wade rupiyah kartas pêthak, pêngaos 100, dhatêng pun Sahi Cina Pak ing Jêthis, ingkang punika inggih yêktos, yatra dèrèng kabayar, supmados[1] mêndhêt dhatêng griyanipun, sarêng sontên sawêg warni 60, kawula dèrèng gêdugi tampi, yatra taksih wontên pun Sahi, sarêng enjingipun amarêngi dintên Kêmis kaping 17 wulan punika, pun Sahi wicantên dhatêng kawula, yèn yatra kartas wau sagah kawade dhatêng nêgari, sarêng antawis siyang, Tuwan Ahèng dhatêng, animbali kawula, wondening yatra wau dadosipun awon kawula botên ta sumêrêp, dene yatra
kawula kartas wau sangking gadhahan kawula kandêlan, katumbas tiyang ing Blora, wasta Sutawijaya, kandêlan kawula jêne, 1 jungkat singat 3 kodhi, katumbas 100 wang kartas pêthak, ingkang kawula wade wau.
Atur kula tiyang Cina pun Sahi, ing dintên Rêbo kaping 16 wulan Ruwah taun Jimakir punika, kula kêdhatêngan Karyasêntika, nukarakên wang kartas pêngaos 100 nêdha warni apyun 5 tail, badhe kadamêl sangu dhatêng Ngaribaya lajêng dhatêng Gêduwang, salangkungipun katêdha yatra, sarêng wang kartas kula tampèni gopok, dados botên kula bayar, kula sumadosi enjing ing dintên Kêmis yatra kartas kula aturakên dhatêng nêgari punika.
Atur kawula Karyasêntika, inggih
sayêktos, sak aturipun pun Sahi wau, ananging awonipun ing yatra kartas wau kawula botên sumêrêp, awit saking pun Sutawijaya ing Blora wau, dhatêngipun ing Surakarta amarêngi grami traos.
1 | supados. (kembali) |