Ringkasan: Penolakan permohonan keadilan oleh R.M.A. Purwadiningrat dan T. Jayanegara terhadap M. Rangga Wangsawijaya, sebab permasalahannya sudah diserahkan kepada Tuan Karelen Wredik (Frederik) Winter. Kedudukannya juga sudah digantikan orang lain yang dipercaya oleh K.P.A. Kusumayuda.
Pèngêt. Layang manira wangsulan, Radèn Mas Ariya Purwadiningrat, akalihan ingkang rayi Radèn Tumênggung Jayanagara, dhawuha marang pakênira Mas Răngga Wăngsawijaya.
Liring layang wangsulan, pakênira anyuwun lilah, arêp marang ing Manjung, amupakatake layang karampungan. Kang iku manira ora marêngakên. Sabab pakênira, wus manira aturake marang saudara Tuwan Karèlên Wrèdik Wèntêr, yèn pakênira wus ora bisa angrupakake, sarta ora anêtêpi, apa ing salakune layang karampungan. Awit manira wus anguningani dhewe, kang dadi laku-laku pakênira, lan pakênira sumurupa, yèn manira, lan saudara tuwan juru basa, wus anglilani, panandure dêmang, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, anggone nêtêpi, dêmang ing Manjung dadi pakênira wus ora olèh bali marang ing kadêmangan pakênira, awit pakênira, ora anglakoni ing saunine layang karampungan,
Sênèn ping 13 Puasa taun Jimakir ăngka 1770.
Nêtêpi dêmang ing dhusun.
Dhusun dipun têtêpi dêmang.
Dêmang katêtêpakên ing dhusun.