Ringkasan: Pemberitahuan dari Wiryadipura kepada R. Arya Cakrajaya bahwa Sumareja dijadikan demang di Sulang, Rembang, sedangkan yang menggantikan kedudukannya sebagai litnan adalah Martareja. Kedua-duanya sudah mendapatkan surat keputusan dari Jakarta. Wiryadipura mengijinkan keris yang belum ada kerangkanya, disertai sepotong kayu cendara agar dibuatkan kerangkanya (bila dapat dibuat dua, dengan model salah satunya gayaman). Keris itu adalah milik Suradiwirya. Harapannya agar dapat diselesaikan dan dibawa pulang oleh Setrabaya, saat dijemput oleh Darab.
Wiyosipun kangmas. Kula ngaturi uninga, yèn rayi sampeyan kangmas Sumarêja, sapunika kakêrsakakên dados dêmang ing dhistrik Sulang, rêgènsêkap Rêmbang, dene ingkang gêntosi dados litnan, rayi sampeyan kangmas Martarêja, saha sampun sami tampi bêslit saking Bêtawi, kaping 2 ingkang sarêng sêrat punika kula ngaturakên 1 dhuwung kinalah, kalayan 1 têngkêl kajêng cêndhana, wontêna karsa sampeyan paring pitulung nyarungi branggah, inggih kasopak kimawon. Dene kajêng wau sampeyan damêl sarungan branggah 2, ingkang 1 dhuwung kinatah wau, kang 1 sampeyan damêl cawangan kimawon. Sokur wontên sêbelanipun sarungan gayaman saking 2 utawi satunggil. Dene ingkang gadhah rayi sampeyan pun kakang Suradiwirya, dêmang dhistrik Pêlêm. Dene wau dhuwung tuwin sarungan, sagêda kabêkta antukipun, Sêtrabaya. Wondene lampahipun Sêtrabaya punika kula kèn mêthuk rayi sampeyan pun Darab.
Ingkang punika mugi wontêna karsa sampeyan mratikêlakên utawi paring pawulang dhatêng rayi sampeyan pun Darab, kêjawi saking punika sadaya wilujêng.
Karangdjatu der 13
Joeny - 1845.
Arinto
Wiryodipoero.
Ngalamat sêrat, kaatur ingkang raka, Radèn Ariya Cakrajaya, ing Ngadiwijayan, Surakarta Adiningrat.
te
Soerakarta.
Dengen I kris.