Raffles: Surat dari Susuhunan Pakubuwana IV (Surakarta, 8 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Susuhunan Pakubuwana IV kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 8 April 1816. Susuhunan mendoakan kesembuhan Raffles yang akan berobat ke Tanjung Harapan, kemudian dilanjutkan ke Inggris, serta telah mendapat pemberitahuan dari Raffles mengenai penunjukan John Fendall sebagai penggantinya. Salam hormat dan doa juga disampaikan oleh permaisuri Ratu Kencana, putra mahkota Adipati Anom Mangkunagara, dan seluruh keluarga Susuhunan.

--- [55] ---
No. 1
From His Highness the Susuhunan of Surakarta.
Punika ingkang sêrat, pratăndha apawong sanak kang miyos saking iklasing manah ingkang suci ingkang têmên-têmên. Ingkang botên kenging pêdhot-pêdhot salaminipun. Taksih wontên sapadhanging surya lan sapancoronging sasi, saha ingkang tabe akathah-kathah saking Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping sakawan, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat, ingkang andarbèni tah talatah ing nuswa Jawi sadaya, kaatura ingkang eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Tomas Sêtamporêt Raplês, litnan gupêrnur jendral ing Pulo Jawi sarta ing sabawahipun sadaya, ingkang anguwasani wadyabala sarta prajurit, ingkang wontên ing Pulo Jawi sadaya, saha pamuji saking iklasing manah ingkang mugi-mugi kangjêng eyang pinaosêna ingkang yuswa, salamêt sarta kasarasan ing salami-laminipun, sarta dadosa karaharjaning nagari lan satêtiyangipun sadaya.
Ri sampuning kadya punika awiyos eyang, wondene kangjêng eyang akintun sêrat dhumatêng ing panjênêngan kula, ingkang kasêrat nagari Batawiyah, ing dintên Ngakad tanggal ping sadasa, sasi Rabingulakir taun 1743,[1] inggih sampun kula tampèni punapa ing saungêling sêrat sampun kula tupiksani sadaya, yèn ing mangke kangjêng eyang litnan gupêrnur asuka uninga dhumatêng panjênêngan kula, sarèhning kangjêng litnan gupêrnur asangêt gêrahipun, pramila kêdah angupados panggenan ingkang sae, wau panggenan ingkang kenging kadamêl têtirah amulyakna ingkang gêrah, ing mangke ijêngandika badhe anglêksanani dhumatêng nagari Kap.[2] Sawontênipun ing ngriku sawêtawis badhe lajêng dhumatêng nagari Inggris. Kalih dening malih kangjêng eyang litnan gupêrnur, asuka uninga malih dhumatêng panjênêngan kula, yèn anyamèni kalayan tata pranatan ingkang sampun kadamêl ing nagari Eropa, Kangjêng Tuwan Jon Findhol,[3] kang saking nagari Bênggala, ing mangke sampun rawuh ing nagari Batawiyah, minăngka dados gagêntosipun Kangjêng Eyang Litnan Gupêrnur Raplês, kang ngasta pêparentahan ing tanah Jawi sarta sabawahipun. Ingkang punika eyang sakalangkung-langkung dening asangêt ing pangungune manah kula, kang sarta cuwanipun galih kula, dening kangjêng eyang ing nalika punika amanggih gêrah sangêt, kalih badhe angarsakakên têtirah lajêng dhatêng nagari Inggris. Pamuji kawula ing Gusti Allah, ingkang mugi-mugi kangjêng eyang

--- [56] ---
enggal amanggiha waluya, kasarasana, kang sarta amanggiha wilujêng ing margi, dhatênga ing sakarsanipun kangjêng eyang, wondene kangjêng eyang sampun angandika dhumatêng ingkang anggêntosi, amrasabênakên dhumatêng panjênêngan kula, kangjêng litnan gupêrnur ingkang anyar, anggêpipun dhumatêng panjênêngan kula, botên sulaya malih amasthi kalulusakên kadidening kang sampun kalampahan. Ingkang punika eyang inggih sakalangkung-langkung pintên-pintên tarima kasih kula dhumatêng kangjêng eyang, kalih dening kula saha rabi kula Bok Ratu Kêncana, punapa malih putra kula Ki Adipati Anom Amangkunagara, putra-putra kula sadaya, tuwin santana kula sadaya, sami angaturi tabe kurmat salamêt ing margi, kang sarta pamujinipun, ingkang mugi-mugi kangjêng eyang amanggiha kasarasan ing salami-laminipun.
Punapa ing saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.
Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat. Ing dintên Sênèn tanggal ping sadasa, sasi Jumadilawal ing taun Dal. Angkaning warsa 1743.[4]
| 1 | Tanggal: Ngakad (Ngahad) sadasa (10) Rabingulakir 1743. Tanggal Masehi: Minggu 10 Maret 1816. (kembali) |
| 2 | Kap atau Êkap (Kaap de Goede Hoop): Tanjung Harapan. Lihat: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 145.7.9; Babad Giyanti, Balai Pustaka, Pupuh 80.25.5. (kembali) |
| 3 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 4 | Tanggal: Sênèn sadasa (10) Jumadilawal Dal: 1743. Tanggal Masehi: Senin 8 April 1816. (kembali) |