Raffles: Surat dari Sultan Hamêngkubuwana IV (Ngayogyakarta, 7 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Sultan Hamengkubuwana IV kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 7 April 1816. Sultan mendoakan kesembuhan Raffles yang akan berobat ke Tanjung Harapan, kemudian dilanjutkan ke Inggris, serta telah mendapat pemberitahuan dari Raffles mengenai penunjukan John Fendall sebagai penggantinya.

--- [60] ---
2
From His Highness the Sultan of Djoeja Carta
Punika ingkang sêrat, pratăndha tulus iklas kawiyos ing manah suci êning, rêmên ingkang têmên-têmên apawong sanak, saha ingkang tabe akathah-kathah, saking ingkang wayah Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatolah, ingkang kaping sêkawan. Ingkang angrênggani kêdhaton nêgari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kaatura ingkang eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Tomas Tanporêt Raplès, litnan gupênur ing Pulo Jawi sabawahipun sadaya, ingkang anguwasani wadyabala sarta prajurit Inggris, ingkang wontên ing tanah Jawi sabawahipun sadaya, saha pamujènipun ingkang wayah kangjêng sultan saking iklasing manah, ingkang mugi ingkang eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana litnan gupênur jendral, pinaosêna ingkang yusya salamêt saha karaharjan wontên ing dalêm donya puniki.
Sasampuning kadya punika awiyos, ingkang wayah kangjêng sultan ingkang sampun atampi sêrat saking ingkang eyang kangjêng tuwan litnan gupênur jendral, saha sampun katumpiksani saraosing sêrat sadaya, ungêling srêrat, yèn ingkang eyang kangjêng tuwan litnan gupênur jendral, asuka uninga dhatêng ingkang wayah kangjêng sultan. Sarèhning kangjêng tuwan litnan gupênur, asangêt gêrahipun, pramila akêdah angupados panggenan, ingkang sae wau panggenan ingkang kenging kadamêl têtirah, amulyakna ing gêrah, ing mangke ingkang panjênêngan badhe krêsa anglêksanani dhumatêng nêgari Kap.[1] Sawontênipun ing ngriku sawêtawis badhe lajêng dhumatêng nêgari Inggris. Kalih dening malih ingkang eyang kangjêng tuwan litnan gupênur asuka uninga malih, dhumatêng ingkang wayah kangjêng sultan, yèn anyamèni kalayan tata pranatan ingkang sampun kadamêl nêgari ing Iropa, Kangjêng Tuwan Jon Pindhol[2] kang saking nagari Bênggala, ing mangke sampun rawuh wontên nêgari ing Batawiyah, minăngka dados gêgêntosipun Kangjêng Tuwan Litnan Gupênur Raplès, angasta parentahan ing tanah Jawi sarta sabawahipun sadaya, kangjêng tuwan litnan gupênur, sampun angandika dhumatêng [dhuma...]

--- [61] ---
[...têng] ingkang anggêntosi, amêrsabênakên ingkang wayah kangjêng sultan. Wondening kangjêng tuwan litnan gupênur ingkang anyar anggêpipun dhumatêng ingkang wayah kangjêng sultan, botên sumêlang malih, amasthi kalulusakên, kadi dening ingkang sampun kalampahan, ing nalika punika, kangjêng tuwan litnan gupênur anglairakên pangèstonipun, gènipun apawong sanak, tuwin pangowêlipun dhatêng ingkang wayah kangjêng sultan, miwah dhatêng kang sêntana-sêntana putra sadaya, ing wusananipun pamujènipun ingkang eyang kangjêng tuwan litnan gupênur, mugi ingkang wayah kangjêng sultan, amanggiha sakathahing kanugrahan, kairingna sakathahing kabêgjan, karaharjan tuwin kasênêngan ngantos ing salami-lamènipun, sarta kangjêng tuwan litnan gupênur upami mirênga kadi dening pamuji wau punika, amêsthi andadosakên suka pirênanipun ingkang galih.
Ingkang punika sarèhning ingkang eyang kangjêng tuwan litnan gupênur jendral, asuka uninga dhumatêng ingkang wayah kangjêng sultan, inggih sakêlangkung tarima kasihipun, kang wayah kangjêng sultan, dhumatêng ingkang eyang kangjêng tuwan litnan gupênur jendral. Sarèhning ingkang eyang kangjêng tuwan litnan gupênur grêrah sangêt, ingkang mugi Gusti Allah aparinga mulya, wondene ingkang eyang Kangjêng Tuwan Litnan Gupênur Jon Pindhol , sapunika sampun rawuh nagari ing Batawiyah, mênggah pênganggêpipun dhatêng ingkang wayah kangjêng sultan, botên sumêlang malih, amêsthi anglulusakên kadi dening ingkang sampun kalampahan. Ingkang punika inggih sakêlangkung tarima kasihipun ingkang wayah kangjêng sultan, mênggah pianggêpipun ingkang wayah kangjêng sultan dhatêng ingkang eyang Kangjêng Tuwan Litnan Gupênur Jon Pindhol, inggih sami ugi kadi dening pênganggêpipun dhatêng ingkang eyang Kangjêng Tuwan Litnan Gupênur Raplès, kalih dening ingkang wayah kangjêng sultan, angaturi urmat sêlamêt, satindakipun ingkang eyang kangjêng tuwan litnan gupênur jendral dhatêng nêgari Ngêkap, saha lajêngipun dhatêng nêgari Inggris, saha pamujènipun ingkang wayah kangjêng sultan, ingkang mugi-mugi ingkang eyang kangjêng tuwan litnan gupênur jendral tinêtêpna saking kanugrahan karaharjan ing salami-lamènipun.
Sinêrat [Si...]

--- [62] ---
[...nêrat] ing nêgari Ngayogyakarta Adiningrat ing dintên Ngahad tanggal ping sanga sasi Jumadilawal ing taun Dal angkaning warsa 1743.[3]
| 1 | Kap atau Êkap (Kaap de Goede Hoop): Tanjung Harapan. Lihat: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 145.7.9; Babad Giyanti, Balai Pustaka, Pupuh 80.25.5. (kembali) |
| 2 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 3 | Tanggal: Ngahad sanga (9) Jumadilawal Dal: 1743. Tanggal Masehi: Minggu 7 April 1816. (kembali) |