Raffles: Surat dari Sultan Sêpuh (Carbon, 29 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat kedua dari mantan Pangeran Raja, kini sebagai Sultan Sepuh Cirebon, kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 29 April 1816. Sultan menyampaikan rasa kehilangan atas kepergian Raffles ke Inggris, dan menyebut bahwa selanjutnya Tuan Hansen (Residen Gerage) akan menjadi penghubung antara Sultan dan Gubernur John Fendall. Surat ini juga memuat ungkapan duka cita atas wafatnya kakak Sultan, Kanjeng Sultan Sepuh Muhammad Samsudin.

--- [72] ---
From the Present Sultan Sepuh of Chrubon
Punika sêrat kang miyos saking iklasing manah kang suci sarta êning kang sinarêngan kalayan atur tabe miwa[1] sakathahing kaungguhan, saking kaula Sultan Sêpuh Carbon, kaatura dhumatêng Kanjêng Tuwan Ingkang Agêng Kang Wicaksana Kanjêng Tuwan Tomês Tamporêt Raplis, ingkang pituwin ingajêng-ajêng, ing katêtêpaning sih apawong sanak, ing salagi maksi[2] gantining siyang kalayan sipêng. Kalayan malih ingkang mugi angsala lêngkêping kalênggahaning kamulyan, kalayan sampurna ing kasênêngan, sarta mali[3] ingkang muga pinaosna ingkang yusya tuwuhing kasarasan, dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika awiyos kaula, angaturi sêrat kang kaping kali[4] puniki, saking dening kawilêting trêsna dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis. Kali dening malih kaula atur uninga, ing salamining kaula katilar dening sadhèrèk kaula Kanjêng Sultan Sêpuh Mukamad Samsudin punika, kaula botên kangkat angampêh ing wêdaling waspa, kantos ing netra kadi angraosi kanin, ing siyang kalayan dalu mêhêng wontên dhatênging karuna.
Saking dening kemutan dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis, kaping kalihipun Kanjêng Tuwan Raplis anyukani uninga yon[5] wontên gêrah kang karaos sangêt. Pramila sakalangkung katha-kathah[6] ingkang dados tatune mana[7] kaula, sarèhing katilar dening sadhèrèk, rumaos tuwuhing kabodhoan. Ing panganggêpe mana kaula, ing sabotên wontêne sadhèrèk kaula, inggi[8] mêhêng Kanjêng

--- [73] ---
Tuwan Raplis, saking dening sangêting pitêgêr kaula, kadi dening dhumatêng ing bapa makatên.
Pramila sarêng aningali ing sêrate Kanjêng Tuwan Raplis, yèn sampun atilar tana[9] Jawi, kang punika, kaula kang dados wêwêh raosing kanin ing manah.
Mêhêng Tuwan Hansên risdhèn ing nagari Grage ingkang dados pitêgêr kaula, kang amuri-muri, amiyara dhatêng kaula, punapadening kang andhatêngakên ing aturan kaula, dhumatêng Kanjêng Tuwan Gupêrnur Jon Pendhol.[10] Dalah kalampa[11] dhawuh sihe Kanjêng Tuwan Gupêrnur Jon Pendhol dhatêng kaula.
Ing mangke kaula sampun kagantosakên dhatêng kalênggahane sadhèrèk kaula, kalayan anama Sultan Sêpuh. Kala ing dintên Sênèn sasi Jumadilakir tanggal pisan naun[12] 1744. Pramila ing satyane manah kaula, dhumatêng Kanjêng Tuwan Gupêrnur Jon Pendhol, inggi kadi dening dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis, inggih Kanjêng Tuwan Gupêrnur Jon Pendhol, kang gumantos dados pugêran kaula.
Mêhêng Kanjêng Tuwan Raplis, ing sawontêning apalênggah ing nagari kang kinarsakakên, mugi amanggiha kasampurnan, sarta walujênging sarira. Ingkang kaula têdha, têtêping kumawula wontên ing bawa[13] Inggris.
Saking dening ing nagari Grage ing sawontêning yasa, awangun aturaning nagari kang kalampahakên ing sapuniki. Mênggah dhawuhipun dhatêng têtiyang alit sadaya, sakalangkung dados sukanipun, sarèhing rumaos [ruma...]

--- [74] ---
[...os] ing kasênênganipun, awit saking panjaginipun Kanjêng Tuwan Raplis, ingkang dados kasusahan dhatêng têtiyang alit sadaya. Punapadening pambaurêksanipun dhatêng kaula, miwa dhatêng sanak-sanak kaula sadaya, kalayan malih Kanjêng Tuwan Raplis, kang sampun anampèkakên warnining kanugrahan, kang ing mangke katampi dening kaula.
Ingkang punika kang dados botên wontên raosing manah supe, dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis.
Sinêrat ing dintên Sênèn, sasi Jumadilakir tanggal pisan, naun 1744.[14]
| 1 | miwah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | maksih. (kembali) |
| 3 | malih. (kembali) |
| 4 | kalih (dan di tempat lain). (kembali) |
| 5 | yèn. (kembali) |
| 6 | kathah-kathah. (kembali) |
| 7 | manah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 8 | inggih (dan di tempat lain). (kembali) |
| 9 | tanah. (kembali) |
| 10 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 11 | kalampah. (kembali) |
| 12 | taun (dan di tempat lain). (kembali) |
| 13 | bawah. (kembali) |
| 14 | Tanggal: Sênèn pisan (1) Jumadilakir 1744 [sic.]. Tanggal Masehi: Senin 29 April 1816. Tahun Jawa 1744 merupakan kesalahan penyalinan dan seharusnya 1743. (kembali) |