Raffles: Surat dari Adipati Wiranata Kusuma (Ngukur Bandhung, 15 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Wiranata Kusuma Ngukur Bandung kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 15 April 1816, sebagai tanggapan atas surat yang diterima melalui Residen Tomas Makuwid pada 11 Februari 1816. Adipati menyampaikan terima kasih atas kepemimpinan Raffles di Jawa, mendoakan kesembuhan Raffles yang akan berobat ke Inggris, serta telah mendapat pemberitahuan dari Raffles mengenai penunjukan John Fendall sebagai penggantinya. Adipati juga menyatakan telah menerima kain berwarna hitam sebagai tanda kasih sayang.

--- [84] ---
From the Regent of Bandoeng
Punika atur sêrat saha tur tabe kaula ingkang akathah-kathah kang miyos saking iklasing manah ingkang suci êning saking abdhi dalêm pun Adipati Wiranata Kusumah ingkang atêtêngga ing panêgari dalêm ing 'Ngukur Bandhung.
Sayugya kaunjuk ing sampeyan dalêm ing Kangjêng Gusti Ingkang 'Agêng Kang Wicaksana Gunadhur[1] Jendhral Tamas[2] Sêtamparêt[3] Raplis pan Indhêrlan Indiya, ingkang akêdatan[4] ing dalêm kita ing nêgari Ènggêlan, ingkang sampun pikantuk sih kanugrahaning 'Allah ingkang amarentahakên ing sagunging wadyabala Inggris, ing atas angin ing bawah 'ngangin, ing lautan miwah ing dharatan, siti Jawi ingkang kilèn bang wetan sêdaya kêlayan ingkang kinatakutan dening para raja-raja ing sêbrang sêdhaya[5] sarta ingkang mugi pinaosna ingkang yagya[6] dening 'Allahu Ta'ngalah amanggih sakathahing kawilujêngan kêlayan kanurgahan,[7] miwah sakathahing kaharjan, tinulusêna ingkang panjênêngan, dadhasa[8] pangaêban[9] kaula ing salami-laminipun, ing sapadhanging surya kêlayan sapêncaronging[10] sasih.
Ing sawingkinging kadya saha punika, aprakawis panjênêngan dalêm amatêdani[11] sêrat ingkang kasêrat ing nêgari Bêtawi, ing dintên Isnèn tanggal ping 12 sasih Ulabiyulawal naun[12] Dal babad 1743[13] sarta ingkang kaasta dening Tuwan Risêdèn Tamas Makuwid, punika sampun dhatêng kêlayan inggih katampi, sarta pinundi[14] ing mastaka, aprakawis panjênêngan dalêm amatêdani uninga datêng[15] ing badan kaula, yèn ngangluh sakalangkung sangêt, kêlayan tumuntên karsa

--- [85] ---
mantuk, datêng nêgari Englan, nêgari ingkang 'adhêm, inggih sampun kêmanah ing sêdayanipun, nanging badan kaula sakalangkung katuwan,[16] ing dhunyah[17] rawuh ing 'akerat, rèhipun sampun kapanggih ing kasaean, raintên kêlayan dhalu[18] rahmating 'Allah mêng kapanggih ing panjênêngan dhalêm,[19] lir dening badan kaula sêdalah 'ngabda[20] dalêm têtiyang sêdaya inggi[21] mêkatên ugi kêlayan ing samangke punika panuhun badan kaula, datêng para munggu-munggu muwah para lêluhur, ping tiga para mêla'ngekat, ping sêkawan para wali-wali ingkang sami sinare ing Pulo Jawi, ing sêdhaya-dhayanipun, muga-muga panjênêngan dhalêm angsal sih pikantuk kanurgahaning Allah, enggal kawilujêngan, tinêtêpipun ing panjênêngan dadhas nata pangaêbaning kaula wadyabala ing sêdaya-dayanipun, ing dhunya rawuh ing 'akerat.
Kalayan malihipun aprakawis panjênêngan dalêm amatêdani uninga, datêng ing badan kaula, yèn ing samangke wèntên satunggil tuwan Inggris ingkang panjênêngan Tuwan Jon Pendhol,[22] ka[23] samangke sampun rawuh ing nêgari Bêtawi, awit saking Bênggali punika ingkang agêntas[24] datêng panjênêngan dhalêm, kêlayan sampun kaserenan ing panguwasa, inggih sampun kaarêtos ing sêdaya-dayanipun ing satimbalan dalêm, sarta sampun kapratelakakên aprakawis têtiyang Jawi miwah ing kalêrêsan mênggahing katêmênan manahipun, yèn sampun kawicantênakên datêng kangjêng tuwan punika.
Inggih sakalangkung anuhun pindhah kêlayan malihipun aprakawis kasêca'ngan miwah kapênêdan badan kaula sampun kamanah datêng panjênêngan dhalêm badan kaula sêkalakung[25] suka rênahning manah aningali 'ngungêling sêrat panjênêngan dhalêm, kêlayan malih sêdayaning pêdamêlan ingkang kêdamêl ormat utawi sanès saking punika yèn sampun kamanah ing salami-laminipun [salami-lami...]

--- [86] ---
[...nipun] batên kinging lali inggih nuhun satimbalan. Kêlayan panjênêngan dhalêm dadhas rêna salêbêting wêrdayah yèn amanggih para bupati darbe kauntungan miwah 'ngeca manahipun, inggih badan kaula mêkatên ugi sakalangkung suka rênaning manah, punapadening amatêdani wastra cêmêng muwah apratandha trasna[26] inggih sampun katampi kêlayan badan kaula atur anuhun ing sêdantênipun pangandika dalêm.
Kêlayan malihipun angunjukakên sêdayaning ingkang wêrni armat[27] ingkang akathah-kathah dhumatêng ing panjênêngan dhalêm.
Kasêrat ing nêgari Bandhung ing dintên Ahad tanggal ping 17 sasih Jumadilawal taun Dhal[28] babd[29] 1231.[30]
Tanda[31] ngasta abdi dalêm pun Adipati Wiranata Kusuma ing panagari Ngukur Bandhung.
| 1 | Gubernur. (kembali) |
| 2 | Tomas (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Sêtamporêt. (kembali) |
| 4 | akêdhaton. (kembali) |
| 5 | sêdaya (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 6 | yogya. (kembali) |
| 7 | kanugrahan (dan di tempat lain). (kembali) |
| 8 | dadosa (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 9 | pangauban (dan di tempat lain). (kembali) |
| 10 | sapêncoronging. (kembali) |
| 11 | amatêdhani (dan di tempat lain). (kembali) |
| 12 | taun. (kembali) |
| 13 | Tanggal: Isnèn (Sênèn) 12 Ulabiyulawal (Mulud) 1743. Tanggal Masehi: Minggu 11 Februari 1816. Perbedaan satu hari (Sênèn vs Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |
| 14 | pinundhi (kembali) |
| 15 | dhatêng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 16 | katuwon. (kembali) |
| 17 | dunya. (kembali) |
| 18 | dalu. (kembali) |
| 19 | dalêm (dan di tempat lain). (kembali) |
| 20 | ngabdi. (kembali) |
| 21 | inggih. (kembali) |
| 22 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 23 | kang. (kembali) |
| 24 | agêntos. (kembali) |
| 25 | sêkalangkung. (kembali) |
| 26 | trêsna. (kembali) |
| 27 | ormat. (kembali) |
| 28 | Dal. (kembali) |
| 29 | babad. (kembali) |
| 30 | Tanggal: Ahad (Ngahad) 17 Jumadilawal Dal 1231 (AJ 1743). Tanggal Masehi: Senin 15 April 1816. Perbedaan satu hari (Ngahad vs Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |
| 31 | tandha. (kembali) |