Raffles: Surat dari Adipati Suryanêgara (Sumêdhang, 16 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Suryanagara Sumedang kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 16 April 1816. Adipati merasa kehilangan atas kepindahan Raffles ke Inggris untuk berobat, serta telah mendapat pemberitahuan dari Raffles mengenai penunjukan John Fendall sebagai penggantinya.

--- [88] ---
From the Regent of Sumadang
Sêrat kalih ingkang atur bakti tabe, kang akathah-kathah miyos iklasing manah kang suci, saking awak kawula pun Dipati Suryanagara ingkang atêtêngga sati[1] dalêm Kangjêng Radja Inggris pun Sumêdhang.
Yogyaning ka'ngonjuk dhumatêng Sri Paduka Lutnan Gupêrnur Tomas Sataporêt Raplès,
kang agêng kang wicaksana, 'ngancêwah 'ngarum paliwainêm, kukuban kawula wadya saha 'ngamêngku rat Pulo Jawi sadhaya,[2] 'ngapurantara palênggah ing nagari Batawiyah.
Wingkinging kadya sapunika, 'ngawiyos sri panduka, 'ngandhawahakên nêwala, inggih sampun dhumawuh, saha kaartos. Mênggah sêraosipun, sêdhaya, ing mangke sri panduka, maringi 'nguninga, dhumatêng pra bopati, rèhipun wagêlan gêrah sangêt. Kasangsaya pindhah, kantos kapidara, wingwrining galih botên angraosakên 'ngawèting dunya puniki, samangke rumêntêh ing wardhaya[3] angarsakakên murud dhatêng nagari Englan supantên dados wilujêngipun. Sri panduka dhawah timbalan dhumatêng pra bopati, yèn ing mangke wontên satunggil tuwan Inggris, ingkang panjênêngan Jon Sandhol,[4] samangke sampun rawuh ing nagari Batawiyah, punika ingkang badhe anggêntosi lênggah sri panduka ing Pulo Jawi 'ngagêng.
Nanging anênggèh 'ngawak kawula, dhinawuhan nêwala kadya sapunika, sakalangkung kumêjot kumalitir salêbêting wardhaya kaputhêkan[5] badjra[6] 'Ngurawan, kawirandhungan ing manah saking sumêlang gumon[7] tinilar dèntên maharaja kawula, ingkang 'ngagung sih katisnanipun dhatêng pra bopati.
Nanging 'ngawak kawula, taksih brangtang[8] wuyung kantos mêdalakên waspa saking netra sarèhing sri panduka wagêd angimponi pra bopati, miwah kadhang[9] kadeyaning kawula, saha wadyabala lit sadhaya siwêg sri panduka angrèh rat siti dalêm Pulo Jawi 'ngagêng, miwah sakukubaning siti dalêm ing Sumêdhang botên wontên sawiyos-wiyos 'ngeca sadhantên[10]

--- [89] ---
suka bungah anggraita, sênggang miwah ririhing padamêlan, miwah 'ngawak kawula sumunggun-sunggun bungah marwata suta, suka rênaning manah dhumatêng sri panduka, siyang miwah dalu, salaminipun 'ngemut dhumatêng kasaean sri panduka. Samangke 'ngawak kawula angaturakên kawilujêngan mugya paos ingkang yuswa saha winêwêhana kamulyan ing dhunya[11] miwah darajat ingkang langgêng, botên ping kalih damêl kasaean sri panduka saèsthining manah 'ngawak kawula anandha 'ngasta saha cap.
Sanrat[12] ping 18 sasi Jawi Jumadhilawal[13] naun[14] Dal angkaning warsa 1231.[15]
Suryanêgara Sumêdhang.
| 1 | siti. (kembali) |
| 2 | sadaya (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | wardaya (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 5 | kaputêkan. (kembali) |
| 6 | bajra. (kembali) |
| 7 | gumun. (kembali) |
| 8 | brangta. (kembali) |
| 9 | kadang. (kembali) |
| 10 | sadantên (dan di tempat lain). (kembali) |
| 11 | dunya. (kembali) |
| 12 | Sinrat. (kembali) |
| 13 | Jumadilawal. (kembali) |
| 14 | taun. (kembali) |
| 15 | Tanggal: 18 Jumadhilawal (Jumadilawal) Dal 1231 (AJ 1743). Tanggal Masehi: 16 April 1816. (kembali) |