Raffles: Surat dari Adipati Adiwijaya (Limbangan, 19 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Adiwijaya Limbangan (Garut) kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 19 April 1816. Adipati mendoakan kesembuhan Raffles yang akan berobat ke Inggris serta telah mendapat pemberitahuan dari Raffles mengenai penunjukan John Fendall sebagai penggantinya.

--- [92] ---
From the Regent of Garut (Limbangan)
Sêrat kalih ingkang 'ngatur bakti tabe kang akathah-kathah miyos iklasing manah saking 'ngawak kaula pun Dipati 'Ngadiwijaya ingkang 'ngatêtêngga siti dalêm pun Limbangan.
Yogyaning katur dumatêng[1] sri pandhuka[2] Lutnan Gupêrnur Tomas Sataporêt[3] Raplès kang agêng kang wicaksana.
'Ngancêwah arum paliwainêm kukuban kawula wadya saha 'ngamêngku rat Pulo Jawi sadaya gung ginungakên, 'ngapurantara 'ngapalênggah ing nagari Batawiyah.
Wingkinging kadya sapunika 'ngawiyos sri pandhuka 'ngandawahakên[4] nêwala igih[5] sampun dhumawuh saha kaartos mênggah saraosipun sêdhaya,[6] ing mangke sri pandhuka maringi uninga dumatêng pra bupati rèhipun wagêlan gêrah sangêt, kasangsaya pindah[7] kantos kapidhara wingwrining galih botên angraosakên 'ngawèting dunya puniki samangke rumêntêh ing wardaya angarsakakên murud datêng[8] nagari Englan supantên dados wilujêngipun sri pandhuka dawah[9] timbalan dhumatêng pra bupati yèn ing mangke wontên satunggil tuwan Inggris ingkang pajênêngan[10] Jon Pendhol,[11] samangke sampun rawuh ing nagari Batawiyah punika ingkang bade[12] anggêntosi lênggah sri pandhuka ing pula[13] Jawi 'ngagêng.
Nanging 'nganênggèh 'ngawak kawula dinawuhan[14] nêwala kadya sapunika sakalangkung kumêjot kumalitir 'ngasaput maras salêbêting wardaya kaputêkan badjra 'Ngurawan, kawirandhungan ing manah saking sumêlang gumon[15] tinilar dening maharaja kawula ingkang agung sih

--- [93] ---
katisnanipun datêng pra bupati, nanging 'ngawak kawula taksih brangtang[16] wuyung kantos mêdalakên waspa saking netra sarèhing sri pandhuka wagêd angiponi para bopati miwah kadang kadeyan kawula saha wadyabala lit sadaya, siwêg sri pandhuka angrèh rat siti dhalêm[17] Pulo Jawi agêng miwah sakukubaning siti dhalêm ing Limbangan botên wontên sawiyos-wiyos, eca sadantên, dados têtiyang sadaya suka bungah anggraita sênggang muwah ririhing padamêlan, miwah 'ngawak kawula sumunggun-sunggun bungah marwata suta suka rênaning manah dumatêng sri pandhuka siyang miwah dhalu[18] salaminipun 'ngemut dhumatêng kasa'ngean sri pandhuka samangke 'ngawak kawula angaturakên kawilujêngan mugya paosing kang yuswa miwah winêwêhana kamulyan ing dunya saha darajat ingkang langgêng.
Saèstining[19] manah 'ngawak kawula anandha asta saha cap.
Sinrat dintên Kêmis tanggal ping 21 sasih Jumadilawal na'ngun[20] 1231, 1816.[21]
'Ngadiwijaya
| 1 | dhumatêng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | paduka (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Sêtamporêt. (kembali) |
| 4 | ngandhawahakên. (kembali) |
| 5 | inggih. (kembali) |
| 6 | sêdaya. (kembali) |
| 7 | pindhah. (kembali) |
| 8 | dhatêng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 9 | dhawah. (kembali) |
| 10 | panjênêngan. (kembali) |
| 11 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 12 | badhe. (kembali) |
| 13 | Pulo. (kembali) |
| 14 | dhinawuhan. (kembali) |
| 15 | gumun. (kembali) |
| 16 | brangta. (kembali) |
| 17 | dalêm (dan di tempat lain). (kembali) |
| 18 | dalu. (kembali) |
| 19 | Saèsthining. (kembali) |
| 20 | taun. (kembali) |
| 21 | Tanggal: Kêmis 21 Jumadilawal 1231, 1816 (AJ 1743). Tanggal Masehi: Jumat 19 April 1816. Perbedaan satu hari (Kêmis vs Jumat) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |