Raffles: Surat dari Tumênggung Wiradhadhaha (Sukapura, 19 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Tumenggung Wiradadaha Sukapura kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 19 April 1816. Tumenggung Wiradadaha mendoakan kesembuhan Raffles yang akan berobat ke Inggris, serta telah mendapat pemberitahuan dari Raffles mengenai penunjukan John Fendall sebagai penggantinya.

--- [96] ---
From the Regent of Sukapura
Sêhrat[1] kalih ingkang atur bakti, tabe, kang akathah-kathah miyos iklasing manah kang suci saking 'ngawak kawula pun Tumênggung Wiradhadhaha, ingkang atêtênggê siti dalêm, Kangjêng Raja Inggris pun Sukapura, yogyaning kaonjuk dhumatêng Sri Pandhuka[2] Lutnan Gupênur Tomas Satamporêt Laplès[3] kang agêng kang wicêksana, 'ngancêwah arum paliwahinêm. Kukuban kawula wadya saha 'ngamêngku rat Pulo Jawi sadaya, 'ngapurantara 'ngapalênggah ing nêgari Batawiya.
Wingkinging kadya sapunika, awiyos sri pandhuka, andawahakên[4] nêwala inggih sampun dhumawuh saha kaartos mênggah saraosipun sadaya, ing mangke sri pandhuka maringi uninga dumatêng[5] pra bopati, rèhipun wagêlan gêrah sangêt, kasangsaya pindhah kantos kapidara wingwrin ing galih botên angraosakên 'ngawèting dunya puniki, ing mangke rumêntêh ing wêrdaya, akarsakakên meraj dhumatêng panêgari Englan. Supantên dhados[6] wilujêngipun, sri pandhuka dhawêh[7] timbalan dhumatêng pra bupati rèhing mangke wontên satunggil tuwan Inggris, ingkang panjênêngan Jon Sendol,[8] ing samangke sampun rawuh ing nagari Batawiyah punika ingkang bade[9] anggêntosi lênggah sri pandhuka ing Pulo Jawi agêng, nanging anênggèh badan kawula dinawuhan[10] nêwala kadya sapunika, sakalangkung kumêjot, kumilitir salêbêting wardaya, kaputêkan badjra ngurawan, sumêlang ing galih, saking sumêlang gumun, tinilar saking maharaja kawula ingkang agung sih katisnanipun dhatêng pra bupati, nanging kawula taksih brangta kantos mêdalakên waspa saking netra, rèhipun sri pandhuka wagêd angimponi pra bopati miwah kadang kadadeyan[11] kawula, saha wadyabala lit sadaya siwêg sri pandhuka, angrèh rat siti dalêm Pulo Jawi agêng, miwah sakuboning sithi[12] dalêm ing Sukapura, botên wontên sawiyos-wiyos, 'ngeca sadantên, suka bungah anggraita, sênggang miwah ririh ing padhamêlan,[13] saha 'ngawak kawula sumunggun-sunggun, bungah marwata suta, suka rêna ing manah dumatêng sri pandhuka ing siyang kalayan dalu, ing salaminipun, emut dhumatêng kasaeyan sri pandhuka. Ing samangke 'ngawak kawula angaturakên kawilujêngan, mugya paos ingkang yuswa, muwah winêwêhan kamulyan, ing dunya saha darajat ingkang langgêng, botên ping kalih damêl kasaeyan sri pandhuka saèsthining manah 'ngawak kawula anandha saha cap.
Sinrat ing tanggal 21 sasih Jumadilawal naun[14] Dal 1231.[15]
Kawula pun Tumênggung Wiradhadhaha, Sukapura.
| 1 | Sêrat. (kembali) |
| 2 | panduka (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Raplès. (kembali) |
| 4 | andhawahakên. (kembali) |
| 5 | dhumatêng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 6 | dados. (kembali) |
| 7 | dhawuh. (kembali) |
| 8 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 9 | badhe. (kembali) |
| 10 | dhinawuhan. (kembali) |
| 11 | kadeyan. (kembali) |
| 12 | siti. (kembali) |
| 13 | padamêlan. (kembali) |
| 14 | taun. (kembali) |
| 15 | Tanggal: 21 Jumadilawal Dal 1231 [AJ 1743]. Tanggal Masehi: 19 April 1816. (kembali) |