Raffles: Surat dari Adipati Mangkunagara (Gêrage, 18 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Mangkunagara Gerage kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 18 April 1816. Adipati mendoakan kesembuhan Raffles yang akan berobat ke Inggris, menyampaikan terima kasih atas kepemimpinannya di Jawa, serta telah mendapat pemberitahuan dari Raffles mengenai penunjukan John Fendall sebagai penggantinya.

--- [100] ---
From the Regent of Cheribon
Punika sêrat sah[1] ingkang sêmbah sumungkêm kaula abdi dalêm pun Adipati Mangkunagara, ingkang sampun kinarsakakên anyêpêng nêgari dalêm, ing kabupatèn Gêrage, kaatur dhumatêng kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang sakalangkung dènira luhur ka[2] wicaksana Kangjêng Tuwan Tomas Tamporêt Raplis ingkang sininggih ing sakathahing nagari kang wontên ing dalêm dunya sêdaya, ing kalulusaning sih kamurahan, kalyan kang mugia pinaosêna ingkang yusya, dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun, gèn kaula gêsang ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya ingkang sapunika, awiyos kangjêng tuwan apêparing sêrat dhatêng kaula, inggi[3] sampun kaula atampih,[4] kang sarta kaartos ing sakatha-kathahing[5] kang sampun kawrat ing salêbêting sêrat punika wau, kalayan samalihipun, awiyos kangjêng tuwan apêparing uninga, yèn ing mangke sampun kagantos ing[6] anyêpêng tana[7] Jawi sadaya, awit saking wontêning gêrah ingkang sakalangkung sangêt, yèn ing mangke kangjêng tuwan akarsa apindhah ing panggenan kang adhêm, ingkang punika kaula sakalangkung dados sangêt gêgêtune mana[8] kaula, sêbab dening kaula rumaos dèrèng kantos angaturi sêmbah pangabakti kaula dhumatêng ing panjênêngipun kangjêng tuwan, sêbab ing salami-laminipun puniki, ing bawi raose mana kaula botên wontên malih ingkang, sampun dhawuhing sih amaringi têdhi ing kagêsangan kaula inggi amêng

--- [101] ---
kangjêng tuwan ingkang dados pugêran kaula ingkang sakalangkung karaos pisan ing kasênêngan manah kaula punapadening mênggêhing aturan nagari kang kalampahakên puniki, mênggêhing abdi-abdi dalêm, têtiyang alit sêdaya, sakalangkung dados sukanipun saking dening karaos ing kasênênganipun, awit saking pamiaranipun kangjêng tuwan, ingkang dados kasusahanipun têtiyang alit, dhatêng awakipun, punapadening ing sasanèsipun, mêhêng sihing pangajêng-ajêng kaula ing sapaos-paosipun, kangjêng tuwan mugia kawlujêngana kang sarta sampurnaa ingkang salira, botên wontên sanès malih ingkang tansah kaula ajêng-ajêng, ing salêbêting dunya puniki, ing salami-laminipun, sanès saking panjênêngipun kangjêng tuwan kang mugia anglulusêna ing sih kawilasa ênggèn kaula anyêpêng nagari dalêm, kabupatèn Gêrage, muga-mugaa[9] kalulusêna dumugia ing satêdhak-têdhak kaula, nanging sih sarèhing mangke sampun wontên kangjêng tuwan kang mulya awit saking nagari Bênggala ingkang anggêntosi ing kalênggêhanipun kangjêng tuwan ingkang apêparab Kangjêng Tuwan Jon Pendhol,[10] inggi punika ugi ingkang gumantos dados pugêran kaula ingkang botên bintên mali[11] ing pangèstu kaula, kados dening dhumatêng ing panjênêngipun kangjêng tuwan

| 1 | saha. (kembali) |
| 2 | kang. (kembali) |
| 3 | inggih (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | atampi. (kembali) |
| 5 | sakathah-kathahing. (kembali) |
| 6 | ingkang. (kembali) |
| 7 | tanah. (kembali) |
| 8 | manah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 9 | mugi-mugia. (kembali) |
| 10 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 11 | malih. (kembali) |
| 12 | taun. (kembali) |
| 13 | Tanggal: Kêmis 20 Jumadilawal Dal 1743. Tanggal Masehi: Kamis 18 April 1816. (kembali) |