Raffles: Surat dari Tumênggung Argawijaya (Cikaso, 25 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Tumenggung Argawijaya Cikaso kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 25 April 1816. Tumenggung Argawijaya mendoakan kesembuhan Raffles yang akan berobat ke Inggris, serta telah mendapat pemberitahuan dari Raffles mengenai penunjukan John Fendall sebagai penggantinya.

--- [104] ---
From the Regent of Chikaso in Cheribon
Punika sêrat sarta atur sêmba[1] kaula, abdi sampeyan pun Tumênggung Argawijaya ingkang kapracantênan inganyêpêng[2] pasitèn Cikaso kaatura dhumatêng Kanjêng Tuwan Ingkang Agêng kang Wicaksana Kanjêng Tuwan Tomês Tamporêt Raplis, ingkang sininggih ing rat jajahan, sabab dening kalulusaning sih kamurahan, kalayan malih ingkang muga pinaosna ingkang yusya dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika, awiyos kanjêng tuwan ingkang agêng amaringi sêrat dhatêng kaula inggih sampun kaula tampèni, sarta kaartos ing sadaya kang kawrat ing salêbêting sêrat punika. Kalayan mali[3] awiyos kanjêng tun[4] amaringi uninga yèn ing mangke sampun amasrahakên ing tana[5] Jawi, dhumatêng kanjêng tuwan ingkang mulya ingkang saking nagari Banggala, kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol,[6] awit saking Kanjêng Tuwan Raplis angraosi wontên gêrah kang sangêt, karsa amindha[7]

--- [105] ---
ing panggenan kang langkung adhêm.
Ingkang punika, kaula ing salêbêting anampèni ing sakatha-kathahe[8] pangandikane kanjêng tuwan kang wontên ing sêrat punika, kaula tan kangkat ing amangsuli ing atur sêmba, saking dening tuwu[9] raosing priyatin, sabab kalindhi[10] dening lumênging kemutan dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis ing salamine angasta ing tana Jawi, rumaos kaula katungkul ing kasênêngan, awit saking sihipun kanjêng tuwan dhumatêng kaula, pramila tan kangkat ing matur nuhun.
Mêhêng ing satyane pangabdi kaula, mugi kaanggêpa ing salamining tumuwuh ing dunya puniki. Kali[11] dening malih ingkang dados prikêdê[12] angaturakên ing satyaning pangandi,[13] saking dening kaula rumaos sampun wêdra ing panadyaning manah sampun kapambêng ing angsal kaula, angabdi dhumatêng kanjêng tuwan.
Kaping kalihipun, ing prakawis kalampahan aturaning nagari kang kalampahakên puniki, mênggahing abdinipun kanjêng tuwan sadaya, sakalangkung dados sukanipun, saking dening rumaos ing kasênênganipun, awit saking wilasanipun kanjêng tuwan, ingkang mawi dados [dado...]

--- [106] ---
[...s] kasusahan mênggahing dhirinipun, punapadening sanèsipun, pramila ing pangajêng-ajêng kaula, ing sapaos-paosipun kanjêng tuwan mugi amanggiha kawalujêngan, ingkang kaula ajêng-ajêng dadosa pangauban kaula, ing salami-laminipun, ing dalêm dunya puniki.
Nanging sih sarèhing mangke sampun wontên kanjêng tuwan ingkang mulya, awit saking nagari Bênggala, kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol ingkang sampun apalêngga[14] ing nagari Batawiyah inggih punika ugi, ingkang botên bintên malih ing pangabdi kaula, inggi[15] kadi dening dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis makatên.
Sinêrat ing dintên Kêmis, sasi Jumadilawal, tanggal 27 naun[16] 1744.[17]
| 1 | sêmbah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | anyêpêng ing. (kembali) |
| 3 | malih. (kembali) |
| 4 | tuwan. (kembali) |
| 5 | tanah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 6 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 7 | amindhah. (kembali) |
| 8 | sakathah-kathahe. (kembali) |
| 9 | tuwuh. (kembali) |
| 10 | kalindhih. (kembali) |
| 11 | kalih (dan di tempat lain). (kembali) |
| 12 | prikêdêh. (kembali) |
| 13 | pangandika. (kembali) |
| 14 | apalênggah. (kembali) |
| 15 | inggih. (kembali) |
| 16 | taun. (kembali) |
| 17 | Tanggal: Kêmis 27 Jumadilawal 1744 [sic.]. Tanggal Masehi: Kamis 25 April 1816. Tahun Jawa 1744 merupakan kesalahan penyalinan dan seharusnya 1743. (kembali) |