Raffles: Surat dari Tumênggung Wiradikusuma (Ciamis, 28 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Tumenggung Wiradikusuma Ciamis kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 28 April 1816. Dalam surat tersebut, Tumengung Wiradikusuma menyatakan telah menerima surat dari Raffles mengenai penunjukan John Fendall dari Benggala sebagai penggantinya karena beliau hendak pulang ke Englan untuk berobat. Wiradikusuma juga menyatakan kesetiaannya kepada John Fendall selama menjabat sebagai Bupati Ciamis sebagaimana ia telah mengabdi kepada Raffles, serta mendoakan kesembuhan Raffles.

--- [108] ---
From the Regent of Chiamis in Cherebon
Punika sêrat sarta atur sêmba[1] kaula abdi sampeyan pun Tumênggung Wiradikusuma, kang kinarsakakên anyêpêng pasitèn Ciamis, kaatura dhumatêng Kanjêng Tuwan Ingkang Agêng kang Wicaksana, Kanjêng Tuwan Tomês Tamporêt Raplis, ingkang mugi tinêtêpêna ing kasênêngan, kalayan kasarasan dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika awiyos kanjêng tuwan amaringi sêrat dhatêng kaula inggih sampun kaula tampèni, sarta kaartos ing sadaya pangandikane kanjêng tuwan kang wontên ing sêrat.
Kalayan mali[2] awiyos kanjêng tuwan amaringi uninga, yèn ing mangke angarsakakên atilar tanah Jawi, sampun amasrahakên ing kalênggahan dhumatêng kanjêng tuwan ingkang mulya, ingkang saking nagari Benggala, kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol,[3] sarèhing kanjêng tuwan wontên gêrah kang langkung sangêt, angêrsakakên ing panggenan [pang...]

--- [109] ---
[...genan] kang langkung adhêm, kang supados dadosa walujênging[4] sarira. Kang punika, kaula sakalangkung gumantung ing pangabdi dhumatêng kanjêng tuwan, sarèhing kaula dèrèng rumaos anglampahi asowan wontên ing ngajêngane kanjêng tuwan, mêhêng ing satyane panêmba[5] kaula dumugia ing salamining agêsang puniki, dadosa pratandha ing pangabdi kaula dhumatêng kanjêng tuwan, kalayan malih aturaning nagari kang kalampahakên ing sapuniki. Kang punika, kaula kang sakalangkung rumaos pisan ing dhawuhe sihe kanjêng tuwan.
Pramila sapunika awiyos aturan ing nagari punika mênggahing abdine kanjêng tuwan kang kacêpêng dening kaula, ing pasitèn Ciamis, sakalangkung dados sukanipun, sawab dening rumaos ing kasênênganipun, pramila kanjêng tuwan ing salamining atilar tana[6] Jawi

--- [110] ---
mugi dumugia dhatêng nagari Englan kalayan salamêting sarira.
Wondening ing samangke sarèhing sampun wontên kanjêng tuwan ingkang mulya, kang sampun apalêngga[7] ing nagari Batawiya[8] kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol, inggi[9] punika ugi, ing pangabdi kaula kadi dening dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis makatên.
Sinêrat ing dintên Akad, sasi Jumadalawal[10] tanggal 30 naun[11] 1744.[12]
| 1 | sêmbah. (kembali) |
| 2 | malih. (kembali) |
| 3 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 4 | wilujênging. (kembali) |
| 5 | panêmbah. (kembali) |
| 6 | tanah. (kembali) |
| 7 | apalênggah. (kembali) |
| 8 | Batawiyah. (kembali) |
| 9 | inggih. (kembali) |
| 10 | Jumadilawal. (kembali) |
| 11 | taun. (kembali) |
| 12 | Tanggal: Akad (Ngahad) 30 Jumadalawal (Jumadilawal) 1744 [sic.]. Tanggal Masehi: Minggu 28 April 1816. Tahun Jawa 1744 merupakan kesalahan penyalinan dan seharusnya 1743. (kembali) |