Raffles: Surat dari Tumênggung Yudanagara (Gêbang, 19 Februari 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Tumenggung Yudanagara, penguasa Gebang dan Losari, kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 19 Februari 1816. Dalam surat tersebut, Tumenggung menyatakan telah menerima surat Raffles mengenai niatnya untuk pulang ke Englan guna berobat, serta mengucapkan doa agar beliau segera pulih. Dinyatakan pula bahwa John Fendall telah ditunjuk sebagai pengganti Raffles di Jawa.

--- [112] ---
From the Regent of Gobang in Cherebon
Punika sêrat sarta sêmbah sungkêm kaula abdi dalêm pun Tumênggung Yudanagara, ingkang kinarsakakên anyêpêng pasitèn ing Gêbang sarta Losantun, kaatura dhumatêng Kanjêng Tuan Ingkang Agêng Kang Wicaksana Kanjêng Tuan Tomas Tamporêt Raplas,[1] ingkang sininggih ing sakathahing nagari ing kalulusaning sih, kamurahan kalayan kang mungga[2] pinaosna ingkang yusya dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun, ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika, awiyos Kanjêng Tuan Raplis amaringi sêrat dhatêng kaula, inggih sampun dhatêng, sarta kangartos,[3] ing sakathah-kathahe, ingkang kawrat ing salêbêting sêrat punika, kalayan malih awiyos, kanjêng tuan amaringi uninga yèn ing mangke sampun kagantos, ingkang nyêpêng tanah Jawi, awit saking wontêning gêrah sangêt, karsa amindhah ing panggenan ingkang adhêm, [a...]

--- [113] ---
[...dhêm,] ingkang punika, kaula sêkêlangkung dados gêgêtune manah kaula, saking dening kaula, rumaos dèrèng kantos angaturi sêmbah malih dhumatêng Kanjêng Tuan Raplis, sabab ing salaminipun puniki, ing raose manah kaula, botên wontên malih inggih mêhêng Kanjêng Tuan Raplis ingkang dados pugêran kaula, sakalangkung karaos pisan, ing kasênêngan, punapa dening mênggahing aturan nagari, kang kalampahakên puniki, mênggahing abdi dalêm têtiyang alit sêdaya sakalangkung dados sukanipun, saking dening karaos kasênênganipun, awit saking pamiyaranipun Kanjêng Tuan Raplis, ingkang dados kasusahaning têtiyang alit, dhatêng awakipun punapa dening sanèsipun, mêhêng ing pangajêng-ajêng kaula, ing sapaos-paosipun Kanjêng Tuan Raplis, mugi manggiha kawalujêngan,[4] [kawalujêng...]

--- [114] ---
[...an,] ingkang tansah kaula ajêng-ajêng ing salami-laminipun. Nanging sih sarèhing mangke sampun wontên kanjêng tuan kang mulya kang anggêntosi Kanjêng Tuan Raplis, kang apêparab Kanjêng Tuan Jon Pendhol,[5] inggih punika ugi ingkang gumantos dados pugêran kaula, ingkang botên bintên[6] malih ing pangèstu kaula, inggih kadi dening dhumatêng Kanjêng Tuan Raplis makatên.
Kasêrat ing Gêbang dintên Salasa, sasih[7] Rabingulawal tanggal ping 20 naun[8] Dal, babad 1743.[9]
| 1 | Raplis. (kembali) |
| 2 | muga. (kembali) |
| 3 | kaartos. (kembali) |
| 4 | kawilujêngan. (kembali) |
| 5 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 6 | bèntên. (kembali) |
| 7 | sasi. (kembali) |
| 8 | taun. (kembali) |
| 9 | Tanggal: Salasa (Slasa) 20 Rabingulawal (Mulud) Dal: 1743. Tanggal Masehi: Senin 19 Februari 1816. Perbedaan satu hari (Senin vs Salasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |