Raffles: Surat dari Tumênggung Wêrgadirêja (Kuningan, 25 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan Tumenggung Wêrgadirêja Kuningan kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 25 April 1816. Tumenggung menyatakan telah menerima surat Raffles mengenai niatnya pulang ke Englan untuk berobat serta mendoakan agar beliau segera pulih. Disebut pula bahwa John Fendall dari Benggala telah ditunjuk sebagai pengganti Raffles di Jawa, dan tumenggung menyatakan kesediaannya untuk mentaati keputusan tersebut.

--- [116] ---
From the Regent of Kuningan in Cheribon
Punika sêrat sarta atur sêmba[1] kaula abdi sampeyan pun Tumênggung Wêrgadirêja ing pasitèn Kuningan, kaatura dhumatêng Kanjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Kanjêng Tuwan Tomês Tampèrêt[2] Raplis ingkang muga amanggiha ing kauntungan sarta kasampurnan, dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika awiyos kanjêng tuwan amaringi sêrat dhatêng kaula inggi[3] sampun kaula tampèni sarta kaartos sadaya kang wontên ing sêrat punika. Kalayan malih awiyos kanjêng tuwan amaringi uninga yèn ing mangke wontên gêra[4] kang langkung sangêt, kantos kalampaha tilar tana[5] Jawi karsa amidha[6] ing panggenan kang langkung adhêm.
Kang punika ing pangajêng-ajêng kaula kanjêng tuwan mugi amanggiha kawalujêngan[7] sarta kasampurnan,

--- [117] ---
saking dening rumaos ing kabodhoan kaula botên kangkat ing amangsuli ing atur sêmba, mêhêng ing pangabdi kaula dhumatêng kanjêng tuwan, mugi kaanggêpa ing salamining tumuwu[8] ing dunya puniki, kali[9] dening malih sadaya pangandikane kanjêng tuwan kang wontên ing sêrat kang sampun katampi dening kaula, punika dadosa pratandha ing pakemut kaula dhumatêng kanjêng tuwan ing salami-laminipun.
Saking dening kaula rumaos kapracantênan ing angawikani abdinipun kanjêng tuwan ing pasitèn Kuningan ing angsale anglampahi ing aturan kang kalampahakên puniki. Punika kaula miwa[10] abdinipun kanjêng tuwan sadaya sakalangkung dados sukanipun saking dening karaos ing kasênênganipun, awit saking sihipun kanjêng tuwan dhumatêng kaula sarta dhatêng abdinipun

--- [118] ---
kanjêng tuwan sadaya. Kalayan malih awiyos kanjêng tuwan amaringi uninga, ing mangke sampun amasrahakên tana Jawi dhumatêng kanjêng tuwan ingkang mulya kang saking nagari Bênggala, kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol,[11] ingkang punika, kaula salangkung amiturut ing satyane pangabdi kaula dhumatêng kanjêng tuwan ingkang mulya punika, kadi dening dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis makatên.
Sinêrat ing dintên Kêmis, sasi Jumadilawal tanggal 27 naun[12] 1744.[13]
| 1 | sêmbah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | Tamporêt. (kembali) |
| 3 | inggih. (kembali) |
| 4 | gêrah. (kembali) |
| 5 | tanah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 6 | amindhah. (kembali) |
| 7 | kawilujêngan. (kembali) |
| 8 | tumuwuh. (kembali) |
| 9 | kalih. (kembali) |
| 10 | miwah. (kembali) |
| 11 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 12 | taun. (kembali) |
| 13 | Tanggal: Kêmis 27 Jumadilawal 1744 [sic.]. Tanggal Masehi: Kamis 25 April 1816. Tahun Jawa 1744 merupakan kesalahan penyalinan dan seharusnya 1743. (kembali) |