Raffles: Surat dari Tumênggung Purbadirêja (Linggajati, 26 Mei 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Tumenggung Purbadirêja Linggajati kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 26 Mei 1816. Dalam surat tersebut, Tumenggung menyampaikan bahwa ia telah menerima surat Raffles yang memberitahu penunjukan John Fendall dari Benggala sebagai penggantinya, karena Raffles hendak pulang ke Englan untuk berobat. Purbadirêja menyatakan kesetiaannya kepada John Fendall selama menjabat sebagai bupati, serta mendokan Raffles agar segera pulih.

--- [120] ---
From the Regent of Lingga Jati in Cheribon
Punika sêrat sarta atur sêmba[1] kaula abdi sampeyan pun Tumênggung Purbadirêja kang kinarsakakên anyêpêng pasitèn Linggajati. Kaatura dhumatêng Kanjêng Tuwan Ingkang Agêng Kang Wicaksana Kanjêng Tuwan Tomês Tamporêt Raplis ingkang minulyakakên ing sakathahing nagari, sarta kang muga pinaosna ingkang yusya dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika, awiyos kanjêng tuwan amaringi sêrat dhatêng kaula inggi[2] sampun kaula tampèni sarta kaartos ing saungêling sêrat, kalayan malih awiyos kanjêng tuwan amaring[3] uninga dhatêng kaula yèn ing mangke sampun amasrahakên tanah Jawi dhumatêng kanjêng tuwan ingkang mulya kang saking nagari Banggala kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol,[4] awit saking kanjêng tuwan angraosi wontên gêrah kang sangêt, karsa amindha[5] ing panggenan kang langkung adhêm, kang punika kaula ing sakatha-kathahe[6] pangandikane kanjêng tuwan kang wontên [wontê...]

--- [121] ---
[...n] ing sêrat punika kaula sakalangkung dados wêwê[7] sangêting kemutan dhumatêng kanjêng tuwan.
Saking dening sakalangkung katha-katha[8] sihipun kanjêng tuwan dhatêng kaula. Pramila sapunika ing salamining kaula kinarsakakên anyêpêng pasitèn Linggajati punapa dening ing kalampahaning aturan nagari kang kalampahakên sapuniki. Mênggahing abdine kanjêng tuwan têtiyang alit sadaya, punika sakalangkung dados sukanipun, saking dening karaos ing kasênênganipun kang dhumawuh dhatêng kaula, miwa[9] dhatêng abdinipun kanjêng tuwan sadaya. Pramila sakalangkung sangêt pangajêng-ajêng kaula, Kanjêng Tuwan Raplis ing sapaos-paosipun, mugi amanggiha kawalujêngan.
Wondening ing samangke sarèhing sampun wontên kanjêng tuwan ingkang mulya, ingkang sampun apalênggah ing nagari Batawiyah ingkang sampun anguwasani tanah Jawi, kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol, inggi punika ugi ing pangabdi kaula, kadi dening

| 1 | sêmbah. (kembali) |
| 2 | inggih (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | amaringi. (kembali) |
| 4 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 5 | amindhah. (kembali) |
| 6 | sakathah-kathahe. (kembali) |
| 7 | wêwêh. (kembali) |
| 8 | kathah-kathah. (kembali) |
| 9 | miwah. (kembali) |
| 10 | Jumadilakir. (kembali) |
| 11 | taun. (kembali) |
| 12 | Tanggal: Saptu 28 Jumadalakir (Jumadilakir) 1744 [sic.]. Tanggal Masehi: Minggu 26 Mei 1816. Tahun Jawa 1744 merupakan kesalahan penyalinan dan seharusnya 1743. Perbedaan satu hari (Saptu vs Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |