Raffles: Surat dari Tumênggung Jayaprêtiwa (Raja Galu, 26 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Tumenggung Jayapretiwa, Raja Galu, kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 26 April 1816. Dalam surat tersebut, Tumenggung menyatakan bahwa Raffles hendak kembali ke Englan untuk berobat dan bahwa penggantinya, John Fendall, telah tiba di Betawi. Tumenggung mendoakan agar Raffles segera pulih dan mengucapkan terima kasih atas bantuannya dalam memajukan kemakmuran Raja Galu.

--- [126] ---
From the Regent of Rajah Galuh in Cheribon
Punika sêrat sarta atur sêmba[1] kaula, abdi sampeyan pun Tumênggung Jayaprêtiwa, kang kinarsakakên anyêpêng pasitèn Raja Galu, kaatura dhumatêng Kanjêng Tuwan Ingkang Agêng Kang Wicaksana Kanjêng Tuwan Tomês Tamporêt Raplis, ingkang mugi angsala kawalujêngan sarta kang muga pinaosna ingkang yusya dadosa pangauban kaula, ing salami-laminipun ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika, awiyos kanjêng tuwan amaringi sêrat dhatêng kaula, inggi[2] sampun kaula tampèni, sarta ing bodho kaula inggih kaartos ing sakatha-kathahe[3] pangandikane kanjêng tuwan kang wontên ing salêbêting sêrat punika. Kali[4] dening malih awiyos kanjêng tuwan amaringi uninga dhumatêng kaula yèn ing mangke sampun amasrahakên tana[5] Jawi dhumatêng kanjêng tuwan ingkang mulya, kang saking nagari Banggala kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol,[6] awit saking kanjêng tuwan wontên gêra[7] kang langkung sangêt, angêrsakakên ing panggenan kang mawi dados walujênging[8] sarira alinggih ing panggenan kang langkung adhêm.
Kang punika kaula ing sakatha-kathahe pangandikane kanjêng [ka...]

--- [127] ---
[...njêng] tuwan kang wontên ing sêrat, sakalangkung dados wêwêhing kemutan dhumatêng panjênênganipun kanjêng tuwan ing salamining angasta tana Jawi. Ing nalika kanjêng tuwan sinowan wontên ing dhusun Banjaran kaula kalampa[9] angladosi wontên ing ngajêngane kanjêng tuwan, punika ing raose manah kaula, ingkang mawi dados botên tiyasa supe, dhumatêng kanjêng tuwan.
Saking dening sakalangkung ing katha-katha sihipun kanjêng tuwan dhatêng kaula, kalayan mali ing prakawis kalampahan aturaning nagari, kang kalampahakên puniki. Mênggahing abdinipun kanjêng tuwan têtiyang alit sadaya, sakalangkung dados sukanipun saking dening rumaos ing kasênênganipun, awis[10] saking sihipun kanjêng tuwan kang dhumawu[11] dhatêng kaula, miwa[12] dhatêng abdinipun kanjêng tuwan sadaya.
Pramila ing pangajêng-ajêng kaula ing sapaos-paosipun kanjêng tuwan, mugi amanggiha kamulyan.
Wondening ing samangke sarèhing sampun wontên kanjêng tuwan ingkang mulya, ingkang sampun apalêngga[13] ing nagari Batawiyah kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol, inggi punika ugi ingkang dados satyaning pangabdi kaula, inggih kakadi[14] dening dhumatêng panjênênganipun Kanjêng Tuwan Raplis makatên.
Sinêrat ing Saptu, sasi Jumadilawal, tanggal 28 naun[15] 1744.[16]
| 1 | sêmbah. (kembali) |
| 2 | inggih (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | sakathah-kathahe (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | kalih. (kembali) |
| 5 | tanah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 6 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 7 | gêrah. (kembali) |
| 8 | wilujênging. (kembali) |
| 9 | kalampah. (kembali) |
| 10 | awit. (kembali) |
| 11 | dhumawuh. (kembali) |
| 12 | miwah. (kembali) |
| 13 | apalênggah. (kembali) |
| 14 | kadi. (kembali) |
| 15 | taun. (kembali) |
| 16 | Tanggal: Saptu (Sêtu) 28 Jumadilawal 1744 [sic.]. Tanggal Masehi: Jumat 26 April 1816. Tahun Jawa 1744 merupakan kesalahan penyalinan dan seharusnya 1743. Perbedaan satu hari (Jumat vs Saptu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |