Raffles: Surat dari Adipati Satyanata (Talaga, 28 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Satyanata Talaga Cirebon kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 28 April 1816. Dalam surat tersebut, Adipati menyatakan telah mengetahui bahwa Raffles hendak kembali ke Englan untuk berobat, serta John Fendall dari Benggala telah ditunjuk sebagai penggantinya. Adipati mendoakan agar Raffles segera pulih dan mengucapkan terima kasih atas peranannya dalam memajukan Kadipaten Talaga.

--- [130] ---
From the Regent of Talaga in Cheribon
Punika sêrat sarta atur sêmba[1] kaula abdi sampeyan pun Adipati Satyanata, ingkang kapracantênan anyêpêng pasitèn Talaga miwa[2] ing sabawahipun, kaatura dhumatêng Kanjêng Tuwan Ingkang Agêng Kang Wicaksana Kanjêng Tuwan Tomês Tamporêt Raplis, ingkang sinewaka ing sakathahing nagari, sabab dening adil palamarta, sarta ingkang muga amanggiha kawalujêngan tuwin kang muga pinaosna ingkang yusya dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika, awiyos kanjêng tuwan amaringi sêrat dhatêng kaula, inggih sampun sakalangkung ing kapundhi, sarta kaartos ing sakatha-kathahe[3] pangandikane kanjêng tuwan kang wontên ing sêrat, kalayan malih awiyos kanjêng tuwan amaringi uninga, yèn ing mangke sampun amasrahakên tanah Jawi dhumatêng kanjêng tuwan ingkang mulya ingkang saking nagari Benggala kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol,[4] awit saking kanjêng tuwan angraosi wontên gêra[5] kang langkung sangêt, angarsakakên ing nagari kang mawi dados adhêming sarira.
Ingkang punika, kaula ing sakatha-kathahe pangandine[6] kanjêng tuwan kang wontên ing sêrat, sakalangkung tan kangkat ing

--- [131] ---
amangsuli atur sêmba saking dening kaliput[7] ing kemutan dhumatêng kanjêng tuwan ing salamining kaula angabdi dhatêng kanjêng tuwan dèrèng rumaos pisan kaula anglampahi ing pikarsane kanjêng tuwan ingkang mawi dados awrat dhawuhipun dhatêng dhiri kaula, saking dening kalindhih ing sihipun kanjêng tuwan kang dhawu[8] dhatêng kaula, mêhêng tuwu[9] kemutan dhumatêng kanjêng tuwan ing nalika kaula asowan ing ngajêngane kanjêng tuwan kala wontên ing Bogor punapa dening kanjêng tuwan anduluri ing panuhun kaula, kalampaha nama Dipati Satyanata, miwa ing sihe kanjêng tuwan kantos wêwêhing cêcêpêngan kaula, kang warni dhusun, kali[10] dening kaula aningali ing sihipun kanjêng tuwan kang warni kuda Pèrsi, miwa kang warni pangangge, punika, kaula sakalangkung dados wêwêhing kemutan dhumatêng panjênênganipun kanjêng tuwan, saking dening rumaos katha-katha sihipun kanjêng tuwan kang dhumawuh dhatêng kaula, mêhêng ing satyane pangabdi kaula, sanadyana kanjêng tuwan wontên ing nagari Englan, mugi kaanggêpa ing salamining agêsang puniki, ing salami-laminipun têtêpa wontên ing bawa[11] Inggris, saking dening botên kangkat amisa[12] ing raosing [rao...]

--- [132] ---
[...sing] manah prikêdê[13] kemutan dhumatêng kanjêng tuwan ing salamining angasta tana[14] Jawih.[15]
Pramila ing pangajêng-ajêng kaula ing sapaos-paosipun dumugia dhatêng nagari Englan, kalayan salamêting sarira.
Kalayan malih kaula sakalangkung katha-katha ingkang mawi dados matur nuhun saking dening prakawis kalampahan aturaning nagari, kang kalampahakên sapuniki. Mênggahing abdinipun kanjêng tuwan, têtiyang alit kang kacêpêng dening kaula, sakalangkung dados sukanipun, saking dening rumaos ing kasênênganipun, awit saking sihipun kanjêng tuwan kang dhumawu[16] dhatêng kaula miwa dhatêng têtiyang alit sadaya.
Kalayan mali[17] awiyos kanjêng tuwan amaringi uninga yèn ing mangke sampun wontên kanjêng tuwan ingkang mulya kang sampun anggêntosi kalênggahanipun kanjêng tuwan kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol, ingkang punika ing satyane pangabdi kaula inggi[18] kadi dening dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis makatên.
Sinêrat ing dintên Akad, sasi Jumadilawal tanggal 30 naun[19] 1744.[20]
| 1 | sêmbah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | miwah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | sakathah-kathahe (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 4 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 5 | gêrah. (kembali) |
| 6 | pangandikane. (kembali) |
| 7 | kalimput. (kembali) |
| 8 | dhawuh. (kembali) |
| 9 | tuwuh. (kembali) |
| 10 | kalih. (kembali) |
| 11 | bawah. (kembali) |
| 12 | amisah. (kembali) |
| 13 | prikêdêh. (kembali) |
| 14 | tanah. (kembali) |
| 15 | Jawi. (kembali) |
| 16 | dhumawuh. (kembali) |
| 17 | malih. (kembali) |
| 18 | inggih. (kembali) |
| 19 | taun. (kembali) |
| 20 | Tanggal: Akad 30 Jumadilawal 1744 [sic.]. Tanggal Masehi: Minggu 28 April 1816. Tahun Jawa 1744 merupakan kesalahan penyalinan dan seharusnya 1743. (kembali) |