Raffles: Surat dari Tumênggung Cakranagara (Panjalu, 29 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Tumenggung Cakranagara Panjalu kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 29 April 1816. Dalam surat tersebut, Tumenggung menyatakan telah mengetahui bahwa Raffles hendak kembali ke Englan untuk berobat dan bahwa penggantinya, John Fendall, telah tiba di Betawi. Cakranagara mendoakan agar Raffles segera pulih serta mengucapkan terima kasih atas pemberian cenderamata berupa sangkelat, sebagai benda pusaka di Candi Pusaka, Desa Kawali.

--- [134] ---
From the Regent of Panjaluh in Cheribon
Punika sêrat sarta atur sêmba[1] kaula abdi sampeyan pun Tumênggung Cakranagara, kang kapracantênan anyêpêng pasitèn Panjalu, kaatura dhumatêng kanjêng tuwan ingkang agêng kang wicaksana, Kanjêng Tuwan Tomês Tamporêt Raplis, kang pinuji ing sakathahing jajahan, saban[2] dening agunging sih kamurahan, sarta ingkang muga anglênggana ing sakathahing kasênêngan, dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika, awiyos kanjêng tuwan amaringi sêrat dhatêng kaula, inggih sampun kaula tampèni, sarta ing bodho kaula inggih kaartos ing sakatha-kathahe[3] pangandikane kanjêng tuwan kang wontên ing sêrat punika.
Kalayan malih awiyos kanjêng tuwan amaringi uninga dhatêng kaula yèn ing mangke sampun amasrahakên tana[4] Jawi dhumatêng kanjêng tuwan ingkang mulya kang saking nagari Benggala kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol,[5] awit saking kanjêng tuwan katuwuhan raosing gêrah kang langkung sangêt, karsa amindha[6] ing panggenan kang langkung adhêm.
Ingkang punika, kaula

--- [135] ---
sakalangkung dadosing tuwu[7] raose pigêgêling manah saking dening botên kantos anglampahi malih kaula asowan wontên ing ngayunane kanjêng tuwan, ingkang dados tuwuhing kemutan ing nalika kanjêng tuwan anjaja[8] ing paukiran, mêhêng rumaos andhèrèk ing sapikarsane kanjêng tuwan ing nalika punika. Kali dening-dening[9] malih kanjêng tuwan sampun apêparing kang warni sangkêlat abrit, kang kinarsakakên kadamêl idêr-idêr ing Candhi Pusaka, kang wontên ing dhusun Kawali. Punapa dening sih pêparingipun kanjêng tuwan kang warni pangangge kang dhumawuh dhatêng kaula.
Punika kang sakalangkung dados wêwêh raosing manah kemutan dhumatêng panjênênganipun kanjêng tuwan ing salamining apalênggah ing tanah Jawi. Mêhêng ing satyane pangabdi kaula, mugi kawêrata ing salamine tuwuhing dunya puniki.
Pramila ing pamuji kaula, kanjêng tuwan ing salamining atilar tanah Jawi mugi amanggiha kawalujêngan, ingkang tansa[10] kaula ajêng-ajêng kalayan satyane pangabdi kaula ing salamining agêsang puniki.
Kalayan malih prakawis kalampahan aturaning nagari ingkang kalampahakên [kalampa...]

--- [136] ---
[...hakên] ing sapuniki, mênggahing abdinipun kanjêng tuwan, têtiyang alit kang kacêpêng dening kaula, ing pasitèn Panjalu, sakalangkung dados sukanipun, saking dening rumaos ing kasanênganipun,[11] awit saking sihipun kanjêng tuwan kang dhumawu[12] dhatêng kaula miwa[13] dhatêng têtiyang alit sadaya.
Wondening ing samangke sarèhing sampun wontên kanjêng tuwan ingkang mulya, ingkang sampun anguwasani tana Jawi sadaya kang apêparab Kanjêng Tuwan Jon Pendhol, inggi[14] punika ugi, ing satyane pangabdi kaula inggih kadi dening dhumatêng panjênênganipun Kanjêng Tuwan Raplis makatên.
Sinêrat ing dintên Sênèn, tanggal 1 saking sasi Jumadilakir, naun[15] 1744.[16]
| 1 | sêmbah. (kembali) |
| 2 | sabab. (kembali) |
| 3 | sakathah-kathahe. (kembali) |
| 4 | tanah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 5 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 6 | amindhah. (kembali) |
| 7 | tuwuh. (kembali) |
| 8 | anjajah. (kembali) |
| 9 | kalih dening. (kembali) |
| 10 | tansah. (kembali) |
| 11 | kasênênganipun. (kembali) |
| 12 | dhumawuh. (kembali) |
| 13 | miwah. (kembali) |
| 14 | inggih. (kembali) |
| 15 | taun. (kembali) |
| 16 | Tanggal: Sênèn 1 Jumadilakir 1744 [sic.]. Tanggal Masehi: Senin 29 April 1816. Tahun Jawa 1744 merupakan kesalahan penyalinan dan seharusnya 1743. (kembali) |