Raffles: Surat dari Adipati Nitidiningrat (Bangawan Wetan, 21 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Nitidiningrat Bangawan Wetan, Cirebon, kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 21 April 1816. Dalam surat tersebut, Adipati menyatakan telah mengetahui bahwa Raffles hendak kembali ke Englan untuk berobat. Ia mendoakan agar Raffles segera pulih serta mengucapkan terima kasih atas bantuannya dalam memajukan Kadipaten Bangawan Wetan. Disebutkan pula bahwa John Fendall dari Englan, penggantinya, telah tiba di Betawi.

--- [138] ---
From the Regent of Bengawan in Cheribon
Punika sêrat ingkang sinartan kalayan iklasing sêmbah sumungkêm kaula, pun Adipati Nitidiningrat, ingkang kapracantênan ing anyêpêng pasitèn Bangawan Wetan, wêwêngkan[1] nagari Grage kaatura dhumatêng ing kanjêng tuwan ingkang sininggih kang agêng kang wicaksana, Kanjêng Tuwan Tomês Tamporêt Raplis, ingkang masuhur[2] ing sakathahing nagari, ing adil palamarta, kalayan kalêngkêpaning sih kamurahan. Kalayan malih ingkang muga pinaosna ingkang yusya dadosa pangauban kaula ing salami-laminipun ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya sapunika, awiyos Kanjêng Tuwan Raplis amaringi sêrat dhatêng kaula inggih sampun kaula tampèni punapa dening kaartos ing sakatha-kathahe[3] kang wontên ing salêbêting sêrat punika.
Kalayan malih awiyos Kanjêng Tuwan Raplis amaringi uninga yèn ing mangke sampun anglampahi kagantos ing anyêpêng tanah Jawi, awit saking wontên gêrah kang sangêt, karsa amindha[4] ing panggenan kang langkung adhêm.
Ingkang punika, kaula aningali ing sakatha-kathahe pangandikane [pangandi...]

--- [139] ---
[...kane] kanjêng tuwan kang wontên ing sêrat, sakalangkung dados lumênge manah kaula, kadi dening angraosi tatu ing gali[5] kang langkung prana.
Pramila sapunika, ing salamining puniki kaula dèrèng rumaos pisan anglampahi ing kayaktosaning angabdi dhumatêng Kanjêng Tuwan Raplis, saking dening rumaos katungkul ing kasênêngan, awit saking sihipun Kanjêng Tuwan Raplis dhumatêng kaula, ing salamining kaula acêpêng damêl, saking anèm dumugi dhatêng wêdra[6] puniki, inggih nêmbe sapuniki kaula angyaktosi ing raosing kasênêngan.
Pramila ing saintare Kanjêng Tuwan Raplis, sakalangkung katha-katha ingkang dados tatune manah kaula, inganggêpe manah kaula, pinanggihing wêdra puniki, kantos dumugia ing pêjahing gèn kaula, angladosi pikarsane Kanjêng Tuwan Raplis, sabab dening sakalangkung rumaos ing katha-katha sihipun Kanjêng Tuwan Raplis dhumatêng kaula.
Kalayan malih ing prakawis kalampahan aturaning nagari kang kalampahakên puniki, mênggahing abdine Kanjêng Tuwan Raplis, têtiyang Grage sadaya, sakalangkung dados sukanipun,

--- [140] ---
saking dening karaos ing kasênênganipun, awit saking wilasanipun Kanjêng Tuwan Raplis, ingkang dados kasusahan mênggahing dhirinipun têtiyang alit sadaya, punapa dening ing sanèsipun.
Pramila ing pangajêng-ajêng kaula, ing sapaos-paosipun Kanjêng Tuwan Raplis, mugi amanggiha kawalujêngan ingkang tansah kaula purih ing salami-laminipun, ing luluse sih pracantênipun Kanjêng Tuwan Raplis, ing gèn kaula anyêpêng pasitèn Bangawan.
Nanging sih sarèhing mangke sampun wontên kanjêng tuwan ingkang mulya, ingkang saking nagari Inggêlan, ingkang apêparab Kanjêng Tuwan Jono Pendhol,[7] ingkang sampun apalênggah ing nagari Batawiyah kang anggêntosi ing kalênggahanipun Kanjêng Tuwan Raplis.
Inggi[8] punika ugi ingkang gumantos dados jungjungan kaula, ingkang botên bintên malih ing pangabdi kaula, inggih kadi dening dhumatêng panjênênganipun Kanjêng Tuwan Raplis makatên.
Sinrat ing dintên Akad, 23 saking sasi Jumadilawal naun[9] 1744.[10]
| 1 | wêwêngkon. (kembali) |
| 2 | misuhur. (kembali) |
| 3 | sakathah-kathahe (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 4 | amindhah. (kembali) |
| 5 | galih. (kembali) |
| 6 | wrêdha (dan di tempat lain) (kembali) |
| 7 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 8 | Inggih. (kembali) |
| 9 | taun. (kembali) |
| 10 | Tanggal: Akad (Ngahad) 23 Jumadilawal 1744 [sic.]. Tanggal Masehi: Minggu 21 April 1816. Tahun Jawa 1744 merupakan kesalahan penyalinan dan seharusnya 1743. (kembali) |