Raffles: Surat dari Radèn Dipati Arya Rêksanêgara (Têgil, 23 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Raden Dipati Arya Reksanegara Tegil kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 23 April 1816. Dalam surat tersebut, Reksanegara menyatakan telah mengetahui bahwa Raffles hendak kembali ke Englan untuk berobat dan bahwa penggantinya, John Fendall, telah tiba di Betawi. Reksanegara mendoakan agar Raffles segera pulih serta mengucapkan terima kasih atas pemberian cenderamata berupa kain hitam.

--- [146] ---
From the Regent of Tagal
Atur sêrat kawula têtiyang sampeyan, Radèn Dipati Arya Rêksanêgara bupati ing nagari Têgil, kalih kawula ngaturi tabe kaormatan akathah-kathah, konjuk ing bawah kaos Sampeyan Kangjêng Tuwan Bêsar Ingkang Wicaksana Tomas Sêtamporêt Raplès, litnan gupêrnur ingkang angrèh ing pulo Jawi sêdaya, sêmangke ingkang kêrsa badhe kondur ing nêgari Engglan, ingkang mugi-mugi pinaosna ingkang yusya dening Allah, sarta wilujêng kaharjan ing salami-laminipun.
Sasampuning kawula ngaturi kasugêngan dalêm awiyos, kawula sampun tampi dhawuh dalêm sêrat, ingkang aparing uninga yèn ing mangke panjênêngan dalêm amanggih gêrah sawêtawis sangêt, dados kêrsa dalêm badhe kondur ing nagari Engglan, supados amanggih wilujêng ing panggenan ingkang asrêp, kalih dening panjênêngan dalêm dhawuhi uninga, yèn ing mangke tuwan ingkang anggantosi ing panjênêngan dalêm, sampun rawuh ing nêgari Batawiyah, anami Kangjêng Tuwan Jon Findhol,[1] ingkang sarta panjênêngan dalêm sampun amasrahakên ing panguwasa dalêm pulo Jawi sêdaya, punapa dening dhawuh pangandika dalêm aparing trima kasih dhatêng kawula sami, rèning[2] salaminipun panjênêngan dalêm angêsta pulo Jawi, andadosakên suka lêga ing galih dalêm,

--- [147] ---
sarta ingkang sakêlangkung asih dalêm dhatêng abdi-abdi dalêm, kang punika saking dhawuh dalêm ingkang dhumawuh ing kawula, sakêlangkung-langkung ing panuhun kawula, ingkang sarta ingkang abdi angraos botên wagêd amangsuli, saking sih dalêm dhatêng kawula ing salami-laminipun panjênêngan dalêm angêsta gupêrmèn pulo Jawi, botên langkung sêca tuhu kawula kimawon ingkang kawula caosakên, sênajan sampeyan dalêm sampun akondur saking pulo Jawi, inggih ugi kawula garitakên ing dalêm manah ingkang êning, saking sih wilasa dalêm ingkang sampun kawula panggih ing salami-laminipun, kalayan malih kawula ngaturi kasugêngan dalêm kondur saking pulo Jawi dhatêng ing nêgari Engglan. Mugi Gusti Allah aparinga wilujêng botên wontên satunggal prakawis, dumugia ing sakêrsa-kêrsa dalêm. Ing wêsana panjênêngan dalêm amaringi pratandha saking sih katrêsnan dalêm dhatêng kawula awarni wastra cêmêng, inggih sampun kawula tampi, sakêlangkung ing panuhun kawula, sarta botên mawi supe saking sih wilasa dalêm ing salami-laminipun.
Têtêgil kala tanggal ping 23 sasi April taun 1816.
Arya Rêksanêgara
[Tanda tangan]
Dipati Têgil.
| 1 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 2 | rèhning. (kembali) |