Raffles: Surat dari Kyai Adipati Sura Adimanggala (Samawis, 17 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan kedua dari Kyai Adipati Sura Adimanggala, Bupati Semarang, kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 17 April 1816. Dalam surat ini, Kyai Adipati menyatakan telah mengetahui bahwa Raffles hendak kembali ke Inggris untuk berobat dan bahwa John Fendall dari Benggala, yang ditunjuk sebagai penggantinya, telah tiba di Betawi. Ia juga mengucapkan terima kasih karena Raffles telah menciptakan kemakmuran bagi seluruh rakyat.

--- [166] ---
From the Regent of Samarang
Punika ingkang sêrat saha sungkêm tabe kawula ingkang akathah-kathah, sangking Kyai Adipati Sura Adimanggala, ingkang kinarsakakên atatêngga kagungan dalêm kabupatèn ing nagari Samawis, kaunjuk ing sampeyan dalêm gusti kawula Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Tomas Sêtamporêt Raplès, lutnan gapêrnur ing tanah Jawi saha sabawahipun.
Sasampunipun kaunjuk sukêm[1] tabe kawula ingkang akathah-kathah ing sampeyan dalêm awiyos, kawula sampun amundhi sangking sadhawah-dhawah dalêm ingkang sampun sami kasêbut ing pêparing dalêm sêrat sadaya, ingkang batên amêng sampeyan dalêm aparing uninga, ing têmbe punika panjênêngan dalêm amanggih gêrah ingkang saklangkung dening asangêt, apramila ing mangke karsa dalêm badhe kundur ing nagari Ingglan, amargi panjênêngan dalêm sampun anggalih batên wontên ingkang andadosakên wiluyanipun, kajawi angarsakakên atatirah dhumatêng panggenan ingkang asrêp.
Kalih dening malih panjênêngan dalêm aparing uninga dhatêng kawula, ing mangke wontên satunggal kangjêng tuwan ingkang mulya inggih băngsa Inggris, sangking nagari Bênggala, awasta Kangjêng Tuwan Jan Pendhol,[2] sampun rawuh ing nagari

--- [167] ---
Batawi, ingkang pinăngka dados gagêntosipun ing satindak dalêm tatirah ing nagari Ingglan, saha panjênêngan dalêm sampun amasrahakên ing barang punapa pangwasa pêparentahan dalêm ing tanah Jawi sabawahipun sadaya, amiturut pranatan sangking ing nagari Ingglan.
Kalih dening malih ing sadèrèngipun panjênêngan dalêm tindak sangking ing nagari Jawi, karsa angatingalakên ing suka lêganipun galih dalêm dhumatêng kawula, ingkang amargi dening sampurnanipun ing barang punapa lêlampahan, saha amiturut ingkang kalayan sêca tuhu, sumungkêm kawula ing ayahan dalêm, ing salaminipun Kangjêng Gapêrmèn Inggris angasta pêparentahan ing tanah Jawi, kang sarta rikalanipun para bupati sami asaos panjênêngan dalêm anggalih ing asih sumukêmipun[3] para bupati ing panjênêngan dalêm. Pramila ing mangke kalampahan panjênêngan dalêm aparing wêwangsul dhatêng abdi dalêm para bupati, miwah dhatêng ing sumadayanipun[4] abdi dalêm têtiyang Jawi, ingkang sampun sami angatingalakên ing sêca tuhu sumungkêmipun ing sampeyan dalêm. Panjênêngan dalêm andhawahakên sangking sih wilasa aparing pamuji, supados kawula amanggiha kauntungan kasênêngan, tuwin abdi dalêm Jawi sadaya, ing saupami panjênêngan dalêm amirsaa kadi dening dhawah dalêm pamuji wau, sayaktos andadosakên suka pirênaning galih dalêm.
Ingkang punika atur wêwangsul kawula punapa sadhawah dalêm ingkang sampun sami kapratelakakên ing nginggil sadaya [sa...]

--- [168] ---
[...daya] dhatêng saklangkung pamundhi panuwun kawula, kang sarta kawula batên kenging batên amasthi anglairakên punapa ingkang sami kawula panggih, ing salaminipun panjênêngan dalêm angasta pêparentahan ing tanah Jawi, kang sayaktos batên wontên satunggal cêla tuwin galat, sangking wiwitan dhumatêng ing wêkasan, pêparentahan tuwin pranatan dalêm sami andadosakên karaharjaning nagari satêtiyangipun, tuwin andadosakên suka sênêngipun manah kawula, miwah têtiyang alit ing bawah wawêngkon kawula sadaya, pratuwin pamêngku dalêm piyambak dhumatêng kawula sami, kadi dening guru amulang ing muridipun. Pramila batên kenging batên amasthi kawula angatingalakên kang batên kenging supe ing salami kawula agêsang, sangking saenipun pêparentahan, tuwin sih pamêngku dalêm wau punika.
Ing wusananipun kawula anyaosi pamuji ingkang akathah-kathah, ing sakundur dalêm dhumatêng ing nagari Ingglan, mugi inggala rawuh kasirnakna ing gêrah dalêm, saha kairingana ing kabêgjan, kanugrahan, kalangkungna kadi kang sawau, dumugia sakarsa dalêm, badhe aparing sih amurih karaharjan, kamardikan kawula sami, kenginga tumuntên sami kawula panggih, tuwin inggalipun rawuh dalêm ing nagari Jawi malih, supados anglêksanani aparing kang dados karaharjan kamardikan kawula wau.
Kasêrat ing nagari Samawis kala tanggal ping 17 sasi April taun 1816.
Adimangolo
Regent Samarang
| 1 | sungkêm. (kembali) |
| 2 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 3 | sumungkêmipun. (kembali) |
| 4 | samudayanipun. (kembali) |