Raffles: Surat dari Rahadèn Tumênggung Prawiranagara (Purwadadi Grobogan, 24 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Rahaden Tumenggung Prawiranagara, dari Purwadadi Grobogan dan Wirasari, kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 24 April 1816. Dalam surat tersebut, Prawiranagara menyatakan telah mengetahui bahwa Raffles akan kembali ke Englan untuk berobat dan John Fendall ditunjuk sebagai penggantinya. Ia juga mendoakan agar Raffles cepat pulih serta mengucapkan terima kasih atas pemerintahan Raffles di Jawa.

--- [170] ---
From The Regent of Grobogan Werasarie
Punika ingkang sêrat saha sungkêm tabe kawula ingkang akathah-kathah, sangking Rahadèn Tumênggung Prawiranagara, ingkang kinarsakakên atatêngga kagungan dalêm kabupatèn ing nagari Purwadadi Grobogan sarta Wirasari, kaunjuk ing sampeyan dalêm gusti kawula Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Tomas Sêtamporêt Raplès, lutnan gapêrnur ing tanah Jawi saha sabawahipun.
Sasampunipun kaunjuk sungkêm tabe kawula ingkang akathah-kathah ing sampeyan dalêm awiyos, kawula sampun amundhi sangking sadhawah-dhawah dalêm ingkang sampun sami kasêbut ing pêparing dalêm sêrat sadaya, ingkang botên amêng sampeyan dalêm aparing uninga, ing têmbe punika panjênêngan dalêm amanggih gêrah ingkang saklangkung dening sangêt. Apramila ing mangke karsa dalêm badhe kundur ing nagari Ingglan, amargi panjênêngan dalêm sampun anggalih botên wontên ingkang andadosakên wiluyanipun, kajawi angarsakakên atatirah dhumatêng panggenan ingkang asrêp.
Kalih dening malih panjênêngan dalêm aparing uninga dhatêng kawula, ing mangke wontên satunggal kangjêng tuwan ingkang mulya inggih băngsa Inggris, sangking nagari Bênggala, awasta Kangjêng Tuwan Jan Pendhol,[1] sampun rawuh ing nagari Batawi, ingkang pinăngka dados gagêntosipun ing satindak dalêm tatirah ing nagari Ingglan, [Inggla...]

--- [171] ---
[...n,] saha panjênêngan dalêm sampun amasrahakên ing barang punapa panguwasa pêparentahan dalêm ing tanah Jawi sabawahipun sadaya, amiturut pranatan sangking ing nagari Ingglan.
Kalih dening malih ing sadèrèngipun panjênêngan dalêm tindak sangking ing nagari Jawi, karsa angatingalakên ing suka lêganipun galih dalêm dhumatêng kawula, ingkang amargi dening sampurnanipun ing barang punapa lêlampahan, saha amiturut ingkang kalayan sêca tuhu sumungkêm kawula ing ayahan dalêm, ing salaminipun Kangjêng Gapêrnèmèn Inggris angasta pêparentahan ing tanah Jawi, kang sarta rikalanipun para bupati sami asaos, panjênêngan dalêm anggalih ing asih sumungkêmipun para bupati ing panjênêngan dalêm. Pramila ing mangke kalampahan panjênêngan dalêm aparing wangsul dhatêng para bupati, miwah dhatêng ing samudayanipun abdi dalêm tiyang Jawi, ingkang sampun sami angatingalakên ing sêca tuhu sumungkêmipun ing sampeyan dalêm, panjênêngan dalêm andhawahakên sangking sih wilasa aparing pamuji supados kawula amanggiha kauntungan kasênêngan, tuwin abdi dalêm Jawi sadaya, ing saupami panjênêngan dalêm amirsaa kadi dening dhawah dalêm pamuji wau, sayaktos andadosakên suka pirêraning galih dalêm, ingkang punika atur wêwangsul kawula punapa sadhawah dalêm ingkang sampun sami kapratelakakên ing nginggil sadaya, dhatêng saklangkung pamundhi panuwun kawula, kang sarta kawula botên kenging botên amasthi anglairakên punapa ingkang sami kangwula[2] panggih, ing salaminipun panjênêngan dalêm angasta pêparentahan ing tanah Jawi, kang sayaktos botên wontên satunggal cêla tuwin galat, sangking wiwitan dhumatêng wêkasan, pêparentahan tuwin pranatan dalêm sami andadosakên karaharjaning nagari satatiyangipun, tuwin andadosakên suka sênêngipun manah

--- [172] ---
kawula, miwah têtiyang alit ing bawah wawêngkon kawula sadaya, pratuwin pamêngku dalêm piyambak dhumatêng kawula sami, kadi dening guru amulang ing muridipun. Pramila botên kenging botên kawula amêsthi angatingalakên kang botên kenging supe ing salami kawula gêsang, sangking saenipun pêparentahan, tuwih sih pamêngku dalêm wau punika.
Ing wusananipun kawula anyaosi pamuji ingkang akathah-kathah, ing sakundur dalêm dhumatêng ing nagari Ingglan, mugi inggala rawuh kasirnakna ing gêrah dalêm, saha kairingana ing kabêkjan, kanugrahan, kalangkungna kadi kang sawau dumugia sakarsa dalêm, badhe aparing sih amurih karaharjan, kamardikan kawula sami, kinginga tumuntên sami kawula panggih, tuwin inggalipun rawuh dalêm ing nagari Jawi malih, supados anglêksanani aparing kang dados karaharjan kamardikan kawula wau.
Kasêrat ing nagari Purwadadi, kala tanggal ping 24 sasi April tahun 1816.
| 1 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 2 | kawula. (kembali) |