Raffles: Surat dari Kyai Adipati Adinagara (Dêmak, 17 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Adinagara Demak kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 17 April 1816. Dalam surat tersebut, Adipati menyatakan bahwa Raffles hendak kembali ke Englan untuk berobat dan John Fendall dari Benggala, yang ditunjuk sebagai penggantinya, telah tiba di Betawi. Adipati mendoakan agar Raffles segera pulih serta mengucapkan terima kasih dan memuji pemerintahan Raffles selama di Jawa.

--- [174] ---
From the Regent of Demak
Punika ingkang sêrat saha sungkêm tabe kawula ingkang akathah-kathah, sangking Kyai Adipati Adinagara, ingkang kinarsakakên atatêngga kagungan dalêm kabupatèn ing nagari Dêmak, kaunjuk ing sampeyan dalêm gusti kawula Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana, Tomas Sêtamporêt Raplès, lutnan gupênur ing tanah Jawi, saha sabawahipun sêdaya.
Sasampunipun kaunjuk sungkêm tabe kawula ingkang akathah-kathah ing sampeyan dalêm awiyos, kawula sampun amundhi sangking sadhawah-dhawah dalêm ingkang sampun sami kasêbut ing pêparing dalêm sêrat sadaya, ingkang botên amêng sampeyan dalêm aparing uninga, ing têmbe punika panjênêngan dalêm amanggih gêrah ingkang saklangkung dening asangêt. Pramila ing mangke karsa dalêm badhe kundur ing nagari Ingglan, amargi panjênêngan dalêm sampun anggalih botên wontên ingkang andadosakên wiluyanipun, kajawi angarsakakên atatirah dhumatêng panggenan ingkang asrêp. Kalih

--- [175] ---
dening malih panjênêngan dalêm aparing uninga dhatêng kawula, ing mangke wontên satunggal kangjêng tuwan ingkang mulya inggih băngsa Inggris, sangking nagari Bênggala, awasta Kangjêng Tuwan Jan Pendhol,[1] sampun rawuh ing nagari Bêtawi, ingkang minăngka dados gagêntosipun ing satindak dalêm tatirah ing nagari Ingglan, saha panjênêngan dalêm sampun amasrahakên ing barang punapa pangwasa pêparentahan dalêm ing tanah Jawi sêbawahipun sêdaya, amiturut pranatan sangking nagari Ingglan.
Kalih dening malih ing sadèrèngipun panjênêngan dalêm tindak sangking ing nagari Jawi, karsa angatingalakên ing suka lêganipun galih dalêm, dhumatêng kawula ingkang amarga[2] dening sampurnanipun ing barang punapa lêlampahan, saha amiturut ingkang kalayan sêca tuhu sumungkêm kawula ing ayahan dalêm, ing salaminipun Kangjêng Gupêrmèn Inggris angasta pêparentahan ing tanah Jawi, kang sarta rikalanipun para bupati sami asaos, panjênêngan dalêm anggalih ing angsih[3] sumungkêmipun para bupati ing panjênêngan dalêm. Pramila ing mangke

--- [176] ---
kalampahan panjênêngan dalêm aparing wêwangsul dhatêng abdi dalêm para bupati, miwah dhatêng ing samadayanipun abdi dalêm têtiyang Jawi, ingkang sampun sami angatingalakên ing sêca tuhu sumungkêmipun ing sampeyan dalêm, panjênêngan dalêm andhawahakên sangking sih wilasa aparing pamuji, supados kawula amanggiha kauntungan kasênêngan, tuwin abdi dalêm Jawi sadaya, ing saupami panjênêngan dalêm amirsaa kadi dening dhawah dalêm pamuji wau, sayaktos andadosakên suka pirênaning galih dalêm. Ingkang punika atur wêwangsul kawula, punapa sadhawah dalêm ingkang sampun sami kapratelakakên ing nginggil sêdaya, dhatêng saklangkung pamundhi panuwun kawula, kang sarta kawula botên kenging botên amasthi anglairakên punapa ingkang sami kawula panggih, ing salaminipun panjênêngan dalêm angasta pêparentahan ing tanah Jawi, kang sayaktok[4] botên wontên satunggal cêla tuwin halad, sangking wiwitan dhumatêng wêkasan, pêparentahan tuwin pranatan dalêm sami andadosakên karaharjaning nagari satêtiyanganipun, tuwin andadosakên suka sênênganipun manah kawula, miwah têtiyang alit ing bawah wawêngkon kawula sadaya, [sada...]

--- [177] ---
[...ya,] pratuwin pamêngku dalêm piyambak dhatêng kawula sami, kadi dening guru amulang ing muridipun. Pramila botên kenging botên amasthi kawula angatingalakên kang botên kenging supe ing salami kawula agêsang, sangking saenipun pêparentahan, tuwin sih pamêngku dalêm wau punika, ing wusananipun, kawula anyaosi pamuji ingkang akathah-kathah, ing sakundur dalêm dhumatêng nagari Ingglan, mugi inggala rawuh kasirnakna ing gêrah dalêm, saha kairingan ing kabêgjan kanugrahan, kalangkungna kadi kang wau, dumugia sakarsa dalêm, badhe aparing sih amurih kaharjan, kamardikan kawula sami, kenginga tumuntên sami kawula panggih, tuwin inggalipun rawuh dalêm ing nagari Jawi malih, supados anglêksanani aparing kang dados karaharjan kamardikan kawula wau.
Kasêrat ing nagari Dêmak, kala tanggal ping 17 sasi April taun 1816.
| 1 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 2 | amargi. (kembali) |
| 3 | asih. (kembali) |
| 4 | sayaktos. (kembali) |