Raffles: Surat dari Adipati Jayaningrat (Rêmbang, 11 Mei 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Jayaningrat Rembang kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 11 Mei 1816. Dalam surat tersebut, Adipati Jayaningrat mengucapkan terima kasih kepada Raffles atas pemberian cenderamata berupa kain beludru. Jayaningrat dan masyarakat Rembang sangat terkejut dan merasa kehilangan atas kepulangan Raffles ke Inggris tanpa pemberitahuan sebelumnya. Mereka mendoakan keselamatan Raffles dan berharap beliau bisa kembali memimpin pemerintahan di Jawa.

--- [178] ---
From the Regent of Rembang
Ingkang atur tabe sungkêm kawula ingkang akathah-kathah jasad kawula, abdi dalêm pun Adipati Jayaningrat, ingkang atatêngga ing kagungan dalêm ing panêgari Rêmbang, kaunjuk ing sampeyan dalêm gusti kawula, Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng, Ingkang Wicaksana, Komas[1] Sêtamporêt Raflès.[2]
Sasampuning ingkang kadya sapunika, awiyos batên amêng jasad kawula sampun tampi, sangking pitêdhan dalêm sêrat, saha kawula sampun sumêrap, punapa sadhawuh-dhawuh dalêm ingkang kaawrat wontên salêbêting sêrat dalêm sêdaya, ingkang sarta sampeyan dalêm amitêdhani sinjang bludru cêmêng, pratăndha sangking dening sih wilasa dalêm dhumatêng jasad kawula, ingkang punika inggih dhatêng sakêlangkung-langkung panuwun kawula, saha pamundhi-mundhi kawula, ing sampeyan dalêm, pangraosipun ing manah kawula batên sagêd amangsuli, sangking sih wilasa dalêm, ingkang dhumawuh dhumatêng abdi dalêm, amêsthi wau pêparing dalêm kawula pundhi-pundhi, kawula damêl pajimatan ing salami-laminipun. Kalih dening malih sapitampi kawula ing kagungan dalêm sêrat, asangêt-sangêt kagèt kawula saha anglêsing manah, sawab dene jasad kawula amidhangêt sangking dhawuh dalêm, ingkang wontên salêbêting sêrat, yèn sameyan[3] dalêm sampun tindak sangking kagungan dalêm tanah Jawi, ingkang punika ciptanipun ing manah kawula, lir upaminipun kawula tinilar ing bapa biyang, jasad kawula angraos batên pikantuk gusti malih ingkang mèmpêr mirib kadi sampeyan dalêm, sungkêm kawula ing sampeyan dalêm, kawula batên agadhah tingal kêkalih, naming sampeyan dalêm gusti kawula, sasêmbahan kawula ingkang kawula ajêng-ajêng ing sêlami-laminipun, langgênga jumênêng nata ing tanah Jawi, saha

--- [179] ---
turun-tumuruna, dhawuh dhumatêng putra wayah dalêm, amrentaha dhumatêng saturun-turun kawula, mêkatên ugi abdi dalêm alit ing Jawi, ingkang sampun kawula panggih saha ingkang sampun kawula pirêng, batên wontên sangking tiyang sanunggal ingkang anacad anyêla ing sampeyan dalêm, sangking dening sih palamarta dalêm. Pramila ing mangke kawêrti yèn sampeyan dalêm sampun tindak sangking tanah Jawi, abdi dalêm alit sami anglangkungi pênangisipun, sawab dening sami angintên yèn badhe batên manggih eca kasênêngan, kadi dening ingkang suwau kala sampeyan dalêm taksih jumênêng wontên ing tanah Jawi, ing mangke abdi dalêm alit sêdaya, maksih ugi sami angajêng-ajêng rawuh dalêm malih jumênênga nata ing tanah Jawi, saprakawis malih ingkang dados panggêgêlipun ing manah kawula, satindak dalêm sangking tanah Jawi, dene jasad kawula dèrèng kantos marak ing sampeyan dalêm, batên amêng panuwun kawula ing kangjêng gusti, mugi-mugi sampeyan dalêm pinaringona wilujêng, saha pinanjangna ing yosya dalêm, pinaringona kêdrajatan ingkang luhur, wagêda amangku kaprabon malih ing tanah Jawi.
Abdi dalêm pun abdi dalêm pun[4] Adipati Jayaningrat ing Rêmbang.
Purwaning sêrat ing nagari Rêmbang, dintên Sêptu tanggal ping 13 sasi Jêmadilakir ing taun Dal ... 1743.[5]
| 1 | Tomas. (kembali) |
| 2 | catatan: ra ditulis menggunakan ga pasangan na. (kembali) |
| 3 | sampeyan. (kembali) |
| 4 | abdi dalêm pun: ditulis dua kali. (kembali) |
| 5 | Tanggal: Sêptu (Sêtu) 13 Jêmadilakir (Jumadilakir) Dal 1743. Tanggal Masehi: Sabtu 11 Mei 1816. (kembali) |