Raffles: Surat dari Tumênggung Arya Sasraadiningrat (Sidajêng, 24 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Tumenggung Arya Sasraadiningrat Sidajeng kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 24 April 1816. Dalam surat tersebut, Tumenggung mendoakan agar Raffles segera sembuh saat menjalani perawatan di Inggris. Disebutkan pula bahwa penggantinya, John Fendall dari Benggala, telah tiba di Batawi. Tumenggung juga mengucapkan terima kasih atas perannya dalam menciptakan kemakmuran bagi rakyat.

--- [190] ---
From the Regent of Sedayu
Punika atur sêrat saha atur sungkêm tabe akathah-kathah miyos iklasing manah ingkang sucining kawula, abdi dalêm pun Tumênggung Arya Sasraadiningrat, bupatinipun raja, ingkang atatêngga ing panagari dalêm ing Sidajêng, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhapipun lêbu tapak pada sampeyan dalêm, ing kangjêng tuwan ingkang kinawasa ingkang agêng saha wicaksananipun, Tomas Tamporêt Raplès, ingkang jumênêng lutnan gupênur gendral, ingkang sinung kagungan kamulyan kamurahan, sagungipun ing kapênêdan, kalayan ingkang mugi-mugi pinaosna ingkang yoswa dening Gusti Alah Hutangala, salamêt kawilujêngan ing salami-laminipun, ing dalêm dunya puniki, dadosa pandam pangauban sagunge kawula wadyabala alit ing dharatan miwah ing lautan, ing atas angin tuwin i[1] bawah angin sadaya, ingkang sampun kondur dhumatêng ing panagari Englan.
Sasampune kaonjuk sungkêm tabe kawula akathah-kathah ing sampeyan dalêm, awiyos kawula sampun atampi sêrat pêparingipun sampeyan dalêm, wiyosipun sampeyan dalêm aparing uninga dhumatêng ing kawula, yèn inganyar-anyar puniki, sampeyan dalêm amanggih sakit sangêt, satêngah arah anilar dunya, ing sapuniki sampeyan dalêm angêrsakakên kondur ing panagari Englan, supados amanggiha wilujêng, saki[2] dene botên wontên sanès margi pailaran, kasalamêtan, namung kondur ing panagari ingkang asêrp.[3]
Kalihdene malih sampeyan dalêm aparing uninga dhatêng para bupatos, yèn ing sapuniki wontên satunggil Tuwan Inggris, ingkang mulya anami Tuwan Jan Pendhol,[4] sampun dhumatêng ing panagari Batawiyah, awit saking Bagala[5] ingkang anggantosi dhatêng sampeyan dalêm, sarta sampeyan dalêm sampun amasrahakên dhumatêng Kangjêng Tuwan Jan Pendhol, sadaya panguwasanipun sampeyan dalêm, ing tanah Jawi sarta sabawah-bawahe sêdaya, inggih punika amiturut tata pranatan ing nagari Englan. Kalihdene malih sadèrènge sampeyan dalêm mangkat saking nagari Jawi, kêrsa amratelakakên, yèn sampeyan dalêm sampun suka, sarta sampurna dhumatêng para bupatos, saking dene kalêrêsane, kalampahane. Kalihdene sabab sampun salamine amiturut [ami...]

--- [191] ---
[...turut] sarta anutugakên ing tumêmêne manahe, punapa sakêrsane Kangjêng Gupêrmèn Inggris, ing salamine angasta kuwasa ing tanah Jawi. Kalihdene malih saking dene para bupatos sampun asring-asring apêpagih[6] kalih sampeyan dalêm, kalihan kapênêdanane sarta aningalakên karilahanane manahe, dados sampeyan dalêm kathah panrimane dhatêng para bupatos. Kalihdene malih ing kalêlampahanane tiyang-tiyang băngsa Jawi, anglangkungi saking saenipun ing dalêm panggalihan sampeyan dalêm, kalih kangjêng sampeyan dalêm anglangkungi saking asih, pramila sampeyan dalêm, ing salami-lamine botên supe emut asih kimawon, yèn saengga mêksih pinaosakên ingkang yoswa sampeyan dalêm salami-lamine langkung suka, yèn amiyarsaa kabar para bupatos angsal kauntungan sarta kasênêngan, punapa malih dhumatêng tiyang-tiyang Jawi sadaya, botên wontên malih anamung punika sampeyan dalêm aparing wastra cêmêng inggih punika kaangge tăndha katrisnane sampeyan dalêm.
Ingkang punika kangjêng tuwan ing sadhawahipun paring sampeyan dalêm sêrat, inggih dhatêng sakêlangkung saking pamundhi panuhun kawula dhumatêng sampeyan dalêm, ingkang aprakawis sampeyan dalêm, aparing uninga yèn sampeyan dalêm badhe kondur dhumatêng ing panagari Englan. Ingkang punika sakêlangkung andadosake ing sangêt gagêtun sarta pangungun kawula dhumatêng sampeyan dalêm, amargi kawula maksih sangêt saking wilangun katrisnan kawula dhumatêng sampeyan dalêm, ing salamine kawula sampeyan dalêm abdèkakên, salagi dèrèng amanggih ingkang dados rêntakipun pagalihan[7] dalêm.
Kalayan malih ing salamine sampeyan dalêm jumênêng gupênur ing tana[8] Jawi, saking pamiyara sampeyan dalêm dhatêng kawula, inggih sakêlangkung andadosake ing kasênêngan kawula, sarta piwêlas sampeyan dalêm dhatêng ing kawula, amargi saking sih pranata sampeyan dalêm, kawula botên mawi kakirangan ingkang kawula têdha, pituwin ingkang kawula angge saanak rayat kawula sadaya, sapunika ugi sampeyan dalêm yasa aturan pituwin parentahan, ingkang sampun kasêbut ing dalêm sêrat sêtrèksi inggih sakêlangkung andadosake ing kasêsêngan [kasê...]

--- [192] ---
[...nêngan] kawula, sarta andadosake ing suka wiryanipun abdi-abdi sampeyan dalêm sêdaya, pituwin andadosake ing gêmah kaharjanipun panagari, inggih amargi saking aturan sampeyan dalêm.
Kalayan sapindhahipun malih saking pangèstu sungkêm kawula dhumatêng sampeyan dalêm, ing salami-laminipun agêsang, kawula botên supe saking sih wilasa dalêm, sarta piwêlas sampeyan dalêm dhatêng ing kawula, tuwin dhatêng anak rayat kawula sadaya, botên langkung pamuji kawula dhumatêng Gusti Alah Ingkang Agung, ingkang mugi sampeyan dalêm winêwahana ingkang kaagungan sarta kawilujêngan ing salami-laminipun pituwin kamulyan, kamirahan miwah sagunge kapênêdan, sinungana yoswa ingkang apaos, saha ingkang mugi-mugi Susti[9] Allah Ingkang Maha Luhur, amiturutana punapa ingkang dados ing sakarsa-karsa sampeyan dalêm, kenginga kawula arsa-arsa ing salami-laminipun agêsang ing dalêm donya puniki.
Kasêrat ing panagari Sidajêng tanggal ping 26 ing sasi Jumadilawal, ing taun Êdal 1743.[10]
Kawula Radèn Tumênggung Arya Sasraadiningrat, bupatos ingkang têtêngga ing nagari dalêm Sidajêng.
| 1 | ing. (kembali) |
| 2 | saking. (kembali) |
| 3 | asrêp. (kembali) |
| 4 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 5 | Banggala. (kembali) |
| 6 | apêpanggih. (kembali) |
| 7 | panggalihan. (kembali) |
| 8 | tanah. (kembali) |
| 9 | Gusti. (kembali) |
| 10 | Tanggal: 26 Jumadilawal Êdal (Dal) 1743. Tanggal Masehi: 24 April 1816. (kembali) |