Raffles: Surat dari Adipati Arja Adinagara (Lamongan, 20 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Arja Adinagara Lamongan kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 20 April 1816. Dalam surat tersebut, Adipati mendoakan agar Raffles segera sembuh saat menjalani perawatan di Inggris. Disebutkan pula bahwa penggantinya, John Fendall dari Benggala, telah tiba di Betawi.

--- [194] ---
From the Regent of Lamongan
Sêrat sayugya kaunjuk ing pada dalêm ingkang langkung wicaksana, ing Kangjêng Tuwan Gupêrnur Tomas Sêtamporêt Raplès, saha tur tabe ingkang akathah-kathah saking abdi dalêm pun Adipati Arja Adinagara, ingkang atatêngga ing panagari Lamengan.[1]
Sasampuning kadya saha punika, kawula sampun atampi paring dalêm sêrat aprakawis sampean dalêm aparing sêrat dhatêng abdi dalêm para bupatos, aparing wuninga yèn sampean dalêm ing enggal-enggal punika, amanggih sakit sangêt, saking punika sampean dalêm angarsakakên kondur dhatêng ing panagari Ingglan, ingkang supados amanggiha wilujêng saking botên wontên sanès margi polaran kasêlamêtan amêhêng tindak dhumatêng panagari ingkang asrêp. Ingkang punika dhatêng sakêlangkung ing panuwun kawula, sampean dalêm ingkang aparing wuninga saha sakêlangkung gagêtun pangungun kawula, ing sadhatêngipun paring dalêm sêrat kadi dening punika amargi saking katrêsnan kawula asangêt, saha wilangun ingkang akathah-kathah, botên langkung atur pamuji kawula ingkang mugi sampean dalêm pinaringana yuswa ingkang apaos, saha kawilujêngan ing salami-laminipun amanggiha santosa, rahajêng, sampun mawi kakirangan punapa-punapa, saha mugi Gusti Allah amiturutana ing sakarsa-karsa sampean dalêm, kenginga kawula angarsa-arsa ing sihipun Gusti Allah Ingkang Agung, mênggah sakit sampean dalêm enggala waluya. Saha malih ing sadhawahipun paring dalêm sêrat sampean dalêm aparing wuninga dhatêng sadayanipun para bupatos, yèn ing mangke wontên satunggil Tuwan Inggris ingkang mulya anami ing Kangjêng Tuwan Jon Pindhol,[2] sampun rawuh ing panagari Batawiyah, awit saking panagari Bênggala, ingkang anggêntosi dhumatêng panjênêngan sampean dalêm, saha sampean dalêm sampun amasrahakên ing samudayanipun pangawasa dalêm ing tanah Jawi, saha ing sabawahipun sadaya, inggih punika amiturut ing pranatanipun panagari Ingglan. Ingkang punika inggih dhatêng sakêlangkung ing pamundhi panuwun kawula, sampean dalêm aparing wuninga, saha dados ing pangarsa-arsa kawula, ingkang mugi lêstantuna kadi pranatan sampean dalêm ingkang sampun andadosakên ing kaarjanipun nagari. Kalayan sapindhah

--- [195] ---
malih ing sadhawahipun paring dalêm sêrat ing sadèrèngipun sampean dalêm mangkat saking panagari Jawi karsa amratelakakên yèn sampeyan dalêm sampun suka, saha sampurna, dhatêng para bupatos saking dening kalêrêsane lêlampahanipun, saha malih sawab sampun salaminipun amiturut saking anutugake ing tumêmêne manahipun, punapa ing sakarsanipun ing Kangjêng Gupêrmèn Inggris ing salaminipun angasta kuwasa ing tanah Jawi. Kalayan malih saking dening para bupatos sampun asring apêpanggih dhumatêng sampean dalêm kalayan kapênêdanipun, saha aningalakên karilananipun manahe, dados akathah panarima dalêm dhatêng wau abdi dalêm para bupatos. Kalayan dèntên saking saraosipun pagalihan[3] dalêm, mênggah abdi dalêm têtiyang bôngsa Jawi, anglangkungi saking saenipun. Sapunika ugi sampean dalêm inggih sakêlangkung asih, pramila dados sampean dalêm ing salami-laminipun botên supe, imut[4] asih kimawon yèn saupami pinaosêna yuswa sampean dalêm ing salami-laminipun sakêlangkung suka, yèn amiyarsa abdi dalêm para bupatos amanggih kauntungan saha kasênêngan, punapa malih ingkang dhatêng abdi dalêm têtiyang Jawi samudayanipun. Ingkang punika atur kawula dhumatêng sampean dalêm, sakêlangkung-langkung pamundhi panuwun kawula sampean dalêm maksih ugi anggalihi kadi dening kang kasêbut ing dalêm paring dalêm sêrat sadaya. Sapunika ugi pamuji kawula ingkang mugi sampean dalêm sinungana kagungan kamulyan kamurahan, miwah sakathahing kapênêdan ing dalêm dunya puniki.
Wondèntên sampean dalêm aparing sih pratăndha dhatêng kawula ingkang awarni wastra cêmêng.
Ingkang punika inggih dhatêng sakêlangkung-langkung ing pamundhi panuwun saha pangêmbun kawula kunjuk ing pada dalêm. Botên langkung kawula anyaosakên atur trima kasih ingkang akathah-kathah, sampean dalêm ingkang sampun amiyara dhatêng kawula ing salaminipun sampean dalêm angadhaton wontên ing dalêm kitha agêng panagari Batawiyah kantos kawula botên kakirangan têdha, miwah pangangge kawula saanak semah kawula sadaya, inggih amargi saking sih wilasa sampean dalêm. Sapunika ugi pangèstu kawula ing salaminipun sampean dalêm angasta pêparentahan saha pranatanipun ing tanah Jawi, inggih ugi andadosakên ing suka gêmah raharjanipun abdi dalêm têtiyang alit sadaya, pramila ing sakondur sampean dalêm saking kitha panagari Batawiyah, dados sakêlangkung

--- [196] ---
gagêtun saha pangungun kawula. Botên langkung pangèstu kawula dhumatêng panjênêngan dalêm ing salami-laminipun malêr pangèngêt-èngêt ing dalêm têlênging manah kawula, amargi saking sih kawilasan dalêm. Pramila pamuji kawula dhumatêng ing Gusti Allah Ingkang Agung, mugi sampean dalêm sinungana kanugrahan kanikmatan ing salami-laminipun, ingkang sarta kabungahan, ingkang andadosakên ing kasênênganipun pagaliyan dalêm.
Sinêrat ing dintên Jumungah tanggal ping 22 sasi Jumadilawal taun Dal angkaning warsa 1743.[5]
| 1 | Lamongan. (kembali) |
| 2 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 3 | panggalihan (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | emut. (kembali) |
| 5 | Tanggal: 22 Jumadilawal Dal 1743. Tanggal Masehi: 20 April 1816. (kembali) |