Raffles: Surat dari Adipati Prawira Adinêgara (Bangil, 20 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Prawira Adinegara Bangil kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 20 April 1816. Dalam surat tersebut, Adipati mendapat kabar bahwa Raffles sedang sakit keras dan hendak kembali ke Inggris untuk berobat. Ia mendoakan agar Raffles segera sembuh dan sehat kembali serta mengucapkan terima kasih atas pemberian cinderamata berupa kain hitam.

--- [210] ---
From Raden Adipati Prawiro 'adi-nagoro Regent of Banghil
Atur sungkêm tabe kawula akathah-kathah, saking pun Adipati Prawira Adinêgara, ingkang atatêngga ing nêgari Bangil, sayugya kaunjuk ing kangjêng tuwan kang wicaksana, Tomas Sêtamporêt Raplès, kang ing mangke sampun angêrsakake tilar dhatêng nêgari Engglan.
Sasampuning kaunjuk sungkêm tabe kawula ing pada dalêm, wiyosipun kawula sampun tampi pêparing dalêm sêrat, saha nupiksani sadaya, mênggah dhawah dalêm kang sampun kapratelakake ing salêbêting sêrat, ingkang punika sakêlangkung andadosake owêling manah kawula, sampeyan dalêm kang amanggih sakit sangêt, kantos angêrsakake kondur dhatêng nêgari Engglan. Botên aming pamuji kawula ing Gusti Allah Kang Maha Luhur, ingkang mugi sampeyan dalêm pinaringan enggal saras, saha kawilujêngan ing satindakipun sampeyan dalêm wau, enggala rawuh ing nêgari kang dados kêrsa dalêm.
Kalih dening mênggah sih wilasa dalêm ingkang sampun dhumawah ing kawula, pituwin sanak sadhèrèk kawula, ingkang punika sakêlangkung pamundhi panuhun kawula, saha sangêt andadosake ing kabungahanipun manah, kang mugi ing salami-laminipun kawula èngêta saking sih wilasa dalêm wau.
Kalayan pangèstu kawula sangêt ing sampeyan dalêm, ingkang mugi Gusti Allah Kang Maha Luhur, amaosna ingkang yuswa, saha amêwahana ing kaharjanipun sampeyan dalêm, mênggah kamulyan ing dalêm dunya, kang andadosake suka pirênanipun pêgalihan[1] dalêm ing salaminipun wontên ingkang yuswa. Wondening sampeyan dalêm aparing wastra cêmêng dhatêng kawula, ingkang punika inggih sakêlangkung pamundhi panuhun kawula.
Bangil tanggal ping 20 sasi April taun 1816.
[Tanda tangan Prawira Adinêgara]
| 1 | pênggalihan. (kembali) |