Raffles: Surat dari Adipati Niti Adiningrat (Pasêdhahan, 20 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Adipati Niti Adiningrat Pasedahan kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 20 April 1816. Dalam surat tersebut, Adipati mendapat kabar bahwa Raffles sedang sakit keras dan hendak kembali ke Inggris untuk berobat. Ia mendoakan agar Raffles segera sembuh dan sehat kembali serta mengucapkan terima kasih atas pemberian cinderamata berupa kain hitam.

--- [214] ---
From Raden Adipati Niti-adiningrat Regent of Pasuruhan
Punika ingkang sêrat saha ingkang sungkêm tabe akathah-kathah, sayugya kaunjuk ing bawah sêpatu sampeyan dalêm ingkang maha mulya kangjêng tuwan ingkang wicaksana, Tomas Sêtamporêt Ratplês,[1] lutnan gupêrnur ingkang kinawasa amarentah ing tanah Jawi sêdaya, ingkang angêdhaton ing dalêm kitha panêgari Batawiyah.
Wiyos badan kawula sampun mundhi pêparing dalêm sêrat saha badan kawula sampun anupiksani dhawuh dalêm ing sêrat sêdaya, sakêlangkung sangêt owêling manah, midhangêt yèn sampeyan dalêm sakit sangêt, mêrgi ingkang punika sampeyan dalêm kantos kundur saking tanah Jawi, ananging panêdha kawula dhatêng Gusti Allah Kang Agung, ingkang supados sampeyan dalêm mugi enggal pikantuka jampi kang sae, enggala saras. Kalih dèntên malih mênggah sih wilasanepun[2] sampeyan dalêm ing sêlamine ngasta kuwasa ing tanah Jawi, ingkang sampun kadhawahake ing badan kawula, utawi dhatêng sêntona kawula, punapa malih dhatêng abdi-abdi dalêm sami têtiyang alit sadaya, ingkang punika badan kawula raos botên wagêd amangsuli, ananging botên amung pangèstu kawula saha sêntona, pituwin abdi-abdi alit sadaya, asangêt dhatêng panjênêngan dalêm, ingkang mugi tindak sampeyan dalêm magihya[3] bêrkat kawilujêngan, enggal rawuha ing nêgari Engglan, saha malih panêdha kawula ingkang mugi Gusti Alah aparinga panjang ingkang yuswa, saha angluhurakên kalênggahan ing sampeyan dalêm, dadosa pandam pêngauban kawula, ing salami-lamining agêsang wontên ing dunya puniki.
Wondèntên sampeyan dalêm ingkang sampun aparing wastra cêmêng dhatêng ing badan kawula, sakêlangkung sangêt pamundhi panuhun kawula, wastra cêmêng wau, badan kawula asta badhe pajimatan saking pêparing sampeyan dalêm.
Pasêdhahan tanggal [tangga...]

--- [215] ---
[...l] ping 22 sasi Jêmadelawal taun Dal 1743.[4]
Saking abdi dalêm pun Adipati Niti Diningrat ing Pasêdhahan.
| 1 | Raplès. (kembali) |
| 2 | wilasanipun. (kembali) |
| 3 | manggiha. (kembali) |
| 4 | Tanggal: 22 Jêmadelawal (Jumadilawal) Dal 1743. Tanggal Masehi: 20 April 1816. (kembali) |