Raffles: Surat dari Radèn Adipati Panji Jaya Adiningrat (Prabalingga, 22 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Raden Adipati Panji Jayaadiningrat Prabalingga kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 22 April 1816. Dalam surat tersebut, Adipati mendoakan agar perjalanan Raffles menuju ke Inggris untuk berobat selamat dan tidak ada halangan apapun. Disebutkan pula, penggantinya, John Fendall, telah tiba di Batawi. Ia juga mengucapkan terima kasih atas pemberian kain hitam sebagai cinderamata.

--- [222] ---
From the Regent of Probolinggo
Atur sêmbah pangabêkti sumujut kawula Radèn Adipati Panji Jayaadiningrat ingkang dêrmi tatêngga ing panêgari dalêm ing Prabalingga, mugi kaunjuk ing ngandhap bawah sêpatu pada sampeyan dalêm, ing kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang mulya ingkang luhur, gusti ratu kawula ingkang wicaksona, Kangjêng Tuwan Jendral Tomas Sêtamporêt Raplès, ingkang kinawosa ing rat panêgari tanah Jawi sadaya, ingkang apalênggah saha ingkang angêdhaton itasing[1] dalêm kitha Batawiyah.
Sasampune kaunjuk ing sêmbah pangabêkti sujut kawula, awiyos sampeyan dalêm apêparing sêrat inggih sampun dhumawah ing badan kawula, wondèntên dhawahipun pangandika dalêm ingkang dhumawah ing dalêm sêrat ayunan dalêm aparing pariksa dhumatêng badan kawula, ing mangke pada dalêm akarsa tindhak[2] kudur[3] mantuk dhatêng ing panêgari Inglan, inggih sakêlangkung pamundhi panuhun kawula ing pada sampeyan dalêm. Mugi-mugi Gusti Allah Ingkang Agung paringa kawilujêngan dhatêng pada dalêm, wontên ing margi-margi palayaran sampun watên kawis-kawis, pada dalêm enggala rawuh ing panêgari Inglan, inggih dadosa pauban kawula ing salami-laminipun.
Kaping kalihipun sampeyan dalêm aparing pariksa dhumatêng badan kawula, mênggah ingkang gêntosi pada dalêm saking pangawosa ing samadayanipun, ing mangke sampun rawuh ing panêgari Batawiyah, wau kangjêng tuwan ingkang agêng kang mulya kang aluhur nami Kangjêng Tuwan Jendral Jon Pindhol.[4] Ingkang punika mila ing mangke ayunan dalêm aparing parentah dhumatêng badan kawula, badan kawula sampeyan dalêm karsakake angèstokake sadayanipun dhawah parentah dalêm ingkang sampun kapratelakake ing dalêm sêrat sadaya, ingkang sampun dhumawah ing badan kawula, inggih dhatêng sandika, sakêlangkung badan kawula angèstokake, sarta kawula pundhi-pundhi sadayanipun saking parentah dalêm ingkang sampun dhumawuh ing badan kawula sadaya.
Kaping tiga sampeyan dalêm aparing tăndha katrisnan dhatêng badan kawula awarni wastra cêmêng, inggih sakêlangkung sangêt pamundhi panuhun kawula ing sampeyan dalêm.
Sinêrat panêgari Prabalingga tanggal saking sasi taun: 24/5 1743.[5]
| 1 | ingatasing. (kembali) |
| 2 | tindak. (kembali) |
| 3 | kundur. (kembali) |
| 4 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 5 | Tanggal: 24/5 1743. Tanggal Masehi: 22 April 1816. (kembali) |