Raffles: Surat dari Kyai Adipati Sura Adimanggala (Samawis, 2 Maret 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Surat balasan dari Kyai Adipati Sura Adimanggala, Bupati Semarang, kepada Litnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 2 Maret 1816. Dalam surat tersebut, Adipati menyatakan tidak menanggapi dan tidak mempercayai adanya hasutan pihak-pihak yang ingin merusak hubungan antara Inggris dan Belanda menjelang penyerahan kembali Jawa. Adipati tetap setia terhadap Pemerintah Inggris dan menyampaikan keyakinannya bahwa peralihan kekuasaan kepada Belanda tidak akan mengganggu keamanan dan keberhasilan pemerintahan Inggris yang telah dicapai sebelumnya. Sura Adimanggala juga menyampaikan terima kasih atas perlindungan dan perhatian terhadap keberhasilan dua anaknya yang sedang menempuh pendidikan di Benggala, serta menyatakan tidak akan melupakan jasa Lord Minto (1751–1814). Sebagai penutup, Bupati menyampaikan salam perpisahan atas kepulangan Raffles ke Inggris, serta ucapan terima kasih atas pemberian kenangan sebagai tanda persaudaraan yang akan diingat seumur hidup.

--- [13] ---
Punika ingkang sêrat saha sukêm[1] tabe ingkang akathah-kathah, ingkang miyos sangking manah ingkang suci êning, anênggih sangking Kyai Adipati Sura Adimanggala, bupatinipun Kangjêng Gapêrmèn Inggris, ing nagari Samawis, mugi kaunjuk ing sampeyan dalêm ing Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana, Tomas Sêtanporêt Raplès, lutnan gapêrnur ing tanah Jawi kang angadhaton ing nagari Bagor atas pulo Jawi Agêng.
Sasampuning kadya sapunika awiyos, kawula sampun atampi patêdhan dalêm nawala, ingkang kasêrat ing kantor agêng ing nagari Bagor kala tanggal ping kalih dasa sasi Desèmbêr[2] ing taun 1815. Ingkang adhawuhakên,[3] sarèhning panjênêngan dalêm kangjêng lutnan gapêrnur sampun anggalih wontên mêmanahanipun para têtiyang ingkang angangkah awon, punika sami anêdya supados andadosna kawatosipun manah kawula, [kawu...]

--- [14] ---
[...la,] sarèhning kawula sumungkêm ing ayahanipun Kangjêng Gapêrmèn Inggris, anglangkungi malih, gèn kawula sampun anglampahakên anak kawula kêkalih sakolah dhumatêng nagari Bênggala, punika marginipun badhe kabutajêngakên, dening Gapêrmèn Walandi, malah badhe kadamêl pangalok-alok. Amargi sangking dening punika, pramila kangjêng lutnan gapêrnur tumuntên karsa andhawahakên dhumatêng kawula, sarupining têtiyang ingkang sami kumapurun anglairakên basa gaglênikan dhumatêng kawula, punika sadaya, batên prayogi pisan-pisan amanggiha sih pracayanipun Gapêrmèn Inggris, tuwin Walandi, saha batên kenging yèn kapirêngna, ingkang sarta wau têtiyang batên amêng angrêrago sangking eca sênêngipun manah kawula, nanging sarta ugi angêcrahakên ênggènipun apitêpang sih rumakêtipun Gapêrmèn Inggris kalayan Walandi, ing sayaktosipun amêng gènipun apitêpang sih, pramila pulo Jawi badhe kawangsulakên dhatêng Gapêrmèn Walandi malih.
Ingkang punika punapa dhawah dalêm dhatêng saklangkung pamundhi panuwun kawula, ing nalika kawula amaos pêparing dalêm sangking dumuginipun bab punika, rumaos anggadhahi pagêsangan, dening dhawah dalêm langkung anyantosakakên.

--- [15] ---
Kalih dening kawula sampeyan dalêm karsakakên èngêt, ing nalika prajurit Inggris ambadhah[4] ing nusa Jawi, batên amêndhêt sangking băngsa Walandi, Prasman ingkang dipun prangi, pramila sadaya punika dados pratăndha yèn Gapêrmèn Inggris batên amêngsah dhatêng Gapêrmèn Walandi. Sangking dening punika atur wangsulan kawula, saèstu lêrês kadi dening dhawah dalêm makatên.
Kalih dening panjênêngan dalêm paring uninga malih, mênggah kumrakêtipun Gapêrmèn Inggris kalayan Gapêrmèn Walandi, ênggènipun amawong sanak, tuwin pitêpanganipun ing sih, punika ing mangke langkung rumakêt, sarta langkung santosa, katimbang kalayan ingkang sampun-sampun. Kang sarta wangsulipun pulo Jawi dhatêng Gapêrmèn Walandi, punika băngsa Inggris sampun adamêl pratăndha, kadi dening pawong sanak ingkang sabayantu, kang lami kang batên kenging ewah kang sarta sampun karêmbag ingkang kalayan santosa, mênggah kamulyan pêparentahan, tuwin kamulyanipun. Amargi sangking dening punika, pramila kawula sampeyan dalêm karsakakên sampun anggadhahi kaèngêtan ing sakêdhèping netra, sawab dening Gapêrmèn Walandi sampun asuka pratăndha ingkang kalayan têmên, ing têmbe badhe [ba...]

--- [16] ---
[...dhe] anyanggi banggi, tuwin anglulusakên ing sumadayaning tata pranatan, kang sampun sami kadamêl dening Gapêrmèn Inggris wontên ing tanah Jawi, ing sayaktos ing benjing wangsulipun pulo Jawi dhatêng Gapêrmèn Walandi, amasthi batên wontên ingkang andadosakên kawatos, sangking dening ewah-ewahan ingkang agêng.
Atur wangsulan, amargi sangking dening punika asangêt suka bungahing manah, kang sarta pangajêng-ajêng kawula ingkang mugi anglêksananana ing têmbe kadi dening dhawah dalêm, saha lulusa ing salami-laminipun.
Wondening prakawis ênggèn kawula sampun angesahakên anak kêkalih dhatêng Bênggala, sawontênipun ing ngriku supados pikantuka kawagêdan, ing bawah astanipun Gapêrmèn Inggris, punika panjênêngan dalêm sampun anggalih yèn batên andadosakên kirangipun ênggèn kawula asuwita, malah andadosakên pangajêngipun pasuwitan dhumatêng gapêrmèn satunggal, kang wicaksana, mênggah ênggènipun amiyarakên ing pamiyaranipun tuwin panganggêpipun dhatêng kawula tuwin ahli kawula sadaya. Kalih dening ing dalêm tindak wau punika, batên angamungakên asuka pratăndha ing kasampurnan, ênggèn kawula apitajêng [apita...]

--- [17] ---
[...jêng] dhumatêng pêparentahan ing băngsa Eropa, kang sarta ugi adamêl pratăndha ing kayaktosan ênggèn kawula akajêng supados ahli kawula sami wagêda lumampah ing margining angupados pagêsangan ingkang kalayan lêrês saha patut ing sadlajatipun.
Ingkang punika saklangkung pamundhi panuwun kawula, amargi gêngipun sih wilasa aparing pamuji dhumatêng kawula, tuwin dhatêng anak kawula, sayaktos ing salami-laminipun kawula batên anyupèkakên ing sih dalêm wau punika.
Kalih dening panjênêngan dalêm amangandikakakên, sarèhning anak-anak kawula, sampun pikantuk kawagêdan, ingkang amantêsi ing pangalêm tuwin panggunggungipun ingkang langkung agêng sangking tanah Indiya, ingkang punika karsa dalêm kawula sampeyan dalêm karsakakên anggadhahana kaèngêtan êdir ing salêbêting manah.
Atur wangsulan kawula ing sayaktos punapa sadhawah dalêm, batên wagêd saupami kawula anglairna, arah dening gêngipun sih wilasa saha pamuji dalêm dhumatêng anak kawula, ananging mênggah karsa dalêm kawula sampeyan karsakakên êdir wau, sayaktos kawagêdan kawula êdir, atas panglindhungipun [pang...]

--- [18] ---
[...lindhungipun] Gapêrmèn Inggris, kang awit pitulung tuwin pamarigêl dalêm, karantên sapintên kawagêdanipun têtiyang Jawi, batên kenging katandhing kalayan pigunanipun kang sami anêdya pitnah ing kawula.
Kalih dening sarèhning anak kawula ingkang sêpuh kang wasta Radèn Mas Salèh, kang sampun kawulang wontên ing Bênggala, punika sampun alami wontên ing bawah asta dalêm, dados panjênêngan dalêm, wagêd anartantokakên, aparing uninga dhumatêng kawula, yèn andadosakên suka pangrêksanipun pêparentahan băngsa Eropa, sami ugi băngsa Inggris, tuwin Walandi.
Ingkang punika atur wangsulan kawula, ingkang mugi dhawah dalêm pinanggiha ing pawingkingipun. Ananging yèn aliya sangking băngsa Inggris, sanadyan kawula sampuna amanggih pangandika dalêm wau sangking iklasing manah inggih ugi batên anyamèni.
Kalih dening kawula sampeyan dalêm paringi pèngêt, supados sampun pisan-pisan anyupèkna yèn Kangjêng Tuwan Lorêd Mento ingkang agêng kawicaksananipun saha langkung prayogi, saha ingkang sampun mashur kasêbut anami Bathara, dening para têtiyang ing pulo-pulo ing lautan wetan sadaya, wau kangjêng tuwan sampun anganggêp [a...]

--- [19] ---
[...nganggêp] dhatêng lare kêkalih kadi dening putranipun sayaktos.
Ingkang punika sayaktos kawula batên anyupèkakên, sarta sampun kawula wasiyatakên ing anak saturun kawula sadaya, amasthi sami aningalna ing sih wilasanipun wau Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Lorêd Mento. Ingkang sarta arikala ingkang panjênêngan, kundur sangking Indiya, wau anak kawula kalih sami kapitajêngakên ing pambaurêksanipun dhumatêng panjênêngan dalêm, panjênêngan dalêm batên kenging batên ing satindak dalêm sangking tanah Jawi sayaktos badhe amasrahakên, supados amanggiha sih wilasanipun, sintên-sintêna gapêrmèn ingkang badhe dhatêng, ing sanalika punika panjênêngan dalêm anggalih yèn badhe andadosakên pirênaning manah kawula, sarèhning panjênêngan dalêm sampun karsa anglairakên ing kasampurnan, sangking sih wilasanipun kalairakên atas tindak patrap ênggèn kawula anglampahi ayahan dalêm pêparentah dhatêng para abdi dalêm, ingkang sami kawula wêngkoni, ing salaminipun Gapêrmèn Inggris angasta parentah ing nusa Jawi. Ingkang punika batên wagêd matur malih, punapa ingkang kawula wangsulakên sih wilasa dalêm ingkang sampun rumêntah, Gusti Alah ingkang angudanèni punapa saraosing [sara...]

--- [20] ---
[...osing] manah kang anêdya amangsuli ing sih wilasa dalêm wau punika, nanging ta sarèhning alit amung gêngipun pamuji ingkang amasthi kadamêl sarintên dalunipun.
Kalih dening panjênêngan dalêm aparing pangalêm dhumatêng kawula, sarèhning panjênêngan dalêm sampun awangsul-wangsul amanggih suka lêganing galih dalêm atas sungkêm dhangan kawula anglampahi ing sakarsanipun gapêrmèn. Wondening kawignyan kawula, panjênêngan dalêm galih andadosakên kautamèn kang tartantu dados prabot lantaran amurih sih panganggêpipun gapêrmèn ingkang gumantos.
Ingkang punika mênggah pamuji dalêm ingkang mugi Gusti Alah anglulusna, supados yèn kawula taksih gêsang batên kèndêl amangsuli sih wilasa dalêm. Wusananipun titi brayaning sêrat, panjênêngan dalêm paring piwulang sarèhning panjênêngan dalêm sampun ambuka ingkang akathah-kathah ingkang amurih ing kasantosanipun pagêsangan kawula sami, pramila karsa dalêm, supados kawula anggadhahana manah sokur tuwin samudayaning ahli kawula sadaya.
Ingkang punika, sarèhning karsa dalêm sampun amatês ingkang kados mangkatên, sayaktos kawula batên wagêd yèn [yè...]

--- [21] ---
[...n] asaosa atur, ananging ta sarèhning panjênêngan dalêm badhe miyos sangking tanah Jawi, mugi kawula amanggiha lilah dalêm, kenginga asaos angaturi urmat ingkang akathah-kathah ing sampeyan dalêm, kadospundi sakiting manah namining kawula kang sampun amanggih sih badhe katilar ing gusti, kang sampun amiyara kalayan adil, amêngku kadi dening guru, atas sami kadi katilar ing bapa kawula ingkang sayaktos.
Kalih dening panjênêngan dalêm aparing barang ingkang sami kasêbut ing sêrat pamemutan alit, ingkang asarêng kalayan nawa[5] dalêm punika, karsa dalêm supados kawula anampènana pinăngka pratăndha gèn panjênêngan dalêm apawong sanak.
Ingkang punika patêdhan dalêm kawula tampèni kalayan urmat ingkang andadosakên sukaning galih, supados dadosa jimat ing salami-laminipun.
Ing wusananipun wêkasaning sêrat, kawula saha semah kawula radèn ayu, sami angaturi tabe ingkang akathah kalayan pamuji, mugi panjênêngan dalêm amanggiha kabêgjan, kanugrahan,

--- [22] ---
ing dalêm dunya puniki kantos ing salami-laminipun.
Kasêrat ing nagari Samawis kala tanggal ping 2 sasi Marêt taun 1816.
[Tanda tangan]
Boepatie of Samarang
| 1 | sungkêm. (kembali) |
| 2 | Dhesèmbêr. (kembali) |
| 3 | andhawuhakên. (kembali) |
| 4 | ambêdhah. (kembali) |
| 5 | nawala. (kembali) |