Raffles: Surat dari Susuhunan Pakubuwana IV (Surakarta, 11 November 1815)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat dari Susuhunan Pakubuwana IV kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 11 November 1815. Susuhunan mengucapkan terima kasih bahwa beliau telah tiba kembali di Batavia dengan selamat, setelah mengadakan kunjungan ke Bali lewat Gresik dengan naik kapal, serta sempat berkunjung ke Surakarta. Beliau juga menyampaikan kabar bahwa Napoleon telah berada di Prancis, sehingga perang terjadi lagi tetapi pasukan Prancis telah dikalahkan oleh Inggris pada Juni 1815. Susuhunan mendoakan kemenangan Inggris dan semoga keberadaan pasukannya tetap seperti semula. Susuhunan menutup surat dengan ungkapan terima kasih atas pemberian kain cita, topi sangkelat, dan piring besar dari Inggris.

--- [5] ---
From the Emperor of Solo
to the Lt. Guvernor of Java
dated the 8th of Dulhaji 1742 or 1815
Punika ingkang sêrat pratăndha apawong sanak kang miyos saking iklasing manah ingkang suci ingkang têmên-têmên, ingkang botên kenging pêdhot-pêdhot salaminipun taksih wontên sapadhanging surya, lan sapancoronging sasi, saha ingkang tabe akathah-kathah, saking Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping sakawan, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat, ingkang andarbèni tahlatah[1] ing nusya Jawi sadaya, kaatura ingkang eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana Tomas Sêtamporêt Raplès, litnan gupêrnur jendral ing pulo Jawi, sarta ing sabawahipun sadaya, ingkang anguwasani wadyabala sarta prajurit ingkang wontên ing pulo Jawi sadaya, saha pamuji saking iklasing manah, ingkang mugi-mugi pinaosêna ingkang yuswa, salamêt sarta kasarasan ing salami-laminipun, sarta dadosa karaharjaning nagari lan satêtiyangipun sadaya.
Ri sampuning kadya punika awiyos eyang, wondene kangjêng eyang akintun sêrat dhumatêng ing panjênêngan kawula, ingkang kasêrat ing nagari Batawiyah tanggal ping 30 sasi Oktobêr taun 1815 inggih sampun kula tampèni, punapa ing saungêling sêrat sampun kula tupiksani sadaya, ijêngandika asuka uninga dhumatêng panjênêngan kawula, kang ing mangke ijêngandika sampun dumugi ing Batawiyah, satindak ijêngandika amriksani ing bang wetan ngantos dhatêng ing nagari Wangsul, sarta sabidhal ijêngandika saking ing Surakarta lampah baita, dhatêng ing Garsik, ing samargi-margi ijêngandika botên mawi kakirangan, ijêngandika asangêt tarima kasih dhumatêng panjênêngan kawula.
Kalih dening kang kalayan susahing manah ijêngandika, ijêngandika asuka uninga malih dhumatêng panjênêngan kula, yèn prang ing Iropa, sapunika akawit malih, sawab dening Banaparte sampun angatingal [angating...]

--- [6] ---
[...al] wontên ing nagari Prasman, nanging sapunika kabar ingkang têrtantu, kala ing sasi Juni wingking punika, prangipun Prancis sampun kawon dening Inggris. Pramila kenging kaajêng-ajêng awusananing prang asangêt enggal, sarta angluhurakên ing namining prajurit băngsa Inggris. Ingkang punika eyang, pamuji kula sarta pandonga kula ing Gusti Alah, ingkang mugi-mugi unggula prangipun prajurit Inggris, kasora prangipun prajurit Prasman. Lan mugi-mugi prajurit Inggris sampun ngantos ewah, têtêpa kados ingkang sampun kalampahan ingkang wau-wau. Kalih dening malih aprakawis wawêling kula, dhumatêng ijêngandika, kala wontên ing Surakarta mangke punika, ijêngandika angintunakên kangostagloba sapasang, panjang piring sarampadan, sangklat Inggris kalih wêlas gulung, êncit Inggris kalih dasa kayuh, ingkang punika inggih sakalangkung-langkung dening pintên-pintên suka pirênaning manah kula, sarta pintên-pintên tarima kasih kula dhumatêng ijêngandika.
Punapa ing saèsthining manah kawula kawrat ing dalêm sêrat.
Sinêrat ing nagari Surakarta Adiningrat, ing dintên Sabtu tanggal ping walu sasi Bêsar taun Jhe, angkaning warsa 1742.[2]
| 1 | talatah. (kembali) |
| 2 | Tanggal: Sabtu (Sêtu) walu (8) Bêsar Jhe (Je): AJ 1742. Tanggal Masehi: Sabtu 11 November 1815. (kembali) |