Raffles: Surat dari Sultan Hamêngkubuwana IV (Ngayugyakarta, 1 September 1815)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat dari Sultan Hamengkubuwana IV kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 1 September 1815. Sultan menyampaikan rasa terima kasih dan kebahagiaan atas penempatan Robert Clement Garnham sebagai wakil Inggris di Keraton Yogyakarta. Sultan meyakini bahwa penunjukan tersebut akan membawa manfaat bagi ketertiban istana dan kesejahteraan negeri. Beliau juga menyatakan bahwa selama Kapten Garnham menjalankan tugasnya di keraton, keadaan tetap aman dan tertib, serta pemerintahan berlangsung tanpa hambatan.

--- [33] ---
From Sultan of Djocjo Carta
to the Hon. the L. Guvernor of Java [...]
D. 26 Puwasa 1742 or 1815
Punika ingkang sêrat pratăndha tulus iklas kawiyos ing manah suci rêmên ingkang têmên-têmên apawong sanak, sarta ingkang tabe akathah-kathah, saking ingkang wayah Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana Senapati Ingalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatolah ingkang kaping sêkawan, ingkang angrênggani kadhaton nêgari ing Ngayogyakarta Adiningrat, kaatura ingkang eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicêksana Tomas Sêtamporêt Raplês, lutnan gupêrnur ing pulo Jawi, sarta ing sabawahipun sadaya, ingkang anguwasani wadyabala sarta prajurit ingkang wontên ing pulo Jawi sadaya, saha pamujènipun ingkang wayah kangjêng sultan, saking eklasing manah, ingkang mugi ingkang eyang kangjêng tuwan bêsar, pinaosna ingkang yusya salamêt saha karaharjan wontên ing dalêm dunya puniki.
Sasampuning kadya punika awiyos, sarèhning ing mangke ingkang eyang kangjêng tuwan bêsar, sampun angrêsakakên anglèrèhakên dhatêng Tuwan Minêstêr Kaptin Rabot Klèmèn Garnêm, gènipun ajagi wontên ing karatonipun ingkang wayah kangjêng sultan, ing nêgari Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang punika ingkang wayah kangjêng sultan, inggih sakalangkung tarima kasihipun, dhatêng ingkang eyang kangjêng tuwan bêsar, wondening tuwan ingkang pinilih ingkang kakêrsakakên anggêntosi punika, amêsthi andadosakên suka bungahipun ingkang wayah kangjêng sultan, sarta andadosakên arja kartanipun ing nêgari, punapa malih Tuwan Minêstêr Kaptin Rabot Klèmèn Garnêm, inggih mêngkatên [mêngka...]

--- [34] ---
[...tên] ugi sêlamènipun gènipun kakêrsakakên ajagi ing karatonipun ingkang wayah kangjêng sultan, inggih sakêlangkung andadosakên suka bungahipun ingkang wayah kangjêng sultan, saha barang prakawisipun ing nêgari botên wontên kakiranganipun sakalangkung andadosakên arja kartanipun ing nêgari.
Sinêrat ing nêgari Ngayugyakarta Adiningrat ing dintên Jumuwah tanggal ping nêmlikur sasi Ramêlan ing taun Jhe angkaning warsa 1742.[1]
| 1 | Tanggal: Jumuwah (Jumungah) nêmlikur (26) Ramêlan (Pasa) Jhe (Je): AJ 1742. Tanggal Masehi: Jumat 1 September 1815. (kembali) |