Kalatidha, Padmasusastra, 1931, #25

Judul
Sambungan
1. Kalatidha, Padmasusastra, 1931, #25. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
» Kalatidha, Padmasusastra, 1931, #25. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 17-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie K. Kolothidho ... Harga f 0,10

Sêrat Kalatidha

Anggitanipun suwargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita

Kawêdalakên dening: Ki Padmasusastra ing Surakarta

2e Druk

Diterbitken dan dijuwal oleh: Boekhandel TAN KHOEN SWIE KEDIRI

1931

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Harga f 0,10.

Sêrat Kalatidha

Anggitanipun suwargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita

Kawêdalakên dening: Ki Padmasusastra ing Surakarta

2e Druk

Diterbitken dan dijuwal oleh: Boekhandel TAN KHOEN SWIE KEDIRI.

1931

--- [2] ---

Penerbit: TAN KHOEN SWIE - KEDIRI

[Grafik]

Hak pengarang diperlindungi Stb. 1912 No. 600. fatsal 11.

[Tanda tangan]

--- [3] ---

Gambar Potretnya: M. Ng. PRODJOPOSTOKO - SOLO (KI. PADMOSOESASTRO)

[Grafik]

Diatas ini saya tera gambarnya Pengarang yang tersohor namanya, maka tida perlu dipuji lagi disini.

--- [4] ---

1. Sinom

1. mangkya darajating praja | kawuryan wus sunyaruri | rurah pangrèhing ukara | karana tanpa palupi | ponang paramèng kawi | kawilêting tyas malatkung | kongas kasudranira | tidhêm tandhaning dumadi | ardayèng rat dening karoban rubeda ||

2. ratune ratu utama | patihe patih linuwih | pra nayaka tyas raharja | panêkare bêcik-bêcik | parandene tan dadi | paliyasing kalabêndu | malah sangkid[1] andadra | rubeda kang ngrêribêdi | beda-beda ardane wong sanagara ||

3. katêtangi tangisira | sira sang paramèng kawi | kawilêt ing tyas duhkita | kataman ing rèh wirangi | dening ngupaya sandi |

--- 5 ---

sumaruna anarawung | pangimur manuhara | mèt pamrih melik pakolih | têmah suha ing karsa tanpa wiweka ||

4. dhasar karoban pawarta | bêbaratan ujar lamis | pinudya dadya pangarsa | wêkasan malah kawuri | yèn pinikir sayêkti | mundhak apa anèng ngayun | andhêdhêr kaluputan | siniraman banyu lali | lamun wuwuh dadi kêkêmbanging beka ||

5. ujaring panitisastra | awêwarah asung peling | ing jaman kênèng musibat | wong ambêk jatmika kontit | mêngkono yèn nitèni | pedah apa amituhu | pawarta lalawora | mundhak angrêrănta ati | angur baya ngikêta caritèng kuna ||

--- 6 ---

6. kêni kinarya darsana | panglimbang ala lan bêcik | sayêkti akèh kewala | lêlakon kang dadi tamsil | masalah ing ngaurip | wahananira tinêmu | têmahan anarima | mupus pêpêsthèning takdir | puluh-puluh anglakoni kaelokan ||

7. amênangi jaman edan | ewuh-aya ing pambudi | milu edan ora tahan | yèn tan milu anglakoni | boya kaduman melik | kalirên wêkasanipun | dilalah karsa Allah | bêgja-bêgjane kang lali | luwih bêgja kang eling lawan waspada ||

8. samono iku bêbasan | padu-padune kapengin | ênggih mêkotên man dhoplang | bênêr ingkang angarani |

--- 7 ---

nanging sajroning batin | sajatine nyamut-nyamut | wis tuwa arêp apa | muhung mahas ing asêpi | supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma ||

9. beda lan kang wus santosa | kinarilan ing Hyang Widhi | satiba malanganea | tan susah ngupaya khasil | saking mangunah prapti | Pangeran paring pitulung | marga samaning titah | ruma[2] sabarang pakolih | parandene maksih tabêri ihtiyar ||

10. sakadare linakonan | mung tumindak mara ati | anggêr tan dadi prakara | karana wirayat muni | ihtiyar iku yêkti | pamilihing rèh rahayu | sinambi budidaya | kanthi awas lawan eling | kang kaèsthi antuka marmaning Suksma ||

--- 8 ---

11. ya Allah ya Rasulullah | kang sipat murah lan asih | mugi-mugi aparinga | pitulung ingkang nartani | ing alam awal akir | dumununging gêsang ulun | mangkya sampun awrêdha | ing wêkasan kadipundi | mila mugi wontêna pitulung Tuwan ||

12. sagêda sabar santosa | mati sajroning ngaurip | kalis ing rèh aru-ara | murka angkara sumingkir | tarlèn mêlêng malatsih | sanityasèng tyas mêmatuh | badharing sapudhêndha | antuk mayar sawatawis | borong angga suwarga mèsi martaya ||

--- [0] ---

[Iklan]

 


sangkin. (kembali)
rupa. (kembali)