Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 50–59)

Judul
Sambungan
1. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 1, Pupuh: 01–10). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 1, Pupuh: 11–22). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 2, Pupuh: 22–36). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 2, Pupuh: 37–49). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
5. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 50–59). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
6. Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 60–74). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 08-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bagiyan saking kalêmpakaning pinanggihipun sêrat-sêrat ingkang sumbêr aslinipun sakawit saking gêgubahanipun ingkang pinudyasma Radèn Panji Natarata ing ngajêng Panji Dhistrik Ngijon Ngayugyakarta, lajêng salin nama Radèn Sasrawijaya.

A. Sajarah Jati

(Bagiyan III Pungkasan)

--- 3: [0] ---

Sajarah Jati

(Bagiyan Pungkasan)

Sajarahe para Waliu'llah ing talatah nusa Jawa kang padha amêdharake 'ilmu kajatèning urip lan pati.

Kidung basa Mardawa

Sakawit gubahan bangunane Radèn Sasrawijaya ing Ngayugyakarta nalika akhire abad 19 Masèhi.

Kang wis kabangun manèh dening siswane kang paramèng sastra ing salêbare Pêrang Dunya I.

Asline tulisan carik aksara Jawa.

Kang nyalini aksara Latin R. Tanaya.

--- 3: [0] ---

Isi buku iki

Bagiyan Pungkasan

...Kaca:
94.KYAI AGÊNG PÊNGGING AMBÊK MARDIKA
Bêbukaning carita Kyai Agêng Pêngging karo Sèkh Sitijênar...1
95.Kyai Agêng Pêngging wis matêng kawruhe mêjangake 'ilmu wadining jagad...3
96.Lêkase Kyai Agêng Pêngging dikuwatirake Sri Sultan Syah 'Alam Akbar I ing Dêmak...5
97.PANGERAN SÈKH SITIJÊNAR WÊKASANING LÊLAKONE
Bêbukaning carita...13
98.Ki Lonthang ing Samarang muride Sèkh Sitijênar...33
99.KYAI AGÊNG PÊNGGING WÊKASANING LÊLAKONE
Bêbukaning carita Kyai Agêng Tingkir nuwèni marang Kyai Agêng Pêngging...54
100.Kyai Agêng Pêngging nuwèni marang Kyai Agêng Tingkir...57
101.Sri Sultan Syah 'Alam Akbar anduta Susuhunan Kudus...59
102.Patêmone Susuhunan Kudus karo Kyai Agêng Pêngging...63
103.Balining duta Susuhunan Kudus ngaturake rampunging ayahan...67
104.MUSAWARAT TEKAD GÊGÊBÊNGANE PARA WALI
Bêbukaning carita Jêng Sèkh Maulana Mahgribi ngarsakake musawarat...70
105.Tekad gêgêbêngane Sèkh Malaya iya Susuhunan Kalijaga...72
106.Tekad gêgêbêngane Susuhunan Giri...74
107.Tekad gêgêbêngane Susuhunan Benang...77
108.Tekad gêgêbêngane Susuhunan Cirêbon...79
109.Tekad gêgêbêngane Susuhunan Ampèl...81
110.Tekad gêgêbêngane Susuhunan Kudus...83
111.Tekad gêgêbêngane Susuhunan Prawata...87
112.Pamancase Jêng Sèkh Maulana Mahgribi...89

Tammat

--- 3: [1] ---

Sinom [lanjutan]

Kyai Agêng Pêngging Ambêk Mardika: bêbukaning carita Kyai Agêng Pêngging karo Sèkh Sitijênar[1]

14. sigêgên kang mangun karsa | mangsuli carita nguni | sarisaknya Majalêngka | mantu dalêm Sri Bupati |[2] Dayaningrat wêwangi | lakinya Ratu Pambayun | ing Pêngging prajanira | tan arsa karèh narpati | nêdya mblela ring kwasèng Sultan Bintara ||[3]

15. dhasar ing Pêngging punika | ing nguni tilas praja di | nagari Purwacarita | Kusumawicitra Aji | kababad praja dadi | dupi wus dadya praja gung | ing mangke gêmah arja | Sang Dayaningrat murwani | kanan kering janma nganggêp tuwanggana ||

16. malah kathah nganggêp raja | Sang Dayaningrat tan apti | sadarpa gung kipa-kipa | rêmên karan Kyagêng Pêngging | tumular nyakrèng bumi | lama-lama tan kasêbut | dene pakaryanira | kyagêng mung muja samadi | mangêningkên sucipta yayah wran Buddha ||

17. dhasar maksih gama Brama | kalakuan Wisnu Murti | sring sidhakêp siku tunggal | nutup pancadriya mati | jro budi nora kalih | Pangeran ring dhèwèkipun | saking adrênging karsa | Suksma sarupa jêng syai | kasatmata wus yayah mayanggaseta ||

18. marma kondhang janaloka | tumutur tumular warti | Kyagêng Pêngging sudibyèng khaq | tega pati rila rukmi | bèr boga wastra adi | dana mili siyang dalu | warnanên wali murtat | 'alam kadariyah yakin | asal wrêjit kasêbut Sèkh Sitijênar ||

19. mirêng warta cocog ing tyas | klakuanira Kya Pêngging | sukarda mrawata suta | Sèkh Lêmahbang hyun pinanggih | wisata glis tumrapti | njujug masjid tata lungguh | kyagêng rinodapaksa | sêsalaman cara santri | rêraupan Sitirêkta pasrangkara ||

20. Kyai kula langkung bingah | paduka mangeran budi | ngêningkên sajuga karsa | kagyat Kya Gêng tannya aris | sintên ndika kêkasih |

--- 3: 2 ---

lan ing pundi wisma sèstu | umatur kang tinannya | Kyai kula Sèkh Sitibrit | nguni bangsa sudra mangke manjing madya ||

21. antuk darajad sêsêngkan | kula dèn wastani wali | sanès lawan pêkênira | run-tumurun trah narpati | pramodèng tanah Jawi | bangsawan lêluhuripun | ing mangke têmah nistha | dhêdhukuh dadya wong tani | anèng ngriki babad tanêm palawija ||

22. amba kumacèlu nêdya | panggya lan andika Kyai | wus lami antaranira | kalêksanan lagya mangkin | prêlunipun nêdyapti | sumangga ambuka kawruh | samya ngabên sasmita | darêdah timbuling yakin | yèn samya wran wicaksana boya merang ||

23. botên isin muruhita | sokur pêthuk ing panggalih | sarujuk tekad sajuga | ngantêpi ciptaning budi | sanadyan dadya glali | ajur mumur yayah glêpung | kêncêng madhêp tan oncat | labêt ngukuhi pamanggih | lah sumangga mragat ayam babon seta ||

24. kinarya wuduk lêmbarang | Kya Gêng Pêngging andhawuhi | parèstri olah Rasulan | Praptèng surup surya mranti | sumaji saji mori | tigang kacu karya tutup | sinung sadalêm langgar | lênggah nèng èmpèr tyang kalih | nglairakên pasêmon Buddha lan Islam ||

25. kinarya anganti wayah | Kya Gêng Pêngging jarwa ngênting | kabèh kawruh Buddhawaka | Sèkh Sitijênar nampèni | gya ngandhar 'ilmu wali | têrang têrus urut runtut | Dayaningrat wus tampa | nyipta kabèh tan salisir | mung basane têmbung 'Arab lawan Jawa ||

26. dangu wahyaning sajarwa | praptèng wanci lingsir wêngi | saking èmpèr manjing langgar | gêgandhèngan tyang kêkalih | mori ginêlar nuli | Sitijênar lunggwèng kidul | majêng ngalèr susela | Kya Gêng Pêngging lênggah munggwing | êlèr majêng mangidul ayun -ayunan ||

27. Susela adu wadana | Sèkh Sitibang tannya Kyai | pundi kang murba wasesa | Kya Gêng Pêngging tan udani | Lêmahbang dèn takoni | pundi plawanganing layu | Sitijênar tan wikan | gya anggalih tekad sami | lamun têmbe samya manggih klowong dunya ||

--- 3: 3 ---

28. Sitijênar kipa-kipa | sarwi ngandika ring Kyai | punika salah satus grad | Kya Gêng pasrangkara malih | punapa manjing sêpi | yayah duk dèrèng tumuwuh | Sitijênar sru njola | sayêkti salah satus mil | Kya Gêng Nabda lah punapa manjing rahsa ||

29. ingkang jumênêng pribadya | umanjing sir dadi mani | tumrah kunthari kunthara | sèwu dina mangan gibing | sidkahe jisim-mami | Sitijênar saya njêpluk | têmah Kya Gêng narima | nuwun bengat ring Sitibrit | sinung jarwa uning anong ning ngannana ||

30. Kya Gêng Pêngging sampun tampa | ananging dèrèng nyanggêmi | mêksih kabudi ing manah | Sitibang têtanya pundi | palawanganing pati | Kyai Dayaningrat ndumuk | Sitijênar wus tampa | ugi ta maksih kabudi | nulya mêdal ambêng wuduk bumbu lêmbar ||

31. ingkung babon gya kapurak | pinothèng-pothèng mrih wradin | samya mahyakkên sasmita | Lêmahbang lan Kya Gêng Pêngging | Siti angambil |[4] sirah ayam sarwi muwus | iku klowongan dunya | Kya Gêng ngasta ngadbundambi | apa iki karatone rahsa mulya ||

32. Sèkh Jênar nyandhak jêrowan | apa iki susuh angin | Kya Gêng Pêngging sarikutan | asta mubêng mobat-mabit | ngêbuti asta kalih | panjuta mati kakêbut | gumujêng kalihira | sadaya punika sisip | uning anong sajati-jatining laya ||

33. tigang ratri tigang dina | Sitijênar anèng Pêngging | kathah dera ajêjarwa | wus ênting rasaning kawrin | 'Arab Kabuddhan yakin | ing sangkan-parane rujuk | dupi wus kasatmata | Sitijênar nulya pamit | wus kapungkur Kya Gêng Pêngging Brangta laya ||

50. Asmaradana

Kyai Agêng Pêngging wis matêng kawruhe mêjangake 'ilmu wadining jagad

1. sasampunnya Kyagêng Pêngging | tampi sasmitèng oliya | Wali Lêmahbang wêjange | tambah sêtyambêk martana | kawruh muksaning angga | bangkèt njèrèng bangkit ngêjum | têmah sirna marang iya ||

--- 3: 4 ---

2. iya janma kang hakiki | wujud khaq kiyamu'lkudrat | jumênêng anane dhewe | kawulane dadya Suksma | Hyang Suksma dadya nyawa | nyawa sirna manjing suwung | wangwung ngèbêki bawana ||

3. anane Allah wit dhikir | dhikir pan pana dzat sifat | asma af'êngal Hyang Manon | gumulung dadya antaya | rahsa ing dhèwèkira | iya sira iya ingsun | mosik jumênêng dzat mulya ||

4. jroning 'alam sahir kabir | kene kana ora beda | amung manusa anane | Kyagêng Pêngging Dayaningrat | wani nglairkên tekad | Allah masjid wujud palsu | hakikine saking asma ||

5. asma manusa linuwih | mêngku sifat kalih dasa | Budha Islam sampun awor | rupa juga roro asma | angèle wus waskitha | gampang kasampar kasandhung | Kyagêng Pêngging wus waskitha ||

6. wong nèng nusapada iki | mung mêngku kalih prakara | ala bêcik roro kuwe | urip jodhone pralaya | gusti lawan kawula | nging Kya Dayaningrat tambuh | tyang mati tan ngrasa laya ||

7. urip datan ngrasa mati | bêcik datan ngrasa ala | lêbdèng jiwa nora manggon | mangkono kawruh bijaksa | midrawèng cakrawala | tan ngupa kamulyan layu | urip sumarah sakarsa ||

8. nguni jarwanya Sèkh Abrit | kaanan bumi ngakasa | sagarardi saisine | cêcukulaning bawana | gumlar hawa maruta | surya candra susup-susup | anane manusa tama ||

9. Allah dudu joharmanik | dudu jisim budi rahsa | sahadat puniku palson | marma kyagêng arda trima | wêwarah para siswa | mila wran manca sumungsung | kusung-kusung hyun sasmita ||

10. sadaya kajarwa yakin | mêjang ngêblak blaka suta | sirna wadi tanpa tèdhèng | boya slamêtan rasulan | ulês sêsuci boya | singa mara sinung kawruh | 'ilmu wadining bawana ||

11. boya sahdat nora dhikir | ambuka nyataning pêjah | urip nèng dunya kanthane | lakune kasêbut sahdat | kapalsu napi isbat | dhikir pan sêmbahyang apus | kajarwakkên ring pra sahbat ||

12. mila murid ingkang tampi | wêjang sami kadariyah | nyirnakkên Allah wujude | nganakakên asmanira | tansah inganggêp dora | kabèh-kabèh saka ingsun | siksa saka sapêpadha ||

--- 3: 5 ---

13. Kyagêng Dayaningrat Pêngging | putus pramèng kawruh dunya | akhirat dunya ênggone | swarga nraka anèng dunya | gusti kawula dunya | laya idhup dunya amung | lah sumangga kagaliha ||

14. mantêp kêncêng budi siji | Kya Pêngging pamunah laya | wus tan mèngèng satiksnandon | dera mancah pra agama | Budha Islam dupara | gama parasdyaning palsu | rêraton angayawara ||

15. kasêdul sangkaning bayi | praptèng tuwa manut rowang | saka kumpulaning rare | tuwa kumpulaning tuwa | kajarwa asma sunya | wujud ngamandaka palsu | tan wruh wandane gusthika ||

16. tuhu nuksmèng tyas utami | Kyagêng Pêngging sudibyèng khaq | ing gunardika rèh layon | putus kartining pralaya | ing kene kana kêna | sirna pambudi wus liwung | santosa tyasnya nirmala ||

17. tuhu wicaksanèng murti | pramana pamolah prana | pancadriya pirantine | paningal ganda pamyarsa | pangucap kumpul juga | tajêm tumêmpuh lir punglu | dera mèt kawruh utama ||

18. dhasar putus byuha murti | sadaya kaanan jagad | saking manusa anane | manusa padha manusa | dene ratu lan wadya | nata rintên ratri mbujuk | dora kang tanpa wasana ||

19. marma ratuning agami | jatine ratuning cidra | wus mangkono salamine | wani ngaku dhikir pana | nyatane wong supêna | wruh sarwendah anèng turu | budayaning ciptamaya ||

Lêkase Kyai Agêng Pêngging dikuwatirake Sri Sultan Syah 'Alam Akbar I ing Dêmak

20. sigêgên kang dibyèng kawrin | warnanên Sultan Bintara | wus asring tampi pawartos | putra pangarsèng narendra | Sinuhun Brawijaya | asma Jêng Ratu Pambayun | ginarwa Kya Dayaningrat ||

21. akêkutha anèng Pêngging | mangkya tan ngidhêp ring Dêmak | malah angirup para wong | kathah samya puruhita | kawruh muksaning angga | nanging pamêdharing 'ilmu | nyulayani pra oliya ||

22. wiji saking Sèkh Sitibrit | murtat tekad kadariyah | tan nganggêp Allah kwasane | mbrojol saking kitab Kuran | malah ngaku Pangeran | wran kang têbih-têbih kerut | samya nut murang agama ||

--- 3: 6 ---

23. mung ngrusak gumlaring dinil | Mustafa Nayakaningrat | kang hyun kanggo salawase | praptaning dina kiyamat | durung dugya mèh rusak | anyênyampah mbuka sintru | mbukak wadining bawana ||

24. wus gumlar nêmbah Hyang Widhi | sare'at Nabi Mukhammad | dadya ling-aling lakwawon | mangkya Kyagêng Dayaningrat | migêna gama 'Arab | maido syara' kang maksud | kangjêng sultan langkung duka ||

25. gya nimbali Dyan Dipati | Wanasalam sêsingidan | lan Pangulu Kêtib Anom | wus prapta sumaos ngarsa | ngandika sri narendra | paman paran wartanipun | ing Pêngging wontên punapa ||

26. wanasalam turira ris | dhuh sinuhun tadhah duka | lêpat dèrèng tampi wartos | kajawi raka paduka | Kya Agêng Dayaningrat | amrengkang tan arsa sujud | dhumatêng paduka nata ||

27. mung ngantêpi dadya tani | rêmên tanêm palawija | kêdhik sujanamba têmbe | narendra malih ngandika | bênêr aturmu paman | mangke mêntas anggêguru | ing Wali Sèkh Sitijênar ||

28. wus tampi wêjanging 'ilmi | mangkyambêg murtat agama | ring kwasèng Allah maido | malah gumrahing pawarta | Kya Pêngging ngaku Allah | tekad kadariyah junun | karya sudarsanèng Kuran ||

29. anyênyampah ngisin-isin | ring mardika wali sanga | jênênging kraton maido | mêmoyok yayah duskarta | masjid minulya arja | narik susela yu patut | ngidêp dhawuhe Dzat mulya ||

30. kakang Dayaningrat Pêngging | rumojong ardawalepa | culikèng jagad ayune | 'ilmu wus ngambra midrawa | ing manca desa liya | kondhang kasumbagèng catur | derambêk sêtya parasdya ||

31. hèh patih iku manawi | mindaka karaton mulya | jêr padha warising rajèng | pama latu arsa ngambra | yogya siniram toya | sira lan prajurit agung | Pêngging cêkêlên ngayuda ||

32. patih munjuk adhuh gusti | sampun kapukul ngayuda | nisthip jênênging karaton | botên mèmpêr mliyun yuta | punika tyang dhêdhêkah | boya pasang tumbak umbul | mung nglanggar syara' agama ||

--- 3: 7 ---

33. kalêbêt prakawis sipil | manawi parêng karsendra | katimbalana kemawon | ingkang klayan dhawuh krama | mamrih kerid sumewa | nata sarujuk gya dhawuh | mantri kalih lumaksana ||

34. tan kawarna anèng margi | prapta Pêngging njujug nglanggar | panggya kyagêng lênggah ijèn | mantri prasaja yèn duta | saking nagri Bintara | kautus ingkang sinuhun | kyai paduka ngandikan ||

35. ring Dêmak panggih sang aji | kerida salampah kula | Kyai Pêngging manabda lon | hèh duta samliyun trima | katimbalan narendra | lah punapa prêlunipun | kula tan darbe prakara ||

36. wontên ngriki nanêm gagi | babad wana ngupajiwa | atas karsaning Hyang Manon | yèn mêdal tanêman kula | kênthang jagung katela | kula têdha ring Hyang Agung | ingkang paring prentah gaga ||

37. tatkala macul lan gusti | ngundhuh-undhuh lan pangeran | mangke sapêpadhaning wong | animbali ring Bandara | ngriki wontên punapa | mung pangran lan asmanipun | kang boya pisah sarema ||

38. dene kula dèn timbali | yêkti mopo datan arsa | yèn ora lawan kang momong | sanadyan puruna kula | yèn Kang Kwasa tan arsa | paran nggèn kula lumaku | mila tangèh nêdya seba ||

39. andika matur narpati | yèn manira tinimbalan | Kyagêng Pêngging boya mopo | nanging kang momong tan arsa | tandya duta pamitan | kyagêng manthuk wus lêstantun | tan dangu praptèng Bintara ||

40. nulya sowan jêng sang aji | mantri dwi matur prasaja | Kyagêng Pêngging wangsulane | daruna madya wusana | kagyat kangjêng sang nata | pamopone masang jalu | kyagêng têrang yèn mbalela ||

41. sigra nimbali kya patih | kerid pinaringan wikan | nuwun mantrimuka ture | pukulun sri naradipa | yèn parêng jêng karsendra | amba pribadi lumaku | kapanggya Kya Dayaningrat ||

42. kula sandi tiyang alit | nglugas sumbaga lir sudra | bêkta kanthi sapantêse | mangke amba sagêd ngira | punapa kang kinarsa | barês tuwin botênipun | rujuk narendra ngandika ||

--- 3: 8 ---

43. yèn mangkono patih bêcik | sira dhewe kang kapanggya | cukup sakarampungane | nanging sun paringi paman | pralambang tigang warna | iya Kya Pêngging kon ngêcup | sandika patih lumampah ||

44. mung kanthi panakawan tri | wus lêpas kirdhanya prapta | dhukuh Pêngging têtannya lon | ring wong macul anèng natar | tur wruh kyagêng nèng langgar | prêlu lagya imbal wuwus | lan Kang Murwèng dhèwèkira ||

45. kagyat kya patih duk myarsi | wangsulane wong kathokan | patitis têmên wuwuse | kya patih laju ring langgar | uluk salam ping tiga | kyagêng minggu tan sumaur | patih nulya manjing sigra ||

46. lênggah kyagêng tan kaèksi | rèh kaling-kalingan gubah | kang mindha myak klambu ndongong | mèksi cahya lir purnama | ngawèng mêngku wangkawa | Ki Patih Pasrangkara rum | hèh Allah kula utusan ||

47. ingutus Hyang Maha Suci | kang mêngku kraton Bintara | panggih lan dika Hyang Manon | kang majênun dhèwèkira | nolih kyagêng nupiksa | ring tamu kang lagya rawuh | manthuk-manthuk Guladrawa ||

51. Dhandhanggula

1. sêsalaman kyagêng lan kya patih | wusnya samya atur karaharjan | Kyagêng Pêngging wacana lon | hèh dutamba hyun wêruh | jarwanira nggènira angling | dhatêng manah manira | paran têgêsipun | pakênira ngakutusan | dèn utus Hyang Maha Suci kang mbawani | karaton ing Bintara ||

2. kinèn panggya Hyang Manon ing ngriki | kadipundi iku jarwanira | patih tanggap gya anjèrèng | makatên têgêsipun | kangjêng sultan sifat kawadis | barang solah sadarma | atas karsanipun | Hyang Maha Suci jro jiwa | artinipun budi punika lwih bêrsih | tan lara tan rêkasa ||

3. lajêng praptèng ngriki nglêksanani | nglairakên kang mêngku Bintara | panggya lan dika Hyang Manon | makatên jarwanipun | ngrika ngriki boya salisir | nadyan ingkang dinuta | tan beda jronipun | nadyan sifat anyar karsa | nanging lamun Maha Suci boya arsi | raga tanpa budaya ||

--- 3: 9 ---

4. Kyagêng manthuk rèh pêthuk ing galih | wus anyakra duta wran bijaksa | katawis cakêp sabdane | sumèh netyasmu tangguh | kladuk madu têmbung mlas-asih | rumêngkuh turut sanak | mangkana turipun | dhuh kyai atur manira | nglêganana pakênira dèn timbali | pinurih mangun wirya ||

5. rayi tuwan jumênêng narpati | kagungan ipe wontên ing desa | onêng datansah sumêdhot | wah arinta sang prabu | mangkya mirêng pawarta yakin | paduka ngaku Allah | tur kinarya muruk | mêjang ring wran mancapraja | yèn kalantur manawi ngrisak agami | tan yogya linampahan ||

6. para janma ingkang sampun tampi | paring tuwan kawruh ngaku Allah | kathah kasasar tekade | ngrêrêsahi karta yu | têmah ngambra durtèng pakarti | kèh datan ajrih siksa | nrak pêpacak bagus | juti culikarda durta | Kyagêng Pêngging nabda kawula tan apti | katimbalan narendra ||

7. manira mung dhukuh nandur pari | palawija ing santeronira | de sang nata ganggu gawe | wong mêdharake 'ilmu | kadarbe wran mangulah budi | mung kang sênêng kewala | kita anênukul | boya bênêr mrika-mrika | punapaa ratu nglarangi wong mirid | jêr sênênge priyangga ||

8. lawan malih bumi langit niki | dudu darbèknya sri naranata | yêkti kadarbe wran akèh | darbèke ratu amung | pajêg rèhning akarya dhuwit | wangsul isining dunya | wran akèh kang ndhaku | mulèngsun datan kabawah | tan kaprentah kajaba ingsun pribadi | sajroku ana Allah ||

9. gih punika kang kula lampahi | rintên ratri rèh dhawuhing manah | kang kulèsthi sapakone | jêr yèn budi tan ayun | raga kula tan bangkit mosik | jumangkah kadung tuna | nir budayan suwung | dene yèn kaparêng manah | nadyan cape sayah ring gunung Mêrapi | sayêkti kalêksanan ||

10. sampun ingkang dhatêng Dêmak nagri | yèn wus parêng lan budimanira | ing Bintara pintên dohe | Mêkah Madinah kosus | lah punika

--- 3: 10 ---

wran dadi abdi | wrat dhawuhing Bandara | mopo tan pakantuk | sêdene dhawuhing Allah | lamun nyipta tan arsa ora nglakoni | yêkti tan dadi bahya ||

11. marang barang solah-tingkah mami | muhung cumadhong dhawuhing manah | wusana ndika kinongkon | nimbali maring ulun | nanging manah amba tan apti | yêkti badan lênggana | rêmuk dadya glêpung | boya singlar cipta kula | duta matur yèn makatên ndika kyai | datan yogya pinanggya ||

12. ratu punika ratuning bumi | kinawasa misesa midana | ring wran kang darbe lakwawon | tanduk dadya panuntun | wrêta wong tan wêdi ing Widhi | budi dèn anggêp Allah | kêsasar kêlantur | bênêr ijèn salah kaprah | kêdah manut kang kaprah lakuning bumi | dadya nama mupakat ||

13. kukuh kuwat kathah kumpul budi | santosa dunya praptèng akhirat | inggih manusa kang nylênèh | sapintên bangganipun | otot kawat balunga wêsi | kulit waja mêlela | boya sagêd kukuh | kawon kathah marma kula | sangêt-sangêt mugi sowanna sang aji | dhatêng nagri Bintara ||

14. dhawuhipun kangjêng sri bupati | yèn andika kêkah ngaku Allah | pinurih mêcah pasêmon | cangkriman warna têlu | salah juga kinèn ngêcupi | sokur tri bangkit mbuka | kyagêng manthuk-manthuk | angandika kayaparan | pralambange yèn kula sagêd ngêcupi | dèn age lairêna ||

15. duta matur pralambang narpati | tigang pasal pinurih ambatang | urip pundi panggènane | kang kaping kalihipun | lah ta pundi kang aran 'ilmi | pasal kang kaping tiga | ingkang ngajak turu | puniku wujud punapa | Kyagêng Pêngging mèsêm sarwi ngandika ris | mancas kanang cangkriman ||

16. ingkang aran 'ilmi kawruh mami | ingkang boya katon kasatmata | pami Dêmak saking kene | puniku nama 'ilmu | dene pasal kang kaping kalih | pundi panggènan gêsang | aninong ananung | pasal cangkriman ping tiga | pundi ingkang ngajak nendra jarwa mami | tirta ingkang nirmala ||

--- 3: 11 ---

17. banyu Khayat têmbunge wong 'Arbi | nguni kang dèn upaya Sang Sena | Banyu Pêrwita Budhane | mênggah panggènanipun | terot tottot tottot jing totjing | sumangga kaaturna | lêrês lêpatipun | manira nyuwun katrangan | duta matur lêrês lêpat bab puniki | kilap karsa narendra ||

18. botên langkung mung angèsthi-èsthi | prata tuwan dhatêng kutha Dêmak | sami pêpanggihan barès | rèhning samya sadulur | lami enggal tan dèn watêsi | de paduka lênggana | têngga karsèng kalbu | ngêntèni dhawuhing cipta | lah punika sumlang kawularda watir | yèn ana salah tampa ||

19. bokmanawi ginalih ngregoni | nggêmpal têntrême nagri Bintara | paduka tanayèng katong | tilase dèrèng alum | botên elok tuwan dadya ji | boya mokal dupara | ing Pêngging rumuhun | mangke karsa mêdhar rahsa | bokmênawi wontên kang ngadon-adoni | tamtu dadya rubeda ||

20. lah makatên kewala jêng kyai | sae mundhut inah tigang warsa | kinarya sêngadi mogok | kawula ingkang nanggung | nanging yèn wus tri warsa nuli | paduka lumaksana | tumundhuk sang prabu | kyagêng mêksa dènnya kêkah | sampun ingkang sakit nadyan têkèng pati | kêncêng madhêp tyas kita ||

21. sajatine manira wran mati | sabên rintên ratri pati suda | nèng dunya pira lawase | dangu manira idhup | tamtu mantuk ring 'alam urip | pati luwih druhaka | siksa nraka agung | wangsul benjang yèn wus gêsang | tanpa petang langgêng ing salami-lami | sru kagyat kyana patya ||

22. kadipundi pakênira aris | sapunika ingaranan laya | benjang urip salamine | puniku têmbung kliru | kyagêng nabda lêrês wran Pêngging | mangkya ingaran gêsang | benjang aran layu | puniku santri musibat | mêndêm tabat ngarêp-arêp durung mêsthi | lah duta ge mundura ||

23. sigra pamit datan dèn wangsuli | palarasan tan cinitrèng marga | praptèng Bintara sumaos | ngabyantaraning prabu | kyana patih

--- 3: 12 ---

matur wotsari | dhuh pramodaning jagad | wisatamba sampun | panggya lan Ki Dayaningrat | animbali mopo tan purun samangkin | nata paring pralambang ||

24. tigang pasal tumulya dèn cupi | tumarêcêp cocog tanpa cacad | cêtha cêpêngane cocog | malah purun andumuk | dhatêng sêngkêraning pra wali | de patrap kalakuan | wus yayah majênun | tan karya sumlanging praja | nanging mangke mêksih mopo dèn timbali | de kula pinrih ngrêmbag ||

25. kula turi inah tigang warsi | gya sowan aywa nganti timbalan | sampun sangêt dados gawe | saking pamanah ulun | benjang lamun wus praptèng jangji | tri warsa tan sumewa | gampil krênahipun | nata dhangan ing wardaya | sri narendra ngandika hèh patih bêcik | nahên kang winursita ||

--- 3: 13 ---

52. Dhandhanggula

Pangeran Sèkh Sitijênar wêkasaning lêlakone: bêbukaning carita

1. wontên wali sajugambêk luwih | nguni asal wrêjit bangsa sudra | antuk wênganing tyas bolong | têrbukanirèng 'ilmu | Sunan Benang ingkang murwani | tatkala mêjang tekad | muruk mirid kawruh | ring Jêng Sunan Kalijaga | nèng madyaning rasa nitih giyota di | Sèkh Jênar antuk jarwa ||

2. mila mangke tyasnyarda kalair | umahya tekad kajabarirah | kadariyah mangsut tyase | andhaku Dzatu'llahu | budi eling dèn anggêp Gusti | Pangeraning manusa | sinifat rong puluh | saujud kidam lan baka | mukalapal lilkawadis nyulayani | gumlarnya barang anyar ||

3. kodrat iradat jumênênêng[5] 'ilmi |[6] kalam samak basar lan kadiran | muridan samingan dene | dwi dasa cacah kaglung | rumakêt ing budi lêstari | têgêse wujud mutlak | dadya dzat ranipun | tan wiwitan tan wêkasan | nora makam nora paran ngênalyakin | ing tekad kudratu'llah ||

4. Sèkh Lêmahbang anganggêp Hyang Widdhi | wujud kang ora katon satmata | sarupa yayah dhèwèke | sifat-sifat maujud | lir wujudnya blêgêr tan kèksi | warnarja tanpa seda | alus lurus têrus | kang nyata tan wujud ora | lirnya dhingin kidam jumênêng tan kèri | saking ing dhèwèkira ||

5. basa baka langgêng tan watawis | tan rumakêt ing lara kapenak | jumênêng nèng kana kene | tan ika nora iku | mukalapal lilkawadisi | pradikane prabeda | lan anyar sadarum | barang wujud gumlar ing rat | nyulayani sifat santero dumadi | jroning bumi ngakasa ||

--- 3: 14 ---

6. têmbung kodrat kuwasa pribadi | ora ana kang mirib kang madha | tur wuda datanpa prabot | 'adam praptaning wujud | jaba jêro sebak sawiji | iradat têgêsira | karsa tanpa rêmbug | 'ilmu ngawruhi kaanan | ingkang pisah saking pancadriya têbih | ngungkuli punglu tinggar ||

7. kayat urip sarana pribadi | têp-tinêtêp kayunnya pribadya | uripe nora nganggo roh | tan milu lara lêsu | sirna susah bungah orapti | jumnêng sakarsa-karsa | yeka kayat kayun | Sèkh Sitijênar waskitha | têtela trang pratisthèng janma linuwih | marma ngaku Pangeran ||

8. salat limang wêktu puji dhikir | pratamèng tyas karsanya priyangga | bênêr luput tampa dhewe | sadarpa gung têrtamtu | badan alus amunah karti | ngêndi ana Hyang Suksma | kajaba mung Ingsun | midêr dunya cakrawala | luhur langit sapta bumi tan pinanggih | wujudnya Dzat kang mulya ||

9. ngêndi-êndi têka sêpa sêpi | ngalor ngidul ngetan ngulon têngah | kana kana mung nèng kene | kene wujudku dudu | ing sajroku uwangwung sêpi | isi daging jêrowan | rêrêgêd dalêmku | dudu jantung dudu utak | iya ingkang pisah lir culing jêmparing | Mêkah Madinah kambah ||

10. dudu budi angên-angên ati | bènèh pikir eling bènèh niyat | hawa barat napas dede | suwung lan wangwung dudu | wandaningsun iki kawadis | tan wun dadya gusthika | bosok awor lêbu | napas kang midrawèng jagad | banyu gêni bumi angin mulih asli | yèku anyar sadaya ||

11. wangsul Ingsun Dzat kang nuksmèng wadi | Pangeranku sifat jalal jamal | ora karsa salat dhewe | ora karsa dhêdhawuh | de wong salat pakoning budi | budi la'nat musibat | tan kêna ginugu | solan-salin parentahnya | mencla-mencle taktêmêni nora dadi | têksih ngajak durjana ||

12. jroning salat budiku mêmaling | jroning dhikir budi nyidrasmara | têrkadhang melik ngamal wong | seje Dzatu'lguyubu | Ingsun

--- 3: 15 ---

iki Kang Maha Suci | Dzat Maulana nyata | kang layu kayafu | tur nora kinaya ngapa | mula Sitijênar budi nuksmèng Widdhi | ngusak[7] gama Mustafa ||

13. sahdat salat puasa tan arsi | tuwin zakat khaji marang Mêkah | kabèh iku wuwus palson | ora kêna ginugu | Islam têmên durjanèng budi | ngapus silaning titah | sinung swarga besuk | wong bodho katut oliya | tur nyatane padha bae ora uning | seje Ingsun Lêmahbang ||

14. datan nggugu prentahnya ki budi | jêngkang-jêngking nèng masjid ting krêmbyah | ganjarane besuk bae | yèn wus ngapal bathukmu | sajatine ora pinanggih | ring dunya bae padha | susah amêmikul | lara sangsara tan beda | marma Sitijênar mung ngantêpi siji | Gusti Dzat Maulana ||

15. kang sudibya gunardikèng murti | tur kang mêngku sifat kalih dasa | atas sabarang karsane | kawasa murwèng kawruh | ingkang jalal jamal kawali | nirmala suka dana | yayah kwulanipun | wahyèng angga tan katara | sakti murti mumpuni sagung dumadi | midrawèng Endraloka ||

16. yeka ingkang dèn anggêp Hyang Widdhi | Sèkh Sitibang darmyastutyèng karsa | sumarah ing rèh dhawuhe | tekad jabriyah kaglung | kadariyah wimbaning lair | madhpp[8] mantêp tumanggah |[9] kuwat ing pangaku | kukuh kasmaya nirmala | angantêpi urip praptèng layu yakin | tan ngrasa budi cipta ||

17. ciptanira Sitijênar mèksi | wujudira dèn anggêp Mukhammad | mêngku rasul sanyatane | Mukhammad sifat kudus | anyar urip padha anyaring | rumakêt pancadriya | sajatine nggadhuh | yèn wus kapundhut kang gadhah | dadi lêmah bosok mumur sifat najis | pangran dadya gandhulan ||

18. budi pikir angên-angên eling | tunggal wujud 'akal kêna edan | susah bingung lali sare | budya kèh ora jujur | rina wêngi angajak drêngki | mrih arjane pribadya | rusaking lyan sukur | sring apaksa nrak durjana | tur gumunggung umuk têmah tibèng nisthip | ngalani wandanira ||

--- 3: 16 ---

19. gêtun yèn wus tumêka ing dhiri | seje Dzat wajibu'l Maulana | mukaning budya yu kabèh | wandaning janma amung | ana wujud karsa sawiji | iku bae tan bisa | nglakoni satuduh | roro manèh kuwasaa | lah ta êndi pisahên Dzat lawan budi | supaya janma nrima ||

20. Sèkh Lêmahbang rumakêt badaning | êndi sirnaning antaya mulya | Dzat kang luwih budayane | dalilnya ramaetu | sèh mamanil kaol lirnèki | uculing jêmparing plas | gandhewane êmbuh | sre'at tarekat hakekat | myang ma'rifat pulastha datan kabudi | Dzatku jatine wanda ||

21. lafal Allah tanpa rupa kèksi | sajatine bingung êmbuh nyata | tan wus jumênêng wit ingong | dadya musamanipun | jati asmane talmisani | yèn tajukawlalina | cukup rèh pamuwus | Mukhammaddun Rasulu'llah | sifat kapir wujud jisim bosok mimir | mumur dadya bantala ||

22. seje kita nuksma Dzat linuwih | kang sadarpa sakti dibyèng syara' | midrawèng rat Pangraningong | murba masesa ulun | sifat wahdaniyat sawiji | bisa langgêng ngambara | angungkuli punglu | dudu budi dudu nyawa | dudu urip tanpa sangkan saking budi | tanpa paraning sêdya ||

23. Dzat sawiji têmah wujud mami | tan kuwasa kodrat karsanira | mlaya saparan-parane | ora nglak datan lêsu | tanpa lara lapa tan ngêlih | gunardikarjèng kara | kadrêng cipta luluh | lêbdane saking jiwangga | tan rêkasa wahyane ora nglabêti | panggya wus anèng kana ||

24. Sitijênar pamêngkuning urip | anèng dunya puniku pralaya | nyipta rintên ratri mawon | purwane kita idhup | ngunandika Pangran Sitibrit | ngungun rumakêt pêjah | kèh prakara krasuk | lara lapa adhêm panas | putêk bingung risi susah jroning pati | seje urip kang nyata ||

25. idhup mulya jumênêng pribadi | ora lêlantaran babu bapa | sabarang karsane dhewe | tan asal asil banyu | bumi gêni kabèh kawadis | 'alam ring karusakan | kèh mêksa tinêmu | Allah jumnêng sifat anyar | ngothak-athik ngêthukkên panggawe silib | durjananing agama ||

--- 3: 17 ---

26. punggung mudha wong kadhadhung budi | cipta eblis la'nat kapir setan | angên-angên coba gêdhe | nênuntun marang dudu | wong katiban naraka api | saka panggawe driya | ngrakêt napsu catur | irêng abang kuning seta | pira-pira malêksan makêthi-kêthi | rumasuk ing jiwangga ||

27. gêtun têmên uripku ing nguni | nggoning suci tan kacakrabawa | ora arah ora ênggon | irêng bang putih êmbuh | ijo biru dadu lan kuning | apan sun bali marang | uripku rumuhun | wahyèng pati madyapada | kok mangkene rasane wong darbe ati | amêngku sifat anyar ||

28. kayun anyar kodrat iradati | 'ilmu basar samak lan ngaliman | ngrêkasa têmên rasane | panca pranawa kudus | kabèh wandaningsun sakalir | jro jaba ora ana | kang ginawa mantuk | kanggo uripku nèng kana | datan kêna kabèh iki wujud najis | jêmbêr tur dadi wisa ||

29. rupa-rupa gumlar jroning pati | pati dunya ngrangkêp pancadriya | nganggo kayat kayun kiye | cacah sifat rong puluh | mèh kapencut dèrèngsun mati | panasaran mayuta | suwarga nraka gung | kabèh iku kêna rusak | wujud bathang rêgêd arus amis bacin | cocog daliling Kuran ||

30. wa amanamêluje patusni | gumlaring 'alam dunya gusthika | lah bênêr têmên ma'nane | mayit pating bilulung | ngalor ngetan ngupa rijêki | baksana wastra mulya | sêsotya mas mancur | nora wruh kabèh gusthika | nunggang motor Fiat iku rupa mayit | prandene ambêk siya ||

31. wong dèn seba ngêthèngkrèng nèng kursi | sugih bandha wisma di cra Landa | bungah têmên panganggêpe | apa ta nora wêruh | barang gumlar dunya sakalir | hyun pulastha wor kisma | prandene gumunggung | o owêl têmên sun padha | ora wêruh ciri yèn wandane mayit | ya titènana padha ||

32. drênging cipta Jêng Pangran Sitibrit | kayat kayun mampir raganira | nyipta kasasar parane | dunya naraka agung | mêngku

--- 3: 18 ---

pancadriya kawadis | nulya gumlaring jagad | surya sungsun-sungsun | mulane ing dunya arja | rajabrana dadi panggodhaning pati | marma tekad Srinata ||

53. Sinom

1. derambêk olah jiwita | Sèkh Sitijênar angèsthi | mrengkang saking wali sanga | jêmak qiyas dalil hadis | tumular nyakrawati | kasub kasumbagèng catur | budyarda widawaka | gunardika ngatas kawrin | kang cinipta dunya ingaranan laya ||

2. jroning pati swarga nraka | bagya cilaka pinanggih | yeka gumêlaring dunya | cocog dalil Marakandhi | analmayiti kubri | wa yajidukalibahu | satuhune wran laya | rumakêt jiwangga manggih | gêganjaran naraka lawan suwarga ||

3. iya iku sapunika | wus pira-pira nandhani | suprandene wali sanga | kathah kang kaliru tampi | mangkya ingaran urip | benjang ingaranan layu | mangka Pangran Lêmahbang | rintên ratri mardi budi | guna dibya ing kawruh mukswaning jiwa ||

4. murudnya Jênar sakawan | kang wus bijaksa hakiki | sajuga wasta Bisana | Ki Danabaya ping kalih | Canthula kang kaping tri | Ki Pringgabaya ping catur | puniku kang wus pana | prêmanêm tekad sawiji | mantêp têtêp kamulyan ing têmbe gêsang ||

5. dunya ingaranan laya | mêngku ala lawan bêcik | lara kapenak lan bêgja | cilaka nraka suwargi | têtêp sajroning pati | marma kabèh kang wus nggilut | ngrakêt kawruhnya Jênar | rintên ratri minta urip | tan kawawa nglakoni pati nèng dunya ||

6. kathah para siswa mara | manca desa mancanagri | ngatas pajaran mulyarja | anom tuwa jalu èstri | rêraton ulah pati | de wêwêjanganing kawruh | Lêmahbang ring sahabat | winruhkên purwaning urip | kaping kalih winruhkên plawangan gêsang ||

7. ping tiga panggènan benjang | urip langgêng tanpantawis | ping catur panggenan pêjah | kang linakonan samangkin | lawan malih paring wrin | jumnêngnya Kang Maha Luhur | dadine bumi kasa | para murid ingkang tampi | kathah siswa manglalu ngupa prakara ||

--- 3: 19 ---

8. liwung anèng marga-marga | yayah kunjana ambêk dir | lumaku tan gêlêm nyimpang | nekad nunjang ciptèng galih | mamrih karampog nuli | mantuk ring panggènan layu | tan bêtah anèng dunya | nrakarda cilaka manggih | samya gila sadaya nyamli nukarta ||

9. ing pasar gègèr puyêngan | wong nekad ngupa prakawis | mamrih laku murang arja | kang kacipta glisa urip | gya konjuk sri bupati | tumulya dhêdhawuh mikut | kacandhak gya binanda | sakala lumêbu buwi | nèng kunjaran samya manglalu pralaya ||

10. kang mangka dèrèng kapriksa | katrangan sêdyaning kapti | dera akarya ruhara | sri narendra dhawuh malih | kinèn ngupaya murid | Sèkh Lêmahbang kang majênun | hyun kapriksa ingkang trang | tan antara ari malih | nuju pasar ana catur sahbat Jênar ||

11. karya drêdah kurang kaprah | gya kapikut ring pulisi | Bintara wus tinalènan | katur ngarsaning narpati | kapriksa paran margi | murang silaning tumuwuh | mangsuli tanpa krama | mung ngupaya marga urip | datan kuwat lami nglakoni pralaya ||

12. ingsun murid Pangran Jênar | kang gunardika rèh 'ilmi | putus duga lan watara | tela nrawèng dunya pati | jêlèh bosên sun mèksi | gumlaring bangke ting blulung | mayit sapirang-pirang | ratu pangulu papatih | jaksa kabèh susawa têmah gusthika ||

13. pra oliya wali sanga | santri-santri kyai-kyai | bathang kabèh ora wikan | prandene têka ambêk dir | kumawawa wong mati | pinardi nêmbah Hyang Agung | wujud kang asma Allah | sajatine dunya iki | nora bisa wruh sifatira Hyang Suksma ||

14. guyub murid Pangran Jênar | murang kramaning utami | èstri priyambêk birama | marma kèh prakara dadi | darêdah yayah baring | warna-warna ngupa layu | ana ngajak sudukan | tumbak pêdhang ciptèng galih | supayènggal praptaa ing jaman gêsang ||

15. murid kang tan nglalu jiwa | ngumbar suwara kang têngik | marang kanan kering tangga | mangkana wuwusnya murid | bèn kanca-kanca mati | andadèkna kawruhanmu | sira kênèng pitênah | pambujuknya wali mukmin | kang supadya bisa ngrèh wong tanpa bayar ||

--- 3: 20 ---

16. samana Sultan Bintara | sadarpa ngungun ing galih | dupi kathahing prakara | sabên ari tampi warti | ing manca praja dèsi | ana wong liwung rèh dudu | ngrusak arjèng pranatan | ngayuh pati lir punagi | pra kunjana muridnya Sèkh Sitijenar ||

17. sêdene sri naranata | tampi pratelaning patih | lapurnya pratinggi desa | wontên dur kêrtartèng bumi | datan mamrih punapi | mung ngupadi marga layu | sahbatnya Pangran Jênar | nata ngandika ring patih | lah ta paman sira nglakokna duratma ||

18. caraka nrang karti baya | sandi tarèk talbu'l'ilmi | marang dhukuh Krêndasawa | ring wisma Pangran Sitibrit | trus lan salayèng warti | deranjum kawruh maguru | mahya mêjang panasar | gèsèh 'adating lêluri | matur nuwun sandika rêkyana patya ||

19. anuding kalih punggawa | kang ahli rahsaning 'ilmi | tur wran gunardi susastra | surtining sêdya winangsit | sandika wisata glis | lêstari prapta ing dhukuh | wus panggya ngatas kara | ing rèh lukitaning kapti | Pangran Jênar sigra jarwa tanpa wrana ||

20. kathah panunggilanira | sêsarêngan tampi 'ilmi | dupi caraka wus tampa | pamitan mantuk lêstari | datan kawarnèng margi | praptèng Bintara cumundhuk | ngarsaning kyana patya | gya dèn irid manjing puri | konjuk nata matur solahing dinuta ||

21. purwa madyaning wusana | langkung ngungun sri bupati | ngandika hèh paman patya | paran rêmbugira dadi | sirnaning brastha dèsi | Sitibang ingkang majênun | manawa ngambra-ambra | mbuka rusiyaning bumi | kyana patih matur dhuh gusti sandika ||

22. sampeyan dalêm pribadya | matur pramodèng pra wali | wontên durtaning agama | murang pranataning Widdhi | rèhning punika mukmin | tur antuk asma kasêbut | pangeran tandha buntas | kawruh susilaning gami | atas karsanira kangjêng wali sanga ||

23. pêthuk narendra busana | miranti tindak ring masjid | tan tra prapta tur pranata | pra wali hurmat sing linggih | gya sêsalaman trampil | gantya-gantya tandya lungguh | parêk lan sri narendra | cinakra na karya gati | wali sanga rèh lukita pasang karna ||

--- 3: 21 ---

24. nulya Jêng Sultan Bintara | matur Jêng Benang sang yogi | pukulun atur uninga | ing wêktu mangke kèh janmi | nglêbur pranatèng dalil | mbrastha silaning tumuwuh | sêngkêl mija nukarta | suda kêrtartaning janmi | praja rêngka gêmpal arjaning wiradya ||

25. pasar-pasar marga-marga | dhusun-dhusun têpis-iring | pundi nggèn pangupajiwa | kadhatêngan janma baring | mung arêp enggal mati | marang pulisi kapikut | kula priksa aturnya | angupaya dalan urip | ciptanipun dunya ingaran pralaya ||

26. pasambatnya botên kiyat | kadangon rumakêt pati | tan tra amanambak marga | yayah kasmala mèt pati | salajêngipun manjing | panjara nèng buwi layu | sampun kathah lêpinya | makatên wahyaning pamrih | dene dhusun sami ayon ngrampog sima ||

27. dadya tawuran bujana | datan kêndhat siyang ratri | kula ngupadi kang murwa | wèh kawruh makatên panggih | Jêng Pangeran Sitibrit | kaloka jumênêng guru | kagugu para mudha | têmah murang silèng urip | rèh wêjangnya dunya punika gusthika ||

28. kawula lajêng nyundaka | kita purih manjing murid | dwi srana guna bijaksa | sampun kawêjang ing 'ilmi | punika sowan mriki | kang kawula kèn maguru | dupi sampun matur trang | amba lajêng sowan mriki | ngatas karsa sarèhning bangsa oliya ||

29. lamun kula roda paksa | tindaking nagari krami | pintên bobotnya Sèkh Rêkta | Sunan Benang ngandika ris | bênêr jêbèng narpati | kudu rêmbuh[10] wali wolu | sanga Pangran Lêmahbang | wus jumênêng wali luwih | yèn mangkono sun pribadi kang utusan ||

30. wis sultan sira mundura | têmbe yèn ana pêrgadring | jêbèng pêsthi kaaturan | titane prampungan wèsthi | sandika sri bupati | gya mundur praptèng kadhatun | ucapên wali sanga | samyanggusthi ingkang dadi | sayogyarja wahya khukum madutama ||

--- 3: 22 ---

54. Dhandhanggula

1. Kangjêng Sunan Benang ngandikaris | hèh pra kanca mukmin paran sêdya | Pangran Jênar karya dede | mindaka tamèng kawruh | 'ilmu sre'at sintru ing lair | paedah subkan Allah | kêkah susilayu | mamring sampurnaning gêsang | mangkya Sitijênar hyun miyak wêwadi | mbabar wadining jagad ||

2. sre'at Nabi Mukhammad waradin | midrawèng rat ngluhurkên Pangeran | sarana syara' pujine | njunjung kraton Hyang Agung | mbrastha weri tobat ring masjid | supadya pra widada | khayun praptèng layu | kagantungan swarga nraka | wus biyantu wran Jawa kèh nglêksanani | wirya têntrêm sukarta ||

3. mangke Sitijênar miyak kêlir | miridakên 'ilmu ngrisak syara' | kadi pundi sayogyane | lah punapa karampung | punapa ta dipun timbali | tanggap Jêng Kalijaga | rèh prayoginipun | katimbalan abên rahsa | yèn tan purun pinaring sasmita gaib | kinèn mancas kang cêtha ||

4. lêrês lêpat pangêcuping misil | sasagêd-sagêd kêdah winulang | ywa kadlarung 'ilmu anèh | lamun mêksa mbêguguk | kula miwah sakanca wali | prapta ngampil prampungan | pidanane khukum | de lamun parêng ki lurah | kang kautus murid kawula kêkalih | Pangran Bayat Sèkh Dumba ||

5. ngabên rahsa sasmita kang gaib | nulya Sunan Benang adhêdhawah | Pangran Bayat wus sumaos | lan Sèkh Dumba nèng ngayun | liningan hèh pangran sirèki | sun duta ngataskara | panggya wran majênun | kang dhêdhukih[11] Krandhasawa | Sèkh Lêmahbang kang arda mindakèng 'ilmi | timbalana ring Dêmak ||

6. lamun mopo paringana misil | lambang sasmita patang prakara | konên ngêcup sabisane | lan jarwanana ayu | hyun punapa derambêk kingkin | sudarsananing Suksma | dalil Kuran sung wruh | pira-pira cêcêgahan | lamun mêksa mrêdut silaning agami | enggal nuli balia ||

7. lakunira jêbèng sun kanthèni | Ki Sèkh Dumba kalih tur sandika | laksitanya mung wong roro | tan dangu kawra rawuh | dhukuh

--- 3: 23 ---

Krêndhasawa umanjing | bale langgarnya Sèkh Bang | salam 'alaikum | pinuju Sèkh Jênar lagya | sung jêjarwa murid ingkang anyar manjing | nèng sadalêming langgar ||

8. marma datan opèn tamu prapti | mung marsudi dera amêmijang[12] | para murid lanang wadon | Pangran Bayat ping têlu | uluk salam tan dèn sauri | laju malbu kewala | tandya jajar lungguh | nuksmèng silaning pranata | Sitijênar datan nglêgewa sadêmi | tansah pambêngatira ||

9. mugut sabda Pangran Bayat angling | hèh ta anak Jênar praptaningwang | dhapur laksita sapakon | pra wali samya byantu | animbali mring sira nuli | kerida laksitèngwang | lèrènna wuwusmu | rêngên sabda wali sanga | wanti-wanti boya kêna mopo kardi | kagyat Sèkh Sitijênar ||

10. paman sira lumakyèng tinuding | wali sanga nimbali maring wang | alah ta apa prêlune | sanadyan para ratun[13] | sun tan arsa rèh dede abdi | kita datan kaprentah | jêr wali lan ingsun | samya daging wujud bathang | nora suwe roda[14] bosok awor siti | sumengah ngundang-undang ||

11. sun nèng luhur bumi ngisor langit | darbèkingsun pribadi purwèngwang | surya candra mlaku dhewe | tandhane nguni suwung | ora kantha tan ika iki | dupi ngong praptèng pêjah | nèng dunya ndêdulu | sabarang isining jagad | ananingsun de nèng kene milu darbi | padha lan wali sanga ||

12. nimbalana wong kang mudha pingging | pêsthi gêlêm mara dherakalan | saking wong cubluk budine | seje kaya jiwèngsun | wus tan kithal sutyèng pangèsthi | widya amardi guna | tan kêna kasêdul | ngapusan wong santri kompra | sulap palsu ngaku têdhak Maha Suci | tan wruh wandane bathang ||

13. idêr 'ilmu sabên wong dèn pusi | kinèn sêmbahhyang ring masjid Dêmak | jrone ana Allah bohong | sun nguni mèlu sujud | praptèng mangke gêtun kêpati | tan wruh kuwandaningwang | lairnya Hyang Agung | anane jênêng manira | mangke kêna ngarani kawula Gusti | rèh ana jaman pêjah ||

--- 3: 24 ---

14. besuk yèn wus sun urip pribadi | tamtu tan ana Gusti kawula | mung kang urip ingsun dhewe | langgêng tan ana layu | judhêg ni'mat nèng ênggon sukci | marmèngsun arda susah | sêdhih mêngku layu | rumakêt swarga naraka | panasaran pira-pira jaman pati | yèku dunya punika ||

15. ora bêtah sun nèng ngriki mati | kêpengin mulih jumênêng gêsang | jaba jêro ora duwe | de nèng kene kêmaru | jawi kalbu kawula Gusti | mêngku lara kapenak | sajroningsun layu | hèh paman Bayat yèn sira | ora wikan mêngkene wuwusku iki | têtêp sasar sanyata ||

16. pêsthi bae sênêng jaman pati | kasênêngan sarwa-sarwi ana | pancadriyamu nênonton | kupingmu krungu angklung | jroning pati wruh gêndhing bribil | nadyan ati 'ulama | kêthuk kênong ya wruh | rumêsêp nuci wadana | esuk sore kicah-kicih saba warih | kinarya mrada raga ||

17. sajatine budimu pranatis | ambalithuk nasarake umat | jêngkang-jêngking esuk sore | jarmu ganjaran besuk | jroning swarga kanthil rukma di | wong nganti karanjingan | dening ujar palsu | yèn nêmbah kasèp trataban | wus mangkono wong kênèng pambujuk eblis | gêbas-gèbès dhikiran ||

18. apa tan wruh wandane yèn daging | bosok balung sungsum têmbe rusak | priye nggonmu mbêcikake | nadyan salat ping sèwu | ganjarane tan wurung mati | ragamu kang kokpulas | bakal dadi lêbu | jêr wandanira gusthika | apa wali bisa mulih nggawa daging | paman pêthèkku ora ||

19. lah bok aja dahwèn mring sasami | nimbali Sèkh Jênar wong bijaksa | mênawa kwiyak wadine | palsune nora payu | lamun nganti kabèh janma wrin | jêr wali akèh krênah | ngapusi wong cubluk | coba sira Pangran Bayat | sun takoni apa wus wruh Maha Sukci | hara rak durung priksa ||

20. apa manèh rupane Hyang Widhi | malaekat bae durung wikan | nadyan malaekat pocot | sirèku durung wêruh | mung bingungmu

--- 3: 25 ---

bae kokpikir | ngupaya Gusti Allah | tan bisa katêmu | kana-kana ora ana | kene dudu têmah budimu kok-èsthi | angên-angên pangeran ||

21. kagyat Pangran Têmbayat nabdaris | myang Sèkh Dumba nglairkên panêdya | hèh Sèkh Jênar ywa mangkono | pangubalipun klèntu | dunya iki ingaran pati | ana swarga naraka | iku têmbung luput | ora kaprah jêmak kiyas | dalil hadis sulaya kang sira èsthi | sun pikir kurang arja ||

22. mangkya sre'at Arab maratani | tanah Jawa têmah narik tama | kabèh wus ayu budine | mangkya sira mancungul | kabul wrata mancanagari | mêmuruk ngrusak syara' | dunya aran layu | akhir ingaranan gêsang | swarga nraka kêkalih ana ing ngriki | yèku wong nglêbur kaprah ||

23. katampanan wong kang mudha pingging | mangkya arda wong murang krêtarta | awit wijangmu mangkono | lah êndi gandhulanmu | Kuran apa hadis punapi | dene tan lumrah kathah | Lêmahbang sumambung | ho o dene sira tuna | dadi santri tan wêruh unining tafsir | bêcik dadia bujang ||

24. ambêlayang lowung anggêr urip | yèn tinari mati kipa-kipa | ambêkmu pasrah nyawane | kapundhut siyang dalu | lêga lila wuwusmu kidib | tur wêruh agrêjêgan | dijaluk nyawamu | lah iku bedane apa | bujang Salatiga lawan para wali | kadhèt ing Surabaya ||

25. hèh Pangeran Bayat sira hyun wrin | gandhulanku mamèt kitab apa | he e bodho têmên kowe | lèhmu ngaji nggêguru | wong Sêmarang prapta ing ngriki | mruwita 'ilmu rasa | suprandene limut | ngèsthi ngawur ngayawara | dalil Kuran nora pisan-pisan mbudi | mung mèstu swara dora ||

26. ora pisan mèstu tyas utami | yèn mangkono ciptamu kêsasar | luwih bêcik dadi kadhèt | iku wong dhêmên khayun | nadyan lamis anggêre urip | warokan Panaraga | kang kaya têkadmu | ngaku wali luwih gampang | suprandene kagèt wruh klakuwan mami | mamèt sorah Musakaf ||

--- 3: 26 ---

27. rungokêna lafale kang muni | khayun daim la mutu abadan | kang mangkono pardikane | basa urip tan layu | amung langgêng slawase urip | marma dunya punika | dudu aran idhup | pratandhane sira pêjah | anèng dunya dunya ingaranan pati | paman para rasakna ||

28. walmayitu fil'alamu'lkubri | yujidu kalibahu têgêsnya | wong nèng 'alam kubur olèh | awak-awakan têmu | marma tampa nraka suwargi | wruhanamu samangkya | Pangran Bayat muwus | lah êndi swarga naraka | sun arsa wruh tuduhna ingsun cathêti | katur ing wali sanga ||

29. Pangran Jênar angandika malih | ring kang paman Pangeran Têmbayat | mangkana pangandikane | hèh paman wruhanamu | swarga nraka wujud kêkalih | tur saking kadadian | kitabmu wus nyêbut | analjanatu wanara | wujudani makhluk kahanani liring | alanasa punika ||

30. swarga nraka samya wujud kèksi | tur dinadèkakên wujud iya | ingsun kiyas planggêrane | kabèh wujud kalêbur | tandhanira swarga samangkin | ngong bengkas babar pisan | suwarga kang luhur | sênêng lan condhonging manah | ora kurang wong nèng kreta mbrêbês mili | ojogan ura-ura ||

31. sêsêndhonan têmbangira mijil | lagu Pelog Bêm cara kêthoprak | amêlung arum swarane | ywa dumèh wong mêmikul | nggendhong nyunggi bara nyênyangking | ojogan mring Samarang | ana swarganipun | rèh sênêng parênging prana | turu koplak bantal dhumpal ênggon tinggi | luwih ni'mat mupangat ||

32. wong nèng swarga barang sarwa-sarwi | yèn lêlungan kêpenak kang badan | bèndi kreta gledhag-glèdhèg | yèn narakane rawuh | mbrêbês mili sagarwa siwi | tyas susah pira-pira | mokal sira tan wruh | kadhang nglakoni wis paham | ora susah paman sun jèrèngi malih | paman sun arsa tannya ||

33. dene têka mangke sira wali | sing punapa katrimane paman | he e têka dadi elok | punapa saking laku | lah punapa saking

--- 3: 27 ---

ing 'ilmi | punapa saking arta | kula sèkêt gumun | ah wong iku ora kêna | dudu rasa yèn nonton kêcaping lathi | tungkakku ora padha ||

34. dene ana wali kaya kuwi | he e tobil lèhne nganggo surban | njèhèh[15] sadhulang gêdhene | napa paman tan emut | kala taksih dadi bupati | ngêdhangkrang pinayungan | wusanane kèlu | ilang sêmat nggayuh tekad | wêkasanê mung rêmbugmu kaya kuwi | sênêng dadi kongjonan[16] ||

35. tekad apa gêgulangmu 'ilmi | têka ora ana èmpêrira | dadi kajêngkang tekade | Bayat mangsuli kalbu | e kêtanggor awakku iki | upama ngadu sata | Siyêm musuhingsun | bêcik sun mênêng kewala | anglawani wali tekadan puniki | nabda malih Sèkh Jênar ||

36. ah kok nggumunakên nèk ningali | tekadira paman Pangran Bayat | wali maksih wêdi jidhèt | sajake durung wêruh | yèn wis uning mêsthi tan gigrig | wit bakal jumnêng mulya | luhuring aluhur | kang amirid ora ana | sunan sultan raja-raja sabrang nagri | iku kamuktèn apa ||

37. Ki Sèkh Dumba anambungi angling | adhuh Kangjêng Pangran Sitijênar | bok sampun makatên anggèr | kaprah punika unggul | nadyan lêrês namung sakêdhik | salah mratani jagad | tur sajatosipun | klèntu panampining Kuran | kalih dene malih jumnêngnya agami | antuk bêbaluh nata ||

55. Pangkur

1. mungkur Jêng Sultan Bintara | nyantosani bab khukuming agami | sing sapa nacad nggêguyu | tamtu antuk siyasat | botên nêdya botên niyat kawon guyub | sre'at wor nagara krama | tan nggandra sapintên ngriki ||

2. punapa botên kèngêtan | brastha Majalêngka purwa sing santri | suprandene sirna larut | katêmpuh sabilu'llah | tur narendra binathara sugih wadu | angrèh pra bupati raja | tan kuwawi mêngsah santri ||

3. rèh lagya jununjung ing Hyang | gama 'Arab amrat tataning budi | mangka ing mangkya dika yun | mindaka wali sanga | botên

--- 3: 28 ---

wande Krêndhasawa dadya awu | agama rumêksèng praja | lah èngêta narik yukti ||

4. de paduka mêngku tekad | kang makatên yogya kagêm pribadi | sampun kinarya mêmuruk | ring siswa para mudha | kèh ruhara daredah dadya majênun | sura wit mani widada | druhaka gêng manjing sêpir ||

5. wontên kang dadya tawuran | tur karampog sinêmpal-sêmpal mati | wong karya ruharèng dlanggung | anggunggung murang arja | ngrusak tata ayuning jagad sawêgung | wong arsa sae ing ngrika | kêdah sae wontên ngriki ||

6. ucapên para sahabat | Sèkh Sitibang sakawan kang wus muksis | tan têbih parêk ing ngriku | kang wasta Ki Canthula | dupi mirêng sabda Sèkh Dumba sumambung | nabda kaduk manuhara | hèh ta kang Dumba prayogi ||

7. atur dika ring jêng pangran | ugi lêrês lêrês dika pribadi | jêr dika sênêng tumuwuh | nèng dunya barang gumlar | sarwa-sarwi boga wastra alus bagus | gampang ngrênah adol ucap | sasat buyung saka ngloji ||

8. wirang isin anggêr gêsang | lamun murid Sitibrit kang wus muksis | ring rêrupan tan kapencut | tan sênêng gumlaring rat | mung angèsthi trusthaning tyas têkèng idhup | mangke jiwaningsun tunggal | lan bathang kang njêjêmbêri ||

9. sasagêd-sagêd kumêdah | ngupa marga dera sumêdya urip | jiwamba bosên andulu | kanunutan bêbathang | wuda ngêlih sun katêmpuh luru butuh | sanadyan ana Pangeran | ora kêna dèn jaluki ||

10. njaluk kêmbên njaluk sêga | ora olèh katêmpuh sun pribadi | jarik klambi ikêt sabuk | tuku marang prombèngan | esuk ngêlih jajan sêga iwak duduh | kapriye nggonku mangeran | Allah-Allah têka lopis ||

11. pinuji sinêmbah-sêmbah | jêbul ora wignya paring rijêki | têmah katêmpuh uripku | ngupaya sabên dina | dijaluki maring mayit daging nunut | kang bakal sun tinggal bathang | tan kêna ginawa mulih ||

--- 3: 29 ---

12. lah rasakna Ki Sèkh Dumba | atur kita lêbokna sanubari | yèn wus trang buwangên sêbrung | rèhning tan sênêng sira | mung anggugu bathangmu kokgawa mantuk | ring akhirat nggawa bathang | ora wurung mati maning ||

13. jêr ciptanta maring swarga | koktêmêni nggonira jêngkang-jêngking | kicah-kicih sabèng ranu | yèn wus nuli sêmbahhyang | marêp ngulon rèh kulon nggone Hyang Agung | nanging kokjaluki sandhang | pangan pêsthi ora olih ||

14. apa iku ora dora | Malaekat Khasim andum rijêki | apa ta sira wis tau | dipunjung malaekat | lara panas lara adhêm olèh tulung | rèh rina wêngi koksêmbah | wèh tamba tablèt kênini ||

15. lamun pangajaranira | Sèkh Lêmahbang dunya ingaran pati | marma tan ana Hyang Agung | malekat dunya sunya | nanging besuk yèn urip ingsun katêmu | kadahng[17] sun jumênêng Allah | lah ing kono kita puji ||

16. yèn saiki kinèn nêmbah | maring masjid ingsun dudu wong kapir | kapiran Pangeran êmbuh | mbuh kene êmbuh kana | wus mangkono yèn lakune santri gundhul | gêgandhulan kêndhilu'llah | mêndêm Allah wuta tuli ||

17. seje sun murid Sèkh Jênar | nora gumun cature para wali | ngukuhi sare'at palsu | awake dhewe tuna | hèh kang Dumba kabèh pikirên wuwusku | jro dhadhaku ana Kuran | rujuk gèsèh pêsthi uning ||

18. Pangran Têmbayat ngandika | hèh wis padha mênênga ywa baribin | mung anak Jênar karêpmu | katimbalan mring Dêmak | apa gêlêm apa mopo ngong yun ngrungu | ywa kakèhan wêdhar cipta | madu balung tanpa isi ||

19. Pangran Sitibang wacana | ho o ngèyèl têmên si Bayat iki | wong dadi duta mung tutur | ingsun tan gêlêm prapta | aja ingkang ajur mumur dadi glêpung | masa ingsun undurana | malah sokur praptèng urip ||

--- 3: 30 ---

20. sun mati sugih druhaka | rina wêngi rumakêt nraka api | lara kapenak tinêmu | suka bungah sun sandhang | seje ingsun yèn wus mulya saking lampus | tumêka urip sampurna | langgêng ora ika iki ||

21. Pangran Têmbayat manabda | hèh anakmas dika têtêp wus mbêling | lumuh karèh ambêk liwung | tan singlar lara lapa | yèn mangkono karsanira iya sokur | kajaba iku sun tampa | wêwêlingnya Sunan Kali ||

22. kinèn maringkên sasmita | patang pasal cupana kang patitis | juga bab kala Hyang Agung | karya gumlaring jagad | prabot apa barang apa karyanipun | kang dwi bab kinèn têtanya | êndi omahe Hyang Widhi ||

23. katri bab kalonging nyawa | sabên dina nganti êntèk mring ngêndi | catur bab Kang Maha Luhur | rupane kaya apa | Pangran Jênar manthuk-manthuk ngguyu ngguguk | iku cangkrimane bocah | gya ngandika marang murid ||

24. Ki Bisana kang nèng ngarsa | hèh Bisana babarên lambang iki | rèh cangkriman rèmèh cubluk | kowe bae kang mancas | ge majua sira dadi wakil ingsun | matur sandika ngrêpana | mangangsêk kaparèng ngarsi ||

25. matur yayah madubrangta | dhuh Jêng Pangran Bayat amba sadarmi | mituhu dhawuhing guru | mancas sasmita tuwan | lamun lêpat sakêthyamba minta ampun | pintên banggi kalêrêsan | kula tiyang dama pingging ||

26. janma desa turun desa | narakarya kuthung silaning krami | sajêg jumlêg idhup dhukuh | tuna pasang wicara | dèrèng nate wrin pasamwaning janma gung | tamtu kirang yudapraja | wimbaning ngling tuna luwih ||

27. tur gumêtêr guragapan | glogap-glagêp gugup kaworan ajrih | jêrih jaragan wong dhusun | ywa kirang pangaksama | budi kêthuk grathul kithal maksih blilu | kajibah sumanggêm karsa | wakilnya jêng gurunadi ||

--- 3: 31 ---

28. sêsikuning tuna krama | dadya wuruk kulèsthi jroning ati | kêpatuh salaminipun | Pangran Bayat ngandika | sun tarima sadurunge wahyèng wuwus | wus jaragan kowe desa | cingkrang kramaning priyayi ||

29. malah yèn bênêr ciptanta | ingsun gumun sabdanta dene titis | luput klèru panggonanmu | lah wis pêcahên mara | Ki Bisana sandika bab kang rumuhun | Allah kala karya jagad | punika nêm mliyun kidib ||

30. jagad rat punika anyar | Gusti Allah botên karya kawadis | dalilnya layaptapkiru | ilamudin têgêsnya | botên karsa dêdamêlan barang wujud | mênggah dadosnya 'alam rat | wus yudrikulmahiyati ||

31. liripun manggih kaanan | 'alam dunya punika la awali | tan wontên wiwitanipun | kathah yèn kula babar | bokmanawi krêtas sakêndhang tan cukup | mèt wêwaton saking Kuran | anyaring 'alam sakalir ||

32. kang kaping kalih pralambang | tuwan tannya wismanira Hyang Widhi | bab punika botên ewuh | Allah manuksma ing Dzat | Dzat wajibu'lwujud pacangkramanipun | la jamana la makana | munggwing Dzat wisma hakiki ||

33. kathah manawi kabuka | botên sampe krêtas satoko Puyi | samantên kewala cukup | gantya lambang ping tiga | longing nyawa rintên ratri nganti puput | dhatêng pundi sirnanira | i la dalah sèkêt gampil ||

34. nyawa botên sagêd suda | botên ewah gingsirnya karsa mulih | saking pêjah dhatêng idhup | langgêng tantara masa | yèn kalonga sasat kawadis mathuthuk | gripis lir dèn pangan rayap | panjang yèn kula sêrati ||

35. nadyan kula sudra desa | pasthi putus paramabasa kawi | krama ngoko nawung kidung | lagu Sangsêkrit têmbang | boya kewran ukara anjèrèng ngêjum | nadyan dedeya pujangga | widayaka sawatawis ||

--- 3: 32 ---

36. cukup silaning di sastra | pawiyatan Pangran Sitibang ngênting | siswa ngataskarèng tuduh | kang anyar lwih bisana | ingkang tampa yayah jamuna anyakup | pardi mardi guna pasang | karna jiwatma nampèni ||

37. sasmita kaping sakawan | mundhut pirsa warninya Maha Sukci | kitab Ulumu'ddin sung wruh | walahu lahir insan | wabatinu'linsan baitu'llahu |[18] jarwanya jaba manusa | puniku warnining Widhi ||

38. batining janma wismèng Hyang | kathah-kathah jarwanya Ulumu'ddin | yèn kula tur priksa bingung | paduka botên tampa | bokmanawi kula ginalih majênun | wijangipun Sèkh Sitibang | kang sampun kula tampèni ||

39. mila yèn namung patannya | kang kadyèka kula tri mliyun gampil | anggulung gilig lir punglu | kabengkas sirna ilang | têmah wangsul klowonganing jagad suwung | yèn jinèrèng rat kèbêkan | makatên kawruh Sèkh Abrit ||

40. purwèng manusa kawijang | wijang-wijang siswa gampil nampèni | sora cêtha botên bingung | ing rèh jiwita tama | tamèng budya saking layu praptèng idhup | wela-wela kasatmata | ngegla kenging dèn saksèni ||

41. tanpa sintru tan pralambang | ngêblak blaka suta tan mamèt pamrih | sirna panyakraning bujuk | palsu krênah blas ilang | slaya lawan guru-guru sanèsipun | ting klêsik lir adol dhendhang | tur datan sêpi mèt pamrih ||

42. kula sampun rambah-rambah | puruhita winêjang wali mukmin | winruhkên Mukhammad rasul | Allah Pangeran amba | wahyèng sabda nênuntun kawula bingung | kodhêng mirang-miring ngawag | ngawur pêpathokan sêpi ||

43. 'ilmu 'Arab dados Budha | Budha mukir mamèt waton jêng nabi | tapa mati raga nggluyur | mubêng ngiras papriman | lamun kawruh 'Arab sirna tapanipun | kajawi wulan Ramêlan | mênggah bukti botên apti ||

--- 3: 33 ---

44. nanging wali maksih Budha | tandhanipun sring manjing dhatêng sêpi | guwa-guwa kayu watu | gunung alas sagara | linêbonan gêntur karsa ngiras laku | pamrihnya têmu Hyang Suksma | yèku kadhadhung idajil ||

45. critaning 'Arab Anbiya | botên wontên kang cêgah mangan bukti | ngluwat mêlèk cêgah turu | puniku boya klampah | manawi wong Budha badane winasuh | lah sumangga kagaliha | kasmaran pamancas mami ||

56. Asmaradana

1. langkung wagugên ing galih | Jêng Pangran Bayat Sèkh Dumba | wruh pamêcahing pasêmon | amung muridnya kewala | panêngran Ki Bisana | makatên pangawruhipun | saiba Sèkh Sitijênar ||

2. ngunandika jroning galih | tuhu mardi guna dibya | Pangran Jênar samuride | trusthambêkirèng widada | ing kene kana kêna | layak bae tega layu | bijaksana kawruh mulya ||

3. samana duta kêkalih | dupi sampun têtela trang | 'ilmu myang kalakuwane | Sitijênar samuridnya | sêdene mêcah lambang | tumulya pamitan mundur | Pangran Bayat lan Sèkh Dumba ||

4. nanging datan dèn wangsuli | nulya mundur palarasan | nèng marga grênêngan karo | Sèkh Dumba matur jêng pangran | kula biyantu tekad | yèn makatên kang ditêmu | karya trimaning wardaya ||

5. para siswa kang ngantêpi | saking judhêging pamyarsa | Pangran Jênar wijangane | upami kula mruwita | mbalik mèstuti karsa | nèng ngrikamba yun mituhu | wangsul brangtasmarèng 'ilma ||

6. Pangran Bayat langkung wêngis | ngandika marang Sèkh Dumba | hèh Dumba aywa mangkono | nguni sira bocah sudra | ing mangke manjing madya | kawiryan jênêngmu arum | wus dadi santri suhada ||

7. paran karya malik kapti | mituhu Sèkh Lêmahlincat | 'ilmune tan lumrah ngakèh | de sira arsa mruwita | ing Dêmak kurang apa | barang kawruh nora ewuh | kadigbyane[19] wali sanga ||

8. lah payo enggal lumaris | nglaksanani rèh dinuta | tan antara laksitane | praptèng Dêmak nujwa pêpak | pra wali lênggah rampak | nèng surambi samya gugup | wrin cundaka dwi wus prapta ||

--- 3: 34 ---

9. nulya samya kramèng mukmin | sinrang wigatining karya | ring Jêng Benang ngandikane | hèh jêbèng Bayat kaya pa | sun duta ngataskara | katêmu Sèkh Lêmahlêmpung | derarda kagila-gila ||

10. umatur duta kêkalih | lêrês pabrataning warta | pra siswa samya rêraton | èstri priya tlabu'l'ilma | ing rèh ngendrani laya | lêrês têkadipun idhup | dunya ingaran pralaya ||

11. kathah-kathah titi ngênting | purwa madya ing wasana | sêdene wahyèng pasêmon | tumrêcêp kacup sadaya | tur wakil pamêcahnya | muridipun kang kasêbut | Ki Bisana narakarya ||

12. trah dama srawungan dèsi | prandene gunardikrama | yayah carakaning kraton | cukat têrampil trangginas | ganêp susila madya | kuciwa sre'at kalêbur | kadariyah jabariyah ||

13. rumakêt kalih tan yukti | mrengkang saking wali sanga | mulyèng masjid badhe kasor | brastha nêmbah Rabbu'l'alam | yèn pun Jênar kapanjang | mênggah brama dèrèng murub | prayogi siniram tirta ||

14. manawi têmbe malahi | sayarda olah pratignya | ngrusak sukarta prajarjèng | wali sanga têmah ina | yèn Jênar tan pulastha | botên wande herahèru | rêrusuh murang krêtarta ||

15. yogya nuntên dèn lampahi | sirnaning kawruh dupara | wijangnya Sèkh Sitiampo | Jêng Sunan Benang ngandika | hèh yayi Kalijaga | priye prayoganing laku | wadining Hyang rèh widada ||

16. umatur Jêng Sunan Kali | sae nglêmpakakên bala | sagung mukmin 'ulama kèh | lan malih prêlu ngaturan | Sultan Adi Bintara | pêrgadring wahyaning mungsuh | Sitijênar dèn pancasa ||

17. yogya dintên benjing -enjing | pinrih rawuh wanci lukha | nanging utusan samangke | Jêng Benang nuding sahabat | wus winangsit rèh khajat | ngaturi ingkang sinuhun | para wadya buwah prapta ||

18. patih pangulu jaksa di | kang liningan gya laksita | tanpa meda wrata kabèh | mukmin 'ulama pukaha | kasaput ratri para | wali sêmbahhyang mahgribu | 'isya subuh tan kawarna ||

--- 3: 35 ---

19. ing wanci jam wolu enjing | pêpak kang para uliya | lênggah srambi lir adate | satêngah sanga jêng sultan | patih pangulu jaksa | rawuh para wali mêthuk | urmat tataning 'ulama ||

20. gya lênggah sri narapati | tata pra punggawa atap | jajar urut ing lênggahe | mukmin samya jawab asta | mubêng agantya-gantya | ngaso sawataranipun | Jêng Sunan Benang ngandika ||

21. hèh jêng sultan marmanèki | sun aturi sinewaka | nèng srambi gung para rade | hyun pêrgadring kara murka | lêrês atur andika | Pangeran Jênar mbaguguk | migêna tindak agama ||

22. ingsun wus nyundaka paksi | 'ilmu kalakuwanira | dera pra murid-muride | têtela ngrusak krêtarta | silaning yudapraja | anênuntun ing rèh dudu | kathah siswa mrih ruhara ||

23. dunya ingaranan pati | têmbe ingaranan gêsang | kajabariyah tekade | kadaryan rumakêt angga | rèh endraning pralaya | pra sahbat kang tampa bingung | majênun ngrusak widada ||

24. paran yogyaning pambudi | kang utama linakonan | sultan matur kula ndhèrèk | mbiyantu pulasthanira | srana prajurit praja | Pangran Modang sru sumambung | punika kirang sakeca ||

25. yèn rinabasènga jurit | punika dede wong kraman | sae dèn alus kemawon | sanadyan kokum pralaya | saking lêmbat kewala | kawula sakanca rawuh | sami anigas lungaya ||

26. Kangjêng Rahadèn Dipati | Wanasalam nambung sabda | yèn makatên kula mopo | nyulayani tatapraja | tindaknya jangji byuha | nglairakên khukum saru | antuk dhêndhaning bawana ||

27. mêjahi janma tan kenging | mahya saking palacidra | rèh wontên jênênging kraton | têngah dalu karya prentah | mupakat katimbang rad | katimbalan yèn tan purun | dadya nawala wasesa ||

28. kenging tinêlasan awit | mogok dhawuhing narendra | punapa margane dados | wus dhawuh ponis prampungan | winasesa sakarsa | ing nata têmbung kalakun | satêbaning khukum pêjah ||

29. rèh punika bangsa wali | kalêbêt agêng uliya | tan kenging swiyah pêjahe | nadyan kang kalêrês ngisas | ingkang sami pangkatnya | makatên piyagêmipun | byat mamèt prajangji byuha ||

--- 3: 36 ---

30. yèn botên makatên yêkti | cingkrang jênênging wiradya | pun patih sadarpa mopo | nistha dunya akhir dosa | dèn gêgujêng bawana | surya candra susup-susup | ngerang-erang awit karsa ||

31. lamun hyun kacidra nguni | sampun ngaturi narendra | dhêmitan kemawon dados | nanging mêksa tan tumindak | manawi waris gugat | sintên mangentar saèstu | antuk wasesaning praja ||

32. mila prayogamba gusti | paduka paring nawala | wasesa waraning kraton | patih pangulu lan jaksa | samya tur tandha nama | têtêp prampunganing kratun | makatên rèh witaradya ||

33. narendra pêthuk ing galih | sadaya mukmin oliya | mêmuja mantra rumojong | aturnya nayakawaktra | tètès mèt waton byuha | jêng sultan sigra dhêdhawuh | karya nawala wasesa ||

34. juru panitra tinuding | gya anurat waton adat | lêpeyan kuna-kunane | tantra wus rampung manitra | katur rêkyana patya | nulya konjuk jêng sinuhun | pinriksa têmbayèng sastra ||

35. pèngêt nawalanira ji | Sultan Adi Natapraja | bintara mandhirèng kraton | dhumawuh ing pêkênira | Pangeran Sitijênar | ing Krêndhasawa dhêdhukuh | liring srat jênêng manira ||

36. tampi aturing pêrgadring | para rad praja Bintara | sêdene wus mirêngake | aturaning wali sanga | pêkênira mindaka | nglêbur silaning tumuwuh | nyampahi dini'lmustafa ||

37. mangkya karsaning para lid | biyantu lan jênêng ingwang | ingsun timbali pasêmon | mring Dêmak angadu rahsa | barênga dutèng praja | yèn mopo nora umèstu | wasesa tigas lungaya ||

38. angandika Jêng Mahgribi | lêlima bae utama | nggawa murid dhewe-dhewe | siji jêbèng Sunan Benang | loro jêbèng Malaya | têlu kaki Sunan Kudus | kapatnya Pangeran Modang ||

39. yèn amêpêki kang uwis | prajurit wira utama | konên nganglang esuk sore | rumanti yitnèng prajarja | Kangjêng Sultan ngandika | gya kondur sandika mèstu | patih sampun kadhawuhan ||

40. warata para bupati | kinèn yitnèng karti baya | Sèkh Jênar sahbat muride | ucapên gangsal uliya | wali sampun sumêkta | bêkta santri dasa catur | bidhal dhatêng Krêndhasawa ||

--- 3: 37 ---

41. êlur nganggo sarwa putih | samya nyangkêlit jambiya | gangsal wali ngarsa dhewe | Sunan Benang pangajêngnya | tantara enggal prapta | anèng Krêndhasawa dhukuh | njujug wismèng Pangran Jênar ||

42. kaparêng lênggah ing masjid | lagya mulang para sahbat | ingkang anyar manjing tarèk | èstri priya jêjêl rangap | saha manca nagara | pinuju ingkang cinatur | dadining bumi ngakasa ||

43. saking tafsir Kaelani | tandya marêk wali gangsal | nèng pante langgar nabda lon | tatakramaning 'ulama | kangjêng wali lêlima | sarwi salam 'alaikum | Pangran Jênar tan nglêgewa ||

44. eca-eca mirid 'ilmi | lawan sahabat sakawan | wali-wali têtamune | dera pasrangkara arja | pangran kèndêl kewala | sigra Sunan Benang mlêbu | mbuka pintu langgar mênga ||

45. Pangran Jênar tan mraduli | eca dènira jêjarwa | gya sêrat inguncalake | tibèng pangkonnya Sèkh Jrnar[20] |[21] mêksa api tan wikan | ponang srat cinandhak gupuh | dening Sunan Kalijaga ||

46. gya winaca sora titi | tambayèng sastra wasesa | purwa madya wusanane | Pangran Jênar tan miyarsa | Jêng Benang angandika | sarwi ngasta tanganipun | hèh Jênar kang lagya laya ||

47. sira ywa pijêr mêmirid | gya kèndêl Pangran Lêmahbang | pasang karna mirêngake | dhawuh Kangjêng Sunan Benang | hèh mayit praptaningwang | sakanca dinutèng khukum | pangadilan ing Bintara ||

48. kinèn nimbali sirèki | wrana nawala wasesa | rampung rukun dina kiye | yèn mopo kênèng pidana | yèn sandika raharja | adu surasaning kawruh | mupakat lan wali sanga ||

49. Pangran Lêmahbang nabdaris | sira Benang ngundang kita | marang Bintara sun lumoh | nora kabawah kaprentah | kajaba jroning manah | kang dhêdhawuh sun mituhu | liya punika tan arsa ||

50. sabab mayit padha mayit | pagenea padha prentah | wong ora ana bedane | padha tan wêruh Hyang Suksma | tan pae nêmbah asma | dene kumawani ingsun | dhawuh samining gusthika ||

51. de sira hyun ngadu 'ilmi | mususakên nggilut rahsa | sayogya nèng kene bae | jangji wêwaton musakaf | kitab Balalmubarak | nadyan anggitnya wong layu | ingkang nganggo padha laya ||

--- 3: 38 ---

52. Pangran Modang nambungi ngling | hèh ta kakang Pangran Jênar | lah punapa pathokane | dunya ingaran pralaya | benjang nami jiwita | coba manirarsa wêruh | lairnya wirayatira ||

53. Pangran Lêmahbang mangsuli | prastawakna ingkang têrang | tanjane urip lafale | khayun daim layumuta | abadan têgêsira | urip jumênêng tan layu | abadan salaminira ||

54. dene mangke jênêng mati | jarwane kitab Talmisan | mara rungokna lafale | walmayit 'alamu'lkubra | yajidu kalibaha | mayit anèng 'alam kubur | anêmu awak-awakan ||

57. Dhandhanggula

1. manis kubur sun nggonkên samangkin | awit uripingsun nêmu wanda | wujud kawadis mangkene | dene planggêranipun | al'alamu kulu mujudin | sabên 'alam kuwanda | de ngong yèn wus idhup | têrtamtu katêmu angga | yèn manggiha kêna tiningalan mangkin | kosus atur manira ||

2. boya sasar besuk ingsun urip | ora ngawur sapunika pêjah | uripku cangkramèng kene | anêmu jisim wujud | balung sungsum otot lan daging | gêtun kasesa pêjah | panasaran agung | godha rêncana blis setan | pira-pira naraka rumakêt jisim | balênggu rante wedang ||

3. gêtun timên kene kita mati | nganggo pancadriya sifat anyar | wêtêng jêrowan angame | ngêlak ngêlih katêmu | lara lapa kajibah mami | gêtih daging nunutan | tan wun dadi lêbu | luru ingon sabên dina | benjang lamun ingsun urip pêsthi kèri | ora kêna ginawa ||

4. akèh têmên rêncananing pati | anak bojo biyung bapa sanak | kabèh dadi godha gêdhe | seje karo wong idhup | tan anggawa amung pribadi | nglak ngêlih lêsu ora | mung mupangat nutug | Sunan Gêsêng nambung sabda | hèh jêng pangran iku tan kaprah ing urip | bênêr kalah lan lumrah ||

5. kang mukhayan dalilnya wong mati | nêmu awak benjang nèng akhirat | kang tampa ganjaran gêdhe | swarga nraka sing wujud | anampani ganjaran akhir | èsthimu arda salah | klayan ing pra jamhur | kitab Kuran tanah 'Ajam | praptèng Jawa sinung murad ring musanip | 'alam besuk kasiksa ||

--- 3: 39 ---

6. anênarik tyas tamèng dumadi | yun narajang budi ring kanisthan | masjid dadya kijab gêdhe | manêmbah ring Hyang Agung | ngagungakên karaton Widdhi | supaya kèh widada | dadining tumuwuh | ngêkêr durtaning agama | rajakaya kewan wana samodra di | ora karya duraka ||

7. nanging janma manusa kang juti | jênêng ala kaananing dunya | kabèh janma saantero | kawiryan uga manut | mangka sira ngantêpi budi | kêlurung durtèng gama | brastha nêmbah sujud | nyênyampah laku utama | wus byawara warata warana Gusti | sumêbar tyas susila ||

8. mangke sira mbabar kawruh pingging | mbabarakên mijang 'ilmu rasa | tamtu kajurang lakune | nraka dunya kotêmu | katon ala tumular warti | mratani cakrawala | jagad anggêguyu | ngerang-erang marang sira | kawruh dunya kang katon sira singkiri | tansah ngrabasèng karta ||

9. Sèkh Sitibang mèsêm sarya angling | Gêsêng caturmu tan payu sigar | sabribil siji ingsun moh | pagene wali gasruh | catur mêthit saluhur langit | kotunjang mbrangkang longan | sanatimu luhur | ingsun wus tutur bab dunya | ênggon nraka duka cipta panas pêrih | wong mati wruh sadaya ||

10. wus ênggone paran kita mukir | nadyan Nabi Mukhammad ing kuna | antuk siksa nraka gêdhe | kaburak mlayu inglud | ningit manjing guwa tan na wrin | saking dêlaping sungkan | mulih marang idhup | mbuwang dunya owêl eman | êmoh ninggal mblubut lowung anèng bumi | seje lan Sitijênar ||

11. rina wêngi nangis ngolang-ngaling | gêtun timên lami sun kasasar | nèng dunya pati mangkene | manganggo daging balung | nunggang montor payungan sakit | nèng kasur kinêbutan | awak sruwa kaku | tur wardayaningsun susah | mikir-mikir sarwa kurang kang pinikir | têtêp dunya naraka ||

12. Sunan Kudus pasrangkara manis | hèh ta paman Pangran Sitijênar | bênêrmu tekadmu kuwe | namung gêdhening luput | sira wani-wani mêmirid | mêjang 'ilmu kadyeka | wong kang tampa manut |

--- 3: 40 ---

mbubrah arjaning pranata | akèh janma nekad ngupa dalan urip | rèh têmbe nyipta gêsang ||

13. marga-marga pasar-pasar tintrim | muridira kang karya ruhara | kapêthuk wong nekad bae | rèhning dunya na Ratu | wênang wajib ngintar duskarti | kang kadya siswanira | samya kèh kapikut | tinannya jawab tan krama | pinanjara anèng sêpir nglalu mati | wus pira-pira janma ||

14. marma ingsun lan sakanca mami | wus kajibah bangsaning uliya | muga mangkono tekade | aywa kabanjur-banjur | sira mangke dipun timbali | dening Sultan Bintara | iku suratipun | aran nawala wasesa | lamun mopo wus kêna ingsun rampungi | njabut lungayanira ||

15. wisesane ratu trang Hyang Widdhi | rèh wus pêrgadring para bijaksa | syara' yudanagri awor | dadya ran juga rêmbug | mutus nalar kadya sirèki | mbaguguk mbangkang karsa | mbêbaluhi ratu | awrat durtaning prajarja | jaman mulya têmah ruhara wit dening | Jênar klakuwanira ||

16. Sunan Kalijaga nabda wêngis | hèh dhi Jênar sun ringkês kewala | akèh padu tanpa gawe | mung loro laksitèngsun | lah pilihên salah sawiji | urip lawan pralaya | ywa maro karêpmu | Pangran Lêmahbang sru tanggap | pindho gawe sapa gêlêm pinrih mati | pati sugih druhaka ||

17. ingsun pilih urip lawan mati | bangkit langgêng ora iki ika | nanging yèn milih ingsun moh | nadyan ngong arsa idhup | ya sakarêpingsun pribadi | tan susah wali sanga | ngulihkên maring sun | kaya dudu mukmin tama | wong yun urip njaluk tulung mring sasami | lah mara saksènana ||

18. ingsun mulih pribadi ring urip | Sunan Benang sumambung wacana | Jênar kapriye kanthane | apa kang konggo mantuk | lêlantaran dalane êndi | mèsêm Pangran Lêmahbang | kowe wali cubluk | dhêmên sumela ing dunya | lamun Sitijênar bosên ora apti | wus lantih dalan gêsang ||

--- 3: 41 ---

19. yèn si Jênar nutup banyu urip | bangsa Buddha banyu kang nirmala | banyu khayat cara 'Rabe | sajratu'lma'rifatu | cacah têlu ping têlu iji | gunggung sanga nirmala | praptaning sakojur | kang têlu mumpuni karsa | nomêr juga prêlu wruh luwih prêmati | têlu cobaning (purbaning) kodrat ||

20. nomêr roro kodrat dayèng urip | yèn tinutup budayèng swuh brastha | nomêr tri têlu cacahe | pandulu myarsa ambu | dayèng tirta khayat murbani | pancadriya sun sawang (sumamar) | kumpulnya katutup | uning anong uninganna | pintu têlu kagulung dadi sawiji | jumênêng Suksmataya ||

21. warnanira ijo biru kuning | maya-maya lir bun têmpuh surya | yèku purbaning para wong | bangsat bajingan kècu | kere ngêmis nglampra nèng margi | padha lawan narendra | wali nabi jamhur | tan siwah yayah kalpika | kodrat purwa madya wusananing urip | ingkang murba misesa ||

22. dudu wulu balung gêtih kulit | dudu êrokh bènèh napas nyawa | eling angên-angên dede | de kanta mendranipun | saking karsa akarsa kampir | nêmu wanda manira | mati aranipun | cangkrama wujud gusthika | ning rasane wis yayah rasaning urip | aninong ning anonga ||

23. cacah sanga tumêngkar ring wali | wali sanga dijajari nama | dhewe-dhewe kaya kowe | nanging sira mbuh mau | sun pasthèkkên durung udani | jaba Sèkh Maulana | Sunan Bonang embuh | êmbuh ngrêti êmbuh ora | Sunan Kali mung rasane bae uwis | astha ora uninga ||

24. jêr iku kang aran uwoh kuldi | Nabi Adam kadukan caluthak | mangan woh kuldi lir ingong | sanadyan para manus | kabèh padha tau ngicipi | têmah kasiku tiba | mahyèng dunya nêmu | suwarga lawan naraka | aran pati lah rasakna para wali | aywa ta bingung padha ||

25. awit kowe wêruhmu mung siji | dene ingsun têlu babar pisan | yèku woh kuldi rahsane | banyu khayat ranipun | kang cangkrama

--- 3: 42 ---

murba kawadis | manusa nora bisa | mobah mosik muwus | jumênêngnya pancadriya | saking tirta maya suryaning rat jisim | Gunawan Wibisana ||

26. barang apa katibanan mosik | budayèng tirta maya lwih kuwat | gêtih daging ora bosok | napas jumênêng sungsup | awusana midrawèng jisim | jamaknya dadya tiga | jrone siji têlu | Sunan Benang nambung sabda | hèh ta Jênar jarwakna sawiji-wiji | cocoge lawan kita ||

27. paran dera ngracut siji-siji | satêmêne sun durung waskitha | nglaksanani dhewe-dhewe | praptèng têlênging banyu | kodrat sirna panulak silib | têmah nora kuwawa | dibyèng khayat banyu | Pangran Jênar mèsêm mojar | layak kowe kèlingan budimu santri | nistha datanpa krama ||

28. nadyan bisa pasthi tuna luwih | luput-luput kerut panasaran | wêruh barang sarwa anèh | sêsotya mas umancur | rajabrana boga mawarni | jêr pangèsthimu salah | wis pira kagilut | tarkadhang ora supêna | wus mangkono santri gundhul mburu pokil | bungah ana sidêkah ||

29. hèh kabèh kang nèng kene pra wali | waspadakna pangracuting uswa | kodrat lawan iradate | aja nganti tumpang suh | hakul mukmin saru yèn mulih | tan wun dadi pocapan | yèn klèru pamugut | marma akèh wong sakarat | kodrat durung sirna angên-angên manik | purwane jêmpalikan ||

30. apa manèh sakarat macicil | pandirangan jlalatan lir kampak | yèku salah pangracute | tandha wong durung tau | anglakoni rasaning pati | mulane wajib wênang | wong sinau punjul | nginum dhewe nora bisa | wali mêntah nginumi tanggane wasis | poma aja mangkana ||

31. Sunan Gêsêng anambungi angling | sok makatên kakang Sitijênar | kathah kalintu wong layon | sasar kêlantur-lantur | pancadriya mêksih rumanti | pêpêt cangkramèng murda | napasnya kagulung | angên-angên wus rumasa | nêdya oncat banyu khayat dèrèng apti | dadya manggya sarwendah ||

--- 3: 43 ---

32. ganda dèn anggêp janatunnangin | kerut kèrêm angên-angên murtat | kanang udaya mèh layon | sênêng dènnya tumuwuh | sênêng rahsa rasaning pikir | urip pandonnya ni'mat | punika tyas buruh | bujang kang dhêmên klayaban | tan umèksi têmbe urip ora mati | dunya punika nraka ||

33. lêrês kakang Jênar kula-èsthi | jarwa tuwan mupakat mukmin khas | sayogya dadi pangilon | tarkumasiwalahu | dunya campur kawula Gusti | kawulane nèng swarga | Gusti nèng ngraka[22] gung | Pangran Jênar nabda sugal | hus sirèku Cakrajaya mukmin lamis | yèn nyata payo gêsang ||

34. yèn tan gêlêm barêng sun-jak urip | iya sadina iki hèh Cakra | gênah yèn budimu rèmèh | gumunggung aran jamhur | waliu'llah dèn aji-aji | jinunjung winiwaha | ing wong Buddha cubluk | yèn gêlêm saiki iya | ngong jak urip têtêp mukmin 'ilmallahi | têtêpe wruh Pangeran ||

35. kagyat Kangjêng Sunan Kali mèksi | têtela trang Sunan Gêsêng nêdya | mèstu Jênar mutakade | duka sadalêm kalbu | mring Ki Gêsêng sarwi netrandik | tumungkul Cakrajaya | wrin sêmuning guru | dêduka pasang sasmita | arda gêtun Sunan Gêsêng tobat sarwi | nangis lir wran taruna ||

58. Sinom

1. warnanên kang lagya laya | Sèkh Sitijênar amusthi | nutup nupus anpas napas | panggulungnya rahsa muksis | ngukud munggwing dimbagi | gya khayat khayun munfakun | pêcat yayah cancala | plêng pulastra Sèkh Sitibrit | wus tan kêna kinira cinakrabawa ||

2. têtêp pratelaning Kuran | idajaha azalihim | layaktakiru sa'atan | têgêse lafal puniki | tatkala praptèng pati | tan darbe karsa samênut | mangkono kodratu'llah | kang muktas bila alatin | tan katara 'Ijrail angambil nyawa ||

3. gangsal oliya sung salam | Jênar wus datan mangsuli | têtela dadya susawa | Jêng Benang ngandika aris | hèh Kalijaga yayi | bangke bungkusên kang brukut | wali catur tumandang | anggulung sakala tartip | kawuwusa sahbat Jênar catur siswa ||

--- 3: 44 ---

4. kang munggwing sadalêm langgar | samya matur mring pra wali | Kyai Bisana pangarsa | pra wali wruha sun iki | yun labuh guru mami | nèng kene barênga lampus | nèng kana barêng gêsang | puluh-puluh wus kapêsthi | kene kana kumpul urip kumpul juga ||

5. payo santri saksènana | ingsun uyup banyu urip | kita yuncat saking bathang | yun wujud sifatu'llahi | kang langgêng jênêng urip | lah tirunên panutupku | rèh sira wali majas | lima pisan durung muksis | nggêguruwa patrapku nganyut kang jiwa ||

6. hèh Benang Kudus Sèkh Mlaya | Modang Gêsêng kang nastiti | pangukudku awasêna | supaya mirid sathithik | Sèkh Jênar guru mami | kang putus pramanèng idhup | catur sahabat nulya | nepak made asta kering | ngayuh tirta marta plas dadya gusthika ||

7. sigra kabungkus sadaya | nganggo wastranya pribadi | dadya bangke cacah lima | Sunan Benang ngandika ris | ring Sèkh Mlaya hèh yayi | jinazah gawanên mêtu | bangkene Sitijênar | kewala gawanên mulih | ingaturkên naranata wali sanga ||

8. de catur sahbat pasrahna | wong kene kang darbe waris | sarta yayi jarwanana | tata silaning agami | Islam mèstu wong 'Arbi | lah mahyakna mujijatmu | supaya padha nrima | patine wong catur iki | angalangi drêdah timbuling prakara ||

9. de sahbatmu kabèh padha | dhawuhana tata pranti | pantesawa dinggo nggawa | mayit Jênar marang masjid | sandika Sunan Kali | mahya tata-tata magut | piranti pantesawa | sumêkta pangupakardi | bangke Jênar mahya dèn usung bandhosa ||

10. Sunan Benang Pangran Modang | Pangran Gêsêng Kudus mijil | saking langgar tandya bidhal | mayit dèn gotong nèng ngarsi | kang wuri samya dhikir | samêkta caraning layu | Jêng Mlaya têksih têngga | bangke sahbatnya Sitibrit | animbali muridnya jalwèstri prapta ||

11. Jêng Sunan Kali ngandika | wong desa jalu lan èstri | iki mayit tampanana | para warise pribadi | aja gêtun sirèki | pasthi karsaning Hyang Agung | jangji tan kêna owah | saiki têkaning pati | para waris samya asrah karaharjan ||

--- 3: 45 ---

12. Sunan Kali wruhanira | sun suka datan prihatin | de mangke wus jumnêng gêsang | tan dangu amba nututi | seje budining santri | grêjêgan nyawane jabut | ambêke suka bungah | yèn awake dhewe suthik | trima lothung nèng dunya mung anggêr gêsang ||

13. nulya bangke tinampènan | ring pra warisira sami | catur pan wus paripurna | tan wontên dèn sidêkahi | nglugu wêling duk nguni | warnanên layon kang mlaku | binêkta marang Dêmak | tansah puji samak dikir | wanci surup njujug srambi masjid Dêmak ||

14. pêpak para wali sanga | Jêng Maulana Mahgribi | nabda hèh kanca sadaya | bangke punika prayogi | kadunungna nèng masjid | rèh têngadur wanci dalu | benjang enjang kewala | pinaripurna ingkang wis | wêngi iki lah payo padha rinêksa ||

15. lan ngêntèni jêbèng Mlaya | sigra ingangkat tumuli | sinung made pangimanan | tabêlanya Sèkh Sitibrit | tantara Jêng Sunan Kali |[23] prapta deranta kautus | bakda mahgrib satata | wali sanga ngrêksa mayit | Sunan Benang matur dera lumaksana ||

16. mangentar uliya murtat | Sèkh Lêmahbang kang wus lalis | matur ing purwa madya tlas | wasana titi lêstari | Kangjêng Sayid Mahgribi | nglairkên panrimanipun | sarwi alon ngandika | lah ta kanca benjing enjing | angaturi Sultan panguburnya Jênar ||

17. ing mangke samya rinêksa | ngiras sunat puji dhikir | mangke baksa[24] salat 'isya | sadaya pra wali inggih | lagyeca salat witri | wontên ganda marbuk arum | jêbat kasturi mawar | saklangkung dènira wangi | ngambar jroning masjid kagyat wali sanga ||

18. ngandika Sèkh Maulana | hèh kabèh sagung pra santri | kang nèng jro masjid mêtua | poma ywa na kèri siji | kajaba para wali | sawiji tan kêna mantuk | angrêksa mayit Jênar | wusnya bubar para santri | gya tinutup wiwara kinunci kêkah ||

19. wali sanga kantun lênggah | Sèkh Maulana nabda is[25] | lah payo kanca sadaya | iki mayit dèn priksani | paran wadining jisim | dene mawa ganda mrêdu | arum kagila-gila | nulya krêndha dèn ungkabi | duk umèksi kagyat wangke lir candrama ||

--- 3: 46 ---

20. tur mawa wangkawa liwran | mênuhi sadalêm masjid | kasor wêdaling panjuta | nuksmèng rina bra nêlahi | trangginas para wali | bangke linênggahkên sampun | sadaya wali sanga | manêmbah manguswa mayit | tikswèng jêmpol suku cinucup warata ||

21. gantya-gantya pangarasnya | gya manjingkên tabla malih | nanging Jêng Sèkh Maulana | kipa-kipa tan marêngi | hèh kanca-kanca mukmin | mangke èngêta batuwuh | yogya mahyakkên srana | 'akal dadya sintru tabir | kang supaya aywana wran kèlu cipta ||

22. ring klakuan Sitijênar | mêngku kramatnya linuwih | Mlaya mahyakna pandonga | dadia tuladhan wuri | Si Jênar karsa mami | kinubur aja na lyan wruh | nèng ngisor pangimaman | mujur ngulon ingkang rêmpit | de jro tabla yogya liniru srênggala ||

23. jêbèng Kudus ngupayaa | kirik gudhik wêngi iki | sandika Jêng Kudus mentar | wali sanga kang nèng masjid | karya kaluwat dadi | jêro jêmbar gya dèn ukur | tantra Jêng Kudus Sunan | pribadi ngupaya anjing | pasang yogya kirik kuru lorèk abang ||

24. sajuga wus kaprajaya | binêkta manjing ring masjid | katuju kluwat wus dadya | kabopong bangke Sitibrit | sadaya para wali | linêbokkên kluwat sampun | ingurug wus sampurna | warnanên kirik kang gudhik | manjing tabla katutup yayah gusthika ||

25. rinêksa sadalu natas | ring wali sanga dupyenjing | bakda subuh pra 'Ulama | milik lênggah nèng surambi | prapta sagung wong èstri | myarsa Jênar wus kapikut | sumahab pira-pira | lare agêng alit prapti | nêdya umyat putusaning kang prakara ||

26. latar masjid èbêk janma | tumulya Kangjêng Mahgribi | ngandika mring pra uliya | gangsal kang lumakyèng tuding | amundhi nawala di | masesa mikut Sèkh Lêmpung | rèhning wus kalêksanan | karsanya kinèn umèksi | purwa madya wasana Mulku wikanna ||

27. hèh jêbèng Benang Sèkh Mlaya | Pangran Modang Kudus nuli | Gêsêng malbua ing pura | tur uning sri narapati | sandika kang sinung ling | gangsal lumaksana gupuh | tantra praptèng wiwara | ing dana pratapa manjing | kapinujon kangjêng sultan sinewaka ||

--- 3: 47 ---

28. punggawa gung alit pêpak | bupati panèwu mantri | tuwanggana kawirêja | kasaru pra wali prapti | dumrojog tanpa wigih | kagyat narendra jog tumrun | saking sanasewaka | ngacarani para wali | samya tata lênggah keringe pamasa ||

29. sri prathisthèng[26] dhampar rukma | wusnya kramaning pra wali | Jêng Sunan Benang ngandika | hèh jêbèng sri narapati | sun kanca wali uwis | mituhu dhawuhing ratu | ngampil sastra wasesa | mring Sèkh Lêmahbang wong mosrik | wus sun gawa rèhning padhêm rèh tan arsa ||

30. têmah mangke nèng bandhosa | samangke bangke nèng masjid | dumunung jro pantesawa | dhawuhnya Jêng Sèkh Mahgribi | sultan enggala prapti | paring kurmat njunjung kubur | panglunasnya Sèkh Jênar | jêng sultan sandika nuli | tindak patih sawadya dhèrèk sang nata ||

31. praptèng latar srambi para | 'Ulama tumrap ngurmati | jêng sultan lênggah sawadya | tandya sêsalaman wradin | sawusnya Jêng Mahgribi | ngandika sultan wruhanmu | pangubur Sitijênar | sun pêtak sadina iki | anèng kulon masjid ngumpul pra 'Ulama ||

32. jêng sultan biyantu karsa | tabla gya binêkta mijil | para santri cukat ngangkat | sinèlèh samadyang[27] srambi | jêng sultan adarbyapti | ambuka yun wrin kang wujud | tutup krêndha dèn angkat | kagyat narendra pra mukmin | duk umèksi ing jro tabla bathang sona ||

33. kirik gudhig lorèk abang | sadarpa ngungun ing galih | kathah santri têbah jaja | santosaning gama 'Arbi | wong mukir dadya kirik | sri narendra gya dhêdhawuh | wrêka jroning tabêla | kinèn nggantung madyang[28] margi | ing prapatan supaya dadi paesan ||

34. nata dhawuh juru nitra | karya undhang-undhang maring | siswantara pulo Jawa | kabar anèng Bramartani | Rêtnadumilah tuwin | Jawikandha Slomprèt Mlayu | tan ana kaliwatan | midrawèng saari-ari | tantra dangu wus dadya ingkang panitra ||

--- 3: 48 ---

35. kanan keringe srat undhang | gambar asta dwi nudingi | mangkana têmbayèng undhang | awit kang asma jêng mulki | sultan panatagami | Bintara mandhirèng kratun | ing Jawa pulo Sundha | wus myarsèng turnya pra mukmin | paring dhawuh sarupaning bangsa umat ||

36. tan kêna nyampahi gama | mêmaoni ngisin-isin | kaluhuraning Dzat Mulya | myang panêmbah ing Hyang Widdhi | praptèng kiyamat benjing | tumindak tan kêna lêbur | sing sapa wran kang murang | sare'at Rasulu'llahi | bagya antuk kisas 'adiling prajarja ||

37. lan dhêndhaning Dzat Kang Mulya | kang sarupa Sèkh Sitibrit | muruk laya jisim dadya | asu abang lorèk gudhig | ingkang kagantung iki | Pangran Jênar wandanipun | titi srat undhang-undhang | katandhan jêng sri bupati | sultan adi panatagama Bintara ||

 


§ Têdhakan saka layang Sajarah Jati. (kembali)
§ Ing babonipun kasêbut: putra ampeyan sawiji (R Tanaya). (kembali)
Pupuh 49.14 ini sampai dengan Pupuh 64.8 mirip dengan versi cerita Sitijênar (H. Buning, 1919). (kembali)
Kurang dua suku kata: Sitijênar angambil. (kembali)
jumênêng. (kembali)
Lebih satu suku kata: kodrat iradat jumênêng 'ilmi. (kembali)
ngrusak. (kembali)
madhêp. (kembali)
Kurang satu suku kata: madhêp mantêp tumanggah. (kembali)
10 rêmbug. (kembali)
11 dhêdhukuh. (kembali)
12 amêmêjang. (kembali)
13 ratu. (kembali)
14 rada. (kembali)
15 njêbèh. (kembali)
16 kongkonan. (kembali)
17 kadhang. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: wabatinu'linsani baitu'llahu. (kembali)
19 kadibyane. (kembali)
20 Jênar. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: tibèng pangkonnya Sèkh Jênar. (kembali)
22 nraka. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: tantara Sunan Kali. (kembali)
24 bakda. (kembali)
25 ris. (kembali)
26 pratisthèng. (kembali)
27 samadyèng. (kembali)
28 madyèng. (kembali)