Bupati Enggal ing Batawi Ahmad, Kajawèn, 1927, #1570

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ingkang Bupati Enggal ing Batawi Radèn Tumênggung Ahmad

Kala tanggal kaping 25 Agustus ingkang kapêngkêr punika, ing Batawi sampun angêpyakakên Radèn Ahmad, patih Kabupatèn Batawi têtêp jumênêng bupati ing Batawi. Kala punika ingkang sami anjênêngi băngsa luhur Walandi lan priyayi pribumi kathah sangêt. Jam 9.30 enjing, Paduka Tuwan Gupêrnur Jawi Kilèn sakalihan ingkang bupati enggal rawuh, mangagêm busana pameran. Ing ngriki botên pêrlu kacariyosakên malih anggènipun ngêpyakakên utawi amasrahakên sêrat kêkancinganipun dhatêng ingkang jumênêng bupati, jalaran sampun kawrat wontên ing sêrat-sêrat kabar sanèsipun, ing ngriki namung badhe mêthik saking sêrat kabar ind.crt mênggah kawontênanipun Radèn Ahmad sadèrèngipun jumênêng bupati kados ing ngandhap punika:

Bupati Enggal ing Batawi Ahmad, Kajawèn, 1927, #1570: Citra 1 dari 1
Radèn Tumênggung Ahmad

Radèn Ahmad anggènipun dados patih tigang taun. Miturut katranganipun Radèn Ahmad piyambak, salêbêbtipun dados patih saha sadangunipun wontên ing Jawi Kilèn wau, sagêd uninga mênggah watak-watak utawi kawontênanipun têtiyang ing Jawi Kilèn ingkang beda sangêt kalihan wêwatêkan utawi kawontênanipun têtiyang ing Jawi Têngah. Kala samantên Radèn Ahmad namung numpak baita utawi tindak dharat kemawon. Pangandikanipun kanthi gumujêng: bokmanawi namung saking anggèn kula mlampah kemawon punika, wontênipun kentol kula katingal kêncêng. Inggih jalaran saking makatên wau, Radèn Ahmad lajêng sagêd tamat dhatêng kawontên utawi wêwatêkanipun têtiyang pribumi ing Jawi Kilèn. Sanadyan Radèn Ahmad punika priyantun Jawi dêlês, miturut katranganipun, trêsna lan asih sangêt dhatêng têtiyang Batawi, amargi anggènipun gadhah watêk blaka suta sarta prasaja.

Radèn Ahmad punika dede golonganing kaum pulitik, saha botên tumut-tumut kalihan pakêmpalan punapa kemawon. Sapêngkêripun saking Surabaya, Radèn Ahmad lajêng mêngkêr dhatêng golonganing pakêmpalan. Punapa malih saking pangandikanipun, tiyang dados bupati punika panggalihanipun kêdah mardika (nêtêpi kuwajibanipun) botên kenging tumut gêgayutan kalihan pakêmpalan. Sanadyan makatêna, Radèn Ahmad botên awatak kina, inggih anjamani. Sintên tiyang ingkang sampun nate awawan sabda kalihan ingkang bupati wau, tamtu lajêng mangêrtos bilih Radèn Ahmad punika panggalihanipun jêmbar, saha anguningani dhatêng kabêtahanipun têtiyang Jawi, ananging tumindaking kamajêngan miturut pangandikanipun kêdah dipun saranani [sa...]

--- 613 ---

[...ranani] saking lampah kautaman, botên saking cara okol-okolan, awit punika namung badhe adamêl sangsaraning kawula kemawon. Wosing pamawasipun Radèn Ahmad: pulitiking pagêrakanipun têtiyang pribumi punika badhe tanpa aji babarpisan, bilih kamajênganing bab panggayuhing panggêsanganipun kècèr.

Têmênipun bilih Radèn Ahmad punika sanès kaum kina, sagêd kasumêrêpan saking sadaya kuwajiban utawi padamêlanipun ingkang gêgayutan kalihan têtiyang pribumi.

Radèn Ahmad sampun botên cocog kalihan bab lampahing pakurmatan dhodhok lan sêmbah. Dene ingkang dados jalaranipun makatên:

Nalika panjênênganipun pinuju tindakan nitih kapal pêrlu ngupados anggrèk wulan, sarêng sampun cêlak, mèh dumugi panggenaning anggrèk wulan, dilalah kapalipun Radèn Ahmad lajêng nglumba ngadêg, ngantos Radèn Ahmad dhawah ing siti sacêlakipun wit ingkang wontên anggrèk wulanipun wau. Sarêng katitipriksa mênggah sabab-sababipun dene kapal ingkang dipun titihi wau anglumba, botên sabab punapa, jêbul wontên tiyang èstri têtiga ingkang kapêthuk saha lajêng urmat andhodhok. Inggih wiwit saking anggènipun Radèn Ahmad botên rêmên dhatêng pakurmatan dhodhok lan sêmbah wau.