Urutipun Pêpatih Surakarta, Kajawèn, 1935, #1475

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-01-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Urutipun ingkang Jumênêng Pêpatih Karaton Dalêm ing Surakarta

Sêrat kalawarti Kajawèn ngriki sampun nate ngêwrat sêjarah dalêm ingkang sami jumênêng nata ing tanah Jawi, wiwit karaton Mataram dumugi karaton Surakarta sapriki. Ananging botên angêwrat ugi urut-uruting asmanipun ingkang jumênêng pêpatih ing karaton dalêm. Sarèhning pamanah kula inggih prêlu ugi, minăngka kadamêl pèngêtan umum tumrap băngsa kula pribumi, amila ing mangke kados wontên prayoginipun bilih asmanipun para pêpatih karaton dalêm Surakarta, gandhèng kalihan sajarahipun panjênêngan nata wau, kula pisungsungakên ing taman Kajawèn ngriki, ananging namung mligi tumrap karaton Surakarta kemawon, awit para pêpatih dalêm ing jaman karaton Kartasura sapriki, sampun sami kasêbut ing sêrat-sêrat cariyos kina, Babad Tanah Jawi sapiturutipun kados ta Patih Gajahmada, Patih Sindurêja, Patih Kusumabrata tuwin sanès-sanèsipun. Wondene uruting asmanipun pêpatih dalêm ing karaton Surakarta sakawit dumugi sapriki, kalihan cêkakan mêndhêt saprêlunipun kados ing ngandhap punika.

Nagari Surakarta, ing taun Walandi.

I. Ing taun 1742–1755, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Pringgalaya.

II Ing taun 1755–1769, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Mangkupraja I.

III. Ing taun 1769–1782, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasradiningrat I.

IV. Ing taun 1782–1784, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sindurêja.

--- 653 ---

Urutipun Pêpatih Surakarta, Kajawèn, 1935, #1475: Citra 1 dari 1
Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara Pêpatih dalêm

V. Ing taun 1784–1796, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Jayadiningrat.

VI. Ing taun 1796–1804, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Mangkupraja II.

VII. Ing taun 1804–1810, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Danuningrat.

VIII. Ing taun 1810–1812, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Cakranagara.

IX. Ing taun 1812–1846, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasradiningrat II.

X. Ing taun 1846–1866, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasradiningrat III.

XI. Ing taun 1866–1887, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasranagara.

XII. Ing taun 1887–1889, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Mangunkusuma.

XIII. Ing taun 1889–1916, ingkang jumênêng pêpatih karaton dalêm K.R.A. Sasradiningrat IV.

Ingkang jumênêng pêpatih dalêm sapunika Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara. Miturut pawartos, ing sapunika badhe pènsiyun, dene ingkang badhe sumilih dèrèng kacêtha.