POESTAKARADJA POERWA

DERDE DEEL

Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 3

Kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening: Ki Padmasusastra.

Kaêcap ingkang kaping tiga ing pangêcapanipun N.V. Uitgevers-Mij. H. BUNING ing Ngayugyakarta, taun 1923.

--- 3 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Jarwa III.

--- 3 : [0] ---

[...]

--- 3 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 3.

Anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi Sumatra, Bali tuwin Madura, wiwit taun 467 dumugi taun 526, babon asli saking sawargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra.

Kaêcap ingkang kaping tiga ing pangêcapanipun N.V. Uitgevers-Mij. H. BUNING ing Ngayugyakarta, taun 1923.

--- 3 : [0] ---

[...]

--- 3 : [1] ---

Bêbuka

Hong wèhên pranawa samêh.

Purwakanipun Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 3 punika, angocapakên babaraning cariyos Sêrat Rukmawati, ingkang kawrat bab kaping 5, perangan ăngka 4 ing Sêrat Pustakaraja Purwa. Mênggah Sêrat Pustakaraja Purwa sadaya wau punika, iyasanipun Sri Bathara Aji Jayabaya, nata binathara ing nuswa Jawi, ingkang akadhaton nagari Daha, inggih ing Mamênang tanah Kadhiri, kados ingkang sampun kagancarakên tumrap ing bêbukanipun, Sêrat Pustakaraja jilidan ăngka 1 wondene urutipun cariyos kados ing ngandhap punika:

--- 3 : 2 ---

Panunggilanipun.

Bab kaping 5.

Perangan ăngka 4 nama Sêrat Rukmawati, kaanggit dening Êmpu Sindura ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 853, taun candra sangkala amarêngi 879.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên rumiyin, tumrap ing Sêrat Rukmawati, ing salêbêtipun taun Partipa, etanging taun surya sangkala 453, tinêngêran uninga marganing yoga. Kaetang ing taun candra sangkala 467, tinêngêran rêsi rasaning catur.

Kacariyos ing nalika jaman punika, ing nuswa Jawi, Bali, Madura tuwin nuswa Sumatra ingkang sisih wetan, panjênênganipun nata wontên sakawan, sami angraja piyambak-piyambak: 1. Prabu Brahmana Raja putranipun Sang Hyang Brahma, akadhaton wontên ing Gilingwêsi tanah Prayangan, 2. Prabu Sri Maha Punggung akadhaton wontên ing Purwacarita wêwêngkoning tanah Kêndhal utawi Pakalongan, 3. Prabu Basurata akadhaton wontên ing Wiratha sapisan, tanah Têgal, Prabu Sri Maha Punggung, akalihan [akali...]

--- 3 : 3 ---

[...han] Prabu Basurata sami putranipun Sang Hyang Wisnu, 4. Sri Maharaja Sindhula putranipun Prabu Watugunung, akadhaton wontên ing Mêdhanggalungan, tanah Pakalongan. Jamanipun ratu sakawan wau, wontên widadari angejawantah anama Dèwi Rukmawati, putranipun Sang Hyang Anantaboga, adhêdhepok wontên ing wukir Maendra, ing mangke dipun wastani rêdi Lawu tanah Surakarta, Dèwi Rukmawati tansah anggêlarakên waskithaning galih, amêmêca, sarta mitulungi sarana, dhatêng sawarninipun manusa ingkang sami nandhang kasusahan, akathah têtiyang ingkang sami kèlu aminta sarana warni-warni, ngantos kasusra ing amăncapraja.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Prabu Basurata ing Wiratha, antuk sipta sasmita salêbêting supêna, kinèn angudi wêkasing tumuwuh ambabarakên wiji, sarêng enjingipun Prabu Basurata animbali sakathahing para pandhita para tapa sadaya, sasampunipun sowan pêpak ing panangkilan, Prabu Basurata lajêng miyos amanggihi, dhawuh pangandikanipun dhatêng para pandhita: He sagunge pawong-mitraningsun para tapa, panjênêngan ingsun iki lagi yuswa patang puluh nêm warsa têka wus rumasa sêpuh, măngka durung pinaringan kabungahan dening dewa, ingkang dadi santosane [sa...]

--- 3 : 4 ---

[...ntosane] panggalih ingsun, iku wite sêka ing apa. Sakathahipun para pandhita para tapa botên wontên ingkang sagêd angaturakên pamanggih, namung wontên pandhita satunggal têrahing Sang Hyang Pancarêsi anama Rêsi Wisama, nuju tumut sowan, Rêsi Wisama wau ingkang pêputra Bathara Laksmana, Bathara Laksmana putranipun Sang Hyang Rêsi Wiksmana, Hyang Rêsi Wiksmana putranipun Sang Hyang Pancarêsi. Rêsi Wisama sarêng sumêrêp para tapa botên wontên ingkang sagêd ngaturakên pamanggih, lajêng matur dhatêng Prabu Basurata: Dhuh sang prabu witing kabingahan ingkang dados pangèsthining manusa punika, kathahipun pitung prakawis, ingkang sapisan kasuran, tgêsipun: kawantêran, pamrihipun kinèringan, witipun saking kasaktèn, kalampahanipun saking cêgah bukti, kadadosanipun saking santosa, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi anjêjadha, lawan anganiaya. Kaping 2, kagunan, tgêsipun: kasagêdan, pamrihipun kinèdhêpan, witipun saking puruhita, kalampahanipun saking tabêri, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi rêsah lawan sungkanan. Kaping 3, kabêgyan, tgêsipun: kasugihan, pamrihipun kinalulutan [kinalulu...]

--- 3 : 5 ---

[...tan,] witipun saking anggaota, kalampahanipun saking sabar anarima, kadadosanipun saking gêmi nastiti sarta angati-ati, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi lèr wèh lawan angumpêt. Kaping 4, kabrayan, tgêsipun: wêrdèn sugih putra wayah, pamrihipun kopèn kinamulèn, witipun saking sih, kalampahanipun saking amêpêt pangandika, kadadosanipun saking măntra lawan sarana. Nanging ingkang dados sambekalanipun manawi para sêngitan lawan sumêlangan. Kaping 5, kasinggihan, tgêsipun: kaluhuran, pamrihipun kajèn kinurmatan, witipun saking nastapa, lawan têtaki, kalampahanipun saking puja lawan pangabêkti, kadadosanipun saking anuraga, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi loba angkara murka. Kaping 6, kayuswan, tgêsipun: panjang yuswanipun, pamrihipun kinandêlan, witipun saking sadu budi, kalampahanipun saking wahdat, kadadosanipun saking sêtya tuhu, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi dora lawan cidra. Kaping 7, kawidadan, tgêsipun: kayuwanan, pamrihipun kinopaman, witipun saking suci, kalampahanipun saking cêgah anginum, kadadosanipun [kadado...]

--- 3 : 6 ---

[...sanipun] saking utami lawan paramarta, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi nistha lawan sugih duka, têlas aturipun Rêsi Wisama. Prabu Basurata karênan ing galih, amidhangêtakên pangandikanipun: He ariningsun Rêsi Wisama, warahira kang mangkono iku mau kaya paran bisane katêkan. Aturing Rêsi Wisama: Pukulun, dadosing cipta punika manawi dipun têmêni, wontênipun ing sêdya punika manawi dipun antêpi, dhatêngipun ing karsa punika manawi dipun lampahi, bêbasan dados saciptanipun, wontên sasêdyanipun dhatêng sakarsanipun, ananging ingkang makatên punika tumrap manusa ingkang sampun waskitha sandining dwi astha, manawi ingkang taksih walaka punika, sumêrêpipun manawi katêdahakên, sagêdipun manawi winulang, dadosipun manawi dipun tandangi. Mangkana Prabu Basurata sampun tampi ing pasang cipta ingkang dados aturipun Rêsi Wisama, saya andadosakên suka pirêrênaning[1] galihipun sang prabu, pangandikanipun: He ariningsun Rêsi Wisama, ing sawuse ingsun lakoni, kaya paran ênggon ingsun angêtrapake. Atur wangsulanipun Rêsi Wisama: Pukulun, ing wukir Maendra wontên widadari angejawantah, nama Dèwi Rukmawati, punika langkung waskitha [wa...]

--- 3 : 7 ---

[...skitha] ing ghaib, manawi panjênêngan paduka sagêd anampèni ing wêwulangipun, sagêd anguningani ing sapitêdahipun, sagêd anglampahi ing sapakènipun, saèstu sae ing kadadosanipun, Prabu Basurata panuju ing galih, nuntên Patih Sunggata dhinawuhan tata-tata sarta amêmatah wadyabala ingkang andhèrèk tuwin ingkang prayogi kapitadosan têngga praja, Patih Sunggata matur sandika, sang prabu lajêng kondur angadhaton, para pandhita para tapa sami bibaran mantuk sowang-sowangan, namung Rêsi Wisama ingkang kantun.

Ing antawis dintên, sasampuning Patih Sunggata samakta pamatahing wadyabala, tuwin pangruktining sagunging piranti, Prabu Basurata jêngkar saking praja, karsa têdhak dhatêng wukir Maendra, Rêsi Wisama kadhawuhan andhèrèkakên, wadyabala ingkang umiring amung sawatawis, Patih Sunggata kantun têngga praja. Sarêng dumugi ing wukir Căndramuka, ing mangke winastanan rêdi Rêbabu tanah Surakarta, Prabu Basurata kèndêl wontên padhepokanipun Rêsi Paninda, arinipun Bathara Nirda, sami putraning Bathara Langsur, Rêsi Paninda gugup gurawalan anggènipun mêthukakên, amargi botên nyana bilih karawuhan ratu. Sarêng sampun rêrêm, [rêrê...]

--- 3 : 8 ---

[...m,] Rêsi Paninda umatur, ingkang dados karsa nata dene rawuh ing padhepokanipun, sang prabu walèh ing karsa, Rêsi Paninda langkung amangayubagya, aturipun: Dhuh pukulun, kaluhuran sangêt karsa paduka ingkang makatên wau, saupami panjênêngan nata botên anggalih wêkasing tumuwuh ambabarakên wiji, saèstu langkung pituna, Prabu Basurata karênan ing galih dene dipun jurungi ingkang dados karsanipun. Botên watawis dangu, Rêsi Paninda inggih lajêng ngaturi sugata ing sakadaripun, sasampuning dhahar Prabu Basurata ingaturan sare, sarêng sang prabu sare, Rêsi Paninda rêraosan kalihan Rêsi Wisama, wuwusipun Rêsi Paninda: Dhuh ariningsun Rêsi Wisama, ratunira iki tuhu kêkasihing dewa, nanging kuciwane luput-luput nora kalakon kang dadi karsane, panuwun ingsun ing dewa muga antuka pangapura jinangkunga marang kang among tuwuh, dèn iling-ilingana ing lêluhure, rinêksaa ing dewane. Wangsulaning Rêsi Wisama karantên punapa kakang dene paduka mawi ngandika ingkang kados makatên. Rêsi Paninda amuwus malih: Sêka ing panawang ingsun, ratunira iki sajroning pêndhak dina bakal anêmahi seda kêna ing păncabaya tumpês sabalane. Ing

--- 3 : 9 ---

ngriku Rêsi Wisama sarêng amiyarsa pamêcanipun ingkang raka Rêsi Paninda langkung sungkawa. Lajêng matur aminta sih: Dhuh dhuh kadang kula sêpuh kakang mugi panjênênganipun ratu kula sampun ngantos amanggih ingkang kados makatên. Wangsulanipun Rêsi Paninda: Lah iya yayi, padha dèn suwun maring dewa kang linuwih. Sarêng enjingipun Prabu Basurata pamit andumugèkakên lampah, Rêsi Paninda èsmu karuna, ing antawis wontên pakèndêlan, Prabu Basurata ngandika dhatêng Rêsi Wisama: He yayi Rêsi Wisama, nalika ingsun pamit anutugake tindak ingsun, si kakang Rêsi Paninda mau ingsun pamiti têka kapiluh, iku paranbaya kang dadi wadine, Rêsi Wisama amalèhakên kala winêca ing dalu, Prabu Basurata langkung kagèt èsmu sungkawa, maras-miris ing kabatosan, dangu-dangu amupus ing pêpasthèn, sumendhe ing wisesa, pasrah karsaning kang kawasa, lajêng mangkat malih sawadyabala.

Botên kacariyos têdhakipun wontên ing margi, sarêng rawuh ing wukir Maendra, Dèwi Rukmawati sampun botên kasamaran, bilih karawuhan ratu ing Wiratha, lajêng amêmatah ingkang amêthukakên angaturi inggahipun dhatêng patapan, Prabu Basurata sampun kapanggih kalihan Dèwi Rukmawati [Ru...]

--- 3 : 10 ---

[...kmawati,] langkung kinurmatan, Prabu Basurata sangêt anggènipun angasorakên sarira mamrih lunturing sih, Dèwi Rukmawati inggih langkung rêsêp rumakêt, aturipun: Dhuh dhuh pukulun, dêlap kawula mugi kalilana anuwila-gănda, têmbung angawu-awu, lêpata ing saru siku, dene kumapurun rumêngkuh angrakêt krama, kakang prabu dhatêng panjênêngan paduka, panganggêp kawula manawi kaakêna, sayêktosipun kawula punika têbih inggih taksih kantênan prênahipun, lamat-lamat taksih katingal kukusipun, kentar-kentaring maruta taksih mambêt gandanipun, awit kawula punika putranipun Sang Hyang Anantaboga, Sang Hyang Anantaboga punika kawati taksih santana kaprênah arinipun rama paduka Sang Hyang Wisnu. Prabu Basurata sarêng amidhangêt têmbungipun Dèwi Rukmawati ingkang langkung angasorakên sariranipun, Prabu Basurata saya makidhupuh lênggahipun, pangandikanipun, dhuh dèwi punapa malih ing agêsang punika yèn botêna anganggêp ingkang botên anggop ing pangraganipun, sampun ingkang sami tunggil băngsa kados sang dèwi, sanadyan kagunganipun sang dèwi dwipangga pêthak punika kula anggêp kadang tuhu. Dèwi Rukmawati gumujêng sarwi angandika: Kakang prabu paduka dèrèng uninga [u...]

--- 3 : 11 ---

[...ninga] bilih dwipangga pêthak punika, sajatosipun pulunan paduka piyambak, putranipun raka paduka Prabu Sri Maha Punggung, Dèwi Rukmawati lajêng anggancarakên ing bêbukanipun dumugi wêkasan, Prabu Basurata langkung ngungun, Dèwi Rukmawati lajêng ngandika dhatêng dwipangga pêthak: Kulup sira ngabêktia marang ramanira nata ing Wiratha. Dwipangga lajêng nyêlak angabêkti kadi satatanipun manusa. Prabu Basurata angandika: He kulup, muga dewa kang linuwih nuli angaksamaa maring sira, sira linuwarna saka ing papa cintraka ruwata dadi jatining manusa. Aturipun dwipangga pêthak: Dhuh sang prabu dhawuh pangandika paduka, sakalangkung ing pamundhi panuwun kawula, mugi sinêmbadana ing dewa. Prabu Basurata sangsaya angungun, dene dwipangga sagêd amicara kadi satataning janma, lajêng angandika dhatêng Dèwi Rukmawati: Pintên umuripun kulup punika. Dèwi Rukamawati matur bilih sawêg tigang taun lumampah, Prabu Basurata saya angungun malih, awit sanadyan manusa dèrèng majad sagêd tata basa makatên. Botên watawis dangu, lajêng kasugata sakadaripun ing langip, saha lajêng kaaturan rêrêm sawadyabalanipun, dumunung wontên patapan, sarêng ing wanci bangun enjing Dèwi Rukmawati amanggihi Prabu Basurata [Ba...]

--- 3 : 12 ---

[...surata,] aturipun Dèwi Rukmawati: Kakang prabu mênggah ingkang dados karsa paduka angudi wêkasing tumuwuh ambabarakên wiji punika, sampun rinilan dening Sang Hyang Wisesa, nanging wontên sarananipun, panggenanipun ing sarana dumunung wontên sabrang, ing wana Madura tanah Indi, talatahipun nagari Ngayodya, punika wontên jamur dipa, kadadosan awunipun Rêsi Anggira, ugi sinêbut nama Maharsi Paspa, dene dados awu, bêbukanipun makatên: kala ing kina Rêsi Anggira punika tata pasangkaning rare ngantos sêpuh, kala samantên nuju dhatêng ing kanugrahanipun Rêsi Anggira, katêdhakan Sang Hyang Jagadnata, pangandikanipun Sang Hyang Jagadnata: hèh Anggira sutaning Sakru, putuning Sakutri, bangêt têmên ênggonira kapati brata, apa kang dadi sêdyanira ing mêngko sayêkti sun turuti. Aturing Rêsi Anggira: Dhuh pukulun kang binathara ing jagad, mugi kasêmbadana ing panuwun amba, èpèk-èpèk amba kalih pisan punika kaparingana kamayan tiksna, manawi anggêpok utamangganing dumadi, ingkang amba grayang sirahipun wau, sagêda lajêng dados awu sami sanalika. Sang Hyang Jagadnata angandika: Lah iya ingsun wus anêmbadani. Rêsi Anggira umatur:

--- 3 : 13 ---

Dhuh pukulun, sarèhning sampun kasêmbadan ing sapanuwun amba, kawula kamipurun anênuwun tăndha, manawi amarêngakên kawula kalilana anggrayang mastaka paduka. Sang Hyang Jagadnata botên amarêngi, nanging Rêsi Anggira adrêng badhe paripêksa, sarèhning têdhakipun Sang Hyang Jagadnata botên wontên ingkang dhèrèkakên, Sang Hyang Jagadnata lumajêng lajêng binujêng, sarêng mèh kacandhak, Sang Hyang Jagadnata lajêng muksa. Botên watawis dangu, rama paduka Sang Hyang Wisnu tumurun mêmindha pawèstri langkung endah ing warni, Rêsi Anggira sarêng aningali langkung kasmaran, lajêng pitakèn namanipun, rama paduka angakên nama Dèwi Anggarini, Rêsi Anggira botên darana Dèwi Anggarini lajêng rinarurum ingarih-arih, Dèwi Anggarini darbe panêdha, sarèhning Rêsi Anggira mêntas tapa lami, kinèn adus karamas rumiyin, manawi sampun suci badan sumanggèng karsa. Rêsi Anggira langkung suka lajêng dhatêng ing lèpèn sumêdya adus karamas, saking dene srênging karsa supe bilih tanganipun kadunungan kamayan tiksna, sarêng karamas tanganipun kadamêl anguyêg sirah, sami sanalika wau Rêsi Anggira lajêng dados awu. Dèwi Anggarini uninga manawi Rêsi Anggira pêjah dados awu, lajêng warni Sang

--- 3 : 14 ---

Hyang Wisnu malih, sarwi angandika makatên: He Rêsi Anggira ing mêngko sira nêmu wêwêlèh dadi awu dhewe, sira mari aran Rêsi Anggira, sayêktine ing mêngko sira aran Maharsi Paspa, awit sira wujud awu. Sasampunipun ngandika makatên, rama paduka Sang Hyang Wisnu muksa. Punika kakang prabu bêbukanipun ing kina, ing mangke awu wau cukul jamuripun dipa, kathah kang sami ngupados badhe kadamêl sarananipun tiyang ingkang sumêdya angudi wêkasing tumuwuh ambabarakên wiji, kakang prabu saking panawang kula ing mangke, tanah Indi wontên panjênêngan ratu ambêk pandhita paramarta, akêkitha nagari Ngayodya, jêjuluk Prabu Dhasarata, punika ugi sangêt kapencutipun apêputra kakung ingkang pinunjul ing jagad, karantên sampun măngsa sang prabu wau dèrèng apêputra, awit saking atur pamrayoginipun para pandhita, sang prabu kaaturan asidhêkah aswa meda, wontên ing wana Madura sacêlaking lèpèn Sarayu, pirantosipun sidhêkah sampun sami cumawis, mawi angatur-aturi para ratu talatahipun tanah Indi, nanging Prabu Dasarata, angsal wangsiting dewa, katarimah ing sidhêkahipun, wênang amêndhêt jamur dipa, kadamêl sarana bilih sampun rawuh putranipun [putranipu...]

--- 3 : 15 ---

[...n] Sang Hyang Wisnu, awit jamur dipa wau langkung wingitipun, ujaring wangsit putranipun Sang Hyang Wisnu mèh dhatêng. Amila Prabu Dhasarata, tuwin para nata sêsuruhan sami angantosi masanggrahan wontên wana ing Madura, ing sajatosipun ingkang dipun antosi para nata wau inggih panjênêngan paduka, awit kakang prabu putranipun Sang Hyang Wisnu, saèstu kawasa angambil jamur dipa kadadosaning Maharsi Paspa, manawi Prabu Dhasarata tuwin kakang prabu sampun angsal têtuwuhan ingkang mêdal saking jamur dipa, saèstu lajêng sami pinaringan putra ingkang punjul ing jagad.

Mangkana Prabu Basurata ing sadangunipun amidhangêtakên pangandikanipun Dèwi Rukmawati ingkang makatên wau, ing tanggap tandukipun têka tansah angêmu sungkawa, Dèwi Rukmawati matur malih: Dhuh kakang prabu, kula sampun sumêrêp ingkang dados sungkawaning panggalih paduka punika, botên saking anggèn panjênêngan paduka kula aturi têdhak dhatêng tanah têbih, sayêktosipun saking wêcanipun Rêsi Paninda, sandeyaning galih bok bilih botên ngantos kalampahan ingkang dados karsa paduka, ing saèstunipun kalampahan ugi, inggih sayêktos kakang

--- 3 : 16 ---

prabu badhe anêmahi seda, ananging namung wontên salêbêting supêna, ing wêkasan inggih badhe manggih suka raharja, dipun santosa ing panggalih, enjing punika kakang prabu mangkata kondur dhatêng Wiratha, andhawahana garwa anglampahi tarak brata ngantos dumugi ing sarawuh paduka saking sabrang, ing benjing manawi kakang prabu kondur saking sabrang, botên susah têdhak mariki malih, lajênga kondur dhatêng Wiratha kemawon, kula tumuntên sowan ing panjênêngan paduka tanpa mawi katimbalan, Prabu Basurata ing nalika punika lêjar ing nitya sirna sandeyaning galih, rumaos angsal kanugrahan, byar enjing pamit mangkat kondur kêbut sawadyabala ingkang andhèrèkakên.

Ing sapêngkêripun Prabu Basurata, Dèwi Rukmawati ngandika dhatêng dwipangga pêthak: Hèh kulup, wruhanira ing têmbe sira anglakoni prang lan putrane pamanira kakang prabu ing Wiratha, awit rêbutan bojo, manawa sisip têmbire sira anêmahi pralaya, nanging manawa kabênêran sira ruwat dadi manusa, karana sira antuk sabdaning ramanira kakang prabu ing Wiratha duk wingi, iku kulup, prayogane sira anglakonana atêtapa anèng wukir Oya, anjêruma dèn kongsi konjêm anèng pucaking wukir, mangana [ma...]

--- 3 : 17 ---

[...ngana] manawa ana kang asung pangan, anginuma manawa ana kang asung warih, manawa tan ana anarimaa, poma kulup pituhunên sapitutur ingsun, karana tapa iku anulak prasapa, pan narima iku andadèkake cipta, santosa iku anganakake sêdya, darana iku anêkakake karsa, bêbasan dadi saciptane, ana sasêdyane, têka sakarsane, iku kabèh manawa mantêp têmên-têmên yêkti tinêmu. Têlas pangandikanipun Dèwi Rukmawati, dwipangga pêthak matur sandika pamit linilan lajêng mangkat, praptaning wukir Oya, inggih rêdi Kidul tanah Ngayodya lajêng anjrum ing pucak.

Kacariyos tindakipun Prabu Basurata, ing antawis kalih dintên dumugi ing wukir Căndramuka, inggih rêdi Rêbabu rêrêp ing padhepokanipun Rêsi Paninda malih, sarêng ing dalu Prabu Basurata sare kagum guragapan lajêng lênggah pungun-pungun langkung ngungun, Rêsi Paninda matur karantênipun kagum, Prabu Basurata wêwarti dènira supêna, katingal nagari ing Wiratha kadhatêngan mêngsah kalampahan ngantos bêdhah, Prabu Basurata seda ing rana sawadyanira tumpês, nuntên wontên pawèstri anggèrèd kunarpanipun Prabu Basurata, Prabu Basurata karaos kagèt lajêng [la...]

--- 3 : 18 ---

[...jêng] kagum punika. Aturipun Rêsi Paninda, dhuh pukulun, punika parmaning dewa, ing sayêktosipun panjênêngan paduka kalêbêt ing wêca, salêbêtipun ing pêndhak dintên anêmahi seda ing păncabaya tumpês sawadyabala paduka, ing wêkasan antuk pangaksamaning dewa amung katêmahan salêbêting supêna kewala, dados sakalangkung suka sukur kawula ing dewa. Prabu Basurata amangsuli: Inggih bêgja kamayangan sangêt manawi amung makatên kemawon têmahanipun, ing sajatosipun panjênêngan kula inggih kawêca dhatêng Dèwi Rukmawati, yèn badhe anêmahi antaka salêbêting nendra. Rêsi Paninda matur: Lah inggih punika pukulun, tgêsipun seda salêbêting nêndra wau, amung seda salêbêting supêna kewala, ing mangke kantun basukinipun, saèstu kalampahan ingkang dados karsa paduka, Prabu Basurata karênan ing galih amidhangêtakên aturipun Rêsi Paninda. Rêsi Wisama lajêng matur dhatêng Rêsi Paninda: Dhuh kakang kula manah-manah ing sadangunipun, mênggah supênanipun sang prabu ingkang makatên wau, punapa wontên wahananipun badhe kadhatêngan sêsakit, sukur manawi botên, awit ingkang sampun kalampahan supêna makatên punika wahananipun [wahananipu...]

--- 3 : 19 ---

[...n] badhe wontên sêsakit dhatêng. Wangsulanipun Rêsi Paninda sarwi gumujêng: Impèn iku adhi wahanane katêmu ing patang pangkat: 1. katêmu saka ing pêpiritan, 2. katêmu saka ing têturutan, 3. katêmu saka ing wêwangsulan, 4. katêmu saka ing sêsêmonan, dene kang katêmu saka ing pêpiritan iku, kaya wong ngimpi wêruh urubing gêni, katêmune ing wahanane dadi nêpsu, karana gêni iku dadi pêpiritaning nêpsu, sapanunggalane kang mangkana. Wahananing impèn kang katêmu saka ing têturutan, iku kaya wong angimpi ngising, katêmuning wahanane dadi kelangan, karana pisah ing sêsukêr iku dadi têturutaning ilang. Wahananing impèn kang katêmu saka ing wêwangsulan iku, kaya wong ngimpi anêmu sungkawa, katêmune wahanane dadi anêmu suka, karana sungkawa iku dadi wêwangsulaning suka. Wahananing impèn kang dadi sêsêmonan iku, kaya wong angimpi omahe rubuh, katêmuning wahananing dadi kapatèn somah, sapanunggalane kang mangkana iku. Dene impèn kang dadi sêsêmonan iku, impène wong walaka, tgêse wong kang tan angêmu sungkawa sarta ora anêmahi lara. Impèn kang wahanane katêmu dadi wêwangsulan iku, impène [impè...]

--- 3 : 20 ---

[...ne] wong sayah. Impèn kang wahanane dadi têturutan iku, impène wong lara. Impèn kang wahanane dadi pêpiritan iku, impène wong sungkawa. Dene mungguh supêna nata iku wahanane yêkti wêwangsulan, karana nuju sayah mêntas lêlampah, supêna katêkan mungsuh, iku wahanane bakal katêkan pawong-mitra sasamaning nata, karana mungsuh iku dadi wêwangsulane pawong-mitra. Mangkana Prabu Basurata akalihan Rêsi Wisama sakalangkung suka ing galih amidhangêtakên anggènipun amardèni supêna Rêsi Paninda, Rêsi Wisama matur malih dhuh kakang Rêsi kadospundi wardikaning supêna kang kawasita, kang kacakrabawa, kang kaduradarsih, kang kadarsana. Wangsulaning Rêsi Paninda: Impèn kang patang prakara iku nora kêna pinardika, kaya ta impèn kang kawasita, tgêse katayuh, iku impèning wong antuk wangsit, upama tunggu wong alara, kang atunggu nuju turu ngimpi kinon anambadani apa-apa, iya iku wangsiting dewa, tinambanana niscaya waras. Impèn kang kacakrabawa iku, kacipta ing wicara, iya iku impèning wong mêntas rêrasan, barêng turu kang kinarya rêrasan mau kèpi, impèn kang kaduradarsih iku, tgêse têrus, iya iku impèn [impè...]

--- 3 : 21 ---

[...n] kang têrus ing wahanane, upama wong ngimpi wruh sêsotya, barêng tangining aturu têka wêruh sêsotya. Impèn kang kadarsana iku, tgêse katulat, kaya ta ing sadurunge turu wêruh taksaka, barêng turu têka tangi ngimpi wruh sarpa sapanunggalane kang mangkana iku nora kêna dèn wardèni, karana wahanane ana ing kaana. Têlas wicantênipun Rêsi Paninda, Rêsi Wisama langkung suka pirênaning manahipun. Sasampunipun makatên, Prabu Basurata mangkat kondur dhatêng Wiratha, Rêsi Paninda andhèrèkakên, sarawuhipun ing Wiratha, Prabu Basurata angandika dhatêng ingkang garwa supados anglampahi tarak-brata, ing sapangandikanipun Dèwi Rukmawati sampun kacariyosakên sadaya, Dèwi Brahmaniyuta matur sandika anglampahi. Prabu Basurata lajêng andhawuhakên dhatêng para wadyabala, angrukti piranti anggènipun badhe têdhak dhatêng tanah Indi.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos sasampuning paripurna pangruktinipun piranti, Prabu Basurata jêngkar saking praja ing Wiratha, arsa têdhak dhatêng sabrang tanah Indi, Rêsi Paninda Rêsi Wisama sami andhèrèkakên, punggawa kang andhèrèk, Arya Sakitha, Arya Sakrita, Arya Sarisungga, sawadyabalanipun, sarawuhipun pasisiring sagantên [sa...]

--- 3 : 22 ---

[...gantên] Jawi, sang prabu sawadyabalanipun anitih baita lajêng umêsat, sadumuginipun pasisiring sagantên talatahipun nagari Prawa tanah Indi, baita labuh jangkar, têtiyang paminggir sami sêling-sêrêp, anarka yèn mêngsah dhatêng, lajêng sami atur uninga dhatêng pangagêngipun anama Wulambi, ing nalika punika Wulambi sawêg katamuan gurunipun, nama Dhanghyang Supanu, sarêng tiyang paminggir matur, Wulambi lajêng parentah samakta ing ayuda, Dhanghyang Supanu anayuti sampun ngantos kapêthukakên ing prang, Wulambi jinatosan, manawi dêdamêl ingkang prapta punika sanès mêngsah, inggih punika ingkang dipun antosi ratu ing Ngayodya tuwin para ratu sanèsipun, ingkang sami masanggrahan wontên ing wana Madura, Wulambi kapurih sêsugun, manawi sampun rêrêm, lajêng angaturana uninga dhatêng ratunipun badhe sae ing kadadosanipun. Wulambi mituhu sadhawuhing gurunipun, lajêng tata sugata, sasampuning mirantos mangkat sowan dhatêng Prabu Basurata, ambêkta sêsugun maneka-warni, Dhanghyang Supanu tumut, dumugi pasisir Wulambi angaturakên pasugata, Prabu Basurata langkung suka anarima, Wulambi pinaringan ganjaran sanjata wastra maneka-warna, Dhanghyang Supanu sarêng sumêrêp dhatêng Rêsi Paninda lajêng angabêki, [a...]

--- 3 : 23 ---

[...ngabêki,][2] Rêsi Paninda angrangkul sarta têtakèn ing karaharjanipun dalah semahipun, Dhanghyang Supanu angaturakên wilujênging awakipun, nanging semahipun ngajal, Rêsi Paninda rawat waspa, lajêng matur dhatêng Prabu Basurata yèn kang ngabêkti wau mantunipun kapenakan, nama Dhanghyang Supanu, semahipun nama Endhang Nariti, putraning Bathara Nirda, Bathara Nirda punika sadhèrèkipun sêpuh Rêsi Paninda, Prabu Basurata karênan ing galih, Dhanghyang Supanu tinimbalan lajêng dinangu ingkang nêdhakakên tuwin bangsanipun, aturipun têdhak wasita băngsa brahmana, Prabu Basurata lajêng amaringi kawaca, Dhanghyang Supanu sangêt ing pamundhi panuwunipun. Ing nalika punika Wulambi sangsaya sangêt ajrihipun dhatêng guru Dhanghyang Supanu, awit sumêrêp yèn băngsa luhur. Sasampunipun makatên Prabu Basurata ingaturan rêrêp dhatêng griyanipun Wulambi, lajêng têdhak sawadyabalanipun, rêrêp sadalu, enjingipun apirêmbagan, dènira karsa têdhak dhatêng wana Madura, dadosing rêmbag ingkang supados sagêda lêstantun ing lampah, Wulambi kautus angaturi uninga dhatêng ratunipun, manawi wontên ratu rawuh saking tanah Jawi, ajêjuluk Prabu Basurata ing Wiratha, putranipun Sang Hyang Wisnu, karsa badhe [ba...]

--- 3 : 24 ---

[...dhe] tumut angambil jamur dipa, sasampuning winêling-wêling Wulambi matur sandika lajêng mangkat.

Sinigêg lampahipun Wulambi, gêntos kacariyos, nagari ing Ngayodya, ing nalika punika ingkang jumênêng nata ajêjuluk Prabu Dhasarata, têrahipun Ikswaku, ratu limpad ing Sêrat Weda, akalihan Sêrat Wedangga, sidik ing paningal, bijaksana, măndraguna sinêkti, kinèdhêpan samaning tumuwuh, putus dhatêng kawajiban suci, ratu pinandhita, mèh anyamèni para maharsi, kêkah ing adilipun, kawasa amênggak budi hawanipun, saking anggènipun mungkul ing katêmênan, sarta anêtêpi agami tigang prakawis, kautaman tuwin kaluhuranipun sang nata misuwur ing jagad têtiga, prasasat sami akalihan para dewa, lulus tata raharjaning praja. Ing kitha wau têtiyangipun sami bêgja, botên wontên tiyang bodho, botên wontên tiyang kêsèd, botên wontên tiyang musakat, botên wontên tiyang awon warninipun, botên wontên tiyang dêngki, botên wontên tiyang ingkang tanpa aji, botên wontên tiyang ingkang awon griyanipun, botên wontên tiyang alit manahipun, botên wontên tiyang cêlak umuripun, botên wontên tiyang sakêdhik [sa...]

--- 3 : 25 ---

[...kêdhik] anakipun, botên wontên tiyang murtat, botên wontên tiyang ingkang botên nêtêpi wajibing agêsang, tiyangipun èstri sami endah-endah ing warni, tani-tani sarta bêkti-bêkti ing laki, botên wontên tiyang ingkang mangangge lungsêt, sawarninipun tiyang sami busana adi-adi, ingkang rinêngga ing kancana sêsotya nawa rêtna, sarwi agêgănda amrik-arum. Kitha wau rinêksa ing prajurit ewon, anggêgirisi kados latu murub sarta botên sagêd kawon pêrang. Para nayakanipun sang prabu cacahipun wêwolu, ingkang sampun misuwur ing kautamanipun, bijaksana, sami limpad ing kawruh weda, putus dhatêng wajib pangêrèhing praja, botên pêgat anggènipun ambudi wêwahing kaluhuraning ratunipun.

Sang Prabu Dhasarata ingkang sudibya, sangêt sêngkêling galih, botên pêgat anggènipun masuh sarira, amargi dèrèng kagungan putra ingkang badhe amêncarakên turasipun. Kacariyos, wontên pandhita bijaksana kêkalih ingkang putus dhatêng kawajiban suci, botên katempelan ing durhaka: 1. nama Rêsi Srêngga, 2. Wasistha, sang pandhita kêkalih wau, sami umatur ing Prabu Dhasarata, bilih wana Madura wontên cêcukulanipun jamur dipa,

--- 3 : 26 ---

punika kenging kadamêl sarana, tumuntênipun apêputra kakung ingkang punjul ing kaprawiran, sang nata kaaturan asidhêkah aswa meda, dumunung wontên ing wana Madura salèripun lèpèn Sarayu, anyuruhana para ratu măncapraja, para pandhita, para brahmana, para rêsi para tapa. Sang prabu angèstokakên atur pirêmbagipun pandhita bijaksana, lajêng adhêdhawah dhatêng para nayaka, angrukti pirantining sidhêkah, sarta utusan anyuruhi para ratu para pandhita sasaminipun. Sasampuning mirantos, Prabu Dhasarata akalihan pramèswari nata, têdhak ing pasanggrahan panggènanipun sidhêkah, kadhèrèkakên ing wadyabala tanpa wicalan, Rêsi Srêngga, akalihan Wasistha, inggih andhèrèkakên. Botên watawis dintên para ratu, para pandhita, sêsuruhan sami rawuh anjujug panggènanipun sidhêkah, 1. Prabu Janaka ing Mantili, 2. Prabu Lomapada ing Ăngga, 3. Prabu Kosala ing Manggada, 4. Prabu Kekayi marasêpuhipun Prabu Dhasarata, 5. Ratu ing Kasi, 6. Ratu ing Sindu, 7. Ratu ing Suwera, 8. Ratu ing Susastra, 9. Ratu ing Prawa, 10. Ratu ing Malawa tuwin para ratu sanès-sanèsipun, ingkang nunggil tanah dipun suruhi sadaya, rawuhipun [ra...]

--- 3 : 27 ---

[...wuhipun] para ratu tuwin para pandhita wau, katampèn kalayan kaurmatan, botên kêkirangan ing bujakramanipun. Ing nalika punika pakurmataning sidhêkah dèrèng kawiwitan, amargi Prabu Dhasarata angsal wangsiting dewa, kêdah angêntosi ratu putraning Wisnu, dados sami rêrêp wontên pasanggrahan ngantos sawatawis wulan. Mênggah nagari ing Ngayodya wau, sanès Ngayogyakarta, wana Madura sanès wana Madura wetan Surabaya, lèpèn Sarayu inggih sanès lèpèn Sarayu tanah Banyumas, inggih punika Ngayodya, Madura tuwin Sarayu tanah Indi, ingkang nama lèpèn Sarayu wau, ing mangke dipun wastani lèpèn Gangga, sami kalêbêt wêwêngkonipun presidhenan Bênggala, tanah Indhustan.

Amangsuli cariyos lampahipun Wulambi, dumugi ing pasanggrahanipun para nata lajêng matur dhatêng ratu ing Prawa, bilih wontên ratu tanah Jawi putranipun Sang Hyang Wisnu rawuh ing pasisir Prawa. Ratu ing Prawa lajêng pratela dhatêng Prabu Dhasarata, sanalika wau Prabu Dhasarata sangêt panujuning galih, dene ingkang dipun êntosi sampun rawuh, saking rênaning galih karsa amêthuk piyambak, kanthi ratu ing Prawa, ing Mantili, ing Malawa, sampun bidhalan saking pasanggrahan, [pa...]

--- 3 : 28 ---

[...sanggrahan,] sarawuhipun panggenan, ratu sakawan kapanggih akalihan Prabu Basurata, sasampunipun sinambrama ing pambage, Prabu Basurata lajêng ingaturan têdhak dhatêng pasanggrahan, sarêng akalihan ratu sakawan wau, sarawuhipun pasanggrahan, langkung sinuba-suba. Sarêng sampun rêrêm sawatawis dintên, Prabu Dhasarata dhawuh angawiti pakurmataning sidhêkah anêtêpi ingkang kasêbut ing sastra, tuwin adat waton, ingkang dados pangagêng tumandang pangruktining sidhêkah Rêsi Srêngga, wujudipun sidhêkah, barang pèni raja-pèni, têtêdhan awarni-warni, amêpêki, sabarang ingkang kinarsakakên wontên, kalanipun Prabu Dhasarata anggêlarakên sidhêkah, saking katrimahing sidhêkahipun, Sang Hyang Jagadnata, ingkang ugi sinêbut nama Bathara Prayapati, anêdhaki dhatêng panggenan sidhêkah, kadhèrèkakên para dewa. Sarêng para dewa aningali sidhêkahipun Prabu Dhasarata ingkang tanpa timbang, sami matur dhatêng Bathara Prayapati, mugi kaparênga amaringi putra dhatêng Prabu Dhasarata, saha mugi andhawuhna dhatêng Bathara Wisnu, anjanma ing putranipun Prabu Dhasarata, sagêda anyirnakakên ratuning danawa ingkang nama Rahwana, ingkang sakalangkung kumalungkung dados gêgêlahing bumi, angrêrisak [a...]

--- 3 : 29 ---

[...ngrêrisak] samining tumuwuh, Bathara Prayapati amarêngi panuwun wau.

Sasampuning sidhêkah, Prabu Basurata akalihan Prabu Dhasarata tuwin para ratu, sami anêdhaki panggenanipun jamur dipa, jamur dipa katingal murub angkara-kara, sarêng Prabu Basurata Prabu Dhasarata anyêlaki, urubing jamur dipa sirêp, karsaning dewa angkêripun jamur dipa dados cabar, jamur katingal amaya-maya kados musthika, Bathara Wisnu lajêng amaringi payasa kadunungakên sanginggiling jamur, payasa wau dhaharanipun para dewa, ingkang raosipun sakalangkung eca, Bathara Wisnu angatingal sarwi angandika: He ratu sudibya kaki Prabu Basurata,lan kaki Prabu Dhasarata, sira ingsun wênangake ngalap payasa kang dumunung ing jamur dipa iku, banjur sira pangana lan somahira, panganan iku kang dadi jalaraning sira padha kasinungan suta, agawe undhaking kautaman lan kamulyan, Prabu Basurata, Prabu Dhasarata, andhêku sumêmbah ing Sang Hyang Wisnu, lajêng sami mundhut payasa ingkang dumunung ing jamur dipa, pinundhi ing mastaka, dalah jamur dipa ugi kapundhut, Sang Hyang Wisnu muksa. Ratu kalih lajêng kondur dhatêng pasanggrahan, payasa ingkang kapundhut Prabu

--- 3 : 30 ---

Dhasarata, tumuntên kadhahar akalihan pramèswari nata têtiga, jamur dipa dipun dum waradin akalihan para ratu, pakurmataning sidhêkah lajêng kèndêl, para ratu tuwin para rêsi para brahmana sapanunggilanipun, sasampuning anampèni pandumaning sidhêkah, lajêng sami bibaran, Prabu Dhasarata dalah pramèswari nata kondur dhatêng praja, Prabu Basurata kaaturan têdhak kampir dhatêng Ngayodya, narendra ing Mantili ing Malawa, ing Prawa, sami tumutur angurmati, sarawuhipun ing Ngayodya langkung sinuba-suba. Sarêng sampun rêrêm ing sawatawis dintên, lajêng kaaturan têdhak dhatêng ing Mantili, dhatêng ing Malawa, dhatêng ing Prawa, Prabu Basurata inggih anglêgani, ratu sakawan sami angatêr lampah, awahana rata, sarawuhipun ing prajanipun ratu tigang nagari wau, tinampenan kalayan kaurmatan, langkung sinuba-suba. Sarêng sampun rêrêm ing saantawis dintên, Prabu Basurata mangkat kondur dhatêng tanah Jawi anitih baita malih, para ratu anguntapakên dumugi palabuhan, lajêng sami kondur dhatêng prajanipun piyambak-piyambak, botên watawis lami garwanipun Prabu Dhasarata sami anggarbini.

Kacariyos, sarawuhipun Prabu Basurata wontên [wontê...]

--- 3 : 31 ---

[...n] ing Wiratha, Dèwi Rukmawati sampun kapanggih wontên salêbêting pura, Prabu Basurata anyariyosakên têdhakipun dhatêng tanah Indi, wiwitan dumugi wêkasan, sarta amasrahakên payasa pêparinging dewa, akalihan jamur dipa. Jamur dipa lajêng tiningalan dhatêng Dèwi Rukmawati, kawistara wontên rajahipun, Dèwi Rukmawati matur dhatêng Prabu Basurata: Kakang prabu jamur dipa punika rajahipun amung kêkalih, kang satunggal rajah purusa, kang satunggalipun rajah kani, sarta têbih ing antawisipun, yèn makatên karsaning dewa kakang prabu amung pinasthi badhe pêputra kalih, kakung putri, ingkang sêpuh kakung badhe dados ratu binathara anyakrawati ing jagad, kadhatonipun ngalih wontên tanah Purwacarita sacêlaking wukir Maendra, dene putra kang anèm putri, inggih badhe anurunakên ratu binathara anyakrawati ing jagad, nanging putra kêkalih wau lami ing antawisipun gènipun lair, karantên rajah punika mawi antawis têbih, Prabu Basurata èsmu sungkawa amidhangêtakên, dene amung winêca pêputra kalih, rênanipun dene winêca putranipun badhe jumênêng ratu binathara, sarta ingkang nurunakên ratu binathara putranipun kêkalih wau. Sasampunipun makatên, jamur dipa wau sinidhikara dhatêng

--- 3 : 32 ---

Dèwi Rukmawati, dados wowohan, dipun wastani woh wipula, payasa akalihan woh wipula dipun aturi andhahar dhatêng Prabu Basurata sakalihan pramèswari nata Dèwi Brahmaniyuta, Prabu Basurata inggih angèstokakên, watawis dintên Dèwi Rukmawati kondur dhatêng wukir Maendra. Ing sapêngkêripun Dèwi Rukmawati, Prabu Basurata animbali Patih Sunggata, kalihan Rêsi Paninda tuwin Rêsi Wisama, dhinawuhan kala wontên ing sabrang pinêthuk titihan rata runggu sarwa kancana dening ratu ing Malawa, Prabu Basurata kapencut angagêm rata, Patih Sunggata kadhawuhan angupados tiyang ingkang undhagi ing guna badhe kakarsakakên iyasa rata ingkang wangunipun prayogi, Rêsi Paninda matur manawi Dhanghyang Supanu kalihan Wulambi, sami andhèrèkakên dhatêng Wiratha, punika kalêbêt tiyang undhagi ing guna, Prabu Basurata panuju ing galih lajêng kadhawuhan animbali, sadhatêngipun Dhanghyang Supanu akalihan Wulambi, kadhawuhan ingkang dados karsanipun sang nata, yèn badhe yasa rata kancana wangun rata runggu, Dhanghyang Supanu kalihan Wulambi sami sagah tumanggah ing karya, Prabu Basurata andhawuhakên amirantosi băndha beyanipun sadaya, botên watawis lami rata

--- 3 : 33 ---

sampun dados, pasang wangunipun langkung pelag, Dhanghyang Supanu kalihan Wulambi sami ginanjar sanjata wastra busana maneka-warna langkung kathah, sarta Dhanghyang Supanu pinaringan semah sutaning Patih Sunggata, nama Kèn Sanggani, arining Arya Sarisungga, Dhanghyang Supanu kalihan Wulambi lajêng sami pamit mantuk dhatêng tanah Indi sampun dipun lilani, nuntên Rêsi Paninda pamit mantuk dhatêng wukir Căndramuka, pramèswari nata Dèwi Brahmaniyuta lajêng anggarbini. Inggih punika purwanipun tanah Jawi wontên rata, ingkang wêwangunanipun anulad rata tanah Indi, wiwit nalika samantên, para ratu tanah Jawi lajêng sami kaparêng ngagêm titihan rata, dumugi jamanipun pêrang bratayuda, para ratu inggih sami nitih rata.

Ing salêbêting taun Wiya, etanging taun surya sangkala 454, tinêngêran dadi tataning pakarti. Kaetang ing taun candra sangkala 468, tinêngêran sarira angrasa suci.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos pramèswari nata Dèwi Brahmaniyuta, anggènipun anggarbini sampun dumugi măngsa, ambabar miyos kakung, pinaringan nama Radèn Brahmaneka, Prabu Basurata langkung suka ing galih, [ga...]

--- 3 : 34 ---

[...lih,] lajêng utusan ngaturi uninga dhatêng ingkang raka ing Gilingwêsi, ing Purwacarita, botên lami Prabu Brahmana Raja akalihan Prabu Sri Maha Punggung, sami têdhak têtuwi dhatêng ing Wiratha.

Kacariyos, kadi sarêng lampahanipun, ananging cariyosipun kadamêl gêntos, ing tanah Indi Pramèswari Ngayodya, sampun ambabar putra kakung langkung rumiyin, ingkang miyos saking Dèwi Kusalya kapringan nama Rama, ingkang miyos saking Dèwi Kekayi pinaringan nama Barata, ingkang miyos saking Dèwi Sumitra kêkalih pinaringan nama Laksmana, akalihan Satruga. Prabu Dhasarata andhatêngakên suka-parisuka, sarêng sampun dumugi anggènipun amangun suka, kabêkta saking rênaning panggalih dene kadugèn ingkang dados karsanipun, Prabu Dhasarata karsa têdhak cangkrama dhatêng nuswa Jawi, kanthi ratu ing Mantili, ing Malawa, ing Prawa, lajêng sami bidhalan saking palabuhan Prawa anitih baita. Sarawuhipun palabuhan pasisir Jawi, utusan atur uninga, anjujug Patih Sunggata, Patih Sunggata tumuntên matur dhatêng Prabu Basurata, bilih Sang Prabu Dhasarata ing Ngayodya, ing Mantili, ing Malawa, ing Prawa, sami rawuh ing

--- 3 : 35 ---

nuswa Jawi, ing mangke taksih kèndêl wontên ing muara. Prabu Basurata langkung panuju ing galih, lajêng gêgancangan utusan angacarani. Dumugining utusan, narendra sakawan sampun kerid manjing salêbêting praja, ing nalika punika Prabu Basurata amêthukakên dhatêng sajawining nagari, tinampenan kalayan kaurmatan, sarta langkung sinuba-suba, narendra sakawan angaturi pisungsung pèni-pèni raja-pèni awarni-warni, Prabu Basurata anampèni kalayan suka pirênaning galih, narendra sakawan sami pawong-mitra akalihan Prabu Brahmana Raja tuwin Prabu Sri Maha Punggung sami rêsêp rumakêt.

Amarêngi masa wisaka, narendra sakawan sami pamit kondur dhatêng tanah Indi, nanging lajêng kaaturan mampir amêng-amêng dhatêng prajanipun Prabu Brahmana Raja, kalihan Prabu Sri Maha Punggung, narêndra sakawan anuruti lajêng pamit bidhalan dhatêng Gilingwêsi, sarêng akalihan Prabu Brahmana Raja ngiras kondur pisan, amung Prabu Sri Maha Punggung kondur dhatêng Purwacarita, tata-tata anggènipun badhe katamuan, lajêng sami jêngkar saking praja ing Wiratha, kêbut sawadyabalanipun, sarawuhipun ing Gilingwêsi, narendra [na...]

--- 3 : 36 ---

[...rendra] sakawan tinampèn kalihan kaurmatan, tansah sinuba-suba. Sarêng sampun rêrêm ing sawatawis dintên, lajêng sami têdhak dhatêng ing Purwacarita, ananging sarèhning marginipun rumpil anusup-nusup wana, dados sakalangkung rêmbên, narendra sakawan sami kagawokan èsmu ngarsula salêbêting galih, dene tanah Jawi awis wontên margi ingkang prayogi, botên kados margi tanah Indi, mèh naracak sae sadaya. Sarawuhipun nagari Purwacarita, ugi tinampenan kalayan kaurmatan, dening Prabu Sri Maha Punggung, bujakramanipun botên anguciwani. Sarêng sampun dumugi anggènipun andhatêngakên suka sihing pawong-mitra, narendra sakawan pamit kondur dhatêng sabrang mêdal ing margi ingkang anjog dhatêng Wiratha, dumugi ing Wiratha kinurmatan malih dening Prabu Basurata, anggènipun rêrêm amung kalih dintên, bidhal kondur dhatêng sabrang, Prabu Basurata anguntapakên dumugi ing muara.

Kacariyos, kala tanah Indi jaman miyosipun Bathara Rama, sasarênganipun nuswa Jawi, jamanipun narendra Wiratha ingkang wiwitan, apêputra, dados dèrèng nyandhak jaman purwa.

Ing salêbêting taun Sarwasiti, etanging taud [tau...]

--- 3 : 37 ---

[...d][3] surya sangkala 455, tinêngêran amisayèng marganing pakarti. Kaetang ing taun candra sangkala 469, tinêngêran têrus rasaning dadi.

Amarêngi masa sitra, kacariyos Dèwi Rukmawati dhatêng dhusun ing Gănda, sukuning wukir Maendra, amanggihi Răndha Suli randhaning Buyut Karsula. Pangandikanipun Dèwi Rukmawati: He Răndha Suli, sanadyan sira durung pinasthi tibaning pati, bêcik sira saratana suminggah saka ing bêbaya, karana ing mêngko surup surya Umbul Kusara bakal matèni maring sira, awit sira lumuh dèn rabèni, manawa sira nora sumingkir sayêkti anandhang pilara, sanadyan sira anêmahana lara yèn tan lawan siya-siya. Răndha Suli èsmu gugup umatur sarwi kapiluh: Dhuh dèwi, paduka punika sintên, dene uninga sadèrèngipun kalampahan, Dèwi Rukmawati angandika: Ingsun iki widadari aran Dèwi Rukmawati, lagi anglakoni parentahing Hyang Jagadkarana, atêtapa anèng pucaking wukir Maendra. Aturing Răndha Suli: Yèn makatên kawula amung asrah jiwa raga, sumarah ing sakarsa paduka. Dèwi Rukmawati angandika malih: Lah iya ingsun bakal anêmokake lakinira, nanging [na...]

--- 3 : 38 ---

[...nging] sira nganggo lara. Răndha Suli matur malih: Dhuh dhuh dewataning ayu, kawula sampun langkung pitados ing panjênêngan paduka, sanadyan sakita kawula têmah, nuntên Răndha Suli kabêkta dhatêng patapanipun Dèwi Rukmawati. Sadumuginipun ing patapan, Răndha Suli aningali taksaka agêng-agêng langkung kathah, wontên taksaka satunggal amurugi dhatêng Răndha Suli, Răndha Suli sangêt anggènipun kamigilanên, têmah dados sakit, Dèwi Rukmawati angandika: He Răndha Suli laranira iku ing mêngko anêmu suka. Nuntên taksaka ingkang amurugi dhatêng Răndha Suli wau sinabdan dhatêng Dèwi Rukmawati: He Karsula, kamulanira manusa muliha dadi manusa manèh. Sami sanalika wau taksaka kang sinabdan sampun lajêng santun sipat manusa dados Buyut Karsula malih, Răndha Suli sumêrêp dhatêng lakinipun dadak sakala saras sakitipun, lajêng angrungkêbi pangkoning Buyut Karsula, Buyut Karsula inggih angrangkul dhatêng ingkang èstri sami karuna. Pangandikanipun Dèwi Rukmawati: lah sira wus padha nêmu raharja, dèn padha suka anarima, Buyut Karsula akalihan ingkang èstri lajêng sami marêk dhatêng Dèwi Rukmawati. Buyut Karsula pinaringan nama Puthut,

--- 3 : 39 ---

semahira pinaringan nama Endhang. Mangkana Endhang Suli matur dhatêng Dèwi Rukmawati: Dhuh Sang Dèwi, karantên punapa dene laki kawula pun Karsula sampun pêjah têka sagêd gêsang malih, Dèwi Rukmawati angandika: He Suli patining lakinara[4] kasasar maring panagan têmah dadi sarpa, takonana pribadi bêbukane, ingsun arsa tumurun maring desa Gănda manèh sadhela, Dèwi Rukmawati lajêng tumêdhak. Sapêngkêripun Dèwi Rukmawati, Endhang Suli apitakèn dhatêng lakinipun, wangsulanipun Puthut Karsula: Dhuh jiwaningsun Suli, marmane ingsun asalin warna sarpa, bêbukane ing nguni ingsun lagi dhudhuk-dhudhuk, ana katon wong kaki-kaki, atêtakon maring sun, ingsun mangsuli lamun arsa gawe memeyan jagung, wong kaki-kaki tanya jagung ingsun isi apa, wangsulan ingsun: Lumrahing jagung iya isi pipilan jagung. Wuwuse wong kaki-kaki: Sira apa wus wêruh jagung isi sêsotya. Ingsun anauri yèn durung wêruh, iku ingsun dèn ajak maring wismane arsa sinungan wiji jagung ingkang isi sêsotya, ingsun anurut, suwan kang ingsun karya dhudhuk-dhudhuk mau ingsun tinggal, nuli sira ambil sira tangisi, nanging nalika iku ingsun ora kagawokan solahira, lêstari ingsun praptèng wismane

--- 3 : 40 ---

wong kaki-kaki, tinuduhake jagung kang isi sêsotya dahat kacaryan ingsun, ingsun nêmbung anjaluk, saontong kewala, wangsulaning wong kaki-kaki, ingsun kinon anandurêna dhingin, ing têmbe yèn wus angundhuh ingsun diwènèhi sakêlar ingsun anggawa, nalika samana ingsun kalakon anandurake kongsi pirang-pirang luwang. Dupi antara mèh mangsaning angundhuh, wong sadesa iku padha amarêk marang Dèwi Rukmawati, pinatah-patah rumêksa sajroning padhepokan, ingsun iya milu apa ing sagawe-gawene wong sadesa mau, karana ujaring wong sadesa, Dèwi Rukmawati iku gustine lawas, ing wêkasan ingsun katêmu lawan sira manèh iki. Endhang Suli awicantên: Yèn mangkana wong lanang sira durung kongsi antuk jagung kang isi sêsotya iku. Wangsulanipun Puthut Karsula: Gajêge duk ingsun anêbar nguni angunthêt ana ing sêsabukan. Nuntên Puthut Karsula anêlusur sêsabukanipun wontên sêsotya wolung warni, 1. sêsotya pêthak, 2. sêsotya jênar, 3. sêsotya abrit, 4. sêsotya cêmêng, 5. sêsotya ijêm, 6. sêsotya biru, 7. sêsotya dadu, 8. sêsotya wungu, sarêng Endhang Suli sumêrêp ing sêsotya [sê...]

--- 3 : 41 ---

[...sotya] punika langkung suka.

Kacariyos, têdhakipun Dèwi Rukmawati sapraptaning dhusun ing Gănda sarêng sêrap surya Umbul Kusara dhatêng, rêmêng-rêmêng pandulunipun Umbul Kusara, Dèwi Rukmawati sinêngguh Răndha Suli, duk arsa linarihan ing curiga, Umbul Kusara kenging kamayan kasanglat ing pangaribawa têmah sumaput lajêng galasahan wontên ing siti, Dèwi Rukmawati angandika: Hèh Umbul Kusara, ing panyananira ingsun sira sêngguh Răndha Suli, ing sayêktine sira kaliru, Si Răndha Suli ing mêngko wus katêmu lan lakine, wruhanira ingsun iki widadari aran Dèwi Rukmawati. Umbul Kusara sarêng mirêng pangandikanipun Dèwi Rukmawati sakalangkung ajrihipun, dados sangêt analăngsa sêsambat aminta pangaksama. Pangandikanipun Dèwi Rukmawati, dewa kang angapura maring sira, sasampunipun makatên Umbul Kusara sumêmbah angaturakên kalêpatanipun. Dèwi Rukmawati angandika malih: Hèh Umbul Kusara, sayêkti antuk pangapura kaluputaning wong kang ora anêmaha, sesuk esuk sira lungaa maring ing desa Palimaya, Ulu Matsya dabe[5] suta wadon aran Rara Wudi, iku anandhang lara kawongan madal salwiring usada, sira tambanana lêlawu [lêla...]

--- 3 : 42 ---

[...wu] dukut rondhon lawan lênga pêpahatan galihing kayu tom, winoran ing lênga wijèn irêng lênga karambil ijo lawan madu, kasingi ing pêpêcahan watu sangan, sayêkti bisa waluya, ing kono wus pinasthi Rara Wudi dadi somahira, têlas pangandikanipun Dèwi Rukmawati. Umbul Kusara amituhu lajêng umangkat, Dèwi Rukmawati wangsul dhatêng padhepokanipun, sarawuhipun ing padhepokan, angandika dhatêng Puthut Karsula: He Karsula, apa nyata sira antuk sêsotya wolung warna. Puthut Karsula matur inggih sayêktos angsal, Dèwi Rukmawati angandika malih: Wruhanira sêsotya iku kumaraning sarpa akèh pakolihe, kang putih iku dèn arani manik maya, pakolihe ora kêkurangan pangan. Kang kuning iku dèn arani manik kara, pakolihe ora kêkurangan sandhang panganggo. Kang abang iku dèn arani manik marakata, pakolihe yèn kinarya amardagang luput ing tuna. Kang irêng iku dèn arani manik cundhamani, pakolihe yèn kinarya amandhita kasêmbadan ing kawruh kinèdhêpan ing para siswa. Kang ijo iku dèn arani manik martyukundha, pakolihe yèn kinarya among tani tulus kang sarwa tinandur. Kang biru iku dèn arani

--- 3 : 43 ---

manik endrataya, pakolihe drêman ing anak putu sarta wardèn ing rajakaya. Kang dadu iku dèn arani manik ardataya, pakolihe tawa ing wisa luput sagunging kira-kira. Kang wungu iku dèn arani manik arjabangunjri, pakolihe yèn kinarya suwita kinandêlan ing sih kinèringan ing sasama. Mangkana Puthut Karsula sarêng mirêngakên pangandikanipun Dèwi Rukmawati sakalangkung kapirênaning manahipun.

Wau ta kawuwusa Umbul Kusara, sarêng enjingipun dhatêng dhusun Palimaya, sampun kalampahan ing sapangandikanipun Dèwi Rukmawati sadaya, nuntên ing saantawis dintên Ulu Matsya kalihan ingkang èstri wasta Saci, miwah Umbul Kusara tuwin Rara Wudi sami sowan dhatêng Dèwi Rukmawati, apunagi sami anyênyantrik, sampun sami katampèn, kacariyos ing nalika punika saya wêwah-wêwah têtiyang ingkang dados siswanipun Dèwi Rukmawati.

Amarêngi masa jita, kacariyos, ing nalika punika Dèwi Rukmawati tansah gumujêng, Endhang Suli matur karantêning gumujêng, pangandikanipun Dèwi Rukmawati: marmane ingsun gumujêng, ing desa Cita ulune aran Sanggora, darbe suta pawèstri kênya aran Kèn Wirati, linamar ing jêjaka [jê...]

--- 3 : 44 ---

[...jaka] kêmbar warna kakang adhi, bêbukane ing ngarêp, desa ing Banasri, ulune aran Sarmadana, darbe suta jalu roro kêmbar warna, kang tuwa aran Jaka Lungga, kang anom aran Jaka Langsur, iku Jaka Lungga wus lawas lunga saparan-paran anêdya puruhita, ingupaya dening sudarmane tan katêmu, dupi wus antara tan ana wartane Ulu Sarmadana mupus pasrah ing dewa, nuli sutane nom kang aran Jaka Langsur tinari rabi marang sudarmane, Jaka Langsur lênggana, awit wêdi anglangkahi kadange tuwa kang lunga tanpa warta, yèn Jaka Langsur anglakonana rabi, pakewuh manawa kadange tuwa maksih urip, utawa durung anglakoni rabi. Ulu Sarmadana èsmu rêngat marang Jaka Langsur, calathune: Yèn mangkana upayanên kakangira Si Jaka Lungga dèn katêmu, Jaka Langsur nuli lunga ngupaya kadange tuwa. Ambalèni kang ingsun caritakake, Jaka Lungga ênggone anggêguru wus akèh kagunane, sumêdya mulih kampir ing desa Cita, barêng wruh marang Kèn Wirati, Jaka Lungga èsmu kasmaran, dèn têmbung marang Ulu Sanggora awèh, nanging jinalukan tambangan dhungulan kancana, Jaka Lungga lunga angupaya dhungulan kancana kinarya tambangan. Nuli ing saantara dina Jaka Langsur kampir ing desa Cita, wruh marang Kèn Wirati kasmaran, dèn têmbung marang [ma...]

--- 3 : 45 ---

[...rang] Ulu Sanggora, sarèhning Ulu Sanggora tan wruh yèn Jaka Langsur arine Jaka Lungga, panyanane sinêngguh Jaka Lungga, karana warnane kêmbar, dadi nora têtakon aran, mung têtakon ênggone aminta dhêdhungulan kancana, wuwuse Ulu Sanggora: Lah êndi têtambangane dhêdhungulan kancana. Ing kono Jaka Langsur eling sudarmane mêntas tuku dhêdhungulan kancana, Jaka Langsur pamit mulih marang Banasri, tutur marang sudarmane yèn ênggone ngupaya kadange tan katêmu, dupi kampir ing desa Cita kasmaran marang sutane Ulu Sanggora, dèn têmbung awèh nanging minta tambangan kancana marang Jaka Langsur, Ulu Sarmadana uga banjur amènèhake dhungulan kancana. Sun caritakake manèh Jaka Lungga, ing saungkure Jaka Langsur mau Jaka Lungga têka, ing ngarêpe Ulu Sanggora, angasungake dhungulan kancana tinampan, Jaka Lungga sinamayan ing antara dina dhaupe, Jaka Lungga pinondhokake anèng wismane magêrsari. Ora antara dina Jaka Langsur têka ing desa Cita, asung dhêdhungulan kancana, iya banjur tinampan marang Ulu Sanggora, amarga saka panarkane Ulu Sanggora kang asung dhungulan kancana iya Jaka Lungga, dènnya asung roro, marmane Ulu Sanggora muwus mangkana: Wus cukup [cu...]

--- 3 : 46 ---

[...ku] pawèwèhira aja angupaya manèh, balia maring pondhokanira wismaning magêrsari Kyai Gopa. Jaka Langsur nuli maring wismane Kyai Gopa, katêmu kadange tuwa Jaka Lungga rêrangkulan padha anangis, sakarone padha warta-winarta ing lêlakone dhewe-dhewe, têmah padha amiduhung, wuwuse Jaka Lungga maring Jaka Langsur: Lah adhi aku kang angalah têlungane wong atuwa, kowe lêstaria dadi mantune Ulu Sanggora. Wangsulaning Jaka Langsur: Lah kakang kula kang wajib angawon, andika kang wajib lêstantuna dados mantunipun Ulu Sanggora, karantên kula ajrih dêdukaning dewa yèn anglangkahana kadang sêpuh. Iku kongsi darêdah arêbut ngalah, nuli Kyai Gopa awèh wêruh marang Ulu Sanggora, yèn ana lêlakon mangkana. Ulu Sanggora bangêt kagète, karo-karone banjur padha dèn undang, wuwuse Ulu Sanggora: sira sapa sira sapa, wangsulane Jaka Lungga, angaku aran Jaka Lungga sutaning Ulu Sarmadana ing Banasri, wangsulane Jaka Langsur, arining Jaka Lungga sutaning Ulu Sarmadana. Ulu Sanggora nuli akon anêkakake Ulu Sarmadana, barêng Ulu Sarmadana wus têka, winartan lêlakon kang mangkana iku, Ulu Sarmadana pinasrahan kang dadi prayogane. [pra...]

--- 3 : 47 ---

[...yogane.] Ulu Sarmadana anari marang sutane karo, wangsulane iya padha arêp angalah, dadi saparene iki maksih padha kawêdhêngan ing pikir. Têlas cariyosipun Dèwi Rukmawati, Endhang Suli matur: Dhuh sang dèwi makatên punika kadospundi, sintên ingkang lêstantun dados mantunipun Ulu Sanggora, pangandikanipun Dèwi Rukmawati: Lamun iku rêbuta mênang, sayêkti mênang kang tuwa, karana dhungulan kancana, kang sêka Jaka Lungga kaskayane Jaka Lungga dhewe, sarta wus tinampan dhingin, dhungulan kancana kang sêka Jaka Langsur dudu kaskayane Jaka Langsur dhewe, marga pawèhing wong tuwane sarta tinampan kari. Ingatase rêbut angalah, iku kang wajib angalah Jaka Lungga, Jaka Langsur kang lêstari dadi mantune Ulu Sanggora, karana Jaka Langsur karoban pakon roro, iya iku pakoning bapa lan pakoning kadange tuwa, sayêkti Jaka Langsur kudu anglakoni, dene Jaka Langsur wêdi anglangkahi kadange tuwa, sayêktine Jaka Lungga wus pinaringan jodho maring dewa, aran Kèn Rawat, sutaning nangkoda sugih aran Juragan Rama, ing nalika Jaka Lungga lunga angupaya dhungulan kancana, kampir marang ing desa Karja, nuju Juragan Rama kasusahan awit [awi...]

--- 3 : 48 ---

[...t] sutane wadon kang aran Kèn Rawat lara kawongan, iku waras ingusadan Jaka Lungga, Juragan Rama luwih bungah, Jaka Lungga sinungan rajabrana kang adi-adi tan arsa, mung aminta dhungulan kancana kewala, Juragan Rama asung dhungulan kancana ginawa maring Jaka Lungga, nanging pangèsthine Juragan Rama, Jaka Lungga arsa ingambil mantu, maksih pakewuh dènira anyangkani, ing wêkasan sapungkure Jaka Lungga, Juragan Rama tata-tata saanak-rabine, arsa maring Banasri asêngadi darbe nadar ngèngèr maring Jaka Lungga, ing mêngko mèh prapta. Endhang Suli matur malih: Yèn makatên langkung utami panjênêngan paduka karsa adamêl pamrayogi ing prakawis punika. Dèwi Rukmawati angandika: Lah iya Endhang Suli payo padha marang ing desa Cita, Dèwi Rukmawati lajêng tumurun, Endhang Suli umiring. Dumuginipun dhusun ing Cita, Ulu Sanggora kalihan Ulu Sarmadana miwah kang wontên ing ngriku sami gupuh-gupuh amêthukakên sadaya, awit sampun sami sumêrêp dhatêng Dèwi Rukmawati, sasampunipun tata lênggah sarwa kinabêktenan, Dèwi Rukmawati andangu ingkang dados prayoginipun ing lêlampahanipun Jaka Lungga tuwin Jaka Langsur, sadaya sami matur amborongakên, nuntên Dèwi Rukmawati amranata kados [ka...]

--- 3 : 49 ---

[...dos] ingkang sampun kapangandikakakên dhatêng Endhang Suli wau, pangandikanipun dhatêng Jaka Langsur: Sira iku karoban pakon roro, siji pakoning wong atuwanira, roro pakoning kadangira tuwa, amêsthi sira kudu anglakoni, yèn tan amituhua kêna ing ila-ila, karana wong atuwa iku upama Sang Hyang Girinata, kadang tuwa iku upama Sang Hyang Endra, dene sira wêdi anglangkahi kadang tuwa, ing mêngko jodhone kadangira tuwa mèh têka saka pêparinging dewa. Sawêg kèndêl pangandikanipun Dèwi Rukmawati, katungka dhatêngipun Juragan Rama saanak-rabinipun, sarta mawi bêbêktan warni-warni, sampun ingacaran dhatêng Ulu Sanggora, bage-binage lajêng tinakenan sêdyanipun. Wangsulaning Juragan Rama: Kula punika juragan saking ing dhusun Karja, sêdya dhatêng dhusun ing Banasri badhe angèngèr dhatêng Jaka Lungga, sarêng kula dumugi ing Banasri, kawarti Jaka Lungga wontên ing dhusun Cita, mila kula lajêng mariki punika. Bêbukanipun sêdya angèngèr sampun kacariyosakên sadaya. Nuntên Dèwi Rukmawati paring pambage dhatêng Juragan Rama, Juragan Rama uninga dhatêng Dèwi Rukmawati lajêng gurawalan angaraspada saanak-rabinipun, ingkang wau ragi kêkilapan rèhning [rèh...]

--- 3 : 50 ---

[...ning] mêntas lêlampah. Dèwi Rukmawati angandika dhatêng Jaka Lungga: He Jaka Lungga sira tampanana pangèngère Juragan Rama sanak-rabine, Jaka Lungga matur sandika. Dèwi Rukmawati angandika dhatêng Juragan Rama: Anakira Si Rawat dhaupa lan Si Jaka Lungga, Juragan Rama anyumanggakakên, nuntên Jaka Lungga tinantun matur sandika anglampahi, Jaka Langsur dhinawuhan arsa dhinaupakên lan Kèn Wirati matur sandika. Nuntên Dèwi Rukmawati angandika dhatêng Ulu Sanggora: He Ulu Sanggora, sarèhning sira wus nampani dhungulan kancana saka Jaka Lungga, ing mêngko sira kabênêr ambawahi dhauping pangantèn karo pisan, Ulu Sanggora matur sandika. Enggaling cariyos, pangantèn kalih pisan sampun dhaup, binayangkare dening Ulu Sanggora, gênging pamiwaha anêlasakên suka. Sasampunipun makatên, Dèwi Rukmawati kondur dhatêng wukir Maendra, pangantèn sami kabêkta mantuk dhatêng Banasri, ing antawis dintên Juragan Rama mantuk dhatêng Karja.

Ing salêbêting taun Sarwadadi, etanging taun surya sangkala 456, tinêngêran karasa marganing dadi. Kaetang ing taun candra sangkala 470, tinêngêran kalunturan sabda pakarti muluk.

--- 3 : 51 ---

Amarêngi masa padrawana, kacariyos dwipangga pêthak ingkang amartapa wontên ing wukir Oya, inggih Rêdi Kidul tanah Ngayodya, mijil prabawanipun tăndha yèn sampun katarima kawuryan tejanipun, ing nalika punika wontên tiyang dhêdhêkah ing wana sacêlaking wukir Oya, nama pun Swamidha, dènira dhêdhêkah winastan ing Banayu, pun Swamidha wau sawêg kasandhangan prihatos, dene têgil pasabinanipun katêdhagan toya. Ing wanci dalu pun Swamidha angsal wangsit kinèn dhatêng wukir Oya, aminta idi dhatêng dwipangga pêthak, kang têtapa anjrum wontên pucaking wukir, sarêng enjingipun pun Swamidha lumampah dhatêng wukir Oya, kapanggih kalihan dwipangga pêthak, lajêng anêmbung nyuwun idi têtanêmanipun ing têgil pasabinan, kailènana toya, dwipangga pêthak awicantên: Sira tumuruna mulih maring wismanira, yèn ana swara apa-apa aywa sira tolih. Pun Swamidha langkung kagawokan, dene dwipangga pêthak sagêd amicara tata janma, pun Swamidha angèstokakên lajêng tumurun saking wukir. Mangkana dwipangga pêthak anyipta toya mijil saking tulale, sasêdyanipun tinarima ing dewa, sanalika wau tulalenipun mili toya langkung kathah kados sirahing [si...]

--- 3 : 52 ---

[...rahing] lèpèn, lampahipun toya anut lampahipun Swamidha, swaranipun kumarasak kados angin păncawora sindhung riwut, pun Swamidha lumajêng nanging botên anolih ngantos dumugi ing wismanipun, toya lajêng angoncori têgil pasabinanipun pun Swamidha, têtanêmanipun tulus kamêdalan. Swamidha lajêng angantuk-antuki dhatêng dwipangga pêthak, lajêng kawartos dhatêng ing dhusun kiwa têngênipun, kathah tiyang ingkang sami dhatêng minta barkah warni-warni dhatêng dwipangga pêthak, wontên ingkang minta kasugihan, wontên ingkang minta kasantikan, wontên ingkang minta kamulyan tuwin kaluhuran sapanunggilanipun, kathah ingkang sami katarima.

Amarêngi masa asuji, kacariyos Dèwi Rukmawati têdhak dhatêng wukir Oya amanggihi dwipangga pêthak, pangandikanipun: He kulup, wus sêdhênge ênggonira nglakoni têtapa, ing mêngko sira lungaa marang desa ing Waita, angèngèra marang Ki Buyut Lagra, apa ing sapituduhe sira lakonana, lan sira ing mêngko ingsun paringi aran Gajah Oya, dwipangga pêthak matur sandika lajêng mangkat. Ing sapêngkêring dwipangga pêthak, Dèwi Rukmawati anyipta pucaking wukir Oya winangun kadi liman anjrum, kinarya [ki...]

--- 3 : 53 ---

[...narya] tăndha ing katrimanipun dènira têtapa dwipangga pêthak, nuntên Dèwi Rukmawati kondur dhatêng wukir Maendra. Ing Nalika punika yèn wontên têtiyang aminta barkah dhatêng dwipangga, amung anênêpi kemawon wontên tilas patapanipun dwipangga pêthak, saking katrimanipun dènira têtapa, ing sabên wontên tiyang anênêpi antuk wangsit kadi pamangsiting dwipangga pêthak.

Kacariyos, lampahipun dwipangga pêthak sampun dumugi ing wana paminggiring dhusun ing Waita, kapanggih kalihan Buyut Lagra sawêg anuju mêndhêt kajêng, Gajah Oya anyêlaki sarwi pitakèn prênahing dhusun Waita, Buyut Lagra langkung kagèt ing manahipun, dene dipun cêlaki dwipangga pêthak sagêd tata janma, Buyut Lagra amangsuli sarwi gumêtêr: He gajah putih, ana paran sira têtakon desa ing Waita. Wangsulaning dwipangga prasaja bilih sumêdya suwita dhatêng Ki Buyut Lagra. Mangkana Ki Buyut Lagra anggarjita, baya iki sih pitulunging dewa ana kang angusungake gon ingsun amèk kayu, Ki Buyut lajêng pratela bilih ingkang nama Buyut Lagra ing Waita inggih piyambakipun, dwipangga pêthak tinakenan nama pinangkanipun, angakên saking wukir Oya, anama Gajah Oya, Buyut Lagra langkung

--- 3 : 54 ---

panuju ing manah. Dwipangga aningali anggènipun Buyut Lagra amêndhêt kajêng sangêt rêkaos, dados anyagahi amêndhêtakên kajêng sabên dintên, Buyut Lagra langkung suka anarima, Dwipangga Oya lajêng ingambil suta, Buyut Lagra mantuk, dwipangga umiring lêstantun sabên dintên amêndhêtakên kajêng dhatêng wana, Buyut Lagra saya wêwah-wêwah sih trêsnanipun dhatêng Gajah Oya.

----------

Panunggilanipun.

Bab kaping 5.

Perangan ăngka 5 nama Sêrat Sri Sadhana, kaanggit dening Êmpu Kalangwan ing Mamênang, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, taun candra sangkala 879.

Wiyosipun, ingkang dados bêbuka kacariyosakên rumiyin, tumrap ing Sêrat Sri Sadhana, ing salêbêtipun taun Wirodi, etanging taun surya sangkala 457, tinêngêran kaswarèng marganing catur. Kaetang ing taun candra sangkala 471, tinêngêran nata manabda karya [kar...]

--- 3 : 55 ---

[...ya] barakan.

Amarêngi masa palguna, kacariyos nagari ing Purwacarita, Prabu Sri Maha Punggung animbali ingkang putra Radèn Sadhana, katantun badhe dipun kramakakên angsal Dèwi Panitra, arinipun Arya Partaka, punggawa ing Purwacarita, Arya Partaka wau putraning Bathara Patyawaka, Bathara Patyawaka putraning Hyang Rêsi Satyaka, Hyang Rêsi Satyaka putraning Sang Hyang Pancarêsi. Ananging Radèn Sadhana dèrèng sêdya krama manawi ingkang bok ayu Dèwi Sri dèrèng apalakrama, ingkang rama amaripih mêksa datan kongkih, pinêksa-pêksa mêksa lênggana, ingkang rama kakên galihipun, Radèn Sadhana dipun dukani lajêng tinundhung, Radèn Sadhana kondur, sarawuhipun ing dalêm saya kagagas-gagas dukanipun ingkang rama, sarêng dalu lajêng lolos saking praja tanpa wadya. Ing antawis dintên Dèwi Sri amiyarsa yèn kang rayi tinundhung lajêng nututi kesah, karsa angupadosi ingkang rayi Radèn Sadhana, kesahipun Dèwi Sri botên wontên ingkang andhèrèkakên, Prabu Sri Maha Punggung lajêng adhêdhawah dhatêng wadyabala kinèn angupadosi Dewi Sri.

Amarêngi masa wisaka, gêntos kacariyos sutanipun [sutani...]

--- 3 : 56 ---

[...pun] Rêsi Pulaha, kang anama Ditya Pulaswa ingkang kapalajêng kawon prang kalihan Radèn Brahmanisita, sapraptaning dhangkanipun lajêng arêraton malih wontên ing wana Mêdhangkumuwung, wêwêngkonipun nagari Mêdhangkamulan ing Roban, ajêjuluk Raja Pulaswa, abêbala para ditya raksasa, ingkang minăngka pêpatih, kadangipun nak-sanak kaprênah sêpuh, nama Ditya Kalasuba, sosoranipun nama Ditya Kalandaru, ditya kêkalih punika sami arining Bathara Kalakeya, sami putranipun Bathara Kalayowana, Bathara Kalayowana putranipun Sang Hyang Kala ingkang sêpuh piyambak. Kacariyos, Raja Pulaswa ing nalika punika supêna panggih asta lungiyan kalihan Dèwi Sri putri ing Puwacarita, Raja Pulaswa lajêng utusan Ditya Kalandaru, dhatêng Purwacarita angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên. Dumugi ing Purwacarita, sampun matur dhatêng Prabu Sri Maha Punggung anggènipun dinuta ing ratunipun, dhawuh wangsulanipun Prabu Sri Maha Punggung, botên sagêd anampèni panglamaring ratunipun, amargi Dèwi Sri musna tanpa karana, Kalandaru winawratan angupadosi, manawi kapanggih pinaringakên. Kalandaru matur sandika lajêng pamit mundur apirêmbagan kalihan panêkaripun, punapa matur dhatêng [dha...]

--- 3 : 57 ---

[...têng] rajanipun, punapa lajêng angupadosi, rêmbaging panêkaripun, prayogi lajêng angupadosi kemawon, nanging utusana angaturi uninga dhatêng Raja Pulaswa, Kalandaru anayogyani, lajêng utusan panêkaripun satunggal, wasta Ditya Wisruka, kapurih mantuk dhatêng Mêdhangkumuwung matur dhatêng Raja Pulaswa, Ditya Wisruka umangkat, Ditya Kalandaru sapanêkaripun lajêng angupadosi Dèwi Sri, Ditya Kalandaru wau gadhah aji panggandan, sarêng dipun watêg kaambêt gandanira Dèwi Sri lajêng linacak.

Amangsuli ingkang kacariyos, kesahipun Dèwi Sri tansah anusup angayam wana, anggènipun angupadosi ingkang rayi Radèn Sadhana mêksa dèrèng kapanggih, lampahipun Dèwi Sri kèndêl wontên padhusunan ing Tulyan, anjujug ing pawonipun Buyut Soma, nuju semahipun Buyut Soma kang anama Kèn Swami, sawêg angrêsiki pawon, sarêng sumêrêp wontên pawèstri dhatêng lajêng tinakenan, wangsulanipun Dèwi Sri prasaja bilih putranipun Prabu Sri Maha Punggung anama Dèwi Sri, Nyai Buyut langkung ajrih dene karawuhan gusti, lajêng anguwuh lakinipun, Buyut Soma têtakèn sampun jinatosan dhatêng semahipun, Buyut Soma tumut [tumu...]

--- 3 : 58 ---

[...t] ajrih ingaturan lumêbêt ing wisma, Dèwi Sri anuruti. Nuntên Buyut Soma aparentah dhatêng semahipun, kinèn angrukti pasugata, Dèwi Sri angandika: Wus tan susah sira sugata, ingsun mung aminta kinang ayu lan kêmbang borèh, muwah paèsan sarta dupa, ingsun arsa amêmuja sadhela, sarêng sampun sinaosan, Dèwi Sri lajêng amêmuja, ing satêngahipun amêmuja Dèwi Sri kagèt, dene semahipun Buyut Soma angêtapakên wêwadhah, lajêng mijil saking pahoman sarta ngandika: He somahe Buyut Soma, yèn sira arêp kaduluran sandhang pangan, aja sok anatabake wêwadhah, lan maninge dèn tabêri sira angrêsiki wisma sarta dèn tabêri adêdupa, sabên sira tangi turu aja kongsi kadhinginan tangining ayam, sabên sira arêp mangan angantia ing saadhême sêga jangan, ing sawusira amangan, ajangira asahana dèn arêsik, aja sok anyinggahake ajang durung ingasahan, lan yèn sira arêp turu adusa dhingin, tangining turu iya adusa, nuli mijila maring jabaning wisma, lawang-lawangira padha ngakêna, têlas pangandikanipun Dèwi Sri. Buyut Soma akalihan semahipun sami angèstokakên, nuntên Dèwi Sri lumêbêt [lu...]

--- 3 : 59 ---

[...mêbêt] dhatêng pahoman malih andumugèkakên dènira mêmuja, Buyut Soma saanak-rabinipun sami rumêksa, sarêng ing têngah dalu nuju Buyut Soma saanak-rabinipun sami tilêm, Dèwi Sri lolos saking ing dhusun Tulyan, enjingipun Buyut Soma angupadosi nanging botên kapanggih, awit Dèwi Sri sampun têbih.

Ya ta kawuwusa lampahipun Ditya Kalandaru, anggènipun anglacak dhatêng Dèwi Sri, kapanggih akalihan tiyang ngambil kajêng, nama pun Wedhana, tinakenan dhatêng Ditya Kalandaru yèn sumêrêp purugipun Dèwi Sri, pun Wedhana mangsuli botên sumêrêp, sarêng tiniti-titi, wantuning sayah mêntas ngambil kajêng, pun Wedhana têmah cênthula ing wuwus, wêkasan dados prang, pun Wedhana pêjah, Ditya Kalandaru lajêng lampahipun anglacak Dèwi Sri.

Kacariyos malih lampahipun Dèwi Sri, tansah anusup angayam wana, wasana kasandhung ing wangkenipun pun Wedhana, Dèwi Sri langkung kumêpyur ing galih, dipun nyana ingkang rayi Radèn Sadhana seda, Dèwi Sri karuna sêsambat amêlasasih: Dhuh ariningsun Sadhana, sira sun ulati kapati-pati wêkasan têka katêmu mati. Sasampunipun ragi lilih karunanipun, Dèwi Sri lajêng anglukari [a...]

--- 3 : 60 ---

[...nglukari] cacênthingipun kadamêl angulêsi wangke, sarêng sampun ingulêsan sarta tinangsulan, wangke lajêng badhe dipun bopong sumêdya kabêkta sumingkir dhatêng padhusunan, Dèwi Sri mambêt gandaning wangke lajêng kasambêt kantu gumuling siti.

Gêntos kacariyos, Buyut Bawadha ing dhusun Mêdhangwangi, angupadosi adhinipun kang anama pun Wedhana, awit anggènipun kesah amêndhêt kajêng botên wontên mantuk, sarêng dumugi ing panggenan wangke, Buyut Bawadha langkung kagawokan, dene wontên wangke jalu èstri, sarêng dipun cêlaki, wangke èstri wau dipun tingali botên pandung yèn Dèwi Sri, amargi ing ngajêng sampun nate uninga, Buyut Bawadha anjrit karuna kadi wanudya. Dèwi Sri kagèt lajêng wungu lênggah, andangu namanipun kang karuna, matur nama Buyut Bawadha ing Mêdhangwangi, dhusunipun Radèn Sadhana, milanipun karuna dene uninga Dèwi Sri gilang-gilang gumuling ing bantala, dipun sêngguh seda, Dèwi Sri angandika: Iya ingsun kantaka dene kasambêt ênggon ingsun arsa ambayang sawaning Si Sadhana, mati tan karuwan kang amatèni, Buyut Bawadha langkung kagèt lajêng anjêlèh sêsambat angaru-ara, sasampuning ragi lilih, Buyut Bawadha

--- 3 : 61 ---

tumuntên ambuka tutuping mukaning wangke, kawistara yèn wangkenipun pun Wedhana, Buyut Bawadha kèndêl dènira karuna lajêng matur dhatêng Dèwi Sri: Dhuh Sang Dèwi wangke punika dede layonipun Radèn Sadhana, wangkenipun ari kawula pun Wedhana, kesahipun ing ngajêng mêndhêt kajêng wêkasan kapanggih pêjah punika, sasampuning têlas aturipun, Buyut Bawadha lajêng karuna malih. Dèwi Sri angunandika, yèn mangkana ariningsun Si Sadhana maksih, nuntên angêngimur dhatêng Buyut Bawadha, sarêng Buyut Bawadha sampun lipur, Dèwi Sri ingaturan tindak dhatêng Mêdhangwangi, Dèwi Sri anuruti, wangkenipun Wedhana, lajêng kapêtak ing panggenan ngriku, Buyut Bawadha andhèrèkakên Dewi Sri, sadumugining griyanipun ing Mêdhangwangi, Dèwi Sri angandika dhatêng semahipun Buyut Bawadha, kang anama Patani: He Patani ing ngêndi pêpajanganira, ingsun têka angrasa arip, arsa nendra sadhela, ananging sarèhning pêpajanganira arsa ingsun anggo sare, sira rêsikana, tatanana kasur guling bantal kang kumêndhung-kêndhung, sarta dokokana diyan, sandhingana kêndhi watu isi banyu, kinang ayu kêmbang borèh, jroning pajangan dupanana, kabèh iku minăngka sêsajiningsun, manawa ingsun arsa ngunjuk utawa anggantèn.

--- 3 : 62 ---

Kèn Patani matur sandika, sampun lajêng angèstokakên sadaya dhawuh pangandikanipun Dèwi Sri, Dèwi Sri lajêng lumêbêt pajangan langkung rêsêp ing galih. Sarêng sampun sare sakêdhap wungu lajêng angunjuk toya nuntên anggantèn, wêdalipun saking pasareyan sinaosan dhahar, nanging botên karsa, pangandikanipun: Ingsun durung arsa mêmangan, sajèkêna anèng ngarêping pêpajangan kewala tumpêng iku, ingsun wus marêm angombe banyu kang ana ing kêndhi watu, sayêkti dahat panarimaningsun maring sira, dene gon ingsun turu karasa kapenak, wêwêkas ingsun maring sira Patani, lêstarèkna ênggonira anata pêpajanganira kaya mangkana mau, malah dokokana kalasa sisik mêlik, lan bantal barabon minăngka pêpali, iku kang dadi karana kapenaking gon ingsun nendra, lan sabên dina malêm Sukra, pêpajanganira rêsikana, banyune kêndhi salinana, nganggo sajènana kêmbang borèh, tumuli dêdupaa. Iku sing sapa wonge angèstokake wêwêlingan ingsun mau, ing salawase tutug jaman wêkasan, sanadyan ingsun wus badan alus, ingsun iya bakal kêrêp anêdhaki, manawa kêrêp ingsun têdhaki, sayêkti kaduluran sandhang pangan, sarta wêwêkas ingsun maring sira, aja

--- 3 : 63 ---

angêngêbutake jarit ing wêngi, aja anênapu utawa akêkêlut paturon sawusing surup surya, lamun sira têtêbah paturon sadurunging surup surya, sarta rêsikana dalah joganira, esuke sira têbahana manèh, sarta anênapua ing sadurunging mêtu surya, dene Buyut Bawadha, ingsun wêkas aja sok ambuka simpênaning somahira, ila-ilane têrabas kêrêp kelangan, Buyut Bawadha dalah semahipun matur sandika amituhu sapangandikanipun Dèwi Sri.

Kacariyos, enjingipun Ditya Kalandaru kalihan bala danawa sadaya sami angêpang dhusun ing Mêdhangwangi, swaraning ditya kumarusuk, amargi para danawa mambêt gandanipun Dèwi Sri angambar botên kesah-kesah. Buyut Bawadha sarêng sumêrêp wontên danawa angêpang dhusun, lajêng angungêlakên gêndhong, botên watawis dangu tiyang sadhusun anglêmpak sampun sami siyaga sadêdamêlipun, mêdal dhatêng jawining pakarangan, Buyut Bawadha tinakenan dhatêng Ditya Kalandaru ing panggenanipun Dèwi Sri. Wangsulaning Buyut Bawadha apitambuh, tiniti-titi mêksa kumbi. Wicantênipun Ditya Kalandaru: He wong mangkono iku pantês pinatenan kaya wong kang ngambil kayu duk ing wingi. Bala rêksasa [rê...]

--- 3 : 64 ---

[...ksasa] tampi sipta sasmita lajêng angrubut dhatêng Buyut Bawadha. Ya ta Buyut Bawadha ing nalika punika sumêrêp yèn pêjahing arinipun sayêkti saking pamaripêksaning ditya punika, lajêng ngamuk punggung sura tan taha, para bala danawa kathah ingkang pêjah binindi, Kalandaru mangsah pêpulih prang rame gêntos kalindhih, dangu-dangu Buyut Bawadha kaprajaya badhama pêjah, kawulawarganipun sami mangsah pêpulih mêksa tan măngga puliha, akathah ingkang pêjah kasambut madyaning rana, sasesaning pêjah sami lumajêng asasaran.

Kacariyos, Dèwi Sri kalihan Kèn Patani, sarêng sumêrêp yèn Buyut Bawadha pêjah, dahat sami sungkawanipun, pangandikanipun Dèwi Sri: Lah Patani dèn age anggawea gêcok mêntah dokokêna anèng padoning desa. Kèn Patani lajêng damêl gêcok mêntah sinèlèhakên pêpadoning dhusun, sarêng padoning dhusun dipun dèkèki gêcok mêntah, para danawa sami bingung pating bilulung, Kalandaru botên kobêr angambêt gandaning Dèwi Sri, pijêr angambêt gandaning gêcok mêntah karaos sêgêr badanipun, lajêng parentah kinèn angupadosi. Mangkana ing sadangunipun para danawa sami bilulungan ngupadosi gêcok mêntah, Dèwi Sri akalihan Kèn Patani lolos saking

--- 3 : 65 ---

Mêdhangwangi, murang marga anusup ing wanapringga, sagunging para danawa tan wontên uninga têmah sami katilapan. Ing nalika punika Dèwi Sri sawêg uninga bilih kabujung ing danawa, nanging dèrèng sumêrêp ingkang dados sababipun kabujung, panggagasing panggalih, anggènipun dipun bujung ing ditya wau amung badhe dipun măngsa, mila lampahipun botên etang pringga bayaning margi, sinêru daya-daya têbiha. Parmaning dewa lampahipun Dèwi Sri, langkung gancang rêncang botên wontên sangsayanipun, sarêng dumugi ing dhusun Karanglêngki, nuju semahipun Buyut Krama ing Karanglêngki, sawêg mususi uwos wontên ing lèpèn, Kèn Patani sampun wanuh, kalihan semahipun Buyut Krama, awit kala sami anguyang nêmpur, Kèn Patani lajêng anguwuh, wicantênipun: Sambarena-sambarena, tgêsipun: Biyang Samba Biyang Samba, iki gustinira Dèwi Sri têdhak marene. Semahipun Buyut Krama ingkang kasêbut Biyang Samba wau sarêng amiyarsa panguwuhipun Kèn Patani, lajêng sumaur sarta gupuh-gupuh amurugi, dumugi ngarsanipun Dèwi Sri, lajêng angacarani, pangandikanipun Dèwi Sri: Sira andhinginana angrêsikana wismanira. Biyang Samba lajêng ngrumiyini, awêwarti dhatêng lakinipun, Buyut Krama langkung suka lajêng tumut atata-tata. Biyang Samba [sa...]

--- 3 : 66 ---

[...mba] ing sasampunipun rêrêsik anata-nata salêbêting griya, lajêng angaturi Dèwi Sri, sampun tumêdhak lumêbêt ing griya lênggah ing salu cêlak padaringan, mangkana Dèwi Sri sarêng mambêt gandaning wos wangèn têka badhe karsa dhahar, lajêng angandika dhatêng Kèn Patani: He Patani ing salawase ingsun lunga sêka ing praja, lagi ing mêngko ingsun karasa luwe, nanging ingsun wus prasêtya yèn durung katêmu lan ariningsun Si Sadhana durung sêdya mangan. Aturipun Kèn Patani: Dhuh gusti, mênggah ing karsa paduka makatên punika inggih kaluhuran, ananging ing atasipun sawêg kalêson, wênang adhahara ing sawatawis, dadosa jampi lêsu kemawon, Dèwi Sri panuju ing galih. Nuntên Kèn Patani aparentah dhatêng Biyang Samba, dhuh bagya kamayangan têmên Biyang Samba, têka gustinira ing mêngko karsa dhahar, lah mara ing saanane ladènana. Biyang Samba langkung suka lajêng badhe andumugèkakên dènira olah-olah. Dèwi Sri angandika malih: He Biyang Samba, sira olah-olaha kang anuwuhake sêgêring sariraningsun, iya iku kang ingaranan sêga golong pêcêl pitik jangan mênir, lamun sira durung sumurup, sêga golong iku, sêga sawuse diêngi adhêm, nuli ulig-uligên samaja-maja[sa...]

--- 3 : 67 ---

[...maja-maja] gêdhene, pêcêl pitik iku, panggang pitik iwake sira cuwilana, banjur sira cêmplungêna ing sambêl, kang nganggo bumbu bawang kêncur sarta kang dèn dokoki duduh santên, jangan mênir iku, bayêm utawa gêgodhongan liyane kinêla, duduhe banyu tawa ora nganggo santên, bumbune brambang kunci, gula uyah. Biyang Samba matur sandika lajêng olah-olah miturut piwulangipun Dèwi Sri, sarêng sampun sarwa samapta kaladosakên. Nuntên Dèwi Sri dhahar amung sakêpêl sampun, pangandikanipun dhatêng Biyang Samba: Bangêt panarimaningsun Biyang Samba ênggonira anyugata, yèn sira arêp kaduluran sandhang pangan, iya sêsajia sêga golong pêcêl pitik jangan mênir anèng padaringan, sandhingana gêdhang ayu suruh ayu kêmbang borèh, Biyang Samba matur sandika. Dèwi Sri angandika malih: Lan ingsun takon maring sira Biyang Samba, apa karanane padaringanira têka ana ing jaba sarta dèn padhangake. Aturipun Biyang Samba: Dhuh dèwi amargi asring dipun têdha ing tikus. Pangandikanipun Dèwi Sri: Padaringan ana ing jaba sarta kapadhangan dening surya iku, ila-ila boros, yèn sira susah dening tikus, damarira ing padaringan aja kêndhat, lan padaringanira sandhingana

--- 3 : 68 ---

kalungsu sarta kacang wose, sarta aja sok anakêr bêras ing wêngi, ila-ilane katêkan salêmêt, sasampunipun Dèwi Sri angandika makatên, lajêng lumêbêt dhatêng padaringan, Biyang Samba tinimbalan, Dèwi Sri angandika malih: He Biyang Samba, wadhahira bêras iki têka ana kalobote. Biyang Samba matur: Punika kawula angge têtêngêr yèn kalêbêtan tikus kapirênga kumrosak. Pangandikanipun Dèwi Sri: Padaringan iku sirikane aja kongsi kadokokan kalobot, lan sêga aking utawa katul, ila-ilane asring katêndhagan bêras, Biyang Samba angèstokakên ing sapangandikanipun Dèwi Sri. Sasampunipun makatên, Dèwi Sri pamit arsa andumugèkakên lampah angupadosi Radèn Sadhana, Buyut Krama matur mambêngi, Dèwi Sri ingaturan rêrêp ing sawatawis dintên, sarta Buyut Krama sagah angupadosi Radèn Sadhana. Pangandikanipun Dèwi Sri sangêt anarima, nanging ingkang kados sandeyaning galih dene dipun bêbujung ing danawa, yèn kacandhak sayêkti dèn măngsa. Buyut Krama anggarjita dadya tuwuh kasudiranipun, matur anyagahi mêthukakên danawa. Nuntên Kèn Patani wêwarti yèn pêjahing lakinipun kawon prang kalihan danawa, [da...]

--- 3 : 69 ---

[...nawa,] Buyut Krama ambêkuh tur sêmbah mêdal lajêng anglêmpakakên kawulawarganipun. Sami tata-tata samaptaning ayuda, sarêng sampun rumantos, lajêng pamit dhatêng Dèwi Sri yèn arsa anêlasah danawa, Dèwi Sri anglilani, Buyut Krama sakawulawarganipun mangkat, dèrèng ngantos têbih ing panêlasahipun, kapêthuk lampahing Ditya Kalandaru, takèn-tinakenan sami angoso têmbung lampah, wêkasan dados prang, langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu kawulawarganipun Buyut Krama kathah ingkang pêjah, sasesaning kang pêjah sami lumajêng kamigilanên dhatêng solahing danawa. Buyut Krama ngamuk punggung sura tan taha, dhasar têguh timbul sugih santosa băndha kasudiran, nanging rèhning kesisan bala kantun badan walaka, wêkasan Buyut Krama kapracondhang pêjah kinêprukan ing sela, ing sapêjahipun Buyut Krama, para danawa mangkat malih anglacak Dèwi Sri.

Kacariyos Dèwi Sri, sampun amiyarsa pawartos yèn Buyut Krama pêjah, Dèwi Sri lajêng lolos saking Karanglêngki, Kèn Patani kalihan Biyang Samba umiring, lampahipun tansah arêreyongan anusup ing wanawasa, ing ngriku lampahipun Dèwi Sri dumugi ing dhusun Kalimarka, nguningani wontên rare jalêr langkung ambêkta karung, [ka...]

--- 3 : 70 ---

[...rung,] tinakenan dhatêng Kèn Patani, nama sarta purugipun, wangsulanipun rare jalêr anama pun Sindura, badhe nusul bapa biyungipun sawêg angundhuh sêkar ing patamanan, Dèwi Sri kalihan Kèn Patani tuwin Biyang Samba lajêng sami tut wingking. Mangkana Buyut Radhima kalihan semahipun anama Kèn Sangkêp, sampun dangu dènira angantosi anakipun, ingkang dipun kèngkèn amêndhêt karung kadamêl wadhah sêkar, sarêng pun Sindura katingalan, Buyut Radhima langkung kagawokan, awit botên nyana bilih Dèwi Sri tut wingking anakipun, Buyut Radhima kalihan Kèn Sangkêp sami gurawalan amêthukakên, sarwi karuna asêsambat mêlasarsa, wicantênipun: Dhuh dhuh gusti pêpundhèn kawula, kawula kados tiyang supêna, dene panjênêngan paduka rawuh ing ngriki, botên mawi kadhèrèkakên ing wadya punggawa, măngka langkung têbih gawat marginipun, wangsulanipun Dèwi Sri: angupadosi ingkang rayi Radèn Sadhana, kesah tinundhung ingkang rama. Buyut Radhima sarêng amiyarsa pangandikanipun Dèwi Sri sangsaya karêrantan manahipun, lajêng tumêngèng tawang andêdonga makatên, Hyongyangi kadardèng pangêmpwa sulun, suwawi sira ngakupamèng wkang lalun, rika dwi syan padhemuta ywa

--- 3 : 71 ---

kapilun, tgêsipun: dhuh dewa ingkang asih ing ratu kawula, mugi-mugi angapuntêna dhatêng sang ratu, supados sang ratu angapuntêna dhatêng putra anglalu, ing kalih-kalihipun sami emuta sampun kalajêng-lajêng. Sasampunipun Buyut Radhima andêdonga makatên, nuntên Dèwi Sri ingaturan têdhak ing wismanipun, wangsulanipun Dèwi Sri: Wus tan susah ingsun maring wismanira, karana ingsun mung mampir kewala, yèn ajaa kasusu binuru ing ditya, sayêkti ingsun karasan anèng patamananira ing kene, dene pêpak têmên tandurane, nanging kuciwane tanpa pêpali, patamanan iku, kang dadi pêpaline tulusa kang sarwa tinandur, kudu nganggo sira tanduri andong lawan puring, sarta yèn sira angêngundhuh sêsajia sêga gimbal, sandhingana kêkuluban tinata wangun urip, lawan kêmbang lunglungan untingana dèn asangkêp, pakolèhe supaya ora kantrak ing wuri, Buyut Radhima matur sandika sêdya angèstokakên, nuntên Dèwi Sri pamit, ingaturan sumêne botên karsa, awit sumêlang manawi sêlak kacandhak ing ditya Buyut Radhima pakèwêd ing manahipun, lajêng umatur: Dhuh dhuh pêpundhèn kawula, manawi makatên, panjênêngan paduka kawula ungsèkakên dhatêng ing

--- 3 : 72 ---

Mêdhangwantu, dhusun agêng kathah têtiyangipun ingkang sami digdaya, awit Buyut Wangkêng ing Mêdhangwantu punika sampun misuwur ing kadigdayanipun, ing salaminipun dados paguron, mila kinèringan ing sasami, kuciwanipun têbih, saking ngriki lêlampahan tigang dintên, nanging manawi sinêru ing lampah ing dalêm kalih dintên kemawon dumugi, têlas aturing Buyut Radhima. Dèwi Sri panuju ing galih lajêng mangkat, Buyut Radhima saanak rayatipun tuwin sakulawarganipun sami umiring. Sarêng lampahipun dumugi dhusun Bèji kèndêl, nuju Umbul Manggala wontên ing kandhang, sawêg amulasara maesa lêmbunipun sami sakit kaparag ing dhingkêl, wontên ingkang pêjah kamăngsa ing potho, Buyut Randhima suka sumêrêp yèn Dèwi Sri têdhak, Umbul Manggala lajêng gupuh-gupuh mêthuk angacarani lumêbêt ing wisma, Dèwi Sri anuruti têdhak kampir ing kandhang, andangu bêbukanipun ingkang dados sakitipun ing rajakaya, Umbul Manggala sampun angaturakên ingkang dados bêbukanipun yèn kaparag ing dhingkêl, tuwin kamăngsa ing potho. Dèwi Sri lajêng angunus sêsupenipun ingkang mawi rajah kalamuksa, pangandikanipun: Ali-aliningsun iki ana rajahe kalamuksa, lah coba kalukunên ing banyu [ba...]

--- 3 : 73 ---

[...nyu] tuli, nuli sira ombèkna ing rajakayanira manawa bisa waras, Umbul Manggala anampèni sêsupe lajêng kinaluku ing toya tuli, nuntên kaombèkakên ing maesa lêmbu kang sami agring sadaya, sami sanalika saras, Umbul Manggala sangêt sukuripun, supe sampun kaaturakên dhatêng Dèwi Sri malih. Nuntên Dèwi Sri lumêbêt dhatêng wisma sampun sinaosan dhêdhaharan warni-warni, nanging Dèwi Sri botên karsa dhahar sêkul, amung dhahar pisang pulut saulêr, nuntên Dèwi Sri amanoni ungkêr kalihan sigi sumêlap, lajêng andangu dhatêng Umbul Manggala: Iki ana ungkêr lan sigi sumêlap. Apa somahira angantih lan anênun, Umbu Manggala umatur: Dhuh sang dèwi, semah kawula sampun pêjah, dèntên ungkêr punika mêntas kapêndhêt bênangipun, bênang kalihan sigi kadamêl sarat anêbihakên dhingkêl, Dèwi Sri angungun lajêng angandika: Lah Umbul Manggala pirabara ing têmbe yèn ingsun bisa mulih maring praja, yèn ana bocah ingsun kang dadi sênêngira sayêkti ingsun dhaupake, ing mêngko ingsun atêrêna marang Mêdhangwantu, Umbul Manggala andhêku matur sandika, nuntên Buyut Radhima wêwartos dhatêng Umbul Manggala ing lêlampahanipun Dèwi Sri, Umbul Manggala sanalika tuwuh kasudiranipun, ananging [a...]

--- 3 : 74 ---

[...nanging] dangu-dangu dipun raos, rumaos botên kawawa yèn amêthukêna danawa, dados lajêng angundhangi kawulawarganipun, sasampuning sami dhatêng dipun parentahi andhèrèk sadaya matur sandika, nuntên Dèwi Sri mangkat saking dhusun ing Bèji.

Gêntos kacariyos, Buyut Warahas ing dhusun Boga sawêg arêrêmbagan kalihan semahipun, anama Kèn Pitêngan, ingkang rinêmbag badhe angupados sarat, anggèning wos pantunipun sami kaparag ing sarêmêt bubuk brit. Nuntên Buyut Warahas akalihan semahipun sami dhatêng ing lumbung sumêdya andhudhah pantun kang wontên ing lumbung badhe dipun pilihi, sarêng pantun sampun kaudhunakên saking lumbung, kapanujon lampahipun Dèwi Sri dumugi dhusun Boga, langkung sacêlaking lumbung, Dèwi Sri lajêng kampir jujug ing lumbung, Buyut Warahas kalihan semahipun sami dèrèng sumêrêp dhatêng Dèwi Sri, nuntên Buyut Radhima anyêrêpakên dhatêng Buyut Warahas. Yèn kang kadhèrèkakên punika Dèwi Sri putraning nata sawêg kinuncang ing dewa, Buyut Warahas akalihan Kèn Pitêngan lajêng sami makidhupuh sumêmbah anuhun pangaksama sampun katarima. Nuntên Dèwi Sri andangu namanipun sarta sababipun pantun kadhudhah

--- 3 : 75 ---

saking lumbung, Buyut Warahas sampun matur namanipun kalihan namaning semahipun tuwin sababipun pantun kadhudhah wau. Pangandikanipun Dèwi Sri: He Pitêngan, aranira iku padha karo araning ratune bubuk bang, yèn sira inguwuh marang lakinira Buyut Warahas, iku ratuning bubuk bang mara saanak-putune, lamun sira kinongkon maring lumbung, iku ratuning bubuk bang saanak-putune iya tumuli maring lumbung, karana yèn sira inguwuh utawa kinongkon ing lakinira, panarkane ratuning bubuk bang iya inguwuh sarta kinongkon. Marmane ing mêngko manawa sira sakarone anyondhongi, prayoga sira angaliha aran Kèn Martani, Buyut Warahas angaliha aran Buyut Muksala, manawa dadi sarana pangruwating sarêmêt bubuk bang, Buyut Warahas kalihan Kèn Pitêngan matur sandika sami angèstokakên, nuntên Dèwi Sri amulang măntra makatên: Hong palacat murca ruwat kalasuha, hong sri mandêl magurên têla maswaha. Buyut Muksala kalihan Kèn Martani sampun sami widagda, Dèwi Sri angandika malih: Măntra rong rupa kandhaku iku wacakêna ing kêmbang sulasih, sawurêna maring pari kang kaparag ing bubuk bang, Buyut Muksala kalihan semahipun lajêng sami angèstokakên [angè...]

--- 3 : 76

[...stokakên] ing sadhawah piwulangipun Dèwi Sri, sarêmêt akalihan bubuk brit sami sirna sanalika. Dèwi Sri angandika malih: He Muksala sarta sira Kèn Martani, manawa sira munggah maring lumbung padha sêsucia kang arêsik, sarta sabên dina malêm Sukra lumbung kudu dinupanan, lamun sira arêp andhudhah pari ing lumbung, nganggoa sêsajia suruh ayu gêdhang agung kêmbang arum, sarta dêdupa, nuli têmbungên marang kang rumêksa ing lumbung mangkene: arane Sang Sri Una Sang Sri Uni, sungana amêng-amêngan kalung suka miri lawan kèrèk bolong miwah kakêndèn, myang kekeyan. Têlas pangandikanipun Dèwi Sri, Buyut Muksala kalayan Nikèn Martani sami amituhokakên. Nuntên Dèwi Sri ingaturan lumêbêt ing wisma, sinugata warni-warni nanging Dèwi Sri dèrèng karsa dhahar, namung anggantèn kalihan angunjuk kewala, ing antawis sampun rêrêm, Dèwi Sri pamit andumugèkakên lampah, badhe dhatêng Mêdhangwantu, Buyut Muksala matur badhe andhèrèk dalah semahipun sampun kalilan, nuntên sami mangkat saking Boga angilèn.

Gêntos kacariyos, Buyut Wangkêng ing Mêdhangwantu, sawêg panuju anênggani tiyang amulung pantun kang dèn pepe, semahipun nama Kèn Sani, anênggani tiyang nutu wontên [wo...]

--- 3 : 77 ---

[...ntên] ing lêsung. Katungka rawuhipun Dèwi Sri wontên ing Mêdhangwantu anjujug ing lêsung, awit miyarsa swaraning kothekan têka rêmên. Nuntên Buyut Radhima angupadosi Buyut Wangkêng, sampun kapanggih wontên ing pamemean, winartosan yèn Dèwi Sri têdhak, ing bêbukanipun salwiring lêlampahanipun Dèwi Sri sampun kacariyosakên sadaya, Buyut Wangkêng gupuh-gupuh dhatêng panggenan lêsung, semahipun sampun kapanggih wontên ngarsanipun Dèwi Sri, awit sampun jinatosan dhatêng Biyang Samba, yèn Dèwi Sri punika putri nata. Mangkana Buyut Wangkêng lajêng angacarani dhatêng Dèwi Sri ingaturan lumêbêt ing wisma, pangandikanipun Dèwi Sri: Lah iya bapa rêsikana wismanira dhingin, ingsun lagi dhêmên angrungu swaraning kêkothekan têka ambungahake ati. Buyut Wangkêng lajêng lumêbêt ing wisma, angrêsiki sawarninipun rêrêgêd, Dèwi Sri angandika dhatêng Kèn Sani: Lah bibi ing sajrone ingsun anèng kene, lamun sira anutu wêkasana kêkothekan, supaya dadi pangêngimuring sungkawaningsun, lan palêsungan iki dokokana aub-aub, sata ing sabên dina malêm Sukra rêsikana dupanana, Kèn Sani matur sandika. Nuntên dhatêngipun Buyut Wangkêng saking angrêsiki wisma, Dèwi Sri ingaturan [ingatura...]

--- 3 : 78 ---

[...n] lumêbêt ing wisma lajêng têdhak, sinaosan sugata warni-warni, nanging Dèwi Sri dèrèng karsa dhahar, amung angunjuk toya dawêgan kemawon, pangandikanipun: Lah katrima têmên bapa ênggonira anyawisi dawêgan iki, barêng ingsun unjuk têka rumasa nikmat, ing têmbe yèn ingsun bisa mulih maring praja sayêkti sêdya asung walês kabungahan marang sira sakarone, karana ingsun anèng kene anêmu kabungahan, têlas pangandikanipun Dèwi Sri, Buyut Wangkêng andhêku tur sêmbah sakalangkung suka sukuring manah.

Sinigêg lêlampahanipun Dèwi Sri, gêntos kacariyos malih lampahipun Ditya Kalandaru, ing sapêjahipun Buyut Krama lajêng angrêrisak dhusun ing Karanglêngki, mangkat saking Karanglêngki lajêng nglajêngakên anglacak sapurugipun Dèwi Sri, tansah angrêrisak padhusunan ingkang kamargèn, sami dipun jêjarah dipun rêrayah, sarêng Ditya Kalandaru dumugi ing Mêdhangwantu, Buyut Wangkêng amiyarsa swaraning ditya langkung kagèt, nuntên Dèwi Sri awêwarti yèn punika swaraning ditya ingkang ambêbujung arsa măngsa dhatêng Dèwi Sri, ing lêlampahanipun kala wontên ing margi sampun kacariyosakên sadaya, Buyut Wangkêng lajêng angungêlakên gêndhong angundhangi kawulawarganipun miwah anak-putunipun sadaya, [sa...]

--- 3 : 79 ---

[...daya,] sanalika wau sampun sami dhatêng samakta sadêdamêling ayuda, lajêng dipun cariyosi punapa kawontênanipun, sarêng badhe mêdal saking pakarangan, katungka lêbêting para danawa, Ditya Kalandaru sampun kapanggih kalihan Buyut Wangkêng, anêmbung minta Dèwi Sri, Buyut Wangkêng angêkahi, Ditya Kalandaru mêksa aparipêksa, têmah dados prang rame gêntos unggul gêntos kalindhih, dangu-dangu para danawa ragi karepotan ing prang, awit Buyut Wangkêng saanak-putunipun miwah sakawulawarganipun sami digdaya têguh timbul sadaya, botên tumama ing dêdamêl, botên pasah ing sêsiyung. Nuntên Ditya Kalandaru anandukakên kamayan atis, Buyut Wangkêng saanak-putunipun miwah sakawulawarganipun sadaya sami katisên andharodhog wel-welan, dêdamêlipun sami anggarègèli têmah andhoko, lajêng cinêpêngan dhatêng para danawa botên wontên ingkang sagêd gulawat, tumuntên sami dipun ugêr wontên ing kêkajêngan, Buyut Wangkêng kaugêr ing wit năngka. Nuntên Buyut Wangkêng amatêk-aji bowana mantra, para danawa sami kabuwanan lamur netranipun, pating caritho botên wontên ingkang sagêd anêningali dhatêng saniskara, têmah sami pating bilulung ulêng-ulêngan. Ing nalika [na...]

--- 3 : 80 ---

[...lika] punika nuju Buyut Sondong ing Mêdhanggowong prapta, arsa têtuwi dhatêng Buyut Wangkêng, awit Buyut Wangkêng punika gurunipun, sarêng sumêrêp Buyut Wangkêng saanak-putunipun miwah sakawulawarganipun sami kaugêr ing wit-witan, lajêng sami kauculan sadaya, Buyut Sondong têtakèn ing bêbukanipun, Buyut Wangkêng wêwarti ing kawontênanipun sadaya, Buyut Sondong angungun, lajêng sami sowan Dèwi Sri. Buyut Sondong winartosan dhatêng Dèwi Sri yèn lampahipun punika angupadosi ingkang rayi Radèn Sadhana, wêkasan kabujung ing ditya. Buyut Sondong lajêng matur wêwartos manawi kala rumiyin kakèndêlan Radèn Sadhana, ngantos pêndhak dintên, ing salajêngipun Radèn Sadhana andumugèkakên lampah arsa badhe dhatêng Gilingwêsi, dèrèng dangu têdhak dhatêng ing Mêdhanggowong malih, awêwartos yèn badhe dhêdhêkah wontên ing Mêdhangagung, botên siyos dhatêng ing Gilingwêsi, malah sampun wontên ingkang umiring, Ki Buyut Tuha ing Ngawanda, kalihan Ki Êmpu Cakut ing Dhadhapagung amung kèndêl sadalu lajêng wangsul dhatêng Mêdhangagung malih, kula badhe andhèrèkakên botên kalilan. Mangkana Dèwi Sri sarêng miyarsa aturing Buyut Sondong têka sangêt dènira karêrantan [karêranta...]

--- 3 : 81 ---

[...n] ing galih têmah rawat waspa, pangandikanipun: Lah bapa yèn mangkana ingsun arsa maring wismanira ing Mêdhanggowong. Buyut Sondong matur anyumanggakakên, kalihan suka sukuring manah, nuntên Buyut Wangkêng kadhawahan umiring saanak-rabinipun matur sandika, Buyut Sondong wicantên dhatêng Buyut Wangkêng, mênggah danawa punika punapa botên prayogi pinêjahan sadaya mumpung sami wuta. Wangsulaning Buyut Wangkêng: Rèhning danawa botên adamêl ing pêjah kula, dados ajrih dêdukaning dewa, lamun amêjahana ingkang botên amrih pêjah, mapan sampun sami wuta yèn kalêrêsan kados sami anêmahi pêjah saking solahipun piyambak, têlas wangsulaning Buyut Wangkêng dhatêng Buyut Sondong. Nuntên Buyut Wangkêng parentah dhatêng anak-rabinipun miwah sakawulawarganipun sadaya sami kinèn angrukti ing piranti, sarêng sampun sami samapta Dèwi Sri lajêng bidhal saking Mêdhangwantu, kêbut dalah ingkang dhèrèkakên sadaya.

Sarêng ing masa jita, kawuwusa para danawa kang sami wuta sadaya tansah pating bilulung sowang-sowangan purugipun, Ditya Kalandaru ing nalika punika kabêntus ing sela agêng dhawah kalumah, nuntên tangi malih amarêpêki punang

--- 3 : 82 ---

sela lajêng tinêpak sumyur mawur, ing ngriku wontên paksi danawa mijil saking guwa ingkang kasasaban ing sela wau, mijilipun saking guwa lajêng muluk angambara, botên antawis dangu cumalorot mudhun malih, sarwi wicantên: Hèh ditya sayêkti dahat panarimaningsun maring sira, dene ingsun sira êntasake saka ing bêbaya. Wangsulaning Ditya Kalandaru: Lah mêngko ta, sira iku sapa. Paksi danawa wicantên malih: Ingsun manuk buta aran ingsun Wilmuka, sutaning Rêsi Jaluda, wayahe Sang Hyang Antaga, dene bêbukane ênggon ingsun kêna ing bêbaya, ingsun anambêr taksaka nanging tuna panambêr ingsun, taksaka lumayu maring guwa ingsun suk têmah tarung padha sudira, wêkasan taksaka kawênang dening sun, nanging saking sruning krodhaningsun nalikane apăncakara, amatuk angabruk maring taksaka, muwah solahing taksaka kagila-gila, kongsi anggonjingake bumi, dadi watu kang mangul saluhuring guwa kalungsur anutupi wiwara, ingsun arsa mijil tan bisa, punang watu sun kabruki sun patuki tan obah, kongsi têlung dina ingsun anèng jroning guwa, wêkasan ing mêngko sira kang atêtulung luwaring bêbaya. Lah balik ingsun malês atêtakon, sira iku buta apa dene abranggah [a...]

--- 3 : 83 ---

[...branggah] arowa têka wuta netrane. Ditya Kalandaru amangsuli: Rêngênta hèh manuk, wruhanira ingsun iki Ditya Kalandaru, putraning Bathara Kalayowana, wayahe Sang Hyang Kala, ingsun dinuta ing ratuningsun Raja Ditya Pulaswa ing Mêdhangkumuwung, kinon ambêbujung jatukramane aran Dèwi Sri, miruda awit lumuh ingangkah garwa, dupi anèng kene ingsun têka anêmahi wuta, têlas wuwusing Ditya Kalandaru. Paksi Wilmuka muwus malih: Lah Ditya Kalandaru, yèn mangkana sira iku kêna daya ing pangupaya, rahayune bagya kamayangan têmên sira katêmu lan ingsun, wus pinasthi karsaning dewa, katêmu ing putu padha tulung-tinulungan, eyang ingsun Sang Hyang Antaga, ing nguni angêmong eyangira Sang Hyang Kala, katêmuning wuri mangkya ingsun kalêbu ing bêbaya luwar saka ing sira, dadi wus bênêre labêt pangêmong iku ing wuri anêmu pangeman, labaning ngêman dadi anêmu kautaman, iya marmane ingsun iki arsa malês kautaman maring sira, karana sira branggah arowa nanging kuciwane netranira wuta, upamane sira waluyaa kaya ing nguni sayêkti utama. Wangsulanipun Ditya Kalandaru: He lah iya manuk, ingsun tulungana tumuli sêlak sêdhih têmên tyas ingsun pijêr anumbak-numbuk mangkene.

--- 3 : 84 ---

Ing ngriku Paksi Wilmuka lajêng ambabar suwiwi winiwir-wiwir sarwi wicantên: Lah aja kagèt sira, nuntên netranipun Ditya Kalandaru sinêbit ing êlar sampun waluya, Ditya Kalandaru sangêt anggènipun suka rêna anarima, wicantênipun: He kadang ingsun sang kaga raja, aja katanggungan ênggonira têtulung, sakèhing kancaningsun iya pating bilulung padha wuta, nanging wus pisah ora karuwan dununge, muga tulungana dimèn padha waluya kaya ingsun. Nuntên Paksi Wilmuka mêsat angupadosi ditya kang sami bilulungan, sabên wontên kapanggih sinabêt ing êlar netranipun dados waluya, têmahan para ditya kang sami wuta sampun nirmala waluya jati sadaya, amung têtiga ingkang kalajêng pêjah awit kabêntus lajêng kaglundhung ing jurang. Sasampunipun para ditya sami waluya lajêng kalêmpakan wontên panggenaning Ditya Kalandaru, sami rêmbag angupadosi Dèwi Sri malih. Paksi Wilmuka anambungi wuwus: Saka pangrasaning tyas ingsun, wus tan susah sira angupaya Dèwi Sri, luhung padha muliha marang Mêdhangkumuwung kewala, ingsun kang bakal atêtulung ngupaya Dèwi Sri, ing ngêndi ênggone katêmu ingsun sambêre nuli ingsun gawa marang Mêdhangkumuwung, ingsun aturne marang ratunira, supaya padha katrimane [katrima...]

--- 3 : 85 ---

[...ne] lamun sira prapta dhingin iya matura marang ratunira, kang dadi lêlakonira ing sarèhira ditya, kongsi tumêkaning kasaguhan ingsun angupaya Dèwi Sri. Lamun ingsun kang prapta dhingin, sayêkti anganti ing satêkanira, supaya ora katambuhan ing laku, sarta ora kapêdhotan wikalpa. Ditya Kalandaru miwah sagunging para danawa sadaya sami mangayubagya dhatêng rêmbagipun Paksi Wilmuka, nuntên sami andum basuki lajêng mangkat sowang-sowangan, Paksi Wilmuka mêsat angambara.

Sinigêg lampahipun para danawa tuwin Pêksi Wilmuka, gêntos kacariyos malih lampahipun Dèwi Sri, sampun dungkap dumugi dhusun ing Mêdhanggowong, kantun lêlampahan saonjotan, Dèwi Sri kèndêl asêsêne wontên ing sêndhang, sasampuning sêne kadêngangan dening Pêksi Wilmuka lajêng sinambêr kabêkta muluk angambara, Dèwi Sri anjrit karuna, rama ibu tuwin ingkang eyang Sang Hyang Wisnu, tansah sinambat ing tangis angaru-ara. Ingkang sami umiring sarêng uninga yèn Dèwi Sri sinambêr ing paksindra, sadaya sami tambuh-tambuh solahipun, kalara-lara dènira sami karuna, para buyut sami mangu-mangu kadi sinambêr ing gêlap tuna, tinêbak ing mong lêpat. Wêkasan Buyut [Buyu...]

--- 3 : 86 ---

[...t] Sondong ingkang angêngimur sami ingacaran lajênga dhatêng Mêdhanggowong, badhe wontên rêmbagipun ingkang andadosakên prayogi, Buyut Wangkêng anayogyani, sadaya sami jumurung lajêng mangkat.

Kacariyos, lampahipun Paksi Wilmuka arsa lajêng dhatêng Mêdhangkumuwung, ya ta wontên paksi garudha anama Winanteya, tgêsipun: têdhaking paksi winata, punika kalangênanipun Sang Hyang Wisnu ingkang anganglang ing awang-awang, yèn wontên durlaksana ing gêgana Paksi Garudha Winanteya ingkang angrabasa. Mangkana Paksi Garudha Winanteya amiyarsa tangising wanudya mawi sêsambat Sang Hyang Wisnu, sampun anyana yèn putra wayahing Sang Hyang Wisnu kadhustha ing duratmaka, sarêng winawas katingal wontên garudha yaksa anggendhong wanudya, Garudha Winanteya botên darana lajêng lumarap analadhung sarta amatuk. Paksi Wilmuka kaprajaya lajêng kumleyang dhawah ing siti, Dèwi Sri kasingsal dhawah ing siti ajur tanpa kukupan, sarêng Paksi Wilmuka aningali yèn Dèwi Sri sampun seda amor lan kisma, rumaos yèn botên wontên ingkang dipun suprih, lajêng mêsat sumêdya oncat, nanging tansah binujung dèn têtukung dhatêng Garudha Winanteya, tambuh ing purugipun.

--- 3 : 87 ---

Kacariyos, sedanipun Dèwi Sri andhatêngakên gara-gara, prapta angin păncawora sarta jawah andrês kadi pinusus, tan antara Sang Hyang Naradha rawuh jog saking awiyat, para widadara-widadari sami umiring, lajêng anuntumakên layonipun Dèwi Sri siniram ing toya marta, Dèwi Sri sampun paripurna waluya jati kadi ing wingi uni, nuntên Dèwi Sri kairid dhatêng ing Mêdhangagung, karsa pinanggihakên kang rayi Radèn Sadhana.

Amarêngi masa srawana, kacariyos, Radèn Sadhana ing nalika punika tansah pinaripih dhatêng Buyut Tuha, Radèn Sadhana ingaturan kondur dhatêng ing Purwacarita, nanging Radèn Sadhana tan arsa, Buyut Tuha amrayogèkakên yèn Radèn Sadhana tan arsa kondur luhung sohana dhatêng Wiratha, awit Prabu Basurata punika ingkang paman piyambak, saèstu botên sanès kalihan ingkang rama, wangsulanipun Radèn Sadhana sawêg kagalih. Katungka rawuhipun Sang Hyang Naradha kalihan Dèwi Sri, Radèn Sadhana kagyat lajêng amêthukakên sarta kurmat kalihan panambrama, Radèn Sadhana enggal dipun rangkul sarta dipun muwuni dhatêng kang bok ayu Dèwi Sri, sasampuning tata lênggah, Sang Hyang Naradha ngandika wêwartos dhatêng Radèn sadhana, [sa...]

--- 3 : 88 ---

[...dhana,] ing lêlampahanipun Dèwi Sri sadaya miwiti malah amêkasi. Radèn Sadhana andhêku dahat pangungunipun, nuntên praptanipun Garudha Winanteya, Dèwi Sri kagyat andharodhog awit saking kanji mêntas kasambêr ing Paksi Wilmuka. Sang Hyang Naradha sumêrên[6] yèn Dèwi Sri ajrih, lajêng angandika: Lah iku Si Garudha Winanteya kang atêtulung marang sira. Mangkana Garudha Winanteya matur dhatêng Sang Hyang Naradha, yèn Paksi Wilmuka sampun sirna botên kantênan. Sang Hyang Naradha gumujêng sarwi angandika dhatêng Radèn Sadhana, akalihan dhatêng Dèwi Sri: Lah ing mêngko sira kapotangan arane, prayoga padha angganjara marang Si Garudha Winanteya, karana iku kalangênane eyangira dhewe. Nuntên Radèn Sadhana angganjar jêjamang, Dèwi Sri angganjar sêsumping, lajêng ingangge dhatêng Garudha Winanteya, mila yèn wontên paksi mawi gatra jamang sêsumping, tăndha têdhaking Garudha Winanteya. Mangkana Sang Hyang Naradha angandika dhatêng Garudha Winanteya: Lah pantês têmêna[7] sira anganggo jêjamang sêsumping, ing têmbe manawa Sri Sadhana anêmu pakewuh sira têtulunga supaya antuk ganjaran manèh. Garudha Winanteya andhêku, para widadara-widadari sami gumujêng suka, dènira [dè...]

--- 3 : 89 ---

[...nira] miyarsa cucuding pangandikanipun Sang Hyang Naradha. Sasampunipun makatên, Sang Hyang Naradha angandika malih lah wus katêmu padha basuki, ingsun mulih marang kahyangan, Sang Hyang Naradha lajêng mêsat angambara, para widadara-widadari sami andhèrèk, miwah Garudha Winanteya tan kantun. Ing sapêngkêripun Sang Hyang Naradha, Dèwi Sri andangu dhatêng Radèn Sadhana, mênggah ingkang dados karsanipun. Aturipun Radèn Sadhana, badhe lajêng dhêdhêkah ing wana Mêdhangagung, Dèwi Sri ngandika: Yèn mangkana sira mênyanga ing Mêdhanggowong dhingin, katêmua lan Buyut Sondong, sakèhe kang padha ngiringake ing salakuningsun, dèn irida marene, warahên yèn ingsun wus katêmu lan sira padha rahayu, lan ngiras sira mundhuta wiji sabarang sarta sapalakartine pisan. Radèn Sadhana matur sandika, ing antawis dintên mangkat, ingkang andhèrèkakên amung Ki Êmpu Cakut, Buyut Tuha saanak-putunipun sami têngga Dèwi Sri. Sarêng Radèn Sadhana dumugi ing margi ingkang anjog dhatêng Mêdhangkumuwung kapêthuk lampahing Ditya Kalandaru, Radèn Sadhana sampun anarka yèn punika ditya ingkang ambêbujung Dèwi Sri, mila nuntên tinakenan angakên yèn arine Dèwi Sri kautus dhatêng Mêdhanggowong, Ditya

--- 3 : 90

Kalandaru anggarjita lajêng gadhah panêmbung, lamun parêng Dèwi Sri pininta badhe kabêkta dhatêng Mêdhangkumuwung, Radèn Sadhana amangsuli sugal, sarwi anguman-uman, Ditya Kalandaru bramantya têmah dadya prang, nanging Ditya Kalandaru èsmu karepotan, nuntên sagunging para danawa sami têtulung ambyuk angarubut dhatêng Radèn Sadhana, Radèn Sadhana anglêpasakên sanjata dibya mijil mayuta-yuta, para danawa sami kacundhuk ing warastra pêjah tanpa sesa, Ditya Kalandaru lajêng angamuk punggung nirbaya nirwikara, jêmparing mayuta-yuta tanpa tumama dhatêng Ditya Kalandaru. Saksana Radèn Sadhana anyipta angin agêng, Ditya Kalandaru kabuncang ing maruta dhawah tanahing Mêdhangkumuwung, Radèn Sadhana lajêng lampahipun.

Gêntos kacariyos, Buyut Sondong ing Mêdhanggowong, sampun antawis tigang dintên dènira arêrêmbagan kalihan Buyut Wangkêng tuwin para buyut sadaya, mênggah sirnanipun Dèwi Sri punika, rêmbagipun Buyut Sondong badhe anglari Radèn Sadhana, Buyut Wangkêng kêdah anglacak Dèwi Sri kemawon, wontên ingkang rêmbag atur uninga dhatêng Purwacarita, wontên ingkang rêmbag angaturi uninga dhatêng Wiratha, ing dalêm tigang dintên punika tansah sami diya-diniya, [diya-dini...]

--- 3 : 91 ---

[...ya,] dèrèng wontên ingkang golong rêmbagipun. Ing nalika punika Buyut Sondong sawêg pinuju lênggahan piyambak kalihan semahipun anama Kèn Sadêmi, Buyut Sondong atêtakèn èsmu bêndu dhatêng semahipun: Hèh Sadêmi ingsun iki atêtakon maring sira, apa karanane ing dalêm têlung dina iki ulatira têka suntrut kewala, ora nganggo ana lêjarira sapandurat bae, apa sira angrêsula ênggon ingsun kadhayohan iki, ing măngka dhayoh ingsun dudu sawiyah uwong, iku guruningsun sarta kadang ingsun tunggal guru kabèh, saupama sira angrêsulaa wong nora kakurangan apa-apa, manawa sira kasukêrana lagi pirang dina dhêdhayoh ingsun iki, ingetung lagi andungkap patang dina ênggone anèng kene, isih lawas duk kadhayohan Radèn Sadhana ing nguni, dene kongsi wolung dina ulatira têka lêjar kewala, sarta angluwihi ênggonira anyuba-nyuba, iku paran kang dadi wadine. Wangsulanipun Kèn Sadêmi: Dhuh guru laki kula, sampun andika kalintu sêrêp salah panarka darbe pangintên kang botên-botên, mênggah anggèn kula anyuba-nyuba dhatêng Radèn Sadhana punika kawarti putraning narendra, lamun yêkti putraning nata saèstunipun punika

--- 3 : 92 ---

gusti, saking pamanah kula yèn gusti punika kêdah kaaji-aji, pakantukipun ambrêkati, dene ing mangke anggèn kula suntrut kewala, sarèhning tamu andika kathah ingkang răndha, sandeyaning manah kula manawi kinamaru. Buyut Sondong gumujêng sarwi wicantên: Ah têka kang ora-ora sira rasakake, Kèn Sadêmi mèncêp lajêng arawat waspa. Nuntên wontên kang suka uninga dhatêng Buyut Sondong, yèn Radèn Sadhana rawuh, Buyut Sondong lajêng apêparentah dhatêng semahipun kinèn angrukti pasugata, sarta lajêng amêthukakên Radèn Sadhana, sarêng sampun tata lênggah, Radèn Sadhana andhawahakên ing sapangandikanipun Dèwi Sri sadaya, sarta mundhut wiji pantun kalihan samukawis wiji dalasan pagêr jaro sapalakartinipun pisan. Buyut Sondong langkung suka sarta matur sandika, nuntên Buyut Sondong awêwarti dhatêng Buyut Wangkêng sapanunggilanipun, ing ngriku para buyut ingkang andhèrèkakên Dèwi Sri sadaya lajêng marêk dhatêng Radèn Sadhana, sampun dhinawuhan yèn katimbalan dhatêng Dèwi Sri, Buyut Wangkêng sapanunggilanipun matur sandika, sarta sami sangêt suka-sukur ing dewa dene Dèwi Sri taksih rahayu. Buyut Sondong lajêng pêparentah dhatêng kawulawarganipun sadaya, [sa...]

--- 3 : 93 ---

[...daya,] sami kinèn tata-tata, sarêng ing antawis dintên sampun samapta, Radèn Sadhana lajêng bidhal saking Mêdhanggowong kadhèrèkakên ing para buyut sapanunggilanipun, sami ambêbêkta warni-warni dados pintên-pintên rêmbat. Sadhatêngipun ing Mêdhangagung, Dèwi Sri langkung suka aningali têtiyang jalu èstri akathah sarta warni-warni bêbêktanipun. Buyut Wangkêng sapanunggilanipun tiyang jalu èstri sadaya sami sinambrama ing pambage dhatêng Dèwi Sri, sarta dhinawuhan kalihan pangandika manis manuhara amèt prana, Buyut Wangkêng sapanunggilanipun sami sangêt ing pamundhi panuwunipun kalayan suka bingahing manah, anglampahi punapa saparêngipun Dèwi Sri. Sarêng antawis sampun rêrêm, Radèn Sadhana nuntên amêmatah karya dhatêng Buyut Wangkêng sapanunggilanipun, supados sami amiwiti pêpagêr atêturus, Buyut Wangkêng sapanunggilanipun sami matur sandika lajêng tumandang anyambut ing padamêlanipun sowang-sowang. Ing nalika punika wana ing Mêdhangagung ingkang dipun dhêkahi dening Dèwi Sri kalihan Radèn Sadhana sampun katingal gêmah aripah, miwah karta raharja dados dhusun agêng, lajêng winastan padhêkahan Sringawanti.

Gêntos kacariyos, Raja Ditya Pulaswa ing Mêdhangkumuwung, [Mêdhangku...]

--- 3 : 94 ---

[...muwung,] awit sadhatêngipun Ditya Sruka ing nguni sampun matur ing sasolahipun dinuta, praptèng mangke Raja Ditya Pulaswa tansah angajêng-ajêng dhatêngipun Ditya Kalandaru. Ing nalika punika Raja Ditya Pulaswa sawêg bêbarisan awit prang kalihan Prabu Cingkaradewa ing Mêdhangkamulan, amargi rayut-rinayut siti sami arêbat bawah, sampun antawis sawulan dènira prang tansah angabên bala dèrèng wontên kawêkasanipun. Nuntên katungka dhatêngipun Ditya Kalandaru anjujug ing pabarisan, sampun matur dhatêng Raja Ditya Pulaswa ing salampahipun dinuta miwiti malah amêkasi, Raja Ditya Pulaswa dahat bramatya, lajêng andangu panggenanipun kang anama Radèn Sadhana, aturipun Ditya Kalandaru kawarti adhêdhêkah wontên ing Mêdhangagung, botên patos têbih saking Mêdhangkumuwung. Ing ngriku Raja Ditya Pulaswa lajêng adhêdhawah dhatêng Patih Kalasuba, kinèn anindhihi wadyabala kang sami bêbarisan, Raja Ditya Pulaswa arsa amunah kang anama Radèn Sadhana, aturing patih: Gusti kula babotên[8] amrayogèkakên, amargi lamun enggal-enggal gêtasan panggalih gêtapan karna, ila-ilanipun awêkasan tuna, mila bêbasanipun sampun ngantos gita

--- 3 : 95 ---

lamun dèrèng uninga ing gatinipun, manawi kaparêng ing karsa nata prayogi anglampahakên duta panalika rumiyin, yèn sampun gênah ing prênahipun, sampun kantênan panggenanipun, sampun cêtha kanthanipun, sampun têtela tulènipun, punika sêdhêng tindak pribadi, dados ing sêmu botên kuciwa, têlas aturing Patih Kalasuba. Ditya Raja Pulaswa amituhu lajêng animbali ditya pothèt ingkang widagda ing sandi upaya, nama Ditya Mayangkara, dhinawuhan analikaa dhatêng wana ing Mêdhangagung, angawasakên ing saulah-bawanipun Radèn Sadhana ingkang waspada, punapa ingkang dados sarananing jaya-kawijayan, tuwin punapa ingkang dados tandhaning sakti kasantikan utawi pintên boboting wêwangênan, Ditya Mayangkara matur sandika lajêng mêsat angambara. Sadumuginipun ing Sringawanti angungkuli pangenaning lêmbu maesa, Ditya Mayangkara lajêng niyup mangandhap amancala warni maesa, momor kalihan maesa kathah wontên ing pangènan, nuju ungkang dipun momori maesanipun Umbul Manggala. Sarêng kagiring Umbul Manggala sumêrêp yèn maesanipun wêwah satunggal, dipun nyana yèn maesa lêlawung saking wana, birai dhatêng maesa èstri, Umbul Manggala langkung suka, ing antawis [anta...]

--- 3 : 96 ---

[...wis] tigang dintên, Umbul Manggala tampi giliranipun angladosakên pragatan maesa, ing ngriku maesa momoran wau badhe kaladosakên dados pragatan, sarêng sumêrêp manawi badhe kapragat, maesa momoran lajêng ngamuk, akathah têtiyang ingkang kapracondhang kasundhangan, para buyut sami ngisis, nuntên Radèn Sadhana mangsah anglêpasi warastra, maesa momoran kacundhuk ing jêmparing lajêng kabadharan dados ditya malih, sagunging kang aningali sami kagawokan. Ditya Mayangkara lajêng angamuk punggung, mangsah kiwul sêdya sampyuh lawan Radèn Sadhana, dupi parêk lawan Radèn Sadhana, Ditya Mayangkara kenging pangaribawa kasanglat ambruk botên sagêd ebah, Radèn Sadhana atanya: Sira iku buta apa. Ditya Mayangkara matur: Dhuh dhuh satriya, kula punika dutanipun Ditya Raja Pulaswa ingkang akêkuwu wontên ing Mêdhangkumuwung, kinèn analika ing kasantikanipun Radèn Sadhana, awit Radèn Sadhana angêkahi badhe garwanipun kang anama Dèwi Sri, sarta amêjahi utusanipun para ditya, yèn sampun katalika ing kasaktènipun Radèn Sadhana, Ditya Raja Pulaswa arsa angawaki tandhing kasaktèn. Radèn Sadhana andangu namanipun, Ditya Mayangkara [Maya...]

--- 3 : 97 ---

[...ngkara] matur yèn nama Mayangkara sutaning Ditya Wisnungkara. Pangandikanipun Radèn Sadhana: Apa marmane wong atuwanira ditya têka aran Wisnungkara. Aturipun Ditya Mayangkara: Mila bapa kawula nama Wisnungkara, awit wayahipun Sang Hyang Wisnu, putranipun Bathara Anapurna, ingkang kenging sot dadya danawa anama Rudramurti. Radèn Sadhana mèsêm sarwi angandika: Yèn mangkana sira iku prênah pulunan ingsun, karana sira buyuting Sang Hyang Wisnu, ingsun iki wayahe Sang Hyang Wisnu, lah ing nguni kaya paran bêbukane têka sira suwita ing Raja Ditya Pulaswa. Ditya Mayangkara matur: Awit kabêkta saking semah kawula Dèwi Wikayi putranipun Bathara Kalakeya, Bathara Kalakeya punika kaprênah ingkang raka, kadang naking-sanak kalihan Raja Ditya Pulaswa. Radèn Sadhana angandika malih: Lah ing mêngko kaya paran kang dadi karêpira. Ditya Mayangkara matur malih: Yèn kaparênga kawula anuhun pangaksama, mugi kaparingana waluya anggèn kawula lumpuh botên sagêd ebah punika. Pangandikanipun Radèn Sadhana: Dewa kang angapura maring sira, ing ngriku Ditya Mayangkara sanalika sagêd waluya, lajêng sumêmbah angraup pada, sarwi matur manadukara atadhah karsa. Radèn Sadhana amangsuli: [amangsu...]

--- 3 : 98 ---

[...li:] supaya aja kapugutan laku, sira muliha maring Mêdhangkumuwung, matura ing ratunira ing sasolahira dinuta, Ditya Mayangkara matur sandika lajêng mêsat angambara. Sadhatêngipun Mêdhangkumuwung sampun matur dhatêng Ditya Raja Pulaswa, anggunggung kasaktènipun Radèn Sadhana, miwah angalêmbana ing pambêkanipun. Ditya Raja Pulaswa langkung duka, Ditya Mayangkara winastanan ajrih pêjah dene anggunggung mêngsah, sruning duka Ditya Mayangkara winatgata ing candrama sapisan pêjah, layon muksa dados dewa. Patih Ditya Kalasuba akalihan Ditya Kalandaru, sarêng sumêrêp yèn Ditya Mayangkara pinêjahan èsmu murina lajêng muksa tanpa karana, sakalihan sami dados dewa. Ditya Raja Pulaswa sangsaya mawinga-winga wêngis dukanipun, lajêng angundhangi wadyabala ingkang sami bêbarisan, dhinawuhan kinèn sami bibar sadaya. Mênggah dènira prang akalihan Prabu Cingkaradewa arsa kinèndêlan rumiyin, awit arsa nglurug dhatêng padhêkahan ing Sringawanti, yèn sampun sirna Radèn Sadhana lajêng badhe angantêp prang mamrih pamunahing mêngsah. Sasampunipun wadyabala sami ingundhangan waradin lajêng tata-tata samaptaning ayuda, sarêng sampun samapta lajêng budhal. Dumugi padhêkahan ing Sringawanti campuh prang langkung [lang...]

--- 3 : 99 ---

[...kung] rame, Buyut Wangkêng akalihan Buyut Sondong ingkang dados senapating ayuda, langkung sudira nirbaya nirwikara, bala danawa kathah ingkang pêjah kasambut ing rana. Nuntên Ditya Raja Pulaswa angamuk punggung sura tan taha, wadya Sringawanti kathah ingkang pêjah sinaut ginilut tinêpak binanting binuncang. Ing ngriku Radèn Sadhana anyipta angin agêng, Ditya Raja Pulaswa sawadyabalanipun sami sirna kabuncang ing bayu-bajra, kacariyos dhawah ing lukapara, wadyabalanipun wontên ingkang pêjah wontên ingkang gêsang, mangkana Radèn Sadhana lajêng anarubakên wadyabalanipun sami pinrih suka sinakarsa.

Sinigêg ing padhêkahan Sringawanti, gêntos kacariyos nagari ing Purwacarita, Prabu Sri Maha Punggung dènira utusan angupadosi ingkang putra sakalihan botên wontên kang antuk karya, linari-lari mêksa botên wontên pawartosipun, mila Prabu Sri Maha Punggung sakalihan pramèswari nata sami sangêt sungkawanipun, ing dalêm tigang wulan tansah sami atajin dhahar nendra, Prabu Sri Maha Punggung, lajêng animbali Patih Mudha Bathara, ingutus dhatêng wukir Maendra, kinèn aminta sumêrêp dhatêng Dèwi Rukmawati, sarta binêktanan pisungsung ingkang adi-adi

--- 3 : 100 ---

maneka-warni, Patih Mudha Bathara mangkat, akanthi punggawa satunggal anama Arya Sodha, arining Arya Partaka, kadhèrèkakên ing wadyabala sawatawis, sadumuginipun sukuning wukir Maendra kèndêl. Patih Mudha Bathara apirêmbagan kalihan Arya Sodha, wuwusipun: Anak Arya Sodha, mungguh prayogane ing laku iki unggahe marang ing pratapan, bêcik padha tanpa wadya, ngêmungna ingsun lan sira kewala, dene sagunging wadyabala padha tininggal anèng kene kinèn angantia ing saudhun ingsun, supaya ora gawe gitane Dèwi Rukmawati, karana wong amrih sih iku yèn agawe gita kang angêgèt-êgèti asring tan antuk gati, yèn ingsun lawan sira kewala kang marêk maring Dèwi Rukmawati, kaya-kaya luntur sihe wêkasan asung piduduh[9] kang sanyata, Arya Sodha amangayubagya. Nuntên wadyabala pinatah-patah karya pasanggrahan lajêng dhinawuhan kinèn sami kantun sadaya, Patih Mudha Bathara mangkat minggah ing wukir amung kalihan Arya Sodha kewala sarwi ambêkta pisungsung, ingkang maneka-warna. Kacariyos Dèwi Rukmawati animbali Puthut Karsula, lajêng dhinawuhan amêthukakên ngiras atêdah margi, Patih Mudha Bathara akalihan Arya Sodha,

--- 3 : 101 ---

sampun kerid Puthut Karsula, dumugi padhepokan ingacaran dhatêng Dèwi Rukmawati sami tata alênggah. Patih Mudha Bathara lajêng matur sarèhing dinuta, sarta angaturakên pisungsung sampun katampèn. Dèwi Rukmawati sangêt anuhun kapundi ing mastaka, wangsulanipun: Kakang Patih Mudha Bara, [10] sasampunipun kula amundhi kalayan suka bingah anampèni sih pêparingipun kakang Prabu Sri Maha Punggung punika, kula angaturakên pitêdah kemawon, yèn kula cariyosêna sadaya lêlampahanipun putra kula Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana, mindhak angrêrănta galihipun kakang prabu, ing satêmah amêwahi sungkawa, ing saantawis dintên kemawon, inggih badhe wontên ingkang matur cêcariyos mênggahing lêlampahanipun putra kula sakalihan wau, ing mangke amung kauningana ing kakang prabu, yèn putra kula sakalihan taksih raharja, sampun ngumpul wontên tanah ing Mêdhangagung, adhêdhêkah winastan ing Sringawanti, punika manawi purun timbalana kondur, kakang prabu sampun kalajêng-lajêng dukanipun mindhak botên sae ing kadadosanipun, têlas pangandikanipun Dèwi Rukmawati. Patih Mudha Bathara sakalangkung suka sukuripun, rêrêm sadalu enjingipun pamit sampun [sa...]

--- 3 : 102 ---

[...mpun] kalilan lajêng mangkat mantuk, wadyabala ingkang ngêntosi wontên ing sukuning wukir sampun winartosan yèn angsal damêl, Patih Mudha Bathara sarêng dumugi ing Purwacarita sampun matur sarèhing dinuta. Prabu Sri Maha Punggung lajêng anuduh punggawa nama Arya Nitiradya, ingutus animbali Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana, Arya Nitiradya mangkat bêdhol sapanêkaripun, sadhatêngipun ing Sringawanti, sampun matur dhatêng Dèwi Sri kalihan Radèn Sadhana yèn sami katimbalan ingkang rama. Wangsulanipun Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana sami mopo, awit sampun karaos dènira dhêdhêkah wontên ing Sringawanti. Aturipun Arya Nitiradya akathah-kathah dènira amaripih mamrih lilihing panggalih, ananging mêksa botên kongkih, sarêng ing antawis dintên Arya Nitiradya pamit mangkat mantuk. Ing sapêngkêripun Arya Nitiradya, Sang Hyang Naradha rawuh, adhêdhawah dhatêng Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana, yèn karsaning Sang Hyang Jagadnata sakalihan sami kinèn umantuka dhatêng ing Purwacarita, awit sungkawanipun kang rama ibu andadosakên gara-gara, ing suralaya tansah aru-ara, ananging Radèn Sadhana akalihan Dèwi Sri mêksa sami mopo. Sang Hyang Naradha angandika

--- 3 : 103 ---

èsmu duka: Hèh bocah wangkot, sapa kang sira idhêp, dene sira ora angestokake dhawuh pangandikane Sang Hyang Jagadnata, yèn mangkana aja katanggungan luhung katêmua padha kadang, dadi boya kaliya. Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana sami matur botên kadugi nglampahi. Sang Hyang Naradha angandika malih: Ingsun wus sumurup karêpira karo, nini Sri kudu dadi widadari, kaki Sadhana kudu dadi dewa, iya kalilan dening Sang Hyang Jagad Pratingkah, nanging durung mangsane, ing mêngko sarèhning sira ora maèlu dhawuhing dewa, dadi sira bakal padha nêmu sangsara, Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana andhêku, Sang Hyang Naradha lajêng muksa.

Kacariyos lampahipun Arya Nitiradya, dumugi ing Purwacarita sampun katur manawi ingkang putra sakalihan sami botên kadugi sowan, dipun pêksa-pêksa mêksa lênggana. Prabu Sri Maha Punggung sarêng amidhangêt ing aturing Arya Nitiradya dahat rudahing wardaya, pangandikanipun: Dhuh putraningsun Sri Sadhana, têka padha kêpati-pati têmên ênggonira amutungi wong atuwa, apa sira Êsri ngarah anglungsungi kaya ula sawa, Si Sadhana apa dadak kongsi anusuh kaya sriti. Pangandikanipun Prabu

--- 3 : 104 ---

Sri Maha Punggung ingkang makatên punika, botên pisan yèn angêsotakên dhatêng ingkang putra, amung saking kakêning panggalih, ananging bêbasan sabda pandhita ratu, ingkang kasêmbadan awit saking lêbdaning tapa-brata, karsaning dewa Dèwi Sri lajêng dados sarpa sawa, Radèn Sadhana dados paksi sriti, ing nalika dadosipun, anuju têngah dalu, taksih sami salêbêting anendra, sarêng bangun enjing mangsanipun anglilir, Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana sami salah paningal, pakaranganipun katingal wana, têtiyangipun katingal sato khewan, lajêng sami kesah sowang-sowangan tambuh kang sinêdya, nuntên enjingipun para umbul para buyut miwah para pawèstri salêbêting pakarangan ing Sringawanti sadaya sami wartos-winartosan, yèn Dèwi Sri kalihan Radèn Sadhana botên wontên, lajêng sami angupadosi, nanging botên kapanggih, wêkasan sami sungkawa, ananging wontên sukaning manah awit sampun dipun nyana yèn Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana, kondur dhatêng Purwacarita, lajêng sami rêmbag arsa nusul dhatêng Purwacarita, ing antawis dintên mangkat, dumugi Purwacarita sami anjujug wismanipun Arya Nitiradya, angaturakên musnanipun Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana botên [bo...]

--- 3 : 105 ---

[...tên] wontên ingkang uninga, sampun kanyana yèn kondur dhatêng ing Purwacarita, amila sami nusul, Arya Nitiradya sarêng amiyarsa aturing Buyut Sondong sapanunggilanipun, langkung ing pangungunipun, amangsuli yèn dèrèng kondur. Arya Nitiradya lajêng atur uninga dhatêng Patih Mudha Bathara, laju katur ing Prabu Sri Maha Punggung. Ing ngriku têtiyang saking Sringawanti sami katimbalan sampun sowan, lajêng dinangu sami matur manawi musnanipun Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana dipun kintên kondur dhatêng Purwacarita. Mangkana Prabu Sri Maha Punggung sangsaya karêrantan ing galih lajêng awêwartos dhatêng ingkang garwa têmahan sami karuna, têtiyang salêbêting pura sami anglud bela karuna sadaya. Nuntên Prabu Sri Maha Punggung andangu dhatêng têtiyang ingkang saking Sringawanti, manawi wontên ingkang sumêrêp wana wukir utawi padhusunan kang asring kaambah ingkang putra, aturipun para tiyang Sringawanti, salaminipun Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana wontên ing Sringawanti dèrèng nate kêkesahan, awit sawêg anggêlak ênggènipun abêbadhe padhêkahan ing Sringawanti, karakit rineka praja, amung sadèrèngipun adhêdhêkah ing Sringawanti, kala rumiyin Dèwi Sri ênggènipun angupadosi Radèn Sadhana [Sadha...]

--- 3 : 106 ---

[...na] lampahipun kalunta-lunta asring kampir ing padhusunan. Prabu Sri Maha Punggung andangu namaning dhusun kang kaampiran, para umbul para buyut miwah para pawèstri sadaya sami matur piyambak-piyambak, angaturakên ing lêlampahanipun Dèwi Sri ngantos dumuginipun dènira adhêdhêkah ing Sringawanti, miwiti malah mêkasi. Ya ta Prabu Sri Maha Punggung sarêng amidhangêt atur ing lêlampahanipun ingkang putra, sangêt angrêsing panggalih kados rinujit. Wêkasan sagunging têtiyang ingkang saking Sringawanti jalu èstri sadaya sami kaparingan ganjaran warni-warni, sarta lajêng adhêdhawah dhatêng Patih Mudha Bathara, kinèn amrênahakên paring pondhokan ingkang prayogi, Patih Mudha Bathara inggih angèstokakên, anuntên Arya Sodha ingutus dhatêng ing wukir Maendra, kinèn têtakèn dhatêng Dèwi Rukmawati, mênggah musnaning Sri Sadhana punika, Arya Sodha mangkat lêlancaran. Sarêng dumugi wukir Maendra sampun matur dhatêng Dèwi Rukmawati, wangsulanipun Dèwi Rukmawati: Anak Arya Sodha sira matura ing kakang prabu, mungguh putra karo ing mêngko padha kêna papa cintraka, Dèwi Sri dadi ula sawa, Radèn Sadhana dadi manuk sriti, awit kakang Prabu Sri Maha Punggung kawêdal pangandikane, Dèwi

--- 3 : 107 ---

Sri kaupamakake ula sawa, Radèn Sadhana kaupamakake manuk sriti, kasêmbadaning sabda anêmahi sida, lamun sabda ala yêkti sida dadi ala, lamun sabda bêcik yêkti sida dadi bêcik, ananging sanadyan putra karo padha anêmu papa cintraka, ing têmbe bakal ana kang ngruwat, wêkasan Dèwi Sri dadi widadari, Radèn Sadhana dadi dewa, têlas pangandikanipun Dèwi Rukmawati. Arya Sodha matur: Yèn makatên Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana punika dados botên kenging dipun ajêng-ajêng wangsulipun dhatêng Purwacarita malih. Dèwi Rukmawati amangsuli: Karsaning Dewa iya mangkono, karana wiranging Sri Sadhana ênggoning anêmu papa cintraka sangsaya andadèkake elik, wêkasan ruwat anêmahi dadi widadara-widadari, amung ing wuri garwa putraning Sri Sadhana padha sowan maring Purwacarita, ing kono bakal dadi panglipur sungkawaning kakang prabu, têmah asuka rêna, Arya Sodha andhêku. Sarêng antawis sampun rêrêm, nuwun pamit mantuk linilanan lajêng mangkat, dumuginipun ing Purwacarita sampun matur ing sasolahipun dinuta, Prabu Sri Maha Punggung dahat angungun mangunêng ing nala, dangu-dangu amupus ing pêpasthèn, sumendhe satitahing Hyang Wisesa, [Wise...]

--- 3 : 108 ---

[...sa,] pasrah ing karsaning kang kawasa, sanalika lajêng animbali Patih Mudha Bathara, kinèn angirida sagunging têtiyang kang saking Sringawanti, tan antawis dangu sampun sami sohan[11] sadaya, winartosan yèn musnaning Sri Sadhana dados widadara-widadari, ing mangke sami tinantun yèn arsa mantuk dhatêng wismanipun piyambak-piyambak inggih kalilan. Aturipun, wontên ingkang kêdah wangsul dhatêng Sringawanti, wontên ingkang badhe mantuk dhatêng wismanipun lami, wontên ingkang nyuwun lajêng suwita Prabu Sri Maha Punggung, sampun kalilan lajêng sami ginanjaran malih maneka-warni, ingkang tampi dahat ing pamundhi suka sukur amêmuji manadukara. Nuntên sami mangkat sowang-sowangan, ingkang kantun lajêng suwita, Buyut Tuha, Êmpu Cakut, Kèn Patani Biyang Samba sami dados kêkasih, kasêmbadan ing sapanuwunipun.

Kacariyos malih ingkang sami kenging papa cintraka, Dèwi Sri akalihan Radèn Sadhana, sarêng lêlampahanipun wontên ing purug sowang-sowangan, nanging cariyosipun kadamêl gêntos, ing mangke Dèwi Sri ingkang kacariyosakên rumiyin, lampahipun kalunta-lunta tambuh ingkang sinêdya ngantos dumugi talatahing nagari [naga...]

--- 3 : 109 ---

[...ri] Wiratha, kèndêl wontên pasabinan ing dhusun Wasutira anglêkêr satêngahing pantun, dhusun ing Wasutira punika pangagêngipun tuwa buru, anama Wrigu, semahipun anama Kèn Sangki, anuju sawêg wawrat sêpuh. Ing ngajêng tuwa buru Kyai Wrigu punika puruhita dhatêng Rêsi Wisama, kapencut darbe suta, lajêng pinaringan sarana dhatêng Rêsi Wisama, sarta winêling makatên wuwusipun, he Wrigu, sira uga bakal pinaringan anak dening dewa, lamun kabênêran anggawa bêgja, sarana iki kalukunên ing banyu yoga, kang aran banyu yoga iku papat: 1. banyu saka bumi, 2. banyu saka langit, 3. banyu saka cêcukulan, 4. banyu saka kang asipat nyawa, winor dadi sawiji kinarya angaluku sarana iki, nuli inumên lan somahira, lamun katrima somahira bisa anggarbini, sira lan somahira padha marenea katêmua lan ingsun manèh, ingsun arsa mangsit maring sira mungguh kadadianing sutanira. Kyai Wrigu amituhu lajêng mantuk, sampun linaksanan ing sapangandikanipun Rêsi Wisama. Sarêng ing antawis Kèn Sangki sampun anggarbini, Kyai Wrigu akalihan semahipun lajêng sami sowan ing Rêsi Wisama, Rêsi Wisama amangsit dhatêng Kyai Wrigu, [Wri...]

--- 3 : 110 ---

[...gu,] pangandikanipun, he Wrigu wruhanira kang anèng wêtêngan iku widadari panuksmaning Dèwi Tiksnawati ing kuna, kang aran Dèwi Tiksnawati iku kadadianing Rêtna Dumilah, dadi mêngko sira antuk bêgja arane, nanging lamun ora kabênêran andadèkake sungkawanira, karana wêtuning bocah iku anganti praptaning Sri, awit ing nguni wus anunggal kaanan, ananing Sri iya ananing Tiksnawati, ananing Tiksnawati, iya ananing Sri, kaya satu munggèng rimbagan, dene kang dadi margane katêmuning Sri lan Tiksnawati, sira angupayaa ula sawa kang agatra sêsumping pari sawuli, yèn wus antuk sira rêksaa kang abêcik sarta gumatènana, aja kongsi mati, yèn ula iku mati, sutanira nututi mati, têlas pangandikaning Rêsi Wisama. Kyai Wrigu matur sandika pamit mantuk sampun kalilan, dumugi griya lajêng angupados sawêr sawa, ngantos pintên-pintên dintên botên amanggih, sarêng nuju tanggal sapisan ing masa padrawana, Kyai Wrigu sangêt sayah kèndêl ing pêpèrèng lajêng katilêman, ing ngriku angsal wangsit, manawi sarpa sawa ingkang kaupadosan wau botên têbih panggenanipun, sampun manggèn wontên sabin kang sawêg mêrkatak pantunipun, nanging botên kenging

--- 3 : 111 ---

yèn cinêpênga, kêdah namung kapasangan gêlaran enggal sinasaban lawon pêthak, sarta sinêbaran sêkar arum kinêpyuran gănda-wida, manawi sarpa sawa sampun wontên ing gêlaran lajêng ginulunga kaprênahêna ing panggenan kang arêsik, têlas ujaring wangsit. Kyai Wrigu tangi lajêng mantuk, mêndhêt gêlaran enggal sarta lawon miwah sêkar konyoh, kabêkta dhatêng sabin pinasang kados wêlinging wangsit, sarêng sarpa sawa mambêt gandaning sêkar konyoh, lajêng amurugi angalêkêr wontên ing lawon. Nuntên Kyai Wrigu nêmbah majêng aririh anggulung gêlaran kabêkta mantuk kaprênahakên ing patanèn. Kyai Wrigu kalihan semahipun Kèn Sangki sami angadhêpi tansah eram kacaryan dènira aningali, dening sarpa sawa anèh sarta anglangkungi saening ulêsipun, Kèn Sangki abêbisik dhatêng Kyai Wrigu, têtakèn ingkang dados têdhanipun ing sarpa sawa, wangsulanipun Kyai Wrigu: Lumrahing sarpa pakanane kodhok. Kèn Sangki amuwus: Yèn mangkana wong lanang angupayaa kodhok ijo, karana yèn sawiyah kodhok manawa tan arsa. Kyai Wrigu lajêng kesah angupados kodhok ijêm, sarêng sampun angsal lajêng kasajèkakên sarta samiring patanèn kainêbakên. [kai...]

--- 3 : 112 ---

[...nêbakên.] Mangkana ing dalu Kèn Sangki karaos anyakiti lajêng darbe rare mêdal èstri, Kyai Wrigu langkung suka, dupi ing antawis sampun sami rêsikipun jabang bayi akalihan Kèn Sangki, sruning sayah Kyai Wrigu tilêm. Ing ngriku sarpa sawa amarimpèni: Ingsun iki aja sira sêsaji kodhok, sajènana suruh ayu kêmbang arum gănda-wida, sarta adhêpana dupa kalawan diyan aja kêndhat. Yêkti andadèkake kabêgjanira, lan wêwêkas ingsun maring sira, sutanira iku aranana Si Rakêtan, ing dalêm pitung dina sira aja turu ing wêngi, turua yèn raina kewala, iku minăngka pangrêksaning sutanira supaya dadia kalis ing beka rancana, têlas wangsiting sarpa sawa. Bangun enjing Kyai Wrigu tangi lajêng awêwartos dhatêng semahipun, yèn sarpa sawa amarimpèni, Kèn Sangki akèn ambucali kodhok, sanalika lajêng kabucalan, sinalinan sêdhah ayu sêkar arum miwah gănda-wida lawan dupa dilah botên kêndhat. Sarêng enjingipun akathah têtiyang ingkang têtuwi sarta ambêkta pawèwèh warni-warni, Kyai Wrigu akalihan semahipun sami suka sukur.

Gêntos kacariyos, ing nalika punika ing suralaya

--- 3 : 113 ---

kagegeran, amargi saking anggènipun Dèwi Tiksnawati, anjanma tanpa paliwara, nuntên Sang Hyang Jagadnata utusan Sang Hyang Kala, kinèn angrêncana jabang bayi, Sang Hyang Kala tumurun anuksma sagawon ajag. Kyai Wrigu nuju tilêm siyang, sarpa sawa amarimpèni: He Wrigu, wruhanira ing mêngko surup surya ana kang angrêncana marang sutanira, Sang Hyang Kala dadi asu ajag, iku tulakana, sagunging lawang obongana walirang, sajroning wisma oborana balarak kaping têlu sawêngi, sarta sêsajia sêga punar iwak ati saundhuh, sajèkêna daganing sutanira, dokokana gantal, pasangana paesan, lawan kêlud sapu papon, sandhingêna, damarira aywa kêndhat, mêngko surup sira angubêngana wismanira, amatêka măntra, u kala nama siwayêh, ing sawêngi mêngko sutanira sayêkti nêmu rahayu. Sarêng Kyai Wrigu tangi lajêng awêwarti dhatêng semahipun, nuntên Kèn Sangki asêsaji, sêraping surya Kyai Wrigu anglampahi ujaring wangsit sadaya. Ing ngriku sagawon ajag kewran dènira arsa manjing wisma, kasangkanan saking pundi-pundi mêksa botên sagêd lumêbêt ngantos dumugi ing byar enjing, Sang Hyang Kala kawêlèh lajêng muksa

--- 3 : 114 ---

dhatêng kahyangan malih, sampun matur cabaring dinuta. Sang Hyang Jagadnata lajêng utusan Sang Hyang Brahma, sampun tumurun anuksma dados lêmbu gumarang, siyangipun Kyai Wrigu nuju tilêm malih, sarpa sawa amarimpèni: He Wrigu, wruhanira ing mêngko ratri wayah sirêp wong ana prapta manèh, Sang Hyang Brahma dadi sapi gumarang arsa angrêncana marang sutanira, ing kono tulakana, sagunging lawang pasangana godhong nanas, linonthengan angus lawan apu, sata obongana kulit barambang, sajroning wisma oborana balarak manèh kaping têlu sawêngi, daganing sutanira sajènana sêga abang lawuhe kêkuluban, dokokana gantal kinang paradan, pasangana paesan lawan papon sapu kêlud sandhingêna, damarira aywa kêndhat, angubêngana wisma manèh, matêka măntra, hong Brahma marasi oyêh maswahènu, sutanira sayêkti nêmu rahayu. Kyai Wrigu tangining tilêm wêwarti malih dhatêng semahipun Kèn Sangki sampun asêsaji, Kyai Wrigu lajêng anglampahi ujaring wangsit sadaya. Dupi lêmbu gumarang arsa manjing wisma kewran dening sarana, arsa mêksa tan kawawa, wêkasan byar enjing muksa angaturakên cabaring dinuta. Sang Hyang Jagadnata lajêng utusan Sang Hyang Wisnu, [Wi...]

--- 3 : 115 ---

[...snu,] sampun tumurun anuksma dados waraha, Kyai Wrigu nuju tilêm siyang sarpa sawa amarimpèni: He Wrigu, ing mêngko têngah wêngi Sang Hyang Wisnu prapta dadi cèlèng, iya arsa angrêncana sutanira, tulakana sagunging lawang pasangana êri widara sarta obongana roning tanjung, oborana balarak manèh sajroning wismanira ping têlu sawêngi, daganing sutanira sajènana sêga irêng lêlawuhan iwak loh, aywa kari gantal kinang ayu kêmbang arum sarta paesan, lawan papon kêlud sapu sandhingêna, damarira dèn apadhang, wismanira oborana mubêng nganggo amatêka măntra, umwasuya namarta swana maswaha, sutanira sayêkti nêmu rahayu. Kyai Wrigu tangining tilêm awêwarti malih dhatêng semahipun lajêng sêsaji, Kyai Wrigu nglampahi ujaring wangsit wau sadaya. Sarêng waraha arsa manjing wisma tan kawawa dening sarana, ing wanci byar enjing muksa sampun matur cabaring dinuta.

Ing nalika punika Sang Hyang Jagadnata, èsmu duka lajêng anêdhaki piyambak, anuksma dhatêng kukila, para dewa kathah ingkang andhèrèkakên, anuksma piyambak-piyambak, siyangipun, Kyai Wrigu inggih nuju tilêm, sarpa sawa amarimpèni malih: He Wrigu, mêngko ratri [ra...]

--- 3 : 116 ---

[...tri] wayah bangun Sang Hyang Mahèswara tumêdhak dadi kukila, para dewa akèh kang tumurun umiring padha anuksma dadi sato khewan, Sang Hyang Mahadewa dadi wêdhus parugul, Sang Hyang Yama dadi kidang ujung, Sang Hyang Brahma dadi kala gumarang, Sang Hyang Kuwera dadi tikus jinada, Sang Hyang Prit anjala dadi manuk êmprit, Sang Hyang Siwah dadi manjangan randhi, Sang Hyang Kala dadi asu wiyunghyang, Sang Hyang Rodra dadi lêmbu andini, Sang Hyang Surya dadi walang anggas, Sang Hyang Wisnu dadi cèlèng dêmalung, Sang Hyang Bayu dadi kêbo andhanu, Sang Hyang Naradha dadi kodhok pas, Sang Hyang Basuki dadi ula lanang, Sang Hyang Căndra dadi kucing căndramawa, kabèh iku iya padha arsa ngrêncana maring sutanira, tulakana kaya sarana kang wus kalakon kabèh, sarta wismanira kênthêngên lawe wênang mubêng, ing sawêngi mêngko sira aja kongsi turu, anêkakêna tăngga pawong-mitranira, ajakên mêlèk, sutanira aja kongsi kasèlèhake, sanadyan turu iya pinangkua, pagêring wisma sêmburana daringo bawang bêngle dèn warata, sira amatêka măntra, hong hyang hyang siwahboja abuyana kita marta swana maswaha. Sutanira sayêkti nêmu rahayu, hayu saisining wismanira kabèh, lan maninge ing mêngko bêngi aywa sira [si...]

--- 3 : 117 ---

[...ra] mêmatèni, sabarang ingkang katon aja sira wani-wani anukarta, karana iku alad-alade Sang Hyang Mahèswara ing nalika arsa tumêdhak andhinginake sêsawur kalakuthana, iya iku ratuning wisa saka ing Yamani, dadi sarab sawan arupa salwiring dumadi, ing samangsane ana katon sabarang rêrupan, sanadyan rupaa lêmut ing sapêpadhane, măngka kongsi sira patèni, sayêkti sutanira bakal kêna rinancana, sarate iku bagèkêna kaping têlu sawêngi, sambatên araning kalakuthana, kang nalika iku anganakake ratuning sarab sawan têlu, kang sawiji têkane ing nalika surup surya, bagèkêna mangkene: aangko sang nuriswa, tka ngke sdya hayu, akwiki hya ngayu, muliha ngko sakarêng, tkanta tanna mawa, lunghanta ywanggawa. Kang sawijine têka ing nalika têngah wêngi, bagèkêna mangkene: aanggo sang miris tka ngke sdya hayu, akwiki hya ngayu muliha ngko sakarêng, tkanta tanna mawa, lunghanta ywanggawa. Kang sawijine manèh têka ing nalika byar raina, bagèkêna mangkene: aangko sang naris, tka ngke sêdya hayu, akwiki hya ngayu, muliha ngko sakarêng, tkanta tanna mawa, lunghanta ywanggawa. He Wrigu lah poma dèn aeling ênggonira [ênggo...]

--- 3 : 118 ---

[...nira] ambagèkake iku, kaping têlu sawêngi dhewe-dhewe arane, kang dhingin Sang Nuriswa, nuli Sang Niris, nuli Sang Naris, iku padha kadadiane kalakuthana kang angratoni sarab sawan, yèn sira ambagèkakên dèn santak kaya wong anggêtak, ing kono sagunging sarab sawan amasthi padha lumayu, nora nana wani marêk, dadi sutanira nêmu rahayu. Mangkana Kyai Wrigu satangining tilêm saking karsaning dewa têka kasinungan èngêt ing saujaring wasit, [12] lajêng linampahan sadaya.

Kacariyos malih têdhakipun Sang Hyang Jagadnata, akalihan sagunging para dewa, sami kawêlèh botên sagêd anandukakên pangrêncana, awêkasan sami muksa, jabang bayi lulus rahayu botên wontên kawis-kawis. Sarêng ing antawis dintên Sang Hyang Jagadnata amawas yèn ingkang dados cabaring para pangrêncana wau saking pandamêlipun Dèwi Sri, nuntên Sang Hyang Jagadnata utusan sagunging widadari kinèn animbali Dèwi Sri badhe dados jangkêping widadari, para widadari inggih lajêng sami tumurun sampun kapanggih kalihan Dèwi Sri, andhawahakên dhawuh timbalanipun Sang Hyang Jagadnata, wangsulanipun Dèwi Sri: Dhuh para widadari, dhawuh pangandikanipun Sang Hyang Jagadnata [Ja...]

--- 3 : 119 ---

[...gadnata] ingkang kadhawuhakên dhumatêng kula, dahat kalingga murda, ananging manawi jasat kula, akalihan pun Sadhana dèrèng ruwat saking papa cintraka, sanadyan kula kakarsakakên dados widadari, pun Sadhana inggih kula suwun dipun karsakna dados dewa. Para widadari amangsuli: Dhuh mitra kula Dèwi Sri, sampun andika sandeya ing galih, sumêrêpa manawi ing mangke Radèn Sadhana sampun ruwat, ingkang angruwat raja pandhita ing Ngatasangin, ingkang asrama wontên ing wukir Endragiri, nama Bagawan Brahmana Maharsi, putraning Sang Hyang Brahma, Radèn Sadhana lajêng kadhaupakên angsal putrinipun bagawan wau, anama Dèwi Laksmitawahni, nanging karsaning Hyang Jagadnata, Radèn Sadhana dèrèng kakarsakakên dados dewa, anyrantosakên yèn sampun tuwuh satunggal, awit Sang Hyang Jagadnata anêmbadani ingkang dados panuwunipun Bagawan Brahmana Maharsi, Dèwi Laksmitawahni dèn pêpuji sagêda wiji pandhita atuwuh raja. Sarpa sawa sarêng amiyarsa ing pangandikanipun para widadari, anggènipun awêwartos ing lêlampahanipun ingkang rayi Radèn Sadhana yèn ing mangke sampun ruwat, têka karêrantan ing galih lajêng anglêkêr. Para widadari sumêrêp [sumê...]

--- 3 : 120 ---

[...rêp] ing sêmu manawi minta ruwat, lajêng sami karuwat kalayan japa-măntra, wontên kang angruwat saking sarana, ing ngriku sarpa sawa sampun nirmala waluya jati dados Dèwi Sri malih. Nuntên para widadari amaripih dhatêng Dèwi Sri, puruna kabêkta dhatêng kahyangan sarêng kalayan lampahipun para widadari. Nanging Dèwi Sri taksih lênggana, aturipun: Dhuh para widadari, dahat ing pamundhi panuwun kula, saking gunging rumêntahing sih kawêlasan paduka ingkang sampun dhumawuh dhatêng jasat kula, ananging saupami sutaning Wrigu kula tilara, andadosakên sandeyaning manah kula, bokmanawi kenging rinancana ing dewa têmahan pêjah, saiba susahing yayah renanipun, măngka ing agêsang punika lamun rumaos katupiksa wajib ambaurêksa, liripun, kula punika rumaos dipun opèni, wêwalês kula inggih angapèn-apèni, têlas aturipun Dèwi Sri. Para widadari sami kèndêl dipun raos yèn lêrês aturipun Dèwi Sri, ing ngriku wontên widadari satunggal, anama Dèwi Nariti arining Bathara Narita, Bathara Narita punika putraning Bathara Suksena, Dèwi Nariti wau amangsit dhatêng Dèwi Sri, yèn sutaning Wrigu punika panjanmaning Dèwi Tiksnawati, mila rinancana [rina...]

--- 3 : 121 ---

[...ncana] ing dewa, awit Dèwi Tiksnawati anggènipun anjanma tanpa paliwara, andadosakên dêdukanipun Sang Hyang Jagadnata. Wangsulanipun Dèwi Sri: Sang Hyang Jagadnata punika sayêkti sipat mirah lawan asih, kawasa amisesa nanging botên karsa amarwasa tanpa dosa, karantên punapa dhawuhing kamirahan, lamun botêna lawan pêpasihan, kadospundi patraping pangawasa têka badhe amirosa, lampahing wisesa têka karsa amarwasa, yèn makatêna Sang Hyang Jagadnata punika punapa sipat aru-biru, manawi Sang Hyang Jagadnata aru-biru, amasthi titahipun sami aru-ara. Dèwi Nariti kèndêl rumaos kaluhuran sabda, lajêng muksa dalah para widadari sadaya.

Ing sapêngkêripun para widadari Kyai Wrigu kalihan semahipun Kèn Sangki, ing nalika punika badhe angrêsiki patanèn panggenaning sarpa sawa, sarêng amiyak sêsamir sami kagèt, dene salêbêting patanèn wontên wanudya endah ing warna, sarpa sawa botên wontên, Kyai Wrigu kalihan Kèn Sangki matur: Dhuh sang dèwi, paduka punika sintên. Dèwi Sri amangsuli pangandika: He Wrigu wruhanira ingsun iki Dèwi Sri, putrining Prabu Sri Maha Punggung ing Purwacarita, iya ingsun kang maune dadi ula sawa, ing

--- 3 : 122 ---

mêngko wus ruwat saka karsaning dewa. Kyai Wrigu kalihan Kèn Sangki, sami nuwun kajatosana ing wit milanipun dènira dados sarpa sawa, Dèwi Sri lajêng awêwarti ing lêlampahanipun saking wiwitan dumugi ing wêkasan, Kyai Wrigu akalihan Kèn Sangki sami ngungun, aturipun: Yèn makatên kula punika kalêbêt amanggih bagya kamahyangan ing sarawuh paduka wontên ing ngriki, manawi kaparênga ing karsa mugi lulusa dados pêpundhèn kula, panjênêngan paduka jênaka wontên ing ngriki kewala, kula ingkang rumêksa sampun ngantos wancak driya, saking dêlap kula botên gadhah yayah rena, amanggih pêpundhèn ingkang wajib among amêmulang, yèn kaakêna makatên botên têmbung amrih anuwila gănda bêbasan angawu-awu, awit têbih-têbih taksih kantênan prênahipun, lamat-lamat taksih katingal kukusipun, kentar-kentaring maruta taksih mambêt gandanipun, andhap inggil saking pêpasthèn, ing saèstunipun panjênêngan paduka punika taksih sêsêmbahan kula ing lair batos, dhasar gusti kaprênah sêpuh. Pangandikanipun Dèwi Sri: Iya bangêt panarimaningsun ênggonira ngluhurake maring ingsun, ananging ta kaya paran lire wuwusira kang akèh-akèh [akèh-a...]

--- 3 : 123 ---

[...kèh] mau. Kyai Wrigu matur malih: Dhuh gusti, manawi panjênêngan paduka sotah angakên sêntana, ing sayêktosipun kula punika têksih kaprênah abdi pulunan paduka, panjênêngan paduka wayahipun Sang Hyang Wisnu, kula punika buyutipun Sang Hyang Siwah, mênggah urutipun Sang Hyang Siwah apêputra Sang Hyang Baliwiswana, Sang Hyang Baliwiswana pêputra Rêsi Karmawiswana, akalihan Rêsi Wiswakarmana, Rêsi Karmawiswana anganakakên kula pun Wrigu, Rêsi Wiswakarmana, anganakakên semah kula pun Sangki punika, mila rama paduka Prabu Basurata ing Wiratha, manawi animbali dhatêng kula têmbung akrami putu, awit sampun sumêrêp ing aluraning lêluri ingkang anurunakên ing kula, dene anggèn kula kakarsakakên dados abdi tuwa buru punika saking panuwun kula awit rêmên saba wana, mangkana Dèwi Sri sarêng amiyarsa ing aturaning Kyai Wrigu dènnya anggalurakên aluraning lêluhuripun, andadosakên suka pirênaning galih, pangandikanipun rêsêp rumakêt: He pulunan ingsun Wrigu Sangki, dèn aparêk ing kene padha angabêktia ing padaningsun, Kyai Wrigu akalihan Kèn Sangki lajêng sami marêk angraup suku, botên dangu pamit mêdal, badhe angrukti

--- 3 : 124 ---

sêsaosan, Dèwi Sri angandika: Sira aja susah miranti sêsaosan apa-apa, ingsun mung aminta kinang ayu gêdhang agung lawan kêmbang arum, Kyai Wrigu akalihan Kèn Sangki matur sandika. Anuntên para widadari sami tumurun malih amanggihi Dèwi Sri, andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Jagadnata, têmbungipun para widadari: He, Sri praptaningsun iki angêmban timbalane Sang Hyang Jagadnata, kang dhumawuh marang sira mangkene: sutaning Bathara Waliswara kang aran Bathara Daruna lan Dèwi Daruni, iku agawe saru ana kahyangan, awit lambangsari padha kadang, ing mêngko katundhung sakarone padha tumurunake maring ngarcapada, Bathara Daruna anjanmaa ing sutaning Subadha kang lagi lair, Dèwi Daruni anjanmaa ing sutaning Wrigu minăngka dadi liruning Dèwi Tiksnawati, yèn wus mangsane padha diwasa, sutaning Wrigu kapasthi dadi jodhoning sutaning Subadha, nanging jêro tuwuhe, ing têmbe yèn anuwuhake amung sawiji wadon bakal dadi garwaning ratu ing Wiratha, sarta anêrahake para ratu. Têlas pangandikanipun Sang Hyang Jagadata ingkang kadhawuhakên dening para widadari dhatêng Dèwi Sri. Ing ngriku Dèwi Sri sampun lêga ical sumêlanging galih, wangsulanipun inggih namung sandika andhèrèk [a...]

--- 3 : 125 ---

[...ndhèrèk] karsaning dewa, nanging nyuwun pêthuk padhati sinang ingkang apangirid lêmbu gumarang, apêpêcut naga serang, nuntên para widadari muksa malih sami matur ing Sang Hyang Jagadnata. Ing sapêngkêripun para widadari, Kyai Wrigu akalihan Kèn Sangki sami marêk dhatêng Dèwi Sri angaturakên sêsaosan gantèn ayu pisang agung miwah sêkar arum, Dèwi Sri lajêng anggantèn, Kyai Wrigu akalihan Kèn Sangki sami matur yèn sutanipun panas. Pangandikanipun Dèwi Sri: Iku prabawaning liru panuksma, ing maune sutanira Si Rakêtan panjanmaning Dèwi Tiksnawati, ing mêngko Dèwi Tiksnawati wus liru Dèwi Daruni, kang anjanma ing sutanira, dene Dèwi Tiksnawati iya kang sumandhing ana ing kiwaningsun iki. Kyai Wrigu akalihan Kèn Sangki sarêng uninga sami sangêt ing pangungunipun, dene kêmbaring warna botên wontên ingkang siwah. Dèwi Sri angandika malih: Sutanira Si Rakêtan dilatana êmbun-êmbunane, lan wudêle sarta èpèk-èpèke karo, awit saka kiwa, miwah dalamakane karo uga awit saka kiwa, ênggonira andilati padha ngaping têlu sarta sira kudu karo wêwuda, sutanira sayêkti nêmu rahayu, lan wêwêkas ingsun maring sira, lamun sutanira turu [tu...]

--- 3 : 126 ---

[...ru] aja sira ambung, lamun durung pupak untune, aja sira ciwêli pipine, lan aja sira èmpêrake kang wus nora nana, ila-ilane nora tulus, lamun sira lakoni ing sawêwêkas ingsun iki, sayêkti widada tutug ing pangêmongira, dene sira ingsun jatèni, ing têmbe sutanira iku milu anurunake para ratu ingkang ambawani bawana ing talatahing nuswa Jawa kabèh, têlas pangandikanipun Dèwi Sri. Kyai Wrigu akalihan Kèn Sangki langkung suka sukur, lajêng sami pamit mêdal badhe andilati sutanipun, sarêng sampun kadilatan punang jabang bayi saras lulus rahayu. Nuntên para widadari sami prapta malih ambêkta padhati sinang ingkang apangirid lêmbu gumarang apêpêcut naga serang, para widadari andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Jagadnata: He Sri sira anyuwun padhati sinang kang apangirid lêmbu gumarang apêpêcut naga serang, kang sira arani naga serang iku naga sarana kang dadi kanthonging wiji rijêkining manusa, tgêse sira nyuwun kawasa andum kabêgyan marang sarupaning manusa ing ngarcapada, lan anawurakên sabarang wiji kang saka ing swarga, iya wus kalilan ing sapanuwunira, awit ing sabên têngah wêngi têkaning byar raina, sira anganglanga jagad anungganga padhati sinang ingkang apangirid [apangiri...]

--- 3 : 127 ---

[...d] lêmbu gumarang, apêpêcut naga serang, ing nalika sira amêcutake yêkti sabarang wiji mêtu saka ing kono, dadi kabêgjaning manusa kang atangi wêktu iku, dene yèn wus êbyar raina, iku gênti bubuhaning Sang Hyang Surya kang anuwuhake sarupaning wiji iku, den akêbat sira manjinga wisma kang wus mênga lawange, yèn wus surup surya sira munggaha marang kahyangan mênèh, ing samăngsa têngah wêngi sira anganglanga jagad kaya kang mau. Sasampuning têlas timbalan kang kadhawuhakên, Dèwi Sri matur sandika lajêng anitih padhati kalihan Dèwi Tiksnawati miwah para widadari sadaya sami muksa. Dupi Kyai Wrigu akalihan Kèn Sangki sami lumêbêt ing patanèn, Dèwi Sri botên wontên katingal, ing nalika punika Kyai Wrigu akalihan Kèn Sangki sami sungkawa, nanging pamupusing manahipun, dene sutanira sampun lulus widada sarta winêca yèn badhe anêrahakên para nata.

Kacariyos, patrapipun para bêbuyut, ingkang sami katêdhakan Dèwi Sri, tuwin anggènipun Kyai Wrigu, sami angestokakên dhawuh piwulangipun Dèwi Sri, lajêng tular-tumular ngantos waradin satalatahing nuswa Jawi, têtiyang Jawi sami anut anglêluri, katêlah dumugi [dumu...]

--- 3 : 128 ---

[...gi] samangke. Inggih punika purwanipun lumbung, lêsung, padaringan, patanèn, sabên malêm Jumuwah dipun sajèni kêmbang borèh, sarwi dipun kutugi, patanèn dipun tatani kajang sirah kumêndhung-kêndhung dipun tutup ing klambu, dipun sajèni lantingan isi toya. Sarta purwanipun tiyang wiwit badhe mêthik pantun mawi sajèn gêdhang ayu suruh ayu, kêmbang borèh, gêlaran enggal tuwin lawon, amrih kadhatêngan Sri. Tuwin purwanipun wontên olah-olahan pêcêl pitik jangan mênir, purwanipun tiyang gadhah anak, mawi dipun lèki, griyanipun dipun dèkèki sarat godhong nanas, godhong widara sapanunggilanipun băngsa sarat.

Gêntos kacariyos, lêlampahanipun Radèn Sadhana, nalikanipun taksih dados paksi sriti, lampahipun kalunta-lunta ngantos dumugi ing Ngatasangin, Ngatasangin wau ing mangke winastanan tanah Indhu. Radèn Sadhana manggèn wontên sanggar palanggatanipun Bagawan Brahmana Rêsi, putraning Hyang Brahma, ing salaminipun paksi sriti manggèn wontên ing ngriku, Bagawan Brahmana Rêsi kabêgjanipun anglangkungi kaduluran. Bagawan Brahmana Rêsi wau darbe putra pawèstri satunggal langkung endah ing warni, anama Dèwi Laksmitawahni, ing nalika punika

--- 3 : 129 ---

Dèwi Laksmitawahni supêna panggih Radèn Sadhana, putra nata ing Purwacarita, salêbêting supêna sampun kalampahan carêm apulang-lulut, sarêng wungu Dèwi Laksmitawahni kataman gandrung asmara, lajêng matur anggêgubêl dhatêng ingkang rama, kang rama ingaturan angupadosi Radèn Sadhana. Bagawan Brahmana Rêsi sruning trêsna ing putra lajêng sumêdya mangkat angupadosi, arsa angajawi tindak dhatêng ing nagari Purwacarita, sarêng dhatêng ing sanggar palanggatan arsa angambil jêmparing wontên tinjaning pêksi, dupi uninga lamun wontên pêksi sriti, Bagawan Brahmana Rêsi tuwuh dukanipun, pêksi sriti jinêmparing lajêng ruwat dados satriya bagus ing warni, dinangu matur anama Radèn Sadhana, rajaputra narendra ing Purwacarita, lajêng rinangkul dhatêng Bagawan Brahmana Rêsi, Radèn Sadhana angèstupada. Pangandikanipun Bagawan Brahmana Rêsi: Dhuh bêgya kamayangan têmên kulup, sira katêmu anèng ing kene, sayêktine sira iku pulunan ingsun dhewe, ingsun iki putraning Hyang Brahma, sira wayahe Hyang Wisnu, kaya wus karsaning dewa kabêgyanira jalaran saka ingsun, kabêgyan ingsun lantaran saka sira, lah ing mêngko sira tutura ing bêbukane ênggonira dadi manuk sriti, ingsun iya bakal [baka...]

--- 3 : 130 ---

[...l] awêwarah ing purwane ênggon ingsun amanah manuk sriti ing wêkasan ruwat dadi sira. Radèn Sadhana nêmbah matur anyariyosakên ing lêlampahanipun sadaya miwiti malah amêkasi. Bagawan Brahmana Rêsi duk amiyarsa angrêsing tyas têmahan arawat waspa, pangandikanipun: Dhuh kulup, pangêngimur ingsun maring sira mung dèn anarima sarta lila maring pandoning dumadi, mapan kawula iku darma anglakoni, sing sapa anarima yêkti katarima, sing sapa lila yêkti bakal kalilan, Radèn Sadhana andhêku. Bagawan Brahmana Rêsi angandika malih: Dhuh kulup, ana sipta sasmitaning dewa kang dhumawuh maring sun, yèn ing mêngko kadangira tuwa Dèwi Sri wus ruwat awêkasan dadi widadari, ruwate barêng padha sadina lawan sira. Mangkana Radèn Sadhana sarêng miyarsa ing pangandikanipun Bagawan Brahmana Rêsi, sangêt suka sukur ing dewa, kawistara ing nitya sumrah sumaringah. Nuntên Bagawan Brahmana Rêsi anyariyosakên awit ing nalika putranipun wanudya asupêna ngantos dumugi ing ruwatipun Radèn Sadhana, ing ngriku Radèn Sadhana têka kapita ing galih sumêlang manawi kenging coba. Bagawan Brahmana Rêsi botên kasamaran ing sêmunipun Radèn Sadhana, lajêng angandika manis manuhara: Dhuh

--- 3 : 131 ---

kulup putraningsun, wruhanira kautamaning ngaurip iku angudia adining dumadi, amrih tuwuhing wiji sawiji ambabar ngèbêki bumi. Radèn Sadhana tumungkul tur sêmbah asasmita lamun sampun sumăngga ing karsa. Enggaling cariyos Radèn Sadhana sampun kadhaupakên angsal Dèwi Laksmitawahni, dhaupipun anuju ing masa asuji, atut anggènipun ajêjodhoan.

Ing salêbêting taun Wikuradhi, etanging taun surya sangkala 458, tinêngêran sarira tinata yoga. Kaetang ing taun candra sangkala 472, tinêngêran buja suka karya barakan.

Amarêngi masa srawana, gêntos kacariyos, nagari ing Purwacarita, Prabu Sri Maha Punggung karsa amikramèkakên putra, arinipun Radèn Sadhana anama Radèn Wandhu, antuk Dèwi Panitra, arinipun Arya Partaka, botên kacariyos rêroncèning pamiwaha.

Ing salêbêting taun Karêha, etanging taun surya sangkala 459, tinêngêran trusing gati warna muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 473, tinêngêran atri swaraning samudra.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos Dèwi Panitra [Pani...]

--- 3 : 132 ---

[...tra] ambabar mijil jalu, pinaringan nama Radèn Wandawa, Dèwi Panitra seda konduran, ing nalika punika Prabu Sri Maha Punggung langkung sungkawa, dene sasedanipun Dèwi Panitra, ingkang putra Radèn Wandhu kataman ing turidasmara, ingimur-imur mêksa botên lipur.

Taksih salêbêtipun masa wisaka, kacariyos malih Radèn Sadhana, Dèwi Laksmitawahni ambabar mijil wanudya, pinaringan nama Dèwi Artati, sami sarêng sadintên kalayan pambabaripun Dèwi Panitra, Radèn Sadhana muksa tanpa karana, lajêng dados dewa, anama Sang Hyang Sadhana, anunggil kaanan kalihan Dèwi Sri, tumut andum kabêgyan dhatêng sagunging manungsa ing ngarcapada, Dèwi Sri ingkang andum rijêki, Sang Hyang Sadhana ingkang andum dunya. Mangkana ing samuksanipun Radèn Sadhana, Dèwi Laksmitawahni langkung sungkawa, lipuripun awit anggung dèn imur-imur ing rama, asêngadi yèn sampun rêncang sagah badhe kabêkta têtuwi dhatêng ing Purwacarita, dèn arêm-arêmi yèn Radèn Sadhana wangsul dhatêng Purwacarita malih, mila Dèwi Laksmitawahni suda wiyadining wardaya.

Ing salêbêting taun Antêna, etanging taun surya sangkala 460, tinêngêran barakan obahing

--- 3 : 133 ---

toya. Kaetang ing taun candra sangkala 474, tinêngêran dadi swaraning samudra.

Kacariyos, nagari ing Gilingwêsi, Prabu Brahmana Raja angêmu sungkawa, dene jinăntra têtiga sami kèndêl botên wontên ingkang lumampah, măngka kala panjênênganipun ingkang rama, jinăntra têtiga wau sami sinabdan lamun kèndêl tăndha badhe dahuru, Prabu Brahmana Raja lajêng alêlayu dhatêng Purwacarita, akalihan dhatêng ing Wiratha, Prabu Sri Maha Punggung ing Purwacarita, akalihan Prabu Basurata ing Wiratha, sami tumut sungkawa, nuntên Prabu Sri Maha Punggung anglampahakên utusan dhatêng wukir Maendra, ingkang kautus Patih Mudha Bathara, kalihan Arya Partaka, kinèn têtakèn dhatêng Dèwi Rukmawati, mênggah wahananing kèndêlipun jinăntra têtiga wau, Patih Mudha Bathara mangkat. Botên kacariyos wontênipun margi, sarêng dumugi ing wukir Maendra sampun kapanggih kalihan Dèwi Rukmawati, Patih Mudha Bathara matur sarèhing dinuta. Wangsulanipun Dèwi Rukmawati: Kakang Patih Mudha Bathara, andika kula jatosi, mênggah kèndêling jinăntra têtiga wau wontên darunanipun ingkang andadosakên kèndêl, botên kèndêl saking karsaning dewa, kèndêl [kèndê...]

--- 3 : 134 ---

[...l] awit saking karana, inggih sanadyan kèndêl saking karana, sarèhning sampun dados sabdaning dewa sayêkti anêmahi tandhaning dahuru, nanging botên dahuru agêng, dene kèndêlipun ingkang sayêktos, ing têmbe wontên zaman dipun wastani zaman purwa, dumuginipun anêngahi zaman purwa punika, jinăntra têtiga wau kèndêl saking karsaning dewa, awit dados tăndha yèn badhe dahuru agêng wontên prang Bratayuda, dene ing mangke ingkang dados darunanipun kèndêling jinăntra têtiga wau, Prabu Brahmana Raja, sangêt dènnya amêrdi wêdaling pangupajiwa. Kèndêling bahni jantra punika, Prabu Brahmana Raja karêm ananêm pisang, botên kenging siti mirungga lajêng kadhawahan ananêmi pisang, dalah sakiwa têngêning bahni jantra sami katanêman pisang, ing wêkasan oyoding pisang sami tarubus wontên ing patumangan têmah angabêr-abêr panasing latu, lami-lami jinantranipun kèndêl. Kèndêling bari jantra punika, Prabu Brahmana Raja karêm ayasa dhêdhawuhan, sarta angawisi têtiyang amêndhêt ulam toya, ing wêkasan ulam toya angradon sami manggèn wontên ing gilinganing bari jantra têmah dados kèndêl. Kèndêling bayu jantra punika, Prabu Brahmana Raja karêm amêmêlik, dalah sakiwa-têngêning [sa...]

--- 3 : 135 ---

[...kiwa-têngêning] bayu jantra dipun pêpêlik, ing wêkasan dhudhukaning pêpêlikan ing alami-lami kajawahan ngantos angêsong trus dhatêng panggenaning bayu jantra, têmahan dados simpangan margining angin lajêng angabêr-abêr lampahing anginipun ing bayu jantra dados kèndêl. Yèn ing mangke Prabu Brahmana Raja karsa ambucali pisang ingkang cêlak ing bahni jantra, saha karsa ambêdhahi dhawuhan, ingkang cêlak bari jantra, lajêng mantun angawisi têtiyang amêndhêti ulam toya, tuwin karsa angurugi dhudhukaning pêlikan ingkang cêlak ing bayu jantra, saèstu jinăntra têtiga wau sagêd lumampah malih, têlas pangandikanipun Dèwi Rukmawati. Patih Mudha Bathara sampun lêga manahipun lajêng pamitan mantuk, dumugi ing Purwacarita, matur sasolahing dinuta, Prabu Sri Maha Punggung dupi midhangêt, dahat ing pangungunipun lajêng bidhalan tindak dhatêng ing Gilingwêsi, sarawuhipun ing Gilingwêsi, Prabu Basurata ing Wiratha sampun kapanggih wontên ing ngriku, sasampuning bage-binagèkakên, Prabu Sri Maha Punggung matur ing raka Prabu Brahmana Raja, ing sawiraosipun Dèwi Rukmawati sadaya. Prabu Brahmana Raja lajêng andhawuhakên pangandika dhatêng wadyabala, ambucali sawarnining pisang ingkang cêlak ing bahni jantra, kalihan ambêdhah [a...]

--- 3 : 136 ---

[...mbêdhah] sawarnining bêndungan sadaya, lajêng anglilani dhatêng sagunging têtiyang kang amêndhêt ulam toya, angurugi sawarnining dhudhukan tilas pamêlikan ingkang cêlak bayu jantra. Sarêng sampun kalampahan sadaya dhawuhipun Prabu Brahmana Raja wau, punang jinăntra têtiga lajêng lumampah malih.

Amarêngi masa palguna, Bagawan Brahmana Rêsi prapta ing Gilingwêsi, akalihan Dèwi Laksmitawahni sarwi ambêkta putra alit, kadhèrèkakên para cantrik mawi bêbêktan warni-warni, para nata tiga sami gupuh-gupuh amêthukakên. Sarêng sampun tata lênggah sami bage-binagèkakên, Bagawan Brahmana Rêsi umatur: Sowane pun kakang iki kapasang-yogya, dene bisa kapanggih ing panjênêngane yayi prabu katiga pisan, nanging sêdyane pun kakang saka ing Ngatasangin arsa sowan maring Purwacarita, barêng angancik ing tanah Jawa, amiyarsa warta lamun panjênêngane yayi Prabu Sri Maha Punggung anèng Gilingwêsi, marma pun kakang laju anduduk marene, dene pêrlune pun kakang sowan, angaturi uninga ing panjênêngane yayi prabu, Sri Maha Punggung. Nuntên Bagawan Brahmana Rêsi angajêngakên dhatêng Prabu Sri Maha Punggung, anyariyosakên ing lêlampahanipun kala anjêmparing paksi sriti lajêng ruwat dados Radèn [Ra...]

--- 3 : 137 ---

[...dèn] Sadhana, wêkasan kaambil mantu antuk Dèwi Laksmitawahni, sarêng anuwuhakên satunggal pawèstri, Radèn Sadhana kapulung ing dewa, Dèwi Laksmitawahni kataman ing turidasmara, dèn arêm-arêmi badhe kabêkta dhatêng Purwacarita, asêngadi bilih Radèn Sadhana mantuk dhatêng ing Purwacarita, têlas aturipun Bagawan Brahmana Rêsi. Prabu Sri Maha Punggung dahat pangungunipun amidhangêtakên cariyosipun Bagawan Brahmana Rêsi, Prabu Brahmana Raja, miwah Prabu Basurata ugi sami tumut ngungun. Nuntên Bagawan Brahmana Rêsi andum angsal-angsal bêbêktanipun saking Ngatasangin warni-warni, ingkang tampi sami suka, dahat ing pamundhi panuhunipun. Prabu Brahmana Raja matur dhatêng ingkang raka Bagawan Brahmana Rêsi, wontên ing Ngatasangin punika manggèn ing tanah pundi. Wangsulanipun Bagawan Brahmana Rêsi: manawa yayi prabu andangu padunungane pun kakang, adhêdhepok ana ing wukir Ngendragiri dadi raja pandhita. Prabu Basurata anyêlani atur gêgujêngan: Yèn makatên kala kula dhatêng Ngayodya talatah Ngatasangin, kapanggih Prabu Dhasarata punika, paduka ragi umêl-umêl, dene kula botên mawi mampir. Bagawan Brahmana Rêsi amangsuli sarwi gumujêng: Dhuh yayi prabu [pra...]

--- 3 : 138 ---

[...bu] saupama yayi prabu kaparêng anêdhaki, bokmanawa ora karênan, amarga saka kurang prayoganing papan, supêking panggonan, anggêre padha karaharjan, wus prasasat tinêdhakan. Prabu Basurata andhêku, Bagawan Brahmana Rêsi angandika malih: Têka sangêt suka pirênaning pun kakang, dene yayi prabu katêlu padha rukun akêkadang, pakolihing arukun iku kukuh, karana witing rosa iku saka rêksa-rumêksa, witing rusak saka rusiya, iku muga lulusêna yayi prabu gone padha rukun rêksa-rumêksa, aywa kongsi padha rusiya mundhak rêkasa. Nata katiga andhêku, sami sangêt ing pamundhi panuwunipun. Botên kacariyosakên rêroncèning panyugatanipun Prabu Brahmana Raja, dhatêng têtamunipun. Ing antawis dintên Prabu Sri Maha Punggung akalihan Prabu Basurata sami pamitan kondur, Bagawan Brahmana Rêsi dhèrèk dhatêng Purwacarita, akalihan ingkang putra Dèwi Laksmitawahni. Sarêng Prabu Sri Maha Punggung rawuh ing Purwacarita, sakalangkung panyuba-nyubanipun dhatêng ingkang raka Bagawan Brahmana Rêsi, miwah Dèwi Brahmaniyati dahat suka pirênaning galih, Dèwi Laksmitawahni akalihan putranipun alit kang anama Dèwi Artati, tansah kinuswa-kuswa [kinuswa...]

--- 3 : 139 ---

[...kuswa] dhatêng Dèwi Brahmaniyati, kathah ingkang karantan ing galih, awit Dèwi Brahmaniyati sampun winartosan ing lêlampahanipun ingkang putra Radèn Sadhana. Sasampunipun rêrêm, pramèswari nata Dèwi Brahmaniyati apirêmbagan kalihan kang raka Prabu Sri Maha Punggung, manawi sami kaparêng ing karsa, Radèn Wandhu sagêda kainggahakên ing papahan, dhaup lawan Dèwi Laksmitawahni, sampun ngantos kaparan doh, pisan anggènipun among ing putra, Prabu Sri Maha Punggung anayogyani, sakalihan lajêng matur dhatêng kang raka Bagawan Brahmana Rêsi, wangsulanipun Bagawan Brahmana Rêsi inggih jumurung mangayubagya.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, Radèn Wandhu sampun kadhaupakên akalihan Dèwi Laksmitawahni, Prabu Brahmana Raja, Prabu Basurata, sami rawuh anjênêngi dhaupipun, botên kacariyos uparêngganing pamiwaha. Sarêng ing masa wisaka, Bagawan Brahmana Rêsi, kondur dhatêng Ngatasangin, mawi kampir dhatêng ing Wiratha langkung sinuba-suba.

----------

--- 3 : 140 ---

Panunggilanipun.

Bab 5, perangan ăngka 5.

Ing ngandhap punika cariyos lampahipun Prabu Cingkaradewa, dados ugi nama Sêrat Cingkaradewa, ananging ingkang kocap wontên pratelan bêbukanipun Sêrat Pustakaraja jilidan ăngka 1, Sêrat Cingkaradewa botên kaperang piyambak, namung katunggilakên perangan ăngka 5 Sêrat Sri Sadhana, ingkang nganggit Sêrat Cingkaradewa wau ugi Êmpu Kalangwan ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 853, taun candra sangkala 871.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên rumiyin tumrap ing Sêrat Cingkaradewa, ing salêbêting taun Wijaya, etanging taun surya sangkala 461, tinêngêran suta angrasa suci, kaetang taun candra sangkala 475, tinêngêran tata sukaning yoga.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos Prabu Cingkaradewa ing Mêdhangkamulan inggih punika putranipun Sri Maharaja Sindhula, ingkang ajêjuluk Raja Gotaka, dados [da...]

--- 3 : 141 ---

[...dos] wayahipun Prabu Watugunung, ing nalika punika amanggih pêndhêman arca kancana wangun Sang Hyang Jagadnata, lênggah ing padmasana, mawi ciri sêratan angubêngi palênggahan ungêlipun makatên: suta mwang arta yyan sidya saraya niti (yyan tan prasidya: ya tika satru durniti) nghing yyan niswêka sata teka gupayati (myang yya ninarta munakên sdya tan stiti). Tgêsipun: suta kalihan arta yèn kalêrêsan dados kanthi têmên, nanging lamun botên gadhah anak, tansah punika anglêlayungi manah, lamun tanpa arta, murungakên sêdya botên lana. Prabu Cingkaradewa sarêng amanggih arca wau langkung suka têmah emut dhatêng ingkang rama, lajêng atantunan dhatêng para punggawa, aturipun para punggawa, prayogi kadamêl pêpundhèn, karantên punika gambaripun Sang Hyang Girinata. Pangandikanipun Prabu Cingkaradewa: Utamaning pêpundhèn iku yèn maksih darbe wong atuwa, ora kaya wong amêmundhi wong atuwane dhewe, dene ing mêngko kang dadi karsaningsun, arca iki arsa ingsun aturake maring rama prabu, ingsun katona analăngsa, kang supaya rama prabu aparinga pangaksama. Para punggawa sami jumurung mangayubagya sadaya. Nuntên Arya Dwapara kautus dhatêng Mêdhanggalungan [Mêdhangga...]

--- 3 : 142 ---

[...lungan] angaturakên arca wau punika, dumugi ing Mêdhanggalungan sampun marêk dhatêng Sri Maharaja Gotaka, Arya Dwapara matur anggènipun kautus ingkang putra ngaturakên arca kancana, minăngka dados tandhanipun ing panalăngsa, arca kancana tinampèn ing Sri Maharaja Gotaka, tiningalan wontên cirinipun sêratan angubêngi palênggahaning arca, sarêng katupiksa ungêling sêratan, Sri Maharaja Gotaka langkung duka, pangandikanipun: Hèh adhi Dwapara ujarira mau arca iki minăngka dadia tandhaning panalăngsa, nanging saka panggalih ingsun, anakira Si Sadewa awèh pêpucuk kăndha sumêdya angayoni maring wong atuwa, karana cirining arca iki têgêse anyêmoni maring sun. Arya Dwapara aturipun kathah-kathah yèn kang putra botên sêdya makatên, lajêng kacariyosakên sadaya ing bêbukanipun kala amanggih pêpêndhêman arca kancana dumugi kala anantun para punggawa. Nanging Sri Maharaja Gotaka sangsaya sêling-sêrêp, arca kancana winangsulakên dhatêng Arya Dwapara sarwi angandika sora: Ênya arca kancana iki sira gawaa bali, ingsun ora sotah anampani, lamun ora kanthi bêbantên nyawa. Arya Dwapara langkung ajrih lajêng mundur mantuk dhatêng Mêdhangkamulan, [Mêdhang...]

--- 3 : 143 ---

[...kamulan,] dumugi ngarsanipun Prabu Cingkaradewa sampun katur sasolahing dinuta, Prabu Cingkaradewa langkung ngungun, dene ingkang rama salah panarka, pangandikanipun: Lah paman Dwapara têka kabanjur-banjur têmên dukane rama prabu maring sun, baya durung lêga galihe lamun ingsun durung angaturake pati urip, iya sanadyan kakarsakna ing pati urip ingsun, anggêr nora kalawan wirang, ingsun măngsa nêdya amurang marang wong atuwa, karana ananingsun iki iya saka rama, yèn mangkono paman, wadyabalaningsun kabèh sira dhawuhana asamêkta, ingsun arsa seba maring Mêdhanggalungan angaturake pati urip ingsun. Arya Dwapara miwah sawadya punggawa ingkang wontên ing ngarsa sami kapiluh sadaya, lajêng mundur atata-tata. Ing antawis dintên sasampuning samêkta, Prabu Cingkaradewa bidhal dhatêng Mêdhanggalungan, sarawuhipun wontên kikising nagari Mêdhanggalungan, masanggrahan ing pabarisanipun Raja Dwapara, lajêng katur dhatêng Sri Maharaja Gotaka yèn kang putra sowan angaturakên pêjah gêsang. Sri Maharaja Gotaka têka botên lilih malah mêmalat bramatya, lajêng andhawuhakên parentah amêthukakên prang, ingkang putra Radèn Dewata kalihan Radèn Jawata sami kapatah dados [da...]

--- 3 : 144 ---

[...dos] têtindhihing wadyabala. Dèwi Tulus garwanipun Sri Maharaja Gotaka tansah kontrang-kantring, dene ingkang putra sami dèn abên prang kalihan kadang, matur angrêrêpa murih lêjaring duka mêksa botên piniarsa, saking anggènipun Dèwi Tulus botên sagêd amberat sungkawaning galih, anêmah lêbu tumangan muksa dados widadari, kasêbut nama Bathari Goti, putrinipun pambayun nama Rêtnadèwi, sarêng sumêrêp yèn kang ibu lêbu gêni, lajêng tumut bela lêbu tumangan muksa dados widadari, nama Bathari Ayu. Mangkana Sri Maharaja Gotaka, sampun kaaturan uninga dening para parêkan, lamun pramèswari akalihan putri nata sami lêtu[13] tumangan. Sri Maharaja Gotaka langkung amiduhung têmah kandhèh dukanira dhatêng kang putra, nanging angantêpi pangandika ingkang sampun kawêdal, rèhning putra nèm sakalihan sampun kalajêng pinatah amêthukakên pêrang, anglawan kadangipun sêpuh, dados Sri Maharaja Gotaka ing mangke amung cipta pundi kang unggul badhe dados têtunggul, sinerenan kaprabonipun.

Kacariyos, rajaputra narendra kêkalih kang sami dados têtindhihing wadya, Radèn Dewata kalihan Radèn Jawata, tansah sami pirêmbagan samargi-margi, awrat [awra...]

--- 3 : 145 ---

[...t] èwêdipun ing lampah punika, awratipun anglampahi parentahing bapa, èwêdipun dening amêngsah kadang wrêdha, ing kalih-kalihipun sami rumaos anêrak ing ila-ila, ingkang katêmbungakên: ila-ila yèn mopo aparentah ing bapa, ila-ila yèn puruna dhatêng kadang wrêdha. Mila rajaputra sakalihan, sangêt kawêkèn ing galih, tansah awirandhungan lampahipun, ing wêkasan kapanggih ing galihipun Radèn Dewata kadhawahakên dhatêng ingkang rayi Radèn Jawata: Yayi ing mêngko panêmuning panggalih ingsun, mungguh prayogane laku iki, sira sowana dhingin marang kakang prabu, aja anggawa bala sawiji, sira matura sarèhing dinuta ing rama, abote wong anglakoni parentah, pakewuhe anglawan kadang tuwa, ingsun arsa anglakoni prang sangadi kewala, lamun ingsun lan sira mangsah ing ayuda, kakang prabu ngêmbulana, nuli ingsun anungkul asamudana kapikut, nuli sira mangsaha pêpulih, iya nuli nungkula asamudana kasambut ing rana, supaya katona maring wadyabala yèn ingsun lan sira padha amituhu ing parentahing wong atuwa. Radèn Jawata anayogyani karsaning raka, lajêng mangkat asêsiliban tanpa wadya, dumugi ing pasanggrahanipun Prabu Cingkaradewa, [Cingkarade...]

--- 3 : 146 ---

[...wa,] Radèn Jawata laju sowan ing ngarsaning kang raka, angaturakên wawêlingipun kang raka Radèn Dewata sadaya. Prabu Cingkaradewa angungun salêbêting galih, dene kang rama têka kalajêng-lajêng dukanipun, Prabu Cingkaradewa anyagahi punapa ing saaturipun ingkang rayi. Radèn Jawata pamit wangsul dhatêng pasanggrahanipun ingkang raka, matur sasolahing dinuta dhatêng kang raka Radèn Dewata, ing nalika punika lajêng dhawuh dhatêng wadyabala amangsah pêrang, campuhing ayuda langkung rame gêntos kalindhih, rèhning sampun sami wêwangsitan dados botên wontên pêpêjah. Nuntên Radèn Dewata mangsah panggih ayun-ayunan kalihan kang raka Prabu Cingkaradewa, prang sakêdhap Radèn Dewata nungkul, loking wadya kapikut samadyaning rana, nuntên Radèn Jawata mangsah pêpulih, prang sakêdhap lajêng nungkul, loking wadya kasambut ing ayuda. Wadya alit kang botên angsal wangsit sami lumajêng matur dhatêng Sri Maharaja Gotaka, yèn putranata sakalihan sami kapupu. Sri Maharaja Gotaka langkung duka, pangandikanipun: Lah nyata lali Si Sadewa, lajêng dhawah dhatêng Patih Raja Sukapa, lamun arsa anêdhaki piyambak, Patih Raja Sukapa matur bêbolèh saking ujaring pawartos botên kapupu, dhasar sami dipun sêdya têluk, [tê...]

--- 3 : 147 ---

[...luk,] amargi pêrangipun amung sangadi kemawon, mila botên wontên pêpêjah, akathah-kathah aturipun Patih Sukapa, nanging Sri Maharaja Gotaka sampun botên kenging kaaturan.

Amarêngi masa manggakala, Sri Maharaja Gotaka, mêksa karsa anêdhaki pêrang piyambak, Patih Raja Sukapa inggih lajêng dhèrèk kemawon, sarêng dumugi ing pabarisan, senapati sakawan, Raja Wipara, Raja Dyapara, Raja Yogyapara, Raja Capala, sami amêthukakên matur angrêrapu kathah-kathah, yèn kang putra botên sumêdya anyanthulani panjênênganipun, wontênipun prang punika amung ajrih ing parentah dados sami anglampahi samudana kemawon, mila botên wontên pêpêjah. Nuntên Prabu Cingkaradewa sowan ingkang rama sumêdya angaturakên pêjah gêsang, ing ngriku Sri Maharaja Gotaka sarêng aningali kang putra têka rumaos wirang lajêng kondur angadhaton, wêkasan muksa dados dewa, kasêbut namanipun lami anama Sang Hyang Sindhula. Prabu Cingkaradewa langkung ngungun èsmu sungkawa, miwah ingkang rayi sakalihan sami sangêt sungkawanipun, senapati raja sakawan tuwin Patih Sukapa sami angêngimur akathah-kathah, wêkasan sami [sa...]

--- 3 : 148 ---

[...mi] lipur awit kapupus saking pêpêsthèning dewa. Sasampunipun makatên, Prabu Cingkaradewa lumêbêt ing praja anarubakên wadyabala, ing antawis dintên Prabu Cingkaradewa jumênêng nata anggêntosi kapraboning rama, lêstantun jêjuluk Prabu Cingkaradewa, pêpatihipun taksih Raja Sukapa, Raja Wipara, Raja Dyapara, Raja Yogyapara, Raja Capala, sakawan pisan taksih lulus dados senapatining ngalaga, ingkang rayi kêkalih sami kajunjung anama raja, dados bêbaunipun kang raka angrèh para santana, Arya Dwapara miwah Arya Gandara tuwin Arya Kumbina sami kadadosakên lêlurahing para wadya sêsêliran, ingkang anama wadya sêsêliran punika tiyang jalêr ingkang dados jêjamahanipun Prabu Cingkaradewa, awit Prabu Cingkaradewa botên karsa dhatêng wanudya, saking wêca karsaning dewa, benjing manawi Prabu Cingkaradewa sampun dados dewa punika krama widadari lajêng apêputra wontên ing suralaya, dene arya têtiga wau ingkang kalih taksih kalulusakên namanipun lami, amung Arya Dyapara sarèhning anyênyami namanipun Raja Dyapara, punika ingêlih nama Arya Caracapa, anunggak sêmi namanipun kang rama ing nguni. Ing nalika punika nagari ing Mêdhanggalungan ingalih nama Mêdhangkamulan, [Mêdhangka...]

--- 3 : 149 ---

[...mulan,] karsaning dewa kawuryan wingiting karaton, tata raharja gêmah aripah loh jinawi. Kala samantên, panjênêngan ratu tanah Jawi wontên sakawan, sami ngraja piyambak-piyambak: 1. ing Gilingwêsi, dumunung wawêngkon tanah Bantên, 2. ing Purwacarita kaping sakawan, 3. ing Wiratha sami dumunung wawêngkonipun tanah Têgal, 4. ing Mêdhangkamulan kaping sakawan, wawêngkon tanah Prayangan.

Amarêngi masa naya, kacariyos nagari ing Purwacarita, Dèwi Laksmitawahni ambabar miyos kakung, ingkang eyang amaringi nama Radèn Wahnaya.

Ing salêbêting taun Jayaha, etanging taun surya sangkala 462, tinêngêran sinikara obahing samudra. Kaetang ing taun candra sangkala 476, tinêngêran obahing wukir dadi muksa.

Kacariyos nagari ing Mêdhangkamulan, ing nalika punika Prabu Cingkaradewa amêmapakakên sagunging para punggawa santana sadaya, ingkang rinêmbag karsanipun Prabu Cingkaradewa badhe angêlun ing tanah Jawi, supados sagêda jumênêng ratu binathara, Patih Raja Sukapa angaturakên luwangipun ingkang badhe dados wêwêngku punika gangsal prakawis,

--- 3 : 150 ---

1. Sintên ingkang tansah angabêkti ing dewanipun, punika badhe kinabêktenan ing manusa. 2. Sintên ingkang ajrih ing ratunipun, punika badhe kinèringan ing manusa. 3. Sintên ingkang angidhêp ing yayah renanipun, punika badhe kinèdhêpan ing manusa. 4. Sintên ingkang amituhu ing gurunipun, punika badhe pinituhu ing manusa. 5. Sintên ingkang asih ing dumadi, punika badhe kinalulutan ing manusa. Mênggah lêluwang gangsal prakawis wau, saking panawang kawula, panjênêngan paduka sampun anglampahi kawan prakawis, ingkang rumiyin ajrih ing ratu, inggih rama paduka sri maharaja ingkang sampun amanggih swarga, punika ratu paduka. Kaping kalih angidhêp ing rama ibu, kaping tiga amituhu ing guru, kaping sakawan asih ing dumadi, jangkêpipun gangsal, panjênêngan paduka botên tabêri angabêkti ing dewa, punika yèn kaparênga ing karsa, prayogi kalampahan. Dene patrapipun angabêkti ing dewa punika kalih prakawis, inggih punika puja akalihan brata, kalih prakawis punika botên kenging pisah, karantên ing saèstunipun botên wênang amêmuja yèn dèrèng anglampahi tapa-brata. Mênggah lampahing tapa-brata punika gangsal prakawis: 1.

--- 3 : 151 ---

Wadhahipun angêngirangi dhahar, ingkang winadhahan anarima, sanadyan angêngirangana dhahar, yèn botên anarima ing sawontênipun kang dhinahar inggih botên pakantuk. 2. Wadhahipun anyênyuda sare, ingkang winadhahan èngêt, sanadyan awungua yèn mawi sinamur ing sêsambèn inggih botên pakantuk, karantên sêsambèn punika andadosakên supening panêdha. 3. Wadhahipun angawisi sanggama, ingkang winadhahan tata, sanadyan awis-awisa sanggama yèn sanggamanipun rêsah inggih botên pakantuk, tgêsipun rêsah punika bandrèk jina sapanunggilanipun ingkang botên mawi tata. 4. Wadhahipun anyênyêgah duka, ingkang winadhahan santosa, sanadyan sabar daranaa yèn dahwèn sêndhon parawaonan inggih botên pakantuk, karantên dahwèn sêndhon parawaonan punika tumusipun angêmu duka salêbêting batos. 5. Wadhahipun amêpêt pangandika, ingkang winadhahan panalăngsa, sanadyan ambisua yèn kakênan manah inggih botên pakantuk, mila utamining ambisu punika wontên ing asêpên, ingkang supados botên wontên kang adamêl kakêning manahipun, punika pukulun, manawi sampun lêbda ing tapa-bratanipun, [tapa-brata...]

--- 3 : 152 ---

[...nipun, saèstu enggal katarima ing pamujanipun, dene sêsinaunipun tapa-brata gangsal prakawis wau, wontên ucap-ucapaning pralampita makatên: sabêcikane mangan warêg, bêcik mangan kurang, sabêcikane mangan kurang, bêcik mangan saanane, sabêcikane mangan saanane, bêcik mangan satêmune, sabêcikane mangan satêmune, bêcik mangan saluwene, sabêcikane mangan saluwene, bêcik apuwasa sakuwasane, kaping kalihipun, sabêcikane turu bêcik mêlèk, sabêcikane mêlèk bêcik tangi, sabêcikane tangi bêcik lungguh, sabêcikane lungguh bêcik ngadêg, sabêcikane ngadêg bêcik lumaku. Punika manawi sampun lantèh ing kalih prakawis wau, sagêd angringkês gangsal prakawis pisan, êmpan wontên ing papan, êmpanipun nalika ing dalu, papanipun wontên ing asêpên, inggih punika ing sabên dalu siyam awit ing sêraping surya, nuntên mlampah-mlampah tanpa angandika, yèn wontên kang anumbuk utawi anunjang botên dados duka, yèn kapêthuk ing dyah ayu botan[14] niyat rêmên, utaminipun mawi siram ing têmpuran banawi lajêng angèli ing sadumuginipun, punika yèn kalampahan ing sabên dalu makatên, adat luwangipun [luwangipu...]

--- 3 : 153 ---

[...n] botên ngantos lami saèstu wontên parmaning dewa. Têlas aturipun Patih Raja Sukapa.

Prabu Cingkaradewa sarêng amidhangêt aturipun Patih Raja Sukapa ingkang makatên wau, andadosakên panujuning galihipun, pangandikanipun: Lah uwa patih sayêkti ingsun pituhu ing aturira iku, awit mêngko ratri ingsun arsa midêr anênamur, kang andhèrèk angêmungna sira bae, Patih Raja Sukapa matur jumurung ing karsa. Nuntên ing dalu Prabu Cingkaradewa tindak mubêng-mubêng kalihan Patih Raja Sukapa kemawon, ing salajêngipun sabên dalu makatên, awit sêraping surya dumugi ing êbyar raintên, angèstokakên ing saaturing Patih Raja Sukapa wau. Sarêng antawis angsal satus dintên, nuju purnamaning masa manggakala, ing ngriku wontên sasmitaning dewa ingkang dados tăndha yèn sampun katarima, ingkang rumiyin amidhangêt ujaring têtiyang padhusunan, kapiarsa saking margi makatên: dhêmpunira têtêlu iku atandhinga lawan dhêmpuningsun sawiji iki amasthi rêmuk, wontên kang anauri makatên: dhêmpuningsun têtêlu iki wus matêng kêkisikane, atose kaya watu, kaya paran yèn bisaa kalah dening dhêmpunira siji tur gaweyanira [ga...]

--- 3 : 154 ---

[...weyanira] anyar durung tatal. Kang wicantên rumiyin sumaur: Nadyan dhêmpuningsun sawiji iki isih anyar, ananging ingsun pêpuja wus katarima, ingsun antuk wangsit lamun dhêmpuningsun sawiji iki katitisan dewataning watu kumalasa. Ingkang darbe dhêmpu têtiga gumujêng sarwi amangsuli: Lah payo padha ingadu totohan sêmbah kewala, manawa ingsun kalah iya anêmbah maring sira ing salawas ingsun urip, manawa sira ingkang kalah iya anêmbaha maring sun salawasira urip. Nuntên Prabu Cingkaradewa lumêbêt dhatêng pemahan angêngintip saking jawi, sumêrêp ing pangabêning dhêmpu wau ingkang têtiga kawon dening dhêmpu satunggal, pangabênipun binanjêl gêntos-gêntos. Sarêng dhêmpu ingkang têtiga kawon, ingkang darbe dhêmpu lajêng anêmbah dhatêng ingkang mênang dhêmpunipun. Prabu Cingkaradewa lajêng mêdal dhatêng waradinan malih, sarèhning taksih têngah dalu dados dèrèng karsa kondur, andumugèkakên tindak mubêng-mubêng malih, ngantos dumugi sajawining nagari. Ing ngriku kadhawahan sasmitaning dewa malih, tindakipun Prabu Cingkaradewa amrangguli wontên rare dolanan arêraton, ingkang dados ratu rare têtiga sami amêngku nagari piyambak-piyambak, nuntên wontên ingkang [ing...]

--- 3 : 155 ---

[...kang] minăngka ratu kraman satunggal, punika anglurugi dhatêng ratu têtiga wau, prang ujung tangan langkung rame sami angabên bala, dangu-dangu ratu tiga wau sami kawon, ratu kraman lajêng jumênêng nata binathara, ratu têtiga sami kawangsulakên dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak, nanging kabawah dhatêng ratu kraman punika wau, botên dangu ratu têtiga sami sowan dhatêng ratu kraman angaturakên ulu-bêkti warni-warni, sarèhning rare dolanan, ingkang dados ulu-bêkti wau pêpanganan, wontên pisang wontên tape wontên barondong, sawênèh ayam kambangan, katampenan dhatêng ingkang jumênêng ratu binathara enggal wau, nuntên katingal wontên têtiyang satunggal sampun ragi sêpuh angangge-angge kados brahmana, wicantên dhatêng rare ingkang jumênêng ratu binathara enggal punika, wicantênipun makatên: Sira ing mêngko wus dadi ratu gêdhe, amêsthi kudu nganggo ambêk wolung prakara: 1. Ambêking bumi, tansah andêdana karêm ambêbungah maring janma, danane dene têtuwuhan kang cukul ing awake suka lila dèn ambila ing janma, aywa kang têtuwuhane yèn ora lilaa, sanadyan badan dhewe dèn dhudhuki dèn paculi lêga lila nora sak-sêrik, malah yèn kabênêran angatonake pêpêndhêman [pê...]

--- 3 : 156 ---

[...pêndhêman] rajabrana, dadi kabungahane kang andhudhuk. 2. Ambêking banyu, anggêlarake apura paramarta, bisa angenaki ati nora rêngatan, cinibukan pulih nora nana labête. 3. Ambêking agni, amisesa ing kalesa, bisa anglêbur rêrêgêding bumi, ambabadi kang arunggut, amadhangi kang apêtêng, yèn kalonglongan nora suda atine, bisa sarèh bisa sêrêng nora kawistara lakune, 4. ambêking angin, tan pêgat titi pariksa, anggung anginjên-injên solah bawaning janma, bisa anuksma ing agal alit, amiguna ing aguna, lakune tanpa wangênan, pamrihe tanpa têngêran, yèn katulak nora êsak, yèn katarik nora sêrik. 5. Ambêking surya, sarèh ing karsa rèrèh ing pangarah, nora sadaya-daya antuka sabarang ingkang dèn pe ing panasing srêngenge nora age-age dèn garingake, lakune angarah-arah patrape angirih-irih, pamrihe ing sabarang rèh yèn rèrèh nora rêkasa gone amisesa. 6. Ambêking rêmbulan, bisa anuraga amèt prana, sumèh ing netya alus ing budi, anawurakên raras rum, sumrah sumarambah marang saisining jagad. 7. Ambêking lintang, santosa pêngkuh nora keguhan, nora

--- 3 : 157 ---

lèrès ing ubaya, nora lêlèmèrên ing karsa, pitayan atèn tanpa samudana. 8. Ambêking mêndhung, angêmpakake dana wêsiasat, adil nora nganggo bau-kapine, danane yèn kabênêran awèh ganjaran anurunake udan, wêsiyasate yèn ana kang kaluputan pinidana ing guntur tanpa sesa, adile anggung angawruhi ala bêcike manusa, gêbyaring kilat kang minăngka titi pariksane, kang ala nêmu paukuman, kang bêcik antuk ganjaran. Sasampuning têlas wicantêning tiyang cara Brahmana wau, rare kathah nuntên sami alok-alok makatên: Uye-uye ayu-ayu pinaayu, tgêsipun, use-use sae pinituhu, lajêng bibaran sami mantuk sowang-sowangan.

Prabu Cingkaradewa anglajêngakên tindakipun dhatêng têmpuran banawi, sarêng sampun siram lajêng angèli kalihan Patih Raja Sukapa, ing ngriku kadhawahan sasmitaning dewa malih, katingal sapinggiring banawi wontên kawuk têtiga lumajêng binujung ing manyawak satunggal, Prabu Cingkaradewa anggarjita, saking banawi lajêng kondur, rawuh ing kadhaton wanci enjing, sasampuning siram bêbilas lajêng angandika dhatêng Patih Raja Sukapa: Uwa patih kaya paran [pa...]

--- 3 : 158 ---

[...ran] wahanane kang katon mau bêngi kae. Aturing Patih Raja Sukapa: Lah inggih punika pukulun sasmitaning dewa, tăndha yèn sampun katarima, nanging prayoginipun katêrangakên ing pamuja, supados dhawuhing nugraha jati sagêda tumurun ing sawantahipun. Prabu Cingkaradewa panuju ing galih lajêng lumêbêt ing pahoman mangsah muja sêmadi maladi êning, sarêng anggènipun anungku cipta angsal tigang dintên, ing ngriku katêdhakan Sri Maharaja Kano katingal sawantah, pangandikanipun, he turas ingsun kaki prabu, ing mêngko ingsun pasrah karaton ingsun, maune ingsun kang amêngku bawana ing nuswa Jawa, ing mêngko ingsun angêsrahake marang sira, sira ingsun lilani jumênêng ratu binathara, ambawani bawana talatahing nuswa Jawa kabèh, sira jêjuluka Sri Maharaja Purwacandra, awit sira sun paringi pusaka panah candrasa, măngka pamunahing satru murka, lah iki panah pusaka sira tampanana. Prabu Cingkaradewa lajêng nêmbah anampèni, botên antawis dangu Sri Maharaja Kano muksa malih.

Kacariyos, sarêng Prabu Cingkaradewa sampun tampi dhawuhing dewa ingkang awêwentehan, lajêng miyos [miyo...]

--- 3 : 159 ---

[...s] saking pamujan, andhawuhakên pangandika dhatêng Patih Raja Sukapa, bab kawontênanipun salêbêtipun mêmuja, Patih Raja Sukapa sampun lêga ing manahipun, mirêng dhawuh pangandikaning ratunipun, lajêng cumadhong ing karsa. Prabu Cingkaradewa andhawahakên mêmatah parentah, tata-tata samaptaning ayuda, ing sadintên-dintên Prabu Cingkaradewa anggung anggêlarakên dana, ambêbingah wadyabala sadaya. Sasampunipun makatên Prabu Cingkaradewa utusan anglampahakên pêpucuk dhatêng Gilingwêsi, ingkang kautus adhinipun Raja Dyapara, nama Arya Wurukung kalihan Arya Paningron, sapanêkaripun sami samapta sadêdamêlipun, sarêng lampahipun arya kêkalih dumugi kikising nagari ing Gilingwêsi, lajêng angêngirup padhusunan, anjêjarah angrêrayah angrêrayut, ambêbahak ambêboyong, wadyabala tampingan ing Gilingwêsi, sami lumajêng asasaran ngungsi salêbêting praja, atur uninga ing Prabu Brahmana Raja. Nuntên Prabu Brahmana Raja andhawuhakên samapta ing ayuda, amêthukakên sajawining kitha, campuhing prang wadyabala ing Mêdhangkamulan kalindhih kathah ingkang pêjah kasambut ing rana. Arya Wurukung kalihan Arya Paningron sami kapalajêng, mundur mantuk dhatêng Mêdhangkamulan [Mêdhangkamu...]

--- 3 : 160 ---

[...lan] matur ing Prabu Cingkaradewa, manawi sêrat dèrèng ngantos katampèn Ratu Gilingwêsi, sêlak dipun pêthukakên pêrang têmah kasêsêr saking karoban lawan. Pangandikanipun Prabu Cingkaradewa: Kaluputan ing lakunira dene kasusu ambêburu bêborokan, dadi kadhinginan gêlar kapasangan ing piranti, wêkasan anêmahi kajodhi, sasampunipun angandika makatên, Prabu Cingkaradewa adhêdhawah dhatêng Patih Raja Sukapa, manawi badhe arsa anêdhaki piyambak dhatêng Gilingwêsi, Patih Raja Sukapa lajêng pêparentah tata-tata. Ing antawis dintên, Prabu Cingkaradewa bidhal saking praja kêbut sawadyabalanipun, dumugi ing Gilingwêsi Prabu Brahmana Raja lajêng amêthukakên, campuhing prang langkung rame gêntos kalindhih, Prabu Brahmana Raja Prabu Cingkaradewa, lajêng sami anyarirani piyambak, aprang tandhing angêdalakên pangabaran warni-warni, botên wontên ingkang kuciwa, dangu-dangu Prabu Brahmana Raja kalindhih lajêng muksa dados dewa kasêbut nama Bathara Brama Sadhara. Putranipun Prabu Brahmana Raja ingkang nama Radèn Tritrustha sarêng amiyarsa pawartos, yèn ingkang rama kasambut ing ayuda, Radèn Tritrustha sasadhèrèkipun sami kapalajêng arsa ngungsi dhatêng Purwacarita, wadya ing sakantunipun [sa...]

--- 3 : 161 ---

[...kantunipun] sami andhèrèk, ingkang botên andhèrèk sami kuwur-kawur asasaran ngungsi gêsang piyambak-piyambak, Prabu Cingkaradewa lajêng anjêjarah isinipun kadhaton Gilingwêsi, sarêng sampun rêrêm sawatawis dintên, kondur dhatêng Mêdhangkamulan. Etang anggènipun Prabu Brahmana Raja jumênêng nata wontên ing Gilingwêsi, laminipun 25 taun.

Kacariyos, lampahipun Radèn Tritrustha tansah anusup angayam wana murang marga, dumugi ing wukir Sodha andhatêngakên gara-gara jawah angin kadi pinusus, nuntên wontên danawa katingal langkung agêng galak anggêgirisi, botên mawi sarănta lajêng anarajang purun, mawi angrik anggro anggêgiro, hèh sira manusa ambaribini gon ingsun turu. Radèn Tritrustha sasadhèrèkipun kamigilan sami lumajêng, sarêng kasompok ing jêjurang Radèn Tritrustha anglêpasakên jêmparing, amung amrih kawal sagêda uwal saking bêbaya ingkang ambêbayani, danawa kenging jêmparing têmahan ruwat dados dewa nama Bathara Sumantanu, lajêng amurugi dhatêng Radèn Tritrustha, pangandikanipun sarwi asêsanti jaya-jaya manadukara: Lah bagya têmên sira dene angruwat mêmalaningsun, iya ingsun Bathara [Ba...]

--- 3 : 162 ---

[...thara] Sumantanu putraning Sang Hyang Ramaprawa, wayahe Sang Hyang Êning, kêna ing papa cintraka dadi ditya aran Sumwang, wêkasan ruwat saka ing sira, sayêkti dahat panarimaningsun. Sasampunipun angandika makatên, Radèn Tritrustha winisik ing salwiring lêlampahan, ing wêkasan kinèn kèndêl wontên ing wukir Sodha kemawon rumiyin, ngiras atêtapa nuwun parmaning kang kawasa, Radèn Tritrustha nêmbah matur sandika anglampahi, Bathara Sumantanu muksa, Radèn Tritrustha sasadhèrèkipun lajêng tata-tata abêbadhe padhepokan, winangun-wangun asri kawuryan.

Ing salêbêting taun Manmata, etanging taun surya sangkala 463, tinêngêran katon rarasing dumadi. Kaetang ing taun candra sangkala 477, tinêngêran kaswarèng pandhita suci.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Prabu Cingkaradewa ing nalika punika anglurug dhatêng Wiratha, kêbut sabalanipun, sarawuhipun ing Wiratha, lajêng prang langkung rame gêntos kalindhih, ing antawis dintên pêrangipun wadya ing Wiratha kasêsêr, nagari ing Wiratha bêdhah, Prabu Basurata jêngkar saking praja, sagarwa putra miwah wadya santana sawatawis, arsa angungsi dhatêng Purwacarita, Prabu Cingkaradewa lajêng

--- 3 : 163 ---

anglud ing sapurugipun Prabu Basurata, sarêng Prabu Basurata rawuh ing Purwacarita, matur wêwarti dhatêng ingkang raka Prabu Sri Maha Punggung ing purwa madya wasana, sampun kacariyosakên sadaya, Prabu Sri Maha Punggung lajêng atata-tata samaptaning ayuda, sarta amêmatah punggawa ingkang badhe kalurugakên dhatêng Mêdhangkamulan. Dèrèng ngantos mangkat katungka rawuhipun Prabu Cingkaradewa sawadyabalanipun sami angrêrisak padhusunan, ambêsmèni griya, Prabu Sri Maha Punggung lajêng amêthukakên prang, wadya ing Mêdhangkamulan sami kathah pêjah kasambut ing ayuda. Nuntên Prabu Cingkaradewa angantêp pêrang, wadya ing Purwacarita kathah ingkang tumpês. Prabu Sri Maha Punggung lajêng anyarirani pêrang piyambak, tandhing akalihan Prabu Cingkaradewa sami angêdalakên pangabaran, ngabên kasêktèn, dangu-dangu Prabu Sri Maha Punggung kuciwa lajêng muksa dados dewa, kasêbut nama Bathara Sri Dyahi, awit dening muksanipun nuju ngantêp kaluwihan. Ing ngriku Prabu Basurata sarêng amiyarsa yèn kang raka muksa arsa pêpulih nêdya lêbur kadi lêbu tumangan, nanging pinambêngan dening Patih Mudha Bathara ing Purwacarita, Prabu Basurata dèn aturi luhung angimpunana garwa putraning raka, kabêktaa angungsi dhatêng wukir Maendra, Prabu Basurata amituhu [ami...]

--- 3 : 164 ---

[...tuhu] lajêng angimpuni para wanudya salêbêting kadhaton, tuwin Radèn Wandhu sampun sami kabêkta lolos saking praja, Patih Mudha Bathara tuwin wadyabala sasesaning pêjah sami andhèrèk sadaya.

Ing sabêdhahipun nagari ing Purwacarita, Prabu Cingkaradewa têka sinungan èngêt ing panggalih, rumaos kaduwung anggènipun ambêbêdhah praja, ingkang dados karaosing galih ing samuksanipun Prabu Sri Maha Punggung amargi Prabu Sri Maha Punggung akalihan Prabu Basurata punika sami nak sadhèrèkipun ingkang rama, awit ratu kêkalih wau sami miyos saking Dèwi Sri Yuwati, sadhèrèkipun Prabu Watugunung, mila Prabu Cingkaradewa dèrèng karsa kondur dhatêng Mêdhangkamulan, lajêng anglampahakên duta panalika angupadosi Prabu Basurata, ingkang kautus punggawa juru nujum anama Wasi Tunggara, putraning Arya Paningron, dhawuh wêlinganipun Prabu Cingkaradewa ing pundi gènipun pinanggih, kadhawuhan angêjum ing basa palimarma, kaaturana yèn badhe amanggih prayogi.

Gêntos kacariyos ing wukir Maendra, Dèwi Rukmawati tumêdhak dhatêng dhusun ing Gêgêrwat, amanggihi Umbul [Umbu...]

--- 3 : 165 ---

[...l] Wibra, nuju sawêg amaculi palataranipun asangêt ing panggrêsahipun, wicantênipun: Lah rêkasa têmên ênggon ingsun amituhu wangsit, têka durung ana wasanane. Dèwi Rukmawati sarêng sumêrêp ing solahipun Umbul Wibra, lajêng angandika: He Umbul Wibra, sira iku salah surup arane, palataran ing ngarêping wismanira têka sira dhungkari kaya arêp tinanduran mêngkono, măngsa katêmua ingkang sira upaya. Umbul Wibra kagyat lajêng anêmbah matur: Dhuh pukulun, ingkang uninga ing saniskara, kula punika anglampahi wangsit makatên: kabêgjanmu ana ing ngarêpmu, sarêng kula upadosi sangajênging griya kula ngantos kula dhungkari makatên mêksa botên amanggih bêgja, punika pukulun, mugi wontêna paring paduka pitêdah ing pundi panggenaning kabêgjan kula. Pangandikanipun Dèwi Rukmawati bênêr ujaring wangsit kabêgjanira ana ing ngarêpira, nanging sira kaliru tămpa, sajatine kang dèn arani ing ngarêpira iku dudu arah dudu prênah, iya iku arêping sêdyanira, wus antara samăngsa sira arêp anyandhi ing astananing wong atuwanira, ana watu măncawarna ingkang mangul ing uloning pakaranganira, iku kang bakal sira gawe candhi, wêkasan saparene durung

--- 3 : 166 ---

kalakon. Lamun iku sira laksanani, sayêkti sira antuk kabêgjan, Dèwi Rukmawati lajêng kondur. Ing sapêngkêring Dèwi Rukmawati, Umbul Wibra lajêng andhungkar sela măncawarni ingkang mangul ing uloning pakarangan, sarêng kadhungkar sangandhaping sela katingal wontên pêpêndhêman rajabrana maneka-warna, andadosakên kasugihanipun, lêstantun anggènipun anyandhi tiyang sêpuhipun.

Kacariyos, sarawuhipun Dèwi Rukmawati wontên ing pratapan, dèrèng ngantos dangu Prabu Basurata rawuh, Dèwi Rukmawati gupuh amêthuk lajêng angacarani, sampun tata lênggah sami sinambrama sadaya. Sarêng sampun rêrêm, Prabu Basurata amarsudi mugi kaidènana anggènipun karsa angrêbat nagari, nanging Dèwi Rukmawati botên anjurungi, malah kaaturan nungkul, ing têmbe badhe sae kadadosanipun, Prabu Basurata langkung kawêkèn ing galihipun. Dèwi Rukmawati lajêng amrasajakakên, wontênipun ing wêca, manawi Prabu Basurata karsa nungkul, ing têmbe nagari ngalêmpak dados satunggal ing Wiratha kemawon. Prabu Basurata eca ing galih, wêkasan miturut punapa ing saatur pamrayoginipun Dèwi Rukmawati, sakathahing para wanudya miwah para rêrepotan, [rêre...]

--- 3 : 167 ---

[...potan,] sami katilar wontên ing wukir Maendra, katêngga Patih Mudha Bathara kalihan Patih Sunggata, tuwin wadya punggawa ingkang sêpuh-sêpuh sadaya, Prabu Basurata kalihan Radèn Wandhu, bidhal saking wukir Maendra, sumêdya wangsul dhatêng nagari Purwacarita, namung kadhèrèkakên wadya ing sawatawis, sarêng têdhakipun sang prabu akalihan ingkang putra andungkap dumugi kikising nagari Purwacarita, kapêthuk utusanipun Prabu Cingkaradewa, kang anama Wasi Tunggara, Wasi Tunggara lajêng matur angrêrêpa akathah-kathah, Prabu Basurata panuju ing galih, lajêng kairid sowan dhatêng Prabu Cingkaradewa. Ing nalika punika Prabu Cingkaradewa langkung rêsêp dhatêng Prabu Basurata, akathah-kathah ingkang karaos ing galih, sasampuning sinuba-suba, Prabu Cingkaradewa andangu dhatêng Prabu Basurata makatên, paman prabu, raka jêngandika paman Prabu Sri Maha Punggung punapa botên darbe putra. Wangsulanipun Prabu Basurata: Inggih gadhah anama pun Wandhu, ing mangke tumut sowan lênggah ing wingking kula punika. Prabu Cingkaradewa langkung rêsêp ing galih amariksani Radèn Wandhu, ing antawis dintên Radèn Wandhu jinunjung kajumênêngakên nata anggêntosi kaprabonipun ingkang rama wontên ing Purwacarita, kaparingan jêjuluk [jêju...]

--- 3 : 168 ---

[...luk] Prabu Sri Mahawan, Prabu Basurata katêtêpakên wangsul jumênêng nata wontên ing Wiratha malih, nanging sabên taun ratu kêkalih wau sami katamtokakên sowan dhatêng Prabu Cingkaradewa. Sasampunipun makatên, Prabu Cingkaradewa kondur dhatêng Mêdhangkamulan, lajêng jumênêng nata binathara amêngku sawawêngkonipun nuswa Jawi kalêbêt pulo Bali, Madura, ajêjuluk Sri Maharaja Purwacandra. Ing antawis dintên têtiyang ingkang sami dados sasmitaning jaya sami tinimbalan, tiyang ingkang ngabên dhêmpu satunggal mênang, dinangu namanipun awasta pun Seta, rare ingkang rêraton pindha ratu kraman, dinangu namanipun wasta pun Prêmadi, tiyang ingkang mindha brahmanama[15] dinangu namanipun matur awasta pun Smara, tiga pisan lajêng jinunjung dados punggawa, pun Seta nama Arya Seta, pun Prêmadi anama Arya Prêmadi, pun Smara kinarya purohita, tgêsipun guru ing pamulangan, pinaringan nama Dhanghyang Smara.

Amarêngi masa palguna, kacariyos Prabu Basurata akalihan Prabu Sri Mahawan, ing nalika punika sampun sami utusan amurugi ingkang tinilar wontên wukir Maendra, antukipun utusan ambêkta para wanudya, wontên margi lajêng pêpisahan, wontên ingkang

--- 3 : 169 ---

dhatêng Wiratha tuwin dhatêng Purwacarita.

Ing salêbêting taun Tunmuki, etanging taun surya sangkala 464, tinêngêran warna angrasa suci. Kaetang ing taun candra sangkala 478, tinêngêran murti swaraning pakarti.

Amarêngi masa srawana, kacariyos, Radèn Tritrustha ingkang ambangun tapa wontên ing wukir Sodha, ing nalika punika katêdhakan Bathara Sumantanu ambêkta putrinipun wanudya anama Dèwi Widhati, pangandikanipun Bathara Sumantanu: Lah kulup, ing nguni ingsun anarima maring sira, ing mêngko sira ingsun tarimani widadari putriningsun pribadi, aran Dèwi Widhati, dadia tandhane katarima. Radèn Tritrustha matur nêmbah anampèni kanthi sangêt ing panuwun pamundhinipun, lajêng kagarwa, Radèn Tritrustha kadhawuhan suwita dhatêng Mêdhangkamulan, kawêca ing têmbe badhe manggih kamulyan, Radèn Tritrustha matur sandika, Bathara Sumantanu lajêng muksa. Ing sapêngkêripun Bathara Sumantanu, Radèn Tritrustha angestokakên dhawuhing dewa lajêng sowan dhatêng Mêdhangkamulan sumêdya suwita, dumuginipun Mêdhangkamulan, Prabu Basurata panuju wontên ing ngriku, Radèn Tritrustha anjujug ing pasanggrahanipun Prabu

--- 3 : 170 ---

Basurata, lajêng matur dhatêng Prabu Basurata anggènipun badhe suwita, Radèn Tritrustha tumuntên kairid dipun aturakên Sri Maha Purwacandra, kanggêp pasuwitanipun.

Ing salêbêting taun Yiwolambi, etanging taun surya sangkala 465, tinêngêran tata rasa dadi barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 479, tinêngêran gatraning arga catur.

Amarêngi masa pusa, kacariyos putraning Raja Wipara kêkalih, kang sêpuh nama Arya Jabung, kang nèm nama Arya Jangkung, sami lolos saking Mêdhangkamulan, awit dening kawon sihing pasuwitanipun kalihan Radèn Tritrustha, arya kêkalih wau lajêng sami angadêgakên baris wontên ing Gilingwêsi, ing sadintên-dintên tansah angêngirup anêluk-nêlukakên, sasampuning agêng barisipun, arya kêkalih lajêng sami madêg ratu, Arya Jabung nama Prabu Kalajaya, Arya Jangkung nama Prabu Kaladitya. Sarêng kapiarsa saking Mêdhangkamulan, Radèn Tritrustha ingkang kapatah anglurugi, kaparingan kanthi ingkang rayi Sri Maharaja Purwacandra kêkalih, Raja Dewata, kalihan Raja Jawata, sawadyabalanipun, sadumugining Gilingwêsi, campuh prang langkung rame gêntos kalindhih, ing antawis [antawi...]

--- 3 : 171 ---

[...s] dintên Prabu Kalajaya akalihan Prabu Kaladitya sami kacêpêng, kabêkta dhatêng Mêdhangkamulan katur ing Sri Maharaja Purwacandra. Kalajaya Kaladitya lajêng kakarsakakên amêjahi, nanging Radèn Tritrustha anuwunakên pangaksama, amargi tiyang kêkalih wau dèrèng ngantos adamêl pêpêjah, Sri Maharaja Purwacandra anglêgani ing panuwunipun Radèn Tritrustha, Kalajaya Kaladitya sampun sami kaapuntên, nanging lajêng tinundhung saking Mêdhangkamulan, sarta Raja Wipara sasadhèrèkipun sami tumut katundhung, awit katumutakên sadosaning putra, sadaya botên kalilan angambah salêbêting praja, Raja Wipara saputra sadhèrèkipun sampun kesah, lajêng sami abêbadhe wontên ing Mêdhangagung.

Amarêngi masa manggakala, Radèn Tritrustha kaganjar nagari Gilingwêsi, sarta kinulawisudha dipun jumênêngakên nata, kaparingan jêjuluk Prabu Tritrustha.

Kacariyos, ing nalika punika, panjênêngan ratu tanah Jawi wontên sakawan, nanging ingkang têtiga sami ratu alit, ingkang jumênêng ratu binathara, angêrèhakên ratu têtiga wau, Sri Mahara[16] Purwacandra ing Mêdhangkamulan.

--- 3 : 172 ---

Sarêng ing masa srawana, Sri Maharaja Purwacandra karsa amangun pranataning agami, kados kala jamanipun Sri Maharaja Kano, sarta matah ingkang dados pangulu punggawa nênêm sami kaprênah santana.

1. Putraning Raja Dyapara, ingkang sampun dados punggawa pasêpan, kinarya panguluning têtiyang agami Sambo, pinaringan nama Rêsi Aryana.

2. Putraning Arya Wurungkung, ingkang sampun dados wadya karêrêngan, kinarya panguluning têtiyang agami Brahma, pinaringan nama Rêsi Karupa.

3. Putraning Arya Paningron, ingkang sampun dados wadya juru unjêman, kinarya panguluning têtiyang agami Endra, pinaringan nama Rêsi Tunggara.

4. Putraning Raja Yogyapara, ingkang sampun dados wadya pawungkunan kinarya panguluning têtiyang agami Wisnu, pinaringan nama Rêsi Unggya.

5. Arining Rêsi Unggya, ingkang sampun dados wadya pangurungan, kinarya panguluning têtiyang agami Bayu, pinaringan nama Rêsi Kănta.

6. Putraning Arya Jagur, ingkang sampun dados wadya pangalasan, kinarya panguluning têtiyang agami Kala, pinaringan [pina...]

--- 3 : 173 ---

[...ringan] nama Rêsi Mrêgapati, arinipun kagêntosakên dados wadya pangalasan anama Arya Mrêgasana, kala samantên adêging pangulu nênêm wau sarêng kalihan adêging senapati, ingkang anggêntosi Raja Wipara, putraning Raja Capala ingkang sampun dados wadya panglima, pinaringan nama Raja Pancala, arinipun kagêntosakên wadya panglima, pinaringan nama Arya Atama.

Ing salêbêting taun Wulambi, etanging taun surya saskala[17] 466, tinêngêran rêtu obah dadi muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 480, tinêngêran muksaning brahmana suci.

Amarêngi masa pusa, kacariyos Prabu Tritrustha nagari Gilingwêsi, tansah anarubakên wadyabala ingkang sami kapisah kala bêdhahipun nagari ing Gilingwêsi, ing sadintên-dintên anggili sami dhatêng saking pangilenan. Nuntên sutanipun wanudya Patih Atmera anama Kèn Rajatadhi, kapundhut garwa pangrêmbe, sarêng ing antawis dintên, pramèswari nata Dèwi Widhati ambabar miyos dhampit, nanging lininton menda dhatêng maru garwa pangrêmbe kang anama Kèn Rajatadhi wau, bayi kêkalih sami linabuh ing banawi, lajêng andhatêngakên gara-gara.

--- 3 : 174 ---

Kacariyos ing wukir Maendra, Dèwi Rukmawati botên kasamaran ing lêlampahan makatên wau, lajêng mêsat angambara, sakêdhèp netra dumugi ing Gilingwêsi, bayi kêkalih cinandhak kabêkta dhatêng ing wukir Maendra kapulasara siniram ing toya gege, bayi kêkalih enggal agêng, ingkang sêpuh jalêr pinaringan nama Radèn Dukutoya, ingkang nèm wanudya pinaringan nama Dèwi Srini. Amangsuli cariyos lêlampahanipun Kèn Rajatadhi, sasampuning anglabuh bayi kêkalih wau, lajêng matur dhatêng Prabu Tritrustha yèn pramèswari nata ambabar mijil menda kêkalih, Prabu Tritrustha langkung duka, kang garwa dinalih salah karsa lajêng kaukum binucal dhatêng wana, Dèwi Widhati lajêng muksa dados widadari malih.

Amarêngi masa manggasri, gêntos ingkang kacariyos, nagari ing Purwacarita, Patih Mudha Bathara muksa, kagêntosan putranipun anama Patih Pujangkara.

Ing salêbêting taun Wikari, etanging taun surya sangkala 467, tinêngêran swara angobahakên samudra. Kaetang ing taun candra sangkala 481, tinêngêran putra madya ing warna.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Wiratha, [Wira...]

--- 3 : 175 ---

[...tha,] garwanipun Prabu Basurata kang anama Dèwi Brahmaniyuta, ambabar miyos putri, pinaringan nama Dèwi Bramanèki, Prabu Basurata andhatêngakên suka.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos, nagari ing Gilingwêsi, kadhatêngan Raja Wipara sakadang putranipun sami suwita dhatêng Prabu Tritrustha, Raja Wipara lajêng ingalih nama Êmpu Artati, kinarya tuwanggananing praja.

Ing salêbêting taun Sarwari, etanging taun surya sangkala 468, tinêngêran brahmana angrasa suci. Kaetang ing taun candra sangkala 482, tinêngêran paksa murti dadi muksa.

Amarêngi masa palguna, kacariyos Prabu Tritrustha karsa asantun jêjuluk Prabu Brama Satapa, karatên ing samuksanipun pramèswari nata Dèwi Widhati, Prabu Tritrustha tansah tajin dhahar nendra, awit rumaos kalêpatan dene kirang titi pariksa, ing antawis dintên garwanipun kang anama Kèn Rajatadhi ambabar miyos putri, pinaringan nama Dèwi Satapi.

Ing salêbêting taun Pilawa, etanging taun surya sangkala 469, tinêngêran trus rarasing pakarti. Kaetang ing taun candra sangkala 483, tinêngêran

--- 3 : 176 ---

gunaning brahmana dadi boma.

Amarêngi masa kartika, kacariyos, nagari Mêdhangkamulan, Sri Maharaja Purwacandra karsa anyantuni wanguning sanggar palanggatan, para nata sami katimbalan anjênêngi adêgipun, sarêng sanggar palanggatan sampun ngadêg, ingkang rayi Sri Maharaja Purwacandra sakalihan sami ingêlih nama, Raja Dewata nama Raja Tigara. Raja Jawata nama Raja Patangkara. Para ratu têtiga lajêng sami kondur dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, Prabu Brama Satapa ing Gilingwêsi, sakonduripun saking Mêdhangkamulan lajêng angêlihi namaning para santana kadang kadeyan sadaya, ingkang paman sakalihan sami jinunjung dados rêsi minăngka pêpundhèning praja, Radèn Bramaniyama, nama Rêsi Brama Satama, Radèn Bramaniyata nama Rêsi Brama Sadewa, ingkang rayi sakawan sami ingêlih nama, Radèn Trimapunggung nama Arya Bramastuti, Radèn Trimatsyaka nama Arya Bramayana, Radèn Siwandara nama Aya[18] Bramanasidhi, Radèn Sarsihawa nama Arya Bramanajati, kadeyan Radèn Aniwarna, nama Arya Bramana Radya, Radèn Dratawedha nama Arya Bramana Wedha, kêkalih punika sami putraning

--- 3 : 177 ---

Rêsi Brama Satama. Putraning Rêsi Brama Sadewa saking Dèwi Srinadi nama Radèn Sutadha, ingalih nama Arya Bramana Kèstu. Sasampunipun makatên, Prabu Brama Satapa karsa adamêl lampahing petang-petangan băngsa iladuni sadaya, ingkang kinèn anganggit Êmpu Artati, mêndhêt saking Sêrat Dyamasastra, panganggitipun Sang Rêsi Radhi, katulad dening Êmpu Artati kawêwahan etanging pangawikan.

Ing salêbêting taun Subakarti, etanging taun surya sangkala 470, tinêngêran muksa kaswarèng samudra. Kaetang ing taun candra sangkala 484, tinêngêran warna murti dadi sirna.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nalika punika wontên widadari tumurun dhatêng Gilingwêsi, anama Dèwi Drêsanala, putrinipun Sang Hyang Brahma, Dèwi Drêsanala ingutus kang rama Sang Hyang Brahma, kinèn animbali ingkang raka sakalihan, Rêsi Brama Satama kalihan Rêsi Brama Sadewa, sarêng kapanggih kalihan kang raka sampun dhinawuhakên timbalanipun ingkang rama. Prabu Brama Satapa nuju amanggihi ingkang paman sakalihan wontên ing dalêmipun Rêsi Brama Satama, Prabu Brama Satapa aningali dhatêng Dèwi

--- 3 : 178 ---

Drêsanala kandhuhan brăngta, kalampahan katêmbung dhatêng kang paman. Aturipun Rêsi Brama Satama, yèn punika ingkang bibi piyambak sadhèrèkipun ingkang rama, nanging rèhning Prabu Brama Satapa sangêt kasmaranipun, dados ingkang paman dipun paibên, panggagasing panggalih, dipun kintên bilih ingkang paman pancèn botên suka. Sarêng ingkang paman sakalihan badhe dipun wasesa, lajêng muksa kalih pisan, Dèwi Drêsanala tumut muksa atilar sêsotya ciri rêtna matuwahni, minăngka pangimuring brăngta, sarêng Prabu Brama Satapa antuk rêtna matuwahni lajêng lipur, awit sumêrêp wêwayanganipun Dèwi Drêsanala.

Ing salêbêting taun Subakarti, etanging taun surya sangkala 471, tinêngêran rupa rêsi dadi muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 485, tinêngêran tata manggalaning yoga.

Amarêngi masa jita, kacariyos Patih Atmera ing Gilingwêsi tilar dunya, kagêntosan sutanipun kang anama Danèswara, pinaringan nama Patih Brama Sadhana.

Ing salêbêting taun Aciya, etanging taun surya sangkala 472, tinêngêran paksa ngăngsa dadi muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 486, tinêngêran [tinêngêr...]

--- 3 : 179 ---

[...an] obah madyaning hèrnawa.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Gilingwêsi, ing nalika punika kadhatêngan utusanipun Sri Maharaja Purwacandra ing Mêdhangkamulan, amundhut sutaning Êmpu Darmarasa ingkang jalu kêkalih, nama Êmpu Rasajati kalihan Êmpu Rasawadi, badhe kakarsakakên dados wadya sêsêliran, Prabu Brama Satapa lajêng andhawahakên dhatêng Êmpu Darmarasa, ananging Êmpu Darmarasa sangêt lênggana, Prabu Brama Satapa langkung duka, Êmpu Darmarasa dhinawuhan yèn sutanipun dipun kêkahi badhe kaukum bêsmi, amargi ambadal dhawuhing ratu. Êmpu Darmarasa dipun pilalah kabêsmi, kala samantên Êmpu Darmarasa dalah sutanipun kêkalih lajêng sami dipun bêsmi muksa dados dewa katiga pisan, arining Êmpu Darmarasa kagêntosakên, nama Êmpu Dewarasa, utusan ing Mêdhangkamulan lajêng mantuk sampun matur sasolahing dinuta, Sri Maharaja Purwacandra langkung ngungun.

Ing salêbêting taun Ananda, etanging taun surya sangkala 473, tinêngêran gunaning pandhita suci. Kaetang ing taun candra sangkala 487, tinêngêran swaraning dwipangga dadi muksa.

--- 3 : 180 ---

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Basurata animbali kang putra Radèn Bramaneka, kadhawuhan badhe dipun kramakakên lênggana, aturipun botên arsa krama manawi botên angsal widadari, ingkang rama sangêt duka, Radèn Bramaneka dipun tundhung, lajêng kesah sapurug-purugipun botên kantênan kang sinêdya.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos dhusun ing Waita Buyut Lagra anggènipun mêndhêt anak dhatêng dwipangga pêthak kang anama Gajah Oya, sangsaya sangêt ing trêsnanipun, amargi Buyut Lagra lajêng kaduluran ing kabêgjan. Anuju satunggil dintên, Gajah Oya ngambil kajêng manggih kawaca sumèlèh wontên ing kêkajêngan, lajêng kabêkta mantuk sinungakên dhatêng Ki Buyut Lagra, sarta takèn namanipun ingkang pinanggih punika. Ki Buyut Lagra anjatèni yèn punika nama kawaca, nanging dede darbèking manusa, kang adarbe widadari, katawis saking cirining kawaca mungêl endradi, kakintèn yèn punika panganggening widadari Dèwi Endradi, dwipangga angungun. Nuntên ing sontênipun dwipangga dhatêng wana malih badhe angusung kajêng dènira angambil kala enjing, dumugi ing wana dwipangga miyarsa tangising wanudya, sarêng cinêlakan katingal [katinga...]

--- 3 : 181 ---

[...l] kang anangis wau wanudya endah ing warni wontên têpining talaga, sêsambatipun sintên ingkang amanggihakên kawacanipun badhe dipun ngèngèri, dadosa juru dang juru panutu dipun lampahi. Dwipangga lajêng angatingal sarwi apitakèn, ujaripun ingkang makatên wau punapa sayêktos, wanudya sumêrêp dwipangga sagêd tata janma kagèt sarta anyauri inggih sayêktos, badhe anglêksanani, dwipangga apitakèn nama pinangkanipun, wanudya angakên yèn widadari anama Dèwi Endradi, dwipangga sagah amanggihakên, Dèwi Endradi angungun èsmu kaduwung. Dwipangga lajêng mantuk panggih lan Buyut Lagra, wêwartos ing wiwitan dumugi ing wêkasan, Ki Buyut angulungakên kawaca sarwi mêmêling, yèn widadari punika asring cidra, samăngsa kawaca sampun kaulungakên, adat lajêng mêsat angambara, dwipangga winulang yèn arsa angulungakên kawaca, amatêka măntra makatên: hong kamakotên, kamurêp kamidhêp. Dwipangga lêga manahipun, lajêng wangsul dhatêng ing wana panggih lawan Dèwi Endradi, kawaca dèn ulungakên sarwi amatêk măntra, kados wulangipun Buyut Lagra, Dèwi Endradi anampèni kawaca sampun karasuk arsa mêsat ing gêgana, nanging botên sagêd, Dèwi [Dè...]

--- 3 : 182 ---

[...wi] Endradi analăngsa dhatêng dwipangga, nanging ing batos taksih dèrèng rêna yèn kramaa angsal dwipangga, dados apêpanggil minta kadamêlna wisma jajar sanga angubêngi talaga wontên ing wana punika, dadosa sami sadalu. Dwipangga kèwêdan ing manah, badhe katilar mantuk sanjang dhatêng Buyut Lagra sumêlang manawi Dèwi Endradi kesah, pamuntuning manah amung anênuwun ing dewa, mugi katurutana ing sasêdyanipun, ing nalika punika wontên tandhaning katarima, prapta riris-riris arum awor sumawuring sari, botên antawis dangu wontên cumalorot saking ngawiyat lajêng katingal wisma jajar sanga angubêngi talaga, sarta ing sakiwa têngênipun katingal rêsik jêjidharan pêpak dalah pagêr gapuranipun, miwah kitri-karang-kirna amêpêki asri kawuryan kados praja wêwangunan. Ya ta Dèwi Endradi sarêng uninga yèn panêdhanipun kadhatêngan, lajêng lolos saking ngriku botên kantênan ingkang sinêdya. Sarêng enjingipun, dwipangga kecalan lajêng angupadosi lampahipun kapêthuk kalihan Buyut Lagra arsa nusul dhatêng dwipangga wau, sampun winartosan kawontênanipun lêlampahan sadaya, Buyut Lagra sangêt angungun. Dwipangga pamit arsa lajêng angupadosi Dèwi Endradi, [E...]

--- 3 : 183 ---

[...ndradi,] Buyut Lagra kinèn angênggènana wisma enggal wau, Buyut Lagra amituhu lajêng sami pêpisahan.

Amarêngi masa naya, sinigêg lampahipun dwipangga pêthak, gêntos kacariyos, nagari ing Malawa tanah sabrang, inggih punika gêgêlênganipun tanah Indhustan, ingkang jumênêng nata nama Prabu Ayana, ing ngajêng sampun kacariyosakên, tumuntên mêndhêt jamur dipa sêsarêngan Prabu Dhasarata ing Ngayodya, tuwin Prabu Basurata ing Wiratha, kadamêl sarat supados apêputra, sampun kalampahan kagungan putra satunggal putri langkung endah ing warni anama Dèwi Oyi, ing mangke sampun diwasa, nanging Dèwi Oyi nandhang gêrah kasmala, sakathahing usada botên wontên ingkang tumama, Prabu Ayana dahat èmêng ing galih, tansah tajin dhahar nendra anênuwun parmaning dewa, ing satunggil dintên Prabu Ayana antuk wangsit kinèn dhatêng ing tanah Jawi, amargi paminggiring dhusun ing Waita wontên talaga kinubêngan ing wisma jajar sanga, ingkang atêngga wasta Buyut Lagra, putrinipun kinèn anyiramana ing talaga punika, saèstu waluya nirmala jati sarta antuk jatukrama utami, nama Radèn Oya putraning Prabu Sri Maharaja Punggung ing Purwacarita, wayah Sang Hyang Wisnu. Ing

--- 3 : 184 ---

ngriku Prabu Ayana amituhu ing wangsit lajêng jêngkar saking praja têdhak dhatêng tanah Jawi, ingkang putra binêkta, amung kadhèrèkakên wadya sawatawis, sarawuhipun ing tanah Jawi lajêng anjujug wana paminggiring dhusun Waita, amanggih wisma jajar sanga ingkang angubêngi talaga kados ujaring wangsit wau, Ki Buyut Lagra gupuh kusung-kusung amêthukakên, sangêt ing pangungunipun, dene karawuhan ratu saking sabrang tanpa cêcala. Sasampunipun ingacaran tata lênggah, Prabu Ayana andhawuhakên pangandika, pêrlunipun rawuh ing ngriku, saking anggènipun mituhu wangsiting dewa, Buyut Lagra langkung suka sokur, lajêng angaturi panambrama sêsêgah ing sakawontênanipun sangêt katarima, nuntên Dèwi Oyi kasiraman ing talaga sampun waluya. Prabu Ayana lêjar ing galih, lajêng andangu dhatêng Buyut Lagra, ingkang ayasa talaga punika, Buyut Lagra angaturakên ing sasêrêpipun, wiwitan kala dwipangga pêthak ingkang anama Gajah Oya amanggih kawaca ngantos dumugi ing kesahipun, Prabu Ayana langkung ngungun dene wontên kaelokan makatên.

Amarêngi masa palguna, gêntos kacariyos malih lampahipun Dèwi Endradi, tansah amurang margi anusup angayam [a...]

--- 3 : 185 ---

[...ngayam] wana, ing nalika punika panggih kalihan Radèn Bramaneka, Dèwi Endradi tinakenan amangsuli miwiti mêkasi, Radèn Bramaneka panuju ing galih, lajêng angakên yèn rajaputra narendra ing Wiratha, Dèwi Endradi tinantun arsa ingangkah garwa, sumarah ing karsa anggêr sagêd anyirnakakên dwipangga pêthak, Radèn Bramaneka anyagahi sawêg badhe mangkat, dwipangga pêthak dhatêng, wêkasan dados prang, Radèn Bramaneka tansah karepotan ngantos kapalajêng angungsi ing jêjurang kalihan Dèwi Endradi, nuntên wontên swara kapiarsa, Radèn Bramaneka kinèn anuruta sirahing jêjurang wontên jêmparing pamungkas ananging tanpa gandhewa. Sarêng Radèn Bramaneka anurut, yêktos wontên jêmparing tanpa gandhewa lajêng kapêndhêt, dwipangga badhe nututi mudhun ing jêjurang, katalorong ing jêmparing kenging sirahipun, lajêng kombul ing tawang dhawah ing ngarsanipun Prabu Ayana sampun amalih warni manusa bagus, mawi samapta ing busana adi, sajatosipun jêmparing tanpa gandhewa wau, busana paringing dewa dhatêng dwipangga pêthak, sarèhning badhe ruwat dados manusa. Mangkana Prabu Ayana langkung kagèt ing galih, botên pisan anyana, [a...]

--- 3 : 186 ---

[...nyana,] dene wontên satriya bagus dhawah saking gêgana, lajêng sinambrama ing pambage, sarta kadangu ing nama miwah pinăngka tuwin ingkang sinêdya. Aturipun walèh yèn ingkang wau tinitahakên ing dewa sipat dwipangga pêthak nama Gajah Oya, ing wiwitan dumugi ing wêkasaning lêlampahanipun, amalih warni manusa punika sampun kaaturakên sadaya, Prabu Ayana angungun. Ya ta Buyut Lagra sarêng amiyarsa ing aturipun Radèn Oya dhatêng Prabu Ayana, lajêng anjêlèh anyêlaki Radèn Oya dipun ambungi sarwi nangis, sangêt suka sokurira ing dewa, Radèn Oya tumut rawat waspa, Nuntên Prabu Ayana angandika: Lah kulup, wong ngaurip iku, aja pisan sêrik yèn tinampik, aja suka yèn pinilala, sira linumuhakên marang Dèwi Endradi, têgêse iku dudu jodhonira, yêkti dewa kang amaringi liru jatukrama maring sira, ênggon ingsun nganti rawuh ing kene iki, saka dhawuh wangsiting dewa, putraningsun aran Dèwi Oyi anandhang lara kasmala, kinèn adus talaga ing kene yêkti waras sarta antuk jatukrama utama, aran Radèn Oya putraning Prabu Sri Maha Punggung ing Purwacarita, wayahe Sang Hyang Wisnu, kang iku [i...]

--- 3 : 187 ---

[...ku] kulup, baya wus karsaning dewa sira pinasthi dadi jodhone putraningsun, sira aran Radèn Oya, putraningsun aran Dèwi Oyi. Radèn Oya atur sêmbah andhêku, Buyut Lagra sarêng amiyarsa pangandikanipun Prabu Ayana, ing batos sakalangkung suka mangayubagya. Prabu Ayana andhawuhakên pangandika dhatêng Buyut Lagra hèh Buyut Lagra sira minăngka besan ingsun, lamun padha condhonge, prayoga binawahan ana prajaningsun ing Malawa, sira ingsun gawa lawan somahira pisan, lajua angêmonga putraningsun sakarone, sarta omah kang dumunung sacêdhaking talaga iki, ingsun paringi aran padhukuhan ing Gajah Oya, talagane ingsun arani talaga Nirmala, supaya dadia pangeling-eling ing wuri. Buyut Lagra matur sandika sumăngga ing karsa, nuntên Prabu Ayana tata-tata, sasampuning samapta mangkat kondur dhatêng sabrang.

Amarêngi masa srawana, Prabu Ayana sampun rawuh nagari Malawa, Radèn Oya lajêng kadhaupakên angsal Dèwi Oyi, atut anggènipun jêjodhon, botên antawis lami Prabu Ayana sèlèh kaprabon dhatêng putra mantu, kaparingan nama Prabu Oya, Buyut Lagra [La...]

--- 3 : 188 ---

[...gra] dados pêpatihipun.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos Radèn Bramaneka kondur dhatêng Wiratha ambêkta garwa Dèwi Endradi, nanging ingkang rama sangêt dukanipun, kang putra dinalih amêndhêt garwa sawiyah, Radèn Brahmaneka matur bilih widadari, nanging mêksa dipun paibên, pangandikanipun: Yèn somahira iku nyata widadari ingsun amundhut tăndha rêtna dumilah, yèn bisa nêkani nyata widadari. Nuntên Dèwi Endradi anyipta rêtna dumilah sampun kasaosakên, Prabu Basurata lêga ing galih, ingkang putra sakalihan lajêng tinimbalan, ing antawis dintên winiwaha dhaupipun, Prabu Basurata andhatêngakên suka.

Ing salêbêting taun Rakcaka, etanging taun surya sangkala 474, tinêngêran dadi goraning samudra. Kaetang ing taun candra sangkala 488, tinêngêran basu murti dadi barakan.

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Basurata karsa sèlèh kaprabon dhatêng ingkang putra, mawi angaturi uninga nyuwun lilah dhatêng ing Mêdhangkamulan sampun kalilan, nuntên Radèn Brahmaneka jinunjung

--- 3 : 189 ---

anggêntosi kang rama jumênêng nata ing Wiratha, ajêjuluk Prabu Basupati, ingkang rama ambagawan, anama Bagawan Wasubrata. Etang anggènipun Prabu Basurata jumênêng nata, laminipun sampun 37 taun.

Amarêngi masa wisaka, Dèwi Endradi ambabar miyos kakung, pinaringan nama Radèn Basumurti, Dèwi Endradi lajêng muksa, Prabu Basupati sangêt sungkawa tansah anggagas ing warna solah bawaning garwa, ngantos kalampahan botên karsa dhatêng wanudya sanès.

Antawis ing dalêm 5 taun, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal 6 taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Rudraksa, etanging taun surya sangkala 480, tinêngêran sirna manggalaning pakarti. Kaetang ing taun candra sangkala 495, tinêngêran danawa sêsanga karya risak.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing tanah Sindhula, talatahipun nagari Gilingwêsi, wontên danawa ngadêg arêraton, anama Prabu Siwalata, putraning Bathara Siwa Oya ingkang wuragil, abêbala manusa [manu...]

--- 3 : 190 ---

[...sa] ditya miwah buron wana, patihipun manusa nama Swalacala, patih danawa nama Swaladara, ing sadintên-dintên tansah angêngirup anêluk-nêlukakên, lajêng angêpang nagari Gilingwêsi, Prabu Brama Satapa lajêng anglampahakên utusan dhatêng ing Mêdhangkamulan, sarta lêlayu dhatêng ing Wiratha, tuwin ing Purwacarita. Nuntên Sri Maharaja Purwacandra anglampahakên wadyabala, senapatinipun nama Raja Tigara, Prabu Sri Mahawan, Prabu Basupati ugi sami anglampahakên bêbantu, dumugi sajawinipun nagari ing Gilingwêsi, lajêng campuh prang kalihan mêngsah kang angêpang kitha, mêngsah kalindhih kathah ingkang pêjah, sasesaning pêjah sami lumajêng matur ing Prabu Siwalata. Wadya ingkang sami bêbantu sampun lumêbêt ing praja panggih kalihan Prabu Brama Satapa, sami sinambrama ing parikrama boga botên kêkirangan. Sarêng sampun sawatawis dintên, Prabu Siwalata, angêrig sakathahipun sato wana, kinèn sami angrampid nagari, nagari ing Gilingwêsi, gègèr kalêbêtan sato galak amrawasa janma, botên kenging tinanggulang ing prang, botên kêndhak kaêndhak ing têtulak, têtiyang sapraja sami giris-giras lajêng kapalajêng rêbat pangungsèn, Prabu Brama Satapa sagarwa putra santana wadya, tuwin [tuwi...]

--- 3 : 191 ---

[...n] sakathahipun ingkang sami bêbantu, kapalajêng sadaya, mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak sami matur sasolahing dinuta, Prabu Brama Satapa tumut Raja Tigara sowan dhatêng Mêdhangkamulan.

Ing salêbêting taun Sambrama, etanging taun surya sangkala 481, tinêngêran rupa naga warna muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 496, tinêngêran rêtu gatraning toya.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Prabu Siwalata utusan Patih Swaladara saha wadya danawa, dhinawuhan minggah dhatêng suralaya, anuwun widadari Dèwi Wilotama, Sang Hyang Endra botên amarêngi, Patih Swaladara lajêng angêpang ing kaendran tansah angrêrisak kahyanganing para jawata.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing wukir Maendra, Dèwi Rukmawati kasowanan ing para buyut para umbul ing dhusun, sami anuwun sarana dènira sêsabin botên kawêdalan awit saking katêlagan jawah katiga panjang. Pangandikanipun Dèwi Rukmawati: Amêmulea jênang sèwu kinambang ing gula santên, patrape kudu ana bocah dhampit, wadone angolah, lanange kang

--- 3 : 192 ---

anawurake, yêkti nuli katêkan udan awêkasan tulus kang sarwa tinandur, yèn rêkasa ênggonira angupaya rare dhampit, iki ana yoganing ulun kang tinitah dhampit, ananging rajaputra rajaputri turasing madukusuma lagi kinarya lêlakon ing dewa, bagya kamayangan singa kang ambêcikana. Para bêbuyut miwah para umbul sami matur sandika anglampahi badhe among amulasara, nuntên para buyut miwah para umbul wau sami jinatosan yèn punika rajaputra ing Gilingwêsi, salwiring lêlampahan sampun kacariyosakên sadaya, para bêbuyut para umbul sangsaya sami suka santosa ing manahipun. Radèn Dhukutoya akalihan ingkang rayi Dèwi Srini lajêng katimbalan sampun sami dhatêng, Dèwi Rukmawati angandika: Putuningsun padha anglakonana parentahing dewa, sira têtulunga maring wong kasusahan, ênggoning padha sêsawah nora kawêton awit dening larang udan. Putuningsun Dèwi Srini sira olaha jênang sèwu kinambang ing gula santên, iya iku kang ingsun arani dhawêt, yèn wus matêng rumanti ing wêwadhah putuning Radèn Dhukutoya anawurêna ing sawah. Radèn Dhukutoya akalihan Dèwi Srini matur sandika lajêng anglampahi [anglampah...]

--- 3 : 193 ---

[...i] sadhawah, botên dangu lajêng wontên jawah. Milanipun ing mangke pasabinan punika asring wontên lumutipun dhêdhawêtan, kacariyos awit saking makatên wau purwanipun.

Amarêngi masa srawana, Sang Hyang Naradha tumêdhak saking rêdi Têngguru tanah Indhu, dhatêng ing nuswa Jawi, kautus Sang Hyang Jagadnata, angupados sraya, ingkang sagêd anyirnakakên para danawa ingkang angrêrisak suralaya, ingkang kaupadosan buyuting Brahma kang amêdal dhampit. Sang Hyang Naradha lajêng kapanggih kalihan Radèn Dhukutoya nuju wontên ing dhusun Banasri, Radèn Dhukutoya badhe kabêkta dhatêng suralaya botên suwala matur sandika, anggêripun ingkang rayi Dèwi Srini kalilan tumut, Sang Hyang Naradha anglilani. Ing ngriku Radèn Dhukutoya kalihan Dèwi Srini, lajêng sami kabêkta mêsat angambara, mawi kaparingan sarananing angambah gêgana. Dumugi ing suralaya, sinidhikara winulang salwiring guna kasantikan miwah jaya kawijayan sampun widagda, lajêng kinèn mangsah prang pinaringan jêmparing sarotama, Radèn Dhukutoya mijil ing rana ginarêbêg ing para jawata, campuhing prang para danawa sami kalindhih kathah pêjah, sakantunipun [saka...]

--- 3 : 194 ---

[...ntunipun] sami kapalajêng mantuk sampun matur sasolahing dinuta dhatêng ratunipun. Prabu Siwalata lajêng anglurug dhatêng suralaya kêbut sawadyakuswa, dumugi ing suralaya lajêng ngamuk punggung sura tan taha, para jawata sami gègèr puyêngan, nuntên Radèn Dhukutoya mangsah ing rana, Prabu Siwalata sawadyanipun sami kaprawasa ing sanjata sarotama. Ing sasirnaning mêngsah, Radèn Dhukutoya langkung sinuba-suba dening para dewa.

Ing salêbêting taun Biswawisu, etanging taun surya sangkala 482, tinêngêran anêmbah murtining warna. Kaetang ing taun candra sangkala 497, tinêngêran suka trusthaning yoga.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos Prabu Brama Satapa, sampun amiyarsa pawartos, yèn Prabu Siwalata sampun sirna sawadyabalanipun sadaya, Prabu Brama Satapa lajêng kondur dhatêng prajanipun, anarubakên wadyabala kawulawarga ingkang sami kapalajêng kala gègèring nagari Gilingwêsi dening sato wana.

Amarêngi masa asuji, kacariyos Radèn Dhukutoya tinurunakên saking suralaya kinèn lajêng suwita dhatêng Gilingwêsi, sarta pinaringan nama Bambang Parikênan, mawi [ma...]

--- 3 : 195 ---

[...wi] dipun dhawuhi supados ngakên rare saking wukir sutanipun pandhita martapa, Dèwi Srini kadhawuhan bêkta botên kaparingan nama, Bambang Parikênan lajêng mangkat akalihan ingkang rayi Dèwi Srini, sarêng dumugi ing Gilingwêsi, lajêng sowan ing sang prabu, katampèn pasuwitanipun langkung kandêl kinasihan. Ing antawis dintên Bambang Parikênan tinimbalan, dipun dangu Dèwi Srini punika punapa semahipun punapa sadhèrèkipun, aturing Bambang Parikênan matur bilih sadhèrèkipun. Prabu Brama Satapa lajêng anêmbung manawi Dèwi Srini badhe kakarsakakên ingangkah garwa, Bambang Parikênan dèrèng ngantos matur, katungka Sang Hyang Naradha rawuh jog saking awiyat, pangandikanipun: He yoganing ulun kaki Prabu Brama Satapa, sira iku katambuhan arane, wruhanira Bambang Parikênan lan Dèwi Srini iku yoganira pribadi, ingkang patutan saka Dèwi Widati. Ing lêlampahanipun saking wiwitan dumugi wêkasan sampun kadhawuhakên sadaya dhatêng Prabu Brama Satapa. Ing ngriku Prabu Brama Satapa dahat suka pangunguning galih, sukanipun dene kapanggih ingkang putra, ngungunipun dene rumaos kalêpatan ing solah kirang titi pariksa, Sang Hyang Naradha lajêng muksa. Prabu Brama

--- 3 : 196 ---

Satapa lajêng angrangkul ingkang putra sakalihan, agung kinuswa-kuswa, ing nalika punika Prabu Brama Satapa awit ewa dhatêng garwa Dèwi Rajatadhi.

Kacariyos, inggih punika purwanipun putranipun jalêr para satriya, tuwin pandhita, mawi sêsêbutan bambang, jalaran saking Radèn Dhukutoya kaparingan sêsêbutan Bambang dening Sang Hyang Endra.

Ing salêbêting taun Kalayudi, etanging taun surya sangkala 483, tinêngêran atri samadyaning pakarti. Kaetang ing taun candra sangkala 498, tinêngêran sarira anrus ing yoga.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, nagari ing Purwacarita, Prabu Sri Mahawan amikramakakên putra Radèn Wandawa, kadhaupakên angsal Dèwi Artati, putraning Sang Hyang Sadhana saking Dèwi Laksmitawahni, dados panggih nak-sanak bêktan sami bêktan, Prabu Sri Mahawan andhatêngakên suka.

Ing salêbêting taun Kalakandha, etanging taun surya sangkala 484, tinêngêran dadi pangèsthining yoga. Kaetang ing taun candra sangkala 499, tinêngêran trustha mukaning dadi.

--- 3 : 197 ---

Amarêngi masa kartika, kacariyos, nagari ing Wiratha, Bagawan Wasubrata muksa, Prabu Basupati lajêng alêlayu utusan dhatêng Purwacarita miwah dhatêng Gilingwêsi.

Amarêngi masa kasa, kacariyos, nagari ing Gilingwêsi, putraning Arya Bramana Kèstu nama Radèn Suganda, antuk wangsit kinèn angrabèni sutaning Kyai Wrigu tuwa buru ing Wiratha, kang anama Kèn Rakêtan, ing têmbe badhe anêdhakakên ratu, Radèn Suganda lajêng matur dhatêng kang rama yèn angsal wangsit makatên, Arya Bramana Kèstu gumujêng, pangandikanipun: Lah kulup, aja age anggugu wangsit lamun durung ana sasmita, aja amituhu sasmita lamun durung katêkan satmata, aja suka katêkan satmata lamun durung antuk sanyata, prayogane sira lungaa dhingin, angupaya sasmita, yèn wus ana sasmita angarêp-arêpa satmata, yèn wus katêkan satmata angudia sanyata. Radèn Suganda amituhu ing pangandikaning kang rama lajêng kesah, dumugi satêngahing wana kapanggih waraha anak-anak dwipangga, Radèn Suganda lajêng lampahipun arsa dhatêng wukir Maendra, sarêng dumugi sukuning wukir, sagunging kêkajêngan katingal sami sujud, Radèn Suganda dahat angungun, lajêng minggah ing wukir [wu...]

--- 3 : 198 ---

[...kir] sowan dhatêng Dèwi Rukmawati sinambrama ing pambage, pangandikanipun Dèwi Rukmawati: Mas putu sira uga bakal milu anurunake para nata, duk anèng alas sira dulu cèlèng anak-anak gajah, tgêse ing besuk sutanira dadi garwaning ratu, banjur asêsuta dadi ratu, lan duk anèng sukuning wukir sira katon sinujudan sarupaning kêkayon, tgêse iku ing têmbe sira dadi raja pandhita, sarta katăndha yèn sira amijèni para nata, dene kang dadi jalarane, sira angrabènana Kèn Rakêtan, sutaning tuwa buru kang aran Kyai Wrigu. Ya ta Radèn Suganda sarêng sampun angsal pangandikanipun Dèwi Rukmawati ingkang sajati, sangêt lêganing manah, lajêng pamit mantuk.

Amarêngi masa sitra, Radèn Suganda, dumugi Gilingwêsi, nuju Arya Bramana Kèstu katamuan Kyai Wrigu tuwa buru ing Wiratha, matur yèn antuk wangsit, anakipun èstri kinèn andhaupêna kalihan putraning Arya Bramana Kèstu kang anama Radèn Suganda, yêkti badhe tumut anurunakên para nata. Arya Bramana Kèstu langkung suka sokur, enggaling cariyos, Radèn Suganda sampun dhaup kalihan Kèn Rakêtan, atut [a...]

--- 3 : 199 ---

[...tut] anggènipun ajêjodhon.

Ing salêbêting taun Rautri, etanging taun surya sangkala 485, tinêngêran tata murti dadi barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 500, tinêngêran boma tanpa wisaya.

Amarêngi masa kasa, kacariyos, Prabu Brama Satapa ing nagari ing Gilingwêsi, utusan angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng Wiratha, kang dèn utus Patih Brama Sadhana, anglamar ingkang rayi Prabu Basupati kang anama Dèwi Bramanèki, yèn kaparêng badhe kaambil mantu, kadhaupakên angsal kang putra Bambang Parikênan. Prabu Basupati inggih marêngakên, nanging sarèhning kapanggih sêngkan turunan, angrabèni bibi, mawi mundhut kaèstrènana ing para widadara para widadari, anganggea kêmbar mayang kajêng dewadaru jayandaru, sarta găngsa surendra akalihan lukananta mungêl ing awang-awang, Bambang Parikênan kautus minggah dhatêng suralaya nyuwun ing Sang Hyang Endra sampun kalilan, Prabu Brama Satapa lajêng andhawuhakên tata-tata.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, para widadara-widadari sami rawuh, sarta ambêkta kajêng dewandaru jayandaru, [jaya...]

--- 3 : 200 ---

[...ndaru,] ingkang dhapur kalpataru wit godhong sêkar kancana, miwah găngsa surendra akalihan lokananta sampun mungêl ing gêgana. Sarêng Prabu Brama Satapa sampun samapta satataning angarak pangantèn lajêng bidhal, ing samargi-margi tansah dados têtingalan. Andungkap mèh dumugi nagari Wiratha, Patih Brama Sadhana kautus angrumiyini atur uninga dhatêng Prabu Basupati, ing ngriku Prabu Basupati lajêng dhawah tata-tata. Enggaling cariyos, pangantèn sampun kadhaupakên kaestrenan ing para widadara para widadari, Prabu Sri Mahawan Purwacarita inggih rawuh angèstrèni, uparêngganing pamiwaha botên anguciwani. Ing antawis dintên pangantèn kaundhuh dhatêng Gilingwêsi, Prabu Sri Mahawan tumut têdhak angatêrakên dhatêng Gilingwêsi, dumugi Gilingwêsi Prabu Brama Satapa andhatêngakên suka. Ing salêbêtipun Prabu Sri Mahawan wontên ing Gilingwêsi uninga Dèwi Srini langkung rêsêp, salêbêting galih kagungan karsa badhe kapundhut mantu.

Ing salêbêting taun Dundumi, etanging taun surya sangkala 486, tinêngêran rarasi[19] sarira suci. Kaetang ing taun candra sangkala 501, tinêngêran janma kacidrèng paprêman.

--- 3 : 201 ---

Amarêngi masa palguna, kacariyos, nagari ing Gilingwêsi, putrinipun Prabu Brama Satapa ingkang anama Dèwi Satapi musna tanpa karana, kaupadosan botên kapanggih, para juru nujum sami ametangi botên wontên ingkang pramana, Prabu Brama Satapa akalihan pramèswari Dèwi Rajatadhi langkung sungkawa, Dèwi Rajatadhi ing sadintên-dintên agung karuna angaru-ara, saking sangêting prihatos, botên kawawa angampêt hawa, têmah kawêdal pangandikanipun anguman-uman makatên: Dhuh putraningsun Satapi, upama sira dèn sihana ing sudarma măngsa lungaa, ujêr sudarmane kang kabangêtên gone pilih kasih, sanadyan rêbuta êsih yêkti anak ingsun kalindhih, awit Dèwi Srini anak widadari, Si Satapi anake wong sudra papa, ing ngêndi ênggone antuk sihing sudarma. Ya ta Prabu Brama Satapa sarêng amidhangêt panguman-umanipun Dèwi Rajatadhi, tuwuh dukanipun, supe ing pangaksama dhatêng wanudya, pangandikanipun garap gorawa tanpa ukara: Hèh Rajatadhi sanadyan sira lan ingsun padha sungkawa, ananging sira têka muwus lalawora mêngkono, angaran-aran tanpa karana, kongsi konus manising kamanusanira, baya sira iku: sawêg dumugi [dumu...]

--- 3 : 202 ---

[...gi] samantên pangandikanipun Prabu Brama Satapa, karsaning dewa saking sabdaning nata têtaki, jlêg sanalika Dèwi Rajatadhi malih warni buaya, gulangsaran angangsar-angsar ing ngarsa nata. Sarêng Prabu Brama Satapa uninga lamun ingkang garwa anêmahi papa cintraka, sanalika lilih dukanipun èsmu amiduwung, lajêng dhawah animbali Patih Brama Sadhana, kaparingan sêsêrêpan, anggèning adhinipun nêmahi dados buaya punika, botên awit katêmaha dipun sotakên, Patih Brama Sadhana dhinawuhan anarima ing titah mupus ing pêpasthèn, sumendhe ing wisesa, pasrah karsaning kang kawasa. Aturipun sandika amituhu ing sapangandika nata. Bilih kaparêng buaya dipun suwun kalabuh ing banawi, Prabu Brama Satapa amarêngi lajêng dipun angkatakên.

Sarêng ing masa wisaka, kacariyos, Prabu Sri Mahawan ing nagari Purwacarita, utusan angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng Gilingwêsi, putrinipun Prabu Brama Satapa kang anama Dèwi Srini, yèn kaparênga badhe kapundhut mantu, kadhaupakên angsal putranipun ingkang nama Radèn Wahnaya. Wangsulanipun Prabu Brama Satapa, sarèhning sawêg nandhang kasusahan, putrinipun [pu...]

--- 3 : 203 ---

[...trinipun] ingkang nama Dèwi Satapi musna tanpa karana, manawi ing têmbe sampun kapanggih, punika karsa mantu, utusan mantuk matur sasolahing dinuta. Nuntên ing antawis dintên Patih Pujangkara kautus kapanggih kalihan Dèwi Rukmawati, apitakèn panggenanipun Dèwi Satapi, Patih Pujangkara mangkat, sadumugining wukir Maendra matur dhatêng Dèwi Rukmawati ing sarèhing dinuta, pangandikanipun Dèwi Rukmawati: Anak Patih Pujangkara, angandika matura dhatêng anak prabu, mênggah Dèwi Satapi inggih kantênan ing panggenanipun, ananging taksih sinamar ing jawata, karsaning dewa kadamêl wêwalêsanipun Dèwi Rajatadhi, garwanipun anak Prabu Brama Satapa. Awit ing ngajêng anglabuh putra ing Gilingwêsi kang amijil dhampit, ing mangke sampun kalampahan Dèwi Rajatadhi amanggih wêwalês kecalan putra sarta anêmahi papa cintraka awarni buaya lajêng linabuh banawi, ing mangke inggih sampun mangsanipun Dèwi Satapi kapanggih, ananging sanadyan kaupadosana yèn kang ngupadosi dede putra andika Arya Sadhaskara inggih măngsa kapanggiha, amargi saking karsaning dewa, Dèwi Satapi punika pinasthi dados jatukramanipun putra andika Arya Sadhaskara, saking pamanah [pama...]

--- 3 : 204 ---

[...nah] kula langkung prayogi, anak Prabu Sri Mahawan lajêng anyagahana ngupadosi, sarta lajêng utusan putra andika Arya Sadhaskara. Dene panggenanipun Dèwi Satapi, wontên guwa sakilèning wana Sindhula, guwa wau dipun gèni danawa, nama Ditya Singasari, inggih punika ingkang nyingêdakên arsa ingangkah garwa. Ananging Dèwi Satapi sangêt lênggana, saking pangrêksaning dewa sarêng Dèwi Satapi badhe winisesa lajêng botên katingal, sapariki taksih anyeluman pilih kang sumêrêpa, marginipun sagêd manggihakên, botên susah kula wêdharakên. Patih Pujangkara nêmbah matur nuhun mundur, sampun kalilan, sadumugining nagari Purwacarita matur sasolahing dinuta. Pangandikanipun Prabu Sri Mahawan: Yèn mangkana sira lumakua maring Gilingwêsi, sutanira Si Arya Sadhaskara konên umiring, sira matura maring kakang prabu, upama ana kang kaduga angupaya, yèn katêmu paran kang dadi karsane. Patih Pujangkara matur sandika lajêng mangkat, dumuginipun ing Gilingwêsi sampun matur dhatêng Prabu Brama Satapa. Dhawuh pangandikanipun Prabu Brama Satapa: Lah iya Patih Pujangkara, ingsun sayambarakake singa kang anêmokêna sayêkti ingsun dhaupake, barêng [ba...]

--- 3 : 205 ---

[...rêng] lan putriningsun Si Srini. Patih Pujangkara lajêng angaturakên sutanipun nama Arya Sadhaskara punika ingkang sagah angupadosi. Prabu Brama Satapa angandika: Lah iku Si Arya Sadhaskara kang abêbantu marene ing nguni, iya ingsun puji muga katêmua gone angupaya. Arya Sadhaskara nêmbah mundur lajêng mangkat, lampahipun tansah tajin dhahar nendra, ing samargi-margi agung manungku anêgês karsaning dewa, sarêng lampahipun dumugi satêngahing wanapringga, ing ngriku sumêrêp pawèstri ngêmu sungkawa sarwi anangis, tinakenan dhatêng Arya Sadhaskara, aturipun: Kula punika pisaci bangsaning brakasakan èstri, laki kula pisaca bangsaning brakasakan jalêr, panangis kula punika anandhang sungkawa dening kula sawêg angidham, laki kula kesah tanpa paliwara, kawarti kenging aradan badhe anglurug. Punika yèn wontêna kang andhatêngakên laki kula sakêdhap kemawon, badhe andadosakên bingahing manah kula. Arya Sadhaskara langkung wêlas dènira aningali dhatêng pisaci, wangsulanipun: He pisaci upama ingsun wêruha marang lakinira yêkti kaduga anêkakake. Aturing pisaci: Dhuh manusa kula gadhah lisah pranawa yèn kasipatakên ing netra yêkti sumêrêp dhatêng ingkang ghaip-ghaip.

--- 3 : 206 ---

Wangsulaning Arya Sadhaskara: Lah iya yèn pisaci iku sawiji kewala, anggêr ingsun wus wêruh sayêkti bisa angundang, barêng akèh panunggalaning pisaci, kaya paran ênggon ingsun anêkakake. Pisaci matur malih: Punika gampil kemawon, laki kula gadhah pakarêman, yèn mirêngakên singsot lajêng bêksa amurugi, yèn ingkang singsot punika sumêrêpa dhatêng laki kula, utawi yèn mirênga wicantênipun laki kula, saèstu angsal kabingahan, amargi laki kula wau anggènipun amurugi wicantênipun anêdha wulang, ananging ingkang singsot botên sumêrêp, yèn sumêrêpa utawi lajêng sagêda amêmulang gêndhing lêlagoning singsot, punapa ingkang dipun têdha laki kula sagêd andhatêngi, punika yèn paduka sagêd singsot amawi lêlagon, saèstu kapanggih kalihan laki kula, dene ingkang minăngka sarana sagêdipun sumêrêp dhatêng laki kula lisah pranawa punika kasipatna ing netra, sagêdipun amiyarsa wicantênipun laki kula, inggih lisah pranawa punika katètèsna ing talingan. Pisaci lajêng angulungakên lisah pranawa sarya matur malih: Lah punika radèn, lisah pranawa kula aturakên ing paduka yèn paduka sagêd singsot. Arya [Ar...]

--- 3 : 207 ---

[...ya] Sadhaskara anampèni sarwi gumujêng, wangsulanipun: Lah yèn singsot bae ingsun iya baud, lajêng singsot lêlagon bramara. Pisaci lêga ing manahipun sarwi nêmbah matur: Lah inggih radèn suwawi paduka laju, nurut jêjurang punika kemawon, sabab laki kula yèn kesah mêdal sapinggiring jurang punika, Arya Sadhaskara amituhu lajêng mangkat anurut pigiring jêjurang, lisah pranawa sampun kasipatakên ing netra sarta katètèsakên ing karna. Kacariyos kathah ingkang katingalan salêbêting wana punika, wontên katingal dhusun bêbanjaran, dalah isèn-isènipun dhusun punika wontên ingkang katingal wisma kancana, wontên katingal kados patamanan. Sarêng ing antawis sampun têbih katingal têtiyang kathah kados tata pabarisan. Arya Sadhaskara angintên yèn pisaca wontên ing ngriku, Arya Sadhaskara lajêng singsot lêlagon bramara, ing nalika punika wontên ingkang prapta sarwi bêksa wicantênipun: Lah sakeca têmên raosing manah, lah sumrah têmên raosing badan, bok inggih kawula kawulanga. Arya Sadhaskara angandika: Mêngko ta kisanak, sira iku băngsa apa, sapa aranira. Pisaca kagèt dene wontên manusa sumêrêp [su...]

--- 3 : 208 ---

[...mêrêp] akalihan mangêrtos wicantêning lêlêmbut, dados gumujêng angguguk sarwi matur aris: Kula punika pisaca, bangsaning brakasan jalêr, wasta kula pun Wulinga. Arya Sadhaskara ngandika malih: Sira apa darbe somah pisaci. Wangsulaning pisaca: Inggih sabên pisaca semahipun pisaci, kula inggih gadhah semah wasta Darti, sawêg angidham-idham kaworan kula tilar bêbarisan punika, pangandikanipun Arya Sadhaskara, iya amêmêlas têmên somahira, ing sajatine somahira mêmêkas maring sun, sira kinèn mulih sadhela bae, somahira bangêt onêng maring sira. Aturing pisaca: Lah kadospundi radèn, awratipun tiyang kabawah, ajrihipun tiyang kaparentah, awrat-awrat kasanggi dening botên sagêd solah, ajrih-ajrih dipun lampahi saking botên sagêd suminggah, amargi băngsa kula pisaca punika kabawah dhatêng danawa têdhaking Sang Hyang Kala ingkang anama Ditya Singasari, ing mangke Ditya Singasari karsa angrabasa ing Gilingwêsi, băngsa kula pisaca sami kadhawahan tumuntên bidhal, mila sami bêbarisan sadaya dene badhe kaangkatakên, lah kadospundi radèn, anggèn kula sagêd mantuk sakêdhap [sakêdha...]

--- 3 : 209 ---

[...p] kemawon, anjawi Ditya Singasari punika pêjaha, saèstu băngsa kula pisaca sande kalurugakên dados kula sagêd mantuk. Yèn wontêna ingkang kadugi amêjahi Ditya Singasari, tur gampil kemawon jalaranipun. Arya Sadhaskara angandika: Iya ingsun kaduga yèn wus wêruh kang dadi jalaran gampang. Pisaca matur: Punika kula gadhah pangapêsaning danawa, awarni sela timpuruy, ananging băngsa kula pisaca botên sagêd angêmpakakên, awit yèn angêmpakakên mawi sarana kasêrat rajah kalamuksa sarta mawi dipun mantrani aji danurdhara, punika lajêng kacipta warnia punapa-punapa dados, kacipta awarni dêdamêl inggih dados. Kacipta awarni sato wana utawi paksi inggih ugi dados, yèn băngsa kula pisaca sagêda anyêrat rajah kalamuksa, saèstu Ditya Singasari sampun pêjah kala rumuhun, măngsa kalampahana băngsa kula pisaca kaparentah dhatêng Ditya Singasari, punika yèn paduka sagêd angêmpakakên sumăngga kula aturakên, anggêripun kula kaparingan wulang singsot kados lêlagon kang kula piyarsakakên wau. Arya Sadhaskara langkung suka anampèni sela timpuruy, lajêng amulang

--- 3 : 210 ---

singsot lêlagon bramara, pisaca pun Wulinga bêksa anglètèr, sarêng sampun antawis dangu Arya Sadhaskara lajêng dipun pitêpangakên kalihan pangagênging pisaca anama Raja Bahli, lajêng sami saeka-kapti, kalampahan Raja Singasari kapêjahan dening Arya Sadhaskara kalayan sela timpuruy, kacipta dados sanjata dibya. Sarêng sampun pêjah sanjata dibya pinusthi dados sela timpuruy malih, Raja Bahli matur: Ditya Singasari darbe garwa langkung endah, prayogi yèn kapundhuta, Arya Sadhaskara anggarjita ing galih sampun anyana yèn punika Dèwi Satapi, lajêng pinurugan dhatêng guwa. Saking karsaning dewa ing mangke Dèwi Satapi dipun katingalakên malih sampun kapanggih kalihan Arya Sadhaskara, kaaturan yèn badhe kabêkta kondur dhatêng Gilingwêsi, Dèwi Satapi botên lênggana. Raja Bahli angaturi pamrayogi supados ènggalipun ing lampah sampun ngantos repon ing margi, Dèwi Satapi kalêbêtna ing sela timpuruy, kaciptaa tilam sari saèstu cêkap sarta ing lampah sagêda mêdal ing gêgana anut lampahing maruta, ingkang dados sarananipun, ingaturan dhatêng Raja Bahli, sampun ingangge lajêng mangkat mêdal ing gêgana sarta Raja Bahli andhèrèkakên. [andhèrèkakê...]

--- 3 : 211 ---

[...n.] Sakêdhèp netra dumugi ing Gilingwêsi, lajêng sowan ing ngarsanipun Prabu Brama Satapa, Arya Sadhaskara sampun matur ing sasolahipun dènira angupadosi ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Prabu Brama Satapa miwah sagung ingkang wontên ing ngarsa nata sadaya sami angungun. Nuntên Arya Sadhaskara angaturakên sela timpuruy, matur yèn Dèwi Satapi wontên salêbêting sela timpuruy punika, lajêng kawêdalakên, Dèwi Satapi cinandhak ing rama tansah kinuswa-kuswa, sadangunipun anguswa-kuswa putra, Prabu Brama Satapa èsmu maibên ing batos dhatêng Arya Sadhaskara, dinalih Dèwi Satapi siningidakên piyambak, nuntên Pisaca Raja Bahli anjawil bêbisik dhatêng Arya Sadhaskara yèn èsmu kapaibên, lisah pranawa kinèn angaturêna, Arya Sadhaskara lajêng angaturakên lisah pranawa aturipun: Dhuh sang prabu manawi panjênêngan paduka èsmu sandeya ing galih dhatêng kawula, punika wontên kamisêpuhipun ing pisaca mugi kadangua, ingkang măngka sarana lisah pranawa punika kasipatêna ing tingal, katètèsakên ing karna. Prabu Brama Satapa anurut ing aturipun Arya Sadhaskara, lisah pranawa sampun kasipatakên ing netra sarta katètèsakên ing karna. [kar...]-

--- 3 : 212 ---

[...na.] Ing ngriku Prabu Brama Satapa sumêrêp dhatêng Pisaca Raja Bahli, lajêng dinangu matur ing salwiring lêlampahan sadaya. Prabu Brama Satapa langkung suka, panganikanipun: He pisaca bangêt panarimaningsun maring sira, lamun panuju sira ingsun purih angêmong putra wayah ingsun, sarta ambaurêksaa ing saisining karaton ingsun, satanêm-tuwuh ingsun, saingon-ingon ingsun kabèh. Raja Bahli matur sandika, ananging nyuwun panggenan wontên ing sanggar palanggatan. Sarta sabên Anggara Kasih nyuwun sêsaji sêkar konyoh akalihan dupa, Prabu Brama Satapa anglilani, lajêng aningali prênahing sanggar palanggatan katingal wontên bale kancana, satêngahing bale wontên murub angkara-kara, Prabu Brama Satapa angandika: He pisaca prênah ing sanggar palanggatan ingsun têka ana bale kancana, lan kang murub angkara-kara anèng satêngahing bale ika apa, aturing Pisaca Raja Bahli: Bale kancana punika kala rumiyin kagunganipun Prabu Selacala inggih Prabu Watugunung, ingkang têngga eyang kawula ratuning pisaca anama Raja Sèntruy, ing sasirnanipun Prabu Selacala, eyang kawula lajêng angalih dhatêng ardi Rewataka, putranipun satunggal bapa kula, anama Raja Wikila ingkang kahyangan wontên ing

--- 3 : 213 ---

ardi Parimbun, lajêng anak-anak kawula, mila kawula nyuwun manggèn wontên sanggar palanggatan, ing sayêktosipun amung badhe anênilas têtêngganing kaki, inggih bale kancana punika, sarta badhe anyirnakakên ingkang murub angkara-kara, amargi ingkang murub angkara-kara punika, sajatosipun kumaraning Ditya Singasari warni jalêgi badhe angrabasa ing panjênêngan paduka. Prabu Brama Satapa gugup lajêng adhêdhawah dhatêng Raja Bahli kinèn anyirnakakên jalêgi punika, Raja Bahli nêmbah lajêng manjing ing sanggar palanggatan aprang lan jalêgi, jalêgi kasor muksa angambara. Prabu Brahma Satapa[20] langkung suka, anarima dhatêng Raja Bahli, pangandikanipun Prabu Brahma Satapa: Lah iya picasa sira lêstaria manggon ing sanggar palanggatan kang ana balene kancana anyeluman, sarta sira ingsun paringi rêrêksan kagungan ingsun sêsotya matuwahni lawan watu timpuruy sarta lênga pranawa, padha ingsun prênahakên ana ing sanggar palangkatan[21] rêksanên dèn abêcik. Nuntên Prabu Brama Satapa angandika dhatêng Patih Pujangkara: Sira matura marang yayi prabu, sarèhning wus padhang padha anêmu suka, manawa lulus padha rahayu, besuk ing masa srawana ingsun karsa amêmantu pangantèn [panga...]

--- 3 : 214 ---

[...ntèn] roro. Patih Pujangkara matur sandika pamit mantuk akalihan ingkang putra Arya Sadhaskara. Dumugi ing Purwacarita sampun matur dhatêng Prabu Sri Mahawan ing sasolahipun dinuta miwiti mêkasi, Prabu Sri Mahawan langkung suka, Patih Pujangkara ingangkat nama Patih Bathara Swata, awit prasasat dados rahsaning dewa dene sagêd amadhangakên panggalih.

Amarêngi masa srawana, Prabu Sri Mahawan tindak dhatêng Gilingwêsi ambêkta badhe pangantèn kêkalih, dumuginipun ing Gilingwêsi pangantèn kêkalih kadhaupakên, Dèwi Srini angsal Radèn Wahnaya, Dèwi Satapi angsal Arya Sadhaskara, Prabu Brama Satapa andhatêngakên suka. Antawis dintên, pangantèn sakalihan kabêkta kondur dhatêng Purwacarita, kabawahan malih kados kala wontên ing Gilingwêsi.

Kacariyos, wiwit nalika punika sanggar palanggatan ing Gilingwêsi tuwin panggenan pasimpênan wêsi aji, sabên malêm Gara Kasih mawi dipun kutugi, dipun sajèni kêmbang borèh, lajêng katulad para têtiyang kathah, katêlah dumugi samangke.

Ing salêbêting taun Triyodhari, etanging taun [ta...]

--- 3 : 215 ---

[...un] surya sangkala 487, tinêngêran suka manggalaning warna. Kaetang ing taun candra sangkala 502, tinêngêran anêmbah ing barakan tata.

Sarêng ing masa wisaka, kacariyos, nagari ing Gilingwêsi, garwanipun Bambang Parikênan ingkang anama Dèwi Bramanèki, ambabar miyos putri, pinaringan nama Dèwi Kaniraras.

Amarêngi masa jita, kacariyos, dhusun ing Ngawu-awu tanah Purwacarita, wontên tiyang alit anama pun Langhita, sutaning têtiyang sugih anama pun Sunda, ing nalika punika pun Langhita dhatêng ing wukir Maendra sowan Dèwi Rukmawati, matur kala taksih bapakipun, sabên-sabên amêmêling yèn brananipun kathah ingkang kapêndhêman, prênahipun sami dipun dèkèki têtêngêr piyambak-piyambak, ananging wontên pêpêndhêman rajabrana ingkang samar panggenanipun pilih ingkang uningaa, punika kinèn angupadosi, yèn sampun kapanggih kinèn anêngganana têrkadhang kabêgjanipun anglangkungi saking pêpêndhêman sadaya wau, punika sarêng bapakipun pêjah pêndhêman ingkang wontên têngêripun sami kapanggih sadaya, amung pêndhêman ingkang samar panggenanipun kaupadosan dèrèng kapanggih, nyuwun [nyu...]

--- 3 : 216 ---

[...wun] pitêdah wontên ing pundi panggenanipun. Pangandikanipun Dèwi Rukmawati: iya bênêr wong atuwanira wêwêkase mangkono iku, yèn wus katêmu tunggonana kang mantêp, sayêkti antuk kamulyan, basa pêndhêman kang asamar iku alêluwang tabêt bêcik gawe potang maring wong agung, ing nguni wong atuwanira tansah agawe suka bungah maring bêndarane ing nagara kang aran Arya Partaka, iku bae suwitanana dèn amantêp. Sayêkti dadi marganing kabêgyanira, anjabane saka iku ana manèh wêwêkase wong atuwanira nanging sira kalalèn, 1. wisma kang sira aubi iku rêksanên, 2. lêmah kang sira anciki iku opènana, 3. sumur kang sira angsoni iku ruktènana, 4. dalan kang sira ambah iku lakonana. Tgêse basa wisma kang sira aubi iku bêndaranira kang sira suwitani, sayêkti sira wajib rumêksa, basa lêmah kang sira anciki iku sarupane kang sira wêngkoni, sayêkti sira wajib angopènana, basa sumur kang sira angsoni iku guru, sayêkti sira wajib angruktènana, basa dalan kang sira ambah iku wong atuwanira, sayêkti sira wajib anglakonana ing sapakone. Pun Langhita anêmbah matur inggih kaèngêtan, sarta sandika anglampahi, [anglampah...]

--- 3 : 217 ---

[...i,] lajêng pamit suwita Arya Partaka, sampun katampèn, langkung kandêl kinasihan, botên lami pun Langhita lajêng kagêntosakên dados umbul ing Ngawu-awu anama Umbul Langhita.

Ing salêbêting taun Tisimuka, etanging taun surya sangkala 488, tinêngêran sarira murti dadi barakan, kaetang ing taun candra sangkala 503, tinêngêran ujwala tanpa marga.

Amarêngi masa srawana, kacariyos, nagari Purwacarita, Dèwi Srini ambabar miyos kakung, pinaringan nama Radèn Sriwanda, tunggil warsa Dèwi Satapi ambabar miyos kakung, pinaringan nama Radèn Darmaruci.

Ing salêbêting taun Dinakara, etanging taun surya sangkala 489, tinêngêran trusthaning bramana suci, kaetang ing taun candra sangkala 504, tinêngêran warna bomaning gati.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, nagari ing Gilingwêsi, Bambang Parikênan cangkrama anumpu sato wana lajêng anênuba ulam toya sinarap ing buaya têmah prang, wêkasan buaya ruwat dados Dèwi Rajatadhi, kabêkta kondur kang rama langkung suka.

--- 3 : 218 ---

Amarêngi masa srawana, kacariyos, nagari ing Purwacarita, putranipun Prabu Sri Mahawan kang anama Radèn Wandawa pinrênahakên wontên ing Ngandongwilis, jumênêng raja pandhita angrèh sagunging para rêsi, para ajar-ajar sadaya, nuntên ing Ngandongwilis dèn lih nama ing Mêdhangagung.

Ing salêbêting taun Sujarha, etanging taun surya sangkala 490, tinêngêran tanpa gatra dadi wiyat. Kaetang ing taun candra sangkala 505, tinêngêran tata barakaning wisikan.

Amarêngi masa naya, kacariyos, nagari ing Gilingwêsi, Dèwi Bramanèki ambabar miyos kakung, pinaringan nama Radèn Kano.

Ing salêbêting taun Sadhamuka, etanging taun surya sangkala 491, tinêngêran rupa rodra dadi malêtik. Kaetang ing taun candra sangkala 506, tinêngêran anggas mati ing pagulingan.

Amarêngi masa pusa, kacariyos, nagari ing Wiratha, kadhatêngan pagêblug agêng botên kenging tinambak, Prabu Basupati langkung sungkawa, arêrêmbagan kalihan Patih Sunggata, mênggah ingkang dados têtumbal, aturipun Patih Sunggata botên susah katumbalan, yèn [yè...]

--- 3 : 219 ---

[...n] panjênêngan paduka karsa apalakrama saèstu sirêp, awit manawi panjênênganing nata tanpa sisihan ila-ilanipun adat asring angrêntêngakên nagari, awis têdha wêkasan andhatêngakên sêsakit. Prabu Basupati langkung duka kaaturan rêmbag makatên punika, Patih Sungkata[22] dinalih amêmêngku karsa anjêjadha panggalih. Ing ngriku Patih Sunggata tinundhung saking Wiratha sasuta semahipun sadaya, Patih Sunggata kesah lajêng suwita dhatêng Purwacarita, kadadosakên lurah êmpu, sutanipun kang anama Arya Sarisungga kadadosakên punggawa paminggir.

Ing salêbêting taun Sadhaksadha, etanging taun surya sangkala 492, tinêngêran dhêsthi anrus dadi sirna. Kaetang ing taun candra sangkala 507, tinêngêran swara tanpa wisaya.

Amarêngi masa kartika, kacariyos, Prabu Basupati saking sangêting sungkawa tansah tajin dhahar nendra, agung manungku samadi maladi êning anêgês karsaning bathara, ing ngriku antuk wangsit kinèn angambil putra, putraning Dèwi Bramanèki kang anama Radèn Kano, sarêng luwaring samadi Prabu Basupati lajêng têdhak dhatêng Gilingwêsi, anglêksanani wangsiting dewa, Radèn Kano kasuwun dhatêng Prabu Brama Satapa, [Sa...]

--- 3 : 220 ---

[...tapa,] inggih kasumanggakakên, mawi kinanthenan pamomongipun nama Dèwi Wakiswara, sutanipun Arya Bramana Radya, sarêng Prabu Basupati sumêrêp dhatêng Dèwi Wakiswara pinuju ing galih lajêng ingangkah garwa, tumuntên kondur dhatêng Wiratha, Arya Bramana Radya akalihan putranipun sêpuh nama Radèn Wakiswara, andhèrèkakên, sarêng dumugi ing Wiratha botên antawis lami pagêblug sirêp. Nuntên Radèn Kano ingalih nama Radèn Kaniyasa, dene dados jalaranipun Prabu Basupati karsa dhatêng pawèstri malih, sarta adamêl sirêping pagêblug, sarêng kalihan kang ipe Radèn Wakiswara kajunjung dados patih ing Wiratha.

Ing salêbêting taun Jagalogêna, etanging taun surya sangkala 493, tinêngêran manggalaning siluman amêmisik.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos, nagari ing Gilingwêsi, Prabu Brama Satapa angagêm lisah pranawa lajêng aningali pura kancana sarwa endah rêrêngganipun, sarta wontên wanudyanipun kêkalih sami endah ing warni, Prabu Brama Satapa andangu dhatêng pisaca Raja Bahli. Aturipun pisaca punika kadhatonipun eyang paduka Dèwi Adiyana,

--- 3 : 221 ---

akalihan Dèwi Adiyati ingkang sami pinarak wontên ing bale rêtna katingal saking ngriki punika, langkung prayogi panjênêngan paduka amarêka. Prabu Brama Satapa amituhu lajêng sowan, ingkang dados sarana enggalipun rawuh sampun ingaturan dhatêng pisaca Raja Bahli. Sarêng dumugi ing ngarsa kaparingan rosan salonjor, pangandikanipun Dèwi Adiyana: Lah dhaharên pasugatan ingsun têbu salonjor iku dèn aênting pisan kaki prabu. Prabu Brama Satapa lajêng adhahar rosan punika amung têlas kawan êros. Dèn atag kinèn anêlasakên mêksa botên kadugi awit sampun tuwuk, Dèwi Adiyana angandika: Dhuh wayah ingsun kaki prabu, sira amupusa ing titah yèn karatonira ing Gilingwêsi awit saka eyangira Sang Hyang Brama amung tumurun kaping pat tumêka ing putranira, wayahira wus pinasthi ora bisa dadi ratu. Prabu Brama Satapa langkung amiduhung lajêng arawat waspa, matur nyuwun kêkantunanipun rosan wau badhe katêlasakên sadaya. Pangandikanipun Dèwi Adiyana: Lah iku wus boya kêna, nuntên Dèwi Adiyati amaringi wiji karayana warni kalih pangkat, ingkang dèrèng tuwuh saduman, ingkang sampun tuwuh saduman, kacarub dados satunggal, [satung...]

--- 3 : 222 ---

[...gal,] Prabu Brama Satapa kinèn angambila lajêng amêndhêt, angsalipun akathah ingkang sampun tuwuh, ingkang dèrèng tuwuh amung angsal têtiga. Dèwi Adiyati matur dhatêng Dèwi Adiyana lah kakang bok, angsal pitulung kaki prabu ing Gilingwêsi punika. Dèwi Adiyana manthuk lajêng angandika dhatêng Prabu Brama Satapa: Dhuh kaki prabu, ênggonira amiduhung ing mêngko ana pitulung, katăndha saka ing pangambilira wiji antuke akèh kang tuwuh, kang durung tuwuh amung antuk têtêlu, tgêse putu buyut canggahira dhasar pinasthi ora dadi ratu, ananging awit warèngira ing têmbe amurwani dadi ratu têdhak-tumêdhak, Prabu Brama Satapa anarima ing galih lajêng kalilan kondur, sarta pinaringan sarana sulaksana, awarni maniara kinèn angagêma. Prabu Brama Satapa langkung suka lajêng nêmbah lèngsèr saking ngarsa. Sarawuhipun ing kadhaton, kaaturan uninga yèn Dèwi Bramanèki ambabar miyos kakung, lajêng pinaringan nama Radèn Manonbawa, dene pêparêngan mêntas ningali pura kancana sarta antuk pangandikanipun Dèwi Adiyana akalihan Dèwi Adiyati.

Ing salêbêting taun Kilaka, etanging taun surya sangkala 494, tinêngêran catur pramukaning dadi.

--- 3 : 223 ---

Kaetang ing taun candra sangkala 509, tinêngêran trustha tanpa marga.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, pramèswari nata ing Wiratha, kang anama Dèwi Wakiswara ing mangkya ambabar miyos kakung, kaparingan nama Radèn Basukèsthi.

Ing salêbêting taun Prawa, etanging taun surya sangkala 495, tinêngêran tilam gatra kawarna. Kaetang ing taun candra sangkala 510, tinêngêran barakan anunggal pagulingan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos, Prabu Basupati ing Wiratha nuju sowan dhatêng Mêdhangkamulan, kampir ing wismanipun Raja Capala, punggawa ing Mêdhangkamulan, Prabu Basupati uninga yèn Raja Capala darbe putra wanudya endah ing warni, anama Dèwi Awanti, arining Raja Pancala ingkang sumêndhi, lajêng ingangkah badhe kinarya garwa, Raja Capala anyumanggakakên, sarêng sampun dhaup lajêng kabêkta kondur dhatêng Wiratha, ingkang raka Dèwi Awanti, nama Arya Wama akalihan ingkang rayi Dèwi Awanti, nama Radèn Awangga, sami andhèrèkakên lajêng suwita wontên ing Wiratha.

Ing salêbêting taun Iwa, etanging taun surya

--- 3 : 224 ---

sangkala 496, tinêngêran obah babahaning toya. Kaetang ing taun candra sangkala 511, tinêngêran ratu anyăndra pagulingan.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, nagari Gilingwêsi Dèwi Bramanèki ambabar miyos kakung, amarêngi Prabu Brama Satapa angadil-adili wontên ing păncaniti, ingkang wayah lajêng kaparingan nama Radèn Paridarma.

Amarêngi masa sitra, kacariyos, nagari ing Wiratha, Arya Awama pinaringan prênah wontên padhusunan ing Kesari, anglurahi wadya tani ing padhusunan sadaya, Radèn Awangga dados punggawa, anama Arya Awangga, Arya Awama lajêng babad-babad wana sakiwa têngênipun ing Kesari.

Ing salêbêting taun Culika, etanging taun surya sangkala 497, tinêngêran rêsi trustha karya boma. Kaetang ing taun candra sangkala 512, tinêngêran panêmbahing janma tinata.

Amarêngi masa kartika, kacariyos, nagari ing Mêdhangkamulan, Sri Maha Raja Purwacandra anglampahakên utusan dhatêng dhusun-dhusun akalihan dhatêng măncanagari, andhawuhakên pundhutan anak jalêr ingkang apêkik [apê...]

--- 3 : 225 ---

[...kik] warninipun, badhe kakarsakakên dados wadya sêsêliran. Ingkang tampi dhawuh inggih lajêng angaturakên. Kacariyos, ing wukir Kandha inggih rêdi Kêndhêng, wontên ajar anama Dhahyang Salikoswa, arining Rêsi Cudraksa, Dhayang Salikoswa gadhah anak jalêr pêkik anama Bambang Kusalya, badhe kaaturakên dhatêng Mêdhangkamulan, nanging sangêt anggènipun lênggana, wicantêning Dhayang Salikoswa: Dhuh kulup, tambakên ing susahing wong, rêksanên rusaking pakarangan, lamun sira lênggana sayêkti agawe susahing wong akèh, lan agawe rusaking pakaranganira, măngsa wurunga linêbur dening duta ing Mêdhangkamulan. Atur wangsulaning Bambang Kusalya, suka luhung kabasmia piyambak kemawon. Dhahyang Salikoswa langkung kawêkèn ing manah, dene anakipun dipun pilalah kabasmi. Ing nalika punika nuju wontên Brahmana angajawi, saking sabrang tanah ing Indi inggih Indhustan, anama Brahmana Wisaka, anggêlarakên wêwulang aksara Dewanagari akalihan basa Sangskrita, akathah para pandhita ajar ingkang sami kasiswa. Sarêng Brahmana Wisaka dhatêng ing padhepokanipun Dhahyang Salikoswa kapanggih sawêg angêmu sungkawa, Brahmana Wisaka têtakèn ingkang dados [da...]

--- 3 : 226 ---

[...dos] darunanipun, Dhahyang Salikoswa lajêng nyariyosakên ingkang andadosakên kasusahanipun. Brahmana Wisaka ngungun, lajêng sagah anambak ing kasusahan, supados lêstantuning karaharjan, Dhahyang Salikoswa lêjar ing netya lajêng asêsugun. Nuntên dhatêngipun duta saking Mêdhangkamulan mundhut Bambang Kusalya, ingkang amangsuli Brahmana Wisaka, wicantênipun: He duta, andika matur ing sang prabu, ing sawantawis dintên, kula sowan angaturakên Bambang Kusalya, mawi kula wêwahi malih ingkang pantês katur, ing mangke sawêg kula pilihi, duta mantuk sampun matur ing Sri Maharaja Purwacandra. Ing antawis dintên, Brahmana Wisaka mangkat sowan dhatêng Mêdhangkamulan, ambêkta siswa kathahipun 70 iji, sami pêkik-pêkik waninipun, [23] sadumugining ngarsanipun Sri Maharaja Purwacandra, Brahmana Wisaka kadangu pundi ingkang badhe kaaturakên. Atur wangsulanipun Brahmana Wisaka: Dhuh sang prabu, saking panuwun kawula panjênêngan paduka têtiyang pitung dasa punika dipun paraa sakawan, manawi panjênêngan paduka sagêd amara sakawan, saèstu katur sadaya. Sri Maharaja Purwacandra andhawuhakên pangandika, sarwi gumujêng: Lah yèn mangkono sayêkti

--- 3 : 227 ---

gampang kewala, saka pambageningsun, ing dalêm sabageane dadi pitulas punjul saparo. Atur wangsulanipun Brahmana Wisaka: Bilih makatên dados badhe kalong kalih, karantên sagung titahing dewa ingkang asipat nyawa punika, manawi kapalih amasthi pêjah, sanès akalihan ingkang botên asipat nyawa, saèstu kenging dipun palih, amila panuwun kula sampun ngantos dipun palih. Sri Maharaja Purwacandra kawêdhêngan ing panggalih, dados kèndêl anjêtung, dangu-dangu angandika: Yèn mangkono ingsun wus ora bisa ambage, lah mara lamun sira bisa ambage sira matura, ingsun arsa anguningani ing pambagenira. Aturipun Brahmana Wisaka, bilih wontên sayêmbara nata inggih sandika. Sri Maharaja Purwacandra amangsuli pangandika kalayan gampil, awit saking sangêt kasêrênging panggalih, pangandikanipun: Lah iya lamun sira bisa ambage ingsun paringi nagara. Brahmana Wisaka matur sandika, lajêng angaturakên: Ingkang wau panuwun kula akalihan panjênêngan paduka têtiyang pitung dasa punika dipun para sakawan, ing sayêktosipun gampil kemawon pambagenipun, etangipun kula akalihan panjênêngan paduka dados kêkalih, wêwah

--- 3 : 228 ---

têtiyang pitung dasa gunggungipun sadaya dados 72 kapara sakawan saèstu angsal 18, ing dalêm sabageyanipun, ing sasampunipun Brahmana Wisaka matur makatên, sanadyan Sri Maharaja Purwacandra sampun uninga bilih aturipun Brahmana Wisaka wau ujar kêkerasan, ananging sampun pinasthi karsaning dewa, Sri Maharaja Purwacandra têka rumaos kalingsêman, nyat jumênêng saking palênggahan lumêbêt ing kadhaton Gotaka, kacariyos lajêng muksa dados dewa, mawi gara-gara ing awiyat mungêl jumêgur kadi guntur.

Anuntên Raja Tinggara angandika dhatêng Brahmana Wisaka: He brahmana, aja age-age sira girang gumuyu bakal tămpa nagara, wangsulana patakon ingsun dhingin, wadyane kakang prabu kang aran wong sêsêliran iku batangên kèhe pira, wangsulanipun Brahmana Wisaka: Kawêwahana samantên, akalihan sapalihing samantên, miwah saprapataning samantên, kagunggunga dados pintên, kula amung kaparingana uninga langkunganipun saking dasan kemawon, Raja Tinggara kèndêl angetang, dangu-dangu angandika: Iya wus katêmu gunggunge kabèh, sêka ing puluhan etunge luwih sanga. Brahmana Wisaka matur: Yèn [Yè...]

--- 3 : 229 ---

[...n] makatên kaetang sanga-sanga kaping sakawan dados tigang dasa nêm kathahing wadya sêsêliran punika. Raja Tinggara merang lumajêng dhatêng kadhaton Gotaka lajêng muksa dados dewa. Nuntên Raja Patangkara angandika dhatêng Brahmana Wisaka: Hèh brahmana, ing mêngko ingsun kang gênti têtakon, ingsun mêntas pinaringan sêsotya ing kakang prabu, salong ana kang wus ingsun êmbani, iku batangên kang wus dèn êmbani kèhe pira, kang durung kaêmbanan kari pira. Aturipun Brahmana Wisaka: Ingkang sampun kaêmbanan kaêpingna kaping kalih nuntên kaping tiga nuntên kaping sakawan, pintên gunggungipun, ing mangke kula bagenipun sanga saèstu kula sumêrêp kathahipun, Raja Patangkara kèndêl sakêdhap lajêng angandika: Iya wus katêmu gunggunge kabèh dadi satus luwih wolu, Brahmana Wisaka matur: punika yèn kapara sanga dados angsal 12, inggih punika sêsotya ingkang sampun kaêmbanan cacahipun amung kalih wêlas, ingkang dèrèng kaêmbanan upami kajèjèra tiga-tiga langkung pintên. Raja Patangkara amangsuli: Luwih roro. Brahmana Wisaka anyêrat ăngka wontên ing siti, pitung dasa kaping kalih dados 140, ananging sakathahipun ingkang sumêrêp, botên wontên ingkang mangêrtos kajêngipun Brahmana Wisaka

--- 3 : 230 ---

ênggènipun anyêrat ăngka makatên wau. Nuntên Brahmana Wisaka matur malih: Upami kajèjèra gangsal-gangsal langkung pintên, wangsulaning Raja Patangkara: Luwih têlu. Brahmana Wisaka anyêrat ăngka wontên ing siti malih, salikur kaping tiga dados 63, lajêng matur malih: Upami kajèjèr pitu-pitu langkung pintên. Winangsulan: Luwih sawiji. Brahmana Wisaka anyêrat malih ăngka 15, lajêng kagunggung sadaya wau dados 218, kabucal satus gangsal kaping kalih, dados pambucalipun 210 kantun 8, aturing Brahmana Wisaka, sêsotya kang dèrèng kaêmbanan kathahipun amung wolu, Raja Patangkara merang lajêng lumajêng dhatêng kadhaton Gothaka muksa dados dewa. Etang anggènipun Sri Maharaja Purwacandra jumênêng nata, laminipun sampun 37 taun.

Kacariyos, ing samuksanipun Sri Maharaja Purwacandra, dalah ingkang rayi kêkalih, sakathahing santana para raja para arya sami cawêngah sadaya, wontên ingkang bela muksa wontên ingkang lolos saking praja, awit sami merang dene ratunipun kawon prang catur kalihan Brahmana Wisaka, amung Raja Capala kalihan ingkang rayi têtiga, Arya Saracapa, Arya Gandara, Arya Kubina, [Ku...]

--- 3 : 231 ---

[...bina,] sami kantun anêdya puruhita dhatêng Brahmana Wisaka. Ing ngriku Brahmana Wisaka lajêng jumênêng nata wontên ing Mêdhangkamulan, ajêjuluk Sri Maharaja Wisaka, Dhahyang Salikoswa kadadosakên Brahmana, Bambang Kusalya dados pêpatih, anama Patih Kusalya, para siswa sami kajunjung dados punggawa sadaya, Raja Capala lêstantun dados senapatining ayuda, ananging jumênêngipun nata Sri Maharaja Wisaka wau namung angratoni sawêwêngkonipun praja Mêdhangkamulan kemawon, botên jumênêng ratu binathara, dados nalika punika panjênêngan nata tanah Jawi wontên sakawan, sami ngraja piyambak-piyambak.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, pramèswari nata ing Wiratha, kang anama Dèwi Awanti ambabar miyos kakung pinaringan nama Radèn Basuganda, nuntên Arya Awangga kautus dhatêng Mêdhangkamulan, amaringi uninga ing Raja Capala, dumugi ing Mêdhangkamulan, Raja Capala langkung sukaning darbe wayah jalu, sarêng ing antawis dintên Arya Awangga pamit mantuk, winêling dhatêng kang rama, kinèn angaturana uninga ing Prabu Basupati, yèn Sri Maharaja Purwacandra sampun muksa, ing mangke ingkang jumênêng nata wontên[wo...]

--- 3 : 232 ---

[...ntên] Mêdhangkamulan, Brahmana saking tanah Indi, ajêjuluk Sri Maharaja Wisaka, langkung dibya sakti animpuna ing aguna, anggêlarakên guna kasantikan, ing wiwitan dumugi ing wêkasan sampun kacariyosakên sadaya dhatêng ingkang putra, Arya Awangga lajêng mangkat mantuk, dumuginipun nagari Wiratha sampun matur saatur wêwêlinganipun kang rama sadaya, Prabu Basupati langkung ngunguning panggalih.

Ing salêbêting taun Pramaduda, etanging taun surya sangkala 498, tinêngêran brahmana anggatra yoga. Kaetang ing taun candra sangkala 513, tinêngêran gunaning ratu amêmisik.

Amarêngi masa kartika, kacariyos, Prabu Brama Satapa ing Gilingwêsi, Prabu Sri Mahawan ing Purwacarita, Prabu Basupati ing Wiratha, sami angsal wangsiting dewa, kinèn puruhita dhatêng ratu enggal ing Mêdhangkamulan, kang anama Sri Maharaja Wisaka, ratu têtiga inggih lajêng sami jêngkar saking prajanipun, têdhak dhatêng Mêdhangkamulan, sarawuhipun ing Mêdhangkamulan, ratu têtiga sampun sami kapanggih kalihan Sri Maharaja Wisaka, langkung sinuba-suba, ratu têtiga lajêng sami nyariyosakên wasiting[24] dewa, Sri Maharaja Wisaka langkung suka sokur, lajêng [la...]

--- 3 : 233 ---

[...jêng] sami winulang ulahing aksara Dewanagari akalihan basa Sangskrita, nuntên winulang salwiring aji jaya kawijayan miwah guna kasantikan, tuwin rahsaning ngèlmi kamuksan, panitisan panjing sêraping pêjah, sampun sami widagda katiga pisan, Sri Maharaja Wisaka lajêng angandika mêmulang makatên:

1. Wajibing ratu sampun kêndhat anata, aniti, amariksa, amisesa. 2. Pangagêmaning ratu, agêlarakên sama, beda, dana, dhêndha. 3. Pambêkaning ratu, dipun sagêd among, amot, amêngku, amêmangkat. 4. Lêlabuhaning ratu, anêtêpana bèrbudi, bawa lêksana, animpuna ing aguna, amumpuni ing kautaman, ratu têtiga anampèni kalayan panuwun, lajêng sami pamit kondur dhatêng prajanipun piyambak-piyambak, ing samargi-margi sami rêraosan angalêmbana dhatêng Sri Maharaja Wisaka, malah sami kagungan pangintên, yèn Sri Maharaja Wisaka punika Jaka Sêngkala inggih Ajisaka angejawantah.

Ya ta kacariyos, ing sapêngkêripun ratu têtiga, Sri Maharaja Wisaka, yasa kabuyutan kêkalih, ingkang satunggal dipun wastani Ajisrama, satunggalipun dipun wastani Raja [Ra...]

--- 3 : 234 ---

[...ja] Wedha.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos Raja Capala, Arya Caracapa, Arya Gandara, Arya Kubina, sami kaparingan prênah dening Sri Maharaja Wisaka, kinèn sami têngkar abêbadhe piyambak-piyambak, sakawan pisan sami kaangkat dados raja palima, satêngah nama ratu ananging ratu alit, sarêng dumugi ing prênahipun piyambak-piyambak, lajêng sami bêbadhe pasang-rakiting padalêman, ayasa ing sapalakartinipun ratu alit, tanah ingkang dipun bêbadhèni wau, lajêng katêlah nama kados namanipun ingkang bêbadhe.

Amarêngi masa sitra, kacariyos, padhêkahan ing Mêdhangagung Radèn Wandawa ingkang sampun jumênêng raja pandhita ing nguni, suwita dhatêng Mêdhangkamulan, langkung kandêl kinasihan, malah kapundhut putra dhatêng Sri Maharaja Wisaka, tumplak sadaya wêwulangipun.

Ing salêbêting taun Prasutpadi, etanging taun surya sangkala 499, tinêngêran trusthaning muka dadi lunga. Kaetang ing taun candra sangkala 514, tinêngêran karya raja marganing muksa.

Amarêngi masa kartika, kacariyos, Sri Maharaja [Mahara...]

--- 3 : 235 ---

[...ja] Wisaka cangkrama angubêngi nagari, uninga wontên tiyang têtiga sami apăncabakah rêbat pêndhêman kancana, sasampunipun katiti pariksa ing kawontênanipun, ingkang păncabakah sami katimbalan dhatêng salêbêting praja, kaparingan pangadilan, anggènipun andhawuhakên pancasaning prakawis, mawi mundhut rêmbag dhatêng Radèn Wandawa, atur pirêmbagipun Radèn Wandawa, andadosakên parênging panggalihipun Sri Maharaja Wisaka. Ing nalika punika Sri Maharaja Wisaka, lajêng karsa sèrèn kaprabon dhatêng putra angkat Radèn Wandawa, kajunjung nama Prabu Wandawa. Nuntên Sri Maharaja Wisaka utusan dhatêng Purwacarita, Prabu Sri Mahawan sinungan uninga yèn ingkang putra Radèn Wandawa sinerenan kaprabon, jumênêng nata ing Mêdhangkamulan. Prabu Sri Mahawan langkung suka sokur, antukipun utusan ing Mêdhangkamulan mawi dipun wêling yèn ingkang putra pinaringan jêjuluk Prabu Sri Wahana, wêlinganipun Prabu Sri Mahawan wau Sri Maharaja Wisaka, jumurung amangayubagya.

Amarêngi masa pusa, kacariyos ing wukir Gora wontên pandhita têtapa anama Rêsi Swamidha, darbe suta jalu satunggil anama Bambang Malawa, pamit ing rama

--- 3 : 236 ---

yèn arsa suwita dhatêng ing Mêdhangkamulan, kang rama èsmu awrat, dene ingkang putra dèrèng sagêd tatakrama. Bambang Malawa uninga ing pasang cipta sasmitaning kang rama lajêng umatur: Dhuh rama, ing agêsang punika pêcahing manah manawi wontên ing sanès tanah, cukuling budi manawi kapardi saking tabêri. Pangandikanipun kang rama: Lah iya yèn mangkana kulup, sira ingsun idini muga pintêra amatrapake ênggonmu suwita, wêwêkas ingsun manawa sira wus katampan, dèn bisa amrayoga êmpaning sabarang pagawean, ananging sabarang êmpan iku kudu anganggo papan, ênggoning papan iku ana ing dêduga lawan watara, kanthi angon wahyaning măngsa kala, sarta awas lawan eling. Sasampuning angandika makatên Rêsi Swamidha lajêng anyêbul êmbun-êmbunanipun kang putra, Bambang Malawa angabêkti lajêng mangkat, sadumuginipun ing Mêdhangkamulan, sampun katampèn pasuwitanipun, langkung kandêl kinasihan. Ing antawis dintên kinulawisudha dados punggawa anama Arya Malawa.

Ing salêbêting taun Anggila, etanging taun surya sangkala 500, tinêngêran boma muksa margèng wiyat. Kaetang ing taun candra sangkala 515, tinêngêran [tinêngêr...]

--- 3 : 237 ---

[...an] gumuling kisma marganing muksa.

Amarêngi masa pusa, kacariyos, Bagawan Wisaka angandika dhatêng Prabu Sri Wahana: Dhuh kulup, karia tulus wibawa, ingsun arsa anutugake laku, amêmuruk marang sagunging manusa dama, yèn ingsun maksih ana ing praja, wong cilik măngsa gadug kadugaa anuwun wêwulang maring sun, yèn ingsun alêlana manèh yêkti akèh kang gadug kaduga puruhita. Prabu Sri Wahana botên kawasa yèn amambêngana, dados amung anêmbah sarwi rawat waspa kemawon, Bagawan Wisaka mangkat amung kanthi siswa ing sawatawis, Bagawan Wisaka lajêng mubêng amêmulang têtiyang dhatêng dhusun-ingadhusun, inggih punika purwanipun sumêbaripun basa Sangskrita wontên ing nuswa Jawi.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, nagari ing Gilingwêsi, Prabu Brama Satapa aningali teja prênah salèr kilèning praja, lajêng dipun têdhaki, dumugi ing prênah panggenaning teja, wontên bangkong ambangun tapa, Prabu Brama Satapa èsmu ewa ing galih lajêng angandika: Kalinganeya bangkong sira iku, ênggonira kapati brata sira nêdya apa, lamun sira angaraha dadi ratu, sayêkti mung angratoni bangsaning kodhok kewala, lamun angaraha [anga...]

--- 3 : 238 ---

[...raha] dadi dewa-dewaning apa, sira iku bangkong tanpa ngrasa arane. Sawêg dumugi samantên pangandikanipun Prabu Brama Satapa, bangkong sagêd wicantên kados satataning janma, wangsulanipun: Dhuh sang ratu, punapa pakantukipun panjênêngan paduka têka andahwèni sasamaning tumitah, kados botên sanès, titahing dewa ingkang dados janma kalihan ingkang dados sato, awit sami katitipan Sang Hyang Atma, anggêr lêrês panthênging cipta inggih dhawah mulya, sanadyan janma manawi kirang patitis inggih kathah ingkang dados sato. Prabu Brama Satapa sarêng amidhangêt wangsulanipun bangkong, tuwuh dukanipun, bangkong cinandhak kasuwèk-suwèk pêjah kuwănda muksa, parêng gara-gara dhèdhèt erawati guntur kêtug andhatêngakên ampuhan ing sanalika, lajêng wontên swara makatên: Sun antèni, sun antèni, sun antèni, swara kèndêl gara-gara sirêp. Prabu Brama Satapa ing batos èsmu miduhung tumuntên kondur, sarawuhipun ing kadhaton, lajêng anandhang gêrah roga wêkasan muksa dados dewa, kasêbut nama Bathara Brama Satapa. Rajaputra Radèn Parikênan, anggêntosi jumênêng nata, ajêjuluk Prabu Parikênan, ing antawis dintên Patih [Pa...]

--- 3 : 239 ---

[...tih] Brahma Sadhana sèlèh dhatêng putra mantu, putraning Arya Brahmastuti ingkang anama Arya Sangkaya, arining Arya Sangkaya ingkang anama Sanyaki anggêntosi kalênggahaning Arya Sangkaya, ingkang anggêntosi Arya Sanyaki, putraning Arya Brahmayana anama Arya Jatmaka. Watawis dintên, Patih Brahma Sadhana ingkang sampun sèlèh dhatêng putra mantu, muksa tanpa karana, etang anggènipun Prabu Brama Satapa, jumênêng nata laminipun sampun 37 taun.

Amarêngi masa srawana, kacariyos, Prabu Sri Mahawan ing Mêdhangkamulan, karsa angêdêgakên pasanggiri, kinarya tăndha bêgya cilakaning janma, rontal sinêbit katugêl-tugêl, panjang wiyaripun sajêmpol, lajêng sinêrat warni-warni ungêlipun, wontên ingkang mungêl angsal mas, pangkat-pangkat wawratipun, wontên ingkang mungêl angsal busana wastra, sanès-sanès warninipun, wontên ingkang mungêl angsal curiga utawi jêmparing, sapanunggilanipun, wontên ingkang tanpa sêsêratan. Sarêng sampun dados ngantos pintên-pintên cacahipun, lajêng kacarub dados satunggal kadèkèkakên ing wadhah, nuntên undhang sagunging wadyabala kinèn sami amêndhêt satunggal-satunggal, [sa...]

--- 3 : 240 ---

[...tunggal-satunggal,] mungêl punapa angsalipun lajêng kaparingan, amung ingkang angsal kothongan punika botên mawi kaparingan, malah ngêmu lingsêm palarasan unduripun. Ing nalika punika wontên punggawa anama Arya Malawa, pamêndhêtipun angsal kothongan, mila unduripun angêmu sungkawa, rumaos merang lajêng kesah tansah tajin dhahar nendra tambuh ingkang sinêdya. Sarêng sampun langkung kawan dasa dintên, wontên satêngahing wana angsal parmaning dewa, tinêdhakan Sang Hyang Kamajaya, akalihan Dèwi Ratih, pangandikanipun: He yoganing ulun, wruhanira ingsun iki sajatining dewa dèwi, aran Sang Hyang Kamajaya lawan Dèwi Ratih, awêwarah marang sira, mungguh patraping wong angawula manawa ingandêl rumêksa sabarang kagunganing barandha, aja angurud-urudi, yèn mangkana ora wurung angeja bilai, manawa ingandêl pêparentahan marang prakara, aja arêp anampani rêruba, yèn mangkana ora wurung anêmu wasesa. Wong ngawula iku aja cêcêngilan lawan kănca, yèn mangkana ora wurung anêmahi pidana. Ing mêngko sira muliha maring Mêdhangkamulan, sira ingsun paringi oyod lawan banyu kang winadhahan ing kamandhalu iki, oyode [oyo...]

--- 3 : 241 ---

[...de] ingaranan lata maosadi, banyune ingaranan tirta marta, sajatine iku dadi panguripaning pati kang durung pasthi, karo pisan padha aturêna ing ratunira, sayêkti sira antuk kanugrahan agung. Arya Malawa nêmbah sarwi anampèni, dewa dèwi sakalihan sami muksa, nuntên Arya Malawa mantuk dumugi ing Mêdhangkamulan, anyaosakên angsal-angsalipun sarta matur salwiring sasmita sadaya, Prabu Sri Wahana kalangkung suka, Arya Malawa jinunjung dados punggawa sosoran patih ingalih nama Arya Maldewa, dening kabêgyanipun saking antuk parmaning dewa.

Kacariyos, wiwit taun surya ăngka 401 dumugi ăngka 500, taun candra wiwit ăngka 413 dumugi ăngka 515, dipun wastani jaman sabara, wiyosipun ing salêbêtipun jaman wau, nuswa Jawi kathah kaelokan, ingkang kasumêrêpan utawi dipun sandhang ing manusa.

----------

--- 3 : 242 ---

Sad mahkandhêh.

Bab kaping 6.

Babaranipun Sêrat Mahatantra, punika kaperang dados gangsal lampahan, perangan ăngka 1. nama Sêrat Sri Kala, kaanggit dening Êmpu Baradhi ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 853, taun candra sangkala 879.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên rumiyin tumrap ing Sêrat Sri Kala, ing salêbêting taun Istrimuka, etanging taun surya sangkala 501, tinêngêran bumi sonya tinata. Kaetang ing taun candra sangkala 516, tinêngêran obah rupaning gati.

Amarêngi masa kartika, kacariyos, Prabu Si Mahawan ing Purwacarita, sabibaring Raja Wedha karsa têdhak acangkrama pitêr puja, sakathahing patilasan akalihan pasetran sami kasaenan sadaya, sarêng kondur ing antawis dintên sèrèn kaprabon dhatêng putra Radèn Wahnaya, jinunjung nama Prabu Sri Kala, Prabu Sri Mahawan ambagawan [a...]

--- 3 : 243 ---

[...mbagawan,] sêsilih nama Bagawan Kalacakra, lêstantun anglampahi nastapa brata pitêr puja, têrkadhang asring kalêmpakan akalihan para pandhita. Etang anggènipun Prabu Sri Mahawan jumênêng nata laminipun sampun 39 taun.

Amarêngi masa manggasri, gêntos kacariyos Prabu Parikênan ing Gilingwêsi, karsa angulawisudha ingkang paman sakawan pisan sami kadadosakên rêsi, 1. Rêsi Brahmastuti, 2. Rêsi Brahmayana, 3. Rêsi Brahmasidhi, 4. Rêsi Brahmanajati, sami anguwasani nagari, minăngka panêmbahaning para santana wadyabala sadaya.

Ing salêbêting taun Pawa, etanging taun surya sangkala 502, tinêngêran kalih muksa gumuling ing tawang. Kaetang ing taun candra sangkala 517, tinêngêran kaswarèng bumi mănca.

Amarêngi masa pusa, kacariyos, Bagawan Kalacakra ing Purwacarita, yasa candhi Astaka, tgêsipun: candhi kamulyaning ing dêlahan, ingkang kinarya kajêng candhana, kajêng garu, kajêng rasamala sapanunggilanipun kajêng ingkang wangi-wangi, sarêng candhi dados Bagawan Kalacakra muksa nuju purnamaning masa manggasri, kacariyos dados [dado...]

--- 3 : 244 ---

[...s] dewa kasêbut nama Bathara Kalacakra, Prabu Sri Kala dahat rudahing wardaya, lajêng alêlayu dhatêng ing Mêdhangkamulan. Ing nalika punika Prabu Sri Wahana amiyarsa ing pamuksaning rama, sangêt ing sungkawanipun, akathah-kathah ingkang karaos ing panggalih têmah muksa dados dewa, kasêbut nama Bathara Sri Wahana, pramèswari nata Dèwi Artati saking sangêting sungkawa, lajêng gêrah wêkasan anututi muksa. Prabu Sri Wahana wau atilar putra kakung têtiga, sawêg jaka kumala-kala, ingkang sêpuh nama Radèn Artaètu, panêngah nama Radèn Ètudarma, wuragil nama Radèn Darma Matanara, katiga pisan sami tambuh-tambuh solahipun, tansah kaimur-imur dhatêng Brahmana Salikoswa, sarêng sampun lipur lajêng sami kabêkta dhatêng Purwacarita, Prabu Sri Kala langkung ngungun dene ingkang rama muksa, sarta rumaos wêlas aningali pulunanipun têtiga, lajêng karsa dipun pupu, katunggilakên kalihan ingkang putra Radèn Sri Wanda. Brahmana Salikoswa angaturakên samukawis têtilaranipun ingkang raka, dalah lata maosadi kalihan toya marta wontên ing kamandhalu saking Arya Maldewa, ingkang dados bêbukanipun kagancarakên sadaya, sampun katampèn Prabu [Pra...]

--- 3 : 245 ---

[...bu] Sri Kala langkung suka anarima, Brahmana Salikoswa kadhawahan lêstantuna dados raja pandhita wontên ing Mêdhangkamulan, pinaringan nama Rêsi Salikoswa, satataning wadya punggawa kalulusakên sadaya, amung Arya Maldewa kapundhut kinarya êmbanipun radèn têtiga sarta dhinawuhan arumêksa samukawis têtilaraning raka, Rêsi Salikoswa matur nuwun sandika, ing antawis dintên kalilan mantuk. Etang anggènipun Prabu Sri Wahana jumênêng nata laminipun sawêg 3 taun, nagari Mêdhangkamulan ingkang kaping sakawan, lajêng risak botên wontên ingkang jumênêng nata malih, ing nalika punika panjênêngan ratu tanah Jawi amung tiga.

Amarêngi masa sitra, kacariyos, nagari Purwacarita, Patih Bathara Swata muksa, lajêng kagêntosan putra nama Patih Sadhaskara, arinipun kêkalih: 1. nama Arya Sadhabakti, 2. nama Arya Sadhagatya, sami kinarya senapatining ayuda.

Ing salêbêting taun Ipa, etanging taun surya sangkala 503, tinêngêran katon barakaning pagulingan. Kaetang ing taun candra sangkala 518, tinêngêran sarira tunggal gati.

--- 3 : 246 ---

Amarêngi masa wisaka, kacariyos, Prabu Basupati ing Wiratha, arsa amikramakakên putra Radèn Basumurti, nanging dèrèng angsal ingkang pantês dados jatukramanipun, nuntên garwa nata Dèwi Wakiswari matur yèn kagungan sadhèrèk nak-sanak èstri langkung endah warninipun, anama Dèwi Jatiswara, putranipun ingkang paman Arya Brahmana Wedha. Prabu Basupati panuju ing galih lajêng utusan dhatêng Gilingwêsi, paring sêrat ing Arya Brahmana Wedha, têmbung angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, sarêng Arya Brahmana Wedha tampi sêrat sampun katupiksa têmbungipun, lajêng angaturi uninga ing Prabu Parikênan, dhawuh pangandikanipun Prabu Parikênan langkung mangayubagya, Arya Brahmana Wedha lajêng amangsuli sêrat yèn kasumanggakakên, Prabu Basupati langkung suka. Ing antawis dintên Patih Wakiswara kautus dhatêng Gilingwêsi ambêkta pangantèn, dumugi ing Gilingwêsi langkung sinuba-suba. Enggaling cariyos, Radèn Basumurti sampun dhaup kalihan Dèwi Jatiswara, binawahan wontên ing pura, pêndhak dintênipun pangantèn sakalihan kaundhuh dhatêng Wiratha, binawahan malih Prabu Basupati andhatêngakên suka.

Ing salêbêting taun Tadu, etanging taun surya sangkala [sa...]

--- 3 : 247 ---

[...ngkala] 504, tinêngêran dadi barakaning tata. Kaetang ing taun candra sangkala 519, tinêngêran gatraning bumi wisaya sirna.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, nagari ing Wiratha, Dèwi Jatiswara ambabar miyos kakung, ingkang eyang amaringi nama Radèn Basusena, Prabu Basupati andhatêngakên suka, anggêganjar wadyabala, kinèn sami amêmuji lulusa widadanipun ingkang wayah.

Ing salêbêting taun Iswara, etanging taun surya sangkala 505, tinêngêran wisaya sirna ing pagulingan. Kaetang ing taun candra sangkala 520, tinêngêran muksaning dhêsthi margèng wiyat.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos, Prabu Parikênan ing Gilingwêsi, sawêg sungkawa dening putrinipun ingkang nama Dèwi Kaniraras anandhang gêrah rurah, kausadan ing dhêdhukun botên tumama, Prabu Parikênan ngantos dhawah sayêmbara, sintên kang amulyakêna badhe kadhaupakên. Ing ngriku Êmpu Dewarasa matur yèn sutanipun kêkalih sami gadhah kasêktèn, bokmanawi sagêd amulyakakên, Prabu Parikênan lajêng adhêdhawah kinèn animbali kalih pisan, sarêng sampun sami sowan,

--- 3 : 248 ---

ingkang sêpuh nama Êmpu Dewayasa, kadhawuhan angêtrapakên sarana rumiyin, Êmpu Dewayasa lajêng tumandang andamoni gêrahipun sang putri, sanalika raosing gêrah sirêp, Dèwi Kaniraras sagêd sare, nuntên gêntos ingkang nèm nama Êmpu Kanomayasa, kadhawuhan angêtrapakên sarana, Êmpu Kanomayasa lajêng tumandang angidoni sarta andilati gêrahipun sang putri, sami sanalika wau gêrahipun Dèwi Kaniraras, sampun sirna nirmala waluya jati. Prabu Parikênan langkung suka lajêng asêsilih nama Prabu Kanwa, ajêjuluk Prabu Brahma Am, awit sukanipun dening kang putra waluya saking Êmpu Kanomayasa, Patih Sangkaya bela ngalih nama Patih Brahmastungkara, awit saking panêkungipun ing mangke sampun luwar. Ing antawis dintên Dèwi Kaniraras dipun tarimakakên dhatêng Êmpu Kanomayasa, dhaupipun mawi binayangkarya Prabu Brahma Am, andhatêngakên suka, dene Êmpu Dewayasa sampun kaganjar ing rajabrana maneka-warni.

Ing salêbêting taun Wakdaniya, etanging taun surya sangkala 506, tinêngêran rêtu barakaning gati. Kaetang ing taun candra sangkala 521, tinêngêran ratu [ra...]

--- 3 : 249 ---

[...tu] kalih gumuling ing tawang.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, Prabu Sri Kala ing Purwacarita, utusan angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng Gilingwêsi, yèn kaparênga ing karsa Dèwi Kaniraras badhe kambil mantu kadhaupakên kalihan Radèn Sri Wanda, ingkang dinuta ambêkta sêrat panglamar Patih Sadhaskara, dumuginipun ing Gilingwêsi, sêrat katampèn dhatêng Prabu Brahma Am, sampun katupiksa kadhadha sasuraosipun. Prabu Brahma Am angandika dhatêng Patih Sadhaskara: He Patih Sadhaskara andadèkake suka pirênaning panggalih ingsun, anupiksani layange yayi prabu ing Purwacarita, ananging sukaningsun anganggo kuciwa dening cuwa, karana putriningsun wus katarucut dhaup lan Êmpu Kanomayasa, sutaning Êmpu Dewarasa, awit anêtêpi sayêmbara duk nini putri anandhang rurah waluya dening Êmpu Kanomayasa. Patih Sadhaskara tur sêmbah tumungkul èsmu gêgêtun. Prabu Brahma Am lajêng amaringi sêrat wêwangsul, Patih Sadhaskara mantuk, dumuginipun ing Purwacrita sêrat wêwangsul sampun katur dhatêng Prabu Sri Kala, sarêng Prabu Sri Kala anupiksa suraosipun, duka salah panarka. Patih Sadhaska-

--- 3 : 250 ---

ra matur bêbolèh kathah-kathah, nanging botên piniarsa. Sarêng dintênipun malih Patih Sadhaskara dhinawuhan tata-tata samaptaning ayuda, aturipun inggih sandika, ananging ing batos èsmu awrat, nuntên Prabu Sri Kala animbali Êmpu Sunggata, ingandikakakên ayasa dêdamêling prang ingkang prayogi, ingkang tampi dhawuh inggih angèstokakên, pandamêlipun dêdamêl awarni-warni, wontên dhapur dhuwung kêkalih, ingkang satunggal dipun wastani dhapur santan, satunggalipun dipun wastani dhapur karacan.

Amarêngi wêkasaning masa srawana, Prabu Sri Kala jêngkar saking praja têdhak anglurug dhatêng Gilingwêsi, kêbut sawadyabalanipun. Kacariyos Prabu Brahma Am, sampun amiyarsa pawartos, yèn kalurugan saking Purwacarita, pangandikanipun, he patih, dene yayi prabu têka salah panarka, apa ing Purwacarita iku ora ana wong tuwa. Sasampunipun angandika makatên, ingkang paman-paman kadhawuhan amêthukakên prang sajawining nagari, saha para wadya punggawa sami kapatah-patah ing karya sadaya, ingkang paman rêsi sakawan mangkat akanthi wadya punggawanipun piyambak-piyambak, sarêng dumugi sajawining nagari sami damêl pasanggrahan. Ing antawis [antawi...]

--- 3 : 251 ---

[...s] dintên mêngsah dhatêng, lajêng campuh prang gêntos kalindhih, Arya Sadhabakti, kalihan Arya Sadhagatya ing Purwacarita, sami kasambut ing rana, lajêng muksa dados jawata, Patih Sadhaskara ing Purwacarita mangsah apêpulih, Arya Sanyaki akalihan Arya Jatmaka, ing Gilingwêsi sami kasambut ing rana, lajêng muksa dados jawata, Rêsi Brahmastuti, Rêsi Brahmayana, Rêsi Brahmana Sidhi, Rêsi Brahmana Jati, sami mangsah pêpulih, kapêthukakên dening Prabu Sri Kala, rêsi sakawan sami kasambut ing yuda, lajêng sami muksa dados jawata sakawan pisan. Ing samuksanipun rêsi sakawan wau, wadya ing Gilingwêsi sami mirut, kapalajêng malêbêt ing praja, atur uninga dhatêng Prabu Brahma Am, ing ngriku Prabu Brahma Am arsa anyarirani pêrang piyambak, dipun pambêngi dhatêng para pinisêpuh aturipun mugi èngêta salah satunggal, luhung dipun kesahana rumiyin, yèn sampun sarèh wontên rêmbag ingkang dados prayogining lampah. Prabu Brahma Am anurut ing aturipun para pinisêpuh, lajêng lolos saking praja sagarwa putra, miwah para santana wadyabala tuwin para êmpu sadaya sami andhèrèkakên, karsa dhatêng Wiratha. Sarêng dumugi ing margi mandhêg mangu ing galih,

--- 3 : 252 ---

amargi rumaos lingsêm, upami wangsul dhatêng Gilingwêsi, manawi karya sandeyaning wadyabala, dados tansah angêmu sungkawa salêbêting galih, sarêng têdhakipun Prabu Brahma Am, dumugi ing tanah Mêdhanggalungan, saya kagagas ing kalingsêmanipun, wêkasan dados gêrah nêmah muksa dados dewa, kasêbut nama Bathara Brahma Am. Ing nalika punika pramèswari nata Dèwi Brahmanèki sangêt sungkawanipun mèh badhe bela muksa, nanging pinambêngan dhatêng para pinisêpuh, sami matur angêngimur kathah-kathah, Dèwi Brahmanèki amituhu, nuntên Arya Sakatha, akalihan Arya Wikathana, sami kautus alêlayu ngrumiyini dhatêng Wiratha, etang anggènipun Prabu Parikênan inggih Prabu Brahma Am, jumênêng nata namung 6 taun.

Sinigêg ingkang sawêg lêlampaha[25] kalayan nandhang prihatos, kacariyos, Prabu Sri Kala ing Purwacarita, sabêdhahipun nagari Gilingwêsi, wadyabalanipun sami botên kalilan anjêjarah angrêrayah, Prabu Sri Kala lajêng bidhal kondur dhatêng Purwacarita, namung anglampahakên duta panalika, ingkang kautus punggawa kêkalih: 1. Arya Bimana, 2. Arya Biramana, dhinawuhan sami [sa...]

--- 3 : 253 ---

[...mi] anglacak têdhakipun Prabu Brahma Am.

Kacariyos malih, lampahipun Arya Sakathaka[26] akalihan Arya Wikathana sadumuginipun ing Wiratha lajêng sowan ing ngarsanipun Prabu Basupati, sami matur salwiring lêlampahan sadaya. Prabu Basupati amidhangêt aturipun arya kêkalih sangêt pangungunipun, lajêng andangu ingkang sami tiwas wontên ing paprangan. Aturipun Arya Sakatha: Dhuh sang prabu ingkang sami kapupu ing rana, 1. raka paduka pun uwa Rêsi Brahmastuti, 2. raka paduka pun rama Rêsi Brahmayana, 3. raka paduka pun paman Rêsi Brahmana Sidhi, 4. raka paduka Rêsi Brahmana Jati, 5. putranipun pun uwa Rêsi Brahmastuti kang anama Arya Sanyaki, 6. kakang kawula piyambak anama Arya Jatmaka, sanèsipun punika para wadya alit-alit langkung kathah, malah pamirêng kawula, sabêdhahipun nagari ing Gilingwêsi, putra paduka Prabu Sri Kala lajêng badhe ambêdhah ing Wiratha, karsanipun angêlun tanah Jawi, karaton agêng dados satunggal wontên ing Purwacarita kemawon. Akathah-kathah aturing Arya Sakatha, akalihan ingkang rayi Arya Wikathana, anggènipun sami damêl pangabên-abên panggêgasah

--- 3 : 254 ---

kanthi angomandaka. Prabu Basupati sarêng amidhangêt aturipun arya kêkalih, tuwuh dukanipun dhatêng ingkang putra Prabu Sri Kala ing Purwacarita, arya kêkalih kadhawuhan aso dhatêng pamondhokan. Nuntên ing antawis dintên Dèwi Brahmanèki rawuh, Prabu Basupati sarêng aningali ingkang rayi miwah para pulunan sadaya sangsaya karănta-rănta ing galih. Para pinisêpuh ingkang andhèrèkakên: 1. Arya Brahmana Wedha, 2. Arya Brahmana Kèstu, sami matur yèn marasêpuh nata Arya Brahmana Radya inggih andhèrèkakên, ananging taksih wontên ing wingking, angirid para rêrepot, Patih Wakiswara lajêng kadhawuhan amêthuk. Sarêng Arya Brahmana Radya dhatêng, Prabu Basupati saya tuwuh dukanipun, awit aningali marasêpuhipun kawlasasih. Nuntên andhawuhakên parentah samaptaning ayuda, kadhèrèkakên ing wadyabala arsa anglurug dhatêng Purwacarita, awit saking murina ing galih, anggènipun Prabu Sri Kala ambêdhah nagari Gilingwêsi.

Amarêngi masa asuji, kacariyos, Arya Bimana, akalihan Arya Biramana ingkang kautus anglacak, lampahipun ngantos dumugi nagari ing Wiratha.

--- 3 : 255 ---

ing ngriku sami amiyarsa wartos, yèn Prabu Basupati anglurug dhatêng Purwacarita, arya kêkalih wau lajêng angrumiyini lêlancaran lampahipun, dumugi ing Purwacarita sampun matur sasolahing dinuta sadaya, Prabu Sri Kala langkung duka, lajêng angundhangi wadyabala siyaga ing ayuda. Botên watawis dintên mêngsah, dhatêng lajêng campuh prang langkung rame kathah wadya ingkang pêjah tuwin kataton, Patih Sadhaskara kasambut ing rana, lajêng muksa dados jawata, kasêbut nama Bathara Sadhaskara, ingkang garwa Dèwi Satapi, bela muksa dados widadari, nuntên Prabu Sri Kala anyarirani yuda ngabên kasantikan kalihan Prabu Basupati, ing wêkasan Prabu Sri Kala kasor, kapikut dening panah rante. Wadyabala ing Purwacarita sarêng sumêrêp yèn ratunipun kapikut lajêng sami nungkul sadaya, Prabu Sri Kala lajêng kalungsur saking anggènipun jumênêng ratu, kaprênahakên wontên ing wana ing Dantanwu sagarwa putra pulunanipun, sarta rajabrananipun salêbêting pura kabêktakakên sadaya, miwah wadya kawulawarganipun ingkang sami trêsna kadhawahan umiring. Sarêng dumugi ing wana Dantanwu, Prabu Sri Kala sangêt anandhang prihatos, sawêg pêndhak dintên Prabu Sri Kala lajêng muksa dados dewa, kasêbut [kasêbu...]

--- 3 : 256 ---

[...t] nama Bathara Sri Satapa, awit muksanipun nuju mangun tapa, ingkang garwa Dèwi Srini kantun angêmong putra angimpuni para pulunan miwah santana kawulawarga sadaya, lêstantun têtruka wontên ing wana Dantanwu lajêng abêbadhe pasang-rakiting padhusunan, winastan dhusun ing Ngandong. Etang anggènipun Prabu Sri Kala jumênêng nata laminipun namung 5 taun.

Kacariyos, sabêdhahipun nagari ing Purwacarita, Prabu Basupati têka rêmên aningali pasang-rakiting pura miwah tata ruktining praja, ing ngriku Prabu Basupati karsa lajêng ngalih angadhaton wontên ing Purwacarita. Ingkang rayi pramèswari nata kang anama Arya Jatikandha, kautus mantuk dhatêng Wiratha, ingandikakakên amboyongi garwa putra nata sarta ngusungi rajabrana saisèn-isènipun pura sadaya.

Kacariyos, sarêng pramèswari nata tuwin wadyabala ing Wiratha, sampun bidhal boyong dhatêng Purwacarita, nagari ing Wiratha sapisan, ingkang dumunung talatahipun tanah Têgal, sarta nagari ing Gilingwêsi ingkang dumunung ing tanah Bantên, lajêng risak botên wontên ingkang jumênêng ratu malih. Nalika punika, panjênêngan ratu tanah Jawi, amung [a...]

--- 3 : 257 ---

[...mung] satunggal Prabu Basupati, amêngku talatah ing nuswa Jawi sadaya.

----------

Panunggilanipun.

Bab kaping 6.

Perangan ăngka 2 nama Sêrat Raja Watara, kaanggit Êmpu Tathakasandi ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 853, taun candra sangkala 879.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên rumiyin tumrap ing Sêrat Raja Watara, ing salêbêtipun taun Prêmadi, etanging taun surya sangkala 507, tinêngêran wukir gugur marganing muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 522, tinêngêran asta kalih amisaya.

Amarêngi masa sitra, kacariyos, Prabu Basupati ing nalika punika kagungan karsa badhe angalih kadhaton, awit kagalih yèn nagari sampun nate bêdhah punika

--- 3 : 258 ---

botên prayogi dipun agêm malih, Patih Wakiswara kadhawahan anglampahakên punggawa anitik pasitèn ingkang pakantuk kinarya praja. Ing nalika punika wontên wadya tuwa buru anama Kyai Wrigu, nuju sowan ing ngarsa nata, umatur manawi wontên pasitèn waradin wiyar rêsik, prênah sakidul wetaning nagari, padhusunanipun wasta ing Ngandongwilis, sampun kasêbut nama ing Mêdhangagung. Prabu Basupati langkung panuju ing galih, nuntên Kyai Wrigu kautus nyêngkal badhe alang ujuring praja, kinanthenan marasêpuh nata Arya Brahmana Radya, kabêktanan wadya panêkar ing sawatawis. Ing sapêngkêring Kyai Wrigu, Prabu Basupati animbali Êmpu Dewayasa, pinaringan tosan brahma kadhali, kinèn karya dêdamêl pirantosing dandos-dandos, wadung, pêthèl sapanunggilanipun, aturing Êmpu Dewayasa, langkung owêl yèn kadamêla wadung pêthèl, luhung kinaryaa dêdamêling prang langkung prayogi, Prabu Basupati marêngi adamêl dêdamêling prang kemawon, ingkang kadamêl pirantosing dandos-dandos, Êmpu Dewayasa kaparingan tosan sanès. Êmpu Dewayasa mundur anglêmpakakên kulawarganipun, sami kabêbahan anggarap piyambak-piyambak, ingkang kapurih

--- 3 : 259 ---

ngrencangi anggarap dêdamêl pêrang adhinipun nama Êmpu Kanomayasa, sarêng sampun dados satunggal nama candrasa, jarijinipun Êmpu Kanomayasa mêdal latu lajêng ambêsmi awakipun piyambak, têmah muksa dados jawata, kasêbut nama Bathara Candrasa, awit muksanipun sawêg nuju angiyasani candrasa, Êmpu Kanomayasa wau atilar suta kêkalih jalêr èstri sami saking Dèwi Kaniraras, ingkang sêpuh jalu nama Radèn Pêrwa, ingkang nèm èstri nama Dèwi Prawita, Prabu Basupati sarêng kaaturan uninga langkung ngungun, Dèwi Kaniraras saha putranipun sakalihan lajêng sami kaboyongan dhatêng salêbêting pura, yasanipun dêdamêl ingkang sampun dados kapundhut, ingkang dèrèng dados kadhawahan dumugèkakên Êmpu Dewayasa, sarêng dados yasanipun Êmpu Dewayasa wontên dhapur dhuwung wangun enggal, lajêng kaparingan nama dhuwung dhapur bakung, Êmpu Dewayasa langkung suka rumaos katarima damêlanipun.

Ing salêbêting taun Wikrama, etanging taun surya sangkala 508, tinêngêran brahmana muksa ing pagulingan. Kaetang ing taun candra sangkala 523, tinêngêran tigang caraka tinata.

--- 3 : 260 ---

Amarêngi masa kartika, kacariyos, nagari ing Purwacarita, sabibaring Raja Wedha Rêsi Wisama muksa dados dewa, kasêbut nama Bathara Wisama, Prabu Basupati langkung gêgêtun ing galih, nuntên marasêpuh nata Arya Brahmana Radya kagêntosakên dados brahmana, anama Rêsi Brahmana Radya. Ing antawis dintên Prabu Basupati arêraosan akalihan Rêsi Brahmana Radya, ingkang kacariyosakên waskithaning Rêsi Wisama, Prabu Basupati kapencut sagêda waskitha kados Rêsi Wisama, sumêrêp ingkang ghaib-ghaib sadaya. Rêsi Brahmana Radya umatur: Dhuh sang prabu ing nagari Gilingwêsi wontên lisah pranawa, panunggilanipun sêsotya matuwahni kalihan sela timpuruy, sami manggèn wontên sanggar palanggatan, karêksa ratuning pisaca anama Raja Bahli, kawasaning lisah pranawa yèn kasipatakên ing netra sumêrêp ingkang ghaib-ghaib, yèn katètèsakên ing karna sagêd mirêng wiraosing băngsa siluman, kawasaning sêsotya matuwahni sagêd angêmot wêwayangan, singa ingkang aningali sêsotya matuwahni punika katingal wêwayanganipun, sanadyan ingkang darbe wêwayangan wau sampun kesah, nanging wêwayanganipun taksih kantun katingal wontên [wontê...]

--- 3 : 261 ---

[...n] salêbêting sêsotya matuwahni, ingkang makatên wau botên ngamungakên manusa kemawon, dalah sato kewan tuwin têtuwuhan inggih makatên, mênggah kawasaning sela timpuruy, sagêd angêmot isèn-isèning ngarcapada, upami nagari saisinipun sadaya, yèn kacipta sagêda kalêbêt ing sela timpuruy, inggih kawrat, kalihan kenging pinuja dados dêdamêling prang ing sakarsanipun, mangkana Prabu Basupati sarêng amidhangêt aturipun marasêpuh langkung ngungun, andangu asalipun ingkang wau, Rêsi Brahmana Radya sampun anggancarakên wit milanipun ing ngajêng. Prabu Basupati kagungan karsa badhe kapundhut, Rêsi Brahmana Radya umatur: Manawi pancênêngan[27] paduka karsa mundhut, kêdah mawi sarana, ing kapatihan wontên rare jalêr têtilaraning Patih Sadhaskara ingkang patutan saking Dèwi Satapi, anama Radèn Darmaruci, punika saèstu sagêd mêndhêt, awit pisaca Raja Bahli kados botên kasmaran, yèn sutaning Patih Sadhaskara. Prabu Basupati panuju ing galih, Radèn Darmaruci lajêng dipun timbali, sadhatêngipun ing ngarsa nata, kadhawuhan amêndhêt pusaka tigang wani[28] wau, sarta kadhawahan ambêkta isèn-isèning pura ing Gilingwêsi kaciptaa sami [sa...]

--- 3 : 262 ---

[...mi] sagêda kalêbêt wontên ing sela timpuruy, Radèn Darmaruci matur sandika lajêng mangkat kanthi Arya Brahmana Kèstu. Ing sapêngkêring Radèn Darmaruci, Prabu Basupati andangu dhatêng Patih Wakiswara, wontênipun têtiyang ingkang sami anggarap kitha enggal, aturing Patih Wakiswara: Pukulun, panggarapipun padamêlan ragi wontên randhatipun, awit saking kantu têdhakipun têtiyang ingkang nyambutdamêl, amargi kêkirangan ingkang angrêratêngi têdhanipun, Prabu Basupati lajêng dhêdhawah kitha enggal wau kaadêgana padhasaran gangsal panggenan, ing wetan, ing kidul, ing kilèn, ing lèr sarta ing têngah, sakathahing têtiyang ingkang botên anggarap padamêlan, kadhawuhana wêwadean sêkul ulam panganan sapanunggilanipun, Patih Wakiswara ambayara urupipun ingkang pantês murwatipun, supados ingkang sami nyambutdamêl sagêda lumintu ing panggarapipun, sampun ngantos kèndêl sêsarêngan anêdha. Patih Wakiswara matur sandika lajêng mangkat dhatêng kitha enggal, anindakakên sadaya dhawuh pangandikanipun Prabu Basupati, sampun kalampahan sadaya, kathah têtiyang ingkang sami dhêdhasar sêkul ulam panganan sapanunggilanipun, panggenan padhasaran wau têtiyang [tê...]

--- 3 : 263 ---

[...tiyang] kathah mastani pasar, salajêngipun katulad para pangagêng ing salêbêtipun nuswa Jawi, pundi kitha utawi dhusun ingkang agêng sami angadêgakên padhasaran, panggenan tiyang sêsadeyan urup-urupan warni-warni, katêlah dumugi sapriki, inggih punika purwanipun nuswa Jawi wontên pêkên.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, lampahipun Radèn Darmaruci kalihan Arya Brahmana Kèstu, sadumuginipun ing Gilingwêsi sami anjujug ing sanggar palanggatan lajêng adêdupa, ya ta pisaca Raja Bahli mambêt gandaning Patih Sadhaskara lajêng ambuka warana, katingal sawantah kados manusa, Radèn Darmaruci angandika: Hèh pisaca raja, ingsun iki sutaning Patih Sadhaskara, aran Radèn Darmaruci, kautus ing Prabu Basupati, mundhut ing rêrêksanira, 1. lênga pranawa, 2. sêsotya matuwahni, 3. watu timpuruy, pisaca Raja Bahli anyumanggakakên, pusaka warni tiga sampun kaaturakên, nuntên Arya Brahmana Kèstu lumêbêt ing pura, amêndhêti saisèn-isèning pura sadaya, sampun sinungakên dhatêng Radèn Darmaruci lajêng sami cinipta kalêbêtakên ing sela timpuruy, sampun kawrat sadaya, ing antawis dintên mangkat mantuk. Dumugi [Dumu...]

--- 3 : 264 ---

[...gi] ing Purwacarita sampun katur dhatêng Prabu Basupati, andadosakên suka pirênaning galihipun sang prabu, Radèn Darmaruci lajêng kaganjar sarta jinunjung dados punggawa, anama Arya Darmaruci.

Ing salêbêting taun Wila, etanging taun surya sangkala 509, tinêngêran trustha barakan tinata. Kaetang ing taun candra sangkala 524, tinêngêran catur buja anata barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos, nagari Purwacarita sabibaring Raja Wedha, Prabu Basupati karsa jêngkar saking praja Purwacarita, ngalih kadhaton dhatêng kitha enggal, winastan nagari ing Wiratha, Prabu Basupati lajêng jumênêng ratu binathara, ambawani bawana satalatahipun nuswa Jawi sadaya, inggih punika kalêbêt pulo Bali, Madura. Mênggah kitha ing Wiratha enggal wau, inggih punika nagari Wiratha ingkang kaping kalih, dumunung salèr wetanipun rêdi Lawu, ing mangke kalêbêt wêwêngkonipun kabupatèn Ngawi (Madiun).

Kacariyos, sasampuning sampêt panataning uparêngganipun kadhaton, Prabu Basupati têdhak midêr-midêr mariksani pasang-rakitipun ing praja sadaya, kadhèrèkakên [kadhèrèka...]

--- 3 : 265 ---

[...kên] ing warăngka nata tuwin punggawa sawatawis, salêbêting galih tansah angungun dening radining pasitèn, sasampunipun midêr-midêr têpung gêlang, Prabu Basupati kondur angadhaton.

Amarêngi masa sitra, kacariyos, Prabu Basupati karsa angulawisudha wadyabala, sami kajunjung pangkating kalênggahanipun, wontên ingkang kaparingan prênah tanah ing măncanagari, Arya Brahmana Wedha, Arya Brahmana Kèstu, sakalihan sami jinunjung anama rêsi, Patih Brahmangkara kaparingan nagari ing Gilingwêsi dados raja pandhita, anama Rêsi Brahmastungkara, putranipun èstri ingkang anama Dèwi Anitri, kadhaupakên angsal Arya Darmaruci, Kyai Wrigu kaparingan nagari ing Wiratha lami, dados raja pandhita nama Rêsi Wrigu, nagari Wiratha lami kaêlih nama ing Mêdhangkawuri, Radèn Suganda kagêntosakên kalênggahanipun ingkang rama Arya Brahmana Kèstu, lêstantun nama Arya Suganda, sanèsipun punika akathah wadya alit ingkang kinulawisudha dados punggawa, kados ta: Arya Panurta, Arya Maradhana, Arya Suhatya sapanunggilanipun ingkang sami băngsa alit kaparingan pangkat dados punggawa.

--- 3 : 266 ---

Ing salêbêting taun Sitrapanu, etanging taun surya sangkala 510, tinêngêran tanpa putra wisikan sirna. Kaetang ing taun candra sangkala 525, tinêngêran tata kanthining marga.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos, Prabu Basupati kadhatêngan dutanipun Prabu Durapati ing Durhyapura, tanah sabrang ing Ngatasangin, inggih punika talatahipun tanah Indhustan, atur sêrat panglamar nêmbung Dèwi Kaniraras, badhe ingangkah garwa. Prabu Basupati andangu wastaning duta, sarta lênggahipun, duta matur wasta Abisatya, lênggah punggawa. Prabu Basupati andangu malih: He duta apa ana wong ing tanah kene kang omah ana ing kana, marma ingsun andangu dene layang iki têka tulisan ing tanah kene, aturing duta: Dhuh sang prabu inggih akathah kemawon, kalihan ratu kawula sagêd sastra saha têmbung ngriki. Prabu Basupati langkung suka. Ing antawis dintên duta ing Durhyapura kalilan mantuk sampun kaparingan wêwangsul, dhawuh wêwêlingipun sajawining sêrat: Sira matura maring ratunira, sarèhning Si Kaniraras iku wus dadi răndha, ingsun mung anjaluk tăndha, ratunira ingsun purih têka kene dhewe dhaupa ana ing puraningsun, duta nêmbah matur lajêng mangkat.

--- 3 : 267 ---

Amarêngi masa srawana, kacariyos, Prabu Durapati rawuh ing Wiratha, langkung sinuba-suba dening Prabu Basupati, dipun dangu aluraning lêluhur, wangsulaning Prabu Durapati angakên têdhaking Sang Hyang Bayu, sarêng sampun dumugi dintên ingkang prayogi, Prabu Durapati kadhaupakên kalihan Dèwi Kaniraras, ing antawis dintên kabêkta dhatêng Durhyapura, putranipun kêkalih dipun tilar, tumut ingkang uwa Êmpu Dewayasa.

Ing salêbêting taun Supanu, etanging taun surya sangkala 511, tinêngêran ratu tunggal panata. Kaetang ing taun candra sangkala 526, tinêngêran rarasing panêmbah tinata.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Prabu Basupati sabibaring Raja Wedha, karsa nyoba angagêm lisah pranawa, kasipatakên ing netra, katètèsakên ing karna, sanalika lajêng wontên katingalan patamanan langkung asri kawuryan, satêngahing patamanan, katingal wontên wisma kancana sakawan, Prabu Basupati lajêng tumêdhak dhatêng patamanan punika, langkung kacaryan dènira aningali, dene isèn-isènipun maneka-warna amêpêki, sangkêp ingkang adi-adi sarwa pèni, sarta uparêngganing [u...]

--- 3 : 268 ---

[...parêngganing] wisma kancana dahat angeram-eramakên, nuntên wontên tiyang jalu pêkik angacarani, matur nêmbah kuncuping asta kaaras ing grana, têmbungipun: Sumăngga kakang prabu panjênêngan paduka katimbalan ing raka jêngandika. Prabu Basupati kagèt ing batos, dene kang angacarani sêmbahipun kuncuping asta botên kapundhi ing êmbun-êmbunan kados tata pranatanipun para dewa, sarta têmbungipun animbali, nanging winêngku ing galih wêkasan anurut. Dumugi ing wisma kancana ingkang têngah, Prabu Basupati sumêrêp yèn wontên ratu jalu akalihan ratu èstri sami lênggah ingamparan sêsotya siniwi ing wadyabala, sarta wontên ingkang lênggah ingamparan malih kathahipun sakawan sami angapit-apit, sarêng Prabu Basupati cêlak lajêng kaacaran lênggah ingamparan rêtna, pangandikanipun ratu jalu dhatêng ingkang lênggah angapit-apit wau makatên: Lah kaya ngapa suta bungahing tyasira katêmu kadangira pancêr, ingkang dipun pangandikani anêmbah kuncuping asta sami kaaras ing grana. Ratu jalu angandika dhatêng wadya ingkang sumiwi wontên ing ngarsa: Sira apa iya padha bungah katêmu lan kadangira kang mêtu barêng sadina, ingkang kadangu sami anêmbah kuncuping asta kapundhi ing

--- 3 : 269 ---

êmbun-êmbunan, nuntên ratu jalu anambrama dhatêng Prabu Basupati: Padha rahayune sapraptanira ing kene yayi prabu, Prabu Basupati pakèwêd wangsulanipun, badhe amangsuli tanpa krama manawi kasaru, amangsuli krama rumaos lingsêm, wêkasan dados amung manthuk kemawon. Ratu jalu botên kasamaran pakèwêding anggalihipun Prabu Basupati, lajêng angandika têmbung krama manis manuhara, dhuh kalingane yayi prabu dèrèng sumêrêp yèn kagungan sadhèrèk ingkang botên karawatan, ingkang mêdal saking marga ina sakawan, ingkang botên mêdal saking marga ina kêkalih. Wangsulaning Prabu Basupati walèh yèn dèrèng sumêrêp. Ratu jalu angandika malih: Ing mangke awit sumêrêp kula jatosi kadadosanipun makatên: ing nalika ibu anggarbini dumugi ing lèkipun karaos anggêrahi, punika êmaring sarira kumêsaring galih têmah angwontênakên kula kalihan adhi kula ratu èstri punika, kasêbut marmarti, wêdal kula saking jaja. Sarêng angajêngakên uwating bêbayi, punika wontên ingkang mêdal rumiyin saking marga ina dipun wastani kawah lajêng dados adhi kula ingkang asipat pêthak punika. Tumuntên wêdaling bêbayi saking marga ina lajêng dados yayi prabu

--- 3 : 270 ---

punika. Tumuntên kasundhul wêdaling ari-ari, dados arinta kang asipat jênar punika. Tumuntên kasundhul wêdaling êrah, dados arinta kang asipat abrit punika. Sarêng pupaking pusêr dados arinta kang asipat cêmêng punika. Anjawi ingkang sampun kasêbut wau, wontên malih sadhèrèk ingkang dipun wastani kadang mêdal sarêng sadintên, punika pêpantaranipun yayi prabu ingkang asarêngan wêdalipun, botên manusa kemawon, sanadyan yoganipun dewa danawa, sato paksi buron toya, utawi ingkang băngsa siluman sadaya, punika sami kasêbut dados kawulawarga, yèn dipun pêpêtri badanipun alus sami ambaurêksa ing yayi prabu. Mênggah pamêtrinipun saking rêsikan kalihan kêrêp adêdupa mênyan ratus wangi-wangi, sarta langkung prayogi manawi asring dipun mêmulea, dene mêmulenipun sadhèrèk ingkang botên mêdal saking marga ina, sêkul golong pêcêl ayam, jangan mênir, ulam toya, ulam paksi, ulam loh, jêjanganan, mawi sêkar campur bawur, pisang agung, sêdhah ayu, lisah wangi, lisah sundhul langit, sarta juruh tuwin santên winadhahan dados satunggal, kanthi tape, opak angin, têtindhihipun timah satak sawe. Mêmulenipun [Mêmu...]

--- 3 : 271 ---

[...lenipun] sadhèrèk ingkang mêdal saking marga ina, sêkul golong gangsal, winadhahan takir ponthang, ulam-ulamanipun ulam sagantên, ulam rawa, ulam banawi, ulam lèpèn, mawi gantal kalih supit dados sawungkus katumpangakên ing ponthang, ing saponthangipun nyawungkus, sêkar capaka gangsal jodho, ing saponthangipun katumpangan sajodho, têtindhihipun timah saweka ping gangsal, katumpangakên ing ponthang piyambak sami anyawe sowang. Mêmulenipun sadhèrèk ingkang mêdal sarêng sadintên, liwêt kêtan kinêpangakên sakêndhilipun, kanthi sêkul golong jangan mênir pêcêl ayam, sêkul minggah inggih punika ingkang kaêdang wosing pantun salamêt, mawi sêkar capaka, sêkar kananga, têtindhihipun timah satak sawe. Sadaya wau ingkang angêpang para cantrik sami asêsanti piyambak-piyambak makatên: Hong mangarcana maswaha sang hyang ayu ayu ayu ayu surak ayu. Punika yayi prabu, manawi kalampahan asring dipun mêmule makatên, saèstu sami rumêksa ing rintên dalu, ananging sajatosipun ing mêmule punika botên susah mawi sarana punapa-punapa, anggêr awas lan emut kêmawon inggih sampun prayogi, utaminipun sampun [sa...]

--- 3 : 272 ---

[...mpun] ngantos kêndhat anyambata para sadhèrèk wau, ing sabên dhahar ing sabên angunjuk, utawi yèn lênggah yèn lumampah miwah wontên damêl akalihan yèn anyambut padamêlan, sampun supe kasambat sami ingajak dhahar sapanunggilanipun wau, ananging yèn sare amung kasambata kinèn ambaurêksa kemawon, sampun ngantos kasambat kaajak sare, dene panyambatipun kacipta ing dalêm batos makatên: marmarti kakang kawah adhi ari-ari gêtih pusêr, kadang ingsun papat kalima pancêr, kadang ingsun kang ora katon lan kang ora karawatan, sarta kadang ingsun kang mêtu saka marga ina lan kang ora mêtu saka ing marga ina, miwah kadang ingsun kang mêtu barêng padha sadina kabèh, bapanta ana ing ngarêp, ibunta ana ing wuri, ayo padha anu. Dhahar utawi ngunjuk sapanunggilanipun wau, amung yèn sare dipun pamitana makatên: ingsun arsa turu baurêksanên sariraningsun saraja darbèk ingsun kang ana ing wêwêngkon ingsun kabèh. Dene yèn wontên damêl utawi anggarap sabara[29] padamêlan, sami dipun sambata angrêrencangi makatên: padha rewang-rewangana ingsun, katêkana ing sakarsaningsun, manawi ambucal sêsukêr kasambata kinèn anyampurnakakên sêsukêripun dadosa [dado...]

--- 3 : 273 ---

[...sa] suci nirmala, wêkasanipun ing têmbe manawi dumugi ing janji sadhèrèk sadaya wau prayogi sami karuwata, supados sampun ngantos andadosakên arubiru ing dêlahan. Pangruwatipun kaciptaa ing dalêm batos makatên: ingsun angruwat kadang ingsun papat kalima pancêr kang dumunung ana ing badan ingsun dhewe, marmarti kakang kawah adhi ari-ari gêtih pusêr, sakèhing kadang ingsun kang ora katon lan kang ora karawatan utawa kadang ingsun kang mêtu saka ing marga ina lan kang ora mêtu saka ing marga ina, sarta kadang ingsun kang mêtu barêng sadina, kabèh padha sampurnaa nirmala waluya ing kaanan jati dening kawasaningsun. Têlas pangandikaning raka sang ratu jalu. Wangsulanipun Prabu Basupati langkung suka bingah badhe angestokakên, sarta lajêng atakèn, karantên punapa ing ngriki punika sêmbahipun têka warni-warni, wangsulanipun kang raka: Yèn ing ngriki punika sêmbahipun amung kalih pangkat: manawi sêmbahing kawula dhatêng Gusti, anguncupakên asta kapundhi ing êmbun-êmbunan, sungkêmipun angèstu pada, manawi sêmbahing anèm dhatêng sêpuh, anguncupakên asta kaaras ing grana, sungkêmipun anguswa jêngku. Prabu Basupati sampun lêga ing galih lajêng pamit kondur, [ko...]

--- 3 : 274 ---

[...ndur,] dumuginipun ing pura kacariyos sampun kalampahan sawêwêlinging raka sadaya. Ing antawis wulan Prabu Basupati adhêdhawah nata panêmbah kados tataning jaman kang katingal wau, kawêwahan sêmbah pranata, anêkêm karna kalihan anêkêm jaja. Kurmating asêpuh dhatêng anèm ingkang băngsa luhur anêkêm karna, kurmating guru dhatêng sakabat kang abăngsa luhur anêkêm jaja, kala kalimrahakên amarêngi masa manggasri, taksih salêbêting taun Supanu, lajêng kaangge tata kramanipun tiyang Jawi dumugi samangke. Inggih punika purwanipun têtiyang Jawi mawi cara nyêmbah kuncuping asta kaarasakên ing grana, tuwin mawi tata minăngka tăndha sumungkêm, sarana angèstu pada, utawi anguswa jêngku, limrahipun têtiyang Jawi amastani ujung.

Dumugi samantên têlasipun cariyos ingkang kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 3, taksih wontên sambêtanipun kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 4.

--- 3 : [0] ---

[...]

--- 3 : [0] ---

[...]


pirênaning (kembali)
pirênaning
ngabêkti (kembali)
ngabêkti
taun (kembali)
taun
lakinira (kembali)
lakinira
darbe (kembali)
darbe
sumêrêp (kembali)
sumêrêp
têmên (kembali)
têmên
botên (kembali)
botên
pituduh (kembali)
pituduh
10 Bathara (kembali)
Bathara
11 sowan (kembali)
sowan
12 wangsit (kembali)
wangsit
13 lêbu (kembali)
lêbu
14 botên (kembali)
botên
15 brahmana (kembali)
brahmana
16 Maharaja (kembali)
Maharaja
17 sangkala (kembali)
sangkala
18 Arya (kembali)
Arya
19 rarasing (kembali)
rarasing
20 Brama Satapa (dan di tempat lain) (kembali)
Brama Satapa (dan di tempat lain)
21 palanggatan (kembali)
palanggatan
22 Sunggata (kembali)
Sunggata
23 warninipun (kembali)
warninipun
24 wangsiting (kembali)
wangsiting
25 lêlampahan (kembali)
lêlampahan
26 Sakatha (kembali)
Sakatha
27 panjênêngan (kembali)
panjênêngan
28 warni (kembali)
warni
29 sabarang (kembali)
sabarang