Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 4.

Anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi, Bali tuwin Madura, wiwit taun 572 dumugi 583, babon asli saking sawargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra, dening: Ki Padmasusastra.

Kaêcap sarta kawêdalakên ingkang kaping 3, dening: Boekhandel en Drukkerij KOLFF-BUNING ing Ngayogyakarta, taun 1936.

--- 4 : [0] ---

[Iklan]

--- 4 : [1] ---

Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 4.

Anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi, Bali tuwin Madura, wiwit taun 572 dumugi 583, babon asli saking sawargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra, dening: Ki Padmasusastra.

Kaêcap sarta kawêdalakên ingkang kaping 3, dening: Boekhandel en Drukkerij KOLFF-BUNING ing Ngayogyakarta, taun 1936.

--- 4 : [2] ---

[...]

--- 4 : [3] ---

Bêbuka

Hong wèhên pranawa samêh.

Purwakanipun Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 4 punika taksih andumugèkakên babaraning cariyos Sêrat Raja Watara, ingkang kawrat bab kaping 6 perangan ăngka 2 ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 3. Mênggah Sêrat Pustakaraja Purwa sadaya wau punika, iyasanipun Sri Bathara Aji Jayabaya, nata binathara ing nuswa Jawi, ingkang akadhaton nagari Daha, inggih ing Mamênang tanah Kadhiri, kados ingkang sampun kagancarakên tumrap ing bêbukanipun Sêrat Pustakaraja jilidan ăngka 1.

Wiyosipun, mênggah bêbukanipun cariyos tumrap [tumra...]

--- 4 : 4 ---

[...p] ing Sêrat Raja Watara, sampun kawrat ing Sêrat Pustakaraja jilidan ăngka 3 dumuginipun ing cariyos kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêtipun taun Taruna, etanging taun surya sangkala 512, tinêngêran paksa anunggal gati. Kaetang ing taun candra sangkala 527, tinêngêran rêsi kalih anata barakan.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, Prabu Basupati nuju wontên ing patamanan uninga coraking gêgodhongan tilas tapakan ulêr, warninipun sairib kados kenging kaungêlakên, lajêng dhawah kinèn amêndhêti, kala samantên Prabu Basupati kagungan karsa amangun sastra, mirid saking coraking gêgodhongan wau, winastan aksara Patra.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, sarêng panganggitipun aksara Patra sampun dados, lajêng kadhawuhan anglimrahakên ing ngakathah, têtiyang ing salêbêtipun nuswa Jawi, sami botên kalilan angangge aksara kina kang awangun sastra Dewanagari, kagalih angisruhi aksara Patra, wiwit nalika samantên, têtiyang satalatahipun nuswa Jawi, kalêbêt pulo Bali, Madura

--- 4 : 5 ---

tuwin pulo Sumatra sisih wetan, sami waradin angangge aksara Patra.

Ing salêbêting taun Partipa, etanging taun surya sangkala 513, tinêngêran gunaning ratu anata boma. Kaetang ing taun candra sangkala 528, tinêngêran manggalaning panêmbah tinata windu.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos Prabu Basupati ing Wiratha katêdhakan Sang Hyang Naradha, asêsanti sarywa angandika manis manuhara amèt prana: Dhuh kaki prabu kang amurbèng kawibawan ambawani bawana, ing praptaningsun iki angêmban timbalane Sang Hyang Jagadnata, amundhut pulunanira Si Kaniyasa, kinèn amunah ditya raja ing Pringgadani, aran Sang Kuramba, pêksa angrusak ing suralaya, awit aminta jodho widadari Si Wilotama, Sang Hyang Endra boya anêmbadani, wêkasan Ditya Raja Kuramba ing mêngko sumêngka saha wadyabala angêpung ing suralaya, para dewa kasusahan kabèh, mulane Sang Hyang Jagadnata têdhak adhêdhawuh yèn kang bisa anyirnakake mungsuh ditya, sutaning Parikênan kang aran Kaniyasa, aturipun Prabu Basupati anyumanggakakên, ananging kuciwa taksih rare bokmanawi angapintêni. Sang Hyang Naradha [Na...]

--- 4 : 6 ---

[...radha] gumujêng sarywa ngandika: Sang Hyang Jagadnata iku sipat waskitha, sayêkti boya kasamaran ing sawiji-wiji. Sasampunipun makatên Radèn Kaniyasa tinimbalan prapta, lajêng kadhawahan matur sandika, nuntên pinaringan sarana sagêding ngambah gêgana lajêng kabêkta minggah dhatêng suralaya, dumugi ing ngarsanipun Sang Hyang Endra Radèn Kaniyasa langkung sinuba-suba, sarta winisik ing pamulang sagunging guna kasantikan miwah jaya kawijayan sadaya sampun widagda. Lajêng pinaringan sanjata dibya kinèn mêdal ing rana kadhèrèkakên ing para jawata, campuhing prang langkung rame gêntos kalindhih, wêkasan Ditya Raja Kuramba pêjah kataman ing sanjata dibya, wadyabalanipun sami pêpulih tanpa ngundhili tumpês tapis sadaya, amung kantun ditya têtiga sami nungkul 1. sutaning Ditya Raja Kumbara, anama Ditya Rambana, 2. brahmana ditya, anama Sang Sanisara, 3. ditya êmbaning Sang Rambana anama Sang Swamrêtyu, katiga pisan sami katampèn ing panungkulipun, nuntên Radèn Kaniyasa kaganjar busana sudibya dimurti agêmipun Sang Hyang Endra, makutha gandhowara, buka sri martyukundha, cêcanthang endrakala, jêjamang endrakara, dawala tali praba, karawistha endrabajra, calumpring bujangkara,

--- 4 : 7 ---

sumping tambara, kalung tri ujung, têbah jaja sulardi, praba kuthi bajra, kawaca gardhawari, padaka gandawari, sêngkang bama, binggêl walisaya, gêlang bauwarna, karoncong karawili, sarêng rinasuk ing sarira Radèn Kaniyasa sanalika katingal kados Sang Hyang Endra arsa miyos sinewaka wontên ing paparyawarna, para dewa sami angalêmbana manadukara sadaya dhatêng Radèn Kaniyasa. Ing antawis dintên Sang Hyang Naradha tumêdhak dhatêng Wiratha, amaringakên Radèn Kaniyasa sarta awêwarti yèn unggul ing prang, Ditya Raja Kuramba sirna, nagari ing Pringgadani kaparingakên dhatêng Prabu Basupati, miwah ditya têlukan têtiga sampun kapasrahakên, Prabu Basupati langkung suka nuhun, botên dangu Sang Hyang Naradha muksa. Prabu Basupati lajêng adhêdhawah dhatêng Ditya Rambana, yèn ing mangke kakarsakakên anggêntosi ramanira wontên ing Pringgadani, sarta kinèn anarubakên para ditya sasesaning pêjah, Ditya Rambana matur sandika, ing antawis dintên kalilan mantuk. Nuntên Prabu Basupati karsa amangun busana kados panganggenipun Radèn Kaniyasa saking suralaya, minăngka busana karajan, ingkang kalilan angangge makatên amung para nata miwah putra santana, sagunging para wadya punggawa

--- 4 : 8 ---

taksih pangangge lami kemawon, inggih punika wiwitipun para ratu Jawi saputra santananipun, ing jaman kina sami mangagêm kadosdene panganggenipun ringgit purwa.

Ing salêbêting taun Wiya, etanging taun surya sangkala 514, tinêngêran toya anunggal wisaya. Kaetang ing taun candra sangkala 529, tinêngêran guwa kalih margèng tawang.

Amarêngi masa naya, kacariyos, nagari ing Wiratha, Dèwi Brahmanèki marêk ing raka Prabu Basupati, anuwunakên prênah para putranipun, supados sami sinaua ulah têtanèn, sampun ngantos ulah kamuktèn wontên ing praja, pangandikanipun Prabu Basupati: Si paman Gandara ujaring pawarta wus muksa, iku kewala dèn tapak tilasa. Dèwi Brahmanèki jumurung sakarsa, nuntên Radèn Kaniyasa akalihan ingkang rayi-rayi katimbalan, dhinawuhan kinèn sami anapak tilas wontên ing Gandara, pinaringan têtiyang 40 semah sapalakartinipun sadaya, Radèn Kaniyasa sakadangipun sami matur nuwun sandika, ing antawis dintên mangkat akalihan ingkang rayi Radèn Manonbawa, Radèn Paridarma, dumugi ing Gandara lajêng anarubakên têtiyang alit ing padhusunan sadaya.

--- 4 : 9 ---

Amarêngi masa palguna, kacariyos, ing Gandara kadhatêngan banjir agêng angalabi pakarangan kathah pêpêjah, sakawit ing dalêm kawan dasa dintên kawan dasa dalu jawah adrês botên wontên mêndhanipun, mila têmah andadosakên banjir bandhang. Ing nalika punika Sang Hyang Wisnu tumurun angejawantah, atêtulung dhatêng Radèn Kaniyasa sakadangipun, wêkasan sami raharja kadhawahakên wontên ing wukir Saptarga, Radèn Kaniyasa winisik ing guna kasantikan miwah kasampurnaning agêsang, sadaya sampun widagda, lajêng ingêlih nama Radèn Manumanasa, Sang Hyang Wisnu lajêng muksa. Ing dintênipun malih Radèn Manumanasa aningali teja wontên imbanging wukir Saptarga, pinurugan kang amawa teja wau rewănda pêthak atêtapa, dupi Radèn Manumanasa parêk, sinambrama ing pambage dhatêng rewănda pêthak, Radèn Manumanasa kagèt ing galih dene wontên wanara sagêd amicara tata janma, lajêng apitakèn ing nama miwah pinangkanipun, tuwin ingkang sinêdya. Rewănda pêthak angakên nama Puthut Supalawa, yoganipun Sang Hyang Bayu, milanipun atêtapa ingkang kasêdya limraha sasamining tumitah sagêda anunggil kalihan para dewa, Radèn Manumanasa kayungyun ing

--- 4 : 10 ---

galih dados anunggil sêdya, lajêng tumut atêtapa, damêl patapan wontên pucak Satasrêngga winastan ing Martawuy. Radèn Manumanasa lajêng asêsilih nama Rêsi Manumanasa, lêstantun apawong-mitra kalihan Puthut Supalawa, langkung saekapraya. Mênggah rêdi Saptarga inggih ing Martawuy wau, sapunika nama rêdi Dièng, watêsipun tanah Bagêlèn ingkang sisih lèr.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos malih, ing wukir Saptarga mangkya Radèn Manonbawa akalihan Radèn Paridarma kadhawahan ing raka Rêsi Manumanasa kinèn sami andumugèkêna bêbadhe wontên ing Gandara, sakalihan lajêng sami mangkat. Dumugi ing Gandara sampun anarubakên têtiyang alit sakantunipun ingkang sami pêjah kabalabak ing toya, sarta angaturi uninga dhatêng Wiratha, ing sasolahipun awit kala banjir dumugi ing wêkasan, Prabu Basupati lajêng amaringi têtiyang malih pêpak ing sapalakartinipun sadaya.

Ing salêbêting taun Sarwasiti, etanging taun surya sangkala 515, tinêngêran sare anunggal paprêman. Kaetang ing taun candra sangkala 530, tinêngêran barakan gunaning gati.

--- 4 : 11 ---

Amarêngi masa kartika, kacariyos, Prabu Basupati karsa amikramakakên putra Radèn Basukèsthi, wontên punggawa kaipe dening Prabu Basupati, arining Dèwi Awanti, anama Arya Awangga, punika darbe putra èstri têtiga, ingkang sêpuh nama Dèwi Pancawati, panêngah Dèwi Sukawati, wuragil Dèwi Dwarawati, karsa nata ingkang kalih kapundhut mantu, Dèwi Pancawati kadhaupakên antuk Radèn Basukèsthi, Dèwi Sukawati antuk Radèn Basunanda, binayangkarya ing panggihipun kadamêl toya mili, kasarêngakên wêdaling mêmule Raja Wedha.

Amarêngi masa asuji, kacariyos ing wukir Saptarga Rêsi Manumanasa katêdhakan Sang Hyang Brahma, dhinawuhan kinèn ing anggalih sêngkan turuning tumuwuh ambabarakên wiji, aturing Rêsi Manumanasa dèrèng karsa krama, sawêg kasêngsêm ulah puja brata, Sa[1] Hyang Brahma muksa. Ing nalika punika Rêsi Manumanasa lajêng anungku maladi êning, amurwèng ăngga anêgês karsa, ing antawis angsal pitung dintên, wontên ingkang prapta para widadari sami anggodha, ananging Rêsi Manumanasa santosa ing galih, widadari sami mundur palarasan mêsat angambara. Nuntên para

--- 4 : 12 ---

dewa prapta sami anandukakên guntur wisesa, wontên guntur latu, guntur angin, guntur toya, guntur wedang, guntur mêndhung, guntur pêpêtêng, guntur kilat thathit, guntur gêlap sapanunggilanipun, Rêsi Manumanasa panggah datan osik, para dewa kawêlèh lajêng sami muksa. Sapêngkêring para dewa lajêng katingal cahya gumawang, ingkang wontên salêbêting cahya Sang Hyang Wisesa, amaringi kanugrahan waskitha ing saniskara, sampun katampèn ing galih, Rêsi Manumanasa luwar dènira sêmadi lajêng angèstu pada, botên dangu Sang Hyang Wisesa muksa, nuntên wontên katingal têtiyang cebol lumajêng minggah ing wukir, awit kabujung ing sima kêkalih, Rêsi Manumanasa uninga lajêng atêtulung, punang sima jinêmparing sami pêjah kalih pisan, têtiyang ingkang kabujung wau sangêt suka sukuripun, matur anarima rumaos kapotangan gêsang, lajêng nyuwun arsa suwita, tinakenan namanipun angakên wasta Janggan Smara, putranipun Bathara Wungku, wayahipun Bathara Ismaya, ingkang wau Janggan Smara inggih anglampahi têtapa, atêtruka wontên padhepokan ing Pujangkara, sêdyanipun limraha sasamining tumitah, sagêda anunggil kalihan para dewa, ing nalika punika sawêg pinuju midêr-midêr

--- 4 : 13 ---

sajawining padhepokan kabujung ing sima kêkalih tanpa sangkan, wêkasan antuk pitulung, mila kêdah sumawita suka kadadosêna panyêthiking badhiyang, Rêsi Manumanasa langkung suka. Sarêng ing antawis dangu wontên katingal pawèstri, kêkalih kêmbar warna sami marêk manêmbah, tinakenan angakên widadari, ingkang satunggal anama Dèwi Kanistri, ingkang satunggal Dèwi Kaniraras, sakawit sami kenging upadarwaning kang rama anêmahi papa cintraka dados sima, têmah ruwat sangêt suka sukuripun, awêkasan arsa suwita, suka kadadosêna ubon-ubon panyapu sanggar, Rêsi Manumanasa kewran ing galih, ing ngriku Sang Hyang Naradha prapta anjog saking awiyat sarwi sêsanti manadukara, lêlagon sêkar wipula: hong syu tamadnyana parta (lila prasidhèng sinita), hong syu tamamwèng sokita (byag tama manggêh sukita). Tgêsipun: dhuh utama têmên kang santosa ing budi, sayêkti dadi barang ingkang cinipta, dhuh utama têmên kang atêtulung ing kasusahan, sayêkti anêmu kabungahan. Sarêng Rêsi Manumanasa sumêrêp yèn Sang Hyang Naradha tumêdhak, lajêng kurmat mawursita manidhikara. Sang Hyang Naradha angandika: Dhuh yoganing ulun aywa sangsaya tyasira, [tya...]

--- 4 : 14 ---

[...sira,] sajatine praptaningsun iki angêmban timbalane Sang Hyang Jagadnata, sira kadhawuhan anampani pasuwitane widadari roro iku, amarga wus pinasthi kang tuwa iku dadi jodhone Janggan Smara, kang anom dadi jodhonira. Ing nalika punika Rêsi Manumanasa ajrih yèn lêngganaa, dados matur sandika sumăngga ing karsanipun kang amurbèng pasthi. Ing ngriku lajêng kadhaupakên, Dèwi Kanistri antuk Janggan Smara, Dèwi Kaniraras antuk Rêsi Manumanasa, nuntên Sang Hyang Naradha muksa. Sapêngkêring Sang Hyang Naradha, Rêsi Manumanasa andangu dhatêng garwanipun, mênggah ingkang pêputra, aturipun: Kakang bok Dèwi Kanistri akalihan kula punika sami putraning Bathara Ira, Bathara Ira putraning Bathara Una, Bathara Una putraning Bathara Taksa, Bathara Taksa putraning Bathara Suksmawarna, Bathara Suksmawarna putraning Sang Hyang Caturwarna, Sang Hyang Caturwarna putraning Sang Hyang Caturkanyaka, Sang Hyang Caturkanyaka putraning Sang Hyang Purbawisesa, ingkang kasêbut Sang Hyang Darmajaka. Rêsi Manumanasa langkung suka amiyarsa gancaring lêluhuripun ingkang garwa. Ing antawis dintên ingkang garwa kaêlih nama Dèwi Rêtnawati, awit manawi anyampuri saru suwuring jana, dene anyênyami [anyênya...]

--- 4 : 15 ---

[...mi] namanipun ingkang Bok Ayu Dèwi Kaniraras, ingkang garwa matur sumăngga ing karsa.

Ing sêlêbêting taun Sarwadari, etanging taun surya sangkala 516, tinêngêran obahing bumi prahara limêngan. Kaetang ing taun candra sangkala 531, tinêngêran putra tiga tinata barakan.

Amarêngi masa sitra, kacariyos Prabu Basupati kaaturan uninga yèn Rêsi Wrigu akalihan Rêsi Brahmastungkara sampun sami muksa, Prabu Basupati lajêng adhêdhawah dhatêng Patih Wakiswara, Arya Suganda kinèn anggêntosakên Rêsi Wrigu dados raja pandhita, kaparingan nama Rêsi Suganda, Arya Darmaruci kinèn anggêntosakên Rêsi Brahmastungkara dados raja pandhita, kaparingan nama Rêsi Darmaruci, sarêng sampun kadhawahakên, ing antawis dintên sami mangkat ing prênah dunungipun piyambak-piyambak.

Gêntos kacariyos malih ing wukir Saptarga, ing wanci bangun enjing, Rêsi Manumanasa kalihan ingkang garwa Dèwi Rêtnawati, nuju sami midêr-midêr dhatêng sajawining pakarangan, ing ngriku uninga wontên mancorong anêlahi imbanging wukir, pinurugan kang amancorong wau woh sumarwana [sumarwa...]

--- 4 : 16 ---

[...na] amung satunggal, warninipun kados bolu, gandanipun arum, gajêng[2] kapêthik dhatêng Rêsi Manumanasa kaparingakên ing garwa kabêkta kondur, sarêng diwasaning surya, woh sumarwana kadhahar dening Dèwi Rêtnawati tuhu manis arum raosipun. Botên antawis dangu wontên gandarwa prapta tanpa sangkan, Rêsi Manumanasa anambrama ing pambagya sarta takèn ing nama miwah kang sinêdya, wangsulanipun: Wuh[3] bapa, sami rahayu ing panêdya, sajatosipun kula punika gandarwa, nama Satrutapa, atêtaki sangkaning rare ngantos diwasa katarima ing dewa, pinaringan wiji sumarwana saking garwa, kinèn ananêma dèn karêksa, yèn awoh kongsi kenging katêdha, sayêkti antuk kanugrahan sagêd anurunakên para nata, sarêng sampun kula tanêm kalampahan sagêd awoh amung satunggal. Ing wêkasan andika ambil têmah sanès kang anêdha, andadosakên sangêt gêgêtuning manah kula. Rêsi Manumanasa analăngsa minta aksama, sarèhning sampun kalajêng katêdha ing tiyang èstri amarêngi sawêg angidham. Wangsulaning gandarwa Satrutapa sarwi gumujêng: Witning yèn kula sampuna rumaos wêlas dhatêng garwa andika kang sawêg angidham, sayêkti kenging upata kula anêmahi papa

--- 4 : 17 ---

cintraka punapa, ing mangke kula amung darbe rêmbag pamrayogi, yèn kaparênga saking karsaning dewa, garwa andika dadosa biyung kula, sêsiliha nama Dèwi Sumarwana, măngka pemuting alimut ing wingking. Rêsi Manumanasa anayogyani. Gandarwa Satrutapa lajêng muksa dados cahya manjing dhatêng Dèwi Sumarwana, Rêsi Manumanasa uninga langkung ngungun. Kala samantên Dèwi Rêtnawati sampun misuwur kasêbut nama Dèwi Sumarwana.

Amarêngi masa palguna, kacariyos nagari ing Wiratha, Dèwi Brahmanèki anuwun pamit ing raka nata yèn arsa têtuwi dhatêng Saptarga, dene kawarti yèn ingkang putra Rêsi Manumanasa krama antuk widadari, sampun kalilan lajêng mangkat kadhèrèkakên ing wadya sawatawis. Dumugi ing Saptarga langkung suka pirênaning galih ningali putra mantu sampun wawrat sêpuh, ing sakonduripun saking Saptarga Dèwi Brahmanèki lajêng têtuwi dhatêng Gandara. Ing sakonduripun saking Gandara Dèwi Brahmanèki lajêng matur ing raka Prabu Basupati, yèn kaparêng ing karsa sutaning Patih Wakiswara ingkang èstri kêkalih dipun suwun dhaupa kalihan putranipun ingkang wontên ing Gandara. Prabu Basupati panuju ing galih lajêng animbali Patih Wakiswara, [Waki...]

--- 4 : 18 ---

[...swara,] dhinawuhan putranipun pawèstri kapundhut kalih pisan, ingkang sêpuh arining Arya Suwedha, nama Dèwi Suwèdi, kadhaupakên antuk Radèn Manonbawa, ingkang anèm nama Dèwi Subahni, kadhaupakên antuk Radèn Paridarma, Patih Wakiswara anyumanggakakên. Ing antawis dintên sampun sami dhaup. Nuntên Radèn Manonbawa kajunjung dados raja pandhita, nama Rêsi Manonbawa, Radèn Paridarma dados panjurunipun. Pinaringan nama Arya Paridarma, lajêng sami kalilan mantuk dhatêng ing Gandara, Arya Suwedha ingkang kinèn umiring arinipun sakalihan.

Amarêngi masa jita, kacariyos malih nagari ing Wiratha, Prabu Basupati akalihan para garwa miwah Dèwi Brahmanèki sami anandhang gêrah wêkasan seda sadaya, awit sami kenging wisaya dènira dhahar jamur, ingkang dipun wastani jamur wayurakana, warninipun kados jamur barat, rajaputra Radèn Basumurti tambuh-tambuh ing solahipun, lajêng alêlayu dhatêng wukir Saptaga,[4] akalihan dhatêng Gandara, sapanunggilanipun ingkang kaparingan uninga sami sowan, kusung-kusung bela sungkawa, sarêng sampun paripurna ing pangruktining para layon, lajêng sami linarung mawi [ma...]

--- 4 : 19 ---

[...wi] rinêngga ing pakurmatan. Dumugi ing antawis dintên Rêsi Brahmanaradya muksa, sangsaya andadosakên rêntênging sapraja, wêkasanipun sami mupus ing pêpasthèn, ingkang sowan anglayad sampun sami mantuk sowang-sowangan. Etang anggènipun Prabu Basupati jumênêng nata, laminipun sampun 43 taun.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari ing Wiratha, rajaputra Radèn Basumurti anggêntosi kaprabonipun ingkang rama, jumênêng nata binathara, ajêjuluk Prabu Basumurti, kaestrenan sagunging para brahmana rêsi sewa-sogata sami amêmuji lulusing panjênêngan nata.

Botên watawis lami, kacariyos ing wukir Saptarga, ing mangke wawratanipun Dèwi Sumarwana ambabar mêdal bêbungkusan langkung agêng, Dèwi Sumarwana anêmahi konduran lajêng muksa, Rêsi Manumanasa sangêt sungkawa kataman gandrung asmara, ing wêkasan lipur kaimur-imur dening Puthut Supalawa akalihan Janggan Smara. Nuntên putra bêbungkusan wau kapuja sinidhikara, lajêng ruwat ambabar dados jabang bayi têtiga sami jalu, ananging Rêsi Manumanasa kawêdhêngan anèm sêpuhipun. Ing ngriku Puthut [Puthu...]

--- 4 : 20 ---

[...t] Supalawa sigra tumandang angukur jabang bayi, kapanggih ing ukuripun kawistara ingkang sêpuh ingkang anèm, awit mawi undha-usuk, Rêsi Manumanasa dèrèng kasêmbadan ing galih, mila lajêng anungku maladi sêmadi êning, anêgês ing karsanipun kang kawasa, panuwunipun mugi kaparingana sumêrêp ing sêpuh anèming putra. Nuntên Sang Hyang Naradha tumêdhak paring pitêdah ingkang sêpuh miwah anèm, sarta amaringi namanipun satunggal-tunggal, ingkang sêpuh kaparingan nama Bangbang Satrukêm, ingkang panêngah Bangbang Sriyati, ingkang anèm Bangbang Manumadewa, yèn ingkang putra katiga pisan punika pinasthi gêsang saking anêsêp darijinipun piyambak-piyambak, Rêsi Manumanasa langkung suka sukur.

Ing salêbêting taun Wirodi, etanging taun surya sangkala 517, tinêngêran rêsi tunggal panata. Kaetang ing taun candra sangkala 532, tinêngêran caraning guna tinata barakan.

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Basumurti andhawahakên angulawisudha wadya punggawa, karsa nata ingkang kagêntosakên dados brahmana ing Wiratha, Rêsi Brahmanawedha, Patih Wakiswara kagêntosakên kalênggahanipun Rêsi Brahmanadewa, nama Rêsi

--- 4 : 21 ---

Wakiswara, ingkang kakarsakakên dados patih, adhinipun Dèwi Jatiswara, nama Arya Jatikandha, pinaringan nama Patih Jatikandha, putraning Rêsi Wakiswara kang anama Arya Suwedha kaparingan prênah wontên ing Waka dados raja pandhita, lajêng kasêbut nama Rêsi Suwedhawaka, amargi kabêkta saking namaning wismanipun ing dhusun Waka.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing dhusun Ngandong, Radèn Sriwanda, Radèn Artaètu, Radèn Ètudarma, Radèn Darma Anara, sarêng Dèwi Srini sampun muksa, radèn sakawan wau sami kasêbut nama bagawan, ing mangke sami rêmbagan arsa angupadi indhaking guna pangawikan, saking pamiyarsanipun ing pawartos, pucaking wukir Saptarga wontên raja pandhita dibya sakti, anama Rêsi Manumanasa, dadosing rêmbag sami arsa puruhita, lajêng tata-tata, ing antawis sampun samapta mangkat, dumugining wukir Saptarga sinambrama ing pambagya dhatêng Rêsi Manumanasa, lajêng tinakenan ing pinăngka kalihan ingkang kasêdya miwah sinambat ing nama, sampun sami amangsuli yèn saking ing dhusun Ngandong sêdya puruhita, sarta sami sajarwa ing namanipun piyambak-piyambak. Rêsi Manumanasa langkung rêsêp rumakêt ing pangraganipun, sarêng [sa...]

--- 4 : 22---

[...rêng] antawis dintên, sami winulang salwiring guna kasantikan miwah kasampurnaning agêsang sadaya sampun widagda, nuntên sami abawa karana, tgêsipun: sami takèn-tinakenan sabab, Rêsi Manumanasa anggancarakên awit milanipun dènira wontên ing wukir Saptarga, bagawan sakawan sami anggancarakên awit milanipun dènira wontên ing Ngandong, wêkasan sami pangungunipun. Ing nalika punika Rêsi Manumanasa sumêrêp yèn bagawan sakawan wau sami prênah sadhèrèk sadaya, sarta sumêrêp yèn Bagawan Sriwanda punika arinipun nak-sanak piyambak, mila Rêsi Manumanasa amrayogèkakên dhatêng bagawan sakawan wau sami anama rêsi, Rêsi Artaètu, Rêsi Ètudarma, Rêsi Darma Anara, Bagawan Sriwanda nama Rêsi Sakra, sakawan pisan sami amituhu, lajêng mantuk dhatêng Ngandong. Ing ngriku sami ayasa padhepokan piyambak-piyambak, Rêsi Artaètu, padhepokanipun winastan ing Ngandongsari, Rêsi Ètudarma, padhepokanipun winastan ing Ngandongcawiri, Rêsi Darma Anara padhepokanipun winastan ing Ngandonggadhingan, Rêsi Sakra padhepokanipun winastan ing Ngandongdhadhapan.

Ing salêbêting taun Wikuradhi, etanging taun surya [sur...]

--- 4 : 23 ---

[...ya] sangkala 518, tinêngêran pangèsthi ayu winisaya. Kaetang ing taun candra sangkala 533, tinêngêran murub wedhaning gati.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Basumurti utusan animbali Rêsi Manumanasa, dening kawarti saking aturing para punggawa, yèn Rêsi Manumanasa arsa karya bawana balik, agung kalêmpakan kalihan para pandhita, ingkang dinuta Rêsi Wakiswara, dumugi ing Saptarga sampun kadhawuhakên timbalaning nata, Rêsi Manumanasa sangêt ing pangungunipun, wêkasan sowan dhatêng Wiratha kerid dening Rêsi Wakiswara, dumugi Wiratha lajêng katimbalan laju dhatêng ngabyantara nata, kadangu ingkang dados misuwuring pawarti, matur aprasêtya yèn ngantosa karya aru-biruning praja, tuwin băngga parentahing nata. Pangandikanipun Prabu Basumurti, yèn mangkana adhi ing mêngko sira aywa asring kêkumpulan lan para pandhita, mundhak akarya panyana-nyana. Rêsi Manumanasa matur sandika lajêng kalilan mantuk. Dumugi ing wukir Saptarga awêwarti dhatêng Puthut Supalawa kalihan Janggan Smara, sakalihan sami madêg suraning driya, rêmbag luhung balilaa pisan, ananging Rêsi Manumanasa

--- 4 : 24 ---

botên anêmbadani, malah sangsaya sinungku tapabratanipun, supados antuka pangaksamaning dewa, sampun ngantos amanggih kira-kiraning praja.

Antawis ing dalêm 4 taun botên wontên ingkang kacariyos, sarêng andungkap angsal gangsal taun, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Manmata, etanging taun surya sangkala 523, tinêngêran guna dhêsthi amisaya boma. Kaetang ing taun candra sangkala 538, tinêngêran manggalaning rana margèng wiyat.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Prabu Basumurti kasok karoban ing pawarti saking para wadya punggawa, yèn ing wukir Saptarga saèstu balila awit saking pambangusing Janggan Smara, akalihan rewănda pêthak wasta Puthut Supalawa kang asagêd wicara tata janma, malah sampun angingkud angêngirup, mila Prabu Basumurti langkung duka lajêng anglampahakên utusan punggawa senapatining ayuda, anama Arya Kandhaka, kinanthenan punggawa paminggir anama Arya Wisraba, kinèn amundhut Janggan Smara, akalihan wanara Puthut Supalawa, sami kabêkta abêbandan, yèn băngga kalilhan angrampungana,

--- 4 : 25 ---

punggawa sakalihan sandika mangkat sami ambêkta panêkaripun piyambak-piyambak, datan kawarna ing margi, dumugining wukir Saptarga para panêkar kinèn sami bêbarisan angêpang sajawining padhepokan, punggawa sakalihan lumêbêt amung ambêkta wadya ing sawatawis, panggih kalihan Rêsi Manumanasa sampun kadhawuhakên timbalaning nata, wangsulanipun Rêsi Manumanasa botên nayogyani, amargi botên gadhah sêdya punapa-punapa, amung sami anungku puja brata minta aksamaning dewa, punggawa sakalihan arsa aparipêksa têmah prang akalihan Puthut Supalawa miwah Janggan Smara, ananging punggawa sakalihan sami kawon, wadya kang angêpang sajawining padhepokan arsa pêpulih sami kasulayah, katubing prahara păncawora, ing wêkasan sami kapalajêng asasaran sadaya, dumugi Wiratha punggawa sakalihan sampun matur sasolahing dinuta, Prabu Basumurti dahat angungun èsmu sandeya. Sarêng ing antawis dintên animbali Ditya Raja Rambana ing Pringgadani, kinèn anglurug dhatêng wukir Saptarga, Ditya Raja Rambana mangkat saha wadya punggawanipun. Nahên ta kawuwusa ing wukir Saptarga, sapêngkêring wadya punggawa ing Wiratha, Puthut Supalawa anglêmpakakên sakathahing

--- 4 : 26 ---

rewănda, Janggan Smara angumpulakên sakathahing sima, sami sinuba-suba ingkang dados têdhanipun sowang-sowang, dupi praptaning mêngsah sagunging rewănda sima mangsah prang campuh kalihan para ditya langkung rame gêntos kalindhih, ing wêkasan para ditya kasoran, sami kapalajêng amargi kamigilanên kinarubut ing rewănda sima, Ditya Raja Rambana angawaki pêpulih kapêthukakên dening Puthut Supalawa, sami angêtog kasudiran angabên kasantikan, dangu-dangu Ditya Raja Rambana kasoran pangaribawa, lajêng mundur saha wadya punggawanipun, dumugi ing Wiratha sampun matur ing sasolahira, Prabu Basumurti dahat pangunguning galih, nanging taksih angupadi budidaya ingkang dados prayoginipun.

Amarêngi masa srawana, kacariyos, Prabu Basumurti animbali ingkang rayi Radèn Basukèsthi, dhinawuhan kinèn lumampah dhatêng wukir Saptarga, angêjuma dhatêng Rêsi Manumanasa supados angulungêna Puthut Supalawa, akalihan Janggan Smara, Radèn Basukèsthi mangkat, amung ambêkta wadya ing sawatawis, sarêng dumugi ing margi sapinggiring wana Wulusan, katingal têtiyang kathah sami lumajêng asasaran, wontên ingkang kapanggih kalihan Radèn Basukèsthi,

--- 4 : 27 ---

matur anuwun pitulung dènira kasusahan, awit kaoyak-oyak ing raksasa kang agung angrêrisak padhusunan. Sawêg samantên aturipun têtiyang ingkang nuwun pitulung katungka praptaning raksasa, takèn-tinakèn ing nama, Radèn Basukèsthi sajarwa, raksasa angakên nama Sang Darwaka, têmbung kinèn amêjahana, yèn Radèn Basukèsthi botên sagêd amêjahi, yêkti badhe kapêjahan dening Sang Darwaka piyambak, ing wêkasan dados suwalaning wicara têmah aprang, Radèn Basukèsthi karepotan lajêng anglêpasi jêmparing, Sang Darwaka pêjah kataman ing warastra kuwănda muksa, botên antawis dangu katingal wontên jawata lênggah ingamparan cahya, Radèn Basukèsthi tinimbalan marêk ing ngarsa lajêng angèstu pada rinangkul jangganira, sang bathara angandika manadukara: Dhuh yoganing ulun: dahat katarima ênggonira angruwat ing papa cintrakaningsun, sajatine raksasa kang aran Sang Darwaka ika mau katêmahaning patakaningsun kêna ing upadarwaning Hyang Wisesa, awit andhingini karsa ing nalika măngsa têtawuran jana wedha, ingsun tinurunakên maring madyapada, sagunging janma manungsa ingsun kinèn angruwat padha wêdi lumayu asasaran, wêkasan ruwat dening sira, yêkti andadèkake [a...]

--- 4 : 28 ---

[...ndadèkake] ing suka pirênane tyas ingsun, mangkya ingsun sajarwa jatining namaningsun Sang Hyang Mahadewa, kang angratoni sagunging băngsa siyangga sajroning banyu kabèh, lah mara tampanana iki pêparing ingsun marang sira, musthikaning banyu aran maniara, anggonên kalpika ing besuk sira bisa amangku nagara, amung wêwêkas ingsun dèn aeling yèn ana sabarang pawarti iku yêktèkêna saka ing titi pariksa, têmokêna lawan yudanagara, ing kono kawistara dening watara, dadi kêna tinimbang ing dêduga sinunduk ing prayoga. Radèn Basukèsthi wotsari anampèni maniara, Sang Hyang Mahadewa muksa. Ing nalika punika Radèn Basukèsthi antuk pambudi kasidaning lampahira dhatêng wukir Saptarga, ing mangke karsa anarubakên sagunging têtiyang dhusun ingkang sami kapalajêng ajrih ing raksasa, nuntên titi pariksa ing pawartaning wukir Saptarga, sabên tiyang padhusunan kadangu, aturipun: Yèn ing wukir Saptarga botên wontên pawartosipun punapa-punapa, anjawi amrih kasusra ing aliya yèn Rêsi Manumanasa sapanunggilanipun ingkang mangasrama wontên ing ngriku, sami manungku puja brata katarima ing dewanipun, sarêng aturing tiyang padhusunan [padhusuna...]

--- 4 : 29 ---

[...n] kang parêk ing wukir Saptarga sami makatên sadaya, dados Radèn Basukèsthi darbe panggraita, wadya kang umiring pinarênca sami katilar wontên ing padhusunan, angiras minăngka baris pêpêndhêman bokmanawi wontên sangsayaning lampah, nuntên Radèn Basukèsthi mangkat dhatêng wukir Saptarga, amung ambêkta wadya ulucumbu kêkalih, wasta pun Indu, kalihan pun Sindu, dumugi padhepokan ing Martawuy, kapanggihakên kalihan lampahing yudanagara sêpên, amargi botên wontên kawistaraning karya kang pakantuk dhatêng pamatawis, dados panimbanging dêdugi kasundukakên kalihan prayogi, tanpa sambada, têtêp yèn pawarti sambawa andupara mijil saking panastèn kewala. Ing ngriku Radèn Basukèsthi lajêng kaaturan dhatêng Rêsi Manumanasa sami lênggah satata, sasampuning sinambrama ing pambagya, Radèn Basukèsthi angandika: Lakuningsun iki yayi rêsi, dinuta ing rakanta kaka prabu, kinèn analikaa kang dadya kêncênging tyasira, dening têka wani-wani angukuhi pêpundhutan, amalang ingkang dadi karsa nata. Aturing Rêsi Manumanasa èsmu samun sasmitaning nitya, wêkasan analăngsa nuwun pangaksama: Dhuh kakang mas Radèn Basukèsthi, ingkang saèstu panjênêngan paduka langkung

--- 4 : 30 ---

ing saniskara. Sarta botên kêkirangan têranging titi pariksa pamanggihing yudanagari pakantuk saking kawistara punapa ing ngriki punika, sumăngga ing panggalih paduka kakang mas, sakathah-kathahing kalêpatan kawula amung nuwun pangaksama. Radèn Basukèsthi mèsêm-mèsêm angandika manadukara: Lah iya bênêr yayi rêsi, saka ing yudanagarane ora ana kang kawistara, ananging basa kawula iki sayêkti wajib anglakoni ing sapakoning gusti, marmane yèn saarju padha ingsun irid maring Wiratha, ilangêna sandeyaning ati upama ana pakarya dudu, sayêkti ingsun kang ananggung yèn kongsia anêmu kasangsaran, rakanta wong datan nêdya sikara iku adat luput ing kira-kira. Sarêng Rêsi Manumanasa amiyarsa ing prasêtyanipun kang raka Radèn Basukèsthi têka mêdal pracadining driya, utawi Puthut Supalawa kalihan Janggan Smara sami kandêl ing pangandêlira, lajêng purun kerid dhatêng Wiratha katiga pisan, para cantrik kang umiring amung sawatawis, Radèn Basukèsthi botên awêwarti dhatêng wadya ingkang pinarênca sami katilar wontên ing padhusunan, ginalih mindhak karya salah panarkaning sang katiga kang binêkta, sarêng dumugi ing Wiratha laju sowan ing ngarsa nata, Radèn Basukèsthi matur sasolahing [saso...]

--- 4 : 31 ---

[...lahing] dinuta, sarta ananggêl dhatêng sang katiga yèn sami adarbea manah băngga karya durtaning rat, awit katiti pariksa botên wontên kayêktosanipun, kapanggihakên kalihan lampahing yudanagari botên pakantuk, dene tanpa katawis saking watawisipun, mila panimbanging dêdugi kasundukakên kalihan prayogi botên anglabêti, dados têtêp manawi pawartos durcara andupara. Ya ta Prabu Basumurti dupi amiyarsa aturing kang rayi mawi pananggêl aprasêtya, têka karaos ing galih dènira gita dèrèng uninga ing gati, mila pangandikanipun dhatêng katiga kadi amikêna amèt prana, ing wêkasan sami kaparingan rajabrana maneka-warna, sarêng ing antawis dintên kalilan mantuk sadaya, Radèn Basukèsthi sampun animbali para wadya ingkang pinarênca wontên ing padhusunan, praptanira winartosan sami suka sukur.

Ing salêbêting taun Tunmuki, etanging taun surya sangkala 524, tinêngêran warna buja anata barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 539, tinêngêran gatra gunaning gati.

Amarêngi masa pusa, kacariyos Prabu Basumurti nuju miyos siniwaka, kadhatêngan rajaputra ing Malawa tanah [ta...]

--- 4 : 32 ---

[...nah] sabrang, katingal langkung kawlasasih amung kairingakên wadya têtiga, dinangu ing nama miwah ingkang sinêdya, aturipun nama Radèn Surata, putraning Prabu Oya ing Malawa, kawayah dening Prabu Ayana ing kina, sêdyanipun arsa anuwun pitêdah lampahing waris karajan ingkang sampun mupakat. Prabu Basumurti andangu bêbukanipun, Radèn Surata matur anggancarakên ing lêlampahanipun makatên: Kala taksih panjênênganipun rama Prabu Oya, kawula punika putra binadhe raja, kalêbêt sinihan ing wadya sanagari, ananging sarêng rama ibu sampun sami muksa kawula badhe katêtêpakên anggêntosi rama prabu, para santana saking ibu sori botên wontên ingkang nayogyani, wuwusipun sami makatên, Sang Surata iku dudu wajibe yèn jumênênga nata ing Malawa, sabab kalêbu waris anênêka arane, karana sudarmane asli saka ing Purwacarita, sarêng makatên, para punggawa sami angrêmbag ingkang badhe kajumênêngakên nata, botên wontên ingkang mikantukêna dhatêng kawula, malah èsmu badhe anangsaya angênguya, mila kawula milalu anglalu sarana lampah sêsiliban akesah saking praja, dumadakan wontên ingkang asung pitêdah kinèn [ki...]

--- 4 : 33 ---

[...nèn] dhatêng Wiratha sowan ing panjênêngan paduka, dene kasubing pawartos panjênêngan paduka ratu sudibya sakti adil paramarta, kalampahan kawula anumpal kèli ing samudra ngantos sagêd dumugi ing ngarsa paduka punika. Ya ta Prabu Basumurti dupi amiyarsa aturing Radèn Surata dahat ing pangungunira, lajêng andangu ing wit milanipun dènira winastan asli saking Purwacarita, aturipun: Wasitaning rama Prabu Oya punika putranipun Prabu Sri Maha Punggung ing Purwacarita, Prabu Sri Maha Punggung putraning Sang Hyang Wisnu ing kina, mila rama Prabu Oya jumênêng wontên ing Malawa tanah sabrang, amargi kambil mantu dhatêng eyang Prabu Ayana ing Malawa, kadhaupakên kalihan ibu kawula sori anama Dèwi Oyi, sarêng muksanipun eyang Prabu Ayana, rama Prabu Oya anggêntosi marasêpuh jumênêng nata ing Malawa, awit dening Prabu Ayana botên darbe putra kakung, mila karatonipun kagêntosan ing putra mantu, têlas aturing Radèn Surata. Ing nalika punika Prabu Basumurti sumêrêp yèn Radèn Surata kadangipun misan kaprênah sêpuh, mila lajêng tanduk anuraga sarywa ngandika manis manuhara: Lah kalinganeya kakang mas, ijêngandika kadang

--- 4 : 34 ---

kula misan kaprênah sêpuh, mênggah uruting pangetang wiyosipun kala punika putraning rama Prabu Basupati, rama Prabu Basupati putraning eyang Prabu Basurata ing Wiratha, eyang Prabu Basurata punika ingkang rayi eyang jêngandika Prabu Sri Maha Punggung ing Purwacarita, sami putraning Sang Hyang Wisnu, mila yèn kaparênga ijêngandika kèndêla wontên ing Wiratha kemawon rumiyin, garwa putra kaboyongana mariki supados têntrêma ing manah ijêngandika, saking pangintên kados botên lami wontên sih parmaning dewa ijêngandika sagêd tumimbul malih, awit ing bêbasanipun waris putra punika angalingi waris santana. Mangkana Radèn Surata sarêng amiyarsa ing pangandikanipun Prabu Basumurti têka asrêp raosing galih, sasat tarulata arum karirisan ing masa labuh sakawan, sangsaya mabukuh ing pasilan alon aturira, dhuh pukulun: sapintên agênging manah kawula dene kaakên santana nata, sapintên etanganing kabingahan kawula dene angsal sêsêrêpan, sapintên wêwangênanipun anggèn kawula mêmundhi dene kaparingan sabda utami, ing mangke kawula inggih angèstokakên ing sadhawah paduka, botên susah amboyongi anak rabi, amargi semah kawula putri

--- 4 : 35 ---

ing Timpuru, kang awasta Dèwi Sarati sampun muksa, atilar suta jalu wasta Radèn Sama, sampun kapundhut putra eyangipun Prabu Rawika ing Timpuru, inggih punika marasêpuh kawula, aturipun Radèn Surata tansah rawat waspa, Prabu Basumurti langkung wêlas aningali udrawaning waspanipun Radèn Surata, ing mangke kaparingan prênah pakuwonipun parêk kalihan wismaning Radèn Basukèsthi, lajêng kalilan aso masanggrahan.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, Radèn Basukèsthi ing nalika asring angraosakên lêlampahanipun Radèn Surata, têka karêrantan èngêt pangandikanipun Sang Hyang Mahadewa ing nguni, manawi badhe amangku nagari, punika kaupadi ing budi amargi saking punapa sagêdipun, ing panimbang wawratipun Radèn Surata sampun binadhe raja, têka wande amangku praja, Radèn Basukèsthi sangsaya putêk raosing galih dènira amarsudi kasidan. Wêkasan ing wanci titi sunyaning dalu kesah anamur-kula amung kadhèrèkakên pun Indu kalihan pun Sindu, lampahipun angingsêp panggănda amawas paningal, anêrang pamiyarsa, samukawis ingkang kambêt ingkang katingal, ingkang kapiyarsa, sami katanggapan dados [dado...]

--- 4 : 36 ---

[...s] sipta sasmita, têrkadhang asring andandosi pasetran tuwin patilasan ingkang sampun risak, manawi amanggih wangke ingkang botên kopèn lajêng dipun saèni, botên angêmungakên wangkening manusa kemawon, sanadyan wangkening sato kewan ingkang kasangsaya inggih kapulasara, ing sabên dalu Radèn Basukèsthi botên kêndhat kados makatên lampahipun, manawi kèndêl sakêdhap anungku samadi angêningakên cipta, anêgês ing karsanipun ingkang kawasa, supados angsala wasita sawantahing kang badhe katêmahan.

Amarêngi masa srawana, kacariyos, Radèn Surata kaparingan prênah wontên ing Purwacarita, sarta kinèn anarubakên têtiyang alit ing ngriku sadaya, sampun kaparingan beya waragadipun angadani wisma, ing antawis dintên mangkat, sarêng dumugi ing Purwacarita, sampun anarubakên têtiyang alit, lajêng tata-tata wanguning padalêman.

Ing salêbêting taun Yiwolambi, etanging taun surya sangkala 525, tinêngêran marga kêkalih tinata. Kaetang ing taun candra sangkala 541, tinêngêran rupa pakartining bana.

Amarêngi masa sitra, kacariyos, Prabu Basumurti

--- 4 : 37 ---

nuju miyos sinewaka, kadhatêngan dutanipun Prabu Rasika ing Timpuru, kang dinuta patihipun awasta Patih Raksaka, ambêkta nawala patra, sampun tinampèn lajêng tinupiksa ing suraosipun, manawi kaparêng ing karsa, Prabu Rasika badhe kapanggih kalihan Prabu Basumurti, ing mangke sampun masanggrahan wontên ing muaraning Ujung Sabata, sêdya aminta Radèn Surata, badhe kaadêgakên ratu wontên ing Malawa, amargi ingkang jumênêng nata enggal anama Prabu Pratana sampun kinawonakên ing prang. Sasampuning titi pamaosing sêrat Prabu Basumurti èsmu suka, Patih Raksaka kinèn aso masanggrahan, enjingipun kaparingan wêwangsul lajêng mangkat, dumuginipun ing muara Ujung Sabata sêrat wêwangsul katur sampun katupiksa, suraos kaparêngan ing galih langkung kaarsa-arsa tumuntênipun prapta. Mangkana Prabu Rasika lajêng mangkat saking pasanggrahan muara Ujung Sabata.

Gêntos kacariyos ing Purwacarita, mangke Radèn Surata katimbalan dhatêng Wiratha, angkatipun untap-untapan kalihan Prabu Rasika, dumuginipun ing Wiratha sarêng sami sadintên lajêng kapanggihan dhatêng Prabu Basumurti, Prabu Rasika sinambrama ing pambagya, amangsuli sami raharja, lajêng anêmbung [a...]

--- 4 : 38 ---

[...nêmbung] ingkang dados pamintanipun, Prabu Basumurti sampun amarêngakên, sasampuning abojana ing pasugata lajêng kaaturan aso masanggrahan, sarêng ing antawis dintên Prabu Rasika pamit sarta atilar pisungsung turăngga janggi kalihan dêdamêl warni-warni, Prabu Basumurti langkung suka anarima, angkatipun Prabu Rasika akalihan Radèn Surata, ing nalika punika Prabu Basumurti anguntapakên dumugi sajawining praja.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos, Prabu Basumurti ayasa patamanan wontên tilas kadhaton ing Purwacarita, sangkêp sagunging têtanêman awarni-warni sarwa sri raras kawuryan, lajêng winastan ing taman purwa.

Ing salêbêting taun Wulambi, etanging taun surya sangkala 526, tinêngêran rarasing pangantèn tinata boma. Kaetang ing taun candra sangkala 542, tinêngêran kalih kawarna ing pagulingan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos, ing mangke Prabu Basumurti sabibaring Raja Wedha, karsa amaringi pangkatipun namaning kang rayi kêkalih: 1. Radèn Basukèsthi kaparingan nama Arya Prabu Basukèsthi, 2. Radèn Basunanda, kaparingan nama Arya Prabu Basunanda.

--- 4 : 39 ---

Amarêngi masa palguna, kacariyos, Prabu Basumurti ing mangke karsa amikramakakên putra Radèn Basusena, antuk putrinipun ingkang rayi Arya Basunanda, anama Dèwi Basudari, anglangkungi agênging pamiwaha, pangantèn jalu kapangku ingkang paman Arya Prabu Basukèsthi, pangantèn putri mêdal saking pura binayangkarya ing busana dibya dimurti.

Ing salêbêting taun Wikari, etanging taun surya sangkala 527, tinêngêran rêsi paksa amisaya. Kaetang ing taun candra sangkala 543, tinêngêran guna dadi wisayaning boma.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, Prabu Basumurti karsa amaringi prênah ingkang putra Radèn Basusena, pangandikanipun: Kulup, desa ing Gajahoya iku ujare duk ing kuna tapak tilase eyangira kangjêng ibu, nalika arsa dèn gara godha marang gajah putih, eyangira kangjêng ibu boya rêna, têmah kagungan pêpanggil kinaryakna wisma kancana jajar sanga, gajah putih anêkani, nanging kangjêng ibu miruda laju katêmune lawan eyangira dadi garwa, kongsi apêputra ingsun iki, iku saka ing pamikir ingsun prayoga sira kang angênggonana, [angênggo...]

--- 4 : 40 ---

[...nana,] anêtêpi pêpanggile eyangira kangjêng ibu, sira sasat kang adarbe waris. Ingkang putra matur sandika sumăngga ing karsa. Nuntên kabyawarakakên manawi Radèn Basusena ing mangke kajunjung dados prabu anom, akêkitha wontên ing Gajahoya, kaparingan nama Prabu Astimurti, ajêjuluk Prabu Jatimurti, ingkang minăngka pêpatih, ipenipun arining Dèwi Basudari, anama Arya Basudara, ingkang minăngka êmban tuwanggana, marasêpuhipun, ing mangke kaparingan nama Rêsi Basunanda, dhinawuhan kinèn tut wuri griya wontên ing Gajahoya. Sasampuning waradin byawaraning nata, lajêng amêmatah punggawa ingkang kinèn andhèrèkakên, ing antawis dintên Prabu Astimurti mangkat, sarêng dumugi ing Gajahoya, ingkang garwa ambabar mijil jalu, atur uninga ing Prabu Basumurti, lajêng amaringi namaning wayah, winastan Radèn Wasanta.

Amarêngi masa srawana, kacariyos, Prabu Basumurti têdhak apêpara dhatêng ing wana Pandêki, karsa ambêbêdhag amêmikat sato wana, dumugi ing wana Pandêki sangêt dènira andhatêngakên suka, ing sadintên-dintên tansah ambêbingah wadyabala, mila kathah antukipun paksi sato wana.

--- 4 : 41 ---

Nuju ing satunggal dintên, amarêngi wanci têngah dalu, kacariyos, Arya Prabu Basukèsthi ing nalika punika midê-midêr[5] angubêngi pagrogolan, aningali têtiyang jalu èstri akathah sami marêk anêmbah matur yèn ing mangke Arya Prabu Basukèsthi sampun antuk parmaning dewa, badhe tumuntên sagêd amêngku nagari, Arya Prabu Basukèsthi andangu: Lah mêngko ta kisanak, sira iku sapa, lan padha arêp apa, dene têka amêmêca, têtiyang kathah matur malih: Dhuh gusti, sajatosipun kawula punika sadaya wangke ingkang sami kapulasara, saking parmaning dewa sagêd nunggil kaanan wontên ing swarga, mila sami amêmêca amargi sampun sami waskitha ing saniskara, mila mugi sampun andadosakên sandeyaning panggalih, awit saking pêpasthèn botên kenging suminggah, amung panjênêngan paduka ingkang sagêd amêngku nagari ing Wiratha. Ya ta Arya Prabu Basukèsthi tumungkul angêmu waspa, ngantos botên sumêrêp ing pamuksanipun têtiyang sadaya ingkang sami amêmêca wau, sarêng ing wanci bangun enjing Arya Prabu Basukèsthi wangsul dhatêng pasanggrahan. Siyangipun kacariyos, Prabu Basumurti ing nalika punika karsa asêsawur dhatêng ing padhusunan ingkang sami aningali,

--- 4 : 42 ---

mangkana katingal wontên tiyang satunggal ingkang botên tumut angrêbat sêsawur, tingalipun kados datan amaèlu, kawistara dènira lênggah botên angadhêpakên ing Prabu Basumurti, ingkang kaadhêpakên amung kajêng sriputa, Prabu Basumurti angandika dhatêng ingkang rayi Arya Prabu Basukèsthi: Yayi ing paningal ingsun wong sawiji ika têka anèh, sakèhing wong padha rêbutan sêsawur, wong sawiji ika têka ora pati amaèlu, mung pijêr angadhêpake kayu sriputa kewala, lah mara coba dangunên wong ing ngêndi lan sapa arane, utawa sababe ênggone boya amaèlu, têka pijêr angadhêpake kayu sriputa bae. Arya Prabu Basukèsthi nêmbah lèngsèr saking ngarsa, amurugi têtiyang ingkang botên amaèlu wau, kadangu têtiyang punika matur: Kawula têtiyang ing Janaloka, wasta kawula inggih pun Janaloka, mila kawula botên amaèlu dhatêng sêsawur, pamanah kawula pintên pangaosing kancana, saèstu taksih kathah pangaosing arcana, manawi kawula amaèlua dhatêng sêsawur kancana, saèstu ginggang panêmbah kawula dhatêng wêwayanganing dewa, ingkang dumunung wontên ing pêpundhèn kawula kajêng sriputa punika, ila-ila

--- 4 : 43 ---

punapa ingkang kawula panggih, papa cintraka punapa ingkang kawula lampahi. Arya Prabu Basukèsthi angandika: Sabarang kang amarakake ila-ila, utawa kang andadèkake papa cintraka, iku sirna dening wisesaning ratu, karana barang kang ala dadi bêcik saka kaprabawa ing wingiting karaton. Pun Janaloka matur: Saking pamanah kawula wingit akalihan singit punika atas sami, adhêpipun têtiyang kathah dhatêng sang ratu punika ajrih ing wingitipun, yèn gingganga adhêpipun saèstu amilalati, kados makatên malih adhêp kawula dhatêng kajêng sriputa punika inggih saking ajrih singitipun, yèn gingganga adhêp kawula manawi amanggih wilalat. Arya Prabu Basukèsthi wangsul sowan ing ngarsa nata, sampun angaturakên ing saaturipun Janaloka, pangandikanipun Prabu Basumurti: Lah mara yayi sira balia, warahên yèn ingsun kawasa anyirnakake singiting kayu iku. Arya Prabu Basukèsthi lèngsèr saking ngarsa amurugi pun Janaloka malih, dèrèng ngantos kadhawahakên katungka Prabu Basumurti amusthi candrasa, linêpasakên dhatêng kajêng sriputa rêbah, pun Janaloka gumujêng latah, wuwusipun: Dhuh singa kang ngrusak singit bakal ilang wingite. Sasampunipun muwus makatên [maka...]

--- 4 : 44 ---

[...tên] lajêng marêpêki dhatêng Arya Prabu Basukèsthi sarywa matur bêbisik: Bandara ing mangke singit akalihan wingit dados satunggal wontên ing panjênêngan paduka, amasthi panjênêngan paduka badhe dados ratu, karantên pitungkasipun bandara kawula Kyai Ajar Ariloka kala rumiyin makatên, cantrik: yèn ingsun wus anitis ana ing kayu sriputa kang awoh gêmblong siji-siji sabên dina dadi panganira, iku ingsun nuli anitis marang ratu, ing sapunika tingalipun Kyai Ajar sampun anuksma ing panjênêngan paduka, kawistara cahya karaton sampun angalih dhatêng panjênêngan paduka. Arya Prabu Basukèsthi mèsêm sarywa ngandika ririh: Muga dewa anêmbadanana, angamungêna sira bae cantrik kang sumurupa ing rahsaning rêrasan iki, supaya aja kongsi kawistara ing ngakèh, mêngko sira lungaa dhingin, yèn wus kalakon bae sira lumêbua maring praja, sayêkti antuk kamulyan. Pun Janaloka manthuk-manthuk sarywa matur: Inggih lah inggih bandara kasinggihan, ing wêkasan lajêng kesah.

Ya ta kawuwusa Prabu Basumurti, sarêng mêntas anglêpasi candrasa dhatêng kajêng sriputa, lajêng anandhang gêrah roga tansah kantaka, tumuntên kabêkta kondur, dumugi

--- 4 : 45 ---

pura sangsaya sangêt awêkasan seda layon muksa dados jawata, kasêbut nama Bathara Sriputa, awit sedanipun amunah kajêng sriputa, ing antawis dintên sagunging para brahmana rêsi sewa-sogata sami dhatêng Wiratha, angrêmbag ingkang pantês jumênêng nata, dadosing rêmbag, Arya Prabu Basukèsthi mangke kajumênêngakên nata anggêntosi ingkang raka, anama Prabu Basukèsthi, lajêng utusan lêlayu dhatêng Gajahoya, Prabu Astimurti duk miyarsa dahat sungkawa, kalajêng ngantos botên kasa[6] sowan dhatêng Wiratha, awit rumaos lingsêm dene karatonipun ingkang rama sampun kagêntosan kang paman, ing nalika punika Prabu Basukèsthi inggih amêngku kemawon, botên andadosakên dêduka ing pamogokipun ingkang putra Prabu Astimurti wau.

Gêntos kacariyos, cantrik Janaloka sowan dhatêng Wiratha, lajêng kadadosakên punggawa nama Arya Janaloka.

Ing salêbêting taun Sarwari, etanging taun surya sangkala 528, tinêngêran angèsthi kêmbar pagulingan. Kaetang ing taun candra sangkala 544, tinêngêran warna dadi panata.

--- 4 : 46 ---

Amarêngi masa srawana, kacariyos, Arya Janaloka matur ing Prabu Basukèsthi, punapa botên anggalih sêngkan turunaning tumuwuh ambabarakên wiji, pangandikanipun Prabu Basukèsthi: Ingsun iki baya wus pinasthi boya anuwuhake, karana ariningsun wus pêputu ingsun durung darbe putra. Arya Janaloka matur malih: Pasthi punika wohing pastha, pastha punika witing pasthi, ingatasing manusa botên sumêrêp dhawahing pasthi manawi dèrèng anglampahi pastha, têgêsing pasthi punika yêkti, têgêsing pastha punika lantaran, kadospundi anggènipun sagêd uninga ing yêkti, manawi botên kalayan lantaran, ingkang dipun wastani lantaran punika băngsa sarana, inggih punika lampahing ihtiyar, ihtiyar punika pamilih, wêkasan sumăngga ing karsa. Prabu Basukèsthi angandika: Lah kaya paran margane bisa milih băngsa sarana iku yèn boya lawan dèn lakoni. Aturing Arya Janaloka: Inggih kawula ingkang anglampahi angupados budidaya, Prabu Basukèsthi anayogyani, nuntên Arya Janaloka kesah anamur lampah, sarêng ing antawis dintên kacariyos, Dèwi Rukmawati ing wukir Maendra, ing mangke nuju wontên dhusun ing Kanohan,

--- 4 : 47 ---

anyêrêpakên dènira antuk wangsit Kaelaba, ujaring wangsit makatên: mêndhung yèn nora udan datan bisa anulusake têtuwuhan, Kaelaba kalintu sêrêp dènira anampèni, ing sadintên-dintên tansah adamêl sarana mirahing jawah, mila Dèwi Rukmawati enggal tumêdhak aparing sêrêp makatên pangandikanipun, kaliru tămpa arane sira iku, wasitaning wangsit, mêndhung yèn tanpa udan datan bisa nulusake têtuwuhan, tgêse mangkene: wong olèh kasugihan iku yèn eman adêdana ora lila ing kalonglongan, sayêkti bakal ora tulus marang anak putune, Kaelaba langkung suka bingah kaparingan sêrêp makatên wau, aturipun sumêdya amituhu badhe anglampahi dêdana, Dèwi Rukmawati angandika malih: Utamane dêdana aja kongsi kawadaka, tgêse aja karana rai amburu pangalêmbana, sawêg kèndêl samantên pangandikanipun Dèwi Rukmawati, katungka praptaning Arya Janaloka, matur yèn awit dinuta ing Prabu Basukèsthi, kinèn angupados sarananipun supados sagêda pêputra, wêkasan amiyarsa wartos yèn wontên widadari angejawantah nama Dèwi Rukmawati, kaloka waskitha ing saniskara.

--- 4 : 48 ---

Dèwi Rukmawati angandika: Iya ingsun kang aran Dèwi Rukmawati, Arya Janaloka matur nuwun sarana, pangandikanipun Dèwi Rukmawati: Matura maring putu prabu, ing sajatine putu prabu maksih kagungan tuwuh, ananging garwane kang aran Dèwi Pancawati iku kang ora tuwuh, yèn putu prabu karsa angudi kawruhe iku ênggone ana ing Mêdhangkawuri, iya iku nagara ing Wiratha lawas, raja pandhita ing Mêdhangkawuri aran Rêsi Suganda, iku darbe anak wadon sawiji aran Dèwi Sugandi, kapundhuta garwa sayêkti ambabarakên wiji, muhung mangkono kewala saranane, Arya Janaloka nêmbah lajêng pamitan mantuk. Dumugi ing Wiratha sampun matur sasolahing dinuta, Prabu Basukèsthi langkung suka, lajêng utusan dhatêng Mêdhangkawuri amundhut Dèwi Sugandi, enggaling cariyos Dèwi Sugandi sampun kagarwa.

Ing salêbêting taun Pilapawa, etanging taun surya sangkala 529, tinêngêran trustha bojaning marga. Kaetang ing taun candra sangkala 545, tinêngêran tataning pakarti wisaya sirna.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos malih nagari ing Wiratha, ing mangke garwa nata Dèwi Sugandi ambabar mijil [miji...]

--- 4 : 49 ---

[...l] èstri, pinaringan nama Dèwi Suwati, kapêndhêtakên namaning Dèwi Rukmawati awit kang asung pitêdah, kala samantên sagunging para brahmana rêsi sewa-sogata sami marêk dhatêng Wiratha mangayubagya, andhatêngakên kasukan wontên ing paramean, mawi tabuhan ingkang winastan rabana, warni trêbang, angklung, gêntha, kêkêlèng, bêndhe, binarung kênthongan, kasindhenan sêsanti jaya-jaya, Prabu Basukèsthi langkung suka anarima, ing sadintên-dintên tansah sêsugun maneka-warna, dumugi pupak pusêring jabang bayi, sami andêdonga ing dewa anuwun widadaning garwa putra nata tuwin karaharjaning praja, enjingipun sami pamit mantuk sampun kalilan mawi pinaringan sangu kancana wastra sowang-sowang, sapêngkêring para brahmana rêsi sewa-sogata, Prabu Basukèsthi karsa yasa têtabuhan rabana, para pandhita ajar sami kadhawahan angadani rêricikanipun sadaya, inggih punika purwanipun wontên tabuhan angklung.

Ing salêbêting taun Subakarti, etanging taun surya sangkala 530, tinêngêran tanpa guna marganing barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 546, tinêngêran rêtuning pakarti tata sirna.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Wiratha, [Wi...]

--- 4 : 50 ---

[...ratha,] ing mangke Prabu Basukèsthi anampèni aturing punggawa tampingan, manawi wontên ratu saking sabrang anglurug dhatêng Wiratha, kawarti ratu ing Durhyapura anama Prabu Dwapara, ambêkta wadya gumêlar sapapan, Prabu Basukèsthi kagyat kadgada ing galih lajêng undhang amêthukakên prang sajawining kitha, sarêng paguting ayuda langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu wadyabala ing sabrang sami kawon akathah ingkang pêjah, Prabu Dwapara kapalajêng angungsi dhatêng wana, ya ta wontên santana sabrang ingkang kapikut lajêng nungkul, kabêkta sowan ing ngarsa nata, dinangu lênggah kalihan namanipun matur dados pangiriding santana awasta Arya Dwabara, dinangu malih karananing anglurug tanpa tata krama. Aturipun: Ratu kawula Prabu Dwapara botên niyat ambêbarang prang, miwah adamêl prakawis tanpa mawi pêpucuk, lampahipun punika amung badhe têtuwi sanak saking ingkang ibu, kawarti taksih sami jumênêng nata binathara wontên tanah ing Wiratha, ananging lêpatipun ratu kawula wantuning taruna têka kainan botên mawi cêcala rumiyin, Prabu Basukèsthi andangu malih ingkang dados urutaning Prabu Dwapara dènira angakên sanak, Arya Dwabara matur: Prabu Dwapara punika putraning Prabu Durapati ingkang [ing...]

--- 4 : 51 ---

[...kang] patutan saking Dèwi Kaniraras, Dèwi Kaniraras punika kawarti putraning Prabu Parikênan ingkang patutan saking Dèwi Brahmanèki putri ing Wiratha, mangkana aturing Arya Dwabara, Prabu Basukèsthi duk miyarsa sangêt gêgêtun amiduhung, pangandikanipun, katuhon têmên raganingsun têka kêkurangan titi pariksa, dene kalimunan ing pulunan, nuntên Arya Dwabara ginanjar kancana miwah busana maneka-warna, dhinawuhan kinèn mantuk dhatêng Durhyapura, anglêlariha inglaring Prabu Dwapara angiras rumêksa praja, Prabu Basukèsthi inggih anglampahakên duta panalika angangin-angin, Arya Dwabara matur nuwun sandika, ing antawis dintên mangkat.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos, Prabu Dwapara minggah dhatêng wukir Saptarga, kapanggih kalihan Rêsi Manumanasa, sasampuning sinambrama ing pambagya, lajêng tinakenan ing sangkan-paran miwah ingkang sinambat kasêbut ing nama. Wangsulanipun Prabu Dwapara: Kula punika saking tanah sabrang ing Ngatasangin, nagari kula ing Durhyapura, kasêbut ing kathah nama kula Prabu Dwapara, putraning Prabu Durapati, ingkang mijil saking Dèwi Kaniraras, kala taksih ibu kula Dèwi Kaniraras, asring wêwarti dhatêng kula,

--- 4 : 52 ---

yèn taksih trahing ratu binathara anyakrawati ing jagad, wijil saking ing nagari Wiratha, sarêng kula sampun anggêntosi rama prabu, kula dhatêng ing Wiratha sêdya têtuwi sanak saking kangjêng ibu, wasana sarêng dumugi ing Wiratha têka dipun pêthukakên ing prang, sarèhning kula kuciwa bumi saèstu măngsa mênanga, mila ing antawis kalimpening mêngsah, kula oncat milalu anamur ngungsi dhatêng wana ngantos katiwang-tiwang tanpa rowang, wêkasan lajêng sowan ing panjênêngan paduka punika, amung sumêdya anyênyantrik amanguyu, mangkana Rêsi Manumanasa dupi miyarsa langkung wêlas karêrantan ing tyas, wêkasan angakên yèn arining Dèwi Kaniraras. Prabu Dwapara dahat suka sukurira dene kapanggih ingkang paman piyambak, lajêng nyuwun angalih nama rèhning sampun nêmaha anglugas raga, ing ngriku pinaringan nama Rêsi Dwapara, ing antawis dintên rêmbag badhe kasowanakên dhatêng Wiratha, supados sumêrêpa yèn punika têtilaraning Dèwi Kaniraras. Rêsi Dwapara sangêt lênggana dening rumaos ajrih sarta èsmu kalingsêman, aturipun amilalu gêrang sampun ngantos wirang, Rêsi Manumanasa botên karsa amancèni aturing pêpulunan makatên punika.

--- 4 : 53 ---

Ing salêbêting taun Sabakarti, etanging taun surya sangkala 531, tinêngêran janma guna gumuling ing tawang. Kaetang ing taun candra sangkala 547, tinêngêran rêsi karya margana.

Amarêngi masa naya, kacariyos, nagari ing Wiratha, garwa nata Dèwi Sugandi ambabar miyos putri, pinaringan nama Dèwi Basutari, Prabu Basukèsthi andhatêngakên suka, tansah amboga drawina kalihan wadyabala.

Amarêngi masa jita, kacariyos Rêsi Brahmana Wedha muksa dados jawata.

Ing salêbêting taun Aciya, etanging taun surya sangkala 532, tinêngêran anêmbah wedhaning gati. Kaetang ing taun candra sangkala 548, tinêngêran brahmana amarna tata.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos, Rêsi Brahmana Kèstu muksa dados jawata, ing antawis dintên wontên kaelokan, wismaning Rêsi Brahmana Kèstu katuwuhan jamur dipa mawa cahya kadi sundhul ing mega, kauningan ing Prabu Basukèsthi, lajêng dhawah kinèn angusunga lumêbêt ing pura, ananging botên wontên ingkang kawawa angangkat, nuntên Prabu Basukèsthi têdhak, dupi pinarêpêkan [pinarêpê...]-

--- 4 : 54 ---

[...kan] jamur dipa murub dados cahya angèbêki jagad, dangu-dangu tumeja ngadêg sasada jalêr lajêng manjing ing êmbun-êmbunanipun Prabu Basukèsthi, ing nalika punika Prabu Basukèsthi raosing galih têka padhang têrawangan saengga waskitha ing saniskara, lajêng kondur angadhaton.

Amarêngi masa srawana, kacariyos, Sang Prabu Kasaya sawadyabala prawira sasra, lajêng kadhawahan ajar-ajar prang kados satataning prang sayêktos, mawi têngara tabuhaning prang, awarni gurnang, thong-thong grit, gubar, puksu, têtêg, kêndhang, bêndhe, gong bèri.

Ing salêbêting taun Ananda, etanging taun surya sangkala 533, tinêngêran wedha uningèng gati. Kaetang ing taun candra sangkala 549, tinêngêran mukaning yoga tinata barakan.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, garwa nata Dèwi Sugandi, ambabar mijil jalu, pinaringan nama Radèn Basurata, ing nalika punika para widadara-widadari sami tumurun parêng asêsanti mantrastuti jaya-jaya, amêmuji widadaning putranata, lajêng sami amaringi tăndha sambaga, wontên warni jamang, kalung, gêlang, kalpika ing sapanunggilanipun, Prabu Basukèsthi langkung suka rêna

--- 4 : 55 ---

anarima, sarêng para widadara-widadari sami muksa, Prabu Basukèsthi saos panutur dupa ratus-ratus siniram ing gănda-wida.

Ing salêbêting taun Rancaka, etanging taun surya sangkala 534, tinêngêran karya trining paprêman. Kaetang ing taun candra sangkala 550, tinêngêran barakan tataning gati.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, Prabu Basukèsthi sawêg sungkawa dening kang rayi ipe nama Dèwi Dwarawati, ical tanpa karana, kaupaya sampun tita botên kapanggih, mila Prabu Basukèsthi andhawahakên sayêmbara, sintên kang amanggihêna kadhaupakên.

Kacariyos, sutaning Êmpu Dewayasa, anama Êmpu Purbagni, nuju mantuk saking nuswa kancana, mêntas angupaya tosan brahma kadhali, wontên ing wana kapanggih rasêksa rasêksi sami rêbat wicara, prakawis dènira mêndhêt Dèwi Dwarawati, sarèhning katingal saking petangan tênung kalêbêt julung, ing wêkasan sang rasêksa botên măngga yèn măngsaa, amung sêdya kaangkah somah kemawon, rasêksi botên nayogyani, wuwusipun, lah kakang, yèn mangkana sira iku èpèh arane, [ara...]

--- 4 : 56 ---

[...ne,] arêp ora rare iki payo dèn măngsa, yèn sira kakang kapengin darbe somah, iya aku kang angupayakake. Rasêksa angêkahi, malah arinipun arsa pinêjahan. Sang rasêksi băngga arsa lumawan kasuraning kakangipun, sawêg madêg sami sudira katungka praptanipun Êmpu Purbagni, para panjak sami prayitna amusthi dêdamêl. Ya ta rasêksa rasêksi sarêng uninga sami rumaos antuk pasang yogya, ing sanalika suda ardaning kawirodan, lajêng sami anêdha lêrês anggèning rebat wicara kalihan kadang, yèn botên sagêd anglêrêsi, Êmpu Purbagni badhe kamăngsa sapanjak dalah turangganipun sadaya, Êmpu Purbagni takèn karana, rasêksa rasêksi sampun anggancarakên saking wiwit dumugi ing wêkasan. Êmpu Purbagni minta badhe sumêrêp kang anama petangan tênung kang minăngka tăndha yêktinipun, sampun kapariksakakên, Êmpu Purbagni aminta sêsêrêpan patraping pangetangipun, lajêng kawulang, Êmpu Purbagni sampun widagda, nuntên têtakèn panggenaning kênya kang arsa minăngsa, sarêng kadêdahakên, Êmpu Purbagni angajak wangsul malih dhatêng panggenaning rêbat wicara wau, para panjak sami winangsitan kinèn rumêksa dhatêng

--- 4 : 57 ---

Dèwi Dwarawati, dupi sang katiga sampun dumugi panggenaning rêbat bicara, rasêksa rasêksi sami ngudi dènira aminta lêrês, Êmpu Purbagni nêdha mugi jinatènana ing kamulanira miwah kang sinambat ing nama, rasêksa rasêksi sajarwa yèn sutaning Kujanawêrka, rasêksa anama Aswana, rasêksi anama Aswita, sangkaning dados rasêksa wêwanan, dene kang rama Kujanawêrka sampun sirna sakuthanipun, rasêksa rasêksi kesah kalunta-lunta anjajah wana wukir ngantos kalajêng adhêdhăngka saênggèn-ênggèn, angupados mêmangsan ing sapanggihipun kemawon, janma tuwin sato wana pundi ingkang katingal saking petangan tênung kalêbêt julung saèstu kenging kamăngsa, ngantos kalampahan isèn-isèning wana têlas, têtiyang têmah miruda mila kathah pakarangan sunya, mila asring andhustha dhatêng salêbêting praja, pundi ingkang katingal saking petangan tênung kalêbêt julung lajêng kabêkta. Mangkana sajarwaning rasêksa rasêksi, awêkasan andumugèkakên dènira aminta lêrês, wangsulaning Êmpu Purbagni, sarèhning kalêbêt dhustha dènira tansah adamêl pêpêjah, lêlêrêsanipun ingkang sampun mupakat, inggih kapêjahan, rasêksa rasêksi sami krodha madêg suraning driya, lajêng prang kalihan [kali...]

--- 4 : 58 ---

[...han] Êmpu Purbagni langkung rame gêntos kalindhih. Dangu-dangu rasêksa rasêksi kawon sami pêjah ing rana, nuntên Êmpu Purbagni anjabud siyunging rasêksa rasêksi kabêkta dhatêng panggenaning Nèwi[7] Dwarawati, sarywa wêwarti yèn rasêksa rasêksi sampun sami pêjah, siyungipun kenging kajabud badhe kinarya tăndha katur ing nata, Dèwi Dwarawati arsa kabêkta mantuk dhatêng Wiratha, Dèwi Dwarawati datan lênggana lajêng sami mangkat, dumugi ing praja anjujug ing kapatihan, laju katur ing ngabyantara nata, Prabu Basukèsthi langkung suka lajêng andangu lêlampahanipun awit saking wiwitan dumugi ing wêkasan. Êmpu Purbagni anggancarakên ngiras atur siyunging rasêksa rasêksi minăngka tăndha yêktinipun, Prabu Basukèsthi sangêt suka rênaning galih sarta anarima. Ing antawis dintên, Dèwi Dwarawati katarimakakên antuk Êmpu Purbagni, kacariyos langkung agêng bawahaning pangantèn èstri mijil saking pura, panggih wontên ing kapatihan, inggih punika purwanipun putri nata dhaup wontên kapatihan.

Antawis ing dalêm gangsal taun surya, botên wontên ingkang kacariyos, sarêng andungkap nêm taun surya, cariyosipun kados ing ngandhap punika:

--- 4 : 59 ---

Ing salêbêting taun Rudraksa, etanging taun surya sangkala 540, tinêngêran tanpa karya wisaya muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 556, tinêngêran anggana tinata gati.

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Wiratha, Patih Jatikandha gêrah kalajêng seda, sarêng sampun sampurna pangruktining layon, kainggahakên ing pancaka lajêng kabêsmi, ing antawis dintên Arya Janaloka kagêntosakên dados pêpatih ing Wiratha.

Amarêngi masa manggasri, gêntos kacariyos ing wukir Saptarga, Bangbang Satrukêm anuju sêsuci dhatêng sêndhang Pawitra, prênah sawetaning patapan, katingal wontên taksaka badhe anaut, lajêng jinêmparing sarpa pêjah kuwănda sirna, nuntên wontên katingal pawèstri langkung endah ing warni, mèsêm sarwi angujiwati, sarêng Bangbang Satrukêm marêpêki pawèstri wau lajêng muksa, Bangbang Satrukêm kataman gandrung asmara, ing saênggèn-ênggèn tansah angêngidung angrêrêpi, ngantos wangsul dhatêng patapan taksih angêngidung sêkar sardula wikridita, Rêsi Manumanasa duk amiyarsa ing pangidungipun kang putra nuju sawêg mungêl makatên (sira jiwita pukulun minangka usada martani ngakung) yyan datan [data...]

--- 4 : 60 ---

[...n] sudamur, yyana moga angga, njara ring tyas kung lulud (tgêsipun: dhuh nyawa sira minăngka usada anjampèni brăngta) yèn tan sotah angatingal amung asung asih ing tyas asmara. Rêsi Manumanasa anggraita yèn ingkang putra kasmaran dhatêng pawèstri, ananging tambuh ingkang dipun brangtani, nuntên Sang Hyang Naradha têdhak, awêwarti duk Bangbang Satrukêm anjêmparing sarpa agung têmah ruwat dados pawèstri ayu endah, pangandikanipun Sang Hyang Naradha makatên: Sutanira Si Satrukêm angruwat naga, sajatine iku widadari aran Dèwi Nilawati, putraning Bathara Arunapa, ing nguni kênèng upadrawa dadi sarpa agung, ing nalika wus ruwat anuli mulih maring ing kahyangan, sutanira Si Satrukêm têmah karungrungan, marma karsaning Sang Hyang Jagadnata ing mêngko Dèwi Nilawati kadhawuhan kinèn tumurun manèh, dupi praptèng ngarcapada rumasa wirang yèn lajua marene, katon têmên manawa angunggah-unggahi, mangkono ciptane Si Nilawati, dadi ing mêngko anjujug anèng patapan ing Pujangkara, sarta agawe pasanggiri, rupa kamandhalu patula, iya iku waluh kêndhi sinungan carat roro kinarya pangombèn, pasanggirine: sapa kang kawawa angombe banyuning kamandhalu [kama...]

--- 4 : 61 ---

[...ndhalu] patula dadia jatukramane, iku sutanira Si Satrukêm tuduhên maring patapan ing Pujangkara. Sasampuning angandika makatên, Sang Hyang Naradha lajêng muksa. Nuntên Rêsi Manumanasa animbali ingkang putra Bangbang Satrukêm, winartosan ing sapangandikanipun Sang Hyang Naradha sadaya, Bangbang Satrukêm langkung suka lajêng pamit sampun kalilan, Janggan Smara kinèn umiring.

Ya ta kawuwusa Wasi Dwapara, ing nalika punika nuju angadhêp kala têdhakipun Sang Hyang Naradha, dupi sampun têtela ing pamiyarsanipun ingkang dipun pangandikakakên Sang Hyang Naradha wau, sarêng Sang Hyang Naradha muksa Wasi Dwapara mangkat angrumiyini dhatêng patapan ing Pujangkara, dumugi ing margi kapêthuk baris agêng, Wasi Dwapara têtakèn dhatêng ingkang dados cucuking lampah. Wangsulanipun ingkang tinakenan, angakên saking sabrang nagari ing Madhêndha, andhèrèk ing ratunipun anama Prabu Drumanasa, putraning Prabu Wagiratha ingkang sampun muksa, mila Prabu Drumanasa dhatêng tanah ing Wiratha, angupadosi ikang uwa Prabu Dwapara ing Durhyapura, kawarti wontên ing Wiratha, dèrèng ngantos dumugi wuwusipun ingkang tinakenan, kasaru Wasi Dwapara anjêlih sarywa muwus: Dhuh kalinganeya [kalinga...]

--- 4 : 62 ---

[...neya] ingsun iki maksih rinuruh ing sanak, sira matura maring ratunira yèn ingsun iki Prabu Dwapara. Kang dipun pangandikani asru gumujêng, para panêkaripun sami gumêr tumut gumujêng sadaya, dipun kintên yèn Wasi Dwapara tiyang kagingsir, dene sarupa cantrik angakên ratu, Prabu Drumanasa duk miyarsa gumêring wadya kang wontên ngarsa, lajêng andangu karananira sami gumêr gêgujêngan, wadya kang dinangu matur yèn wontên cantrik angakên Prabu Dwapara, Prabu Drumanasa lajêng marêpêki, dupi cêlak Prabu Drumanasa botên supe ing pêpukiranipun ingkang uwa, Prabu Drumanasa lajêng angabêkti, nanging Wasi Dwapara dahat kalimunan, awit uninganipun dhatêng Prabu Drumanasa kala taksih timur, Wasi Dwapara têtakèn, sintên kang angabêkti punika, wangsulanipun Prabu Drumanasa: Kula ratu ing Madhêndha, nama Prabu Drumanasa putraning Prabu Wagiratha, Prabu Wagiratha putraning Prabu Durmapati, Prabu Durmapati ingkang rayi Prabu Durapati ing Durhyapura, sami putraning Prabu Basukiratha ing Durhyapura. Mangkana Wasi Dwapara duk miyarsa langkung suka lajêng angrangkul, wuwusipun: Dhuh pulunan ingsun misan, têka karaya-raya têmên lakunira, adohing Madhêndha saka ing kene, paran kang sinêdya anggèr. Prabu Drumanasa, [Dru...]

--- 4 : 63 ---

[...manasa,] amangsuli: Dhasar angupadosi panjênêngan paduka. Awit ing Durhyapura wontên ingkang jumênêng nata nama Prabu Maruta, apêpatih Arya Dwabara, langkung sinuyudan ing wadyabala, rama kula Prabu Wagiratha sarêng amiyarsa langkung murina lajêng anglurug, nanging rama Prabu Wagiratha kawon anêmahi seda ing rana, kula kajunjung dhatêng para pinisêpuh ing Madhêndha anggêntosi rama prabu, anama Prabu Drumanasa, botên watawis lami wontên warti katular-tular, yèn Prabu Maruta arsa ambêdhah Madhêndha, sarèhning kula rare, rumaos botên kawawa anêmbadani Prabu Maruta, dados pilalah jêngkar sadèrènging bungkar, botên kantênan ingkang kula ungsèni. Wadya kula pinisêpuh sami rêraosan, yèn rama prabu darbe kadang nak-sanak kaprênah sêpuh nama Prabu Dwapara, kala rumiyin jumênêng nata wontên ing Durhyapura, kawarti samangke wontên ing nagari Wiratha, awit ratu ing Wiratha punika kawarga saking kang ibu, rêraosanipun wadya kula pinisêpuh makatên wau, andadosakên kêncênging manah kula badhe dhatêng Wiratha, angupadosi panjênêngan paduka ngiras aminta sraya dhatêng Ratu Wiratha, wêkasan kapanggih panjênêngan paduka wontên ing ngriki

--- 4 : 64 ---

têka anglugas raga kados cantrik makatên, rahayunipun kula taksih kèngêtan ing wănda pêpukiran paduka, kala panjênêngan paduka asring tindak dhatêng Madhêndha punika kula taksih alit ananging sampun èngêt, mila panjênêngan paduka kala rumiyin amaringi têtêngêr bate-bate dhatêng kula, mawi ciri wala tantra, ing mangke taksih kula angge. Wasi Dwapara sarêng midhangêt wangsulan makatên punika andadosakên karêrantaning manahipun Wasi Dwapara, wêkasan amangsuli pangandika manis: Dhuh anggèr tanpa gawe yèn lajua maring Wiratha, luhung balia maring Madhêndha manèh, saka ing pangira Prabu Maruta boya nêdya ambêdhah ing Madhêndha, karana Prabu Maruta iku maksih wong atuwanira dhewe, kadang ingsun misan kaprênah tuwa tur dadi ipeningsun tuwa, ing nguni kadang ingsun tuwa wanudya nama Dèwi Dalupi seje ibu lan ingsun, iku kang antuk kakang Prabu Maruta, putraning uwa Prabu Dwabara ing Smarakandha, uwa Prabu Dwabara iku putraning Bathara Amintabasa, Bathara Amintabasa iku ingkang raka eyangira Prabu Basukiratha ing Durhyapura, marma kaya paran Prabu Maruta iku yèn kolua ambêdhah ing Madhêndha, dene yèn kapara nyata, jênêng para anungkula kewala boya dadi ngapa.

--- 4 : 65 ---

Prabu Drumanasa andhêku sêdya amituhu, Wasi Dwapara muwus malih: Yèn jênêng para amituhu, lah payo padha andum basuki, ingsun arsa anutugake laku. Wangsulaning Prabu Drumanasa: Paduka badhe karsa tindak dhatêng pundi. Wangsulanipun Wasi Dwapara: Ingsun arsa maring patapan ing Pujangkara, ujare ana widadari angejawantah karya pasanggiri kamandhalu matula, sapa kang kawawa angombe banyuning kamandhalu matula dadi jatukramane. Prabu Drumanasa matur: Yèn makatên prayogi kula andhèrèkakên ing lampah paduka rumiyin, yèn sampun dumugi ing patapan Pujangkara, kula inggih lajêng bidhal mantuk dhatêng Madhêndha, Wasi Dwapara anayogyani lajêng sami mangkat. Kunêng ing marga dumugi patapan ing Pujangkara kapanggih kalihan Dèwi Nilawati, sasampuning bage-binage sarta atêtakèn ing sangkan-paran, sami sajarwa ing nama miwah ingkang sinêdya, nuntên Dèwi Nilawati amêdalakên kamandhalu matula, kacarakakên ing ngarsa, dèrèng ngantos angunjuk, katungka praptanipun Bangbang Satrukêm lajêng ingacaranan lênggah, Dèwi Nilawati botên supe yèn punika kang angruwat kala dados taksaka, tuwin Bangbang Satrukêm inggih botên kasamaran dhatêng Dèwi Nilawati, [Nilawa...]

--- 4 : 66 ---

[...ti,] yèn punika ingkang adamêl wiyoga, sarêng panduking tingal sami kumêpyur ing tyas yayah rêmpu tanpa jamuga. Nuntên Rêsi Dwapara muwus: Lah kapasang yogya têmên adhi sira nuli prapta, panujune durung ana kang ngombe, lah ing mêngko pamrayoganingsun, êndi kang têka dhingin, iya angombe dhingin, kang prapta kèri iya angombe kèri. Wangsulaning Bangbang Satrukêm sumăngga ing karsa, Rêsi Dwapara lajêng angunjuk nanging botên kawawa panasing toya, lathi malonyoh lidhah malocot, kamandhalu matula kasèlèhakên, nuntên Prabu Drumanasa kinèn angunjuk inggih botên kawawa, nuntên para punggawa ing Madhêndha kinèn anginum gêntos-gêntos sami botên wontên kawawa, malah wontên ingkang kalajêng pêjah, saking ampuhing toya sasat wisa, wêkasan Bangbang Satrukêm angunjuk lêstantun kemawon, ngantos têlas toyanipun, Dèwi Nilawati mundur palarasan lumêbêt dhatêng pahoman. Bangbang Satrukêm arsa tut wingking, Rêsi Dwapara angêjèpi dhatêng Prabu Drumanasa, kinèn angrubut Bangbang Satrukêm, mangkana Bangbang Satrukêm kinarubut ing kathah pinarjaya ing dêdamêl, ananging botên tumama, Janggan Smara têtulung amung sarana idu kemawon, [kemawo...]

--- 4 : 67 ---

[...n,] sintên ingkang kaidon sami malocot, atêmah gundam-gundam wêkasan sami kapalajar, Prabu Drumanasa angimpuni wadyabala ing sakacandhakipun, botên antawis dangu lajêng bidhal kondur dhatêng Madhêndha, Rêsi Dwapara asru panguwuhipun kinèn wangsula ananging botên kapiarsakakên, sarêng Janggan Smara dumugi ing prênah panggenaning Rêsi Dwapara tansah taksih angêngidoni, ing ngriku Rêsi Dwapara lumajêng pati-pati bêbêntusi, dumugi satêngahing wana langkung kawlasarsa, Janggan Smara wangsul kapanggih akalihan Bangbang Satrukêm, awêwarti yèn mêngsah sampun sami larut sadaya, nuntên Bangbang Satrukêm kapanggih kalihan Dèwi Nilawati, lajêng kabêkta dhatêng wukir Saptarga sowan ing rama, Rêsi Manumanasa langkung suka aningali ingkang putra sampun sarimbit. Sasampunira sami angabêkti, Rêsi Manumanasa andangu awit milanipun manggèn wontên ing Pujangkara punika, Dèwi Nilawati matur: Bêbukanipun ing ngajêng rama kula Bathara Arunapa, marêk dhatêng ingkang rama eyang Bathara Srasawalya, kala samantên kula panuju andhèrèk, punika eyang Bathara Srasawalya angandika makatên: Dahat onêng ingsun marang sira kulup, rama kula matur, kula inggih anglangkungi, eyang Bathara Srasawalya [Srasa...]

--- 4 : 68 ---

[...walya] gumujêng sarywa ngandika: Baya bangêt onêng ingsun maring sira, tinimbang onêngira maring sun. Rama kula Bathara Arunapa lajêng matur gêgujêngan: Anggèn kawula anglangkungi onêng mawi ambêkta tăndha sowan ing ngarsa paduka, onêng paduka botên mawi tăndha animbali dhatêng kawula. Wangsulanipun eyang makatên: Sayêkti boya milalu angundang suta yèn tan kalawan suhita, sapanunggalane panggawe pêrlu, ananging mangkene kang dadi tăndha, mungguhing katrêsnan, sapira trêsnane maring yayah rena, sayêkti boya angluwihi trêsnane maring suta, kaya ta trêsnaningsun maring eyangira kangjêng rama Bathara Umarasidhi, sayêkti maksih dahat trêsnaningsun maring sira, mangkana uga trêsnaningsun marang eyangira buyut, eyang Bathara Mursidhajati, sayêkti maksih bangêt trêsnaningsun marang putuningsun Si Nilawati, kayêktène ana kang kacarita ing kuna, duk eyangira warèng Sang Hyang Caturboja, iku kocap dahat ing bêkti wêdine maring kang rama Sang Hyang Caturkanyaka, utawa iya bangêt ing bêkti wêdine maring kang eyang Sang Hyang Darmajaka, parandene eyangira warèng Sang Hyang Caturboja mau barêng kagungan yoga eyangira canggah Bathara Kamajati, iku suda bêkti wêdine

--- 4 : 69 ---

marang kang rama Sang Hyang Caturkanyaka, utawa barêng eyangira warèng Sang Hyang Caturboja mau kagungan wayah eyangira buyut Bathara Mursidhajati, suda wêdi bêktine maring kang eyang Sang Hyang Darmajaka, marmane eyangira warèng Sang Hyang Caturboja duk samana kasêbut Kindakaruni, tgêse kalimput ing trêsna. Sawêg samantên pangandikanipun eyang Bathara Srasawalya, rama kawula tansah tungtung gumujêng, saking pamantawis kawula eyang ragi runtik, tandhanipun lajêng ngandika makatên: Sira iku Arunapa kalêbu wong ora andêlan, kaya bapakaning maharsi sarpa, pangandikanipun eyang makatên wau têka andadosakên jantakaning jasat kawula, ing sanalika kawula anêmahi papa cintraka dados taksaka, rama kawula kagèt lajêng matur dhatêng eyang sarwi karuna: Dhuh rama kadospundi panjênêngan paduka punika, têka anganiaya paring upata ingkang botên prayogi dhatêng wayah paduka, eyang kagèt langkung kaduwung analăngsa, pangandikanipun: Ingsun boya pisan yèn angupadrawaa kang amrih cilakaning putuningsun, ananging iku baya wus karsaning Hyang kang amurbèng pasthi kinarya lêlakon, pinupus kewala, mung amrih cêdhak karo bakal jatukramane, putuningsun prênahêna [prênah...]

--- 4 : 70 ---

[...êna] ing sêndhang Pawitra, sawetaning patapan ing Martawuy, maksih imbanging wukir Saptarga. Sasampunipun makatên, kawula lajêng dipun bopong dhatêng rama kaprênahakên wontên ing sêndhang Pawitra, ing antawis dintên, kula dipun jêmparing dhatêng Bambang Satrukêm, têmah ruwat nirmala waluya jati, sarêng Bambang Satrukêm marêpêki, kawula lajêng muluk angambara mantuk dhatêng kahyangan, nuntên kawula kadhawahan ing Sang Hyang Jagadnata ingandikakakên tumurun dhatêng Martawuy, sarèhning kawula rumaos wirang yèn lajênga dhatêng mariki, dados kèndêl wontên patapan ing Pujangkara adamêl pasanggiri, ing wêkasan badan kawula kenging dhatêng putra paduka Bambang Satrukêm punika. Rêsi Manumanasa langkung suka dènira miyarsakakên aturing Dèwi Nilawati, nuntên Dèwi Nilawati ingalih nama Dèwi Pujawati, awit kabêkta sangkanipun wontên patapan ing Pujangkara.

Amarêngi masa palguna, sinigêg ing wukir Saptarga, kacariyos ing Gandara, Arya Paridarma karsa sowan dhatêng kang raka rêsi Manumanasa, anuwun usadaning putranipun èstri anama Dèwi Mèstri, punika gêrah ampah botên sagêd asêsêne sarta wawratan, angkatipun [angkatipu...]-

--- 4 : 71 ---

[...n] Arya Paridarma wontên ing margi kapêthuk kalihan Rêsi Dwapara, tinakenan angakên nama Rêsi Dwapara saking patapan ing Martawuy. Tinakenan malih ing bêbukanipun dènira wontên ing patapan Martawuy, Rêsi Dwapara anggancarakên wit milanipun saking Ngatasangin nagari ing Durhyapura, ngantos dumugi ing wêkasan kesah saking Martawuy. Arya Paridarma lajêng angrangkul sarywa ngandika, dhuh kalinganeya sira iku pulunan ingsun dhewe, iya ingsun iki arine wuragil ibunira, Rêsi Dwapara asrêp ing tyas lajêng matur ing karsanipun kang paman, Arya Paridarma amangsuli yèn arsa sowan maring kang raka Rêsi Manumanasa, anuwun usadaning putranipun èstri gêrah ampah. Aturing Rêsi Dwapara paduka botên susah anuwun usada dhatêng Martawuy, kula kemawon sagêd anjampèni, pangandikaning Arya Paridarma: Yèn arinira waluya dening sira ora kaparèng doh sayêkti sun dhaupakên lawan sira, Rêsi Dwapara andhêku lajêng sami mangkat, dumugi ing Gandara Rêsi Dwapara anuwun timun akalihan lalêr sampun sinungan, lalêr lajêng kalêbêtakên ing timun sarta minantran makatên: hong kamurucat, cot parocot tar sangsaya (kami palacat wring dangyamu tar

--- 4 : 72 ---

pandeya) ponang timun lajêng kadhaharakên dhatêng Dèwi Mèstri, ing sanalika sagêd sêne sarta wawratan wêkasan waluya, Arya Paridarma langkung suka, Wasi Dwapara sinuba-suba. Sarêng antawis dintên Arya Paridarma matur ing raka Rêsi Manonbawa, ing salwiring lêlampahan waluyanipun putra saking Wasi Dwapara, sarta angaturi uninga yèn Wasi Dwapara punika pulunanipun piyambak, ing mangke badhe kaambil mantu pisan. Rêsi Manonbawa langkung suka, Wasi Dwapara tinimbalan prapta ingupaboga pinisalin, Rêsi Manonbawa angandika dhatêng ingkang rayi Arya Paridarma, yèn arining Dèwi Mèstri anama Dèwi Uti karsa kapêndhêt mantu, antuk Bambang Maneriya, Arya Paridarma matur sumăngga ing karsa, botên lami lajêng sami kadhaupakên kalih pisan, binayangkarya ing pamiwahanipun andhatêngakên suka.

Ing salêbêting taun Sambrama, etanging taun surya sangkala 541, tinêngêran putra dadi wisaya. Kaetang ing taun candra sangkala 557, tinêngêran rêsi gati anata barakan.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari Wiratha, Prabu Basukèsthi karsa yasa pacangkraman wontên sajawining praja [pra...]

--- 4 : 73 ---

[...ja] maju sakawan, ginarogol wangun kapurancang angiras măngka babiting sajawining pacangkraman kinarya wêwanan dinekekan sato wana amêpêki, sarêng sampun dados pacangkraman ingkang wetan sinungan nama ing purwakandha, ingkang lèr sinungan nama ing utarakandha, ingkang kilèn sinungan nama ing pacimakandha, ingkang kidul sinungan nama ing duksinakandha, sabên kala mangsaning dintên, Prabu Basukèsthi têdhak dhatêng pacangkraman anênumpu sato wana, kinarya ambêbingah wadyabala.

Amarêngi masa naya, sinigêg nagari ing Wiratha, kacariyos ing wukir Saptarga, Dèwi Pujawati ambabar mijil jalu, pinaringan nama Bambang Sakri, ing nalika punika para widadara-widadari sami tumurun sarêng asêsanti jaya-jaya sarta amêmuji widadaning jabang bayi, lajêng amaringi tăndha sambaga, wontên warni jamang, kalung, gêlang, kalpika sapanunggilanipun, Rêsi Manumanasa langkung suka-sukur, sarêng para widadara-widadari sami muksa, Rêsi Manumanasa saos panutur dupa ratus sarta sêsiram găndawida. Ing antawis nuju pupak pusêring jabang bayi, Rêsi Manumanasa katamuan Êmpu Dewayasa, sasampuning bage-binagèkakên, Êmpu Dewayasa matur,

--- 4 : 74 ---

yèn têtilaranipun putra Dèwi Kaniraras, kang sêpuh Radèn Prawa sampun kapêndhêt mantu piyambak, kaangsalakên Kèn Marapi, arining Êmpu Purbagni, malah Radèn Prawa ing mangke sampun dados êmpu, anama Êmpu Prawa, kantun arinipun èstri kang anama Dèwi Prawita, punika sampun langkung diwasa dèrèng wontên ingkang anggêgujêngi, yèn sampuna kalajêng Bambang Satrukêm angsal garwa widadari, kasuwun badhe kadhaupakên kalihan Dèwi Prawita, sarèhning sampun kalajêng, dados Bambang Sriyati kemawon ingkang kasuwun, Rêsi Manumanasa amarêngi, pangandikanipun: Lah inggih kakang kula amrayogèkakên, ananging kuciwa amalang gambuhi, saking pangetang kula kaot sangang warsa sêpuh pun Dèwi Prawita. Wangsulaning Êmpu Dewayasa: Yèn kapanggih malang gambuhi punika adat asring drêman putra. Rêsi Manumanasa gumujêng, ing antawis dintên Bambang Sriyati sampun kinèn tumut dhatêng Wiratha, botên antawis lami kadhaupakên kalihan Dèwi Prawita, Êmpu Dewayasa andhatêngakên suka, Bambang Sriyati atut dènira aparakrama.

Amarêngi masa palguna, kacariyos malih ing wukir Saptarga, Bambang Manumadewa kautus ingkang rama Rêsi Manumanasa, [Manu...]

--- 4 : 75 ---

[...manasa,] kinèn têtuwi kang raka Bambang Sriyati dhatêng Wiratha, sarêng Bambang Manumadewa wontên ing margi kapêthuk kalihan rasaksa rasaksi kakang adhi sêdya sikara, lajêng jinêmparing rasaksa rasaksi sami pêjah kuwănda sirna, botên dangu katingal wontên widadara-widadari sami marêpêki têmbung arsa suwita, dening karuwat papa cintrakanipun. Wangsulanipun Bambang Manumadewa, widadara-widadari sami kapurih dhatênga ing wukir Saptarga, kapanggiha kalihan Rêsi Manumanasa, karantên Bambang Manumadewa badhe andumugèkakên lampah dinuta ingkang rama dhatêng Wiratha. Widadara-widadari amituhu lajêng sami dhatêng ing wukir Saptarga kapanggih kalihan Rêsi Manumanasa, sasampuning sinambrama ing pambage, widadara-widadari sami wêwarti saking wiwitan dumugi ing wêkasan, Rêsi Manumanasa amiyarsa langkung ngungun. Lajêng têtakèn dhatêng widadara-widadari ing namanipun miwah kang ayoga, widadara angakên nama Bathara Ardhana, widadari punika arinipun anama Dèwi Ardhani, sami yoganipun Bathara Swardhanita, Bathara Swardhanita yoganing Bathara Trisupunya, Bathara Trisupunya yoganing Bathara Tigasakti, Bathara Tigasakti yoganing Bathara Winaya, Bathara Winaya yoganing [yo...]

--- 4 : 76 ---

[...ganing] Bathara Napanati, Bathara Napanati yoganing Sang Hyang Amrawa, Sang Hyang Amrawa yoganipun panênggak Sang Hyang Triatra, Sang Hyang Triatra yoganipun panêngah Sang Hyang Darmajaka ing nguni. Mangkana Rêsi Manumanasa sakalangkung suka amiyarsa gancaring lêluhuripun Bathara Ardhana, lajêng têtakèn gênahipun Sang Hyang Amrawa dados yoganipun panênggak Sang Hyang Triatra, utawi Sang Hyang Triatra dados yoganipun panêngah Sang Hyang Darmajaka ing nguni. Wangsulaning Bathara Ardhana: Kala ing kina Sang Hyang Darmajaka ayoga gangsal, 1. Dèwi Darmani, kagarwa ing Sang Hyang Êsa, ingkang kasêbut nama Sang Hyang Tunggal, 2. Sang Hyang Darmana, kasêbut nama Sang Hyang Dwija, 3. Sang Hyang Triya, kasêbut nama Sang Hyang Triatra, 4. Sang Hyang Caturkanyaka, kasêbut nama Sang Hyang Caturkanaka, 5. Sang Hyang Pancarêsi, ingkang miwusur rosa anglangkungi karosaning dwipangga akalihan sima. Mênggah tumangkaripun, kacariyos Dèwi Darmani patutanipun kalihan Sang Hyang Êsa têtiga, 1. Sang Hyang Rudra, 2. Sang Hyang Darmastuti, 3. Sang Hyang Dewanjali. Sang Hyang Dwija ayoga têtiga, 1. Bathara Bandho, 2. Bathara Budhawaka, 3. Bathara Keswari sagêd malih warni sima utawi rewănda. Sang Hyang Triatra ayoga [a...]

--- 4 : 77 ---

[...yoga] sakawan, 1. Sang Hyang Antaga, 2. Sang Hyang Amrawa, 3. Dèwi Amrati antuk danawa Sang Gopata, 4. Bathara Sakutra. Sang Hyang Caturkanaka, ayoga gangsal, 1. Sang Hyang Naradha, 2. Sang Hyang Pritanjala, 3. Dèwi Tiksnawati, 4. Sang Hyang Caturwarna, 5. Sang Hyang Caturboja. Sang Hyang Pancarêsi ayoga sawêlas, 1. Maharsi Kètu, nama Sang Hyang Guru Wedha, 2. Maharsi Barla, nama Sang Hyang Pancawedha, 3.Maharsi Bikswa, nama Sang Hyang Citragotra, 4. Sang Hyang Rêsi Brahmastya, 5. Sang Hyang Rêsi Tiksmaka, 6. Sang Hyang Rêsi Satyaka, 7. Sang Hyang Rêsi Janaka, 8. Sang Hyang Rêsi Soma, 9. Sang Hyang Rêsi Gana, 10. Sang Hyang Surènggana, 11. Sang Hyang Suradewa. Ing salajêngipun akathah yèn kacariyosakên sadaya, Rêsi Manumanasa sampun anarimah samantên kemawon. Ya ta ing nalika punika Bathara Ardhana langkung sinuba-suba sawawratipun wontên ing wukir, sarta kapurih angantosana ing sadhatêngipun Bambang Manumadewa, Bathara Ardhana amituhu.

Gêntos kawuwusa lampahira Bambang Manumadewa, sapraptaning Wiratha, sampun sajarwa yèn dinuta kang rama kinèn atêtuwi pangantèn, Êmpu Dewayasa langkung suka,

--- 4 : 78 ---

sarêng ing antawis dintên Êmpu Dewayasa dhatêng wukir Saptarga, angaturakên pangantèn sakalihan kairid antukipun Bambang Manumadewa, dumugining wukir Saptarga, mawi pinêthuk satataning pakurmatan ing sawatawis. Sasampunipun pangantèn angabêkti, Êmpu Dewayasa amrasabênakên yèn kaparêng ing karsa, Bambang Sriyati têtêpa kaêmong wontên ing Wiratha, yèn sampun panuju ing masa kalanipun badhe kasuwitakakên dhatêng Prabu Basukèsthi, Rêsi Manumanasa anayogyani. Nuntên Êmpu Dewayasa winartosan dhatêng Rêsi Manumanasa, yèn wontên widadara-widadari nêdya suwita dhatêng Bambang Manumadewa, wit milanipun sampun kagancarakên sadaya. Êmpu Dewayasa suka ngungun, wangsulanipun: Yèn makatên Bambang Manumadewa punika pinaringan jodho widadari dening dewa kang linuwih, yèn sami parêngipun prayogi kadhaupakên. Rêsi Manumanasa kasêmbadan ing karsa. Mangkana Êmpu Dewayasa lajêng amitêmbungakên dhatêng Bathara Ardhana kapurih paring krêta, Bathara Ardhana amangsulakên têmbung panglêbda karya tăndha mangayubagya, enggaling cariyos Bambang Manumadewa sampun dhaup kalihan Dèwi Ardhani, antawis pêndhak dintên dhauping pangantèn,

--- 4 : 79 ---

Bathara Ardhana pamit mantuk dhatêng kahyangan, nuntên Êmpu Dewayasa pamit mantuk sarta badhe ambêkta pangantèn Bambang Sriyati saha garwa, Rêsi Manumanasa jumurung mangayubagya, sarêng badhe mangkat, Rêsi Manumanasa amêmêling dhatêng kang putra Bambang Sriyati: Dhuh kulup, yèn sira angawula ing ratu elinga ing wêwêkas ingsun iki, kaping 1. kawula kang anyar aja rumasa padha lan kawula kang lawas. Kawula kang lawas aja rumasa padha lan kawula kang kaparêk. Kawula kang kaparêk aja rumasa padha lawan santana, dene yèn ingakên santana, aja kongsi sumantana, karana panjênêngan ratu iku kang minăngka santana amung bênêr lawan santosa, kaping 2. kawruhana kang dadi nistha madya utamaning wong angawula, iku mangkene pratelane: mungguh nisthaning wong ngawula pitung prakara, 1. amangro sirah, 2. abăndha samitra, 3. asarana atur, 4. makolihake awak, 5. sakuthu amêmêngku ing gusti, 6. ora nêtêpi kang dadi kawajibane, 7. irèn mèrèn maring kancane.

Mungguh madyaning wong angawula pitung prakara, 1. tabêri ing karyane, 2. anggugu mituhu ing pangandikaning gusti, 3. bisa anampani kang dadi dhawuh, 4. gêlêm anglakoni [anglako...]

--- 4 : 80 ---

[...ni] ing parentah, 5. anarima ing pandum, 6. wêdi ing pêpacuhan, 7. tansah angon wahyaning masa kala.

Mungguh utamaning wong angawula pitung prakara, 1. gêmi marang kagunganing gusti, 2. bisa anasabi wêwadi, 3. nastitèkake sawêwêlinging gusti, 4. angati-ati ing solahbawane, 5. angawruhi ing kêdhap sasmita kang dadi karsaning gusti, 6. santosa ing panyoba pêpasanganing gusti, 7. mantêp madhêp yèn binobotan ing pakewuh.

Dene kang dadi pawitaning wong angawula iku limang prakara, 1. guna, yèn kanggo kapintêrane jaa[8] angadi-adi, 2. sarana, yèn kalêbu rajabranane aja rumasa potang, 3. sakti, yèn katrima ing kasaktène aja sumakeyan, 4. wani, yèn kapracaya ing kêkêndêlane aja andaluya, 5. nurut, yèn kêrêp dinuta aja angrêsula.

Dene wajibe wong angawula iku amung awas lawan eling, tgêse awas ing bênêr luput, eling ing ala bêcik, ênggone amatrapake kêdaling lesan lawan obahing badan, yèn bênêr dadi bêcik ing wêkasane, yèn luput dadi ala ing wêkasane, mulane kêdaling lesan lawan obahing badan iku patrape [patra...]

--- 4 : 81 ---

[...pe] anganggo êmpan, lungguhe anganggo papan, kanthine anganggo duga-duga lawan watara, aja tinggal pamrayoga lawan rêringa, supaya bisa rêksa-rumêksa, ing wêkasan dadi rosa, karana witing rosa iku saka ing rêksa-rumêksa, samono kewala cukup ing wêwêkas ingsun, muga dewa kang linuwih amaringana eling maring sira. Bambang Sriyati matur nuhun sandika sarywa angabêkti saha garwa lajêng mangkat.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos ing Gandara, Dèwi Mèstri ambabar mijil jalu, pinaringan nama Bambang Druwasa, Dèwi Mèstri seda konduran. Ing antawis dintên Rêsi Dwapara saking sangêting sungkawa têmah miruda saking Gandara, tanpa rowang amung angêmban kang putra jabang kewala, ing samargi putranira anggung karuna awit botên kasêsêpan, ingkang kinarya sarana gêsanging putra amung mabêning sêsêkaran ing wana, ingkang sakintên wontên mabênipun kasêsêp-sêsêpakên. Ing nalika punika panuju wontên tiyang èstri angambil godhong, sarêng kapanggih kalihan Rêsi Dwapara, takèn-tinakèn ing nama miwah ing pinăngka sami sajarwa, Rêsi Dwapara angakên nama kalihan ing pinăngka miwah ingkang dados bêbukanipun kesah punika sampun kawartosakên [kawartosa...]

--- 4 : 82 ---

[...kên] sadaya. Tiyang èstri angakên nama pun Dyapi ing dhusun Wiyana, kala ing ngajêng dados semahipun Kartana, sawêg patutan satunggal jalêr pun Kartana pêjah, botên lami anakipun jalêr wau anututi pêjah, mila pun Dyapi anglalu wontên ing wana angêngimur sungkawa dèn sêsambi sade godhong. Mangkana Rêsi Dwapara anggarjita ing galih, pun Dyapi tinantun punapa purun anêsêpi putranipun, wangsulanipun pun Dyapi inggih purun yèn taksih mêdal toyanipun susu, Rêsi Dwapara lajêng angulungakên putra cinandhak dhatêng pun Dyapi sinêsêpan taksih mêdal toyanipun susu, bayi kèndêl sampun marêm sinêsêpan dening pun Dyapi, nuntên pun Dyapi tinantun badhe kabêkta dhatêng sabrang matur sumăngga ing karsa, lajêng mangkat anunut ing baita dagang. Dumuginipun ing sabrang anjujug nagari ing Madhêndha, kacariyos lajêng kinabêktenan dhatêng Prabu Drumanasa, Rêsi Dwapara jumênêng raja pandhita.

Ing salêbêting taun Biswawisu, etanging taun surya sangkala 542, tinêngêran paksa karya tata. Kaetang ing taun candra sangkala 558, tinêngêran manggala tinata gati.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Wiratha,

--- 4 : 83 ---

Prabu Basukèsthi nuju amêng-amêng angubêngi nagari, ing nalika punika amiyarsa swara gumrênggêng kados kombang sèwu sarêng ambrêngêngêng, kapariksa prênah pemahaning Êmpu Purbagni, dinangu dêdamêlanipun Bambang Sriyati sutaning Rêsi Manumanasa, dipun wastani sangkuni, inggih punika kitiran agêng sinungan sundari sêsawangan, kadamêl wêwêdos paksi utawi kalong ingkang sami paksa anêdha wowohan. Prabu Basukèsthi rumaos rêmên dhatêng sangkuni wau, lajêng adhêdhawah dhatêng Bambang Sriyati, kinèn adamêla sangkuni sakawan, sarêng sampun dados lajêng pinasang wontên ing pacangkraman satunggal sewang, ing antawis dintên Bambang Sriyati kajunjung dados punggawa, pinaringan nama Arya Sriyati.

Amarêngi masa srawana, kacariyos Prabu Basukèsthi ing mangke karsa yasa wadya wirasena, sangkêp-sangkêpipun dêdamêling prang maneka-warna, lêlurahipun winastan senapati, inggih punika purwanipun wontên sêsêbutan senapati.

Ing salêbêting taun Kalayudi, etanging taun surya sangkala 543, tinêngêran guna karya tata. Kaetang ing taun candra sangkala 559, tinêngêran trustha marganing gati.

--- 4 : 84 ---

Amarêngi masa srawana, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Basukèsthi karsa yasa têtabuhan, anulad găngsa surendra ing suralaya, inggih kawastanan găngsa surendra.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos ing wukir Saptarga, Rêsi Manumanasa kadhatêngan Bathara Ardhana, apirêmbagan manawi parêng prayogi amêncarakên putra, Bambang Manumadewa badhe kaprênahakên wontên ing wukir Kusara, amêmulanga dhatêng têtiyang ing ngriku amargi kathah ingkang sami lacut, karêm jêjamahan sami jalu, Rêsi Manumanasa anayogyani, Bambang Manumadewa lajêng kabêkta dening Bathara Ardhana dhatêng ing wukir Kusara, sapraptaning ngriku lajêng jinunjung nama Rêsi Manumadewa, nuntên angadani karya padhepokan langkung asri kawuryan, winastan ing Sarisidya. Saking ing antawis dintên wontên têtiyang prapta, awasta Sang Santaka, matur anuwun pitulung sampun ngantos kajamah dhatêng Sang Utkaca, dèrèng ngantos kawangsulan katungka praptanipun Sang Utkaca anuwun Sang Santaka, Rêsi Manumadewa kèndêl sarwi amatêk măntra sambawa tumanduk dhatêng sakathahing tiyang jalu, kala samantên sagunging para priya tanah ing ngriku sami sinungan èngêt sadaya, mantun [mantu...]

--- 4 : 85 ---

[...n] dènira jêjamahan sami jalu, wangsul rêmên dhatêng pawèstri malih kadi ingkang wau-wau.

Ing salêbêting taun Kalakandha, etanging taun surya sangkala 544, tinêngêran warna dadi samirana. Kaetang ing taun candra sangkala 560, tinêngêran barakan angrasa tata.

Amarêngi masa srawana, kacariyos, nagari ing Wiratha, Prabu Basukèsthi dhawah mundhut parara-rara, sakathahing kênya kang ayu warninipun sami kapundhut kinarya dhara-dhara, winastan padhaya, anulad widadari kasapta ing suralaya, inggih punika purwanipun wontên badhaya.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos ing wukir Maendra, wontên tiyang jalu wasta pun Kupa, saking dhusun ing Kelasa, pun Kupa marêk dhatêng Dèwi Rukmawati, matur yèn ing salaminipun dèrès arèn botên wontên sangsayanipun, ing mangke têka wontên sangsaya ingkang salaya saking adat sabên, adatipun yèn amasang bumbung botên mawi mènèk, witing arèn ingaban kinèn tumêlunga lajêng tumêlung, utawi yèn angudhunakên bumbung inggih makatên, ing sapunika têka botên sagêd, saking punapa ingkang dados sababipun. Pangandikanipun Dèwi Rukmawati: [Ru...]

--- 4 : 86 ---

[...kmawati:] He Kupa, ing salawase sira anganggo ati têmên, ing mêngko sira anglakoni goroh, dadi sira wus mari anglakoni tapaning ati, karana tapaning ati iku mung têmên, yèn tapaning nyawa iku eling, yèn tapaning rahsa iku mung êning, sing sapa bisa angêningakên ing dalêm sadina sapisan kewala, adat sabarang kang cinipta dadi, sing sapa bisa eling ing dalêm sadina sapisan kewala adat, sabarang kang sinêdya ana, sing sapa bisa têmên atine ing salawase, adat sabarang kang kinarêpake têka, dene gorohira maring suta kang lagi nangis, sira ênêng-ênêngi bakal sira dhudhukake gangsir, wêkasan mênêng nanging sira kaburu ing pêrlu, dadi ora sida andhudhuk gangsir, iku lêksananana dadi kabêgyanira, padoning pakaranganira kang kidul kulon ana kaya unthuk gangsir, dhudhukên ana rajabranane, têlas pangandikanipun Dèwi Rukmawati. Pun Kupa matur nuhun sandika lajêng mantuk, dumugi ing griya sampun kalêksanan sadaya, wêkasanipun dados ing kasugihanipun, awit amanggih pêpêndhêman rajabrana maneka-warni.

Ing salêbêting taun Rautri, etanging taun surya sangkala 545, tinêngêran tata suci marganing muksa. [mu...]

--- 4 : 87 ---

[...ksa.] Kaetang ing taun candra sangkala 561, tinêngêran bumi obah gulingan rêbah.

Amarêngi masa pusa, kacariyos, putranipun Sang Hyang Purwacandra, anama Bathara Dhanendra, tumurun saking suralaya lajêng madêg arêraton, wontên tanah Mêdhangkamulan, asêsilih nama Prabu Danèswara, wadyanipun bacingah awarna manusa ditya sato wana paksi taksaka, ingkang minăngka pêpatih angrèh wadyabala sadaya, gandarwa raja anama Sang Citradana, ingkang dados manggalaning punggawa gangsal, 1. awasta Sang Margana, angrèh wadya manusa, 2. Sang Waksa, angrèh wadya ditya, 3. Sang Barigu, angrèh wadya sato wana, 4. Sang Urna, angrèh wadya paksi, 5. Sang Wiswana, angrèh wadya taksaka. Sarêng sampun sampurna pasang rakiting kitha lajêng angêngirup anglar jajahan, ngantos mèh dumugi tanah ing Gajahoya.

Amarêngi masa jita, kacariyos, nagari ing Gajahoya, Prabu Astimurti miyarsa misuwuring pawarti, lajêng undhang tata-tata samaptaning ayuda, sarêng sampun sangkêp sasikêping wadyabala kuswa, lajêng mangkat anglurugi mêngsah ingkang madêg arêraton, paguting prang langkung rame

--- 4 : 88 ---

gêntos kalindhih, ing wêkasan Prabu Astimurti seda kasambut samadyaning payudan, wadyabala ing Gajahoya sasesaning pêjah samya ngisis asasaran, Prabu Danèswara lajêng anglud dhatêng Gajahoya, Rêsi Basunanda saha putra wayah sami kapalajêng dhatêng Wiratha, matur ing salwiring rèh sadaya, Prabu Basukèsthi lajêng undhang prayitna ing kewuh ajaga-jaga ing karya. Etang anggènipun Prabu Astimurti jumênêng nata ing Gajahoya, laminipun 18 taun.

Ing salêbêting taun Dundumi, etanging taun surya sangkala 546, tinêngêran rarasing pakarti tinata ing gêgana. Kaetang ing taun candra sangkala 562, tinêngêran boja obah ing pagulingan.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, Prabu Basukèsthi karsa yasa baita titihan yèn acangkrama ing banawi, kathahipun sakawan, ingkang satunggal pinaringan nama Arkupaka, ingkang têtiga botên kanamakakên.

Amarêngi masa naya, kacariyos, padhepokan ing Ngandongdhadhapan, Rêsi Sakra animbali ingkang putra Wasi Kisthira, katantun badhe pinikramakakên, kinèn milih punapa putraning kang uwa Rêsi Artakètu, nama Dèwi [Dè...]

--- 4 : 89 ---

[...wi] Rêtnadi, punapa putraning kang uwa Rêsi Ètudarma, nama Dèwi Wastu, aturing kang putra botên darbe pamilih, amargi sampun kawratan sih dhatêng garwanipun ingkang wontên salêbêting kaca, pangandikaning rama sarwi gumujêng: Lah kaya paran wadine dene sira darbe somah ana sajroning kaca, iku kaca apa. Wasi Kisthira matur: Ing wit milanipun kala anglampahi tarakbrata kadhawahan andaru, sarêng cinandhak atêmahan dados kaca, lajêng kadamêl angilo katingalan salêbêting kaca wontên wêwayanganing pawèstri ayu endah, punika kawula wicantên, lah iki wêwayangane sapa, wêwayangan wau sagêd amangsuli wuwus, angakên widadari anama Dèwi Ganggastini, putraning Bathara Ganggastana, têdhak Sang Hyang Gangga, kawula pitakèni panggenanipun amangsuli yèn wontên salêbêting kaca punika. Kawula pitakèni ingkang dados sêdyanipun, inggih amangsuli manawi kangge dhasar sumêdya angèstu pada, kawula purih angatingala sawantah, wangsulanipun, benjing inggih katingal aswantah yèn sampun dumugi ing masa kalanipun, sarêng kawula wicantên amrayogèkakên anggènipun sumêdya angèstu pada, punika wêwayanganing widadari wau katingal angèstu pada dhatêng wayangan kawula, [ka...]

--- 4 : 90 ---

[...wula,] suku kawula inggih karaos kados dipun aras, nuntên salêbêting kaca katingal wontên wowohan kawadhahan ing bokor kancana, wontên saking nêm bokor isi warni-warni, wêwayanganing widadari anyarakakên dhatêng kawula kinèn anêdhaa, tangan kawula lajêng kumlawe katingal wayanganipun amêndhêt manggista, tangan kawula kumlawe malih, inggih katingal wêwayanganipun kados amalothot manggista wau, kawula sêngaja kados patraping tiyang anênêdha, inggih katingal wêwayanganing tangan karaos kawula anêdha isining manggista punika, ingkang dados pangunguning manah kawula, pundi ingkang katingal kawula têdha sami karaos sayêktos, ingkang lêgi inggih karaos lêgi, ingkang sêgêr inggih karaos sêgêr, tuwukipun inggih rumaos tuwuk kados anêdha ing sayêktosipun, ngantos dumugi ing sapariki punika, botên susah mawi kawula aturakên sasolah tingkah kawula sadaya, têlas aturing putra. Kang rama langkung kacaryan karsa badhe sumêrêpa, Rêsi Kisthira lajêng angambil kaca sinaosakên, sarêng binuka katingal wêwayanganipun Dèwi Ganggastini sawêg angrujit sêkar. Wasi Kisthira matur: Inggih punika rama mantu paduka, [padu...]

--- 4 : 91 ---

[...ka,] wêwayanganipun punika saèstu sagêd mangsuli pangandika. Rêsi Sakra langkung angungun alon pangandikanipun: Lah iya tuhu endah mantuningsun. Rêsi Kisthira muwus dhatêng wêwayangan kinèn angabêktia ing rama, wêwayangan lajêng katingal angabêkti. Rêsi Sakra angandika: Kaya paran wêkasane anggèr, têka sira pijêr anèng sajroning kaca kewala. Wêwayangan matur nêmbah: Manawi kawula mêdala saking kaca inggih sagêd, ananging sandeyaning manah yèn kawênangan dhatêng danawa ingkang angajêngakên ing kawula. Rêsi Sakra pitakèn: Lah iku ditya apa. Aturing wêwayangan: Kala ing ngajêng wontên ditya raja nama Prabu Kujanakrêsna, nagarinipun wontên salêbêting samudra, nanging kawula dèrèng sumêrêp wastaning praja, Prabu Kujanakrêsna wau kawarti têdhakipun Sang Hyang Wisnu, dene bapakipun anama Bagawan Mayangkara langkung sakti măndraguna, ing nalika samantên Bagawan Mayangkara dhatêng kahyanganing rama kawula Bathara Ganggastana, amitêmbung yèn badhe angajak bêbesanan, kawula badhe kadhaupakên antuk Prabu Kunjanakrêsna, rama kawula botên panuju ing karsa, punika rama kawula lajêng linurugan dhatêng Prabu Kujanakrêsna, ngantos aprang rame, wêkasan [wêkasa...]

--- 4 : 92 ---

[...n] sagunging balanipun rama kawula buron toya kathah ingkang sami kapracondhang, dening pangamuking ditya, rama kawula kapikut ing prang dumugi ing sapariki taksih kinunjara, sarêng rama kawula sampun kabandhang mêngsah, kawula lajêng kesah angungsi dhatêng panggenaning naga raja, anama Sang Hyang Basudhara, punika ingkang amaringi pitulung dhatêng kawula, wontên kaca mutyara winastan mairakaca, kawula lajêng kinèn manjing ing salêbêting mairakaca wau, nuntên kaprênahakên wontên ing lak-lakan, ing antawis dintên Bagawan Mayangkara dhatêng, kawula dipun têmbung nanging Sang Hyang Basudhara kumbi, danguning wawan-wawan sabda têmah prang, langkung rame botên wontên ingkang kasoran, ing wêkasan Sang Hyang Basudhara karepotan lajêng oncat, angungsi dhatêng eyang Sang Hyang Baruna, punika sadhèrèkipun sêpuh eyang kawula Sang Hyang Wahana, sami putraning Sang Hyang Gangga. Sarêng Sang Hyang Basudhara wêwarti saking wiwitan dumugi ing wêkasan, punika Sang Hyang Basudhara tinêdah kinèn angungsèkakên kawula dhatêng ing lintang kartika, eyang kawula Sang Hyang Wahana tinêdah amêthukakên mêngsah, kinèn angirid sagunging bala buron toya sadaya, sarêng mêngsah dhatêng lajêng campuh prang, nanging eyang kawula Sang Hyang Wahana wau kawon kapalajêng, [kapa...]

--- 4 : 93 ---

[...lajêng,] sagunging bala buron toya kathah ingkang sami risak, nuntên eyang Sang Hyang Baruna mangsah pêpulih nanging inggih kasoran. Eyang sakalihan lajêng sami mêsat angambara ngungsi dhatêng suralaya, matur ing Sang Hyang Endra miwiti mêkasi, ing nalika punika kawarti Sang Hyang Endra kadhawahan dhatêng Sang Hyang Jagadnata, kinèn samapta apacak baris, bokmanawi danawa wau anglud dhatêng suralaya, Sang Hyang Endra lajêng angundhangi para dewata sadaya, sami dhinawuhan tata-tata samaptaning ayuda, pamirêng kawula pawarti makatên. Punika dewataning lintang ingkang kawula ungsèni nama Sang Hyang Artaètu, inggih punika ingkang asring nurunakên andaru, kala samantên panuju wontên ing ngarsanipun Sang Hyang Endra sumêrêp ing aturipun eyang kawula sakalihan wau, Rêsi Sakra têtakèn ing lajêngipun, wêwayangan matur malih: Lajêngipun ing cariyos kawula, kawarti mêngsah danawa inggih saèstu sami anglud dhatêng suralaya, ananging nuntên mundur dening panyapihipun Sang Hyang Wisnu, dipun arêm-arêmi yèn ing samăngsa kawula kapanggih inggih kaparingakên, punika dumugi ing sapariki kawula taksih kaupadosan dhatêng danawa wau, nuntên kacariyos Sang Hyang Artaètu angandika dhatêng kawula, [kawu...]

--- 4 : 94 ---

[...la,] yèn mairakaca badhe katurunakên dhatêng arcapada, sabab wontên têdhakipun Sang Hyang Wisnu ingkang sawêg kapati mangun tèki nama Wasi Kisthira, punika dipun wêca sagêd anyirnakakên mêngsah danawa wau, awit sami têdhakipun Sang Hyang Wisnu, ingkang tumêrah dados danawa kalihan ingkang tumêrah dados manusa, wêwêlingipun Sang Hyang Artaètu dhatêng kawula makatên: Sira angèstu pada maring Wasi Kisthira kang kapati brata iku, yèn wus katampan ing panyèthinira dèn abangêt bêkti wêdi aja kongsi kasangsaya, karana iku kang bakal ambirat sungkawanira, dene yèn sira kinèn mêtu saka ing mairakaca pêpanggila luware ramanira kang kinunjara ana ing têlêng samudra, kang minăngka saranane, desa ing Kagaluhan ana raja pandhita dibya sêkti, aran Rêsi Srahuka, putraning Rêsi Drawaka têdhaking Sang Hyang Siwah, iku Rêsi Srahuka darbe cundhamani panglêburan kala murka, ananging yèn pinandukakên maring têdhaking Sang Hyang Wisnu boya tumama, yèn kang nandukake padha têdhaking Sang Hyang Wisnu iya bisa tumama, iku bae dèn sêlanga kêna kinarya angluwari ramanira. Punika awit milanipun kawula tinurunakên lajêng kadarbe dhatêng putra paduka Wasi Kisthira.

--- 4 : 95 ---

Mangkana Rêsi Sakra akalihan Wasi Kisthira sarêng amiyarsa gancaring cariyosipun Dèwi Ganggastini ingkang wontên salêbêting kaca, punika têka sami anggarjita ing galih madêg suraning driya, rumaos kadugi yèn sami anglurugana dhatêng têlênging samudra, ing sanalika lajêng anglêmpakakên para indhung-indhung, galuntung, ulu guntung, cantrik, cèkèl, puthut, manguyu, janggan, wêwasi, ajar-ajar sadaya, tular-tumularing pawarti ngantos kapiarsa saking Ngandongsari, Rêsi Artaètu kalihan ingkang rayi kêkalih miwah para putranipun lajêng sami dhatêng ing Ngandongdhadhapan, têtakèn ingkang dados bêbuka, Rêsi Sakra sampun anyariyosi saking wiwitan dumugi ing wêkasan, pangandikanipun Rêsi Artaètu dhatêng ingkang rayi Rêsi Sakra, kinèn anyarèhakên ing sawatawis, sorahing Rêsi Artaètu makatên, sabarang rèh yèn rèrèh ora rêkasa dènira amisesa, Rêsi Sakra amituhu lajêng sami rêrêmbagan ing kasidaning karya, dadosing rêmbag Rêsi Artaètu darbe mitra putraning Rêsi Srahuka nama Ajar Walutru, punika kinèn asowan ing ramanipun anyambuta cundhamani, Ajar Walutru mangkat, dumuginipun ing Kagaluhan lajêng matur dhatêng ingkang [ing...]

--- 4 : 96 ---

[...kang] rama, yèn dinuta ing guru anyambut cundhamani, pangandikaning Rêsi Srahuka: Iya sun gawakake cundhamani iki, nanging ingsun minta wêwangsul anuwila-gănda kalawan wastulita, tgêsipun: Rêsi Srahuka anêdha kaakêna wăngsa, kalihan amasthia sae rukun ing sapanginggilipun, sarêng antawis dintên cundhamani sinungakên lajêng kabêkta dhatêng Ajar Walutru, dumuginipun ing Ngandongdhadhapan sampun katur sarta amratelakakên wêwêlingipun kang rama, pangandikanipun Rêsi Artaètu dahat mangayubagya lulusing anuwila-gănda kalihan lêstantuning saekapraya, sasampunipun makatên, rêmbaging Rêsi Artaètu mênggah badhe panglurugipun dhatêng têlênging samudra punika, botên amrayogèkakên yèn ambêktaa tiyang kathah-kathah, angêmungêna milih ingkang totos-totos kemawon, sasampunipun pinilihan sarêng antawis sampun samapta lajêng mangkat, botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, dumugi têpining samudra kapanggih kalihan danawa kang abêbarisan sami angupadosi Dèwi Manggastini, takèn-tinakenan sami sêling sêrêpipun têmah dados prang, nanging tiyang ing Ngandongdhadhapan kalindhih sami kapalajêng, nuntên Wasi Kisdhira[9] amênthang [amê...]

--- 4 : 97 ---

[...nthang] cundhamani mêdal latu ngèbêki jagad, para danawa kathah ingkang pêjah kabêsmi, sakantunipun sami kapalajêng matur dhatêng Prabu Kujanakrêsna, ing sanalika Prabu Kujanakrêsna sangêt bramantya lajêng matur dhatêng kang rama Bagawan Mayangkara, yèn wontên tiyang soroh amuk tanpa sangkan, ing ngriku Bagawan Mayangkara lajêng mêsat angambara arsa amunah satru, duk maniyup, Rêsi Artaètu waspada ing paningalipun, Wasi Kisthira tinêdah kinèn anglêpasi cundhamani, sampun linêpasan Bagawan Mayangkara kacundhuk ing cundhamani lajêng muksa, kacariyos dados jawata, Prabu Kujanakrêsna sarêng sumêrêp yèn ingkang rama sirna têka miris manahipun, awêkasan miruda botên kantênan purugipun, ing ngriku wontên ingkang katingal danawa èstri satunggal sampun sêpuh, sarwi anangis analăngsa nyuwun pangaksama, tinakenan angakên nama Dèwi Wanudari têdhaking Prabu Wiswakarma dados garwanipun Bagawan Mayangkara, tinakenan malih punapa sumêrêp ing panggenanipun ingkang kinunjara, wangsulaning Dèwi Wanudari, inggih wontên punika tata rungkon tiga, jalêr kalih, èstri satunggal, ingkang jalêr anama Manggastana, kalihan Ardhana, ingkang èstri anama Widhasari, tinakenan malih punapa

--- 4 : 98 ---

sagah andhatêngêna, Dèwi Wanudari sagah lajêng kesah, botên antawis dangu dhatêng, kalihan Bathara Ganggastana, Bathara Ardhana, Dèwi Widhasari, sagunging para rêsi sami angurmati ing panambrama, nuntên Rêsi Sakra wêwarti dhatêng Bathara Ganggastana, ing wit milanipun kala ingkang putra Wasi Kisthira katurunan andaru, ngantos dumugi ing wêkasan kapanggih kalihan Bathara Ganggastana punika, ya ta ing sapamiyarsanipun Bathara Ganggastana andadosakên suka ngungun, sukanipun dene badhe kapanggih ingkang putra, ngungunipun dene botên anyana yèn angsal pitulung, nuntên Bathara Ardhana sumaruna ing pangandika, kula punika kalêbêt abela dhatêng Bathara Ganggastana, ing nalika kula alêlampah kalihan anak kula èstri Dèwi Widhasari punika, lampah kula wau badhe dhatêng ing wukir Kusara, atêtuwi ipe kula kang anama Rêsi Manumadewa putraning Rêsi Manumanasa, dupi kula aniyup saking gêgana mèh anjog ing wukir Kusara, kula lajêng sinambêr ing danawa karangkus dalah anak kula èstri kabêkta dhatêng têlênging samudra wêkasan kinunjara, anak kula èstri kapisah, ing antawis dintên inggih lajêng kinunjara, măngka ingkang saèstu kula botên darbe dosa, upami kula

--- 4 : 99 ---

dipun tarkaa anyambut utawi dipun tarkaa durjana sayêkti wontên andhah-andhahanipun titi pariksa, kados ingkang asring dipun pangandikakakên Sang Hyang Yama, jaksa ing suralaya, èngêt kula makatên: Tarka iku kandhah dening patra, patra kandhah dening saksi, saksi kandhah dening cihna, cihna kandhah dening bukti, bukti kandhah dening satmata, satmaka kandhah dening pramana, pramana kandhah dening yumana, yumana kandhah dening sanyata, yèn sampun sanyata punika kenging winisesa, kula punika têka sêpên saking makatên wau, rahayunipun ing wêkasan antuk pitulung, bêbasan bagya tan pilih marga. Mangkana rêsi ingkang amiyarsa sami gumêr gumujêngipun, dening cucuding Bathara Ardhana dènnya anyariyosakên lêlampahaning sariranipun, sasampunipun makatên, nuntên rêmbag sami mantuk, ing antawis dintên mangkat, Dèwi Wanudari kinèn wangsula dhatêng têlênging samudra, kacariyos lampahing para dewa para rêsi sami kaampirakên dening Bathara Ardhana, dhatêng ing wukir Kusara, wontên ing ngriku langkung kinurmatan dhatêng Rêsi Manumadewa, ing antawis dintên mangkat saking wukir Kusara, Rêsi Manumadewa umiring, badhe tumut angèstrèni dhaupipun kang rayi

--- 4 : 100 ---

Wasi Kisthira kalihan Dèwi Ganggastini, kacariyos wontên ing margi Ajar Walutru angacarani mampir dhatêng Kagaluhan, sanadyan wontêna engkolipun ing lampah sawatawis, mugi sami kaparênga, para dewa para rêsi inggih panuju ing karsa, awit angiras suka panarima dening panyambuting cundhamani sarêng dumugi ing Kagaluhan, Rêsi Srahuka sakalangkung kurmat ing sêsugunipun, wartos-winartosan ing lampah sami suka sukuripun, nuntên Rêsi Sakra angantukakên cundhamani mawi têmbung suka panarima, Rêsi Srahuka anampèni sarwi manadukara. Ya ta ing nalika punika kacariyos, Ajar Walutru matur dhatêng kang rama, yèn darbe pamanah dhatêng Dèwi Widhasari, putraning Bathara Ardhana, Rêsi Srahuka lajêng matur bêbisik dhatêng Rêsi Artaètu, supados karsaa anêmbungakên dhatêng Bathara Ardhana, wangsulanipun Bathara Ardhana, inggih amrayogèkakên, nanging dhaupipun wontên ing Ngadongdhadhapan kemawon, dados botên kalêbêt ing têmbung kabêdhogan, Rêsi Artaètu anêmbadani wêwangsulan makatên wau, sasampunipun sami rêrêm, ing antawis dintên sami mangkat saking Kagaluhan, Rêsi Srahuka umiring, botên kacariyos lampahipun wontên [wo...]

--- 4 : 101 ---

[...ntên] ing margi, sarêng dumugi ing Ngandongdhadhapan sami tinata piyambak-piyambak. Enggaling cariyos, Dèwi Ganggastini sampun mêdal saking mairakaca, lajêng kadhaupakên akalihan Wasi Kisthira, binayangkarya sarêng kalihan dhauping Dèwi Widhasari antuk Ajar Walutru, dene punang mairakaca musna, kacariyos wangsul dhatêng kahyanganing Sang Hyang Basudhara, dumugining pêndhak dintên para dewa para rêsi sami mantuk piyambak-piyambak.

Antawis ing dalêm tigang taun surya, botên wontên ingkang kacariyos, sarêng andungkap kawan taun surya cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêting taun Sujarêha, etanging taun surya sangkala 550, tinêngêran tanpa marga gulingan muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 567, tinêngêran suka rarasing gati.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos, Prabu Basukèsthi katamuan raja pandhita, saking sabrang nagari ing Malawa, anama Bagawan Surata, dhatêngipun ing Wiratha ambêkta ingkang adi-adi, rajapèni rajabrana warni-warni, kaaturakên dhatêng Prabu Basukèsthi langkung suka, Bagawan Surata matur dhatêng Prabu Basukèsthi: Dhuh sang prabu ing mangke kula

--- 4 : 102 ---

sampun sèlèh kaprabon dhatêng putra, anama Prabu Srama, taksih jêjaka nanging sampun widagda ing saniskara, kuciwa lumuh apalakrama yèn botên antuk putri kang atunggil băngsa, sarêng kula amiyarsa warti pêpêkênan saking asranging samirana, asraking ampuhan, lêpasing gundhala, bêbasan tutur kalantur, pawarta katular-tular, ujar pinajarakên, manawi panjênêngan paduka jumênêng nata ing Wiratha saha sampun apêputra, punika saking anggèn kula kapasuk ing suka, kalampahan sowan tanpa cêcala rumiyin, langkung sumêngka sumantana angandêlakên yèn taksih sauyun, ing saèstunipun, kenging bêbasan sumawana angawu-adhu,[10] dumèh têbih-têbih taksih kantênan prênahipun, lamat-lamat taksih katingal kukusipun, kentar-kentaring maruta taksih mambêt gandanipun, ingkang makatên punika botên pisan-pisan manawi rumaosa ingakên kawulawarga, botên langkung amung sêdya nênuwun anuwila-gănda, manawi kaparêng ing karsa badhe anuntumakên daging arênggang, angumpulakên balung apisah, ingkang supados botên kapêjahan obor kapêdhotan tambang, sarèhning anunggil sami amêngku nagari piyambak-piyambak, bokmanawi kalajêng tanpa saban sêsobenan, [sê...]

--- 4 : 103 ---

[...sobenan,] marginipun sagêda kalampahan dados uyun-uyunan malih, anak kawula Prabu Srama punika kawula saosakên mêmagangan panakawan, mugi karasa kapupua kados kamumu, kaimpua kados katêmu, manawi angsal êbun-êbun enjing jawah-jawah sontên, tuwuhipun lowung-lowung dados rowang, têlas aturing Bagawan Surata. Prabu Basukèsthi gumujêng sarywa ngandika: Têka têbih têmên yayi prabu anggènipun anyangkani jalaraning anandukakên sipta sasmita, ing saèstunipun kang kawasa karya abên manising tumuwuh amung Sang Hyang Wisesa, Bagawan Surata andhêku, ing wêkasan Prabu Basukèsthi ubanggi benjing masa palguna kinèn lajêng angaraka, Bagawan Surata sampun lêga galihipun, ing antawis dintên pamit mantuk.

Gêntos kacariyos ing dhusun Kagaluhan, mangkya Dèwi Widhasari kalêpatan ing kakung, awit anglirwakakên wêwêling, wontên udakanjali kumba, tgêsipun: padasan wadhah toya kadamêl sêsuci yèn badhe amêmuja, punika winalêran, botên kenging yèn ngantos wontên kang angangge toyanipun kadamêl cawik mêntas sêsêne ing sapanunggilanipun, adat asring amilalati, ing nalika [na...]

--- 4 : 104 ---

[...lika] punika Dèwi Widhasari têka kasupèn ing wêwalêr makatên wau, nuju kabêlêt sêsêne wontên ing ngriku lajêng awit angangge toyaning udakanjali kumba, Ajar Walutru sumêrêp lajêng kagêtak saking wingking, nanging panggêtakipun amung kadamêl gêgujêngan kemawon, sarwi muwus makatên: Lah kadhinginan tuwuh sira iku, punika Dèwi Widhasari kagèt lajêng muksa tanpa karana, kacariyos tuwuh dados sêkar widhasari, atilar suta jalu satunggal, nama Bangbang Swagandana tansah dinama-dama ing sudarmanipun, awit amêmêlas dene katilar ingkang ibu.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, nagari ing Wiratha mangkya wontên tamu saking nagari ing Malawa dhatêng langkung sinuba-suba, sarêng dumugi ing dintên ingkang pinilih prayogi, ratu ing Malawa ingkang anama Prabu Srama, kadhaupakên antuk putrinipun Prabu Basukèsthi ingkang pambayun, anama Dèwi Basuwati, langkung agêng bawahaning pamiwaha andhatêngakên suka-suka parisuka.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos malih nagari ing Wiratha, Prabu Basukèsthi karsa ambangun bawahaning pangantèn anuju kawan dasa dintênipun, wadya punggawa ing Wiratha kalihan [ka...]

--- 4 : 105 ---

[...lihan] wadya punggawa Malawa sami suka sumungku tanpa saru sêsiku, sarêng ing antawis dintên Prabu Srama bidhal kondur dhatêng Malawa.

Ing salêbêting taun Sadhamuka, etanging taun surya sangkala 551, tinêngêran ratu anata gati. Kaetang ing taun candra sangkala 568, tinêngêran sarira angrasa tata.

Amarêngi masa sitra, kacariyos, ing nagari Wiratha, mangkya putrinipun Prabu Basukèsthi ingkang panênggak, anama Dèwi Basutari musna tanpa karana, ingupadosan botên kapanggih, andadosakên rêntênging galihipun Prabu Basukèsthi têmah karya sayêmbara, singa kang amanggihêna badhe kadhaupakên.

Taksih sami ing salêbêting masa sitra, gêntos kawuwusa ing Gandara, putranipun Rêsi Manonbawa ingkang anèm anama Bangbang Manungkara, sampun kala alit mila anggènipun rêmên asring kesah mubêng-mubêng ing sabên dalu, antukipun yèn sampun bangun enjing, ing nalika punika Bangbang Manungkara nuju kesah mubêng-mubêng ing dalu kapanggihan ing gandarwa, Bangbang Manungkara têtakèn, wangsulaning gandarwa angakên nama Jajatma, tinakenan sêdyanipun, gandarwa [ga...]

--- 4 : 106 ---

[...ndarwa] walèh yèn angupaya pêpasihan, awit anggènipun andhustha putri ing Wiratha kang anama Dèwi Basutari, badhe ingangkah kinarya rabi, ananging Dèwi Basutari sangêt lênggana, ing sabên pinarpêkan kewala arsa anglampus, mila gandarwa pun Jajatma sangêt kawêkèn, punaginipun sintên ingkang asung sarana supados lulusa dados rabi kenginga cinangkraman, punika ingkang sagêd nglulusakên wau badhe sinungan kasugihan ingkang angungkuli ing sasaminipun, Bangbang Manungkara anggarjita ing tyas rumaos antuk kala desa, dados anyagahi nanging namung badhe angapus krama kemawon, mawi apêpanggil minta ing kayêktosaning kasugihan wau, kalihan kêdah tinêdahêna ing panggenaning Dèwi Basutari. Gandarwa anyagahi lajêng angulungakên maniara, têmbungipun: Lah ênya iki maniara arane, pètên kinarya sarananing kasugihan, sabarang kang sira usap ing maniara iki yèn bangsaning dumadi sayêkti dadi rêtna, yèn bangsaning têtuwuhan sayêkti dadi kancana, amung yèn kausapakên ing bangsaning tumitah anggêr tinungkul ing pangusape, iku sayêkti dadi arca. Bangbang Manungkara anampèni maniara sarwi têtakèn makatên: Yèn ana kang kausapan anêmahi [a...]

--- 4 : 107 ---

[...nêmahi] dadi arca, kaya paran ing pangruwate. Gandarwa angulungakên lisah muksala winadhahan ing cublak, wuwusipun: Lah ênya iki lênga muksala arane, yèn kausapake ing sabarang kang anêmahi dadi arca utawa kang kêna ing papa cintraka, sayêkti ruwat nirmala waluya jati. Bangbang Manungkara anampèni sarwi têtakèn malih: Lah apa panunggalane manèh liyane saka iki, gandarwa angulungakên sela martyujiwa, wuwusipun: Lah iki ana watu martyujiwa arane, panguripane băngsa siluman, yèn ana băngsa siluman anêmahi kajantaka, kausapan ing watu martyujiwa iki dadi waluya. Sampun katampenan dhatêng Bangbang Manungkara sarwi têtakèn ing panunggilanipun malih. Gandarwa angulungakên kanthong sarywa muwus: Lah iki kanthong arumba arane, singa ingkang kanggonan utawa anggawa kanthong iki dadi ora katon, sampun katampenan malih dhatêng Bangbang Manungkara sarwi têtakèn: Lah iya kanthong iki dadi bisa ora katon, balik arêp wêruh marang sarupaning kang ora katon kaya paran. Gandarwa angulungakên lisah pranawa winadhahan kados cêcupu, wuwusipun: Lah iki lênga pranawa arane, yèn sinipatake [sinipata...]

--- 4 : 108 ---

[...ke] ing netra dadi wêruh marang sarupaning kang ora katon, yèn tinètèsake ing karna dadi angrungu ing rêrasane kang ora katon. Lajêng tinampenan dhatêng Bangbang Manungkara taksih têtakèn malih: Lah iya lênga pranawa iki dadi amêruhakên marang sagunging kang ora katon, ananging kang ora nganggo asêsipat lênga pranawa măngsa wêruha, iku kaya paran bisane angatonake kang ora katon kênaa tiningalan ing ngakèh. Gandarwa lajêng angulungakên kados pêpêcut sarwi muwus: Lah iki oyoding bayura, kang tumuwuh ana ing jagad pêtêng, yèn dèn obat-abitake utawi sinabêt-sabêtake, măngka ana băngsa siluman kang kêna ing sêsabêt amasthi kamanungsan. Sampun katampenan dhatêng Bangbang Manungkara, ananging taksih têtakèn panunggilanipun malih, gandarwa angulungakên toya winadhahan kados têtêlih ayam sarwi muwus: Lah iki banyuning oyot bayura, yèn kausapake ing tangan, sabarang kang cinêkêl dadi usada amarasake lêlara, Bangbang Manungkara anampèni sarwi têtakèn panunggilanipun malih, wangsulaning gandarwa: Mung kari sawiji iki candu sakti arane, dadi kaluwihaning băngsa lêlêmbut kawasa manjing ajur-ajèr,

--- 4 : 109 ---

lan santika ing laku bisa têka padha ing sanalika, yèn sira jaluk iya sun wènèhake, ananging nuli wèhana sarana pangasihan, Bangbang Manungkara muwus sarwi tungtung gumujêng: Lah iya aja sumêlang, anggêr ingsun wêruh panggonaning putri Wiratha sayêkti nuli sun wèhi sarananing pangasihan kang pramati. Gandarwa angulungakên candu sakti sarwi muwus: Lah payo ingsun tuduhakên, Bangbang Manungkara tut wingking. Sarêng dumugi ing sangandhaping kajêng gurda pêthak, gandarwa muwus: Lah sira anganggoa sêsipat lênga pranawa, Babang[11] Manungkara sampun asêsipat lajêng sumêrêp ing dhangkanipun gandarwa langkung asri kawuryan, sarta katingal Dèwi Basutari kados angêmu sungkawa. Bangbang Manungkara ing sanalika antuk pambudi, gandarwa lajêng pinarêpêkan kausap ing maniara lajêng dados arca, nuntên Dèwi Basutari pinarêpêkan kausap ing maniara lajêng dados arca, nuntên wontên gandarwa jalu èstri dhatêng sarwi anggêgiro gra magalak, tinakenan dhatêng Babang Manungkara angakên yayah renaning gandarwa Jajatma, tinakenan namanipun ingkang jalu sajarwa nama Parupuy, ingkang èstri sajarwa nama Prawi, lajêng tinadhahan ing prang dhatêng Bangbang Manungkara, sarêng gandarwa jalu èstri kenging sinabêt ing oyod bayura lajêng [la...]

--- 4 : 110 ---

[...jêng] sami kamanungsan andheprok botên darbe krêkat, sarta botên sagêd anggulawat, amung sami nangis analăngsa minta pangaksama, nuntên Bangbang Manungkara anyabêti ing salêbêtipun ingkang katingalan ing ngriku sadaya, akathah ingkang sami kamanungsan, dalah arca wau sampun katingalan kalih pisan, kala samantên kamanungsanipun sadaya wau sarêng byar raintên. Nuntên Bangbang Manungkara angandika dhatêng gandarwa pun Parupuy: Lah tunggunên arca loro iku, aja sira anukarta, yèn kongsi rusak amêsthi sira sun plaksana, ingsun mulih sadhela tumuli bali. Nuntên Bangbang Manungkara mantuk matur ing rama miwiti mêkasi, Rêsi Manonbawa kadêrêng arsa uninga lajêng tindak mariku, ingkang umiring Arya Paridarma, Bambang Maneriya, Bangbang Bahnija para magêrsari kathah ingkang sami andhèrèkakên, sarêng dumugi ing ngriku sami ngungun ing pandulunipun, nuntên rêmbag angaturi uninga dhatêng Wiratha, Bangbang Manungkara ingkang arsa tumindak piyambak, amargi sampun darbe sarana gancanging lampah sagêd dhatêng sami sanalika, ingkang rama mangayubagya, Bangbang Manungkara mangkat. Dumugi ing Wiratha anjujug ingkang raka Arya Sriyati, sampun winartosan salwiring lêlampahanipun sadaya, Arya Sriyati [Sriya...]

--- 4 : 111 ---

[...ti] langkung suka pirênaning galih, lajêng matur dhatêng Patih Janaloka, sanalika laju katur ing Prabu Basukèsthi. Ingkang dados karsanipun Prabu Basukèsthi badhe têdhak dhatêng panggenaning arca, Bangbang Manungkara dhinawuhan kinèn angrumiyini, sanalika lajêng mangkat sakêdhap dumugi ing panggenaning arca sampun matur dhatêng ingkang rama, Rêsi Manonbawa parentah damêl panggenan pinasang rakit pakuwon. Ya ta gandarwa Parupuy, akalihan semahipun kang anama Prawi, sami tansah karuna angaru-ara, sêsambat minta aksama, Bangbang Manungkara muwus: Lah antinên ing sawatara dina, yèn wus kauningan ing Sang Ratu Wiratha manawa ana wêlase maring sira. Sarêng ing antawis dintên Prabu Basukèsthi rawuh ing ngriku, sangêt ing pangungunipun aningali ingkang putra dados arca punika, dangu-dangu sangsaya karêrantan ing galih wêkasan angandika: Yèn ana kang angruwat putraningsun sayêkti ingsun dhaupakên. Bangbang Manungkara lajêng amusthi lisah muksala, arca gandarwa ingkang kausapan rumiyin, sarêng ruwat gandarwa madêg bramatya sarwi anguman-uman: He kodhik manungsa dama, gawemu angapus krama, ujarmu saguh awèh pangasihan supaya sang putri ing Wiratha kang ingsun dhustha iku dhêmêna

--- 4 : 112 ---

marang ingsun, wêkasan malah sira dadèkakên arca, ing mêngko ora wurung sira sun walês ukum. Ya ta Rêsi Manonbawa duk miyarsa ing wuwusing gandarwa langkung êmar maras manawi ingkang putra anêmah papa cintraka saking padamêling gandarwa. Ing ngriku Rêsi Manonbawa lajêng matêk aji danurdara, ing sanalika gandarwa ambruk botên sagêd ebah, lajêng nangis sêsambat minta aksama, gandarwa Parupuy, akalihan Prawi sami anglud karuna anuwunakên pangapuntên ing anakipun gandarwa Jajatma punika, Bangbang Manungkara nêmbah matur ing Prabu Basukèsthi, nyuwun anyadhong dhawah, mênggah gandarwa ingkang andhustha ing putra paduka punika sumăngga ingkang dados karsa nata, pangandikanipun Prabu Basukèsthi: Amborongakên dhatêng Patih Janaloka. Ing sanalika Patih Janaloka sampun nampèni ing sipta sasmita ingkang dados karsa nata, lajêng têtakèn dhatêng gandarwa: Lah pagene sira têka padha anangis, sêsambat minta apura, paran kang dadi darunane sira matura dhewe-dhewe. Gandarwa sami matur piyambak-piyambak ing wiwitan dumugi wêkasan, wuwusing Patih Janaloka: Yèn mangkana sira wus kayumana têtêp yèn durjana, basa durjana kang kêna ing apus krama iku upamane tikus kêna

--- 4 : 113 ---

ing kala, sayêkti mung gumantung ana ing wisesa. Prabu Basukèsthi sampun anyandhak ing wuwusing Patih Janaloka, ingkang makatên punika têgêsipun amborongakên ingkang dados karsa nata, lajêng angandika: Gandarwa ingsun apura awit saka kalonglongan dening pangapus krama, nanging ingsun jêjêrake pidananing durjana, ingsun tundhung lungaa dèn adoh, ora ingsun lilani marêka ing pakaranganing wong. Gandarwa duk miyarsa ing pangandika nata langkung ajrih lajêng kesah katiga pisan sarwi anangis. Nuntên Bambang Manungkara marêk mangarsa nêmbah matur yèn badhe angruwat putra nata sampun kalilan. Bambang Manungkara lajêng musthi lisah muksala kausapakên dhatêng arca, ing sanalika ruwat dados Dèwi Basutari anungkêmi pangkoning rama sarywa karuna, Prabu Basukèsthi angrangkul ing putra inggih karuna, ingkang wontên ing ngabyantara nata sadaya sami tumungkul arawat waspa, enggaling cariyos Prabu Basukèsthi lajêng kondur dhatêng Wiratha.

Amarêngi masa sitra, Dèwi Basutari kadhaupakên antuk Bangbang Manungkara, langkung gênging pamiwaha andhatêngakên suka, nuntên Bangbang Manungkara kinarya punggawa, kaparingan nama Arya Manungkara.

--- 4 : 114 ---

Amarêngi masa palguna, kacariyos, nagari ing Wiratha Prabu Basukèsthi katêdhakan Sang Hyang Naradha, angêmban timbalanipun Sang Hyang Jagadnata, dhawuh pangandikanipun: Sutanira Si Basutara kinèn angulati jatukramane, aran Dèwi Rêtnadi, sutaning Rêsi Artaètu ing Ngandongsari, iku Dèwi Rêtnadi musna tanpa karana, ing mêngko Rêsi Artaètu dahat sungkawa kongsi karya sayêmbara, singa kang anêmokêna bakal kadhaupake, dene panggonane Dèwi Rêtnadi iku ingsun tan kalilan sajarwaa, karana ing wuri ana jalaraning katêmu, têlas pangandikanipun Sang Hyang Naradha lajêng muksa. Nuntên Prabu Basukèsthi animbali kang putra Radèn Basutara, dhinawuhan ingkang dados pangandikanipun Sang Hyang Naradha sadaya, Radèn Basurata matur sandika, ing antawis dintên mangkat kinanthenan Arya Manungkara saha wadya sawatawis.

Gêntos kacariyos ing Mêdhangkamulan, mangkya Prabu Danèswara sinewaka ing wadyabala, Patih Gandarwa Raja Citradana dhinawuhan angupaya budidaya, ingkang dados sarananing pangasihan, supados garwanipun kang anama Dèwi Rêtnadi puruna cinangkraman, patih matur sandika, ing nalika punika lajêng anuduh punggawa manusa wasta

--- 4 : 115 ---

Sang Margana, kinèn lumampah dhatêng Saptarga anênuwuna pitulung dhatêng Rêsi Manumanasa, Sang Margana nêmbah mundur saking ngarsa lajêng mangkat ambêkta kanthi panêkaripun ing sawatawis.

Ya ta kacariyos, lampahipun Radèn Basutara akalihan Arya Manungkara, mangkya rêmbag sami anjujug ing Ngandongsari, badhe angyêktosakên ingkang dados sayêmbaranipun Rêsi Artaètu, sapraptaning Ngandongsari kapanggih kalihan Rêsi Artaètu, tinakenan matur yèn kautus Prabu Basukèsthi, angyêktosakên sayêmbara, yèn saèstu makatên, Radèn Basutara lajêng kinèn amadosi. Wangsulanipun Rêsi Artaètu inggih sayêktos ingkang putra ical kasayêmbarakakên, ing mangke kapasang yogya, badhe sowan dhatêng Saptarga anuwun pitêdahipun Rêsi Manumanasa, yèn kaparênga badhe kadhèrèkakên dhatêng Saptarga, wasisan ing damêl supados kantênan kang pinurugan, Radèn Basurata anayogyani. Ing antawis dintên sami mangkat, wontên ing margi kapêthuk duta saking Mêdhangkamulan, Arya Manungkara marêpêki sarta têtakèn nama miwah ing sangkan paran, winangsulan anama Sang Margana, saking Mêdhangkamulan [Mêdhangkamu...]

--- 4 : 116 ---

[...lan] dinuta ing Prabu Danèswara kinèn dhatêng Saptarga, anuwun sarana pangasihan dhatêng Rêsi Manumanasa, karantên Prabu Danèswara krama enggal angsal dêdungik ing Ngandongsari, anama Dèwi Rêtnadi, sapariki dèrèng kenging cinangkraman. Arya Manungkara takèn malih, punapa Sang Margana sampun nate sumêrêp dhatêng Rêsi Manumanasa ing Saptarga. Winangsulan dèrèng pisan-pisan, yèn kaparênga mugi kapitêdahêna ancêr-ancêring wukir Saptarga, Arya Manungkara amangsuli yèn darbe damêl piyambak kautus ing Prabu Basukèsthi kinèn dhatêng wukir Saptarga, Sang Margana amitêmbung badhe nunut kemawon, Arya Manungkara lumuh yèn kanunutana, dangu-dangu sami salaya ing ujar têmah dados prang langkung rame gêntos kalindhih, sarêng Sang Margana kalimpe ing solah kausapan maniara dhatêng Arya Manungkara, Sang Margana lajêng dados arca, para panêkaripun sami mangsah pêpulih angrubut dhatêng Arya Manungkara, singa kang kalimpe ingusapan maniara sami dados arca, ingkang kantun sami kapalajêng mantuk dhatêng Mêdhangkamulan matur ing Prabu Danèswara.

Mangkana wangsul ingkang kacariyos, Rêsi Artaètu, Radèn Basutara, Arya Manungkara, sami rêrêmbagan prayogining [pra...]

--- 4 : 117 ---

[...yogining] lampah, sarèhning sampun antuk êlêr panggenaning Dèwi Rêtnadi, Radèn Basutara kêdah dhatêng Mêdhangkamulan. Rêsi Artaètu botên anêmbadani, kaprayogèkakên luhung lajua dhatêng Saptarga anuwun pratikêl ingkang pakantuk linampahan. Arya Manungkara mangayubagya lajêng mangkat. Dumugi ing Saptarga kapanggih kalihan Rêsi Manumanasa sami angèstu pada. Sarêng sampun rêrêm, Arya Manungkara matur ing salwiring rèh sadaya, wêkasanipun anuwun pratikêl ingkang prayogi linaksanan. Rêsi Manumanasa angandika dhatêng Rêsi Artaètu: Yayi, sarèhning sampun kantênan panggenanipun putra kula Dèwi Rêtnadi, wontênipun ing ngriku awit saking kadhustha ing duratmaka, punika manawi lajêng apinèt sarosa saèstu botên kawawa, amargi mêmêngsahan kalihan dewa angejawantah, Prabu Danèswara ing Mêdhangkamulan punika sajatosipun Bathara Dhanendra, putraning Sang Hyang Purwacandra, Patih Gandarwa Raja Citradana punika sajatosipun Sang Hyang Tigara, arining Sang Hyang Purwacandra, ewadene kenging linaksanan saking pratikêl sarana dibya, botên langkung amung pinurwèng ăngga katêgês ing karsa pininta dhatêng Kang Kawasa,

--- 4 : 118 ---

karantên pangandhahing hawa masa punika saking pana pranawa, tgêsipun: pamunahing manah durjana punika saking budi sujana, dados botên kawistara ing saniskara. Rêsi Artaètu andhêku matur sumăngga ing karsa, Rêsi Manumanasa kèndêl ing sanalika angêningakên cipta, botên antawis dangu Dèwi Rêtnadi prapta ing ngarsa, nuntên Rêsi Manumanasa andangu dhatêng Rêsi Artaètu, punapa inggih punika putranipun yayi kang anama Dèwi Rêtnadi. Rêsi Artaètu matur sarywa rawat waspa udrasa. Lah inggih punika kakang maharêsi anak kawula pun Rêtnadi. Pangandikanipun Rêsi Manumanasa: Yèn makatên yayi prayogi angluwari ingkang dados sayêmbara, sajatosipun saking karsaning Kang Kawasa, Dèwi Rêtnadi punika sampun pinasthi dados jodhonipun Radèn Basutara, manawi sami kaparêngipun suwawi sowan dhatêng Wiratha, Rêsi Artaètu mangayubagya, ing antawis dintên mangkat. Dumugi ing Wiratha dhatêng ngabyantara nata, wartos winartosan andadosakên suka sukuring galih, ing wêkasan Radèn Basutara kadhaupakên antuk Dèwi Rêtnadi, langkung gênging pamiwaha andhatêngakên suka, para widadara-widadari sami tumurun angèstrèni.

--- 4 : 119 ---

Kunêng gêntos kacariyos, ing Mêdhangkamulan, mangkya Prabu Danèswara duk miyarsa aturing wadya kang kapalajêng dahat bramantya, arsa mêksa amisesa dhatêng Dèwi Rêtnadi sampun musna, miwah katungka pamiyarsaning ujar pinajarakên, yèn Dèwi Rêtnadi wontên ing Wiratha sampun apalakrama, mila Prabu Danèswara lajêng undhang dhatêng wadyabala manusa ditya sato wana paksi taksaka, yèn arsa anglurug dhatêng Wiratha, sasampuning samapta budhal saking Mêdhangkamulan. Dumugi ing Wiratha lajêng ngamuk punggung sura tan taha, para wadya ing Wiratha gugup kapalajêng rêbat pangungsèn sowang-sowang, saking giris dening pangamuking ditya sato wana paksi taksaka. Ing ngriku Arya Manungkara mangsah pêpulih nirbaya nirwikara, singa kang katungkul kausapan ing maniara sami dados arca, Prabu Danèswara duk uninga rumaos merang lajêng muksa sarêng kalihan Sang Waksa, Sang Barigu, Sang Urna, Sang Wiswana, para wadya ingkang botên dados arca sami nungkul. Ing antawis dintên Arya Manungkara kadhawahan angruwat ingkang sami dados arca sadaya, para manusa ditya lajêng sami anungkul, kala samantên wiwitipun ing Wiratha kagungan wadya ditya. Dene para sato wana paksi taksaka sarêng sampun [sa...]

--- 4 : 120 ---

[...mpun] ruwat lajêng sami mêsat wangsul dhatêng panggenanipun sowang-sowang. Nuntên Rêsi Artaètu kaparingan nagari ing Mêdhangkamulan, anggêntosi Prabu Danèswara, kaparingan nama Prabu Mahèswara, sarêng Rêsi Basunanda kawangsulakên dhatêng Gajahoya malih jumênêng raja pandhita, angêmbani putranipun Prabu Astimurti kang anama Radèn Wasanta, ing antawis dintên sami kalilan mangkat sowang-sowangan, etang anggènipun Prabu Danèswara jumênêng nata wontên Mêdhangkamulan, laminipun 7 taun.

Ing salêbêting taun Sadhaksadha, etanging taun surya sangkala 552, tinêngêran buja tinata ing marga. Kaetang ing taun candra sangkala 569, tinêngêran trustha angrasa tata.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, Dèwi Rêtnadi ambabar mijil kakung, pinaringan nama Radèn Basukêthi, Dèwi Rêtnadi lajêng seda konduran, Radèn Basutara kataman gandrung asmara, tansah ingimur-imur ing rama.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos, wontên brahmana dhusun ing Dwumapala, nama Brahmana Sati, lumêbêt dhatêng ing nagari Wiratha kapanggih kalihan Patih Janaloka, Brahmana Sati matur botên suka botên narima kapalipun [ka...]

--- 4 : 121 ---

[...palipun] pincang awit dipun pandamêl ing rare angèn, wasta pun Mudha, sutaning paragak ing dhusun Karuman ingkang awasta pun Tamtama, Patih Janaloka lajêng utusan animbali pun Tamtama sarta kinèn ambêkta anakipun kang awasta pun Mudha, sarêng sampun sami prapta, Patih Janaloka lajêng andangu dhatêng pun Tamtama, karantên ing anakipun pun Mudha amêndamêl kapaling Brahmana Sati ngantos pincang, pun Tamtama matur botên sumêrêp. Nuntên pun Mudha kadhawahan majêng lajêng dinangu, aturipun: Kula botên andamêl pincanging kapalipun brahmana, malah pun brahmana ingkang andamêl kapitunan kula. Patih Janaloka andangu liring kapitunan. Pun Mudha matur: Kula punika ing sabên dintên pandamêlan kula angèn maesa gadhahanipun pun rama, angiras kula sêsambi damêl sayaning amêndhêt ulam toya, wontên tulakaning sabin kaisèn toya saking luwangan, punika sakiwa têngêning tulakan wau kula pasangi ijêp-ijêp kados pikat, ing sabên wontên ulam milir minglar awit kagèt ebahing ijêp-ijêp ingkang angsal ing toya, inglaring ulam wau dhawah ing jêjuranging rêdèn awêkasan kenging kula pêndhêt, adat ingkang sampun kalampahan ngantos kathah angsal kula ulam. Sarêng nuju satunggaling dintên, [di...]

--- 4 : 122 ---

[...ntên,] wontên brahmana numpak kapal badhe langkung ing ngriku, dèrèng takèn dèrèng akèn kasêsa saha nêpsu, wuwusipun: Lah iki apa bocah kapaung, galêngan têka dèn undhung-undhungi lêmah kongsi dhuwur kaya gunung mangkene, singkirêna gunungmu iki aku arêp liwat, yèn ora kosingkirake amasthi kalakon sira sun pilara, wangsulan kula makatên: Adat ingkang sampun kalampahan, botên wontên ardi anyingkiri tiyang lumampah, awit ardi punika botên sagêd ebah, ing kalimrahanipun tiyang lumampah ingkang anyimpangi ardi. Punika pun brahmana muwus sarwi misuh: si kakèkane apa dadak jaran ingsun ora bisa angunggahi gunungan sêmene. Kula amangsuli: He lah kados sampeyan botên anumpak lêmbu, awit sampun darbe tumpakan kapal pramati, ing sasumêrêp kula limrahing brahmana punika tumpakanipun lêmbu, kabar pikantukipun sarèh dhatêng panggalih. Pun brahmana mungêl hus, lajêng kapalipun kainggahakên ing rêdèn ngiras kadamêl ambibrah pisan, saking watawis kapal kapalèsèd ing ijêp-ijêp kajêng kajêngkêlok ing tulakan, kapal ambruk brahmana dhawah kasingsal, tangi anyandhak lungka, kula kabênturan ing lungka lumajêng, [luma...]

--- 4 : 123 ---

[...jêng,] botên sumêrêp ing lêlajênganipun, têlas aturing rare pun Mudha.

Patih Janaloka anggraita ing galih yèn brahmana ingkang lêpat, lajêng andangu dhatêng pun Mudha: Apa ana rowangira kang padha angon. Pun Mudha matur: Inggih akathah rencang kula rare angèn malah sami nyumêrêpi. Patih Janaloka lajêng utusan animbali rare angèn kang dèn aturakên pun Mudha, sarêng dhatêng sami kadangu, aturipun inggih kados ingkang dipun aturakên pun Mudha wau. Ing ngriku Patih Janaloka sampun anêtêpakên ing kalêpataning brahmana, ananging badhe kapikantukakên dhawah jampining kapalipun, lajêng kadhawahakên dhatêng pun Tamtama, yèn pun Mudha kalêrês kenging udhunan dhawah jampining kapal, pun Tamtama matur sandika. Nuntên pun Mudha wicantên dhatêng bapakipun: Lah rama yèn pun brahmana badhe angsal udhunan dhawah jampining kapalipun, kula inggih badhe angsal ili-ilining kapitunan, punika sintên ingkang anyukani ili-ilining kapitunan kula, Patih Janaloka duk amiyarsa ing wuwusipun pun Mudha dhatêng bapakipun têka amêwahi panggarjitaning galih, lajêng angandika dhatêng pun Tamtama: He Tamtama, mungguh udhuning

--- 4 : 124 ---

patiba jampi lawan pangili iku ing mêngko ingsun dhewe kang katêmpuh amaringi, murwataning patiba jampi perak sabobot, murwataning pangili perak satêngah bobot, ananging ingsun bakal amaringi luwih sêka iku. Pun Brahmana Sati pinaringan busana sapangadêg, Brahmana Sati sampun anampèni lajêng kalilan mantuk, rare ingkang kathah-kathah sami pinaringan ing samurwatipun lajêng dhinawuhan mantuk sadaya, amung kantun pun Tamtama kalihan pun Mudha ingkang dèrèng kalilan mantuk, pangandikanipun Patih Janaloka: He Tamtama, anakira Si Mudha iku sun arani bocah micara, yèn padha kaparênge ingsun pundhut bakal ingsun gawe kanthi angrata jagad, pun Tamtama matur sumăngga ing karsa, nuntên pun Mudha wicantên dhatêng bapakipun, lah rama yèn kula kakarsakakên dados kanthi angradin jagad botên sagêd, pakèwêding manah kula kadospundi pangradinipun ing sakathahing ardi, kadospundi pangurugipun sagantên. Patih Janaloka duk miyarsa gumujêng suka sarywa ngandika: Ora ingsun kon angrata jagad, mung ingsun kon anata saisining jagad. Pun Mudha wicantên malih dhatêng bapakipun: Lah rama yèn kula kakarsakakên anata saisining jagad [ja...]

--- 4 : 125 ---

[...gad] inggih botên sagêd, mila makatên, isèn-isèning jagad punika warni-warni, wontên ingkang katingal, wontên ingkang botên katingal, pakèwêding manah kula kadospundi ênggènipun aminta-minta ing sagolong-golonganipun piyambak-piyambak. Patih Janaloka sangsaya gumujêng suka lajêng angandika malih: Ora ingsun kon nata saisining jagad, mung ingsun kon aniti pariksa saisining jagad ingkang katon kewala. Pun Mudha wicantên malih dhatêng bapakipun: Lah rama yèn kula kakarsakakên aniti pariksa saisining jagad ingkang katingal kemawon inggih botên sagêd, pakèwêding manah kula kadospundi pamicalipun lintang ing langit kalihan têtuwuhan ing bumi, sampun ingkang punika, upami kula amicala wulu kula piyambak măngsa sagêda. Patih Janaloka sangsaya suka angguguk gujêngipun, pangandikanipun: Ora ingsun kon aniti pariksa saisining jagad katon kewala: mung ingsun kon amurih ing karta raharjaning jagad. Wicantênipun pun Mudha dhatêng bapakipun malih: Lah rama yèn kula kakarsakakên amurih ing karta raharjaning jagad inggih botên sagêd, awit kula dèrèng uninga ingkang dados têtêngêring [tê...]

--- 4 : 126 ---

[...têngêring] sujana kalihan durjana, utawi kula botên sumêrêp dhawahing cilaka akalihan dhatêngipun ing bêgja, kadospundi pameranging sujana kalihan durjana, kadospundi pamêsthining cilaka kalihan bêgja. Patih Janaloka kèndêl, awit winatawis tanpa wêkas, wasana ngandika ririh dhatêng punggawa ingkang cêlak dènira lênggah, rare punika dede sabaènipun, ananging pamatawis kula kenging kadamêl patakenan lan panantunan, aturing punggawa ingkang tinuju ing wuwus amisinggihakên. Patih Janaloka lajêng angandika dhatêng pun Tamtama: He Tamtama, ingsun amung milu angambil suta kewala maring anakira iku, kênaa tinari-tari, ananging sarating ngambil suta iku sayêkti kudu wêruh ing talitine, lah mara ingsun jarwanana kang anurunakên ing sira. Pun Tamtama matur: Kala taksihipun pun biyung, kawarti kula punika anakipun Arya Sanyaki ingkang seda prang ing nagari Gilingwêsi, Arya Sanyaki punika putraning Radèn Tri Mapunggung ingkang sampun dados jawata nama Bathara Brahmastuti, Bathara Brahmastuti putraning Bathara Brahmasadhara, Bathara Brahmasadhara putraning Sang Hyang Brahma. Patih Janaloka duk amiyarsa langkung katgada karasa ing galih, lajêng andangu: Biyungira apa

--- 4 : 127 ---

aran Endhang Astami, pun Tamtama matur inggih, Patih Janaloka lajêng tumêdhak angrangkul dhatêng pun Tamtama, sarta pun Mudha anggung pinêngkul ingaras-aras sarwi tinangisan, nuntên sami dhinawuhan kinèn parêk kalihan palênggahaning kyai patih, ing antawis sapandurat, Patih Janaloka angandika: Kalinganeya Tamtama sira iku maksih pêpulunan ingsun dhewe, iya ingsun iki arine renanira, ing nguni ingsun aran Bangbang Aswata, putraning Rêsi Aryana, Rêsi Aryana putraning Rêsi Raja Dyapara, Rêsi Raja Dyapara putraning Bagawan Budha ing kuna, dene bêbukane ênggon ingsun angawula anèng Wiratha, ing nguni ingsun anggêguru maring Ajar Ariloka, têdhaking Sang Hyang Rudra, ingsun anyênyantrik, dèn lih aran Cantrik Janaloka, ing samuksane Ajar Ariloka anuksma ing kayu sriputa, ingsun atêtunggu ing kayu sriputa iku, barêng kayu sriputa sirna Ki Ajar anuksma marang Prabu Basukèsthi, nuli ingsun angawula kinarya pêpatih kongsi saparene iki ing kamulaning kuna wong ngawula iku yèn mantêp awêkasan têtêp, pun Tamtama duk amiyarsa langkung sukaning manahira, sasampunipun makatên, pun Tamtama dhinawuhan kinèn angalih wisma ing nagari [na...]

--- 4 : 128 ---

[...gari] matur sandika lajêng amboyongi anak semahipun sadaya, sarta ingkang kadadosakên paragak wontên ing Karuman kadangipun ipe, arining semahipun awasta Paragak Gopa. Ing antawis dintên Patih Janaloka matur ing Prabu Basukèsthi, pun Tamtama kasuwunakên dados punggawa, sampun kalilan pinaringan nama Arya Tamtama.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos salêbêting nagari ing Wiratha wontên wadya tampingan anama Sudhana, kasusra ing kasugihanipun, ing nalika punika pun Sudhana sawêg anandhang sungkawa dening kapêgatan trêsna semahipun anama Darmi pêjah, mangkana kacariyos, wontên pandung sakti sagêd mêmindha warni, anama pun Daruna, ing salaminipun tansah gadhah pangangkah mêmandung dhatêng griyanipun pun Sudhana, ananging kawêkèn dening kasipun pun Sudhana, yèn dalu botên tilêm-tilêm, ing satunggal dintên pandung pun Daruna antuk pambudi lajêng mêmindha warni èstri kados warninipun pun Darmi semah ingkang sampun pêjah wau, ing sanalika kapanggih kalihan pun Sudhana, sarêng pun Sudhana uninga yèn ingkang èstri gêsang malih, lajêng anjrit karuna sarwi angrangkul, wuwusipun: Dhuh Darmi bagya kamahyangan [kamahyang...]

--- 4 : 129 ---

[...an] têmên ingsun, dene sira urip manèh, pandung malihan inggih animbangi nangis, wuwusipun: Inggih dewa kang wêlas dhatêng andika, kula kawangsulakên punika ambêkta dhawahing dewa kalih prakawis, ingkang sapisan salêbêting kawan dasa dintên kula botên kalilan tunggil tilêm kalihan andika, kaping kalihipun ing dalêm kawan dasa dintên punika sabên têngah dalu kula kinèn kesah dhatêng astana sampun ngantos kauningan ing têtiyang sarta botên mawi rowang, bangun enjing inggih mantuk mariki, dhawahing dewa dhatêng kawula yèn kalampahan makatên, ing sapanginggilipun lulus wilujêng. Wangsulanipun pun Sudhana: He lah iya yèn mangkana kewala, sanadyan satus dina ora dadi apa, sasampunipun makatên, sanak kadangipun Darmi sami sinungan uninga yèn pun Darmi gêsang malih, sanak kadangipun sadaya sami suka bingah lajêng têtuwi, kala samantên lêstantun pandung malihan ing sabên têngah dalu mantuk dhatêng griyanipun piyambak ambêkta rajabrana warni-warni, bangun enjing wangsul dados èstri malih, ananging pamêndhêtipun rajabrana wau pun Sudhana botên sumêrêp, amargi ingkang kapêndhêt rajabrana ing pasimpênan.

Sarêng antawis tigang dintên, saking karsaning dewa pun Darmi ingkang [ing...]

--- 4 : 130 ---

[...kang] satuhu pêjah ing mangke gêsang malih, antukipun botên mangangge pêthak kados panganggening layon, malah mangangge sarwa adi, pun Sudhana uninga botên patos gita, amung atêtakèn makatên. Apa wus samakta ênggonira angrêratêngi, wangsulanipun pun Darmi, sarèhning kula sawêg dhatêng saking swarga, dados dèrèng ngantos angrêratêngi, pun Sudhana muwus malih: Lah dene mau sira mêntas saka ing sêndhang, ambanjur marang pawon, sun watara angrêratêngi, pun Darmi amangsuli: Kula botên rumaos dhatêng sêndhang, tuhu-tuhu saking swarga kaantukakên mariki dening dewa, amargi kula wontên ing ngrika anggung karuna, sang bathara sang bathari ingkang kula ngèngèri kamiwêlasên, kula kinèn mantuk sarta dipun bêktani karikil sakojong ing mangke taksih kula kandhut, nuntên pun Darmi amêndhêt kandhutanipun sarêng dipun katingalakên dados sêsotya sadaya. Wuwusipun: Lah punika punapa warnine karikiling swarga, pun Sudhana ngungun anjomblong, nuntên pun Darmi malihan mêdal saking wisma, sumêrêp yèn ing jawi wontên pawèstri ngakên semahipun pun Sudhana, panggraitanipun pun Darmi malihan botên anyana yèn pun Darmi ingkang satuhu gêsang malih, [ma...]

--- 4 : 131 ---

[...lih,] amung kakintên manawi wontên dhustha ingkang amomor sambu kados sêdyanipun pun Darmi malihan, sarêng pun Darmi malihan anguwuh ngajak nêdha, pun Sudhana kagèt sarwi muwus: Lah iki sapa, lah iku sapa, pun Darmi malihan sarta pun Darmi ingkang saèstu sumaur sarêng, sami ngakên wasta pun Darmi, pun Sudhana lajêng kèngkèn angundangi sanak sadhèrèkipun pun Darmi, botên antawis dangu dhatêng sami dipun kèn amastani pundi pun Darmi ingkang satuhu, sanak kadangipun pun Darmi sami bingung ing pamilihipun, awit kêmbar warni botên wontên ingkang siwah. Ing ngriku wontên kaprênah uwa dhatêng pun Darmi, namanipun botên kacariyos, punika rêmbag sami kaaturakên dhatêng nagari, pundi ingkang kaparingakên saking parentah inggih dipun tampènana, sadaya sami golong ing rêmbag lajêng mangkat.

Ing sadumuginipun ing kapatihan, anuju Patih Janaloka paharpatan kalihan para punggawa, pun Sudhana dinangu matur saking wiwitan dumugi ing wêkasan, patih kalihan punggawa sami ngungun rumaos kewran ing pamilih, dangu-dangu Patih Janaloka angandika: Wus bêgyanira Sudhana, ing nguni somahira sawiji, mêngko dadi loro, iya iku ambilên somah karo pisan. Aturing Sudhana: [Su...]

--- 4 : 132 ---

[...dhana:] Inggih sandika yèn sampuna kêmbar warni sami nama, sarèhning makatên, punika botên wande dados parapabên, kadospundi ing kawêkasanipun.

Patih Janaloka kèndêl ing sanalika lajêng animbali rare pun Mudha, sarêng prapta sampun binisikan ing salwiring lêlampahanipun pun Sudhana, ing wêkasan pun Mudha tinantun ing rêmbag punika, aturipun pun Mudha anuwun panggenan badhe kadamêl angundang pun Sudhana kalihan semahipun satunggal, sampun kaprênahakên ing panggenan ingkang prayogi. Nuntên pun Mudha angundang pun Darmi salah satunggal sampun prapta lajêng tinakenan namanipun inggih angakên pun Darmi, tinakenan wêdalanipun angakên Sukra Manis, sasampunipun makatên lajêng kinèn mundur sarta sampun kabêktanan bênang, kasingkirakên ing panggenan sanès, nuntên pun Mudha angundang pun Darmi satunggalipun sampun prapta tinakenan namanipun inggih angakên pun Darmi, lajêng tinakenan wêdalanipun angakên Soma Paing, sasampunipun makatên, lajêng kinèn mundur sarta kabêktanan janur, kasingkirakên ing panggenan sanès malih, nuntên pun Mudha angundang pun Sudhana sampun prapta, tinakenan wêdalaning semahipun kang awasta pun Darmi, pun Sudhana sanjang Soma [So...]

--- 4 : 133 ---

[...ma] Paing, lajêng kinèn mêdal kasingkirakên ing panggenan sanès, nuntên pun Mudha angundang sanak sadhèrèkipun pun Darmi satunggal-satunggal, tinakenan manawi sumêrêp wêdalanipun pun Darmi, sabên ingkang prapta wangsulanipun sami sanjang yèn Soma Paing, nuntên pun Mudha angundang pun Sudhana malih, winartosan yèn ingkang anyêpêng janur punika semahipun ingkang satuhu, lajêng kinèn mêdal sarta winalêran sampun enggal-enggal angakên semah salah satunggal, manawi angawistarani, nuntên pun Mudha angundang pun Darmi ingkang anyêpêng bênang, sarêng prapta tinakenan tiniti-titi kinèn angakên sajati, punapa lêlêmbut, punapa sajatosing manusa, yèn angakên badhe angsal pangapuntên, yèn kumbi badhe manggih bilai, pun Mudha sampun sêngadi manawi sumêrêp ing lêlampahanipun pun Darmi malihan sadaya, sarta sagêd ambadharakên para malihan, awit Arya Manungkara gadhah lisah muksala, yèn kausapakên ing sarwa malihan yêkti kababaran, dinalih langkung waspada, wêkasanipun walèh yèn sajatosipun manusa, pun Mudha têtakèn jalu èstrinipun sarta nama akalihan wismanipun, pun Darmi malihan angakên tiyang [ti...]

--- 4 : 134 ---

[...yang] jalêr wasta pun Daruna, wismanipun ing Sambalan, pun Mudha têtakèn malih ing wadosipun dènira malih èstri, pun Darmi malihan sajarwa yèn durjana, pun Mudha têtakèn bab rajadarbèkipun Sudhana ingkang sampun kenging kadhustha, pun Darmi malihan angakên sadaya ananging mawi amratelakakên ingkang sampun kalong sawatawis, pun Mudha têtakèn rajabrana ingkang taksih punika kadèkèkakên ing pundi, pun Darmi malihan angakên bilih kapêndhêm wontên ing padoning wismanipun kang kidul wetan, pun Mudha muwus malih: Lah andika wontên ing ngriki sakêdhap. Pun Mudha mêdal matur dhatêng Patih Janaloka, kinèn amêndhêt rajabrana ingkang kapêndhêm wontên ing padoning wismanipun pun Daruna ing Sambalan, Patih Janaloka amituhu lajêng utusan, botên antawis dangu ingkang dinuta prapta sarta ambêkta rajabrana, lajêng tinampenan dhatêng pun Mudha: Lah punapa punika warnining rajabrana kang andika dhustha. Wangsulanipun pun Darmi malihan: Lah inggih punika sakantune ingkang sampun kalong. Pun Mudha têtakèn ingkang sampun kalong warninipun punapa, pun Darmi malihan sanjang yèn amung awarni kalung satunggal sampun dipun sade katumbas dhatêng pun Cakêthi kaurupan têtêdhan ingkang dados pakarêmanipun [pakarê...]

--- 4 : 135 ---

[...manipun] anama pèsthi, warninipun kados obat angêt, wontên pakantukipun anguwatakên, kalihan wedang sajih ingkang mawi bumbu arum, pakantukipun ambêtahakên wungu, jangji ing dalêm sawulan pundhatipun ing sapangaosing kalung satunggal wau, ing mangke sawêg kalampahan tigang dintên. Nuntên pun Mudha mêdal malih matur dhatêng Patih Janaloka, kinèn animbali pun Cakêthi sarta ambêkta kalung saking pun Daruna, Patih Janaloka mituhu lajêng utusan, botên dangu pun Cakêthi prapta, nuntên pun Mudha angatag dhatêng pun Darmi malihan kinèn wangsul dados pun Daruna malih, pun Darmi malihan lajêng wani[12] pun Daruna malih.

Pun Mudha lajêng mêdal sowan Patih Janaloka, angirid pun Daruna, pun Mudha matur ing pratingkahipun saking ing wiwitan dumugi ing wêkasan, Patih Janaloka kalihan para punggawa sami suka ngungun angalêmbana dhatêng pun Mudha, tuhu yèn undhagi ing guna. Pangandikaning Patih Janaloka: Yèn mangkana Si Daruna iku wus têtela yèn durjana, sayêkti bakal katrap apa ing sapidanane durjana. Aturipun pun Mudha: Botên katrap yèn botên tumindak kalihan siyasat, awit pun Sudhana botên angaturakên durjana, amung angaturakên pawèstri kêkalih anuwun [a...]

--- 4 : 136 ---

[...nuwun] pamilihing salah satunggal kang mêsthi dados semahipun, lêhêng manawi kalilan saking karsanipun sang nata, pun Daruna punika prayogi kadadosakên wadya juru ujêman panganglang praja, ing mangke panjênêngan paduka amung anggaliha prakawis kalung, kapundhuta saking pun Cakêthi, kaparingêna wangsul dhatêng pun Sudhana sarta kalihan rajabrana ingkang sami kapanggih wontên pêpêndhêman wau, pun Sudhana ingkang lêrês bayar dhatêng pun Cakêthi ing sapara dasanipun saking pangaosing kalung, amargi pun Cakêthi sampun anyanggêmi nganggêp ing dalêm sawulan sawêg kalampahan tigang dintên, Patih Janaloka amituhu lajêng kadhawahakên dhatêng pun Cakêthi kalihan pun Sudhana, pun Cakêthi sampun angaturakên kalung, pun Sudhana sampun angaturakên jêne sapara dasaning kalung lajêng kaparingakên dhatêng pun Cakêthi, sampun sami trima-tinarima, dene pun Daruna amung kapidana kungkung ing dalêm tigang dintên, kala samantên kasaput ing dalu pun Sudhana sasemahipun kalihan pun Cakêthi sami kalilan mantuk sowang-sowang, dumuginipun ing wisma kacariyos pun Sudhana taksih sandeya ing manah dhatêng semahipun, manawi kakaping kalihan malih, dene semahipun sampun pêjah. Dados badhe angyêktosakên [angyê...]

--- 4 : 137 ---

[...ktosakên] dhatêng astana andhudhuk layonipun ingkang èstri, sarêng dipun bikak katingal ingkang dipun pêndhêm wau dados awarni garacul, inggih punika paculipun tiyang èstri, kala ing kina, tiyang èstri sami gadhah pacul dipun wastani garacul, duranipun cêlak bawakipun ragi alit. Ya ta pun Sudhana sangêt ing pangungunipun, sadangunipun anjêtung pun Sudhana sumêrêp sandhinging garacul punika wontên mancorong lajêng kapêndhêt katingalan awarni pêputhon kancana kathahipun têtiga, ing ngriku pun Sudhana langkung suka lajêng kabêkta mantuk, enjingipun kaaturakên dhatêng kapatihan sarta matur sasolahipun ing dalu. Pangandikanipun Patih Janaloka: Barang pêpêndhêman iku wajib dadi kagunganing ratu, pun Sudhana matur sumăngga ing karsa. Nuntên Patih Janaloka sowan ing Prabu Basukèsthi, matur ing lêlampahan punika miwiti mêkasi, Prabu Basukèsthi langkung suka ngungun, lajêng adhêdhawah yèn pun Mudha kalihan pun Sudhana sami jinunjung dados sosoraning punggawa, pun Mudha pinaringan nama Mantri Mudhadarma, pun Sudhana pinaringan nama Mantri Sudhana, sarta dhawah kinèn anglêstantunakên ingkang dados aturipun Mudha, yèn pun Daruna dadosa juru unjêman panganglang [panga...]

--- 4 : 138 ---

[...nglang] praja, Patih Janaloka matur sandika sampun mijil lajêng kadhawuhakên, sadaya sami suka sukur, amêmuji lulusing karaharjan.

Ing salêbêting taun Jagalogêna, etanging taun surya sangkala 553, tinêngêran guna anata gati. Kaetang ing taun candra sangkala 570, tinêngêran barakan swaraning angin.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Wiratha, ing nalika punika Prabu Basukèsthi karsa amikramakakên putra, Radèn Basutara, antuk Dèwi Wastu, putraning Rêsi Ètudarma ing Ngandongcawiri.

Amarêngi masa palguna, kacariyos, arining Dèwi Rêtnadi kêkalih sami jinunjung dados punggawa, ngiras angêmbani Radèn Basukêthi, ingkang sêpuh nama Arya Dhanadewa, arinipun anama Arya Dhanèswara, sarêng kalihan arining Dèwi Wastu kadadosakên punggawa, anama Arya Wasita.

Ing salêbêting taun Kilaka, etanging taun surya sangkala 554, tinêngêran karya gati marganing muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 571, tinêngêran tunggal swaraning maruta.

--- 4 : 139 ---

Amarêngi masa Kartika, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Basukèsthi karsa angyasani kabuyutan nênêm, 1. kabuyutaning têtiyang agami Sambo, 2. kabuyutaning têtiyang agami Brahma, 3. kabuyutaning têtiyang agami Endra, 4. kabuyutaning têtiyang agami Wisnu, 5. kabuyutaning têtiyang agami Bayu, 6. kabuyutaning têtiyang agami Kala, adêgipun kanêm pisan sarêng sami salêbêting masa kartika.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos, Prabu Basukèsthi tindak acangkrama dhatêng pasabinan ing Granting, lajêng karsa adamêl madeyasa wontên ing ara-ara sapinggiring pasabinan, ya ta ing nalika punika wontên danawa ijêm marêk ing ngarsa nata tanpa larapan, dinangu sangkan-paranipun miwah kang sinambat ing nama, aturipun: Wasta kawula pun Inu, putraning Bagawan Daksotama, raja pandhita danawa ingkang ngasrama wontên pucaking wukir Kapanapanta, Bagawan Daksotama punika sutaning Danawa Raja Pratipaksa, ing Prajatiswa, Danawa Raja Pratipaksa putraning Bathara Yaksaka, turasipun Sang Hyang Kuwera ing nguni, mila kamipurun sowan ing ngarsa nata botên mawi larapan, amung anuruti adrênging manah dening kabêkta saking karosaning [ka...]

--- 4 : 140 ---

[...rosaning] badan wudhu, lwiripun: sagung isèn-isèning wana padhusunan sakiwa têngêning wukir Kapanapanta, ingkang anama janma sato wana tandhing karosan kalihan kawula sampun sami kawon sadaya, utawi kawula manawi ambêdhol wrêksa agêng-agêng botên mawi rêkaos, sami kadaud rungkad dalah wod pancêripun, rama kawula Bagawan Daksotama langkung susah ing manah, dene kawula tansah amintonakên karosan, mila pamuwusipun dhatêng kawula makatên: Hèh Inu, sapira karosanira iku maksih durung paja-paja yèn animbangana karosaning ratu. Botên antawis dintên malih kawula lajêng mangkat lêlampah dumugi ing ngarsa nata punika, manawi kaparêng ing karsa, kawula anuwun tandhing karosan, sumăngga ing sagêlaripun kawula andhèrèk kewala, têlas aturipun Sang Inu. Prabu Basukèsthi langkung ngungun èsmu kewran ing galih, wêkasan amangsuli pangandika tungtung gumujêng sira iku buta ijo, sun arani padu-padune ngupaya mêmangsan, samudana ambêbarang ngadu karosan, lwire kang mangkana iku êndi kang kasoran sayêkti sira măngsa ing wêkasane. Ya ta Sang Inu duk miyarsa nêmbah matur sarwi sungsung-sungsung guyu: Dhuh pukulun, ila-ila punapa

--- 4 : 141 ---

ingkang kawula panggih, papa cintraka punapa ingkang kawula têmaha, manawi kawula darbea pamrih makatên, amargi labêt ingkang sampun kalampahan sakathahing danawa ijêm punika botên wontên ingkang măngga măngsa janma, cariyosipun dening kalêbêt băngsa dewa utawi manusa, kados makatên ugi sakathahing danawa pêthak, inggih botên wontên ingkang sami măngga măngsa janma, cariyosipun dening kalêbêt bangsaning apsara salêbêting toya, sanès kalihan danawa jêne, danawa abrit, danawa cêmêng, punika awon manahipun, mênggah danawa jêne sanadyan botêna măngga măngsa janma asring damêl arubiru, awit dening kalêbêt băngsa paksi, dene danawa abrit utawi danawa cêmêng punika ingkang têtêp kasêbut duratmaka, dados gêlah-gêlahing jagad, tansah angrêrisak patapan amêmăngsa janma, awit dening danawa abrit punika kalêbêt băngsa brakasakan, danawa cêmêng punika kalêbêt băngsa sato khewan, têlas aturing danawa ijêm. Prabu Basukèsthi karsa uninga ing tăndha yêktinipun, titihanira dwipangga wasta pun bajradênta, punika ingkang dèn abên karosan kalihan danawa ijêm, ananging liman pun bajradênta kandhap pêjah binanting, [bina...]

--- 4 : 142 ---

[...nting,] nuntên Prabu Basukèsthi anênuduh lêlurahing wadya ditya wasta Sang Baradhana, kinèn anglawan karosaning danawa ijêm, sarêng campuh langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu Sang Baradhana kandhap anêmahi pêjah, nuntên wadya ditya sawontênipun sami dhinawuhan mangsah pêpulih, danawa ijêm kinarubut ing danawa kathah botên kewran, dangu-dangu para wadya ditya sami kawon kapalajar asasaran, danawa ijêm marêk ing ngarsa nata malih sarywa nêmbah matur: Dhuh pukulun, ing mangke panjênêngan paduka sampun sumêrêp tăndha kayêktosanipun i[13] karosan kawula saèstu tanpa timbang. Prabu Basukèsthi kèndêl èsmu kalingsêman, nuntên anuduh wadya kinèn animbali Arya Manungkara, ing antawis dangu Arya Manungkara prapta tinandukan sasmitaning nata sampun anampèni. Mangkana Prabu Basukèsthi angandika dhatêng Sang Inu: Hèh buta ijo, ing mêngko coba ingsun arsa tumandang pribadi angadu karosan lawan sira, ananging prayoga anganggo sêsiwon punggawaningsun Si Arya Manungkara iki, manawa ingsun sayah iya Arya Manungkara kang tumandang, ingsun gênti dadya sêsiwo, manawa Si Arya Manungkara sayah iya ingsun kang tumandang manèh, Si Arya Manungkara kang anyênyiwo, [anyênyi...]

--- 4 : 143 ---

[...wo,] Sang Inu nêmbah matur sumăngga ing karsa nata. Kala samantên lajêng kalampahan langkung rame sami dêdêr-dinêdêr gêntos jungjung-jungjungan botên wontên kang kuciwa, sarêng Sang Inu kalimpe kausapan ing maniara têmahan dados arca, lajêng kaprênahakên ing pipining gapura madeyasa, isthanipun kadi Bathara Cingkarabala ajagi puraning suralaya, sasampunipun makatên, Prabu Basukèsthi kondur saha wadya.

Ya ta gêntos kawuwusa ing wukir Kapanapanta, mangkya Bagawan Daksotama amiyarsa warti yèn sutanira tiwas wontên ing Wiratha, dahat pamurinaning tyas lajêng amasang kamayan, tumanduk dhatêng salêbêting praja ing Wiratha têmahan dados pagring agêng, para wadya punggawa kathah pêjah dening kaparak ing pagêblug, sagunging têtumbal tanpa tumama, mila Prabu Basukèsthi langkung sungkawa tansah nalăngsa ing dewa, katarimaning pamuja pagring sirêp.

Amarêngi masa wisaka, kawuwusa malih Bagawan Daksotama, mangkya anandukakên tuju têluh taragnyana dhatêng Prabu Basukèsthi, ing têmahan Prabu Basukêsthi anandhang gêrah lajêng seda, layon muksa dados jawata, etang anggènipun Prabu Basukèsthi jumênêng nata

--- 4 : 144 ---

laminipun 28 taun. Sarêng ing antawis dintên Patih Janaloka anututi muksa, kala samantên langkung ura-uru salêbêting nagari Wiratha, sagunging para wadya punggawa sami awayang-wuyungan, Rajaputra Radèn Basutara langkung putêg kapêpêtan ing pambudi, mangkana Arya Manungkara matur dhatêng Radèn Basutara, manawi kaparêng ing karsa, arca kadadosan danawa ijêm badhe karuwat. Kenginga dipun takèni sangkaning tênung punika, Radèn Basutara anayogyani. Kala samantên arca sampun karuwat mantuk awarni danawa ijêm malih, ananging dèrèng ngantos katakenan lajêng mêsat angambara, sawi[14] atilar swara makatên: Hèh sayêkti kêna upataning ramaningsun ratu ing Wiratha iku, măngsa wurunga katêkan jalêgi saka ing wukir Kapanapanta. Arya Manungkara dupi amiyarsa sampun lêga ing tyas lajêng matur dhatêng Radèn Basutara. Ing sanalika Radèn Basutara undhang samaptaning ayuda arsa anglurug dhatêng wukir Kapanapanta, dhawuh mangkat yèn sampun satus dintênipun sedaning rama, pratignyanipun Radèn Basutara datan karsa jumênêng nata yèn dèrèng kalampahan ambêdhah ing wukir Kapanapanta, sinauran gêtêr patêr dhèdhèt erawati.

--- 4 : 145 ---

Amarêngi masa padrawana, kacariyos nagari ing Wiratha, mangkya rajaputra Radèn Basutara bidhal anglurug dhatêng wukir Kapanapanta, kêbut saha wadya punggawa sadaya, ingkang kantun amung para kamisêpuh akalihan sagunging brahmana rêsi. Botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, watawis ing dalêm satêngah wulan dumugi ing dhusun Kamikapa, kalêbêt sukuning wukir Kapanapanta, sasampunipun sami rêrêm, wadya punggawa lajêng pinatah angêpang saubênging wukir.

Gêntos kawuwusa Bagawan Daksotama sampun uninga yèn kalurugan saking Wiratha, botên andadosakên sungkawa kewraning manah, amung ambudi ingkang supados sampun andadosakên prang, mila rêmbagipun kalihan ingkang putra Sang Inu badhe anungkul aris, ananging margia saking kaelokan, kadadosanipun ing rêmbag amangsul pangraos, ing sanalika Radèn Basutara saha wadyabala sami kawangsulakên dhatêng Wiratha, abêbarisan wontên sajawining nagari, ananging pangraosipun taksih angêpang ing wukir Kapanapanta, nuntên Bagawan Daksotama kalihan ingkang putra Sang Inu sami marêk ing ngarsanipun Radèn Basutara, matur yèn anungkul sarta [sar...]

--- 4 : 146 ---

[...ta] anyaosakên ingkang minăngka tăndha panungkulipun, awarni urug mutrika, tgêsipun musthikaning mutyara dhapur kalung agung sawabipun, manawi kaangge ing pandhita, patapanipun botên kenging karisak ing duratmaka, upami kaagêm ing ratu nagarinipun botên kenging kabêdhah ing mêngsah, Radèn Basutara anampèni urug mutrika sarta katarima panungkuling Bagawan Daksotama, kala samantên lajêng undhang arsa kondur, dèrèng ngantos sami bidhalan, ing ngriku katingal sampun dumugi sajawinipun nagari ing Wiratha, andadosakên pangungunipun Radèn Basutara saha wadyabala sadaya, dene wontên kaelokan makatên, sami andugi manawi saking parmaning dewa kemawon, mila sami sangêt suka sukuripun.

Ing salêbêting taun Prapawa, etanging taun surya sangkala 555, tinêngêran tataning marga pinanca boma. Kaetang ing taun candra sangkala 572, tinêngêran panêmbahing rêsi tinata barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Radèn Basutara jumênêng nata anggêntosi ingkang rama, anama Prabu Basukeswara, nuntên Arya Wasita kadadosakên pêpatih, anama Patih Wasita, kala

--- 4 : 147 ---

samantên sarêng kalihan wêdaling sidêkah Raja Wedha. Ing antawis dintên pramèswari Dèwi Wastu ambabar mijil kakung, pinaringan nama Radèn Basukètu, ing nalika punika Prabu Basukeswara andhatêngakên suka anggêganjar wadyabala.

Ing salêbêting taun Ipa, etanging taun surya sangkala 556, tinêngêran mapaning gati anata barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 573, tinêngêran gunaning rêsi anata wiyat.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Wiratha, sabibaring Raja Wedha Prabu Basukeswara karsa amangun nagari, angêlar panjang wiyaripun kadamêl pasagi, sarta mawi jêjidaran sabawah-sabawahing kalurahan.

Amarêngi masa sitra, kacariyos Prabu Basukeswara mangkya karsa yasa pamedan sakawan wontên sajawining kitha, lèr kidul, wetan kilèn, sarta mawi kadekekan manguntur sowang-sowang.

Amarêngi masa srawana, kacariyos paminggiring nagari ing Wiratha, dhusun ing Sabangkat wontên tiyang alit anama pun Palaswa, langkung tabêri têtaki sarta rosa ing panggaota ngantos dados kasugihanipun. Nuju satunggiling dintên Palaswa lumêbêt dhatêng nagari Wiratha sowan [so...]

--- 4 : 148 ---

[...wan] ing Patih Wasita, dumuginipun ing kapatihan anuju Patih Wasita paharpatan kalihan para punggawa, pun Palaswa dinangu matur: Kawula umbul ing dhusun Sêbangkat nama pun Palaswa, anuwun adil ing panjênêngan paduka, amargi gadhahan kawula jêne wontên ing êncèh alit, kawula pêndhêm wontên satêngahing wana sarta mawi kawula sukani têtêngêr arca, ing mangke kawula tuwèni sampun botên wontên, dalah rêcanipun inggih botên wontên, tilas panggenanipun anggèn kawula mêndhêm wau sami dhungkar kados kapêndhêt ing tiyang, ingkang mêndhêt botên kantênan. Patih Wasita andangu dhatêng pun Palaswa, sapira kèhe êmasira kang sira pêndhêm, lan sapa rowangira nalika sira mêndhêm êmas mau. Umbul Palaswa matur kathah kêdhikipun kawula botên amical, amung wujudipun kemawon saêncèh alit satunggal kêbak, kalihan nalika kawula mêndhêm jêne wau botên wontên ingkang sumêrêp. Dalah anak rayat kawula inggih botên nyumêrêpi. Patih Wasita andangu malih: Apa karanane êmas têka sira pêndhêm ing alas, apa ora luwih bêcik sira simpên ana sajroning wisma kêna sira anggo sarta murih undhaking rajakayanira. Aturipun [Aturipu...]

--- 4 : 149 ---

[...n] pun Palaswa: Mila kawula pêndhêm wontên ing wana, sarèhning kawula tiyang alit watos bokmanawi kapêndhêt ing durjana, dèntên sumêrêp kawula manawi ical, nuju satunggal dintên kawula anuwèni têtêngêran arca wau botên wontên, salêbêting wangan sampun dhungkar êncèh botên katingal. Pangandikanipun Patih Wasita: He Palaswa, sira ora ingsun lilani mulih marang Sêbangkat, anyarèhêna anèng kapatihan kewala. Pun Palaswa matur sandika, Patih Wasita lajêng parentah dhatêng Arya Mudhadarma, kinèn anyêpêngi tiyang sakiwa têngêning dhusun Sêbangkat. Arya Mudhadarma matur sandika lajêng mangkat. Kinanthenan mantri kêkalih sapanêkaripun, dumuginipun ing wana Arya Mudhadarma apirêmbagan kalihan kancanipun mantri kêkalih wau, yèn condhong sami anglugas raga tilar wadyabala, sabab nadyan angêtrapna wisesa yèn sampun titi pariksa, bêbasanipun sapintêna sagêdipun kang ngutus taksih sagêd kang dipun utus. Mantri kalih anayogyani, lajêng sami nglugas raga tilar wadyabala mangkat. Sarêng dumugi satêngahing wana, miyarsa swaraning tiyang anjêlèh, kapadosan kapanggih, lajêng takèn-tinakenan, Arya Mudhadarma angakên yèn kautus ing bêndara [bê...]

--- 4 : 150 ---

[...ndara] kinèn ngambil kajêng, tiyang wau angakên yèn ngambil selog, Arya Mudhadarma apitakèn kang anama selog, tiyang wau sanjang yèn uwi wana, Arya Mudhadarma apitakèn malih, selog punika punapa eca, kang tinakenan mangsuli: Eca kisanak, witipun yèn kaulah lunjar mawi kalapa sangsaya eca lah suwawi yèn badhe uninga raosing lunjar, sami kula aturi mampir dhatêng pagriyan kula, angraosêna lunjar ingkang langkung eca. Arya Mudhadarma atanya ing wisma miwah namanipun, kang tinakenan amangsuli: Kula pun Sukarta, wisma kula dhusun ing Ngamarta, cêlak kewala inggih dhusun ingkang katingal saking ngriki punika. Wangsulaning Arya Mudhadarma: Inggih gampil yèn sampun rampung karya kula angambil wrêksa, kados botên sande kampir ing wisma andika, wangsul kisanak wau mawi anjêlèh, punapa botên angsal angupados selog. Wangsulanipun pun Sukarta: Inggih angsal malah kapara kathah, dene kang dados panjêlèh kula wau, kala wingi kula anyelog mariki katanggor pêpêndhêman jêne kawadhahan êncèh alit mawi katêngêran arca, saking ajrih kula manawi konangan ingkang gadhah saèstu kawastanan tiyang awon, [a...]

--- 4 : 151 ---

[...won,] utawi angèwêd-èwêdi anggèn kula nyelog, dados kala wingi kula êlih dhatêng pinggir lèpèn, dalah arcanipun inggih taksih kula sandhingakên ing êncèh, sarêng kula wau langkung ing ngriku, êncèh saarcanipun kula tingali kalihan langkung sampun botên wontên, mila kula lajêng anjêlèh manawi kawastanan kula ingkang mêndhêt. Arya Mudhadarma anyathêt ing driya, cipta angsal titik satunggal, lajêng karya pralambang dhatêng pun Sukarta: He kisanak, wruhandika botên dados panarka yèn botên kasatmata, pun Sukarta sampun eca manahipun. Arya Mudhadarma têtakèn malih: Mênggah lèpèn wau punapa têbih saking ngriki, sadangune kula panggih kalihan andika têka karaos sumuk badhe adus. Pun Sukarta amangsuli: Cêlak kemawon, kidul punika namung kalingan garumbul sakêdhik saking ngriki, dhasar sakeca kadamêl siram toyanipun wêning, Arya Mudhadarma pamit lajêng mangkat. Rowangira sampun kinèn anyêrati wontên roning tal punapa sasolahipun wau. Botên antawis dangu Arya Mudhadarma sampun dumugi ing lèpèn, aningali tiyang gogo-gogo wontên ing toya lajêng pinarêpêkan, sarêng prapta sang namur [na...]

--- 4 : 152 ---

[...mur] lajêng têtakèn punapa ingkang ginogohan. Kang tinakenan anauri: He kisanak, kula wau mêntas pasang pandaya, sarêng angraos asrêp badhe nginang, kantun-kantun gambir kula rêntah dhatêng toya, mila kula gogohi bokmanawi kapanggih, badhe mantuk mêndhêt gambir sampun katanggêlan dumugi ing ngriki. Arya Mudhadarma lajêng anawèni gambir: Lah kula gadhah gambir yèn andika badhe nginang, kang tinawenan sumaur inggih, lajêng mêntas saking toya, dumugi ngêntasan sampun anampèni gambir sarwi wacana: Dhuh anak, sangêt panarimah kula dene anyêkap kabêtahan kula sami sanalika, punapa kemawon ingkang kula walêsakên, lah suwawi manawi garsa[15] dhahar ulam gèsèk kula aturi kampir dhatêng pagriyan kula, manawi satunggal-satunggal kemawon kados taksih simpên. Arya Mudhadarma pitakèn kang anama gèsèk, kang tinakenan wêwarti yèn kang anama gèsèk punika dhèngdhèng ulam loh, panêdhanipun mawi kabakar, yèn sagêd garing utawi kalêrêsan pêcakanipun saèstu anglangkungi eca. Arya Mudhadarma angungun sarwi atêtakèn nama miwah ing wismanipun. Kang tinakenan sumaur: Kula wasta pun Kartana, wisma kula ing dhusun Karja inggih kang katingal kidul punika, [pu...]

--- 4 : 153 ---

[...nika,] botên têbih saking ngriki. Wangsulaning Arya Mudhadarma: Lah inggih gampil kapanggiha ing wingking, manawi sampun rampung ing damêl kula, amargi sawêg kautus ing bêndara, kinèn angupaya mina ingkang agêng, anggêr sampun kantênan prênahing dhusun Karja utawi wasta andika, kados saantawis dintên saèstu kula tuwi dhatêng Karja. Pun Kartana anauri: Lah inggih anak kula ajêng-ajêng sayêktos, kalihan kuciwanipun botên dhatêng ngriki kala wingi, saupami mrikia kala wingi kalêrêsan sangêt, ingkang sapisan kula nuju angsal mina langkung kathah utawi agêng-agêng, kados botên susah ingilenan, ingkang kaping kalih, pun anak saèstu kula angge saksi anggèn kula angêlih jêne kang wontên salêbêting êncèh, Arya Mudhadarma api têtanya karananipun angêlih jêne, utawi kaêlih dhatêng pundi. Pun Kartana anauri: He anak, makatên purwanipun, kala wingi kula badhe masang pandaya dhatêng lèpèn ing ngriki, punika kula sumêrêp êncèh kasandhingan arca wontên pigiring[16] lèpèn, sarêng kula tingali êncèh wau isi jêne langkung kathah botên kantênan ingkang gadhah, sarèhning kula botên rumaos gadhah, dados saking ajrih kula yèn kenging prakawis, êncèh [ê...]

--- 4 : 154 ---

[...ncèh] wau lajêng kula êlih dhatêng têtêgilan kilèn punika, dalah arcanipun inggih kula sandhingakên ing êncèh malih, sarêng enjing wau kula tingali saking katêbihan êncèh saarcanipun têka sampun botên wontên, măngka kala wingi saking katêbihan katingal kemawon, dados ing batos angêmu kuwatos angrêntahakên gambir kula kalêbêt ing toya wau, panujunipun andika wêlas dhatêng ing kula, kalampahan kula sagêd nginang punika, saèstunipun sangêt panarima kula dhatêng andika, mugi pun anak kasinungana kanugrahan dening dewa. Arya Mudhadarma têtakèn malih: Mênggah têtêgilan wau punapa tumut ing Karja. Pun Kartana amangsuli: Dede, punika têtêgilanipun tiyang ing dhusun Sêbangkat. Arya Mudhadarma têtakèn ing prênahipun dhusun Sêbangkat, tuwin manawi wontên pangagêngipun, kang tinakenan anauri yèn botên wontên pangagêngipun amung kabêkêlan kemawon wasta pun Palaswa, Arya Mudhadarma asêngadi ngakên sadhèrèkipun Ki Palaswa ingkang wuragil, ananging pisah kala alit mila sapariki dèrèng panggih-pinanggih, sawêg badhe kapanggih sapunika, dhasar ngiras dipun upadosi, kintênipun punapa wontên ing griya.

--- 4 : 155 ---

pun Kartana amangsuli: Kula botên uninga, rèhning sanès panggenan dados awis sarawungan, lah punika wontên rare taruna maluku ing têgil kilèn punika, tingalipun inggih kados sutaning Palaswa. Arya Mudhadarma lajêng pamit samudana yèn badhe kapanggih, pun Kartana anayogyani lajêng mangkat, kancanipun sang namur sampun kinèn anyêrati punapa ing sawiraosipun Ki Kartana wau, botên antawis dangu prapta ênggèning rare taruna ingkang maluku ing têtêgilan, Arya Mudhadarma têtakèn nama miwah ing wismanipun tuwin ingkang asêsuta. Wangsulaning rare wau: Kula punika sutaning Ki Palaswa ing dhusun Sêbangkat, wasta Jaka Bodho. Sang namur atêtakèn malih: Apa karanane sira maluku ing têgal kongsi bang esuk bang sore, dene iki lêmahe wus mawur têka nora sira tanduri, lawan wêtuning têgal iki apa andadèkake kabêgyanira. Jaka Bodho amangsuli: Saèstu kemawon yèn makantuki dhatêng badan kula, kalihan têgilan punika angrêjêkèni, wawratipun sawêg kula walujêng kemawon kala wingi kula sampun angsal kanugrahaning dewa tur langkung kathah. Arya Mudhadarma anêgês apa karanane antuk kanugrahaning jawata, lawan rupa

--- 4 : 156 ---

apa kang dadi kabêgyanira. Jaka Bodho awêwarti: Kala wingi kula malujêng sawêg angsal saidêran kula manggih êncèh mawi tinêngêran arca, dupi kula tingali êncèh wau isi jêne ngantos kêbak, lajêng kula bêkta mantuk dalah arcanipun. Arya Mudhadarma sampun akèn anyêrati dhatêng kancanipun, punapa sawiraosipun Jaka Bodho wau. Nuntên têtakèn malih: Bapakira Ki Palaswa apa ana ing wisma. Sauripun Jaka Bodho pun rama botên wontên ing wisma, kesah dhatêng nagari sowan ing sang patih sapariki dèrèng mantuk. Arya Mudhadarma angandika malih: Apa karyane ramanira têka seba ing sang patih, lan apa ora uninga ênggonira anêmu êmas iku. Wangsulanipun rare Jaka Bodho: Kang dados karyanipun kula botên sumêrêp, dene anggèn kula manggih jène pun rama inggih botên sumêrêp awit sampun kesah. Arya Mudhadarma têtakèn karananing êmas sinimpên arêmit. Winangsulan manawi sampun dhatêng bapakipun badhe kasumêrêpakên. Arya Mudhadarma sakancanipun sami rêna ing manah, cipta sampun manggèn pamariksaning prakawis, sampun sinêratan salwiring rèh sadaya lajêng aminta arsa uninga êmas kang sinimpênan. [sini...]

--- 4 : 157 ---

[...mpênan.] Wangsulanipun Jaka Bodho: Mangke ta sampeyan punika sintên, dene têka anêniti patakèn ing wêkasan badhe uninga. Wangsulanipun Arya Mudhadarma: Dhuh wruhanira kulup, ingsun iki pamanamu kang awisma ing nagara, awit duk maksih cilik ênggon ingsun pisah lawan ramanira Si Kakang Palaswa, aran ingsun Si Mudha. Jaka Bodho suka sukur mathuk-manthuk lajêng angirid dhatêng Arya Mudhadarma, sarêng dumugi panggenaning animpên mas sampun katupiksa, ing antawis dangu Arya Mudhadarma amit sêngadi badhe nusul Ki Palaswa, kaaturan kèndêl angantosi pasugata, winangsulan: Wus dahat panarimaningsun kulup, karana ingsun sêlak onêng ing ramanira, Jaka Bodho anyumanggakakên, Arya Mudhadarma lajêng mangkat.

Kacariyos sadumuginipun panggenaning wadyabala ingkang sami angantos wontên ing pakèndêlanipun kala anglugas raga, lajêng siyaga angangge busana prayogi malih, sasampunipun samapta bidhal mantuk dhatêng nagari, sarêng dumugi sami rêrêm ing wismanipun sowang-sowang, enjing sowan ing sang patih katur solahing dinuta saking wiwitan dumugi ing wêkasan, sarta ngaturakên rontal pemutaning [pe...]

--- 4 : 158 ---

[...mutaning] lêlampahanipun sadaya, Patih Wasita sarêng anupiksa sêrat pemutan langkung sukaning galih, lajêng utusan animbali têtiyang ingkang sami kasêbut wontên ing pemutanipun Arya Mudhadarma. Enjingipun malih sampun sami prapta ing ngarsaning patih, dinangu satunggal-satunggal, bêbukanipun ing nalika sami angêlih êmas kang winadhahan êncèh katêngêran arca, tiyang wau sami matur piyambak-piyambak, tètès kados aturipun Arya Mudhadarma. Patih Wasita lajêng amatrapakên prakawis punika, pun Palaswa tinimbalan prapta, nuntên dhinawuhan ing rêkyana patih: He Palaswa, ing mêngko wus karuwan kang angambil darbèkira winadhahan ing êncèh pinêndhêm ana ing alas katêngêran arca, dene bêbukane angalih sêka ing panggonan, Si Sukarta andhudhuk selog ananggori êncèh isi êmas, banjur diêlih marang pinggir kali, kawruhan marang Si Kartana, nuli diêlih manèh marang patêgalane sutanira Si Jaka Bodho, iku dèn têmu marang Si Jaka Bodho, êmas saêncèhe têtêp pinèt ing sutanira dhewe, apa sira têmên darbe suta aran Jaka Bodho. Pun Palaswa matur inggih sayêktos. Patih Wasita angandika

--- 4 : 159 ---

malih: He Palaswa, ing mêngko bêbênêraning parentah, anakira Si Jaka Bodho kabênêr kêna ing patrapan kaplaksana, awit ing nalika nêmu êmas tanpa paliwara marang têtanggane, dadi anakira iku kalêbu anyidhêm pramanên têtêp ing kadursilane. Umbul Palaswa matur angrêrêpa sarywa karuna: Manawi makatên bêndara, anak kawula pun Jaka Bodho kawula suwunakên pangaksama, amargi anak kawula amung satunggal punika, dene gadhahan kawula kancana ingkang sampun kapêndhêt, kawula sampun narimah dadosa darbèkipun Jaka Bodho. Patih Wasita suka ing galih lajêng angandika sarwi gumujêng: He Palaswa, yèn dhasar mangkana karêpira ingsun iya angapura marang sutanira Si Jaka Bodho, karana kang dadi sudarsanane saka ujaring saloka, ing kuna ana uwong aran Ki Ina, darbe kêbo sawiji, saka sandeyaning ati manawa pinundhut marang lurahing nagara, dadi siningêdake kacancang satêngahing alas, iku kawruhan marang wong ngambil wrêksa aran Ki Sat, dèn lih maring pinggir kali awit agawe sumêlang sarta angewuh-ewuhi marganing angambil wrêksa mau, nuli kawruhan wong mancing mina, aran Ki Satuhu, iku dèn lih cinancang ing patêgalan, awit sumêlang

--- 4 : 160 ---

manawa sinarap ing buaya tan wurung dadi prakara, ing kono kawruhan marang bocah angon aran Jaka Tambuh, iya iku sutane Ki Ina, kêbo mau banjur pinurak ing bocah akèh, barêng Ki Ina anggugat ilanging kêbo ana ing alas, muluring prakara dadi Jaka Tambuh kang kajêdhêgan, iku kabênêr winisesa ing nagara, barêng Ki Ina wruh marang anake banjur anuwunake pangapura, sarta anarima ilanging kêbo mau, kang anyêkêl pangadilan iya angapura, awit dene kalêbu ing bêbasan kêbo mulih marang kandhange, iku pêpadhane kaya sira wus anarima ilanging êmas tinêmu ing sutanira dhewe. Umbul Palaswa nêmbah andhêku, nuntên Patih Wasita adhêdhawah dhatêng Arya Mudhadarma, kinèn andhawahakên dhatêng tiyang têtiga wau, Ki Sukarta lan Ki Kartana, sami kinarsakakên dados umbuling dhusunipun piyambak-piyambak, sarta kalilan manjing pasamuaning păncaniti, awit kaêbab tiyang têmên budinipun, dene pun Jaka Bodho kalêrês angopèni sarta rumêksa dhatêng rajadarbèking tiyang sêpuhipun, amargi sampun anampèni warisan mas ingkang jalaran saking pêparinging dewa, Arya Mudhadarma lajêng andhawahakên, aturipun sami nuhun sandika. [sa...]

--- 4 : 161 ---

[...ndika.] Nuntên Patih Wasita atur uninga ing Prabu Basukeswara, salwiring prakawis punika saking wiwitan dumugi ing wêkasan sampun katur sadaya, Prabu Basukeswara langkung sukaning galih, sarta angalêmbana dhatêng Patih Wasita kalihan Arya Mudhadarma, ing wêkasanipun sadaya sami ginanjar warastra dibya, lajêng kalilan bibaran samya mantuk sowang-sowangan andadosakên suka sukur.

Ing salêbêting taun Culika, etanging taun surya sangkala 557, tinêngêran rêsi gati anata wiyat. Kaetang ing taun candra sangkala 574, tinêngêran karya swaraning buta.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Wiratha, Prabu Basukeswara karsa angadani patamanan wontên kitha ing Mêdhangkawuri, inggih punika nagari ing Wiratha lami, Patih Wasita ingkang kinèn karya wêwangunan, ing antawis dintên mangkat akanthi punggawa ingkang undhagi pralêbda ing saniskara.

Amarêngi masa srawana, kacariyos Patih Wasita prapta saking Mêdhangkawuri, angaturakên gambaring patamanan, katupiksa wêwangunanipun langkung endah sarwa asri kawuryan, [kawur...]

--- 4 : 162 ---

[...yan,] Prabu Basukeswara langkung suka, taman ing Mêdhangkawuri kaparingan nama ing taman Maldewa.

Amarêngi masa padrawana, gêntos kacariyos ing wukir Saptarga, Rêsi Manumanasa katêdhakan Sang Hyang Naradha, angêmban timbalanipun Sang Hyang Jagadnata, kinèn amundhut Bangbang Sakri, badhe kaabên prang kalihan ditya Raja Kujanakrêsna ing Manimantaka, ingkang aminta somah widadari tan sinambadan, wêkasan angêpang ing suralaya. Rêsi Manumanasa anyumanggakakên ananging èsmu awrat kawistara ing nitya. Sang Hyang Naradha sumêrêp pasanging sipta sasmita, dados angandika manis manuhara: Dhuh yoganing ulun, aywa sira sandeya rèhning putunira Si Sakri maksih rare, Sang Hyang Jagadnata iku sipat waskitha, sayêkti boya kasamaran marang ing sawiji-wiji, kaya sira duk maksih rare nguni, kinèn amunah Ditya Raja Kuramba ing Pringgadani, saka karsane Sang Hyang Jagadnata parandene boya rêkasa, mangkono uga Si Sakri kinarsakake munah Ditya Raja Kujanakrêsna ing Manimantaka măngsa dadak rêkasaa, karana Si Ditya Raja Kujanakrêsna iku wus suda kasudirane, awit duk kendhang saka prajane satêlênging samudra ing nguni, kongsi akêkutha

--- 4 : 163 ---

ana ing Manimantaka maksih durung pulih atine, ya ta Rêsi Manumanasa dupi amiyarsa ing pangandikanipun Sang Hyang Naradha têka lêjar suntruting nitya, lajêng matur amborongakên sakarsaning dewa, sasampunipun makatên, Bangbang Sakri kabêkta minggah dhatêng suralaya, dumugi ngarsanipun Sang Hyang Endra langkung sinuba-suba, botên antawis dangu Sang Hyang Jagadnata têdhak lajêng amisik ing pamulang sagunging guna kasantikan miwah jaya kawijayan sadaya, Bangbang Sakri sampun widagda, ing antawis dintên kaparingan sanjata brahma kadhali, lajêng kinèn mijil ing rana ingatêrakên para jawata campuh ing prang para ditya kang angêpang ing suralaya sami kawon kathah ingkang pêjah, sakantukipun sami kapalajêng mantuk dhatêng Manimantaka. Ditya Raja Kujanakrêsna langkung duka, Patih Iranyaka dhinawuhan angêrig para wadya raksasa sadaya, Ditya Raja Kujanakrêsna lajêng tumindak pribadi minggah dhatêng suralaya, prang kalihan Bangbang Sakri langkung rame gêntos kalindhih, ing wêkasan Ditya Raja Kujanakrêsna pêjah kacundhuk ing sanjata brahma kadhali, Patih Iranyaka kenging kamayan lajêng anungkul. Dhawahipun Sang Hyang Endra, mangkya Patih Iranyaka ginêntosakên wontên ing Manimantaka kinèn [kinè...]

--- 4 : 164 ---

[...n] anarubêna wadya ditya ing sakantunipun, nuntên Bangbang Sakri jinunjung nama Bathara Sakri, amêndhêt saking namanipun Sang Hyang Endra, ajêjuluk Sang Hyang Sakra, ing antawis dintên Ditya Raja Iranyaka kang linilan mantuk dhatêng Manimantaka, Bathara Sakri kaantukakên dhatêng Saptarga kairid ing Sang Hyang Naradha. Dumugi ing Saptarga Rêsi Manumanasa winartosan dening Sang Hyang Naradha ing salwir rèh sadaya, sarta andhawuhakên ing sapanarimanipun Sang Hyang Jagadnata akalihan Sang Hyang Endra, Rêsi Manumanasa langkung suka sukur, botên antawis dangu Sang Hyang Naradha muksa.

Gantya kawuwusa ing Manimantaka, mangkya Ditya Raja Iranyaka taksih angănta-ănta dhatêng Bathara Sakri, para punggawa sami tinantun sintên kang kadugi andhustha Bathara Sakri sagêda kabêkta gêsang dhatêng Manimantaka, yèn sampun kalampahan Bathara Sakri kadamêl pangewan-ewan wontên ing Manimantaka, punika ingkang sagêd andhustha wau badhe kadadosakên pêpatih amisesani ing Manimantaka, punggawa ingkang anyagahi amung Sang Mahadyu, mila lajêng kalilan mangkat akanthi panêkaripun, sarêng dumugi wana ing Manailan sami bingung botên wontên sumêrêp prênahing purwa duksina.

--- 4 : 165 ---

Ing salêbêting taun Pramaduda, etanging taun surya sangkala 558, tinêngêran manggalaning buta kawisaya. Kaetang ing taun candra sangkala 575, tinêngêran wisikaning pandhita anata barakan.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Basukeswara têdhak dhatêng taman Maldewa, Arya Manungkara akalihan Arya Dhanadewa sami andhèrèk sapanêkaripun sadaya, dumuginipun ing taman Maldewa, Prabu Basukeswara langkung ngungun aningali uparêngganing patamanan, dene sarwa sangkêp saniskaranipun, dados tansah angalêmbana dhatêng Patih Wasita. Ing nalika punika Prabu Basukeswara anggung kasukan amisaya mina miwah anênumpu sato wana, dupi ing antawis dintên, kacariyos Prabu Basukeswara nuju ambêbujêng sangsam kapisah kalihan wadyabala, kalunta-lunta ngantos dumugi talatah sapinggiring wana ing Manailan. Ing ngriku kapanggih kalihan tiyang jalêr sampun pikun, marêk nêmbah angrêrêpa aturipun sarwi rawat waspa: Dhuh prayantun kang anitih kuda, mugi wêlasa sampun ngantos măngga amăngsa ing kula, amargi kula sampun sêpuh badan kêra, manawi kamăngsaa anggăndra pintên, tur botên mirasa. [mira...]

--- 4 : 166 ---

[...sa.] Prabu Basukeswara langkung ngungun wêkasan andangu: He kaki tuwa, sira iku sapa dene têka mangkana wuwusira, apa ingsun iki sira dalih măngga amăngsa janma, măngka salawas ingsun jumênêng nata ana ing Wiratha angratoni sagunging manusa, durung tau amatèni wong tanpa dosa. Mangkana kiyai pikun, dupi amiyarsa ing pangandikanipun Prabu Basukeswara têka sumaringah ing nitya, saking bingah angguguk sarywa nêmbah matur: Dhuh pukulun, kalinganeya panjênêngan paduka punika ratu kawula, saking pangintên panjênêngan paduka punika kawula wastani panunggilaning danawa ingkang tansah angrêrisak padhusunan amăngsa janma, mila padhusunan tanah ing ngriki punika kathah sunya, amargi têtiyangipun sami kesah rêbat pangungsèn, saking ajrih wirodhaning danawa, wawratipun kawula punika kalêbêt dados paguroning kadigdayan, kaanggêp pêpundhènipun tiyang padhusunan tanah ing ngriki sadaya, parandosipun botên kawawa ananggulangi kasuraning danawa, amilalu ngili dhatêng salêbêting jêjurang siluk-siluk angungsèkakên anak putu. Têlas aturipun kiyai pikun lajêng karuna sarywa muwus piyambak: Dhuh Karsula, baya mêngko wus luwar saka ing cilaka, [cila...]

--- 4 : 167 ---

[...ka,] dene antuk parmaning dewa katêdhakan Kangjêng Sri Maharaja. Prabu Basukeswara andangu kang sinambat nama Karsula. Aturipun: Dhuh pukulun, inggih kawula punika ingkang awasta pun Karsula, kamisêpuhipun dhusun ing Sabara, sarêng kadhatêngan danawa paksa wirodha, kawula kapalajêng saanak putu sami angusi[17] dhatêng salêbêting jurang iring-iringaning wukir Saptarga, punika para danawa katilapan ngantos sapariki, ing sabên kawula mêntas saking jêjurang angupados têdha, botên nate kaparanggul ing danawa. Prabu Basukeswara andangu panggenaning danawa, aturipun Kiyai Karsula: Kawarti wontên satêngahing wana Manailan. Prabu Basukeswara angandika: Yèn mangkana kaki, bêcik ingsun sirnakake sagunging buta kang asikara iku. Kiyai Karsula matur: Dhuh pukulun, ila-ila punapa ingkang kawula têmaha, manawi puruna angina ing panjênêngan paduka, ananging bêbasanipun kainan manawi tanpa wadya. Sawêg kèndêl samantên aturipun Kiyai Karsula, katungka praptaning wadya ingkang sami angupadosi, wartos-winartosan sami pangungunipun. Pangandikanipun Prabu Basukeswara dhatêng Kiyai Karsula: Lah ing mêngko kaki, sarèhning wadya punggawaningsun wus padha [pa...]

--- 4 : 168 ---

[...dha] têka, ingsun sida analasak sajroning alas ing Manailan iki, angungsi buta kang padha sikara. Aturipun Kiyai Karsula: Lah inggih gusti, ing mangke sampun botên kuciwa malah manawi kaparênga kawula andhèrèk lumampah wontên ing ngajêng, sumêrêp dados cucuk panêdah margi, Prabu Basukeswara anayogyana[18] lajêng mangkat, ing samargi-margi kapêthukan danawa panêkar ingkang sami angupados mêmangsan. Ing ngriku kathah danawa kawisesa dening Prabu Basukeswara, mangkana kapiyarsa ing Sang Mahadyu, mila dahat bramantya, lajêng mangsah pêpulih mangungsir kiwul, para wadya ing Wiratha kalindhih sami kapalajêng, ingadhangan dening Arya Manungkara akalihan Arya Dhanadewa, botên antawis dangu Sang Mahadyu kapanggih kalihan Arya Dhanadewa lajêng prang gêntos kalindhih, Arya Manungkara têtulung anlabung saking kanan, Sang Mahadyu botên kewran pinarbutan ing prang, ing wêkasan arya kêkalih sami karepotan. Nuntên Prabu Basukeswara mangsah nirbaya nirwikara, Sang Mahadyu pêjah kataman ing sanjata dibya, para danawa panêkar sami mangsah ambul ambelani nanging datan măngga puliha, kathah pêjah kasambut ing ayuda, sasesaning kang wisesa sami kapalajar [kapa...]

--- 4 : 169 ---

[...lajar] asasaran, pati-pati bêbêntusi mantuk dhatêng Manimantaka amung kantun danawa bajang satunggal kacandhak gêsang lajêng anungkul. Dinangu aturipun awasta pun Aswapangga, tgêsipun kapal angombe, dinangu malih karananing danawa bajang têka tumut ambêbarang prang, pun Aswapangga matur: Ing wit milanipun makatên: kawula punika sutaning danawa ijêm ingkang ambêg pandhita paramarta, awasta Sang Mudita, atêtapa wontên ing ardi Kandhaka, botên têbih saking wana Manailan ing ngriki, dupi antawis lami pun bapa Sang Mudita badhe muksa amêmisik dhatêng kawula makatên: Dhuh kulup Aswapangga, ing sapungkur ingsun, yogya angupayaa sudarmanira kang sajati, aran Kiyai Karsula ing desa Sabara, kamulane ing nguni Kiyai Karsula anglabuh daging wêwungkulan, duk samana ingsun panuju lêlinggaran ing nalika rèrèn angombèkake jaran maring kali, wruh panglabuhing daging Kiyai Karsula ingsun atêtakon, winangsulan yèn somahe darbe suta mêtu daging wêwungkulan, marmane kalabuh ing kali rumasa lingsêm manawa kawadaka têtanggane, ingsun anêmbung bakal anyarah daging wêwungkulan kang linabuh iku, Kiyai Karsula anglilakake, daging nuli ingsun gawa mulih [mu...]

--- 4 : 170 ---

[...lih] praptèng wisma sun pêpuja dadi sira rupa ditya bajang samono, marmane sira sun arani Aswapangga, dene antuk ingsun anyarah daging nuju angombèkake jaran. Punika pukulun, pamisikipun pun bapa danawa ijêm Sang Mudita dhatêng kawula. Sarêng dumugi ing dintên sae, pun bapa danawa ijêm muksa, sarèhning botên darbe ali waris malih, dados samukawis têtilaranipun kadarbe ing kawula, utawi kawruhipun dhatêng guna kasaktèn sampun tumplak kawulangakên dhatêng kawula sadaya, mila kawula kalêbêt animpuna ing aguna, pakarti agal alus sampun kawrat wontên ing kawula saking wêwulangipun pun bapa Sang Mudita, dalah kagunan ingkang rèmèh-rèmèh. Kados ta: angodod dêdêg amênthèng badan, utawi anulad swaraning sarwa tumitah kawula sagêd sadaya, sarêng sampun antawis dintên pamuksanipun pun bapa Sang Mudita, kawula amituhu ing wêwisikan lajêng kesah sêdya angupadosi bapa kawula sajati ingkang awasta Kiyai Karsula, dumugi wana ing Manailan, kawula kenging aradaning danawa kawarti saking Manimantaka badhe anglurug dhatêng wukir Saptarga, kalampahan kawula dados pagondhaling kapal têtumpakanipun danawa ingkang awasta [awa...]

--- 4 : 171 ---

[...sta] Sang Mwamoha, ing dalêm kalih wulan padamêlan kawula angèn kapal, sarêng kawula ambudi sampun ngantos rêkaos, dados kawula amêdalakên kagunan amênthèng badan, sirah ngantos karakêt kalihan siti, tangan têngên sagêd amêndhêt rumput, tangan kiwa sagêd angombèkakên kapal, Sang Mwamoha sumêrêp langkung kagawokan, tular-tumularing pawartos kantos katupiksa dhatêng pangagênging danawa ingkang awasta Sang Mahadyu, kawula kapundhut miji dados kalangênan juru pisuka, ing sadintên-dintên kawula kinèn amêdalakên kagunan ingkang adamêl suka pangunguning ngakathah, manawi kawula angodod dêdêg ngantos mèh sundhul ing awiyat, badan kawula alit sadami aking, manawi kawula amênthèng badan, sirah ngantos karakêt ing wisma, tangan têngên akalihan tangan kiwa, punika sami têbih antawisipun, lumampah angangsar, bêbasan suku janggut atêkên dhadha, punapa malih kawula manawi anulad swaraning paksi miwah sato botên kawistara, kados ta: manawi anggro kados sima, manawi angrik kados liman sayêktosipun, mila Sang Mahadyu sangêt sih wêlasipun dhatêng kawula, têlas aturing danawa bajang pun Aswapangga. Mangkana ing sapamiyarsanira Kiyai [Ki...]

--- 4 : 172 ---

[...yai] Karsula anjrit karuna sarywa angrangkul dhatêng pun Aswapangga, aturipun dhatêng Prabu Basukeswara: Dhuh pukulun, manawi makatên pun Aswapangga punika anak kawula, dening cariyosipun wau têka tètès sadaya. Prabu Basukeswara saha wadya punggawa samya ngungun, pangandika nata anêmbadani dhatêng Kiyai Karsula dènira amanggih suta saking marmaning dewa, sarta pun Aswapangga dhinawuhan kinèn amituhu manawi Kiyai Karsula punika sudarmanipun ingkang sajati, pun Aswapangga angèstokakên ing pangandika nata. Sasampunipun makatên, pun Aswapangga dhinawuhan amêdalakên kagunanipun angodod dêdêg amênthèng badan, miwah anulad swaraning sarwa tumitah, sampun kalampahan andadosakên suka ngunguning galihira Prabu Basukeswara saha wadya punggawa sadaya. Gancanging cariyos sarêng Prabu Basukeswara kondur dhatêng Wiratha, Kiyai Karsula akalihan pun Aswapangga sami kadadosakên punggawa, para anak putunipun ingkang sami kaungsèkakên wontên salêbêting jêjurang sampun kaboyongan dhatêng Wiratha sadaya, Sang Aswapangga sampun angusungi rajadarbèkipun ingkang wontên ing wukir Kandhaka.

--- 4 : 173 ---

Amarêngi masa naya, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya kadhatêngan mêngsah Ditya Raja Iranyaka ing Manimantaka saha wadyabala raksasa sadaya, dhatêngipun tanpa krama lajêng angrunjang sura tan taha nirbaya nirwikara, wadyabala Wiratha kagegeran dening kinagètakên pangamuking mêngsah ditya, botên antawis dangu para punggawa sami prapta ananggulang ing prang langkung rame gêntos kalindhih, Prabu Basukeswara akalihan Patih Wasita anindhihi pranging para punggawa, Arya Manungkara dinuk ing sasmita dening Prabu Basukeswara sampun anampèni, lajêng momor sambuh amèt katungkuling mêngsah, singa kang kalimpe kausapan maniara sami dados arca. Ya ta Ditya Raja Iranyaka, sarêng sumêrêp manawi para wadya punggawanipun akathah ingkang dados arca têka miris manahira, ing saantawis angupados pambudidaya, kadadosanipun andhatêngakên mêndhung angêndhanu pêtêng dhêdhêt alimêngan, parêng swara gora gumuruh nguwuh-uwuh akèn prayitna, para wadya ing Wiratha sami giras kamigirisên kêkês kukut kadi kadaut. Nuntên Prabu Basukeswara amatêk aji dipa, ing sanalika lajêng padhang tarawangan, katingal prênah panggenaning Ditya Raja Iranyaka, ing ngriku

--- 4 : 174 ---

linêpasan sara dibya kenging jajanipun, Ditya Raja Iranyaka pêjah kuwănda muksa. Sasampunipun makatên, Prabu Basukeswara anarubakên para wadya lajêng samya ngumpul wontên ing panangkilan. Nuntên Arya Manungkara kadhawahan kinèn angruwati para ditya ingkang dados arca, sampun sami ruwat lajêng anungkul sadaya. Prabu Basukeswara andangu warisipun ditya raja ing Manimantaka, ingkang dinangu matur taksih wontên, arinipun Ditya Raja Iranyaka, anama Ditya Martikawata ing Ngima-ima, punika kasub ambêk pandhita paramarta. Prabu Basukeswara kayuyun arsa sumêrêpa, lajêng andangu namanipun ingkang angaturakên kautamaning Ditya Martikawata, aturipun awasta Ditya Sangkrêta, sutaning Ditya Suliksa, wayahing Ditya Saturka, buyuting Ditya Rajawrêka, canggahing Bathara Siwahoya, kaprênah warèng dening Sang Hyang Kala ing kina. Pangandikanipun Prabu Basukeswara: Yèn mangkana sira iku ditya têdhaking dewa, ing bênêre patitis yèn ingsun kongkona angundang marang Ditya Martikawata. Aturing Ditya Sangkrêta, inggih langkung prayogi anggêr kaparingan tăndha nawala patra, Prabu Basukeswara anayogyani, lajêng dhawah dhatêng juru citra kinèn [kinè...]

--- 4 : 175 ---

[...n] karya sêrat ingkang têmbung êla-êla mêmalad sih pirênaning prana, sarêng sampun dados lajêng kaparingakên dhatêng Ditya Sangkrêta sarta winêling-wêling sawadining manadukara, Ditya Sangkrêta wotsari mêsat saking ngabyantara nata lajêng muluk angambara, sagunging wadya ditya sami kantun wontên ing Wiratha, sampun kaprênahakên panggenanipun sowang-sowang, Prabu Basukeswara kondur angadhaton.

Kacariyos lampahipun Ditya Sangkrêta sampun dumugi ing Ngima-ima, kapanggih kalihan Ditya Martikawata, angulungakên nawala patra saking Prabu Basukeswara, tinampenan sampun binuka ungêling nawala patra, suraos arsa kapawongmitra dening Prabu Basukeswara, yèn kaparênga kinèn dhatêng Wiratha anampènana suka pirênaning manah, titi pamaosing nawala patra. Ditya Martikawata atêtanya dhatêng Ditya Sangkrêta: Karananipun Prabu Basukeswara karsa mèt pamitra, Ditya Sangkrêta sampun sajarwa jati salwiring lêlampahan sadaya. Ditya Martikawata lajêng mangkat mêdal ing gêgana, Ditya Sangkrêta umiring sarêng kalayan Ditya Warigangga, Ditya Waprakridha, sami ditya kamisêpuhing Ngima-ima, dumuginipun nagari ing Wiratha kapanggih kalihan Prabu Basukeswara.

--- 4 : 176 ---

Sasampunipun sinambrama ing pambage, lajêng dinangu prênahipun kalihan Ditya Raja Iranyaka, Ditya Martikawata matur: Dhuh sang prabu manawi Ditya Raja Iranyaka punika kadang kawula sêpuh, sami putraning Ditya Raja Kalakandha ing Manimantaka, ananging sanès ibu, pun kakang Iranyaka ibunipun awasta Dèwi Rukmi, putraning Ditya Raja Rukma ing Kasipura, kawarti têdhaking Ditya Raja Iranyaka Sipu ing kina, dene ibu kawula wasta Dèwi Mayi, arining Bagawan Mayangkara, sami putraning Ditya Raja Kalakrêsna ing Dwarawatiprawa, kawarti têdhakipun Sang Hyang Wisnu ing kina. Prabu Basukeswara andangu malih: Rama andika Ditya Raja Kalakandha punika putraning sintên. Aturing Ditya Martikawata: Manawi pun rama punika putraning Ditya Raja Kartimasa ingkang ajêjuluk Ditya Raja Kartikala ing Ngima-ima, Ditya Raja Kartimasa punika putraning Ditya Raja Wijatmaka ing Ngima-ima, Ditya Raja Wijatmaka putraning Bathara Kalakeya, Bathara Kalakeya putraning Bathara Kalaka, ingkang ajêjuluk Bathara Kalayowana, Bathara Kalaka yoganing Sang Hyang Kala ing kina. Prabu Basukeswara andangu gancaripun Dèwi Mayi kawarti têdhakipun Sang Hyang Wisnu punika, Ditya Martikawata matur: Manawi Ditya

--- 4 : 177 ---

Raja Kalakrêsna punika putraning Ditya Raja Mangkara ing Dwaraka, Ditya Raja Mangkara putraning Ditya Wisnungkara, Ditya Wisnungkara putraning Bathara Anapurna, Bathara Anapurna yoganing Sang Hyang Wisnu. Pangandikanipun Prabu Basukeswara: Yèn makatên andika punika kaprênah putu kula, karantên kula punika canggahe Sang Hyang Wisnu, andika udhêg-udhêge Sang Hyang Wisnu têdhakan saking putra panêngah. Ditya Martikawata andhêku, lajêng dinangu malih: Raka andika Ditya Raja Iranyaka punapa botên darbe suta. Aturipun: Inggih darbe suta èstri kêkalih mêdal saking Dèwi Sasmrêti, ingkang sêpuh wasta Dèwi Kanaka, ingkang nèm wasta Dèwi Mastura, sakalihan botên warni rasêksi, sami warni manusa endah ing warni, ananging watêkanipun taksih kambêtan ditya, amargi sami doyan amăngsa wangke wontên ing pasetran. Prabu Basukeswara andangu: Suta èstri sakalihan wau punapa sampun sami apalakrama, aturing Ditya Martikawata: Dèrèng darbe priya, ananging sampun wontên pêpacanganipun sami prênah kakang pribadi, kala taksihipun ipe kawula Dèwi Sasmrêti punika ingkang amêmacangakên, Dèwi Kanaka badhe angsal anak kawula pun Ditya Mityakardha, [Mityakar...]

--- 4 : 178 ---

[...dha,] Dèwi Mastura badhe angsal pun Ditya Martyukala Krêsna, sutaning Kujanakrêsna, Prabu Basukeswara angandika: Kang aran Kujanakrêsna punika sintên. Aturipun Ditya Martikawata: Ingkang awasta Kujanakrêsna punika ditya raja ing Manimantaka, kaprênah kakang kawula nak-sanak, kalêbêt sadhèrèk ipe kalihan pun kakang Iranyaka, amargi Dèwi Sasmrêti punika, ingkang rayi Ditya Raja Kujanakrêsna, dene Ditya Raja Kujanakrêsna punika ing ngajêng jumênêng nata wontên ing Dwarawatiprawa, lajêng ngalih kitha sadhasaring samudra, winastan ing Samandêla, sajêngkaripun saking ngriku lajêng dhatêng Manimantaka, têpang pirukun kalihan pun kakang Ditya Raja Iranyaka, Ditya Raja Kujanakrêsna ingkang jumênêng nata, pun kakang Ditya Raja Iranyaka kadadosakên patih wisesa, sarêng Ditya Raja Kujanakrêsna sirna, pun kakang Iranyaka anggêntosi dados ratu ing Manimantaka malih, lajêngipun tiwas wontên ing ngriki punika, têlas aturing Ditya Martikawata. Prabu Basukeswara lajêng andhawahakên pangulawisudha, Ditya Martikawata kinèn jumênênga nata ing Manimantaka, sutanipun jalu kang awasta Ditya Mityakardha, kadadosakên ratu ing Ngima-ima, kithanipun pinaringan [pinaring...]

--- 4 : 179 ---

[...an] nama ing Ngima-imantaka, sarta kinèn andhaupakên antuk Dèwi Kanaka, sutaning Ditya Raja Kujanakrêsna kang awasta Ditya Martyukala Krêsna, kadadosakên ratu ing Dwarawatiprawa, sarta kinèn andhaupakên antuk Dèwi Mastura, Ditya Sangkrêta kinèn andadosakên pêpatih wontên ing Manimantaka, Ditya Raja Martikawata nêmbah matur sandika, ing antawis dintên kalilan mantuk dhatêng ing Manimantaka, sampun kalampahan ing sadhawahipun Prabu Basukeswara sadaya.

Ing salêbêting taun Prasutpadi, etanging taun surya sangkala 559, tinêngêran mênga marganing pagulingan. Kaetang ing taun candra sangkala 576, tinêngêran karênga swaraning gati.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari ing Wiratha, Prabu Basukeswara karsa amêng-amêng anamur-kula dhatêng padhusunan, amung kadhèrèkakên ing Arya Manungkara, akalihan panakawan kêkalih, sarêng dumugi margining dhusun ing Wandasingha kèndêl, awit wontên tiyang sakawan kênya sami lumampah gêgancangan sarwi atawan-tawan tangis, dinangu matur badhe dhatêng nagari sowan ing Sang Arya Manungkara, lajêng kaandhêg sarta jinatosan yèn [yè...]

--- 4 : 180 ---

[...n] ingkang andangu punika Arya Manungkara, tiyang sakawan ingkang sami atawan-tawan tangis sumêrêp dhatêng Arya Manungkara, lajêng kèndêl lênggah angajêngakên Arya Manungkara amêngkêrakên Prabu Basukeswara, panakawan kêkalih sami gumujêng, Arya Manungkara adhêdhawuh dhatêng tiyang sakawan kinèn sami angajêngakên ing sang nata sampun kalampahan. Sarêng antawis sami aring napasipun dinangu ingkang dados karana. Ingkang satunggal matur: Kawula punika umbul dhusun ing Kasidan, padhêkahanipun ing Wandasingha, awasta Umbul Sarwa, pawèstri sêpuh punika semah amba awasta Nyai Kèsi, ingkang satunggal adhi kawula awasta pun Rêmbun, ingkang parawan punika anak kawula awasta pun Saruwi, mila sami kapang-kapangan badhe sowan ing ngarsa paduka Sang Arya Manungkara, sumêdya amêmalar sih parimarma lumampah dipun murinani, anggèn kawula kaoyak-oyak dhatêng tiyang parapat, dalah pawong rencang kawula piyambak sami tumut sabiyantu, kawula dipun wastani badhe angoncati prajangji, amung dumugi samantên aturipun, Arya Manungkara andangu: Sira darbe prajangji apa. Umbul Sarwa angaturakên ingkang dados bêbukanipun makatên: Kala wêkasaning masa jita ingkang

--- 4 : 181 ---

sampun kapêngkêr, kawula kadhatêngan tiyang èstri saking dhusun Pahoman, awasta Nyai Gandhori, semahipun Buyut Gandhowara, têmbungipun Nyai Gandhori punika angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng anak kula èstri pun Sawuri, badhe kadhaupakên angsal anakipun jalêr ingkang awarni ulam kutuk awasta Jaka Dêlêh, sarèhning têmbung anglêngkara sangêt dening ulam kutuk badhe angangkah rabi manusa, ing sanalika semah kawula Nyai Kèsi punika sugal wangsulanipun, ulam kutuk badhe kadhaupakên antuk anak kawula amasthi lumampah dados êpès-êpèsan. Nyai Gandhori badhe napsu lajêng kawula rêrapu, ing wêkasan kawula adamêl pêpanggil minta têtêngêran rêtna maniking toya sakêmbaran ingkang agêngipun sabiluluk, Nyai Gandhori sagah dèrèng kantênan lajêng mantuk, sarêng antawis dintên dhatêng griya kawula malih angulungakên rêtna maniking toya sakêmbaran, agêngipun inggih sabiluluk yêktos, kawula badhe botên purun tampi dipun kawonakên ing ngakathah, sarta sami angajrih-ajrihi manawi dados prakawis awrat sangginipun, ing wêkasan kawula anêdha inah pêndhak dintên dipun sarantosakên.

--- 4 : 182 ---

Rêtna maniking toya kawula purih ambêkta wangsul rumiyin, ananging Nyai Gandhori botên purun, ajêng botên ajênga kawula dipun paksa anampèni, sadangunipun sami diya-diniya, saking pamrayogining ngakathah, rêtna maniking toya gumantunga wontên Sang Brahmana Sodha, ing samăngsa sampun dumugi pêndhak dintên amasthi kawula kapaksa anampèni, sarêng sampun bibaran ing dalu kawula rêrêmbagan kalihan anak rabi, pamuntuning manah botên wontên malih amung badhe anênuwun pitulunging parentah, supados wontêna ing sih wêlasipun Kangjêng Sri Narendra, karsaa damêl sande dhaupipun anak kawula sampun ngantos kalampahan angsal ulam kutuk. Têlas aturipun Umbul Sarwa, Prabu Basukeswara akalihan Arya Manungkara samya ngungun. Nuntên Arya Manungkara tinanduk ing sasmitaning nata sampun tumanggap lajêng kadhawahakên dhatêng Umbul Sarwa, kinèn lajua dhatêng nagari anjujug wismaning Arya Manungkara, Umbul Sarwa nêmbah lajêng mangkat. Prabu Basukeswara anglajêngakên anggènipun amêng-amêng anamur-kula, ing samargi-margi angraosakên Buyut Gandhowara anggènipun darbe suta awarni kutuk, saking karsanipun Prabu Basukeswara kêdah kadadosakên [kada...]

--- 4 : 183 ---

[...dosakên] dhauping pangantèn punika, bokmanawi badhe andhatêngakên kaelokan, ananging Buyut Gandhowara sarat mawi kadangu ingkang dados bêbuka anggènipun darbe suta kutuk. Sarêng Prabu Basukeswara kondur dumugi ing praja animbali Patih Wasita, winartosan prakawis punika Patih Wasita langkung ngungun, lajêng jinatosan ingkang dados karsa nata sarta dhinawuhan animbali Buyut Gandhowara, patih matur sêndika nêmbah mêdal sampun anglampahakên duta kinèn dhatêng Pahoman animbali Buyut Gandhowara, enjingipun dhatêng anjujug ing kapatihan. Antawis sampun aso lajêng kairid sowan ing ngarsa nata, Arya Manungkara tinimbalan sampun prapta, ing ngriku Buyut Gandhowara dinangu bêbukanipun darbe suta kutuk. Nêmbah matur anggancarakên ing wit milanipun makatên: Kala rumiyin sampun antawis kalih wêlas taun, semah kawula pun Gandhori nuju wawrat sêpuh sampun mèh andungkap ing êlèkipun, punika ing dalu supêna wawratanipun lair mêdal ulam kutuk, ulam kutuk wau lajêng kabucal dhatêng lèpèn Wandasingha, sarêng enjing wêtêngipun katingal kimpès kados kala dèrèng wawrat. Dipun dhukunakên sampun yakin manawi wawratanipun [wa...]

--- 4 : 184 ---

[...wratanipun] musna tanpa karana, lajêng wêwartos dhatêng kawula andadosakên sangêt gêtun pangunguning manah, sarêng ing dalu malih semah kawula pun Gandhori angsal wêwangsit salêbêting supêna makatên: biyung Gandhori kowe sesuk mênyanga ing kali, manawa ana katon iwak kutuk mawa makutha jêjamang kancana, iya iku sajatine aku sutanira dhewe, nuli sèsèrên ing jarit aja kongsi rêkasa, manawa wus kêna ingunên anèng pabongan aja ngago[19] pinakanan apa-apa, amung sabên têngah wêngi dupanana mubêng sapinggiring pabongan, sarta sêbutên mangkono: kulup Jaka Dêlêh tangia ênggèr aku anjaluk anu, aranana apa kang dadi panjalukmu iku sayêkti dak turuti têka padha ana sanalika ing sandhingira, ananging wêkasku sesuk manawa kowe mênyang kali aja kongsi kawruhan ing wong, lawan aja wêwarta ing liyan wasitaningsun iki, manawa kalakon mêngkono biyung amasthi dadi kabêgyanira. Sarêng bangun enjing pun Gandhori dhatêng lèpèn piyambak, antukipun angsal ulam kutuk lajêng kaingu wontên ing pabongan, nuntên kawula badhe adus kagèt aningali salêbêting pabongan wontên ulam kutuk mawi makutha jêjamang sarwa kancana, pun Gandhori kawula [ka...]

--- 4 : 185 ---

[...wula] undang dhatêng api tumut angungun, ing nalika punika ulam kutuk manthongol sirahipun sarywa muwus makatên: Bapa Gandhowara aja kagèt: wruhanta ingsun iki sutanira dhewe, kang mijil saka ing si biyung Gandhori, wingi si biyung angimpi wêtêngane mêtu iwak kutuk banjur binuwang maring kali, barêng esuke wêtêngane biyung kimpès, iya uga wus awêwarta marang sira, mau bêngi si biyung olèh wangsit sajroning pangimpèn kinon maring kali tanpa rowang, sarta pinênging awêwarta ing lyan, manawa ana katon iwak kutuk kinèn angarah kang kêna ora rêkasa, jinatenan yèn iku sutane dhewe, kinon amrênahake anèng pabongan tanpa pinakan apa-apa, mung kadupanana mubêng satêpining pabongan ing sabên têngah wêngi, sarta kinèn anguwuh iwak kutuk aran Jaka Dêlêh amintaa apa-apa katêkan padha sanalika, iku si biyung mau esuk tangi turu laju maring kali dhewe, kalakon sawasitaning wangsit mêngkono ing wêkasan kongsi tumêka sira arêp adus iki, marmane bapa Gandhowara biyung Gandhori, sira karo padha amituhua ing wangsit aja kongsi wara-wara, ing besuk awêwartaa anèng ngarsaning ratunira,

--- 4 : 186 ---

manawa wus mangsane bakal kanggo ing karya, sarêng ulam kutuk sampun wicantên makatên lajêng silêm malih, kawula botên saèstu adus amung angrêsiki pabongan kemawon, saha lajêng amituhu ing sabên têngah dalu adêdupa mubêng satêpining pabongan sarwi anguwuh ulam kutuk amêminta ing samurwatipun kadhatêngan sami sanalika, punika gusti, dumugi ing sapariki kawula ragi kacêkapan saking anglampahi pakèning ulam kutuk. Sarêng masa jita ingkang sampun kapêngkêr punika, anak kawula ulam kutuk angangkah badhe rabi, ingkang dipun kajêngakên parawan ing Kasidan, sutaning Umbul Sarwa ingkang awasta Kèn Saruwi, semah amba pun Gandhori kinèn angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng Kasidan. Sampun kalampahan panggih kalihan Umbul Sarwa, Kèn Saruwi dipun têmbung badhe kapêndhêt mantu angsal anak kawula ingkang warni ulam kutuk awasta Jaka Dêlêh, punika Umbul Sarwa awrat, dening janma badhe kaangsalakên ulam kutuk, sarèhning kapêksa ing wêwangsulan, dados damêl pêpanggil anêdha têtêngêran rêtna maniking toya sakêmbaran ingkang agêngipun sabiluluk, pun Gandhori sagah dèrèng kantênan lajêng pamit mantuk, dumugi ing griya sanjang dhatêng ulam kutuk [ku...]

--- 4 : 187 ---

[...tuk] manawi dipun pêpanggili têngêran rêtna maniking toya sakêmbaran ingkang agêngipun sabiluluk. Ulam kutuk kèndêl saengga anêgês karsaning Kang Kawasa, botên antawis dangu sirahipun manthongol lajêng muwus: Biyung ambilên rêtna maniking banyu sakêmbaran kang ana pabongan iki, sarêng kapêndhêt pun Gandhori kamilêngêrên sangêt aningali prabaning rêtna maniking toya, kawula ngantos balêrêngên kados aningali surya, nuntên pun Gandhori amêndhêt sangku kancana ingkang amawi tutup, kadamêl wadhah rêtna maniking toya sakêmbaran wau, lajêng angrukti wêwahing pirantos saha amêmatah pantêsipun ingkang angiringakên dhatêng Kasidan. Sarêng sampun sarwa samapta ing antawis dintên mangkat mawi karêngga samargi-margi dados têtingalan, sabên tiyang aningali sami kayungyun lajêng tumut angiringakên pisan, dumuginipun ing Kasidan pinanggihan dhatêng Umbul Sarwa, badhe botên purun anampèni rêtna maniking toya, ananging dipun paksa ing ngakathah, punika Umbul Sarwa anêdha inah pêndhak dintên. Rêmbaging tiyang parapat sadaya kawula kinèn anyarantosakên, rêtna maniking toya kala wingi gumantung wontên brahmananing dhusun ing Wandasingha, anama Brahmana [Bra...]

--- 4 : 188 ---

[...hmana] Sodha, têlas aturing Buyut Gandhowara. Prabu Basukeswara akalihan Patih Wasita miwah Arya Manungkara sami angungun. Pangandikanipun Prabu Basukeswara badhe karsa andadosakên dhauping pangantèn punika, ananging manawi sagêd wiraosan piyambak kalihan ulam kutuk. Buyut Gandhowara matur kadugi ambêkta sowan ing ngarsa nata, saha amasthèkakên ulam kutuk sagêd amangsuli manawi kadangu, Prabu Basukeswara kasêmbadan ing karsa, Buyut Gandhowara kalilan mantuk, ing dalu kadhawahan anyowanakên ulam kutuk sampun ngantos wontên ingkang uninga.

Kacariyos antukipun Buyut Gandhowara dumugi ing wisma, awêwarti dhatêng semahipun laju aprasabên dhatêng ulam kutuk, manawi mangke dalu katimbalan ing sang nata badhe kadadosakên dhaupipun kalihan Kèn Saruwi, Jaka Dêlêh manthongol sirahipun lajêng amangsuli makatên: Iya bêcik, ananging si biyung Gandhori aja kari, sarta panggawanira maring ngarsa nata iku ingsun wadhahana ing lancang kancana kang aisi banyu marta pawitra saka ing swarga, Jaka Dêlêh sawêg kèndêl pamuwusipun, nuntên wontên lancang kancana sampun isi toya wêning arum gandanipun, [ga...]

--- 4 : 189 ---

[...ndanipun,] botên antawis dangu ulam kutuk sampun manggèn wontên ing lancang kancana, sarêng ing wanci sêrap surya Buyut Gandhowara akalihan Nyai Gandhori sami angusung lancang kancana kabêkta sowan dhatêng nagari, dumugi ing kapatihan laju kabêkta sowan ing ngabyantara nata. Prabu Basukeswara anambrama ing pambagya dhatêng ulam kutuk, ing sanalika ulam kutuk manthongol sirahipun sarwi matur sangêt anênuhun ing panambrama nata. Prabu Basukeswara kapirênan ing galih lajêng andangu karananipun ulam kutuk angangkah rabi manusa. Ulam kutuk matur sajarwa ing wit milanipun makatên: Kala rumiyin kawula punika dewa ingkang kasêbut nama Bathara Paswa, putraning Bathara Purusa, ing nalika kawula taksih dados dewa wontên ing suralaya sampun emah-emah angsal kadang nak-sanak piyambak, awasta Dèwi Dharani putraning Bathara Mèstri, Bathara Mèstri punika arining Bathara Purusa, sami putraning Bathara Patajala, wayahing Bathara Sukskadi, ing mangke kawula cariyos bêbukanipun anggèn kawula dados ulam kutuk. Kala amarêngi sangêting pêpasihan kawula kalihan Dèwi Dharani, punika kawula pitakèn makatên: Sira iku yayi apa têmên-têmên [têmê...]

--- 4 : 190 ---

[...n-têmên] asih trêsna maring sun, winangsulan manawi sangêt satuhu ing sih trêsnanipun. Kawula muwus malih: Yèn mangkana yayi, ingsun kudu wêruh ing tăndha yêktinira, mêngko ingsun arsa anjanma maring ngarcapada, lah sira apa milu ing saparan ingsun, wangsulanipun Dèwi Dharani: Sampun ingkang dhatêng ngarcapada manawi botên tumutura, sanadyan dhatênga dhasaring yamani pisan, kawula botên nêdya kantun. Sasampunipun Dèwi Dharani amangsuli makatên, lajêng sami andhawahakên prasêtya, sarêng ing antawis wontên ambêt saking kahyangan, gandaning tiyang ngarcapada ingkang sawêg pêpasihan jalu èstri, punika kawula lajêng anuksma dados ulam kutuk. Dhumawah wontên ing guwa-garbanipun Nyai Gandhori, semahipun Buyut Gandhowara ing Pahoman. Saking anggèn kawula badhe angyêktosakên prasêtyaning semah amba Dèwi Dharani, manawi taksih kaestokakên, sanadyan kawula warnia punapa-punapa saèstu èngêt inggih lajêng sagêd kapanggih malih, ing alami-lami kawistara saking pramana manawi semah amba Dèwi Dharani kayêktosan prasêtyanipun, sampun kalampahan tumutur anjanma dados sutaning Nyai Kèsi, semahipun Umbul Sarwa ing Kasidan, [Kasi...]

--- 4 : 191 ---

[...dan,] awasta Kèn Saruwi, kawula botên kasamaran manawi punika panjanmanipun semah amba Dèwi Dharani, mila kawula angkah dados rabi, manawi sagêd kalampahan, saèstu amratandhani kayêktosaning prasêtya kala taksih sami wontên ing kahyangan. Sarêng kawula kengkenan pun biyung Nyai Gandhori, angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng Kasidan, dipun pêpanggili anêdha têtêngêran rêtna maniking toya sakêmbaran ingkang agêngipun sabiluluk. Kawula lajêng angganani, ing wêkasan anêdha inah pêndhak dintên, kawula inggih anyarantosakên, mila ing mangke rêtna maniking toya gumantung wontên pangagêngipun karajan ing Wandasingha, awasta Brahmana Sodha, manawi sampun dumugi ing ubanggi pêndhak dintên, Sang Brahmana Sodha ingkang wajib anglulusakên kalampahanipun, amargi sami dados bawah karerehanipun sadaya, têlas aturing Jaka Dêlêh. Prabu Basukeswara dènira miyarsa dahat pangunguning galih, lajêng adhêdhawah dhatêng Patih Wasita, ulam kutuk kinèn anyaènana wontên ing kapatihan rumiyin, sarta dhinawuhan animbali Brahmana Sodha, Patih Wasita nêmbah matur sandika lajêng sami mêdal.

--- 4 : 192 ---

Enjingipun anglampahakên utusan animbali Brahmana Sodha, sarêng sampun prapta laju kabêkta sowan ing ngarsa nata, dinangu prakawisipun dhusun ing Kasidan kalihan ing Pahoman. Aturing Brahmana Sodha sami kalihan ingkang kaaturakên Buyut Gandhowara utawi Umbul Sarwa, pangandikanipun Prabu Basukeswara dhatêng Brahmana Sodha: Mungguh prakara iku bapa, kang dadi karsaningsun prayoga lulusa dhauping pangantèn, ananging bakal ingsun gawe kaelokan, Si Arya Manungkara dimèn angruwat iwak kutuk dadia manusa, nuli ingsun agawe sintrèn iwak kutuk sajati, binayangkarya dhaupe karo Si Saruwi anèng jro pura, iwak kutuk kang wus dadi manusa ingsun prênahake dhingin anèng gêdhong pangantèn, manawa Si Saruwi wus manjing gêdhong kayaparan wahanane, apa eling apa lali maring priyane duk maksih padha anèng kahyangan. Mulane mêngkono bapa brahmana, iwak kutuk kang bakal ingsun ruwat iku sajatine dewa kang kasêbut nama Bathara Paswa, putraning Bathara Purusa, Si Saruwi iku widadari nama Dèwi Dharani, dadi somahe Bathara Paswa, karone padha angyêktèkake prasêtyaning sih trêsna, wêkasan anuksma [anu...]-

--- 4 : 193 ---

[...ksma] sowang-sowang maring ngarcapada ing sabanjure dadi prakara iki. Têlas pangandikanipun Prabu Basukeswara, Brahmana Sodha sangêt pangungunipun, lajêng angaturi pirêmbag manawi kaparêng saking karsa nata, ulam kutuk prayogi kadhawahana makatên. Sarèhning dewa bokmanawi sagêd ruwat piyambak, têrkadhang amêwahi babaring kaelokan, Prabu Basukeswara anayogyani, Patih Wasita kinèn adhêdhawah dhatêng Buyut Gandhowara, amrasabênana ulam kutuk ingkang dados kasa[20] nata makatên wau, nuntên Brahmana Sodha anyaosakên rêtna maniking toya sakêmbaran. Prabu Basukeswara aningali langkung ngungun, dening wontên rêtna maniking toya agêngipun sabiluluk, sarta sumirat prabanipun andiwangkara, botên antawis dangu kaparingakên dhatêng Brahmana Sodha malih, dhinawuhan manawi sampun dumugi ing ubanggi pêndhak dintên kinèn amaringakên dhatêng Umbul Sarwa, sabab sampun dados lêrêsipun aminta pêpanggil kadhatêngan. Sasampunipun makatên, Patih Wasita akalihan Brahmana Sodha sami kalilan mêdal, dumugi ing kapatihan sampun kadhawahakên ingkang dados karsa nata sadaya, ulam kutuk manthongol sirahipun amangsuli [amangsu...]

--- 4 : 194 ---

[...li] atur èsmu suka: Manawi makatên karsa nata langkung prayogi sangêt, saèstunipun kula inggih sagêd ruwat piyambak, dene ingkang kadamêl sintrèn dados ulam kutuk, punika gampil kemawon upakaranipun, kala semah kula Dèwi Dharani taksih wontên ing kahyangan darbe amêng-amêngan, warni kucing căndramawa ngangge busana kados agêm-agêmaning para dewa, punika manawi kula cipta tumurun dados ulam kutuk saèstu kadhatêngan sami sanalika, sarta ruwatipun badhe andadosakên kaelokan, amêwahi suka bingahipun Kèn Saruwi, sabab punika kadadosanipun janma Sang Prastha, arinipun Nyai Kèsi ingkang angsal pun Rêmbun arining Umbul Sarwa, benjing manawi karuwat sapisan saking ulam kutuk dados kucing căndramawa, ruwat kaping kalih punika waluya mantuk sajatining janma, prayogi lajêng kadhaupakên malih kalihan pun Rêmbun, têlas aturing ulam kutuk. Patih Wasita angandika: Yèn mangkana luwih bêcik ingsun matur maring sri narendra, sarêng antawis ing wanci sontên Patih Wasita sowan ing ngarsa nata anyaosakên aturing ulam kutuk sadaya, Prabu Basukeswara langkung suka lajêng angandika dhatêng pramèswari

--- 4 : 195 ---

Dèwi Wastu: Lah payo yayi padha mêmanton, sira kang urun pangantèn wadon, aran Kèn Saruwi sutaning Umbul Sarwa ing Kasidan, ingsun kang urun pangantèn jalu, aran Jala Dêlêh sutaning Buyut Gandhowara ing Pahoman, ananging Jaka Dêlêh iku arupa iwak kutuk. Dèwi Wastu matur sandika sarwi gumujêng dening wontên têtika makatên, lajêng jinatosan dhatêng ingkang raka nata salwiring wêwados sadaya, Dèwi Wastu langkung suka ngungun, kadarpaning galihipun daya-daya tumuntên kalampahana.

Sarêng ing antawis dintên Prabu Basukeswara apirêmbagan kalihan Patih Wasita miwah para santana punggawa sadaya, pangandika nata amundhut pamrayogining kadadosanipun. Aturing Patih Wasita golong akalihan para santana punggawa, ing mangke dalu ulam kutuk kadhawahana ruwat dados janma, lajêng kaprênahakên rumiyin wontên ing gêdhong badhe panggenan pangantèn, sampun ngantos kauningan ing ngakathah, nuntên pun Saruwi kapundhuta lumêbêt, asêngadi kasingidakên wontên ing pura, Prabu Basukeswara kasêmbadan ing karsa, Patih Wasita kinèn andhawahakên dhatêng Jaka Dêlêh, Arya Manungkara kinèn andhatêngakên dhatêng Umbul Sarwa, sarêng ing dalu sampun kalampahan [ka...]

--- 4 : 196 ---

[...lampahan] Jaka Dêlêh ruwat dados janma, lajêng angèsthi tumuruning kucing căndramawa ingkang wontên ing kahyangan kacipta dados ulam kutuk. Ing sanalika kadhatêngan sampun kaprênahakên wontên ing lancang kancana, nuntên Jaka Dêlêh kairid sowan ing ngabyantara nata lajêng kaprênahakên wontên ing gêdhong badhe panggenan pangantèn, ulam kutuk kadadosaning kucing căndramawa katilar wontên ing kapatihan dalah Buyut Gandhowara sasemahipun, sarêng sami sadalu punika Kèn Saruwi sampun kalêbêtakên ing pura sabapabiyangipun, ananging kaprênahakên ing panggenan sowang-sowang. Sasampunipun dumugi ing wanci titi sunya, Prabu Basukeswara akalihan Patih Wasita miwah Arya Manungkara sami amanggihi Jaka Dêlêh ingkang sampun ruwat dados janma, manguyu kurmat kados satatanipun anambrama praptaning dewa, Jaka Dêlêh kipa-kipa, aturipun: Sarèhning kula dèrèng waluya mantuk dados sajatining dewa, saèstunipun botên pantês kaurmatan makatên punika, karantên ruwat kula saking ulam kutuk amung dados janma kemawon, malah manawi kaparênga kula sêdyakakên suwita ing panjênêngan paduka nata. Prabu Basukeswara amiyarsa aturing [atur...]

--- 4 : 197 ---

[...ing] Jaka Dêlêh langkung suka, lajêng lênggah satata apirêmbagan kadadosaning karya, aturing Jaka Dêlêh: Kula borongakên ing pasang rakitipun, amung kalilana angaturi pamrayogi, benjing enjing pangaraking pangantèn saking kapatihan mawi dipun jajari rêtna maniking toya ingkang gumantung wontên Sang Brahmana Sodha, minăngka dhawah sampiring pangantèn jalêr, ing salajêngipun sumanggèng karsa nata, mila makatên sawabing rêtna maniking toya punika andhatêngakên rajabrana ingkang adi botên mawi rêkaos saking pangupa jiwa, nuntên pun Rêmbun kadandosana cara pangantèn kados pun Saruwi, supados andadosakên eramipun ingkang sami aningali, adamêl kodhêng ing sanalika wêkasan sami amanggih suka, karantên manawi pangantèn sampun kadhaupakên ulam kutuk lajêng ruwat dados kucing căndramawa, punika ingkang andadosakên gawoking ngakathah, bokmanawi Saruwi èngêt dhatêng amêng-amênganipun kala taksih wontên ing kahyangan, saèstu inggih lajêng èngêt dhatêng kula, manawi sampun antawis dangu kucing căndramawa ruwat waluya dados sajatining janma Sang Prastha, prayogi lajênga dhaupipun kalihan pun Rêmbun, punika sangsaya andadosakên suka ngungunipun [ngunguni...]

--- 4 : 198 ---

[...pun] ingkang sami ningali, dene lancang kancana wadhah ulam kutuk ingkang isi toya marta pawitra saking swarga, punika pantês dados kagungan narendra, karantên adarbe sawab manawi băngsa rêtna kacêmplungakên sagêd mindhak-mindhak agêngipun, têlas aturing Jaka Dêlêh, Prabu Basukeswara anayogyani.

Sarêng enjingipun dhawah tata-tata samaptaning amiwaha, dumugi ing wanci sontên sampun kalampahan pangaraking pangantèn lajêng dhaupipun pisan, sakathahipun ingkang sami aningali sami kacaryan suka ngungun sadaya, mangkana ulam kutuk ruwatipun dados kucing căndramawa adamêl kagèting manahipun Kèn Saruwi, ing sanalika èngêt manawi kucing căndramawa punika amêng-amênganipun kala taksih wontên ing kahyangan, mila salêbêting batos angajêng-ajêng praptanipun ingkang raka Bathara Paswa, dupi antawis dangu kucing căndramawa ruwat waluya dados sajatining janma Sang Prastha, sarta sampun mawi busana cara pangantèn, ing nalika punika semahipun Umbul Sarwa kang awasta Nyai Kèsi anjrit karuna, dene kadangipun sampun pêjah lami ing sapunika gêsang malih, ing wêkasan panangisipun Nyai Kèsi kèndêl saking pangimuripun [pangimuri...]

--- 4 : 199 ---

[...pun] pramèswari nata Dèwi Wastu, nuntên Sang Prastha kadhaupakên kalihan pun Rêmbun, Kèn Saruwi dèrèng kantênan jalêranipun, ananging tansah angajêng-ajêng praptaning priyanira, sarêng sampun kalêbêtakên ing gêdhongipun piyambak-piyambak, Kèn Saruwi sumêrêp dhatêng Jaka Dêlêh botên supe yèn punika Bathara Paswa, mila lajêng gupuh angèstupada, sakalihan sami martrênyuh tanpa jamuga, karêrantan kala sami aprasêtya wontên ing kahyangan, lajêng wartos-winartosan ing lêlampahanipun sowang-sowang andadosakên sami suka. Ya ta enggaling cariyos, kala samantên Prabu Basukeswara karsa angulawisudha, Jaka Dêlêh jinunjung dados punggawa miji, anama Arya Paswa, Sang Prastha dados punggawa nagari, anama Arya Minarda, Umbul Sarwa akalihan Buyut Gandhowara sami dados punggawa tampingan praja, Umbul Sarwa anama Arya Srawana, sarta kaparingan rêtna maniking toya sakêmbaran. Buyut Gandhowara anama Arya Kesrawa, sarta kaparingan lancang kancana ingkang isi toya marta pawitra saking swarga, Brahmana Sodha lulus dados kamisêpuhipun dhusun ing Wandasingha, mangkana ingkang kinulawisudha sami dahat [daha...]

--- 4 : 200 ---

[...t] ing pamundhi panuhunipun sarta andadosakên sukuring tyas sadaya.

Ing salêbêting taun Anggila, etanging taun surya sangkala 560, tinêngêran tanpa raras tataning barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 577, tinêngêran sora swaraning buta.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Mêdhangkamulan, mangkya Prabu Mahèswara kadhatêngan danawa saking Gilingwêsi, wasta Ditya Antyasura, utusanipun ratu danawa anama Prabu Brahmana Raja, kinèn asung srat panglamar suraos manawi kaparênga putrinipun Prabu Mahèswara ingkang anama Dèwi Danarti badhe ingangkah garwa, Prabu Mahèswara botên kasêmbadan ing karsa, dening putranipun badhe angsal danawa. Ditya Antyasura mantuk sampun matur sasolahing dinuta, Prabu Brahmana Raja langkung duka lajêng budhal saha wadya anglurug dhatêng Mêdhangkamulan, sarêng Prabu Mahèswara miyarsa yèn badhe kadhatêngan mêngsah danawa raja saking Gilingwêsi, lajêng utusan atur uninga dhatêng Wiratha. Sapêngkêring duta katungka dhatênging mêngsah pinêthukakên prang langkung rame gêntos kalindhih, sarêng antawis dangu wadya ing Mêdhangkamulan kasêsêr sami mirut asasaran.

--- 4 : 201 ---

Prabu Mahèswara mangsah mangungsir kiwul mêksa tan polih kêkawal, wêkasan lolos saking Mêdhangkamulan saha garwa putra badhe dhatêng Wiratha.

Gêntos kacariyos nagari ing Wiratha, sarêng utusan saking Mêdhangkamulan sampun matur, ing ngriku Prabu Basukeswara anglampahakên bêbantu para wadya prawira, senapatining ayuda Arya Kitaka, dene punggawa putraning Prabu Mahèswara kêkalih, 1. Arya Dhanadewa, 2. Arya Danèswara, sami botên kalilan tumut bêbantu, amargi kagalih manawi bêbasan sulung alêbu tumangan. Mangkana lampahipun Arya Kitaka saha wadya para prawira, sadumuginipun ampeyaning nagari Mêdhangkamulan kapêthukan kalihan Prabu Mahèswara, wartos-winartosan. Prabu Mahèswara lajêng wangsul lumêbêt ing praja malih, Arya Kitaka sapanêkaripun sami mangsah prang ngamuk punggung sura tan taha, para danawa panggah, ing wêkasan kasulayah, Prabu Brahmana Raja mangsah apêpulih nirbaya nirwikara, para prawira ing Wiratha akathah ingkang kaprawasa, nuntên Arya Kitaka amêsu sêmèdi, ing sanalika andhatêngakên prabawa angin păncawora, Prabu Brahmana Raja kabuncang ing prahara botên kantênan dhawahipun. [dhawahipu...]

--- 4 : 202 ---

[...n.] Ya ta sasirnaning mêngsah Prabu Mahèswara anarubakên para wadyabala, Arya Kitaka sapanêkaripun sami sinuba-suba ing kabingahan sadaya, ing antawis dintên Prabu Mahèswara sowan dhatêng Wiratha saha garwa putra, sêsarêngan antukipun Arya Kitaka, dumugi ing Wiratha angaturakên salwiring lêlampahan sadaya. Kala samantên saking karsanipun Prabu Basukeswara, Dèwi Danarti kapundhut badhe kadhaupakên akalihan Arya Kitaka, supados anuntumakên daging arênggang angumpulakên balung apisah, dene kalêrês antuk kadang misan piyambak, amargi Arya Kitaka punika putraning Rêsi Sakra ingkang taruna, dados wayahing Prabu Sri Kala ing Purwacarita, Prabu Mahèswara nyumanggakakên. Ing antawis dintên sampun dhaup, pêndhak dintêning pangantèn kabêkta dhatêng Mêdhangkamulan binawahan malih kados kala panggihipun.

Ing salêbêting taun Istrimuka, etanging taun surya sangkala 561, tinêngêran janma angrasa tata. Kaetang ing taun candra sangkala 578, tinêngêran angèsthi sukaning gati.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Basukeswara karsa angulawisudha Arya Dhanadewa [Dhanade...]

--- 4 : 203 ---

[...wa] kaparingan nagari ing Gilingwêsi, kaangkat dados ratu anama Prabu Dhanadewa, ingkang anggêntosi kalênggahaning punggawa, ipening Patih Wasita, anama Arya Sahasra, kalêrês arining Dèwi Sasri ingkang garwa Patih Wasita, inggih punika putraning Rêsi Darmahanara. Sarêng ing antawis dintên Prabu Dhanadewa kalilan mangkat dhatêng Gilingwêsi, kabêktan sêrat suraos paring uninga ing Prabu Mahèswara. Kala samantên Prabu Mahèswara kaparingan uninga yèn putranipun kaangkat dador[21] ratu ing Gilingwêsi, sakalangkung suka sukur ing galih, mênggah nagari ing Gilingwêsi wau, dumunung wontên tanah Bantên kidul.

Panunggilanipun.

Bab kaping 6.

Perangan ăngka 3, nama Sêrat Citakaprawa, kaanggit Êmpu Jangga ingkang kaping kalih ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 853, taun candra sangkala 879.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên rumiyin tumrap ing Sêrat Citakaprawa, ing salêbêtipun taun Prawa, etanging taun surya sangkala

--- 4 : 204 ---

562, tinêngêran bau angoyag pagulingan. Kaetang ing taun candra sangkala 579, tinêngêran guwaning wukir tinata barakan.

Amarêngi masa pusa, kacariyos ing wukir Saptarga, Bathara Sakri dhinawuhan ingkang rama, kinèn amêmuja ing dewa, nyuwun jodho widadari kados ingkang eyang. Aturipun Bathara Sakri, inggih sandika anglampahi mêmuja, nanging botên angèsthi kaparingan jodho widadari, mindhak kalajêng-lajêng wontên ing patapan, manawi kasêmbadanana ing dewa, ingkang kaèsthi sagêda angsal jodho manusa putrining nata, supados kalampahana wontên ing praja, Bathara Sakri dinukan ing rama lajêng kesah angingkis ratri botên kantênan purugipun.

Gêntos kacariyos, ing tanah sabrang wontên nagari winastan ing Gujulaha, tgêsipun: ing tapêl sukêt, kaluntaning sêsêbutan dipun wastani ing tabêla sukêt, ingkang jumênêng nata anama Prabu Partawijaya, putraning Prabu Sandêla ing Sriwadari, mênggah nagari Gujulaha wau, dumunung talatahing tanah Ngayodya Indhustan. Ing nalika punika Prabu Partawijaya sawêg sungkawa dening nagarinipun kaparag ing pagring agêng, wasitaning dewa kinèn aminta [a...]

--- 4 : 205 ---

[...minta] pitulung dhatêng Rêsi Manumanasa ing wukir Saptarga. Nuntên Patih Srênggabadra, kinèn analika rumiyin. Mangkat anumpak palwa mantas[22] ing muara pasisiring tanah Jawi, ing sadintên-dintên tansah angupados patakenan, sarêng sampun angsal pawarti Patih Srênggabadra lajêng lampahipun, dumugi sukuning wukir Saptarga kaparêngan wontên dêdamêl agêng dhatêng, Patih Srênggabadra angsal patakenan yèn punika ratu ing Madhêndha badhe nyirnakakên Rêsi Manumanasa, Patih Srênggabadra lajêng singidan wontên ing jurang trêbis, ngiras angênginte lampahipun dêdamêl saking Madhêndha, ing nalika punika Ratu Madhêndha saha wadya arsa minggah dhatêng wukir Saptarga kaparag ing ampuhan sami dhèngkèlên. Nuntên natèng Madhêndha ambêsmi dupa, ampuhan sirna lajêng angin păncawora prapta, sarta jawah adrês kadi pinusus andadosakên banjir ladhu sanalika, natèng Madhêndha saha wadya sami kasingsal dening prahara laju kerud ilining ladhu, akathah ingkang katiwasan. Ing wêkasan natèng Madhêndha saha wadya sasesaning pêjah sami mundur palarasan mantuk dhatêng prajanipun. Ing ngriku Patih Srênggabadra langkung ngungun dènira tumingal, sampun sumêrêp manawi ing wukir Saptarga langkung wingit saking prabawanipun [prabawanipu...]

--- 4 : 206 ---

[...n] kang atapa. Patih Srênggabadra amuja ing dewa mugi kalilana analika saubênging wukir sadaya, antuk parmaning bathara saking sêdya rahayu katurutan datan kawistara, sasampunipun têrang dènira analika Patih Srênggabadra anêmbah saking katêbihan dhatêng Rêsi Manumanasa lajêng mantuk, enggaling cariyos dumugi ing Lujulaha[23] sampun matur sasolahipun sadaya, sarta nyaosakên pratelanipun dènira analika, ingkang sapisan matur wêwangunanipun Rêsi Manumanasa sarta winatawis sêpuh ing wanci, kaping kalihipun angaturakên saubênging wukir Saptarga aturipun Patih Srênggabadra makatên: Dhuh sang prabu kawontênanipun padhepokan ing Saptarga punika, ardi pêpitu têpang dados satunggal. Ing têngah munggul pucakipun pating parêncu ngantos atusan, punika winastan ing Satasrêngga, pinggiripun kaubêngan wukir nênêm punika winastan ing Saptarga, padhepokanipun Rêsi Manumanasa punika winastan ing Martawuy. Kabêkta saking wontên sumbêripun agung awasta sêndhang pawitra, ananging saubêngipun punika sami kasêbut nama ing wukir Saptarga sadaya. Satêlasing aturipun Patih Srênggabadra, Prabu Partawijaya dahat pangunguning galih èsmu suka.

--- 4 : 207 ---

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih Prabu Partawijaya, nalika punika ginubêl ing putra wanudya anama Dèwi Sati, supêna dhaup kalayan jêjaka pêkik anama Bathara Sakri, ingkang rama kaaturan angupadosi. Prabu Partawijaya lajêng adhêdhawah dhatêng Patih Srênggabadra, kinèn amatah punggawa ingkang badhe kautus angupadosi Bathara Sakri. Sawêg kèndêl samantên pangandika nata, katungka amiyarsa gumyahing pawarti manawi wontên jêjaka anênêka langkung bagus warnanipun, tinakenan saking tanah Jawi anama Bathara Sakri. Prabu Partawijaya anggarjita ing galih lajêng dhawah angyêktosakên, manawi kapanggih kinèn animbali. Patih wotsari mêdal amatah punggawa kinèn sami angupadosana botên watawis dangu wontên katingal tiyang bagus anèm, winatawis kadi angêmu sungkawa, kinèn angacarani sampun marêk dhatêng ngarsaning Patih Srênggabadra, tinakèn ing sangkan-paran kalihan namanipun, Bathara Sakri sajarwa ing nama sarta angakên saking wukir Saptarga sêdya angupados pasuwitan, lajêng katantun badhe kasaosakên ing ratunipun, Bathara Sakri datan lênggana sampun kairid ing sanalika. Dumugining ngarsa nata, Patih Srênggabadra matur yèn [yè...]

--- 4 : 208 ---

[...n] punika ingkang kaupadosan, awasta Bathara Sakri saking wukir Saptarga badhe suwita. Prabu Partawijaya langkung suka lajêng anambrama ing pambagya sarta dinangu karananipun anama bathara, awit kang kasêbut bathara amung dewa. Bathara Sakri nêmbah matur: Dhuh pukulun, ing wit milanipun, kawula punika inggih amung nama Bangbang Sakri, sarêng karsanipun jawata, kawula kaabên prang kalihan raja danawa ing Manimantaka sagêd mênang, parêngipun Sang Hyang Endra, kawula lajêng kaparingan nama Bathara Sakri, kapiritakên jêjulukipun Sang Hyang Endra kasêbut nama Sang Hyang Sakra. Dinangu malih ingkang dados sababipun angupados pasuwitan, aturipun Bathara Sakri: Sakawit kawula kadukan ing rama Rêsi Satrukêm, awit botên purun rabi widadari kêdah anuwun jodho sasamining manusa, sarêng ing dalu kawula kesah anusup wanapringga, ing antawis dintên angsal wasitaning dewa kadhawahan dhatêng Gujulaha, mila kalampahan anumpal kèli dumugi ing ngabyantara nata punika, têlas aturipun Bathara Sakri. Lajêng dinangu malih urut-uruting lêluhuripun. Bathara Sakri matur: Manawi wontên ingkang sotah amastani, kawula punika têdhakipun Sang Hyang Brahma saking Bathara Brahma Sadhara, apêputra Prabu [Pra...]

--- 4 : 209 ---

[...bu] Tritrustha ing Gilingwêsi, apêputra Prabu Parikênan ing Gilingwêsi, apêputra Rêsi Manumanasa ing wukir Saptarga, apêputra Rêsi Satrukêm, apêputra kawula punika. Mangkana Prabu Partawijaya sarêng amiyarsa aturipun Bathara Sakri sadaya têka suka ngunguning galih, sukanipun dene ingkang kaupadosan kapanggih, ngungunipun saking botên anyana yèn punika jatikusuma sawêg anamur-kula kinuncang ing dewa, mila lajêng angandika manuhara mèt prana: Yèn mangkana kulup, baya wus pinasthi karsaning Hyang Wisesa yèn têdhak Brahma iku kudu campur kalawan têdhak Wisnu, karana ingsun iki têdhake Sang Hyang Wisnu saka Prabu Arjuna Wijaya ing Maèspati, apêputra Prabu Arya ing Maèspati, dadi dewa nama Bathara Rura, apêputra Prabu Partawirya ing Maèspati, apêputra Prabu Partanadi ing Sriwadari, apêputra Prabu Sandêla ing Gujulaha, apêputra ingsun iki Prabu Partawijaya, dene putraningsun roro, kang tuwa wadon aran Dèwi Sati, kang anom jalu aran Radèn Partana, karone padha maksih wêwujang kewala, marmane manawa kasêmbadan saka karsaning dewa sira ingsun pundhut mantu pribadi, idhêp angumpulake balung apisah, anuntumake daging

--- 4 : 210 ---

arênggang. Yèn sira wus dhaup lawan putraningsun wadon, ingsun tumuli bakal amiwaha putraningsun jalu, antuk putrane Prabu Wasita ing Manggada, kang aran Dèwi Sutiksna, manawa padha raharja ingsun bayangkarya barêng lawan sira. Bathara Sakri anêmbah tanpa matur, awit pakèwêd ênggènipun angraosakên, saupami kalampahana karsanipun Prabu Partawijaya punika, ajrih manawi kalajêng-lajêng angsal dêdukanipun ingkang rama. Prabu Partawijaya uninga ing sêmu yèn Bathara Sakri awrat, mila pangandikanipun makatên: Kulup, mungguh pêpasthèn kang tan kêna ginayuh ing sarana iku têtêlu: 1. têmuning jodho, 2. têkaning bêgya, 3. tibaning pati, têtêlu iku janma manusa arang kang padha sumurup ing masa panggonane. Sarêng Bathara Sakri sampun kasêrêpakên makatên lajêng sandika anglampahi, ing antawis dintên kadhaupakên angsal Dèwi Sati, ing antawis dintên malih Radèn Partana, kaangkatakên dhatêng Manggada, kacariyos lajêng kadhaupakên angsal Dèwi Sutiksna, sapêkênipun pangantèn mantuk dhatêng Gujulaha, lajêng binayangkarya sarêng kalihan pangantèn kang sêpuh binawahan malih, kala samantên nagari ing Gujulaha pagring sirêp lulus raharja.

--- 4 : 211 ---

Gêntos kacariyos Ratu Madhêndha, sadhatêngipun saking Saptarga, sampun matur dhatêng Rêsi Dwapara dènira cabar dinuta kinèn anyirnakakên Rêsi Manumanasa kalihan Rêsi Satrukêm. Ing nalika punika Rêsi Dwapara lajêng utusan animbali sagunging para nata siswa sadaya.

Amangsuli cariyosipun Prabu Partawijaya malih, kala samantên asring andangu dhatêng ingkang putra mantu Bathara Sakri, mênggah lêlabêtanipun Rêsi Manumanasa, Bathara Sakri matur sajarwa sadaya, mila Prabu Partawijaya kayungyun ing galih badhe puruhita dhatêng Rêsi Manumanasa.

Amarêngi masa sitra, Prabu Partawijaya, karsa tindak dhatêng wukir Saptarga, amung ambêkta wadya pêpilihan ing sawatawis kewala. Sarêng dumugi ing margi sêsimpangan dhatêng Madhêndha, kapêthuk kalihan Prabu Wasita ing Manggada, takèn-tinakenan ingkang sami dados karsanipun piyambak-piyambak, Prabu Partawijaya sajarwa yèn badhe puruhita dhatêng Rêsi Manumanasa ing wukir Saptarga, Prabu Wasita sajarwa yèn badhe sowan dhatêng gurunipun Rêsi Dwapara, sarta lajêng nyariyosakên lêlabêtaning Rêsi Dwapara, yèn botên wontên ingkang anyênyamèni, sampun prasasat dewa angejawantah. Ing ngriku Prabu Partawijaya kèlu ing

--- 4 : 212 ---

galih lajêng tumut sowan ing Rêsi Dwapara, dumugining ngarsa sinambrama ing pambagya, sarta tinakèn ing sangkan paran miwah namanipun. Prabu Partawijaya pratela bilih ratu ing Gujulaha, sêdya badhe puruhita, Rêsi Dwapara lajêng amintonakên kasaktènipun warni-warni, ing wêkasan endhangipun pinêjahan lajêng ginêtak gêsang malih, Prabu Partawijaya sangêt ing pangungunipun, nuntên Rêsi Dwapara anantun dhatêng para nata siswanipun, manawi wontên ingkang sagêd anyirnakakên Rêsi Manumanasa ing wukir Saptarga, dalah Rêsi Satrukêm ingkang dados kalilipipun, punika badhe kaangkat dados têtungguling para nata siswa sadaya. Dèrèng ngantos wontên ingkang anyagahi Prabu Partawijaya matur kadugi amisesa tanpa saraya, anggêr manawi sampun angsal karya kaparingan wêwulang sagunging guna kasaktèn sadaya. Rêsi Dwapara anêmbadani ing panêdya. Prabu Partawijaya lajêng mangkat amung kadhèrèkakên wadyanipun pribadi, nuntên Rêsi Dwapara parentah dhatêng para nata siswa kinèn sami mêmanuki lampahipun Prabu Partawijaya, para nata matur sandika lajêng budhal saha wadya sadaya.

Kacariyos ing wukir Saptarga, mangkya Rêsi Satrukêm kadangu [ka...]

--- 4 : 213 ---

[...dangu] ing rama kesahipun Bathara Sakri, Rêsi Satrukêm matur ingkang dados bêbukanipun, Rêsi Satrukêm lajêng kinèn angupadosi mangkat amung kadhèrèkakên Janggan Smara. Dumugi padaning wukir kapêthukan kalihan Prabu Partawijaya, takèn-tinakèn ing nama sami sajarwa, kala samantên Prabu Partawijaya sawêg sumêrêp manawi Rêsi Satrukêm punika besanipun, ananging salêbêting galih sampun kapanjingan hawa saking pamaribawanipun Rêsi Dwapara. Sarèhning taksih rinêksa ing dewanipun kaparingan awas emut, mila amung badhe nyoba kemawon dhatêng pamaribawanipun Rêsi Satrukêm, pangandikanipun apitambuh tanpa krama, aminta pêjah gêsangipun Rêsi Satrukêm kapurih anututa, badhe kadamêl pangewan-ewan wontên ing Madhêndha saking pakèning guru Rêsi Dwapara. Rêsi Satrukêm mèsêm muwus anyangaja dhatêng Prabu Partawijaya kinèn andumugèkakên karsa, Prabu Partawijaya lajêng anubruk, nanging tanpa mikênani kadi anyikêp wêwayangan, wangsul-wangsul mêksa datan sagêd kacêpêng. Rêsi Satrukêm alon muwus: Lah ta paran solahira iku têka anubruk-nubruk kaya buta. Mangkana mandining sabda ing sanalika Prabu Partawijaya malih warni ditya,

--- 4 : 214 ---

ananging datan surud ardaning wardaya malah sangsaya sru gora gadha gra magalak, arsa anaut mêksa tan kawasa. Rêsi Satrukêm muwus malih: Lah arêp apa sira iku têka tansah jungkar-jungkir kaya cèlèng anyaronggoti bumi. Sarêng sanalika kewala Prabu Partawijaya malih warni waraha, ing ngriku rumaos manawi kenging pamaribawaning pandhita sakti ingkang sampun lingga bathara, lajêng analăngsa minta pangaksama. Wangsulanipun Rêsi Satrukêm: Dewa kang kawasa aparing pangapura. Mangkana sami sanalika, Prabu Partawijaya sampun waluya jatining janma arsa angèstupada botên katanggapan, amung sami satata sarta andum basuki kewala, Prabu Partawijaya kapurih mantuka dhatêng prajanipun, Rêsi Satrukêm badhe andumugèkakên karsa. Prabu Partawijaya têtakèn ingkang dados karsanipun, winangsulan badhe angupadosi ingkang putra anama Bathara Sakri, kesahipun angingkis ratri tanpa paliwara. Prabu Partawijaya gumujêng lajêng sajarwa ing lêlampahanipun sadaya, ngantos dumugi waluya saking sangsara punika. Ya ta Rêsi Satrukêm sarêng amiyarsa ing sajarwanipun lêlampahaning Prabu Partawijaya langkung ngungun èsmu suka, mila lajêng aminta jinatenan ing aslinipun [a...]

--- 4 : 215 ---

[...slinipun] Prabu Partawijaya, karantên pêrluning abêbesanan punika kêdah sumêrêpa ing urut-urutipun. Ingkang supados sampun ngantos kalintu dêdununganing prênahipun. Prabu Partawijaya lajêng anggancarakên aluraning lêlurinipun makatên: kala ing kina wontên ratu panjanmaning Sang Hyang Wisnu, anama Prabu Arjunawijaya, jumênêng ratu binathara wontên nagari ing Maèspati, punika apêputra kalih ingkang sêpuh Prabu Rurya, anggêntosi ingkang rama wontên ing Maèspati, sarêng dados dewa kasêbut nama Bathara Rura, ingkang anèm èstri, anama Dèwi Ruri, angsal Prabu Aya ing Ngayudya. Prabu Rurya apêputra kalih, ingkang sêpuh Prabu Partawirya ing Maèspati, sarêng lami-lami Prabu Partawirya angalih nagari dhatêng Sriwadari, tilas patamananipun ingkang eyang Prabu Arjunawijaya ing nguni, putranipun Prabu Rurya ingkang anèm èstri anama Dèwi Prati, ajêjuluk Dèwi Sumitra, angsal Prabu Dasarata ing Ngayudya, apatutan Radèn Laksmana Widagda, kalihan Radèn Trugna, dene Prabu Partawirya wau apêputra Prabu Partanadi ing Sriwadari, punika apêputra Prabu Sandêla, anggêntosi ingkang rama wontên ing Sriwadari, botên lami angalih

--- 4 : 216 ---

nagari dhatêng ing Gujulaha. Bêbukanipun makatên: Prabu Sandêla punika rumaos sampun sêpuh dèrèng darbe tuwuh, dados sangêt angrudatin tansah tajin dhahar nendra, anênuwun parmaning dewa mugi kaparingana putra, sarèhning kaèsthi pamêlênging cipta botên mawi kaworan angkara, ing antawis dintên angsal wasita sawantah kinèn aminta pitulung dhatêng Bagawan Wasusarma ing Gujulaha, kalêbêt talatahipun nagari ing Ngayudya. Kala samantên Prabu Sandêla amituhu wasitaning dewa, lajêng kesah lumampah anamur-kula amung ambêkta wadya ulucumbu kalihan êmban, lampahipun agung anumpal kèli ing wêkasan kapanggih kalihan Bagawan Wasusarma, kapitulungan warni sarana rumput ditpwa, inggih punika bangsaning rumput garinting godhongipun kados alang-alang, wuwusipun Bagawan Wasusarma nyariyosakên yèn rumput ditpwa punika sampun sinabdan ayu dhatêng sudarmanipun awasta Bagawan Wiswakarma ing Ngayudya. Makatên babukanipun, kala jaman panjênênganipun nata Bathara Ramawijaya, punika kagungan putra jalu kêkalih, sami patutan saking garwa Dèwi Sinta: 1. Radèn Batlawa, 2. Radèn Kusiha, sakalihan wau sarêng ngajêngakên diwasa sami kapasrahakên dhatêng [dha...]

--- 4 : 217 ---

[...têng] Bagawan Wiswakarma, kadhawahan amulanga salwiring kagunan kasantikan sadaya, ing antawis lami amarêngi Radèn Kusiha amêng-amêng kalunta-lunta ngantos mèh sêrap surya botên wangsul dhatêng wismanipun Bagawan Wiswakarma. Kala samantên Bathara Ramawijaya nuju amêng-amêng kalihan garwa Dèwi Sinta, sarêng sumêrêp manawi ingkang putra Radèn Kusiha kalunta-lunta anggènipun amêng-amêng, lajêng kabêkta kondur angadhaton, Bagawan Wiswakarma angupadosi salêbêting nagari ngantos dhatêng sajawining praja botên kapanggih. Sarèhning saking ajrih manawi kadukan ing Sri Bathara Ramawijaya, Bagawan Wiswakarma nuju wontên ing ara-ara amêndhêt rumput ditpwa, lajêng kaanam rineka janma ing sanalika dados tapêl wujud têtiyang sami kalihan Radèn Kusiha, ing dalu kapuja sinidhikara wontên madyaning ara-ara, pangèsthinipun Bagawan Wiswakarma tapêl rumput wau sagêda kapanjingan atma dados Radèn Kusiha, saking angsal parmaning dewa tapêl rumput punika lajêng gêsang awarni Radèn Kusiha, Bagawan Wiswakarma sangêt suka sukuripun ing dewa, lajêng muwus anabdani rumput ditpwa makatên: Dhuh sukêt ditpwa rahayu sira ingsun karya tapêl manusa, parmaning dewa dadi gêgêntining putra nata Radèn Kusiha, [Kusi...]-

--- 4 : 218 ---

[...ha,] panggonanira iki sun arani ing Gujulaha, dene ingsun karya tapêl sukêt bisa dadi janma, sapira suka sukur ingsun ing dewa, manawa ana kang kapengin dabe[24] suta, sukêt ditpwa sun idini dadi sarana yêkti kaduluran. Sarêng Bagawan Wiswakarma sampun anabdani ayu dhatêng rumput ditpwa, Radèn Kusiha kadadosaning tapêl rumput ditpwa lajêng kabêkta mantuk. Ing nalika enjingipun, Bathara Ramawijaya têdhak dhatêng wismanipun Bagawan Wiswakarma, putra kêkalih sami angladosi kados ing sabênipun. Kala samantên Sri Bathara Ramawijaya kagèt ing paningalira dene Radèn Kusiha taksih angladosi, pangandikanipun: Bapa Wiswakarma, ingsun iki dahat kagèt sarta angungun ing tyas, dene Si Kusiha maksih anèng kene, wus antara dina ingsun amêng-amêng andulu Si Kusiha anèng marga nuli ingsun gawa maring kadhaton, ing mau maksih milu ibune malah anjaluk bate-bate arsa ginawa mulih marene. Sawêg kèndêl samantên pangandikanipun Sri Bathara Ramawijaya, katungka Radèn Kusiha ingkang sajati dhatêng lajêng tumut angladosi. Sri Bathara Ramawijaya angandika malih: Lah iki bapa Si Kusiha kang ingsun têmu wingi, iku êndi kang têmên [tê...]

--- 4 : 219 ---

[...mên] bapa sayogya sira sajarwaa. Bagawan Wiswakarma kèwêdan ing manah, arsa balaka manawi angsal dêduka, mila aturipun amrayogèkakên kabêsmia kalih pisan punika, pundi ingkang gêsêng dados awu inggih dede putra sajati. Sri Bathara Ramawijaya anayogyani lajêng dhawah dados latu, sarêng sampun murub mulad-mulad, Radèn Kusiha sakalihan sami kalêbêtakên ing latu, kaelokaning dewa ingkang kadadosan saking rumput lajêng gêsêng dados awu, Radèn Kusiha ingkang sajati botên dados kuciwa malah amêwahi prabaning cahya sumunu kadi diwangkara, botên dangu latu sirêp Radèn Kusiha katimbalan marêk ing ngarsa rinangkul sarta ingaras-aras dhatêng kang rama, ing nalika punika Bagawan Wiswakarma tiniti-titi lajêng matur sajarwa, mila Radèn Kusiha kaparingan jêjuluk Radèn Gujulaha. Ing mangke wangsul ingkang kula cariyosakên, sarêng Prabu Sandêla sampun anampèni sarana saking Bagawan Wasusarma, awarni rumput ditpwa mawi rinajah wrêdi, lajêng kondur dhatêng Sriwadari, sarana wau kadamêl loloh saha garwa, parmaning dewa kaparingan sagêd pêputra satunggal priya inggih kula punika, kala rumiyin dipun wastaning[25] Radèn Sandisarma,

--- 4 : 220 ---

kapêndhêtakên nama têtiga, san, punika amêndhêt namanipun rama Prabu Sandêla, di, punika amêndhêt namanipun ibu prameswari Dèwi Nadi, putranipun Prabu Sucitra ing Manggada, sarma, punika amêndhêt namanipun ingkang asung sarana Bagawan Wasusarma. Sarêng ing antawis lami rama Prabu Sandêla dhatêng Gujulaha kapanggih kalihan Bagawan Wasusarma, kula kaparingakên kinèn amêmardi ing saniskara, kala samantên salaminipun kula wontên ing Gujulaha, rama Prabu Sandêla enggal-enggal têtuwi dhatêng kula, Bagawan Wasusarma sumêrêp manawi rama Prabu Sandêla botên sagêd pisah têbih kalihan putra, mila dipun purih apindhaha pisan dhatêng Gujulaha, kalêrêsan kala jaman samantên nagari ing Ngayudya botên wontên ingkang jumênêng nata, amung Bagawan Wasusarma ingkang minăngka pangagêngipun tiyang Ngayudya, punika rama Prabu Sandêla kalampahan apindhah nagari dhatêng Gujulaha, ing alami-lami sarêng Bagawan Wasusarma muksa rama prabu sangêt sungkawa, botên antawis lami rama Prabu Sandêla tumutur muksa, kula lajêng anggêntosi jumênêng nata wontên ing Gujulaha, anama Prabu Sandisarma, ing antawis lami asêsilih nama Prabu Partawijaya. Amung kèndêl samantên cariyosipun [cariyosipu...]

--- 4 : 221 ---

[...n] Prabu Partawijaya dènira anggancarakên aluraning lêluhuripun.

Sarêng sampun têlas cariyosipun Prabu Partawijaya, Rêsi Satrukêm langkung suka lajêng angacarani dhatêng Prabu Partawijaya yèn kaparênging karsa sagêda kapanggih kalihan ingkang rama Rêsi Manumanasa, wangsulanipun Prabu Partawijaya dhasar sampun kaèsthi saking praja mila sumêdya puruhita dhatêng Rêsi Manumanasa. Ing ngriku tumuntên sami minggah dhatêng Satasrêngga, sowan ing ngarsanipun Rêsi Manumanasa. Rêsi Satrukêm matur dhatêng ingkang rama manawi anggènipun angupadosi Bathara Sakri dèrèng kapanggih nanging prasasat sampun kapanggih amargi Bathara Sakri wontên nagari ing Gujulaha, kapêndhêt mantu dhatêng Prabu Partawijaya, Rêsi Satrukêm lajêng anggancarakên ingkang dados cariyosipun Prabu Partawijaya, Rêsi Manumanasa sangêt suka sukuripun ing dewa, mila Prabu Partawijaya ing dalu lajêng winêjang salwiring pangawikan sadaya sampun katanggapan sarwa widagda. Ing antawis dintên Prabu Partawijaya matur dhatêng Rêsi Manumanasa: Manawi kaparênga badhe nuwun andhèrèk wontên ing Saptarga, Bathara Sakri ingkang jumênênga nata ing Gujulaha, Radèn Partana ju-

--- 4 : 222 ---

mênênga nata ing Sriwadari, wangsulanipun Rêsi Manumanasa botên amrayogèkakên, karantên ing bêbasanipun singa ingkang tilar kawiryan asring kapiran, Prabu Partawijaya kapurih kondur sampun ngantos kapanggih kalihan Rêsi Dwapara mindhak amêmanjang prakawis, karantên Rêsi Dwapara punika kalêrês pulunanipun Rêsi Manumanasa pribadi, kesahipun saking Saptarga ingkang dados bêbuka ginancarakên sadaya. Prabu Partawijaya langkung ngungun lajêng matur kaidènana badhe angemutakên kemawon, sampun ngantos kalajêng-lajêng karsanipun Rêsi Dwapara ingkang makatên punika, kalihan wajibipun kinèngkèn punika kêdah angaturakên sasolahipun sadaya. Rêsi Manumanasa mèsêm lajêng mangayubagya, sarêng ing antawis dintên malih Prabu Partawijaya pamit kalilan lajêng angèstupada mangkat, dumugi ing ngandhap kapanggih kalihan wadyanipun piyambak, sami matur wêwartos manawi dipun mêmanuki para nata siswanipun Rêsi Dwapara, mila Prabu Partawijaya lajêng amurang margi mêdal ingkang botên kanggenan barisaning para nata siswa. Enggaling cariyos sarêng dumugi ing Madhêndha Prabu Partawijaya kapanggih kalihan Rêsi Dwapara lajêng lênggah satata, awêwartos ing sasolahipun [sa...]

--- 4 : 223 ---

[...solahipun] saking wiwitan dumugi ing wêkasan, sarta angemutakên dhatêng Rêsi Dwapara kinèn analăngsa minta pangaksamanipun Rêsi Manumanasa, ingkang sapisan bapa paman piyambak, kaping kalih dados guru, lêrêsipun botên măngga yèn angayonana. Ya ta Rêsi Dwapara dupi amiyarsa dahat bramantya, anguman-uman dhatêng Prabu Partawijaya, winastanan ratu miyar-miyur tan darbe kasantosan. Prabu Partawijaya botên amangsuli lajêng kesah kewala, andumugèkakên lampahira kondur dhatêng Gujulaha, Rêsi Dwapara lajêng parentah dhatêng ingkang putra Wasi Druwasa, kinèn andhawahana para nata siswa ingkang amêmanuki lampahipun Prabu Partawijaya, sami laju angêpang ing wukir Saptarga, amisesaa Rêsi Manumanasa kalihan Rêsi Satrukêm, Wasi Druwasa mangkat lêlancaran. Sarêng dumugi ing pabarisanipun para nata siswa sampun kadhawahan sadaya, ing antawis dintên lajêng sami bidhal dhatêng wukir Saptarga.

Gêntos kawuwusa nagari ing Wiratha, Prabu Basukeswara anglampahakên utusan dhatêng wukir Saptarga, ingkang dinuta Arya Manungkara, kinèn prasabên dhatêng Rêsi Manumanasa, yèn kaparêng Prabu Basukeswara arsa puruhita, [pu...]

--- 4 : 224 ---

[...ruhita,] punapa Rêsi Manumanasa dhangan manawi tindaka dhatêng Wiratha, punapa Prabu Basukeswara ingkang tindak dhatêng wukir Saptarga, Arya Manungkara mangkat mawi kabêktanan pakêkintun maneka-warna dumugi ing wukir Saptarga sampun matur dhatêng Rêsi Manumanasa, ing sadhawuh wêwêlingipun Prabu Basukeswara kawiraosakên sadaya. Wangsulanipun Rêsi Manumanasa: Kulup Arya Manungkara, sira matura ing panjênêngane sang prabu, yèn karsa têdhak marene ingsun boya anêmbadani, karana bêbasane dhandhang angungak pasetran, bêcik ingsun kang aseba marang nagara, besuk purnamaning masa manggakala ing ngarêp, kaparêngan dina Anggara Kasih. Sawêg kèndêl samantên pangandikanipun Rêsi Manumanasa, katungka gègèring tiyang Saptarga sami angili minggah dhatêng Satasrêngga, dènira saubênging wukir kinêpang para nata saking sabrang, ing ngriku Puthut Supalawa badhe amudhun mêthukakên mêngsah, pinambêngan dhatêng Rêsi Manumanasa, pangandikanipun: Para nata ing sabrang kabèh iku ora kêna dèn arani mungsuh, karana amung dêrma anglakoni parentahing guru, ananging pira bêgyane kang lali maksih bêgya kang eling, Puthut Supalawa kèndêl amituhu ing pangandikanipun Rêsi Manumanasa. [Manu...]

--- 4 : 225 ---

[...manasa.] Nuntên Arya Manungkara matur ing wit milanipun têka kinêpang dening para nata saking sabrang, Rêsi Satrukêm ingkang mangsuli anggancarakên lêlampahanipun sadaya, Arya Manungkara dahat angungun, wuwusipun: He dewa bathara, wakane Dwapara têka mangkana pokale, dene lali têmên maring sanak wong atuwa, sun watara ênggone rada gêmblung ika angandêlake yèn tilasing awirya, manawa kabanjura pantês dinadèkake arca kewala kinarya tunggu gaga. Ya ta sagunging kang amiyarsa wuwusipun Arya Manungkara makatên punika sami gumêr gumujêngipun, botên antawis dangu kapiyarsa para têtiyang ing Saptarga sami surak-surak dènira aningali ura-uruning mêngsah, awit kaparag ing ampuhan sindhung riwut păncawora, ing wêkasan sami mundur asasaran mantuk dhatêng sabrang sadaya. Sasampunipun makatên, Arya Manungkara mantuk dhatêng Wiratha, lajêng matur ing Prabu Basukeswara sasolahipun dinuta, ing nalika punika Prabu Basukeswara sarêng amiyarsa yèn ingkang paman Rêsi Manumanasa amêmêngsahan kalihan para ratu saking sabrang, nuntên andhawahakên undhang dhatêng para nata punggawa kinèn sami ambarisi sagung pasisiring muara sadaya.

--- 4 : 226 ---

Kunêng kawarnaa malih lampahira Prabu Partawijaya, dumugi ing Gujulaha lajêng tata-tata badhe utusan angakatakên[26] putra mantu dhatêng Saptarga, sasampunipun samapta Patih Srênggabadra ingkang dinuta andhèrèkakên Bathara Sakri saha garwa, mawi pakêkintun warni-warni wêdalanipun tanah ing Ngayudya. Sarêng lampahipun dumugi pasisir Mêdhangkamulan kandhêg dhatêng wadya pacalang, tinakenan Patih Srênggabadra sajarwa andhèrèkakên Bathara Sakri saking Gujulaha, badhe kondur dhatêng Saptarga. Wadya pacalang matur ing Prabu Mahèswara, nuntên Patih Srênggabadra tinimbalan mêntas ing muara pabarisan saha Bathara Sakri, sarèhning Prabu Mahèswara sampun sumêrêp dhatêng Bathara Sakri, dados botên sandeya, têmên punika dede mêngsah, mila Prabu Mahèswara lajêng amatah punggawa ingkang kinèn anguntapakên lampahipun, dumugi ing wukir Saptarga Patih Srênggabadra angaturakên Bathara Sakri saha garwanipun, tuwin sawarnining pakêkintun saking Prabu Partawijaya, sampun katampèn sadaya dhatêng Rêsi Manumanasa, andadosakên suka sukuring galih, ing antawis dintên Patih Srênggabadra kalilan mantuk, sarta wadya ing Mêdhangkamulan kang anguntapakên sampun wangsul dhatêng pabarisan [pabarisa...]

--- 4 : 227 ---

[...n] malih. Ing mangke Puthut Supalawa pamit badhe anjêjampangi dhatêng pabarisan sampun kalilan lajêng mangkat anjujug pabarisan ing Wiratha.

Kacariyos malih para nata ing sabrang, konduripun saking Saptarga sami sowang-sowangan, wontên ingkang mantuk dhatêng prajanipun pribadi, wontên ingkang wangsul dhatêng Madhêndha matur ing Rêsi Dwapara. Kala samantên Rêsi Dwapara dahat bramantya lajêng mangkat anglurug dhatêng Saptarga, para nata siswa ing sawontênipun sami andhèrèk sadaya, dumugi ing muara pinêthukakên prang dhatêng para nata ingkang samya bêbarisan. Para nata ing sabrang sami kasêsêr mundur asasaran. Rêsi Dwapara mangsah pinêthukakên dhatêng Puthut Supalawa, langkung rame samya mijilakên pangabaran warni-wani,[27] dangu-dangu Rêsi Dwapara karepotan lajêng muksa. Wasi Druwasa badhe pêpulih ambelani ingkang rama pinambêngan dhatêng Prabu Drumanasa ing Madhêndha, akalihan Prabu Wasita ing Magada, kaprayogèkakên luhung anungkula manawi dados jalaraning kaluhuran, Wasi Druwasa anêmbadani ing rêmbag lajêng sami anungkul, kasaosakên dhatêng Wiratha andadosakên sukaning galihira Prabu Basukeswara, ratu kêkalih miwah Wasi Druwasa sami sinuba-suba.

--- 4 : 228 ---

Amarêngi masa manggakala, kacariyos ing wukir Saptarga, Rêsi Manumanasa katamuan Prabu Partawijaya saha garwa Dèwi Sruti, atêtuwi ingkang putra ngiras Dèwi Sruti badhe puruhita, wangsulanipun Rêsi Manumanasa manawi sampun anggènipun amêjang Prabu Basukeswara ing benjang purnama punika, malah manawi kaparênga badhe kabêkta dhatêng Wiratha, Prabu Partawijaya andhèrèk sumanggèng karsa. Ing nalika mèh andungkap wulan purnamasidi, Rêsi Manumanasa mangkat dhatêng Wiratha akalihan Prabu Partawijaya, dumugi ing Wiratha laju marêk dhatêng ngabyantara nata, sarêng sampun sami sinambrama dhatêng Prabu Basukeswara, Rêsi Manumanasa matur yèn ingkang tumut punika ratu sabrang ing Gujulaha anama Prabu Partawijaya, sampun dados besanipun Rêsi Satrukêm, Prabu Basukeswara gumujêng suka sarywa ngandika: Kalinganeya paman rêsi kalêbêt ing bêbasan anyidhêm pramanêm, dene amiwaha wayah têka botên paliwara, yèn mangkana adhi Patih Wasita, si paman Rêsi Manumanasa pantês kêna ing dhêndha, Patih Wasita wotsari andhêku. Rêsi Manumanasa tumungkul lajêng ngandika tumanduk liring dhatêng Patih Wasita: Lah inggih anak patih kasinggihan pangandika [panga...]

--- 4 : 229 ---

[...ndika] nata punika, pênêdipun kula nyaosi ingkang minăngka dhêndhan, pangantèn jalu èstri kula sowanakên angabêkti, Prabu Basukeswara sangsaya gumujêng suka lajêng amrayogèkakên. Sasampunipun makatên, Rêsi Manumanasa wontên salêbêting panêpèn, Prabu Partawijaya tunggil pakuwonipun para nata têtêlukan saking sabrang, ing nalika punika Prabu Partawijaya kapanggih kalihan natèng Magada, sami wartos-winartosan andadosakên suka sukuring sakalihan. Sarêng dumugining wulan purnamasidi, ing dalu Prabu Basukeswara lajêng kawêjang dhatêng Rêsi Manumanasa ing sasuraosing pangawikan sadaya sampun waskitha, ing antawis dintên Prabu Basukeswara utusan animbali Rêsi Satrukêm, akalihan Bathara Sakri saha garwanipun. Ingkang dinuta Arya Sriyati. Dumugi ing wukir Saptarga matur dhatêng ingkang raka Rêsi Satrukêm pêrluning karya punika, Rêsi Satrukêm langkung suka lajêng mangkat. Dumuginipun ing Wiratha sampun sami angabêkti dhatêng Prabu Basukeswara, Bathara Sakri sagarwanipun lajêng sami pinaringan busana maneka-warna. Nuntên Prabu Basukeswara karsa angulawisudha para nata têlukan saking sabrang, Rêsi Druwasa mangkya kajumênêngakên ratu [ra...]

--- 4 : 230 ---

[...tu] ing Durhyapura, anama Prabu Druwasa, Prabu Drumanasa kawangsulakên dhatêng Madhêndha, Prabu Wasita kawangsulakên dhatêng Magada, Prabu Partawijaya kajunjung dados wadananing para nata tanah Indi. Ingkang sampun kabawah ing Wiratha sadaya, sarta sami pinaringan pusaka sanjata dibya sowang-sowang, andadosakên suka sukuripun sakawan pisan. Dados ing nalika punika, Ratu Jawi kagungan bawah ratu tanah Indi kawan nagari, mênggah tanah Indi wau, ingkang sapunika dipun wastani dening băngsa Eropah, tanah Indhustan.

Amarêngi masa naya, kacariyos Rêsi Manumanasa sampun kalilan kondur dhatêng wukir Saptarga, para nata sakawan sami andhèrèkakên, dumuginipun ing Martawuy, sami kaprênahakên pakuwonipun sowang-sowang. Ing antawis dintên Dèwi Sruti sampun kawêjang sarêng kalihan Prabu Druwasa, utawi Prabu Drumanasa, miwah Prabu Wasita sampun sami waskitha ing sasuraosing pangawikan sadaya, sasampunipun makatên lajêng sami kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang.

Salêbêtipun taun Ipa, etanging taun surya sangkala 563, tinêngêran uninga rarasing tata. Kaetang [Ka...]

--- 4 : 231 ---

[...etang] ing taun candra sangkala 580, tinêngêran barakan angèsthi marga.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Wiratha, ing nalika punika, sakathahing têtiyang sami sumêrêp, wontên teja amăncawarna, Prabu Basukeswara lajêng utusan amariksa tejanipun punapa, ingkang dinuta punggawa miji anama Arya Sriyati, ing nalika punika Rêsi Manumadewa nuju têtuwi kang raka Arya Sriyati dhatêng Wiratha, mila lajêng kabêkta ing raka dènira dinuta amariksa dhatêng panggenaning teja. Sarêng dumugi salèring wukir Nilandusa inggih rêdi Wilis tanah Madiun, angambah pasabinan dhusun tanah ing ngriku, kala samantên wontên tiyang rencangipun Rêsi Manumadewa wicantên makatên: Sawah iki kurang awuy, sapêngkêripun ingkang sami lumampah, tiyang kang adarbe sabin amêndhêt awu kasawurakên ing tanêman pantun lajêng sami lodhoh sadaya, kang adarbe pantun sangêt pangungunipun, amanah ing têmbe badhe amêlèhakên tiyang kang wicantên makatên wau.

Ya ta lampahira Arya Sriyati dumugi ing prênah panggenan teja kang amăncawana,[28] katingal ingkang amawa teja punika jêjaka amangun tèki wontên samadyaning wana

--- 4 : 232 ---

Kêling, winatawis kadi băngsa satriya, Arya Sriyati marêpêki tanpa rowang sarywa lon atêtanya ing sangkan paran miwah namanipun. Winangsulan têmbung anuraga amlasarsa: Dhuh băngsa kang atitipariksa, sajatosipun kula punika satriya saking sabrang nagari ing Madrapura, wasta Radèn Kardhana, putraning Prabu Baradhana, purugipun ing panêdya kula badhe angupadi pandam pangauban ingkang pantês dados pangungsèn, amargi kula punika taksih anggung kaudi ing mêngsah, manawi ing wingking mêngsah kula andhatêngi wontêna ingkang amangsulakên. Arya Sriyati têtakèn malih: Sintên namaning mêngsah, sarta kadipundi bêbukanipun. Wangsulanipun Radèn Kardhana sarwi rawat waspa: Dhuh băngsa luhur, wontên ratu agung prakosa, anama Prabu Bahlika, nagarinipun ing Siwandapura, nêtêpi panutanipun agami Siwah, inggih punika agami Kala, ing mangke Prabu Bahlika paksa badhe ngradin agami, tiyang sajagad kinèn sami manut agami Siwah sadaya, sampun ngantos wontên ingkang ngangge agami Brahma utawi Wisnu sapanunggilanipun, singa ingkang botên anut agami Siwah saèstu anêmahi botên prayogi, sampun kalampahan kathah ingkang sami anut, amung rama kula [ku...]

--- 4 : 233 ---

[...la] Prabu Baradhana sawadyanipun ing Madrapura sadaya botên purun anut dhatêng Prabu Bahlika, taksih angantêpi agami Wisnu, mila lajêng linurugan saking Siwandapura dados pêrang agêng, wêkasanipun ing Madrapura bêdhah rama Prabu Baradhana muksa samadyaning rana, ibu kula pramèswari bela muksa, kula kapalajêng ngungsi dhatêng wana sunya, tansah analăngsa salêbêting manah anênuwun pangaksamaning dewa. Ing antawis dintên angsal wangsit kinèn anglampahi tapabrata wontên samadyaning wana Kêling, prênah salèring wukir Mahamèru, sami sanalika kula lajêng mangkat anumpal kèli dumugi ing wana Kêling anglampahi tapabrata sapakantukipun. Sawêg antawis pitung dintên pitung dalu angsal parmaning dewa wontên andaru kawuryan cumalorot saking kidul, dhawah ing pangkon kula, sarêng kula tingali awarni sêsotya mawi ciri sastra mungêl makatên: iki rêtna dumilah pêparinge Sang Hyang Endra, pinusthia ora karasa arip luwe luput ing sarwa kira-kira, sasampunipun makatên, rêtna dumilah kula kuswa botên karaos arip kalihan luwe, dumugi ing sapariki punika sabên karaos arip luwe kula lajêng anguswa rêtna dumilah kemawon sampun [sa...]

--- 4 : 234 ---

[...mpun] marêm, têlas aturipun Radèn Kardhana, Sang Sriyati miyarsa langkung ngungun, saking pamanahipun, sarèhning amung dinuta amariksa teja kemawon, dados pakèwêd manawi Radèn Kardhana punika lajênga kabêkta mantuk dhatêng Wiratha, mila Rêsi Manumadewa kinèn mantuk rumiyin angaturakên ingkang amawa teja, sarta angatas ing karsa nata, Rêsi Manumadewa mangkat. Sarêng dumugi salèring wukir Nilandusa kapêthukakên ing tiyang jalêr têmbung anuwun lêrês, tinakenan awasta pun Sakila, kang adarbe sabin risak dening dipun sawuri awu, awit amituhu ujaring tiyang makatên: Sawah iki kurang awu. Rêsi Manumadewa andangu dhatêng rencangipun ingkang wicantên makatên, pun Sanggora matur manawi amuwus ing sayêktosipun kemawon, amargi manawi têmbung ing tanah Kêling, wêsi awu punika toya, dene kang adarbe sabin kalintu sêrêp ngantos dados pitunanipun inggih nyumanggakakên. Rêsi Manumadewa gumujêng sarywa ngandika: Lah iki batur ingsun Si Sanggora wuwuse sawantah kewala, angarani sawahira kurang banyu, sira kaliru surup anyawuri awu, ing wêkasan dadi karusakaning sawah, iku bêbênêrane sira anampanana pasungan ingsun ili-ili

--- 4 : 235 ---

êmas sabobot. Pun Sakila anarimah tampi mas lajêng mantuk. Rêsi Manumadewa andumugèkakên lampahipun, wontên ing margi kapêthukakên pun Sakila malih, angaturakên tundhan kapal satunggil alit ananging kêras, sampun nate kaangge ambêbujung sangsam, Rêsi Manumadewa anampèni dahat sukarêna anarima, pun Sakila sinungan malih kalih wawrat, akalihan busana maneka-warna. Sarêng lampahipun Rêsi Manumadewa dumugi ing Wiratha sampun matur dhatêng Prabu Basukeswara, punapa ing wêwêlingipun Arya Sriyati, Prabu Basukeswara lakung[29] suka lajêng dhawah kinèn animbali Radèn Kardhana, ing antawis dintên Rêsi Manumadewa mangkat malih, dumugi ing wana Kêling sampun matur dhatêng kang raka Arya Sriyati, andhawahakên ingkang dados karsa nata. Arya Sriyati lajêng andhawahakên dhatêng Radèn Kardhana yèn katimbalan ing Prabu Basukeswara, Radèn Kardhana matur sandika, enjingipun sami mangkat saking wana Kêling. Botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, dumugining Wiratha lajêng sowan ing ngarsa nata, sasampunipun sinambrama ing pambage, Radèn Kardhana kadangu matur saking wiwitan dumugi ing wêkasan, kados ingkang sampun [sampu...]

--- 4 : 236 ---

[...n] kacariyosakên dhatêng Arya Sriyati sadaya. Prabu Basukeswara amiyarsa langkung ngungun, Radèn Kardhana lajêng pinisalin busana ingkang adi warna, ing ngriku Radèn Kardhana karănta salêbêting manah lajêng anyaosakên rêtna dumilah katampèn dhatêng Prabu Basukeswara dahat katarima. Nuntên Radèn Kardhana pinaringan pusaka sanjata dibya ingkang andarbèni prabawa amêdalakên pangabaran warni-warni, lajêng kalilan aso wontên ing wismanipun Arya Sriyati.

Amarêngi masa palguna, kacariyos Radèn Kardhana, kapêndhêt mantu dhatêng Arya Sriyati, kadhaupakên angsal Dèwi Artati, antawis dintên Radèn Kardhana kasuwunakên dados punggawa, lajêng kinulawisudha kaparingan nama Arya Mandrakumara, sarêng kawan dasa dintênipun kaujungakên dhatêng Saptarga lajêng winulang ing guna kasantikan dening Rêsi Manumanasa angênting, Arya Mandrakumara sampun widagda.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing Gajahoya, inggih ing Ngastina, Rêsi Basunanda muksa, karsanipun Prabu Basukeswara ing Wiratha, wayahipun Rêsi Basunanda kagêntosakên, jumênêng ratu ing Ngastina,

--- 4 : 237 ---

kaparingan nama Prabu Wasanta, ingêmbanan kang paman anama Rêsi Basudara.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos ing wukir Saptarga, Bathara Sakri saha garwa sami têtuwi dhatêng Gujulaha, kadhèrèkakên Sang Janggan Smara kalihan para cantrik ing sawatawis, dumugi talatahing Ngayudya kapambêngan wontên baris agêng amasanggrahan samadyaning wana, sami takèn-tinakenan ing sangkan paran, Bathara Sakri angakên saking wukir Saptarga badhe dhatêng Gujulaha, pacalanging baris angakên nama Sang Pulama andhèrèkakên lêlurahipun anama Arya Pinggala, dutanipun Prabu Bahlika ing Siwandapura, tinuduh kinèn andhawahakên undhang dhatêng Prabu Partawijaya ing Gujulaha, supadi asalina agami Siwah, ananging praptèng ngriki kadi tinuju ing bingung sadaya, mila manawi kaparêng badhe nunut dhatêng Gujulaha. Wangsulanipun Bathara Sakri lênggana kanunutana, saking sami salayaning wiraos atêmahan dados prang, Sang Pulama kawon kapalajêng atur uninga dhatêng Arya Pinggala, ing ngriku Bathara Sakri kinarubut ing pêrang datan gumingsir, ramening ayuda ing wêkasan Arya Pinggala pêjah, wadyanipun larut asasaran sami mantuk dhatêng Siwandapura, Bathara [Ba...]

--- 4 : 238 ---

[...thara] Sakri lajêng lampahipun dumugi ing Gujulaha kapanggih kalihan marasêpuh Sang Aprabu Partawijaya. Sasampunipun sinambrama ing pambage, Bathara Sakri matur wêwarti kala wontên ing margi, wêkasanipun Prabu Partawijaya dipun aturi angatos-atos, bokmanawi kadhatêngan mêngsah ing Siwandapura. Prabu Partawijaya anayogyani, lajêng andhawahakên undhang tata-tata samaptaning ayuda. Nuntên Patih Srênggabadra dinuta angaturi uninga dhatêng Wiratha kalihan ing Saptarga, enggaling cariyos Patih Srênggabadra dumugi ing Wiratha kaparingan bêbantu wadya prajurit, senapatining ayuda Arya Manungkara, sarêng Patih Srênggabadra dhatêng Saptarga kabêktanan Puthut Supalawa, antukipun Patih Srênggabadra dumugi ing Gujulaha sampun matur sasolahipun dinuta sadaya, Prabu Partawijaya langkung suka. Arya Manungkara sampun kaprênahakên pakuwonipun saha wadya prajurit ing Wiratha sadaya. Puthut Supalawa anunggil pasanggrahan kalihan Janggan Smara miwah para cantrik ingkang sami andhèrèkakên Bathara Sakri sadaya. Sarêng ing antawis dintên Prabu Partawijaya anggalih aturipun ingkang putra mantu Bathara Sakri, yèn sowanipun punika anjawi saking onêngan, angêmu [a...]

--- 4 : 239 ---

[...ngêmu] sungkawa dening dèrèng darbe putra, mila ing mangke Prabu Partawijaya utusan animbali Rêsi Sarmadana, inggih punika putraning Bagawan Wasusarma, sadhatêngipun ing ngarsa nata kapundhutan sarana sampun angaturakên, punang sarana kaparingakên dhatêng Bathara Sakri, dhinahar kalihan garwanipun.

Amarêngi masa asuji, kacariyos ing Gujulaha, kadhatêngan mêngsah saking Siwandapura, kapêthukakên pêrang langkung rame gêntos kalindhih, ngantos dumugi ing pêndhak dintên amung sami angabên bala alit kemawon, sarêng sampun langkung pêndhak dintên, wontên andêling wadya Siwandapura, ditya salewah awasta Sang Martyajiwa pêjah prang kalihan wanara pêthak Sang Puthut Supalawa. Gajah singa ing Siwandapura awasta binggala, pêjah prang kalihan Janggan Smara, paksi garudha Siwandapura awasta otgawa, angamuk punggung sura tan taha anambêri mêngsah, pêjah kacundhuk ing jêmparingipun Bathara Sakri. Brahmana ing Siwandapura awasta Rêsi Logitasa, pêjah prang kalihan Arya Manungkara, patihing Siwandapura awasta Sang Balawara, pêjah prang kalihan Patih Srênggabadra, mila sagunging wadya ing Siwandapura samya ngisis asasaran. Mangkana Prabu Bahlika mangsah ing rana

--- 4 : 240 ---

nirbaya nirwikara, kapêthukakên dening Prabu Partawijaya sami angabên kasaktèn botên wontên ingkang kuciwa, antawis dangu Prabu Partawijaya ragi karepotan, sarêng mèh kasambut ing ayuda katulungan dening Arya Manungkara, dupi katungkul Prabu Bahlika kenging kausap ing maniara lajêng dados arca. Wau ta sagunging wadyabala ing Siwandapura sarêng sumêrêp manawi ratunipun dados arca lajêng sami anungkul, Prabu Partawijaya langkung suka anampèni panungkuling mêngsah, ing ngriku lajêng amboga drawina kalihan para punggawa tamu saking Wiratha miwah tamu ing Saptarga, salêbêting bojana ngiras sami pirêmbagan, prayoginipun arca punika badhe kabêkta dhatêng Wiratha, sagêda karuwat lajêng kenging kadangu ing Prabu Basukeswara, kadadosaning rêmbag sami anyondhongi, sarêng antawis dintên tata-tata sampun samapta lajêng sami mangkat. Botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, dumugi ing Wiratha lajêng sami katimbalan ing ngarsa nata, Arya Manungkara sampun matur sasolahing dinuta sadaya, miwiti kongsi amêkasi, Prabu Basukeswara langkung suka sarta kacaryan aningali arca punika, dening bagus lurus sarwa sambada, mila lajêng andangu dhatêng Prabu Partawijaya, [Partawija...]

--- 4 : 241 ---

[...ya,] mênggah bangsaning Prabu Bahlika, aturipun Prabu Partawijaya: Kawarti bangsaning Danèswara, Prabu Basukeswara angandika: Layak wangune kaya băngsa Danuja, ing ngriku arca lajêng kinèn angruwat dhatêng Arya Manungkara, sanalika sampun nirmala waluya jatining janma, ananging kadi bingung tansah pandirangan tingalipun. Prabu Basukeswara angandika manambrama: Lah yayi Prabu Bahlika, padha raharja sapraptanira ing Wiratha, aja nganti mamang sumêlang ênggonira anèng ngarsaningsun, karana ingsun iki maksih kalêbu bangsanira, yayi prabu băngsa Danèswara, ingsun băngsa Danuja, padha asli băngsa satriya ing kuna. Mangkana Prabu Bahlika sarêng amiyarsa ing pangandikanipun Prabu Basukeswara, raosing manah têka kasrêpan dening kaungkulan prabawa, mila lajêng nêmbah matur nuhun amêmundhi ing panambrama nata. Prabu Basukeswara karênan ing galih lajêng angandika malih: Yayi Prabu Bahlika, sarèhning wus padha rahayu, sira têtêpa jumênêng nata ing Siwandapura manèh, ananging wêwalêr ingsun aja darbe karsa angrata agama Siwah, sagunging para ratu padha lulusa nganggo agamane dhewe-dhewe, karana lakuning agama iku sayêkti ora beda, kang dadi pêrlu amung antêping [a...]

--- 4 : 242 ---

[...ntêping] têkad, dene kautamaning ratu anglar jajahan iku amung amriha karaharjaning jagad kewala, manawa ana tindak murka ulah panganiaya, iku wênang kaelingêna, manawa maksih lali iku wajib kadukanana, manawa mêksa andaluya ing kono kawisesaa ora dadi druhaka. Prabu Bahlika andhêku nêmbah matur mugi angsala pangèstu sagêdipun kalampahan ing sapangandika nata, sasampunipun makatên, lajêng kalilan sami aso masanggrahan.

Ing salêbêting taun Tadu, etanging taun surya sangkala 564, tinêngêran samudra obah gumulingan. Kaetang ing taun candra sangkala 581, tinêngêran rupa naga winisaya.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Wiratha nalikanipun Raja Wedha, para ratu tanah Ngindi inggih Indhustan, gangsal nagari, kalêbêt ing Siwandapura, punapadene para ratu tanah Jawi, sami pêpak sowan dhatêng ing Wiratha, ambêkta bulubêkti warni-warni. Sabibaring Raja Wedha Prabu Basukeswara, karsa anggêganjar dêdamêl dhatêng para nata, sami winangun ing pantêsipun piyambak-piyambak, ingkang agêng inggil, pinaringan gada, dhêndha,

--- 4 : 243 ---

bindi, alugora, ing sapanunggilanipun. Ingkang alit pinaringan curiga, warastra, ing sapanunggilanipun, sarêng antawis dintên sami kalilan mantuk sadaya, wontên ingkang mampir dhatêng Saptarga angèstupada dhatêng Rêsi Manumanasa.

Amarêngi masa sitra, kacariyos atas saking karsanipun Prabu Basukeswara, Arya Mandrakumara pinaringan prênah kinèn abêbadhe wontên ing wana Kêling, kinulawisudha jumênêng ratu ing ngriku, pinaringan nama Prabu Mandrakumara, Arya Sriyati kakanthèkakên minăngka tuwanggana, ingêlih nama Bagawan Sri Manasa, putraning Arya Sriyati kang anama Radèn Artadriya, kadadosakên patihipun Prabu Mandrakumara, kaparingan nama Patih Artadriya. Ing nalika punika Rêsi Manumadewa nuju têtuwi dhatêng Wiratha malih, mila lajêng dinuta ing raka angaturi uninga dhatêng Saptarga, Rêsi Manumanasa langkung suka sukur, manadukara ing karsa nata. Sarêng Rêsi Manumadewa sampun wangsul dhatêng Wiratha, ing antawis dintên Prabu Mandrakumara mangkat saha wadya sami wahana kuda, Prabu Basukeswara anguntapakên sajawining nagari ngiras cangkrama. Sadangunipun wontên ing margi Prabu Basukeswara [Basu...]

--- 4 : 244 ---

[...keswara] tansah aningali kuda tumpakanipun Rêsi Manumadewa, ing ngriku Rêsi Manumadewa anggraita manawi kudanipun ragi karêmênan ing sang nata, ananging ajrih angaturakên manawi botên kalayan kapundhut, mila darbe panyipta manawi sampun dumugi ing wana Kêling sumêdya angupados kuda ingkang pantês kadamêl angsal-angsal katur ing sri narendra.

Wau ta lampahipun Prabu Mandrakumara botên kacariyos laminipun wontên ing margi, dumuginipun ing wana Kêling lajêng abêbadhe kitha, prênah bungkasaning wana Kêling kang lèr angongkang samudra, winastan nagari ing Madraka. Mênggah wana Kêling wau sanès wana Kêling tanah Indhu, inggih punika wana Kêling tanah Jawi, prênah salèripun rêdi Sêmèru, dados nagari Madraka punika, dumunu[30] wontên wêwêngkonipun tanah Pasuruan.

Amarêngi masa palguna, kacariyos Rêsi Manumadewa, antukipun saking Madraka, dumugi salèring wukir Nilandusa angupadosi pun Sakila kapanggih, dinangu manawi ta kawihgsah kuda malih. Aturipun: Bêndara, kapal ingkang sampun kula aturakên ing panjênêngan paduka punika rumiyin angsal saking wukir Udarati, taksih [ta...]

--- 4 : 245 ---

[...ksih] kongkulan kapal anggèn kula angsal saking wukir Mahamèru sapunika, kawarti panakan[31] kapal sêmbrani, uninga kula manawi pranakan kapal sêmbrani, bêbukanipun, kala ing masa manggasri, kula angsal wangsit salêbêting supêna, kados sawantah wasitaning dewa makatên, hèh Sakila, ing mêngko wus katarima bratanira, jalaraning antuk kabêgyan saka ing pranakan jaran sêmbrani kang anèng padaning wukir Mahamèru, iku manawa kêna dadi sarana utama marga pitulunging Rêsi Manumadewa. Sarêng bangun enjing kula tangi tilêm lajêng mangkat kemawon, wijiling surya dumugi ing wukir Kawi, kula dahat angungun dening kathah têtiyang wontên ing ngriku, kula angsal pitakenan awêwarti manawi angili sami ajrih kapal ingkang saking wukir Mahamèru, punika asring tumurun dhatêng ngare anjujug ing pangenan, manawi wontên tiyang katingal lajêng sinandêr kabrakot tinujah kasepakan, kadadosanipun akathah tiyang pêjah dening kapal, mila dhusun sakiwa têngêning wukir Mahamèru sami sunya. Sarêng kula sampun angsal pawarti makatên punika têka miris raosing manah, ananging pêpuntoning têkad kula amung nyipta pratignya ing kayêktosan, makatên osiking

--- 4 : 246 ---

manah kula: manawa aku iki nyata têdhaking Sang Hyang Wisnu mêsthi kawasa anêmbadani jaran iku, karana ujaring wong kuna sapira bandholing jaran sayêkti tutut dening prabawanira Sang Hyang Wisnu. Sasampunipun kula nyipta pratignya makatên lajêng mangkat, dumugi padaning wukir Mahamèru kula sinandêr ing kapal atêmahan prang tanpa karana, ing wêkasanipun kapal kawon lajêng anutut kenging kula tumpaki lagaran kewala kula bêkta mantuk, ing antawis dintên kula angupadosi kang anama Rêsi Manumadewa, ngantos dumugi padaning wukir Maendra botên angsal patakenan. Sarêng kula mantuk punika wontên tiyang rêraosan, angalêm pambêkanipun Rêsi Manumadewa, kula pitakèn winangsulan makatên: kang anama Rêsi Manumadewa punika, inggih priyantun saking tanah kilèn ingkang andika aturi kuda alit rumiyin punika. Sarêng kula sampun asal[32] pawartos makatên langkung lêga raosing manah, amung tansah mêmuji mugi sagêda kapanggih kalihan paduka, sumêdya badhe angaturakên kapal pranakan sêmbrani punika, ing mangke sampun kalampahan kapanggih dados anyumanggakakên ing karsa paduka. Mangkana Rêsi Manumadewa, sarêng amiyarsa [amiyar...]

--- 4 : 247 ---

[...sa] aturipun pun Sakila andadosakên sukaning galih, pangandikanipun: Lah iya Sakila muga-muga ingsun bisaa dadi jalaraning kabêgyanira, nanging ingsun sulangêna asaling lêlurinira saka Sang Hyang Wisnu iku, supaya ingsun bisaa matur manawa dinangu maring Sang Ratu Wiratha. Pun Sakila matur: Dhuh pukulun, wontên pedahipun punapa aslining tiyang dhusun, ananging sarèhning kadangu inggih ngaturakên saking kaèngêtan kula kemawon makatên: Sa[33] Hyang Wisnu, apêputra Sang Hyang Madusadewa, Sang Hyang Madusadewa apêputra Bathara Dewayana, Bathara Dewayana pêputra kalih, 1. Bathara Wrastya, 2. Bathara Sriwastha, lajêngipun Bathara Sriwastha apêputra Bagawan Kasriyana ing wukir Kulamba, inggih punika bapa kula, dene ênggèn kula abêbadhe wontên ing ngriki punika atut wuri poncoting sinjangipun tiyang èstri, semah kula pun Satapi punika sutaning Ajar Tapayatya ing wukir Nilandusa, sarêng pun bapa marasêpuh sampun muksa, kula lajêng abêbadhe ing ngriki punika dipun wastani dhusun ing Bodhi, awit kala rumiyin wontên kajêngipun waringin agêng, têlas aturipun Sakila. Rêsi Manumadewa angandika: Lah ing mêngko wus kapasang yogya, manawa

--- 4 : 248 ---

dhangan sira ingsun gawa maring Wiratha, pun Sakila matur sandika, ing antawis dintên mangkat kalihan semahipun sakulawarganipun sadaya, andhèrèk lampahipun Rêsi Manumadewa. Sarêng dumugi ing Wiratha manggèn wontên wismaning Arya Sriyati, enjingipun sowan dhatêng Patih Wasita angaturakên salwiring panêdya, Patih Wasita anjurungi, lajêng kabêkta sowan dhatêng ngarsa nata, Patih Wasita angaturakên sowanipun Rêsi Manumadewa punika anyaosi angsal-angsal kapal pranakan kuda sêmbrani, Prabu Basukeswara langkung kacaryan aningali warnaning kuda, lajêng andangu dhatêng Rêsi Manumadewa: Raharjanipun kang abêbadhe ing wana Kêling kalihan sangkaning kuda punika, Rêsi Manumadewa nêmbah matur anyariyosakên ing lêlampahanipun sadaya. Prabu Basukeswara langkung suka saking panujuning galih lajêng karsa angulawisudha Rêsi Manumadewa jinunjung dados punggawa miji, anggêntosi Arya Sriyati, pinaringan nama Arya Sri Madewa. Pun Sakila dados sosoranipun, ingêlih nama Arya Swamedha. Ing antawis dintên Arya Sri Madewa kalilan amboyongi suta swaminipun, ngiras angaturi uninga dhatêng Saptarga, andadosakên [andadosakê...]

--- 4 : 249 ---

[...n] suka sukuripun Rêsi Manumanasa, Arya Sri Madewa dipun pangandikani makatên: Sarate wong anapak tilas iku prayoga rapêtana ing pituwas. Lwire abêbesanana lawan kang ginêntenan. Arya Sri Madewa lajêng mangkat.

Amarêngi masa srawana, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Basukeswara karsa angulawisudha putranipun Rêsi Manonbawa ing Gandara, kajunjung jumênêng nata kaparingan nama Pabu[34] Maneriya.

Amarêngi masa asuji, kacariyos nagari ing Gujulaha, Prabu Partawijaya saha garwa têtuwi dhatêng Saptarga, amung kadhèrèkakên wadya ing sawatawis, dumuginipun ing Saptarga sawêg antawis dintên, Dèwi Sati ambabar mijil jalu langkung pêkik, Sang Hyang Naradha tumêdhak amaringi nama Bambang Palasara, lajêng andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, ing mangke Rêsi Manumanasa kaparingan nama Bathara Prawa, Rêsi Satrukêm kaparingan nama Bathara Darma, amargi katarima dènira angagêngakên pujabrata anggêlar paramarta, rêsi sakalihan sami nêmbah matur nuhun.

Ing salêbêtipun taun Iswara, etanging taun supa [su...]

--- 4 : 250 ---

[...ya][35] sangkala 565, tinêngêran tata rêtu marganing muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 582, tinêngêran panêmbahing manggala gati.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih ing wukir Saptarga, Dèwi Sati anandhang gêrah kamatus ing dalêm tigang dintên seda, Bathara Sakri saking sangêting sungkawa lajêng kesah angingkis ratri tanpa pamit ing rama eyang, mila Bathara Prawa Bathara Darma, Prabu Partawijaya sami rêtu rêntêng karêrantan ing galih. Kala samantên sawêg wayang-wuyungan, wontên tamu dhatêng jalu èstri amung sawatawis kathahipun, sarêng sampun sinambrama ing pambage tinakenan sangkan paraning sêdya, wangsulanipun makatên: Sajatosipun kula punika ratu ing Kasi. Ingkang anama Prabu Ambinasa, putraning Bathara Satyadarma, kawarti panginggilipun têdhak Wisnu, pawèstri ingkang anêsêpi rare jalu punika garwa kula anama Dèwi Wayasi, putraning Bathara Waswa, inggih têdhak Wisnu ugi, dene ênggèn kula mariki lumampah anumpal kèli tanpa wadya punika, saking amituhokakên wasitaning dewa, manawi badhe lulus lêstantuning karaton ngantos turun-tumurun. Kula sarimbit kinèn apuruhita dhatêng Rêsi Manumanasa ing wukir Saptarga, wêkasan [wêka...]

--- 4 : 251 ---

[...san] sarêng dumugi ing ngriki têka amarêngi sawêg wayang-wuyungan makatên, punika punapa ingkang dados darunanipun. Bathara Prawa awêwarti saking wiwitan dumugi ing wêkasan, Prabu Ambinasa sangêt angungun sata[36] bela sungkawa, sarêng amiyarsa pamularipun Bambang Palasara têka kamiwêlasên, dados Prabu Ambinasa lumampah kapintanana darah, Bathara Prawa anglaksanani, malarsih yèn kasêmbadan, mila Dèwi Wayasi ingatag dhatêng Prabu Ambinasa kinèn anêsêpi Bambang Palasara, sampun linampahan Bambang Palasara kèndêl pamularipun. Nuntên sami angrukti sapalakartining layon. Sarêng sampun sarwa samapta lajêng kalabuh dhatêng sawangan samudra anuju ing malêm purnamasidi. Ing antawis dintên Prabu Ambinasa kalihan Dèwi Wayasi sami kawêjang dhatêng Bathara Prawa, ing sasuraosipun sagung ngèlmi kasampurnan sadaya sakalihan sampun widagda, nuntên rêmbag angupadosi Bathara Sakri, Prabu Partawijaya akalihan Prabu Ambinasa sami mangkat kinanthenan Puthut Supalawa.

Kunêng gêntos ingkang kacariyosakên, wontên ratuning brakasakan langkung sudibya sakti măndraguna, anama Raja Murtija, akêkitha têlênging samudra kidul, Raja Murtija [Mur...]

--- 4 : 252 ---

[...tija] wau angèsthi sêdya anumpêsi têdhakipun Sang Hyang Wisnu, awit Sang Hyang Wisnu punika dados mêngsahing lêluhuripun, mila ing mangke Raja Murtija tansah alêlana lumampah awor angin, amung ambêkta wadya barat pêpilihan ing sawatawis, lampahipun ing sabên wontên tiyang katingal lajêng pinagihan[37] sarta tinakenan manawi sumêrêp têdhakipun Sang Hyang Wisnu, asêngadi badhe kadamêl sae, ingkang tinakenan sami amangsuli botên sumêrêp, têrkadhang wontên ingkang mangsuli manawi panggenanipun têdhak Wisnu punika ing Wiratha akalihan ing wukir Saptarga, Raja Murtija lajêng sumêdya dhatêng Wiratha, ing nalika punika kapanggih kalihan Bathara Sakri wontên satêngahing wanamarta, takèn-tinakenan sami sajarwa ing nama, ananging Raja Murtija kumbi ing panêdya, amung Bathara Sakri angakên sêdya angupados marganing pêjah, sabab anglalu saking kapêgatan trêsna. Raja Murtija anggampilakên prakawis punika, anggêripun Bathara Sakri purun kapêndhêt saraya ênggènipun badhe angrisak ing Wiratha, Bathara Sakri têtakèn ingkang dados karana, winangsulan manawi badhe anumpêsi têdhakipun Sang Hyang Wisnu, Bathara Sakri duk miyarsa ngadêg suraning driya angakên têdhaking Wisnu lumampah [lu...]

--- 4 : 253 ---

[...mampah] dipun ayonana, ing wêkasan dados păncakara.

Ya ta kacariyos lampahipun Prabu Partawijaya akalihan Prabu Ambinasa miwah Puthut Supalawa, kala samantên kèndêl ing wanamarta sawêg sami rêrêmbagan badhe andum paran, wontên wadya atur uninga manawi Bathara Sakri kapanggih prang kalihan ditya, mangkana narendra sakalihan langkung kadgada ing galih lajêng mangkat sarta Puthut Sapalawa. Ingkang abăndayuda, taksih langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu Bathara Sakri kasambut ing adilaga lajêng muksa, sarêng Prabu Partawijaya uninga sigra mangsah pêpulih seda ing rana layon muksa, nuntên Prabu Ambinasa mangsah igih[38] kapupu layonipun muksa, ing wêkasan Puthut Supalawa mangsah langkung rame sami angabên kasantikan, warna-warna wijiling pangabaran, sarêng Raja Murtija triwikrama dados kalamrêtyu wiswagni, Puthut Supalawa triwikrama dados angin wisaya mawa prabawa atis, campuhing sakalihan atêmahanipun Raja Murtija sirna, Puthut Supalawa nirmala waluya jatining dewa, lajêng angimpuni para wadya alit sami kabêkta dhatêng wukir Saptarga.

--- 4 : 254 ---

Ya ta kawarnaa Bathara Prawa, ing mangkya katêdhakan Sang Hyang Naradha, awêwarti salwiring lêlampahanipun ingkang sami prang akalihan ratuning brakasakan anama Raja Murtija, ing wêkasan Sang Hyang Naradha angêngimur dhatêng ingkang sami anandhang sungkawa sadaya, dhinawahan kinèn sami amupus ing pêpasthèn. Sawêg kèndêl samantên pangandikanipun Sang Hyang Naradha, katungka praptanipun Puthut Supalawa ingkang sampun awarni dewa, Sang Hyang Naradha anguwuh-uwuh kinèn lajua. Sarêng dumugi ing ngarsa, Sang Hyang Naradha angandika: Lah gênti wêwartaa ing sasolahira, Puthut Supalawa lajêng matur wêwarti saking wiwitan dumugi ing wêkasan sirnaning wujud wanara dados waluya jatining dewa, nuntên Sang Hyang Naradha angandika dhatêng Bathara Prawa, yèn ing mangke Puthut Supalawa katimbalan dhatêng suralaya, katunggilakên kalihan para dewa, pinaringan nama Bathara Bayusangara, Bathara Prawa nyumanggakakên, ing nalika punika Bathara Bayusangara lajêng kabêkta dhatêng suralaya, Bathara Prawa lajêng utusan angaturi uninga dhatêng Wiratha, Prabu Basukeswara langkung sungkawa nuntên Arya Sri Madewa dinuta asung panglayad.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih ing wukir Saptarga, [Saptar...]

--- 4 : 255 ---

[...ga,] mangkya Dèwi Sruti sasedaning raka sakalangkung tikbra, lajêng pamit kondu[39] dhatêng Gujulaha, Bathara Prawa sampun anglilani sarta amêmêling prayoginipun mawi sowana dhatêng Wiratha, anyuwun idi kalilanipun ingkang putra Radèn Partana kajumênêngakên nata anggêntosi ingkang rama Prabu Partawijaya, Dèwi Sruti amituhu antawis dintên mangkat.

Amarêngi masa asuji, kacariyos malih ing wukir Saptarga, ing nalika punika Bathara Prawa katêdhakan Sang Hyang Naradha, andhawahakên kinèn angilani Bambang Palasara sampun ngantos kasêpuhên sêsêpan, ila-ilanipun manawi sêpuh botên wiyar budinipun, Bathara Prawa matur sandika lajêng kailanan, Dèwi Wayasi sasedaning raka sakalangkung trênyuhing galih, sarêng pasusonipun dipun ilani ing antawis dintên Dèwi Wayasi lajêng pamit kondur dhatêng Kasi sampun kalilan lajêng mangkat. Ya ta ing sapêngkêripun Dèwi Wayasi Bathara Prawa sangsaya karănta-rănta ing galih, ketang kantun piyambak amung kalihan putra, mila lajêng utusan amêlingakên para putranipun.

Ing salêbêtipun taun Wakdaniya, etanging taun surya sangkala 566, tinêngêran angraras pangrasa

--- 4 : 256 ---

marganing muksa. Kaetang ing taun candra sangkala 583, tinêngêran uninga pangèsthining gati.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih ing wukir Saptarga, Bathara Prawa sangsaya sinungku ing pamêsunipun, angèsthi sagêda muksa tanpa karana anunggil kalihan para dewa, parmaning bathara katarima, ing nalika punika wontên cahya anglimputi panêkungan, ingkang wontên salêbêting cahya Sang Hyang Wisesa, kapiyarsa pangandikanipun makatên: He Prawa yoganingsun, ing mêngko sira wus ingsun lilani anunggal kaanan lawan kang Maha Mulya, lah ta mara tumuli manjinga marang sajroning cahyaningsun, ing kene margane bisa sampurna jati, kèndêl pangandikanipun Sang Hyang Wisesa, Bathara Prawa lajêng manjing sampun apulang cahya pranawa. Bathara Darma uninga manawi ingkang rama sampun lingga purnama, dados matur ing cahya anuwun tumutura, sampun kalilan lajêng manjing salêbêting cahya anunggil ingkang rama. Janggan Smara sarêng sumêrêp ing rèh makatên punika sangêt kayungyun, lajêng matur kalilana andhèrèk, pangandikanipun Sang Hyang Wisesa: He yoganingsun Janggan Smara, panuwunira iku durung mangsane, angantia panjanmaning Wisnu ing têmbe marang turasing Palasara, ing mêngko

--- 4 : 257 ---

sira karia angêmong Bambang Palasara kewala, sarta ingsun paringi aran Dhanghyang Smarasanta. Aturipun Janggan Smara: Dhuh pukulun, sintên rencang kawula angêmong Bambang Palasara. Sang Hyang Wisesa angandhika:[40] He yoganingsun, dulunên wêwayanganira iku minăngka rowang. Sarêng Dhanghyang Smarasanta aningali wêwayanganipun kawistara mawi bagong, tgêsipun angangge gombak. Dhanghyang Smarasanta lajêng matur: Dhuh pukulun, karantên punapa wêwayangan kawula têka katingal bêbagongan. Pangandikanipun Sang Hyang Wisesa: Mêngkono iku yoganingsun, lwire karsaning Hyang Kang Amurbèng Pasthi sira kaparingan sasmita awèt nom, kongsi amênangi panjanmaning Wisnu ing wuri iki, karana gombak iku dadi panêngêraning bocah cilik, ing saiki sira ingsun paringi manik asthagina kang adarbe sawab wolung prakara, 1. tan kênaning luwe, 2. tan kênaning arip, 3. tan kênaning asmara, 4. tan kênaning sungkawa, 5. tan kênaning sayah, 6. tan kênaning lara, 7. tan kênaning panas, 8. tan kênaning atis, manik asthagina iki bundhêlana rambutira ana ing êmbun-êmbunan. Amung kèndêl samantên pangandikanipun Sang Hyang Wisesa, punang manik asthagina pinaringakên sampun katampèn lajêng kabundhêlan [kabundhêla...]

--- 4 : 258 ---

[...n] rambut wontên ing êmbun-êmbunan, sarêng cahya muksa mawi atilar swara jumêgur, angèbêki jagad, lajêng wontên jawah gănda wida amrik arum angambar. Ing ngriku Dhanghyang Smarasanta kantun anggana tansah karêrantan ing manah, nuntên anarubakên para indhung-indhung, galuntung uluguntung, cantrik cèkèl puthut manguyu jêjanggan wêwasi, miwah para èstri kang anama obatan, abêt-abêt ubon-ubon, kaka-kaka endhang bidhang dhayang sontrang mêntrik dêdungik sadaya sami kapatah ing damêl sowang-sowang. Sarêng ing antawis dintên dhatêngipun Prabu Mandrakumara, akalihan Bagawan Sri Manasa miwah Arya Sri Madewa, sampun winartosan dening Dhanghyang Smarasanta manawi ingkang rama muksa, kapratelakakên saking wiwitan dumugi ing wêkasan, ingkang winartosan katiga pisan sami anjêtung ngungun dahat matrênyuh tyas tanpa jamuga, ing têmahan sami maca rawat waspa udrasa, dening botên ngantos amêningi ing pamuksanipun ingkang rama akalihan ingkang raka, sarêng sampun kapupus saking pêpasthèn pandoning suksma, wêkasan sami anarima ing titah, lajêng amranata satataning adat kados ingkang sampun kalampahan, ing antawis dintên angaturi uninga dhatêng Wiratha. Kala [Ka...]

--- 4 : 259 ---

[...la] samantên Prabu Basukeswara langkung sungkawa dening rumaos sampun lola kecalan guru, nuntên Wasi Duma dhinawuhan tumut angêmong Bambang Palasara dados kanthinipun Dhanghyang Smarasanta, Wasi Duma lajêng mangkat dhatêng wukir Saptarga. Dhanghyang Smarasanta wau, inggih punika ingkang kacariyosakên wontên ringgit purwa nama Kyai Sêmar.

Amarêngi masa sitra, kacariyos Bagawan Sri Manasa, ing mangkya karsa bêbesanan akalihan ingkang rayi Arya Sri Madewa, Patih Artadriya winiwaha angsal putranipun Arya Sri Madewa anama Dèwi Manuhara, dhaupipun wontên ing Wiratha lajêng kabêngkta[41] dhatêng Madraka.

Antawis ing dalêm kawan taun surya botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap gangsal taun surya cariyosipun ing ngandhap punika:

Ing salêbêtipun taun Supanu, etanging taun surya sangkala 571, tinêngêran tunggal swara tataning barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 588, tinêngêran sarira murti gumulung awiyat.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Wiratha. Ing nalika punika Prabu Basukeswara karsa amiwaha putra Radèn Basukêthi, kadhaupakên angsal putranipun [putranipu...]

--- 4 : 260 ---

[...n] sêpuh Arya Manungkara, anama Dèwi Subakti, langkung agêng bawahaning pangantèn andhatêngakên suka.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos, Dèwi Subakti anandhang gêrah panas kalajêng-lajêng ngantos anêmahi seda, Radèn Basukêthi kataman gandrung asmara, kawêkasan kesah angingkis ratri tanpa pamit dhatêng ingkang rama, Prabu Basukeswara langkung sungkawa ngantos andadosakên surêm sirating praja. Prabu Basukeswara lajêng utusan punggawa Arya Swamedha, angupadosi Radèn Basukêthi.

Gêntos ingkang kacariyos, ing wana Krêndhayana wontên raksasa rasêksi, anama Lagna kalihan Lagni, putraning Ditya Raja Agniyara ing Endrapura, Sang Lagna kalihan Lagni punika kesahipun saking Endrapura sami sumêdya anungku têtapa anênuwun parmaning dewa, sagêda sami warni manusa, sanadyan ingkang rama warni ditya, ananging ingkang ibu warni manusa, saking adrênging manah kêdah anuwun sagêda warni manusa. Sarêng sampun kalampahan Sang Lagna Lagni wau anungku têtapa wontên satêngahing wana Krêndhayana, lami-lami angsal parmaning dewa katêdhakan Sang Hyang Jagadnata, sami dhinawuhan pangandika makatên, [makatê...]

--- 4 : 261 ---

[...n,] he yoganingsun Lagna Lagni, ing mêngko pangudinira anuwun rupa manusa wus ingsun lilani, ananging sira Lagna dadi manusa wadon, sira Lagni dadi manusa maksih wujud wadon ananging rupa ala sarta anandhang cacad, wuta tuli bindhêng bisu, aturipun Lagna inggih sandika anglampahi dados èstri anggêripun warni manusa, aturipun Lagni manawi dados manusa mawi anandhang cacad makatên luhung taksih warnia rasêksi, anggêr kawula kaparingan kasaktèn ingkang sagêd manjing dhatêng saniskara inggih sampun anarima. Pangandikanipun Sang Hyang Jagadnata: iku wus datan kêna, sabab panthênging ciptanira kudu dadi manusa bakal kasêmbadan, Lagni matur malih: Manawi makatên inggih sandika, ananging kalilana amung anandhang cacad satunggal tuli kemawon, Sang Hyang Girinata anglilani, ing sanalika rasêksa rasêksi sampun sami warni manusa, Sang Lagna dados manusa èstri endah ing warna, Sang Lagni dados manusa taksih wujud èstri awon warninipun sarta anandhang cacad tuli talinganipun kalih pisan, Sang Lagna pinaringan nama Endhang Warani, Lagni pinaringan nama Endhang Wuryati, lajêng dhinawuhan sami suwita dhatêng Wiratha. Sarêng Sang Hyang Jagadnata muksa, Endhang Warani akalihan Endhang Wuryati,

--- 4 : 262 ---

sami mangkat dhatêng Wiratha, ing samargi-margi sami rêraosan, ananging tanpa dunungan wiraosanipun, awit manawi Endhang Warani wicantên, Endhang Wuryati salaya ing wêwangsulanipun, labêt saking tuli, dados Endhang Warani tansah kanggêg-kanggêg ing pamuwus, kala samantên aningali teja, Endhang Warani muwus: Yayi Wuryati baya tejaning apa kang katon ika. Endhang Wuryati amangsuli makatên: Wong wus jaragan anuwun dadi manusa barêng tinurutan têka dadak angrêsula. Sarêng cêlak panggenaning teja katingal manawi waraha atêtapa, Endhang Warani muwus malih: Yayi Wuryati kang mawa teja ika kaya cèlèng, wangsulanipun Endhang Wuryati iya bênêr manawa rama Prabu Agniyara masthi utusan angulati. Sarêng sampun saya cêlak kalihan panggenaning waraha, Endhang Warani amuwus: Yayi Wuryati cèlèng têtapa iku kirane anênuwun apa. Endhang Wuryati amangsuli: Wus lumrahe ing sabên măngsa rêndhêng êmpon-êmpon padha tuwuh. Ing nalika punika Endhang Warani tanpa miraos malih, sarêng dumugi ing panggenan patapaning waraha, ing ngriku waraha gumujêng latah sarya anambrama, Endhang Warani salah tampi, dinalih kajawat dhatêng waraha, mila

--- 4 : 263 ---

wangsulanipun makatên: Ingsun nora sumêdya laki cèlèng, bakal suwita maring Wiratha. Sang waraha sangsaya gumujêng suka sarya sru pamuwusipun: Witne ingsun măngsa sumêdyaa adarbe panarima kaya sira. Endhang Wuryati anambungi pamuwus: Wong ora adol kêbo jinalukan dhadhung, Endhang Warani angemutakên dhatêng Endhang Wuryati kinèn kèndêl, winangsulan makatên: Lowung-lowung kêna jinujug sêga jangane. Endhang Warani lajêng mangsuli dhatêng waraha, witning mangkana kang sira gêguyu iku apa, yèn anggêguyua pamuwusing ariningsun Endhang Wuryati iki adoh kalèjêming cipta sasmita. Sang waraha anauri: Lah iya yèn mangkana piyarsakêna ingsun carita dhingin, yèn wus êntèk caritaningsun, ing kono yêkti sira wêruh surasaning guyuningsun, wangsulaning Endhang Warani: Lah iya ingsun piyarsakne caritanira. Sang waraha lajêng cariyos makatên: Wruhanira ingsun iki turasing Sang Hyang Wisnu, ananging rupa waraha, marma ingsun kapati brata atêtapa anèng asunya, anênuwun pangapuraning dewa bisaa arupa manusa, lawas-lawas antuk parmaning dewa tinêdhakan Sang Hyang Jagadnata, mangkene pangandikane: Hèh yoganingsun Sungkara, sira nuwun dadi manusa

--- 4 : 264 ---

iya ingsun lilani, ananging wujud manusa wadon, tutug samono pangandikane Sang Hyang Jagadnata. Nuli ingsun amangsuli atur: Manawi makatên luhung kawula taksih awarni waraha anggêripun jalêr sagêd prawira ing budi. Pangandikane Sang Hyang Girinata: Yèn mangkana yoganingsun Sungkara, prayoga tutugêna tapa bratanira, amung kurang antara dina sira ruwat dening Basukêthi trahing Wisnu, Sang Hyang Jagadnata nuli muksa, iku saparene ingsun tansah anganti-anti turasing Sang Hyang Wisnu kang aran Basukêthi. Têlas cariyosipun sang waraha, ing nalika punika Endhang Warani karaos ing manah wêkasan karuna.

Ya ta kacariyos Radèn Basukêthi ingkang wontên satêngahing wana, amiyarsa tangising pawèstri lajêng pinurugan, sarêng dumugi panggenaning kang karuna, Radèn Basukêthi sangêt pangungunipun dènira aningali pawèstri kêkalih sami jêjagongan kalihan waraha. Ing nalika waraha uninga dhatêng Radèn Basukêthi lajêng têtakèn ing sangkan paran sarta ingkang sinambat ing nama, Radèn Basukêthi sangsaya angungun dene wontên waraha sagêd tata janma, mila Radèn Basukêthi amangsuli sajarwa. Sang waraha duk miyarsa lajêng gumujêng suka, Radèn Basukêthi kaduk bela tampi ing panggalihipun, [pangga...]

--- 4 : 265 ---

[...lihipun,] punang waraha dinalih anggêgujêng dhatêng Radèn Basukêthi, sarta kinintên anggêgonjak dhatêng pawèstri kang anangis punika, mila lajêng anarik curiga sarwi angandika makatên: Hèh têka ora anolih githoke cèlèng iki, punang waraha lajêng sinuduk pêjah kunarpa muksa, ya ta sasirnaning waraha, Radèn Basukêthi lajêng andangu dhatêng Endhang Warani, akalihan Endhang Wuryati ing sangkan paran miwah namanipun, Endhang Warani matu[42] angakên saking wukir Oya, manawi wontên ingkang sotah amastani anama Endhang Warani, sumêdya badhe suwita dhatêng Wiratha. Aturipun Endhang Wuryati makatên: Sampun limrah lêsung punika asring kadamêl kothekan. Radèn Basukêthi gumujêng, Endhang Warani matur nyêrêpakên, adhi kula Endhang Wuryati punika sakit tuli, Radèn Basukêthi kèndêl ing sanalika lajêng nantun badhe kabêkta dhatêng Wiratha, Endhang Warani matur sandika lajêng sami mangkat. Dèrèng antawis têbih amiyarsa panguwuhing janma kinèn angantosana, sarêng kaantosan ingkang anguwuh-uwuh wau prapta, dinangu matur sajarwa angakên kadadosaning waraha, awasta pun Sungkara, manawi kaparênga badhe andhèrèk dhatêng Wiratha sêdya suwita,

--- 4 : 266 ---

Radèn Basukêthi kasêmbadan ing karsa, lajêng sami alêlampah malih, ing samargi-margi tansah rêraosan babaring kaelokan, punika saking kamirahaning dewa.

Sigêgên ingkang sami lêlampah, kacariyos satêngahing wana wontên ditya bêbarisan, inggih punika dutanipun Ditya Raja Agniyara ing Endrapura, kinèn angupadosi kesahing putra Sang Lagna Lagni, ingkang tinuding punggawa ditya kêkalih: 1. awasta Ditya Karsula, 2. awasta Ditya Biksama, sami ambêkta ing sapanêkaripun sowang-sowang, kala samantên lampahipun punggawa ditya kêkalih wau dumugi ing purug botên wontên ingkang antuk pawarti, mila sami bêbarisan wontên satêngahing wana ngiras têtakèn dhatêng têtiyang ingkang sami langkung ing ngriku, ananging botên antuk patakenan, amagi[43] anggung gora-godha ambêk sudira. Sarêng para ditya uninga manawi wontên tiyang jalu alêlampah kalihan pawèstri kêkalih, lajêng pinarêpêkan dipun pitakèni ing sangkan paran sarta namanipun, Radèn Basukêthi sajarwa ing nama miwah sêdyanipun badhe kondur dhatêng Wiratha, ing nalika punika wontên ditya nujum satunggal awasta Sang Swawaktya, botên kasamaran manawi pawèstri kêkalih punika

--- 4 : 267 ---

gustinipun Sang Lagna Lagni ingkang kaupadosan, mila lajêng matur Sang Ditya Karsula lajêng nêmbung dhatêng Radèn Basukêthi, parêng botên parênga pawèstri kêkalih punika dipun têdha, Radèn Basukêthi angêkahi badhe kaparipêksa ing têmahan dados pêrang, dangu-dangu Sang Ditya Karsula pêjah kaprajaya ing curiga, nuntên Sang Ditya Biksama mangsah pêpulih inggih pêjah kasambut ing ayuda. Ya ta Endhang Warani sarêng sumêrêp ingkang sami pêjah punika punggawa ing Endrapura, sarta taksih santananipun ingkang rama, Endhang Warani murina ing manah lajêng muwus anguman-uman dhatêng Radèn Basukêthi, winastan rêmên anganiaya tanpa dosa, Sang Sungkara amabêni ngantos wawan-wawan wuwus, ing wêkasan Endhang Warani dahat bramantya têmah badhar warni rêksasa malih, lajêng prang kalihan Sang Sungkara langkung rame gêntos kalindhih, sarêng Sang Sungkara ragi karepotan lajêng tinulungan dening Radèn Basukêthi, antawis dangu Radèn Basukêthi karepotan lajêng tinulungan dening Sang Sungkara, dados Sang Raksasa Lagna kinarubut kalih, ing wêkasanipun pêjah dening Radèn Basukêthi, nuntên Endhang Wuryati angrik dados rasêksi, angamuk punggung nirbaya nirwikara, lajêng pêjah dening Sang Sungkara. Mangkana ditya nujum Sang Swawaktya [Swa...]

--- 4 : 268 ---

[...waktya] sarêng angintên manawi mêngsahipun botên kenging sinawawa, lajêng angundhangi ditya panêkar sami ingajak mundur mantuk dhatêng Endrapura.

Ya ta kawuwusa lampahipun Arya Swamedha, panggih kalihan Radèn Basukêthi, sarêng wartos-winartosan andadosakên samya ngungun, ing wêkasan lajêng mangkat kondur dhatêng Wiratha, ing samargi-margi tansah sami rêraosan manawi têmbenipun kados-kados botên sande kadhatêngan mêngsah ditya raja saking Endrapura, sadumuginipun nagari ing Wiratha laju sowan ingkang rama, dinangu matur salwiring lêlampahan sadaya, Prabu Basukeswara dahat pangunguning galih, nuntên Sang Sungkara dinangu karananira sangkaning waraha têmahan dados manusa, aturipun: Dhuh pukulun, punapa kalilan kawula nyariyosakên bêbukanipun saking aluraning lêluhur kawula ing kina. Prabu Basukeswara amarêngi. Sang Sungkara lajêng matur malih makatên: Kala Sang Hyang Wisnu dados waraha, anama waraha watara, punika wontên putra satunggal ingkang botên rêna ing galih, anama Sang Hyang Basawa, asring anênacad dhatêng pratingkahipun ingkang rama dados waraha punika, Sang Hyang Wisnu sumêrêp manawi ingkang putra Sang

--- 4 : 269 ---

Hyang Basawa botên rêna, ing sanalika nyipta waraha kadadosakên warni wanudya endah, sarêng Sang Hyang Basawa sumêrêp dhatêng pawèstri ciptan wau têka kasmaran, kalampahan ngantos kagarwa, lajêng pêputra tiga mijil sarêng sami jalu, ananging warni waraha katiga pisan, wanudya ciptan wau lajêng muksa, ing nalika punika Sang Hyang Basawa langkung analăngsa rumaos angsal dêdukanipun ingkang rama, mila lajêng anuwun pangaksama sampun katarima. Nuntên putra têtiga ingkang awarni waraha sami rinuwat dhatêng ingkang eyang Sang Hyang Wisnu, ing wêkasan sampun sami nirmala waluya jati awarni manusa, lajêng sami pinaringan nama piyambak-piyambak, ingkang sêpuh anama Bathara Wasudewa, panêngahipun anama Bathara Wasusarma, ingkang anèm pisan anama Bathara Wasudhara. Lajêngipun ing aluran, Bathara Wasudewa apêputra Bathara Krêsnapatra, warni manusa ananging kulitipun cêmêng kados waraha, Bathara Krêsnapatra apêputra kêkalih sami jalu, ingkang sêpuh warni janma cêmêng mulus, nama Bathara Wasya, arinipun awarni waraha, inggih kawula punika pinaringan nama pun Sungkara, sarêng wanci sampun diwasa kawula atêtapa wontên wana ing Krêndhayana anênuwun pangaksamaning dewa sagêda [sa...]

--- 4 : 270 ---

[...gêda] awarni janma, lami-lami angsal parmaning dewa katêdhakan Sang Hyang Jagadnata, kawula kadhawahan badhe kadadosakên manusa ananging wujud èstri, atur kawula sangêt mopo amilalah taksih awarni waraha anggêripun jalêr, nuntên Sang Hyang Jagadnata adhêdhawah malih, kawula kinèn angantosana trah Wisnu ingkang angruwat ing papa cintraka kwaula. Dumuginipun ing antawis dintên kawula kadhatêngan pawèstri kêkalih, sami kadadosan raksasa rasêksi, ingkang satunggal anama Endhang Warani, satunggalipun anama Endhang Wuryati, Endhang Warani punika raksasa jalêr anama Sang Lagna, Endhang Wuryati punika Sang Lagni, sakalihan sami putranipun Ditya Raja Agniyara ing Endrapura, Sang Lagna Lagni sami anênuwun parmaning dewa sagêda warni manusa, katarima ing panuwunipun lajêng dados manusa èstri langkung endah warninipun, kaparingan nama Endhang Warani, Sang Lagni inggih dados madusa[44] taksih wujud èstri, ananging langkung awon warninipun sarta mawi cacad tuli karnanipun kalih pisan, endhang sakalihan punika ingkang dados jalaranipun ruwat kawula dening putra paduka Radèn Basukêthi, mênggah lajênganipun ing lêlampahan kados ingkang dados aturipun putra paduka[pa...]

--- 4 : 271 ---

[...duka] Radèn Basukêthi wau. Ya ta Prabu Basukeswara dupi amiyarsa cariyosipun Sang Sungkara têka andadosakên suka pirênaning galih, pangandikanipun: yèn mangkana Sungkara sira iku saka ing pangetung maksih kaprênah kadang ingsun tuwa, padha canggahe Sang Hyang Wisnu, Sang Sungkara wotsari andhêku, sarêng ing antawis dintên Sang Sungkara jinunjung dados punggawa, pinaringan nama Arya Sungkara.

----------

Dumugi samantên têlasipun cariyos ingkang kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 4 taksih wontên sambêtipun, kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 5.

--- 4 : [272] ---

[...]

--- 4 : [0] ---

[Iklan]

--- 4 : [0] ---

[Iklan]


Sang (kembali)
Sang
lajêng (kembali)
lajêng
Dhuh (kembali)
Dhuh
Saptarga (kembali)
Saptarga
midêr-midêr (kembali)
midêr-midêr
karsa (kembali)
karsa
Dèwi (kembali)
Dèwi
aja (kembali)
aja
Kisthira (kembali)
Kisthira
10 angawu-awu (kembali)
angawu-awu
11 Bangbang (dan di tempat lain) (kembali)
Bangbang (dan di tempat lain)
12 warni (kembali)
warni
13 ing (kembali)
ing
14 sarwi (kembali)
sarwi
15 karsa (kembali)
karsa
16 pinggiring (kembali)
pinggiring
17 angungsi (kembali)
angungsi
18 anayogyani (kembali)
anayogyani
19 nganggo (kembali)
nganggo
20 karsa (kembali)
karsa
21 dados (kembali)
dados
22 mêntas (kembali)
mêntas
23 Gujulaha (kembali)
Gujulaha
24 darbe (kembali)
darbe
25 wastani (kembali)
wastani
26 angangkatakên (kembali)
angangkatakên
27 warni-warni (kembali)
warni-warni
28 amăncawarna (kembali)
amăncawarna
29 langkung (kembali)
langkung
30 dumunung (kembali)
dumunung
31 pranakan (kembali)
pranakan
32 angsal (kembali)
angsal
33 Sang (kembali)
Sang
34 Prabu (kembali)
Prabu
35 surya (kembali)
surya
36 sarta (kembali)
sarta
37 pinanggihan (kembali)
pinanggihan
38 inggih (kembali)
inggih
39 kondur (kembali)
kondur
40 angandika (kembali)
angandika
41 kabêkta (kembali)
kabêkta
42 matur (kembali)
matur
43 amargi (kembali)
amargi
44 manusa (kembali)
manusa