POESTAKARADJA POERWA

ZEVENDE DEEL.

Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 7.

Anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi tuwin Madura, wiwit taun 714 dumugi taun 722, babon asli saking sawargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm, Surakarta Adiningrat.

Kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra.

Kaêcap ingkang kaping tiga ing pangêcapanipun N.V. UITGEVERS-Mij. H. BUNING ing nagari Ngayugyakarta, taun 1924.

--- 7 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Jarwa VII.

--- 7 : [0] ---

[...]

--- 7 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 7.

Anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi tuwin Madura, wiwit taun 714 dumugi taun 722, babon asli saking sawargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm, Surakarta Adiningrat.

Kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra.

Kaêcap ingkang kaping tiga ing pangêcapanipun N.V. Uitgevers-Mij. H. Buning ing nagari Ngayugyakarta, taun 1924.

--- 7 : [0] ---

[...]

--- 7 : [1] ---

Bêbuka

Hong wèhên pranawa samêh.

Purwakanipun Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 7, punika taksih andumugèkakên babaraning cariyos Sêrat Wandhalaksana, ingkang kasêbut wontên ing salêbêtipun Sêrat Pustakaraja Purwa, uruting lêlampahan ingkang kaping 7, perangan ăngka 6, wiyosipun, mênggah bêbukanipun cariyos tumrap ing Sêrat Wandhalaksana, sampun kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 6, dumuginipun cariyos kados ing ngandhap punika:

Salêbêtipun ing warsa Ipa, etanging taun surya sangkala 693, tinêngêran uninga rudra angobahakên wiyat. Kaetang ing taun candra sangkala 714,

--- 7 : 2 ---

tinêngêran, warna janma kaswarèng barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Matswapati kadhatêngan dutanipun Prabu Sumarma ing Trigarta, kang dinuta pêpatihipun awasta Susena, ambêkta sêrat katur sampun binuka, suraosipun angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng putra nata Dèwi Utari, Prabu Matswapati botên kasêmbadan ing galih, dening Dèwi Utari dèrèng diwasa, amargi saking aturipun Arya Kicaka, ingkang amambêngi kasidaning karsa nata, mila Patih Susena kalilan mantuk tanpa kabêktanan sêrat angsul-angsul. Dumugi ing Trigarta, sampun matur salwiring dinuta, Prabu Sumarma langkung duka lajêng anglurug dhatêng Wiratha, saha wadyakuswa, kapêthukakên dening Senapati Arya Kicaka, sakadangipun Prabu Sumarma, kalindhih lajêng mundur tata-tata malih, ing nalika punika wontên wadya kamisêpuh awasta Dhanghyang Wirata, matur ambêbolèhi ing karsanipun Prabu Sumarma, manawi mangsah prang malih, Dhanghyang Wirata botên amrayogèkakên, rinaos manawi amanggih kasangsayan, kasêbut ratu kuciwa, upami kaparênga luhung aminta sraya, dhatêng ratu ingkang santosa kang prakosa [prako...]

--- 7 : 3 ---

[...sa,] manawi tanah ing ngriki botên wontên kados ratu ing Ngastina, kawarti darbe putra satus sawidak sadaya, liya putranipun èstri ingkang anama Dèwi Dusilawati punika kasub ing jagad, kalangkung ayu endah, bokmanawi kenging dipun suwitani sangkaning anuraga, awon Dèwi Utari, dene Dèwi Dusilawati sami-samia putraning ratu taksih luhur ing Ngastina. Ya ta Prabu Sumarma langkung panuju ing galih, lajêng ondhang tata-tata badhe dhatêng Ngastina, sasampunira samapta mangkat. Dumugi Ngastina anjujug Dhanghyang Druna, supados kaaturna pasuwitanipun dhatêng Prabu Drêtarasthra, sarêng sampun saeka praya ing rêmbag, Prabu Sumarma lajêng kabêkta dhatêng ngarsa nata, sampun katur ing saaturipun, manawi sêdya suwita, Prabu Drêtarasthra kaparêngan ing karsa, lajêng katunggilakên lênggah akalihan para putra, bage-binage sami rêsêp rumakêtipun saengga kadi kadang tuhu.

Kawuwusa malih nagari Wiratha, mangkya senapati Arya Kicaka sakadangira sami rumaos prawira, awit ing sabên wontên mêngsah tansah kuciwa, ananging ing nalika punika darbe manah sănggarunggi margi saking pawartosing kathah, manawi Jagal Abilawa ingkang anggung ginunggung sami kagawokan [ka...]

--- 7 : 4 ---

[...gawokan] dening karosanipun, angawonakên karosanipun andaka liman, sarèhning Arya Kicaka, sakadangipun sami kasok karoban pawatos[1] makatên punika, dados apirêmbagan sami angupadi budidaya, jalaranipun dènira badhe angayoni karosanipun Jagal Abilawa, kapanggihing pambudi rêmbag arsa nuwun idi akalilana angabên sawung janma, ingkang rayi Sang Arya Rajamala, kinarya sawung abênan, sami toh seredan kemawon, singa kawon anêbus sawungipun, kabayara pamêdaling siti dhusun. Sarêng katur Prabu Matswapati mangayubagya lajêng dhawah dhatêng putra têtiga kinèn sami angupados sawung, ing nalika punika rajaputra têtiga sami amrayogi ingkang pantês alawan karosaning Arya Rajamala, amung Jagal Abilawa, mila lajêng têdhak dhatêng pajagalan kapanggih kalihan Sang Jagal Malakas, andhawahakên manawi kondhangipun kang awasta Jagal Abilawa, kapundhut badhe kadamêl sawung abênan. Sang Jagal Malakas matur manawi Jagal Abilawa, ing mangke sawêg kesah dhatêng wana ngupados maesa lawung, dhawahipun sang rajaputra têtiga kinèn angupadosi, Sang Jagal Malakas matur sandika, lajêng kalilan mangkat. Dumugi [Du...]

--- 7 : 5 ---

[...mugi] ing wana Sang Jagal Abilawa kapanggih tilêm lajêng ginugah ananging sawêg kapati nendra dènira sangêt kasayahan dados lembon. Ginugah wali-wali maksa botên ebah sarêng dinudut wulu puhuning suku Jagal Abilawa kagyat, Jagal Malakas cinandhak arsa binanting anjêlèh minta pangaksama, dupi Jagal Abilawa, èngêt lajêng kawarah dening Jagal Malakas manawi katimbalan ing rajaputra, nuntên sami mantuk gêgancangan. Dumugi ing praja katur dhatêng rajaputra, Jagal Abilawa katantun dados sawung abênan matur sandika, ing antawis dintên kabêgta dhatêng pamedan. Sarêng kaabên akalihan Arya Rajamala, Jagal Abilawa anggung ginêtak kabur dhawah sajabaning pabarisan. Wangsal-wangsul maksa makatên kemawon. Jagal Abilawa sangêt kalingsêman, dènira tansah kabur sarta sinurakan. Ing ngriku Jagal Abilawa angêtog kasantikan sarywa amatêg salwiring aji jaya sadaya, dupi mangsah ginêtak dening Arywa[2] Rajamala botên ebah, ing antawis sampun sayah ing panggêtakipun Arya Rajamala andhadhang winalêsa, kalampahan winalês Arya Rajamala cinandhak binanting pêjah, sarêng ginosongan wangkenipun kacêmplungakên ing sêndhang, gêsang lajêng mangsah malih, paguting [pagu...]

--- 7 : 6 ---

[...ting] ayuda Arya Rajamala pêjah sagêd gêsang malih, dening wangke kacêmplungakên sêndhang punika, ngantos kaping pintên-pintên pêjahipun Arya Rajamala tansah gêsang kemawon. Jagal Abilawa langkung kewran, dènira nyangkani pêjahing mêngsah.

Kunêng ing sanalika kawuwusa Sang Kandhi Wrêhatnala sadangunipun aningali yudaning kang raka Jagal Abilawa tansah kewran ing pangangkah, saking pamanahira Sang Kandhi Wrêhatnala langkung prayogi angaturi wuninga dhatêng kang eyang Bagawan Byasa, anyumanggakakên ingkang dados panimbangipun, apranging wayah tandhing akalihan kadang, Sang Kandhi Wrêhatnala lajêng mangkat anamur lampah dèrèng patos têbih ing ngriku katêdhakan Sang Bathara Citrarata, awêwarah manawi botên susah dhatêng Saptarga, mindhak damêl aru-araning galihipun ingkang eyang, sabab ing saèstunipun Bagawan Byasa măngsa kasamaran dhatêng lêlampahan makatên punika, ing wêkasan awêwarah Bathara Citrarata, amisik manawi sêndhang punika kadadosaning Rêtna Watari, ibunipun Arya Rajamala jati, mila ing sabên Arya Rajamala pêjah wangke kacêmplungakên salêbêting sêndhang ing ngriku sagêd gêsang malih, dados ing

--- 7 : 7 ---

mangke Sang Kandhi Wrêhatnala kaparingan sarana ingkang sagêd angêntasi karya, sanjata bramastra kaparingakên wangsul, tuwin Sang Kandhi Wrêhatnala kamalihakên èstri, kinèn angakên pawonganipun Endhang Rini, winastan Kèn Mardi, sêngadi kautus mêndhêt toya ing sêndhang, kadamêl janton wêdhak pamulasaraning putri aji, manawi sampun antuk wêwêngan malêbêt dhatêng panggenanipun sêndhang, ing ngriku sanjata bramastra kacêmplungna toya, saèstu dados jayaning Sang Jagal Abilawa, Kandhi Wrêhatnala matur sumăngga ing karsa, lajêng kamalihakên èstri, sarta nampèni sanjata bramastra, Bathara Citrarata muksa Kèn Mardi wangsul dhatêng Wiratha, sampun kalampahan sawêwarahipun Sang Bathara Citrarata.

Kawuwusa malih ingkang abăndayuda, mangkya Arya Rajamala, pêjah binanting dening Jagal Abilawa, sarêng kunarpa kacêmplungakên ing sêndhang botên sagêd gêsang malih ambêdhêl kadi ginodhog. Arya Kicaka sarêng uninga lajêng duka kalangkung, arsa malês marang Jagal Abilawa, ananging dipun sasmitani dening Rajaputra Jagal Abilawa kinèn lumajêng, binujung dhatêng Arya Kicaka, botên katututan amargi Jagal Abilawa, lumumpat ing banawi [ba...]

--- 7 : 8 ---

[...nawi] lajêng dhatêng wana, Arya Kicaka mangu ing sanalika, dènira têmbe uninga wontên pawèstri ayu endah, dinangu angakên wasta Kèn Mardi, pawonganipun Endhang Rini sawêg dinuta dhatêng pêkên, ing ngriku Arya Kicaka kasrêpan bramantyanira, awit kasmaran dhatêng Kèn Mardi, lajêng tut wingking sapurugipun, Kèn Mardi ngantos dumugi ing pêkên, sanalika Arya Kicaka kasmaran, awit saking kathahing tiyang sami pêpêkênan. Sarta Kèn Mardi sampun warni jalu malih lajêng dhatêng katandhan, Arya Kicaka kewran dènira angupadosi ing wêkasan amanggihi Tăndha Dwija Kangka, andangu purugipun, Kèn Mardi matur katambêtan, Arya Kicaka anêniti sarywa angêmu duka, aturipun Tăndha Dwija Kangka mêmalatsih, amêndhêt galih bokmanawi Kèn Mardi singidan dhatêng asunya, Arya Kicaka kadhawahan ngupadosi, manawi kapanggih kinèn angaturna, Tăndha Dwija Kangka matur sandika Arya Kicaka lajêng kondur, ing ngriku sangsaya sangêt dènira kataman asmara brăngta, botên wontên ingkang kacipta amung Kèn Mardi dununging pangèsthi, sarêng wanci sêrap surya Arya Kicaka wisata anamur-kula sêdya angupadosi Kèn Mardi dhatêng panggenan kang sunya, ing nalika punika Jaga [Jaga...]

--- 7 : 9 ---

[...l] Abilawa, darbe pangangkah badhe angayoni kasantikanipun Arya Kicaka ing mangke kaparêngan miyarsa saking rêraosaning tiyang pêpêkênan manawi Arya Kicaka namur-kula tanpa kanthi, ing samargi-margi anggung angêtab angêsah dènira angupadosi Kèn Mardi, dados Jagal Abilawa rumaos antuk jalaran ingkang apasang yogya lajêng kesah dhatêng panggenan ingkang asunya, pandoning dewa kapêthuk kalihan Arya Kicaka, Jagal Abilawa dinangu angakên gandarwa semahnya Kèn Mardi, Arya Kicaka panas ing galih madêg kasudiranipun. Jagal Abilawa tinarajang panggah têmahan prang sami angêtog kasantikan, dangu-dangu Arya Kicaka lena kasambut ing ayuda, layon kabêkta dhatêng wismanipun, Arya Kicaka dinèkèk ing palataran, sarèhning dalu botên wontên ingkang uninga, sarêng enjing Arya Upakenca aningali kunarpanipun ing raka dahat bramantya, sampun angintên sedaning raka punika dening Jagal Abilawa, kapêndhêt saking udanagari pakantuking panggrayangan, kala wontên ing salêbêting pamedan. Mila Arya Upakenca angundhangi wadya badhe anyêpêng Jagal Abilawa, sasampuning samapta bidhal. Dumugi ing pajagalan [pajagala...]

--- 7 : 10 ---

[...n] kapêthukakên prang pêjah kaprawasèng asta, kala samantên lajêng kapiyarsa dhatêng Prabu Matswapati andadosakên dukanipun. Jagal Abilawa badhe kaukum pêjah, dèrèng ngantos kêlampahan kêtungka tumêdhakipun Sang Hyang Naradha, andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, Prabu Matswapati kinèn angapuntên sadosaning Jagal Abilawa, sabab pêjahe Arya Kicaka sakadangipun sampun pinasthi saking pandoning Suksma Kawêkas, awit dening anêmaha kalêpatan solah sawênang-wênang, sarta jinatosan manawi Jagal Abilawa sakadangipun punika Pandhawa gangsal, sami anamur lampah, sarêng Sang Hyang Naradha sampun awêwarah makatên lajêng muksa, nuntên Prabu Matswapati utusan animbali Tăndha Dwija Kangka sakadangipun, Tăndha Dwija Kangka sampun angraos badhe katrap ing pidana, mila sowanipun dalah ingkang rayi-rayi sadaya, sami angrasuk busana sarwa seta ing wasana dumugine ngabyantara nata, sami kadhawahan mênawi sapunika sampun antuk pangaksama sadaya, mangkya kaparingan prênah kinèn abêbadhe wontên ing Wanamarta, sarta kabêktan beya wragadipun pisan. Sadaya matur sandika ing antawis dintên sami kalilan mangkat dalah

--- 7 : 11 ---

Endhang Rini katumutakên salampahipun. Mawi kampir ing pasetran sami mêndhêt para dêdamêlipun ing sowang-sowang, sarêng dumugi ing Wanamarta sawêg tata-tata panggenan katêdhakan ingkang eyang Bagawan Byasa, adhêdhawah ing para wayah sadaya sami kinèn angadêgi sayêmbara dhatêng Capalaradya, sabab sampun pinasthi Dèwi Drupadi ing Capalaradya, punika dados jatukramaning Pandhawa, ananging para wayah winarah kinèn taksiha sami anamur-kula busana cara brahmana, ing nalika punika para Pandhawa mangkat. Bagawan Byasa angiring ngantos dumugi ing Capalaradya, lajêng kaprênahakên pondhokanipun wontên wismaning Wiku Bargawa, nuntên Bagawan Byasa kondur dhatêng Saptarga, ya ta kawuwus Sang Wiku Bargawa duk uninga dhatêng para Pandhawa tansah rawat waspa, èngêt tatkala taksih dados punggawanipun Prabu Pandhudewanata ing Ngastina, saking sangêting wêlas dhatêng para Pandhawa, Sang Wiku Bargawa angaturakên ingkang minăngka pratăndha, Dwija Kangka kacaosan warni kalung, darbe prabawa andhatêngakên toya marta, pakantukipun singa angangge botên adarbe napsu, Wasi Abilawa kacaosan warni gêlang kana, darbe prabawa andhatêngakên bayu

--- 7 : 12 ---

bajra, pakantukipun singa kang ngangge santosa ing lampah botên karaos sayah, Kandhi Wrêhatnala kacaosan warni rêtna, darbe prabawa andhatêngakên latu dêrsanala, pakantukipun singa angangge sinihan ing para wanudya, Cèkèl Gramagranti,[3] akalihan Cantrik Tantripala sami kacaosan warni kalpika, darbe prabawa andhatêngakên bumija, pakantukipun singa anganggea tulus sawa[4] tinanêm. Ing wasana Sang Wiku Bargawa darbe pusaka jêmparing, wasta bargawastra, kaaturakên dados pusakaning para Pandhawa, ing têmbe wontên damêlipun, katanggapan dening Dwija Kangka, lajêng kaga dhawuhakên dhatêng Wasi Abilawa.

Gêntos kawuwusa lampahipun para punggawa ing Madura, kang dinuta angupadosi Radèn Kakrasana, akalihan Radèn Krêsna, mangkya Arya Yadawa dhatêng Găndamadana, kapanggih dhatêng pulunanipun, awasta Sang Udawa, punika sutaning Kèn Yasuda, Kèn Yasuda punika kadangipun sêpuh Arya Yadawa, kang dados semahing Buyut Antyagopa, juru pangèn rajakaya, ing dhusun Widarakandhang, sarêng takèn-tinakèn sajarwa damêlipun sowang-sowang, ing ngriku Arya Yadawa lajêng marêg dhatêng

--- 7 : 13 ---

Rêsi Kapi Jêmbawan. Kaparêngan Radèn Krêsna wontên ing ngarsa, Arya Yadawa tinakenan amangsuli sajarwa manawi dinuta ing Prabu Basudewa, kinèn angupadosi atmajendra, ing ngriku Kapi Jêmbawan lajêng anêdahakên sajatosipun kang alênggah, kaparèng ngabyantara punika sang narpaputra ingkang anèm, anama Radèn Krêsna, dene narpatmaja ingkang sêpuh taksih dados sêngkêraning dewa, benjing kapanggih manawi sampun dumugi, ing wahyaning masakala, Arya Yadawa ragi kawêngan ing manah lajêng mêmalarsih, manawi kaparênga Radèn Krêsna, badhe kabêkta dhatêng Madura, Kapi Jêmbawan amrayogèkakên ing antawis dintên mangkat, sarêng dumugi ing Madura Arya Yadawa matur salwiring lêlampahan dènira dinuta, Prabu Basudewa langkung suka, ing nalika punika Radèn Krêsna, kajungjung dados prabu anom. Botên lami lajêng kadhawahan angadêgi sayêmbara dhatêng Capalaradya, angkatipun amung kanthi wadya ing sawatawis kemawon.

Gêntos kawuwusa nagari ing Ngastina Prabu Anom Suyudana dhinawuhan ing rama, kinèn angadêgi sayêmbara dhatêng Capalaradya, ing antawis dintên mangkat amung kanthi para kadang, Kurawa pilihan kemawon.

--- 7 : 14 ---

Gêntos kawuwusa ing Mandraka, mangkya Arya Burisrawa, dhinawuhan ing rama Sang Prabu Salya, kinèn angadêgi sayêmbara dhatêng Capalaradya, angkatipun amung bêka[5] wadya pêpilihan amung sawatawis.

Gêntos kawuwusa ing Gilingwêsi mangkya Prabu Yudhana andhawahi rajaputra Arya Sadhana, kinèn angadêgi sayêmbara dhatêng Capalaradya gancangan mangkat.

Gêntos kawuwusa ing Mêndhangkamulan, mangkya Prabu Sampati, anuduh Rajaputra Arya Malawa, kinèn angadêgi sayêmbara dhatêng Capalaradya, lajêng mangkat, alêlancaran.

Mangkya kacariyos ing Capalaradya, mila Prabu Drupada karya sayêmbara putri, ingkang dados bêbuka Dèwi Drupadi, kalamar dhatêng para satriya rajaputra, sarèhning dènira anglamar rudapêksa Prabu Drupada kewran ing panggalihipun. Pasuraning galih amung Arya Găndamana ingkang minăngka pananggulang pêpanggilipun, singa ingkang angawonakên karosanipun Arya Găndamana lajêng kadhaupakên antuk Dèwi Drupadi, anjawi saking punika wontên jêmparing pusaka singa ingkang kuwawi mênthang gandhewa ngantos sagêd anglêpasakên jêmparingipun tumanduk dhatêng

--- 7 : 15 ---

lesan rema, inggih lajêng kadhaupakên akalihan Dèwi Drupadi, kala samantên sampun kawartos saking măncapraja sayêmbara makatên punika, mila ing mangke sagung para Kurawa satriya rajaputra sami pêpak sadaya, sami angadêgi sayêmbara dhatêng Capalaradya, ing sabên dintên aprang tandhing karosan akalihan Arya Găndamana, majêng gêntos-gêntos ananging sami kasoran, lajêng amênthang gandhewa botên wontên kang alêbda karya.

Kunêng sanalika kawuwusa Radèn Kakrasana, angupadosi ingkang rayi Radèn Krêsna, angadêgi sayêmbara dhatêng Capalaradya, Radèn Kakrasana mangkya angrasuk busana cara brahmana asêsilih nama Wasi Jaladara, lajêng mangkat dhatêng Capalaradya, dumugining pamedan amarêngi Radèn Krêsna, prang tandhing karosan akalihan Radèn Găndamana, dupi uninga Radèn Kakrasana botên sarănta lajêng angambul prang ngantos dangu botên wontên ingkang kuciwa, wêkasanipun Radèn Kakrasana, kalimpe kenging cinandhak lajêng binucal têbih dhawahipun kacêpit ing sela sumayana, botên sagêd ebah, sarêng Radèn Krêsna sumêrêp ingkang raka kang angambul prang nêmah kasambut lajêng binucal sami sanalika Radèn Krêsna kasêrpan [kasêrpa...]

--- 7 : 16 ---

[...n] dènira angadêgi sayêmbara, amung ketang ingkang raka kombul ing antarigsa ing ngriku Radèn Krêsna singlar masilurupan atilar galanggang tanpa angetang kalingsêman, lajêng anututi ingkang raka kapanggih sampun dhawah wontên samadyaning wana, kacêpit ing sela sumayana, Radèn Krêsna kewran ing pambudinira dènira marsudi waluyaning kang raka, ing wêkasan sela tinêpak sumyur Radèn Kakrasana uwal tanpa sangsaya badhe wangsul dhatêng Capalaradya malih pinambêngan ingkang rayi Radèn Krêsna, kaaturan luhung sowana dhatêng Madura ing sajatosipun Prabu Basudewa punika ingkang rama pribadi, mila tansah angupadosi mirudaning rajaputra Radèn Krêsna lajêng anyariyosakên salwiring lêlampahanipun sadaya, Radèn Kakrasana langkung suka sokur sampun anurut aturing kang rayi, Radèn Krêsna lajêng sami mangkat. Dumugining Madura marêk ing ngabyantara nata, Radèn Krêsna matur saking wiwitan dumugi ing wêkasan angirit sowanipun Radèn Kakrasana, Prabu Basudewa langkung suka anarima, sareng antawis dintên Radèn Kakrasana, badhe kaserenan kaprabon sangêt lênggana aturipun luhung lêstantuna dhatêng Radèn Krêsna, manawi kaparênga Radèn Kakrasana badhe andumugèkakên [andumu...]

--- 7 : 17 ---

[...gèkakên] anggènipun amartapa, Prabu Basudewa botên kasêmbadan ing karsa, pangandikanipun tansah angarih-arih, mêmalad wardayaning putra, dadya Radèn Kakrasana anurut ing karsaning kang rama, sawêg badhe kabyawarakakên ing panangkilan, katungka tumêdhakipun Sang Hyang Naradha, andhawahakên timbalanira Sang Hyang Girinata, manawi atmajendra sakalihan, kinèn sami abangun tapa sowang-sowang, Radèn Kakrasana wontêna agraning arga Rewataka, Radèn Krêsna wontêna sungapaning bênawi Kănta ing ngriku marginipun kalih pisan, sami antuk kabêgyan. Sarêng sampun andhawahakên makatên Sang Hyang Naradha muksa, rajaputra sakalihan sami kadhawahan ingkang rama lajêng mangkat.

Kawuwusa malih ing nagari Campalaradya, mangkya Arya Găndamana, ing nalika punika Rêsi Abilawa tinuduh dening Wiku Bargawa kaprayogèkakên mijil ing pamedan, sampun linampahan sarêng ngabên karosan akalihan Arya Găndamana Wasi Abilawa ragi karepotan, anggung kasrêk rinupêg kapèpèt-pèpètakên, botên sagêd amèt omberan, dados amung anyêngkah-nyêngkah jaja, kuku tumancêp jaja, ing wêkasan [wê...]

--- 7 : 18 ---

[...kasan] Arya Găndamana lajêng kalenan kenging kacandhak lajêng kabucal, dhawahipun botên patos têbih taksih wontên salêbêting pamedan kemawon, ananging botên sagêd anggulawat. Ing ngriku Arya Găndamana èngêt pamêcaning Rêsi Druwasa rumuhun, manawi pêjahipun saking Pandhawa, anamur lampah cara brahmana, mila Arya Găndamana lajêng anguwuh dhatêng Wasi Abilawa, marêpêki tinakenan punapa sajatining Pandhawa, Wasi Abilawa kewran ing wêwangsulanira, nuntên Kandhi Wrêhatnala tinuduh dening Wiku Bargawa kinèn marêpêki Arya Găndamana, punapa ing sapitakènipun amangsulana manawi Pandhawa sajati, linaksanan samantara, duk miyarsa Arya Găndamana kèndêl amuntu cipta, lajêng amisik aji panggandan dhatêng Kandhi Wrêhatnala, Wasi Abilawa winisik aji bandawasa, sarta jinatosan manawi ing têmbe badhe nukma dhatêng putraning Wasi Abilawa winalêran sampun ngantos anabok sirahipun ing putra, sasampunipun makatên Arya Găndamana muksa, kaparêngan gara-gara gêtêr-patêr dhèdhèt erawati, lajêng Kandhi Wrêhatnala, tinêdah dening Wiku Bargawa, kinèn amênthang gandhewa pusaka, jêmparingipun [jêmparing...]

--- 7 : 19 ---

[...ipun] sagêda tumanduk dhatêng lesan rema sarêng sampun kalampahan lêbda karya Prabu Drupada langkung suka, Kandhi Wrêhatnala badhe kadhaupakên akalihan Dèwi Drupadi, ananging pinambêngan dening para putra, awit kang kalêbêt dados sêsêdhahan sayêmbara punika para satriya, dening para brahmana botên kasêbut dados pêpanggilan. Ing wêkasan aturipun para putra kêdah sami amênthang gandhewa malih, dupi kalilan lajêng sami tumandang gêntos-gêntos pamênthangipun, ananging botên wontên ingkang sami lêbda karya, saking dening kabujung lingsêm dados matur suka kaabên aprang tandhing akalihan brahmana kang winastan angêntasi karya, Prabu Drupada anglilani, nuntên Wasi Abilawa, akalihan Kandhi Wrêhatnala, sami kadhawahan matur sandika, ing ngriku sami bêbah-bêbahan tandhingipun lajêng manjing dhatêng pamedan. Pintên-pintên watawisipun, dènira prang tandhing para rajaputra sami kandhap lajêng bibaran samya mantuk sowang-sowang, ya ta ing nalika punika Prabu Drupada èngêt kala pamêcanipun Rêsi Druwasa, manawi Dèwi Drupadi ing têmbe dados jatukramaning Pandhawa, mila Sang Wiku Bargawa tinimbalan lajêng dinangu jatining brahmana, kang angêntasi karya punika, aturipun sajarwa manawi sajatosipun [saja...]

--- 7 : 20 ---

[...tosipun] inggih Pandhawa, Endhang Rini punika ibunipun Pandhawa, kang anama Dèwi Kunthi, Dwija Kangka wardaning Pandhawa kang anama Puntadewa, Wasi Abilawa punika panênggaking Pandhawa, kang anama Bratasena, Kandhi Wrêhatnala, punika panêngahing Pandhawa, kang anama pun Pamade, Cèkèl Damagranti, punika sumêndhining Pandhawa, kang anama Nangkula, Cantrik Tantripala punika wuragiling Pandhawa, kang anama Sadewa, sarêng Prabu Drupada amiyarsa aturipun Sang Wiku Bargawa langkung suka, ing ngriku Dèwi Drupadi badhe kaparingakên dhatêng Pandhawa, punika ingkang pantês anampèni aturipun Sang Wiku Bargawa amrayogèkakên putri nata Dèwi Drupadi katantuna pundi ingkang dados sênêngipun ing galih, nuntên Prabu Drupada kondur angadhaton, adhêdhawah dhatêng Dèwi Drupadi, ing dintên benjing enjing, kinèn anupiksani Pandhawa gangsal pundi ingkang kasênêngan, dupi enjingipun katupiksa saking pêpanggungan, aturipun Sang Dèwi Drupadi ingkang kados tiyang wandu punika dados sênênging galihira, mila Radèn Pamade katimbalan marêk ing ngabyantara nata, dhinawuhan manawi badhe kadhaupakên akalihan Dèwi Drupadi, Radèn Pamade sangêt mopo, aturipun [atur...]

--- 7 : 21 ---

[...ipun] ajrih manawi anglangkahana kadang sêpuh, langkung prayogi kaparingna dhatêng Radèn Puntadewa kemawon, dados bêbasanipun botên madal sumbi, saking patênunan. Prabu Drupada kasêmbadan ing karsa têmah mangayubagya, sarêng antawis dintên Sang Dèwi Drupadi kadhaupakên antuk Radèn Puntadewa, langkung agêng pamiwahanipun andhatêngakên suka, dumugining pêndhak dintên kalilan bêkta mantuk.

Nahan gêntos kacariyos nagari ing Ngastina, mangke Prabu Sumarma anuwun pamit kalilana andumugèkakên dènira badhe ambêdhah nagari Wiratha, awit dening kawarti manawi Arya Kicaka sakadangipun sampun sami sirna, kamanah botên wontên ingkang dados andêl. Prabu Drêtarasthra, anglilani sarta amaringi kanthi Rajaputra Suyudana, sakadangipun para Kurawa ing sawatawis, sarêng antawis dintên mangkat, saha wadyakuswa, dumugi talatah bawah ing Wiratha sami anjêjarah angrêrayah padhusunan, katur ing Prabu Matswapati, lajêng adhêdhawah dhatêng para putra katiga, Radèn Sweta, Radèn Sangka, Radèn Utara, kinèn sami amêthukakên mêngsah dhatêng sajawining praja, angirit sawadyakuswa sadaya, para putra

--- 7 : 22 ---

matur sandika lajêng tata-tata, sasampunipun sami samapta lajêng mangkat. Paguting prang langkung rame gêntos kalindhih, sarêng antawis wanci para wadya ing Trigarta, kasrêk kosrik rinêpak samya, kèngsêr kasêsêr asasaran. Prabu Sumarma kesisan bala mangsah sura tan taha para wadya ing Wiratha kang kapurugan sami kèlês kasulayah, ing ngriku sang narpatmaja têtiga parêng mangsah mangungsir kiwul. Ing wêkasan Prabu Sumarma pêjah samadyaning rana, ya ta Sang Rajaputra Suyudana saha para wadya Kurawa samya mangsah, sêdya mèt pakolih pêpulihing ayuda ramening ngabên kasantikan tanpa wêkasan. Ananging dangu-dangu para narpatmaja ing Wiratha karepotan têmah kalindhih samya mundur katiga pisan. Kala samantên kaparêngan para Pandhawa nuju sowan dhatêng Wiratha, ing ngriku pinalarsih dening Prabu Matswapati kinèn sami pêpulih, kondur atmajendra têtiga aturipun sami mopo, awit dening pakèwêt bokmanawi kawanguran saking solah-bawa tinarka jatining Pandhawa, manawi kaparênga luhung dadosa kusiring rata titihanipun para putra kemawon, anggêr taksih angangge cara brahmana kados botên kawistara, Prabu Matswapati kasêmbadan salêbêting galih, ing nalika punika, Sang Kandhi Wrêhatnala [Wrêha...]

--- 7 : 23 ---

[...tnala] kinèn angusiri rata titihaning sang narpatmaja têtiga, nulya mijil ing rana mêthukakên yudanipun para Kurawa, sami angabên kasantikan lêpas-lêpasan warastra dibya, ananging para putra ing Wiratha tansah karepotan kemawon, mila lajêng dhawah dhatêng kusir kinèn angingêr swandana sêdya badhe mundur malih, aturipun sang kusir Kandhi Wrêhatnala botên amrayogèkakên manawi raja sinatriya ngantos alèrès aris-arisan, mênawi kaparêng luhung gêntos dados kusir ing salah satunggal, luhung Kandhi Wrêhatnala ingkang sagah anandhingi kasantikaning mêngsah, rajaputra têtiga sami mangayubagya, ing ngriku Radèn Utara ingkang sumulih dados kusir, Sang Kandhi Wrêhatnala gêntos lênggah wontên salêbêting rata jajar kalihan Radèn Seta Radèn Sangka, dupi maguting prang langkung rame dènira angabên kasantikan, dangu-dangu para rajaputra kalindhih, lajêng sami bibar kondur dhatêng ing Ngastina, nuntên Sang Kandhi Wrêhatnala wangsul dhatêng kusiran. Radèn Utara wangsul lênggah ing rata malih, lajêng sami bidhal saha wadya kondur suka-suka dènira jayèng rana.

Kawuwusa Prabu Matswapati, langkung suka dènira amiyarsa saking aturing wadya manawi para putra sami unggul ing

--- 7 : 24 ---

ayuda, lajêng dhawah dhatêng Patih Nirbita manawi badhe mêthuk konduring para putra, patih kinèn angadani pakurmatan ing samargi-margi ngantos dumugi salêbêting păncaniti, wontên ing ngriku dènira karsa ambêbingah para wadya, Prabu Matswapati, lajêng awêwarta dhatêng putra Dèwi Utari manawi ingkang raka katiga pisan sami jayèng rana, Dèwi Utari langkung suka sukur, ing nalika punika Endhang Rini abêbisik matur dhatêng Dèwi Utari manawi ingkang angawonakên mêngsah punika kayêktosaning pawarti amung kusir Sang Kandhi Wrêhatnala, Dèwi Utari langkung ngungun, dene kusir sagêd angundurakên mêngsah, sarêng kapiyarsa dhatêng Prabu Matswapati ing pawarti makatên wau andadosakên duka, mijil andangu ing warti dhatêng Dwija Kangka yêktining pawarti punika, aturipun manawi saèstu kayêktosaning pawartos ingkang angundurakên ing mêngsah inggih pun sarati, Prabu Matswapati duk amiyarsa sangsaya duka, tansah anguman-uman dhatêng Dwija Kangka, winastan angina kasantikaning kang putra, sawêg samantên wijiling dêduka katungka praptanipun sang narpatmaja têtiga, samya angaturakên kawilujênganipun, gènira băndayuda, sarêng kadangu ingkang angundurakên mêngsah, aturing putra inggih pun Kandhi Wrêhatnala [Wrêha...]

--- 7 : 25 ---

[...tnala,] Prabu Matswapati kèndêl èsmu kalingsêman. Dangu-dangu angandika manadukara dhatêng Kandhi Wrêhatnala, sarta kadhawahan badhe kaganjar putri atmajendra Dèwi Utari minăngka dadi punagining jayèng rana, aturipun sakalangkung mopo awit saking dèrèng wontên parmaning dewa, manawi kaparênga Dèwi Utari punika lulusa kaambil suta, makatên aturipun Sang Kandhi Wrêhatnala sinauran gêtêr-patêr, kaparêngan ing nalika punika Sang Hyang Naradha tumêdhak, andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, manawi Dèwi Utari punika dadosa sêngkêraning Sang Hyang Kang Amurba Misesa, pinasthi badhe dados jatukramanipun putraning Parta ingkang dèrèng lair, ing têmbe anurunakên para nata sudibya pandoning Suksma Kawêkas, Dèwi Utari kaparingan wahyu awèt nom. Tanpa sangsaya dhauping lawan putraning Parta, ing têmbe yêkti sababag, pangandikanipun Sang Hyang Naradha, sinauran gêtêr-patêr dhèdhèt erawati asauran, sarêng Sang Hyang Naradha muksa, para Pandhawa kadhawahan dening Prabu Matswapati, kinèn sami wangsul dhatêng Wanamarta malih, ing ngriku para Pandhawa taksih namur lampah angangge anggèn-agèn[6] cara brahmana, sarta Dèwi Drupadi

--- 7 : 26 ---

ingalih nama Endhang Malini.

Ing mangke kacariyosakên lêlampahanipun Bagawan Sapwani, kala rumuhun amartapa wontên samadyaning wana ing Banakêling, padhepokanipun winastan ing Gitacala, tansah anênuwun parmaning dewa, pinaringana putra jalu ingkang prawira sudibya, sarêng sampun kalampahan asêsuta jalu winastan Bambang Sindura, dumugining diwasa kajumênêngakên nata wontên ing Sindura, kasêbut nama Sindupati, utawi Sinduraja kang rama lulus ambagawan, wontên ing Gitacala, dupi ing antawis lami Prabu Sindupati karsa angadêgi sayêmbara putri dhatêng Campalaradya, ananging dumugining ngriku sampun kasèp, saking ing pawarti putri ing Campalaradya, kenging brahmana lajêng kabêkta dhatêng Wanamarta, kala samantên Prabu Sinduraja anglajêngakên lampahipun anduduk dhatêng Wanamarta badhe angrêbat putri ing Campalaradya, ananging kuciwa ing ayuda lan para Pandhawa, lajêng mundur saha wadya, badhe mantuk dhatêng Sindupraja, dumugining margi wontên wadya rêraosan manawi ratu ing Ngastina darbe putri endah kang suwarna angungkuli Dèwi Drupadi, kasubing rat putri ing Ngastina kasêbut nama Dèwi Dusilawati, ing nalika punika Prabu Sinduraja,

--- 7 : 27 ---

lajêng dhatêng Ngastina sumêdya suwita, sapraptaning Ngastina katur ing nata sampun katampèn asangêt kinasihan, nuntên kinarya senapatining ayuda, ingalih nama Prabu Jayadrata.

Gêntos kacariyos ing Saptapratala, mangkya Sang Hyang Anantaboga, ginubêl ing putra Dèwi Nagagini, kaaturan anusulakên Arya Bratasena, saking pawartosipun wontên samadyaning Wanamarta talatahing Wiratha, Sang Hyang Anantaboga saking wêlasing putra dados tinurutan lajêng samya mêsat, angambara dumugi ing Wanamarta, Sang Hyang Anantaboga kalangkung ngungun aningali dhatêng Pandhawa, dènira sami angangge cara brahmana, sarêng Sang Hyang Anantaboga amitêmbung dhatêng Dwija Kangka kasêmbadan ing karsa, Dèwi Nagagini kaparingakên ing ari Wasi Abilawa, ananging manawi sampun among sih sapisan lajêng badhe kawangsulakên dhatêng Saptapratala malih, Dèwi Nagagini sangêt lênggana dening sawêg pêpasihan, Wasi Abilawa dahat bramantya Dèwi Nagagini cinandhak ingoncat-ancitakên. Sang Hyang Anantaboga dupi uninga andadosakên dukanipun, ananging lilihipun amargi rinapu dening Dwija Kangka akalihan Endhang Rini, ing ngriku Sang Hyang Anantaboga lajêng pamit kondur dhatêng Saptapratala sarta [sar...]

--- 7 : 28 ---

[...ta] ambêkta Dèwi Nagagini, angkatipun mawi panutur pudyastutining Pandhawa.

Gêntos kacariyos ing Pringgadani, mangkya Dèwi Arimbi tumêdhak amanggihi ingkang rayi sakawan, Arya Prabakesa, Prabagati, Prabadênta, Brajamusthi, apirêmbagan ingkang dados karsanipun Dèwi Arimbi badhe angupadosi para Pandhawa, dènira lami botên wontên pawartanipun. Para ari sami matur mangayubagya ing antawis dintên mangkat margèng awiyat, lajêng anjog dhatêng Wiratha, wontên ing ngriku antuk pawarti yèn para Pandhawa samya dêdunung ing Wanamarta, Dèwi Arimbi kadarpèng tyas sigra mêsat angambara sakadangira sêdya sumusul maring Wanamarta, sapraptanipun ing Wanamarta samya tan daranèng tyas têmah karya gita ing wêkasan andadosakên bramantyaning driya, Wasi Abilawa, Dèwi Arimbi, analăngsa nuwun pangaksama, mêdal kasagahanipun, kadugi babad-babad amadhangakên ing wana sami sanalika, sampun kalilan tumandang akalihan para kadang sakawan, sawadya mintonakên ing kasantikanipun sowang-sowang, sarêng sampun barêsih ginatra-gatra pakarangan, winastan ing Ngamarta.

Amarêngi masa padrawana taksih tunggil warsa salêbêting

--- 7 : 29 ---

taun Partipa, etanging taun surya sangkala 693, kaetang ing taun candra sangkala 714, kacariyos ing nagari Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra karsa amikramakakên Radèn Arya Suyudana, saking pangèsthining galih, ingkang pantês dados jatukramaning sang narpatmaja, amung putri ing Madraka, wasta Dèwi Erawati, sarêng sampun saeka praya ing rêmbag, Dhanghyang Druna akalihan Arya Sangkuni kang dinuta angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, angkatipun amung kanthi para punggawa wadya sawatawis.

Gêntos kawuwusa nagari ing Madraka, mangkya Prabu Salya sawêg anandhang sungkawa, dènira kecalan putri Dèwi Erawati, murca tanpa karana, para wadya punggawa sami sinêbar, kinèn sami angupadosi botên wontên ingkang antuk karya, mila Sang Prabu Salya sangsaya madêg putêking tyas kapati yayah murcatma sanalika para wadya punggawa sapraja samya wayang-wuyungan, sarêng praptanipun Dhanghyang Druna kalihan Arya Sangkuni, pinanggihan sami satata, lajêng amitêmbungakên ingkang dados karsanipun Prabu Drêtarasthra, Prabu Salya amangsuli sajarwa manawi Dèwi Erawati murca tanpa karana ing mangke kinarya sayêmbara [sayêmba...]

--- 7 : 30 ---

[...ra,] singa kang manggihêna dhinaupakên, ing antawis dintên Dhanghyang Druna akalihan Arya Sangkuni samya pamit mantuk, linilan bidhal sawadya dumugi Ngastina, sampun matur sasolahing dinuta, Prabu Drêtarasthra lajêng adhêdhawah dhatêng para putra Kurawa sadaya, kinèn sami angupadosi Dèwi Erawati.

Kawuwusa malih nagari Madraka, mangkya Prabu Salya amarêngi nungku muja samadi, wontên ing pamêlêngan, antuk wasitaning dewa, kinèn amèt saraya panêngahing Pandhawa, kang anamur lampah amindha wandu wasta Kandhi Wrêhatnala, manggèn samadyaning Wanamarta, punika ingkang dados jalaran kapanggihipun Dèwi Erawati, ing ngriku Prabu Salya, lajêng utusan dhatêng Wanamarta, animbali Kandhi Wrêhatnala, mawi amitêmbung dhatêng Dwija Kangka sampun kaparêngan Sang Kandhi Wrêhatnala, kinèn tumut saantuking duta, dumugining Madraka laju katimbalan dhatêng ngabyantara nata, winarah ingkang dados sasmitanipun dewa sadaya, Kandhi Wrêhatnala angungun, sarêng watawis dintên Kandhi Wrêhatnala dinuta angingsêp pawarti sarta kinèn angupadi patakenan dhatêng para waskitha, Kandhi Wrêhatnala mangkat sêdya dhatêng Saptarga, badhe matur kang eyang Sang Bagawan Byasa, dupi lampahipun [lampah...]

--- 7 : 31 ---

[...ipun] dumugi ing banawi Jalodhata ing ngriku katingalan wontên raksasa kathah mêdal saking toya sarêng samya muwus makatên, lah iya iki sarayaning mungsuh Ratu Madraka kang kinèn angulati sang putri, salong wontên kang amangsuli lah iya iku nyata iku mara ta mayo padha cinêkêl aja kongsi gagal, sagunging para raksasa lajêng sami anarajang angre mangrabasa, Kandhi Wrêhatnala èsmu kewran, ing wêkasan amusthi sanjata dibya, linêpasakên mijil warastra tanpa etangan, tumanduk dhatêng para raksasa sami tumpês tapis tanpa wasesa, bangke pating kurambang sami kèli ing banawi, ngantos dumugi pabarisaning Kurawa, ing têmahan akarya gita, lajêng jinêmparing dening para Kurawa, sami sirna kêlêm sadaya, ing nalika punika para Kurawa sami anggraita manawi putri ing Madraka dados barakaning raksasa, ananging katambêtan ingkang amêjahi para raksasa punika, mila lajêng anglut manginggil, sami anurut têpining banawi, sêdya ngupadosi kang akarya măngga pêjahing para raksasa punika, sarêng dumugi panggenan kang asunya katingal wontên brahmana wandu, tinakèn datan amangsuli ing ngriku para Kurawa sarêng anarajang sura tan taha, Kandhi Wrêhatnala botên kewran pinarbutan [pinarbu...]

--- 7 : 32 ---

[...tan] ing prang, lajêng anglêpasakên sanjata dibya, mijil prabawa angin păncawora, para Kurawa katiyup ing angin bayubajra sami larut asasaran.

Gêntos kawuwusa Wasi Jaladara ingkang amangun tapa wontên ing agraning arga Rewataka, mangkya kagyat dening adrêsing angin păncawora, yayah anggonjingakên prawata, lajêng tumêdhak angupadosi ing kayêktèning prahara, sarêng dumugi têpining banawi Jalodhata Wasi Jaladara tumingal wontên brahmana wandu taksih amusthi sanjata dibya ingkang amêdalakên prabawa angin păncawora, Wasi Jaladara anguwuh-uwuh kinèn angracuta prabawaning sanjata dibya kang pinusthi punika, bokmanawi kenging ila-ila angumbar hawa antuk sêsikuning bathara, Kandhi Wrêhatnala duk amiyarsa panguwuhing brahmana makatên punika, emut-emuting tyas, lajêng ngracut prabawa, bayubajra sirêp sami sanalika, Wasi Jaladara marêpêki badhe tinakenan karananing mijilakên prabawa, tundhuking sakalihan parêng manêmbrama samya suka pirêna têmah asatata lênggah, Wasi Jaladara atêtanya karananing mijilakên prabawa têmah karya gara-gara, Kandhi Wrêhatnala sajarwa ing purwa madya wasana, dangu-dangu samya abawa [a...]

--- 7 : 33 ---

[...bawa] karana, Wasi Jaladara angakên putraning Prabu Basudewa Mandura, anama Radèn Kakrasana, Kanthi[7] Wrêhatnala angakên panêngahing Pandhawa, mijil saking Dèwi Kunthi anama Radèn Pamade, ing ngriku lajêng sami rêrangkulan. Wasi Jaladara takèn parluning karya dènira wontên ing banawi Jalodhata, wangsulanira Sang Kandhi Wrêhatnala, anglampahi dhawahipun Prabu Salya ing Mandraka, kinèn angupadosi Dèwi Erawati, murca tanpa karana, Wasi Jaladara dupi amiyarsa têka bangun angên-angênira, têmah sagah amanggihakên ing Dèwi Erawati wau, ananging mawi pêpoyan, yèn sisip-sisip têmbire putri ing Mandraka sami murca sadaya, Kandhi Wrêhatnala dupi amiyarsa pamêca makatên punika têka gadgada salêbêting tyas sanityasa tistis. Lajêng mêmalarsih manawi kaparênga Wasi Jaladara kabêkta dhatêng Mandraka, badhe kasaosakên ing Prabu Salya, Wasi Jaladara datan lênggana lajêng sami mangkat, dumugi ing Mandraka laju marêk dhatêng ngabyantara nata, Kandhi Wrêhatnala matur manawi Wasi Jaladara ingkang sagah manggihêna dhatêng Dèwi Erawati, sarta angaturakên pamêcaning Wasi Jaladara sadaya, Prabu Salya dupi amiyarsa gugup gurawalan tanpa

--- 7 : 34 ---

jamoga, kalajêng amatah para punggawa, putra santana sawadya sadaya, sami kinèn anjagèni margi-margi sarta sami kadhawahan ngatos-atos, Wasi Jaladara Kandhi Wrêhatnala ingkang kinarya cundakaning panalika.

Nahan gêntos ingkang kawuwusa, sadhasaring banawi ing Jalodhata, wontên raksasa raja anama Prabu Kalapardha, prajanipun winastan ing Katarewata, punika darbe putra jalu satunggal, anama Arya Kartapiyoga, mangkya marêk ing ngarsanipun ingkang rama sarywa angêmu sungkawa, Prabu Kalapardha andangu dènira parakrama, antuk putri ing Mandraka kang anama Dèwi Erawati, Arya Kartapiyoga matur manawi dèrèng kenging pinarpêkan, ing sadintên-dintên kêdah anganyut jiwa kemawon, sarêng badhe pinaksa kawisesa ing mangke darbe panggil minta maru kadang, anggêr sagêd andhatêngakên arinipun èstri kalih pisan anama Dèwi Sruti kanthi akalihan Dèwi Banuwati, saèstu purun amasrahakên jiwa raganipun. Mila ing mangke nyuwun pamit badhe dhatêng Mandraka malih, sêdya andhustha putri sakalihan wau, mugi kaparingana idi supados angsala damêl. Makatên aturira, Arya Kartapiyoga kaidèn ingkang rama lajêng mangkat [mang...]

--- 7 : 35 ---

[...kat] mêdal ing gêgana, dumugining ing Mandraka wanci jam sirêp janma anjujug salêbêting pura, kawanguran dening Wasi Jaladara, akalihan Kandhi Wrêhatnala, duratmaka malajêng binujung ing sapurugipun. Lajêng mêsat dhatêng dirgantara, tinut wuri dumugi ing banawi Jalodhata, tumamèng toya botên kawistara, Wasi Jaladara akalihan Kandhi Wrêhatnala kanggêg ing pambujungipun. Parêng nungku samadi antuk parmaning dewa, ing sanalika toya sirna katingal wontên purotama, Wasi Jaladara akalihan Kandhi Wrêhatnala sami manjing pura botên wontên ingkang uninga, lampahira kalih pisan kadya lêlimunan. Sarêng kapanggih kalihan Dèwi Erawati sami takèn-tinakenan sami sajarwa, ing wêkasan Dèwi Erawati purun binêkta kondur dhatêng Mandraka, dinèkèk salêbêting rêtna manik, pêparingipun Sang Hyang Brahmana ing nguni, nuntên Wasi Jaladara sêsumbar sarta sajarwa mênawi sampun ambêkta putri ing Mandraka, Arya Kartapiyoga duk amiyarsa madêg suraning driya, lajêng anêrajang nirbaya wikara, paguting prang rame asilih ungkih, botên dangu pêjah kasambut ing ayuda, kataman dening nanggalanipun Wasi Jaladara, Sang Raksasa Raja Kalapardha dupi amiyarsa tiwasing putra lajêng ngamuk punggung sawadya,

--- 7 : 36 ---

sang narpatmaja sakalihan panggah datan suminggah nanggulang pamuking mêngsah, botên antawis dangu Sang Raksasa Raja Kalapardha tumpês sabalanipun. Gusis tanpa sesa, amung wontên danawa èstri satunggal awasta Dèwi Tapayati, punika garwanipun Sang Raksasa Raja Kalapardha, marêk minta jiwa manawi kaparênga kêdah andhèrèk dhatêng ing Mandraka, sagah dados tandhaning lêbda karya, Wasi Jaladara akalihan Kandhi Wrêhatnala kamiwêlasên lajêng kalilan umiring, parêng sami mêsat angambara.

Gêntos kawuwusa para Kurawa, sakawonipun ênggènira prang akalihan Kandhi Wrêhatnala, mangke sami angumpul bêbarisan malih, botên wontên ingkang sêdya mantuk, manawi dèrèng pinanggih Dèwi Erawati, ya ta ing nalika punika, para Kurawa sami amiyarsa manawi Dèwi Erawati sampun kapanggih dening Brahmana Wandu, akalihan brahmana sêkti saking arga Rewataka, ing ngriku para Kurawa sami bangun kabanganing tyas bangkat ardha, lajêng apirêmbagan badhe anandukakên doracara, atur kamandaka dhatêng Prabu Salya, sêngadi sampun amanggihakên Dèwi Erawati, ananging kenging karêbat dhatêng brahmana wandu akalihan brahmana sêkti saking arga Rewataka, sarêng sampun [sa...]

--- 7 : 37 ---

[...mpun] saeka praya ing rêmbag lajêng sami mangkat dhatêng Mandraka.

Wau ta lampahira Wasi Jaladara, akalihan Kandhi Wrêhatnala, dumugi ing Mandraka Prabu Salya datan sinewaka, marma laju tumamèng pura, nuju sang nata lênggah anèng madyaning pandhapa lan pramèswari nata Dèwi Sêtyawati, ingadhêp para putra, kaayap sagunging para parêkan cèthi, Wasi Jaladara lan Kandhi Wrêhatnala laju marêk dhatêng ngabyantara nata, sawusing sinambramèng pambagya, gya dinangu dènira analika duratmaka, Sang Kandhi Wrêhatnala lajêng matur wiwitan dumugi ing wêkasan, nuntên Dèwi Erawati kawêdalakên saking rêtna manikmaya, Dèwi Erawati wêdalira saking rêtna manikmaya dahat angungun asmu suka, dene ing wau anèng pura Tirtakadhasar, ing mangke têka wus anèng pura Mandraka, sarta wus sumiwèng rama ibu pêpak para arinira, marma tan daranèng tyas, lajêng anguswa padaning kang rama sarywa karuna, ingkang ibu akalihan para ari sami kusung-kusung anglut pamular sadaya, sirêping tangis Dèwi Erawati tumamèng kanyapura, botên antawis dangu praptanipun para Kurawa ing ngarsa nata, anandukakên atur kamadaka, manawi amanggihakên [amanggihakê...]

--- 7 : 38 ---

[...n] Dèwi Erawati, ananging kenging karêbat dhatêng brahmana wandu, akalihan brahmana sakti saking arga Rewataka, Prabu Salya andangu wontên ing pundi panggihipun, utawi ingkang andhustha sintên namanipun, para Kurawa aturipun samya ngawur botên kantênan. Nuntên Prabu Salya andangu dhatêng Wasi Jaladara akalihan Kandhi Wrêhatnala, aturipun mugi andangua dhatêng raksasa èstri punika kemawon, bokmanawi dados tăndha yumona, Prabu Salya lajêng dangu dhatêng Dèwi Tapayati, aturipun sajarwa wiwitan, kala Arya Kartapiyoga andhustha Dèwi Erawati, dumugi ing pêjahipun Arya Kartapiyoga, dening Wasi Jaladara, lajêng bêdhahipun nagari ing Katarewata, Sang Raksasa Raja Kalapardha, tumpês ing sabalanipun sami kenging ing nanggalanipun Wasi Jaladara, ing wêkasan Dèwi Erawati kabêkta kondur dhatêng nagari ing Mandraka botên wontên kawis-kawis, Prabu Salya andangu malih ing karananira umiring punika aturipun Dèwi Tapayati, sarèhning anak bojo sampun pêjah saha wadyanipun sami tumpês sadaya, dados anuwun gêsang anuwun dhèrèk dhatêng ing Mandraka, sagah dados tandhaning lêbda karya, kalampahan dumugi ing ngabyantara nata punika, kawula

--- 7 : 39 ---

anyumanggakakên jiwa raga, sang prabu andangu pangèsthining sêdya punika, Dèwi Tapayati matur manawi kalilan alulusa ngêmong Dèwi Erawati, awit manawi kaakên makatên, ing bêbasan têbih-têbih taksih kantênan prênahipun, lamat-lamat taksih katingal kukusipun, kentar-kentaring maruta taksih kambêt gandanipun, Prabu Salya andangu lwiring bêbasan dènira badhe anuwila gănda aturipun Dèwi Tapayati botên kabêkta kamipurun angawu-awu manawi kaparênga amung badhe angaturakên uruting lêlampahan kemawon, Prabu Salya kasêmbadan ing karsa, Dèwi Tapayati lajêng matur bêbukanipun dènira kagarwa ing Raksasa Raja Kalapardha, saking pawartos wontên turasipun Sang Hyang Wrahaspati awarna ditya kêkalih sanak sami priya, ingkang sêpuh wasta Bagaskara, kang anèm wasta Bagaspati, sami sutaning Rêsi Nagopaya, punika ditya kêkalih wau sami kesah amaratapa sowang-sowang, Ditya Bagaskara wontên ing Argasunya, Ditya Bagaspati wontên ing Argabêlah, sarêng antawis lami ditya sakalihan wau antuk paramaning dewa sami kasêbut nama rêsi, lajêng kaparingan semah widadari kalih pisan, Rêsi Bagaskara semahipun anama Dèwi Satapi, darahing

--- 7 : 40 ---

Sang Hyang Siwah, patutan èstri warni rasêksi wasta Dèwi Tapayati, inggih kawula punika, Rêsi Bagaspati semahipun anama Dèwi Pudyastuti, darahing Sang Hyang Darmastuti, patutan èstri warni manungsa, kalangkung ayu endah wasta Dèwi Pujawati, wangsul anyariyosakên lêlampahanipun Rêsi Bagaskara, sarêng kawula sampun diwasa, ing nalika punika ibu Dèwi Satapi muksa, kawula tansah sakit kalênglêngan dening kamiulatên dhatêng ibu, rama Rêsi Bagaskara langkung sungkawa, ngantos tajin dhahar nendra, ing antawis dintên sasmitaning dewa, kawula kinèn ambêkta dhatêng banawi Jalodhata, dipun dusana ing ngriku waluya, kala samantên lajêng linampahan sampun waluya, sakit kawula kalênglêngan, nuntên wontên rasêksa mancungul saking toya, rama Rêsi Bagaskara kagyat lajêng atêtakèn, winangsulan sajarwa manawi Raksasa Raja Kalapardha akêkitha sadhasaring toya, anama Raksasa Raja Kalapardha, putraning Raksasa Raja Berawa, trah Bathara Kartanadi kang kahyangan ing Kakarewata sadhasaring banawi Jalodhata, praptanipun Sang Raksasa Raja Kalapardha punika awit saking anglampahi wasitaning dewa, kinèn aparakrama antuk Dèwi Tapayati, putraning Rêsi Bagaskara [Bagaska...]

--- 7 : 41 ---

[...ra,] kang mêntas adus ing banawi Jalodhata, mangkya kapasang yogya, manawi kaparênga badhe kabêkta dhatêng Kakarewata, ingkang dados sarana sagêd tumamèng toya, sinungan rêtna maniara, punika rama Rêsi Bagaskara têka dhangan tumuntur dhatêng Kakarewata, ing ngriku kawula lajêng kadhaupakên akalihan Raksasa Raja Kalapardha, langkung sih-sinihan ngantos asêsuta satunggal jalu wah sêmbada, sinungan wasta Arya Kartapiyoga, sarêng ngajêngakên diwasa, eyangipun Rêsi Bagaskara, muksèng kadewatan, atilar wasita ing têmbe pun Arya Kartapiyoga, kinèn amikramakakên antuk kang atunggil băngsa, wasita makatên wau, tansah dados rêmbag ngantos dumugi ing diwasanipun, sutamba pun Arya Kartapiyoga, saeka prayaning rêmbag amung putri ing Mandraka, punika ingkang pantês dados jatukramanipun sutamba, margi taksih tunggil sabăngsa, sami buyute Rêsi Nagopaya, ing nalika sawêg rêmbag sidaning kardi dumadakan kapiyarsa dening sutamba, pun Arya Kartapiyoga, watêkipun rare taruna, rumaos sampun widagda andadosakên botên darana, punika lajêng andhustha putri ing Mandraka, kang anama Dèwi Erawati, ananging [a...]

--- 7 : 42 ---

[...nanging] botên purun atut kalihan sutamba, dupi badhe pinariksa darbe panggil minta maru kadang, pun Arya Kartipiyoga, lajêng lumampah dhatêng Mandraka malih, dèrèng ngantos lêbda karya kabujung dening brahmana kêkalih punika, ngantos dumugi Kakarewata sutamba anêmahi pêjah, priyamba Sang Raksasa Raja Kalapardha saha wadyanipun sami pêpulih ing wêkasan tumpês sawadyanipun sadaya, kantun kawula pribadi marêk dhatêng brahmana kêkalih tansah nalăngsa aminta jiwa, matur manadukara, kaparênga andhèrèk dhatêng Mandraka, sagah dados tandhaning alêbda karya, sampun kalilan umiring ngantos dumugi ing ngabyantara nata, botên wontên kawis-kawis, têlas aturipun Dèwi Tapayati ing wêkasan anyaosakên rêtna maniara sarywa matur malih, punika warninipun ingkang winastan rêtna maniara sampun dados kalpika, manawi dipun agêm sagêd manjing salêbêting toya datanpa sangsaya, langkung prayogi kagêm ing jêng narèswara amêwahi kasudibyan. Prabu Salya ananggapi rêtna maniara, sasampunipun tiningalan lajêng pinaringakên malih sarywa ngandika, kakang bok Rêtna Tapayati, kalpika iki prayoga misih ana ing kowe, karana pusaka [pusa...]

--- 7 : 43 ---

[...ka] sêka ing lakinira, wajib sira pêpêtri, bokmanawa amuwuhi kabêgyan, ing mêngko sira sun paringi cundhuk rêtna manindra, kang adarbe prabawa angendahake suwarna, minăngka tandhaning katarima, ênggonira sajawa[8] ing lêlakon kabèh, Dèwi Tapayati nêmbah anampèni rêtna maniara akalihan rêtna manindra, sampun kaangge kalih pisan sami sanalika, Dèwi Tapayati sirna warnaning wanda rasêksi ing têmah awarna wanudya luwih ayu endah lajêng kalilan angêmong Dèwi Erawati.

Kawuwusa para Kurawa ing nalika punika, rumaos kalingsêman lajêng sami sabiyantu angamuk punggung sura tan taha, tinadhahan dening Wasi Jaladara akalihan Kandhi Wrêhatnala, para Kurawa kawon lajêng sami mundur mantuk dhatêng Ngastina sadaya.

Salêbêtipun ing warsa Wiya, etanging taun surya sangkala 694, tinêngêran warna muka angraras wiyat. Kaetang ing taun candra sangkala 715, tinêngêran marganing janma kaswarèng barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari Mandraka, mangkya Prabu Salya sawêg kapêtêngan galih, dènira amiwaha [a...]

--- 7 : 44 ---

[...miwaha] putra èstri, kang anama Dèwi Erawati, rinaos têka kuciwa antuk brahmana têka lêlana, manawi sampuna katitih dening sayêmbara saèstu arsa kinaryawuk, sarèhning wus kawijil ing sabda, dadya pakewuhing galih, mila tansah mangunêng ing nala amarsudi budi pamingkaraning ubaya, wêkasan antuk wêwêngan, pamanggihipun dados badhe akarya pêpanggil sangadi kudangane putra, 1. amundhut kêmbar mayang kayu dewandaru, akalihan kajêng janandaru kang saking suralaya, kairingêna para widadari, 2. mundhut patah kênya kalih ingkang sami kêmbar warni, 3. mundhut pangidung èstri, ingkang limpat salwiring rêrêpèn, sarta swaranipun ingkang sora manis arum, ing ngriku lajêng utusan putra Radèn Rukmarata, kinèn andhawahakên dhatêng Wasi Jaladara, sampun kadhawahakên, aturipun kalilana ngupados ing samasa-masa sampun angsal kaaturakên, Radèn Rukmarata lajêng matur ing rama nata, nuntên Wasi Jaladara mangkat angêmu sungkawa.

Kawuwusa Kandhi Wrêhatnala, salamènipun wontên ing Mandraka, tansah lambang asmara akalihan atmajendra, putri kang anama Dèwi Banuwati, sarêng kawanguran dening Prabu Salya lajêng kadhawahan mantuk dhatêng ing Ngamarta, Kandhi Wrêhatnala [Wrêhatna...]

--- 7 : 45 ---

[...la] angêmu sungkawa, tambuh paraning sêdya, amargi rumaos kalingsêman, manawi ngantos kapiyarsa dening kang raka solahipun wontên ing Mandraka makatên punika, mila milalah anglalu kaluluning nala, suka lila pinulunga ing bathara.

Gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, sirahing banawi Jalodhata, wontên raksasa raja anama Prabu Sangkala, prajanipun winastan ing Batarewata, Raksasa Raja Sangkala, punika kadangipun sêpuh Sang Raksasa Raja Kalapardha, sami sutaning Raja Raksasa Biwara, ing mangkya cariyosipun Sang Raksasa Raja Sangkala, badhe anglurug dhatêng Mandraka, awit murina pêjahing pra kadang-kadangira dening brahmana saking Mandraka, sarêng sampun samapta mangkat saha wadya, para raksasa sami mêdal ing gêgana, dupi angungkuli lampahipun Sang Kandhi Wrêhatnala ngintên yèn tiyang lumampah punika brahmana ingkang amêjahi Sang Raksasa Raja Kalapardha tumpês sawadyanipun sadaya, Raksasa Raja Sangkala, duk uning gya bangun alin-alining nala, lajêng dhawah kinèn amêjahi, dhatêng Kandhi Wrêhatnala, Sang Mêcika mangkat kanthi akalihan punggawa pêngayun awasta Wrisika, parêng samya anjog saking gêgana anarajang,

--- 7 : 46 ---

tanpa takèn-tinakenan, Kandhi Wrêhatnala panggah nirbaya wikara, danguning prang wêkasanipun pêjah kalih pisan. Ditya lit larut asasaran. Ya ta Sang Raksasa Raja Sangkala lajêng mangsah mangungsir kiwul, paguting prang sakalihan langkung rame samya ngabên kasantikan, pamaribawa sowang-sowang, ananging Sang Raksasa Raja Sangkala tansah kuciwa, dupi wus karsa pinungkasan dening Sang Kandhi Wrêhatnala, katungka tumêdhakipun Sang Bathari Durga, sarywa sêsanti jaya-jaya, lajêng manadukara mundhut gêsangipun Sang Raksasa Raja Sangkala, sagah amaringi sarana usada brăngta asmara, Sang Kandhi Wrêhatnala duk uninga manawi Sang Bathari Durga kang tumêdhak, aminta jiwa kasrêpan ing tyas, sigra marêk angèstupada pinêngkul jangganira, sarêng anyumanggakakên Raksasa Raja Sangkala ing wandenipun kapêjahan. Kandhi Wrêhatnala winisik salwiring lêlampahan lajêng tinantun badhe kamalihakên awarni wanudya, punika jalaranipun dumugining karsa, Kandhi Wrêhatnala matur sandika anglampahi, ing ngriku sami sanalika warni pawèstri ayu endah, pinaringan nama Pawardiningsih, kinèn suwita dhatêng ing Mandura angakêna kênya endhang saking wukir Mèstri, sasampunipun [sa...]

--- 7 : 47 ---

[...sampunipun] Sang Bathari Durga muksa, Endhang Wardiningsih mangkat, dumugi ing Mandura katur dhatêng Prabu Basudewa, saspun[9] pinarêngan lajêng pinatah dados puruhitaning para putri, kinèn amêmulang wardining sastra wedha, akalihan lakuning kidung kakawin.

Kawuwusa kang atêtèki wontên sungapaning bênawi Kănta, mangkya Radèn Krêsna, katêdhakan Sang Hyang Naradha, awêwarah kinèn dhatêng Găndamadana, atêtulung sungkawaning Kapi Jêmbawan, awit dènira kadhatêngan mêngsah saking Sriwadari anama Prabu Waudaya, putraning Prabu Dasabau, bêbukaning runtik Prabu Waudaya anglamar Dèwi Jêmbawati botên kasêmbadan, amargi Dèwi Jêmbawati dèrèng karsa krama, kêdah angantosakên ingkang dados ubayaning dangu, wêkasaning pangandikanipun Sang Hyang Naradha, amêmanti poma-poma. Radèn Krêsna pinaringan pangèstu raharja mangkat. Sang Hyang Naradha muksa, ya ta lampahipun Radèn Krêsna, dumugining Găndamadana sampun kapanggih akalihan Sang Kapi Jêmbawan, sami wartos-winartosan salwiring lêlampahanira sowang-sowang, andadosakên suka sukur kalih pisan, sarêng Radèn Krêsna mijil ing rana sêsumbar aminta lawan [la...]

--- 7 : 48 ---

[...wan,] Prabu Waudaya duk amiyarsa lajêng mangsah sura tan taha paguting prang sakalihan samya ngabên kasantikan botên wontên ingkang kuciwa, dangu-dangu Prabu Waudaya lena kasambut samadyaning adilaga layon gya muksa, para wadya punggawa ing Sriwadari aparêng mangsah mangusir kiwul, botên wontên ingkang măngga pulih, lajêng sami larut mantuk dhatêng prajanipun.

Kawuwusa lampahira Wasi Jaladara, dumugi ing agraning arga Rewataka, ing ngriku padhepokanipun ingênggenan raksasa-rasêksi, winatawis kadi maratapa, Wasi Jaladara botên sarănta lajêng anguman-uman, wêkasaning pangandika raksasa-rasêksi kinèn kesah saking ngriku, ya ta raksasa-rasêksi lajêng sami narajang nirbaya wikara, tinadhahan dening Wasi Jaladara, langkung rame gêntos kalindhih, antawis dangu raksasa-rasêksi kataman dening nanggala sami pêjah kunarpa parêng muksa, nuntên katingal Sang Hyang Kamajaya kalihan Dèwi Ratih, sarêng tumêdhak sêsanti jaya-jaya, Wasi Jaladara uninga wontên widadara-widadari lajêng marêk majêng ngèstupada, sasampunipun sinambrama dening Sang Hyang Kamajaya, Wasi Jaladara jinatosan, manawi mêntas salah warna dados rasêksa-rasêksi [rasêksa-rasê...]

--- 7 : 49 ---

[...ksi,] awit saking katêmahan upataning Sang Hyang Wisesa, lajêng kinèn dumunung wontên srêngganing arga Rewataka, yakti ruwat saking satriya mindha brahmana, awêkasan Wasi Jaladara, tinuduh dhatêng Găndamadana, kinèn kapanggih lawan ingkang rayi Radèn Krêsna sarta winarah ing salwiring lêlampahan sadaya, dening babaring pangèsthi, badhe tinêdhakakên dhatêng Mandura, têlas pangandikanipun Sang Hyang Kamajaya lajêng muksa akalihan Dèwi Ratih, Wasi Jaladara mangkat murang marga, sapraptaning Găndamadana Wasi Jaladara kapanggih Kapi Jêmbawan, akalihan Radèn Krêsna, sasampuning sinambramèng pambagya myang pasugata, lajêng sami warta-winarta ing lêlampahanira sowang-sowang, wêkasan sami suka sukur, ing antawis dintên rêmbag sami kondur dhatêng Mandura, saking aturipun Radèn Krêsna akalihan ingkang raka, mênggah patah èstri punika prayogi Dèwi Jêmbawati kasambuta, karantên kêmbar warninipun akalihan pun Wara Sumbadra, Wasi Jaladara kasêmbadan ing galih, lajêng amitêmbung dhatêng Kapi Jêmbawan, manawi kaparêng Dèwi Jêmbawati badhe kula bêkta dhatêng Mandura, sagêda dados patah èstri kêmbaran kalihan Wara Sumbadra, Kapi Jêmbawan sampun waskitha ing galih ature anyumanggakakên [anyumangga...]

--- 7 : 50 ---

[...kakên,] enggaling cariyos sang rajaputra kêkalih lajêng kondur Dèwi Jêmbawati kabêkta, mawi kadhèrèkakên para endhang kalihan cantrik sawontênipun, dumugining Mandura sampun katur dhatêng Prabu Basudewa, putra sakalihan tinanggap ing lêlampahanipun sami sajarwa andadosakên suka sukuring kang rama nata.

Amarêngi purnamaning masa sitra, taksih tunggil warsa salêbêting taun Wiya, ing wanci bangun enjing malêming Gara Kasih, kala samantên turunipun kajêng dewandaru kalihan kajêng janandaru kairingakên para widadara-widadari apangiring Sang Hyang Saradha, andhawahakên mring Prabu Basudewa, manawi pêpanggilipun Prabu Salya ing Mandraka, sampun sagêd saking marmaning dewa dhatêng Radèn Kakrasana, ing mangkya Prabu Basudewa kinèn suka sêrêp dhatêng Prabu Salya, sarta angatas ing karsa, benjang punapa pangaraking pangantèn, Prabu Basudewa lajêng anglampahakên ingkang rayi Prabu Bismaka ing Kumbina, akanthi ingkang rayi Prabu Satyajit ing Lesanpura, sasampunipun winêling-wêling lajêng sami mangkat lêlancaran, dumugi ing Mandraka katur dhatêng Prabu Salya, sampun ingacaran manjing pura. Sarêng sinambrama ing pambage andadosakên rêsêp rumakêtipun sakalihan [saka...]

--- 7 : 51 ---

[...lihan,] nuntên sami sajarwa parluning karya Prabu Salya kapitèng tyas dahat angungun, botên nyana Wasi Jaladara punika rajaputra ing Mandura, mila wangsulanira èsmu suka sukur, winatês pangaraking pangantèn, benjing Suma Manis tanggal kaping 21, salêbêting masa sitra punika, prabu duta sakalihan sami ananggapi ubaya makatên wau, ing antawis dintên mantuk sampun matur salwiring lêlampahan, andadosakên sukaning galihira Prabu Basudewa, lajêng tata-tata ing sapakartining anggènira badhe angarak dhatêng Mandraka, sarêng sampun siyaga samapta mangkat, ingkang pinăngka panganjuring lampah para widadara-widadari sami tapak-tapakan katawang sawatawis inggilipun, nuntên kajêng dewandaru kalihan kajêng janandaru, kausung dening gandarwa sura kaswaka, inggih sami tapak-tapakan katawang, kerit Sang Hyang Naradha, sarwi sêsanti manadukara dhatêng Kakrasana, nuntên kasambêtan lampahira Sang Maharsi Kapi Jêmbawan. Sasewa-sogatanipun sami têtabuhan, angklung bangkilung trêbang kêndhang gêntha kêkêlèng, nuntên kasambêtan para wadya subamanggala ingkang angirit găngsa surendra, nuntên kasundhul lampahing wimana titihaning pangantèn kaayap dening pangawinan upacara ingkang

--- 7 : 52 ---

wontên salêbêting wimana: 1. badhe pangantèn jalu Radèn Kakrasana, 2. Prabu Bismaka ing Kumbina sarimbit, 3. Radèn Krêsna, 4. Dèwi Trijatha, 5. Dèwi Jêmbawati, 6. Dèwi Wara Sumbadra, 7. Endhang Wardiningsih, nuntên kasambêtan lampahipun para wadya măncapraja, ing nalika punika rêrêngganing lêlampah kalangkung asri raras kawuryan.

Kawuwusa nagari ing Mandraka, mangkya Prabu Salya sampun tata-tata, ing sapalakartinipun anggènira badhe katamuan pangantèn. Sarêng para tamu prapta ing kikising praja mawi pinêthukakên ing sang rajaputra kusung-kusung sami karya pakurmatan sowang-sowang, andadosakên kapirênaning para tamu sadaya, ing nalika punika dumugi salêbêting praja Prabu Salya pribadi kang amêthuk angacarani lajêngipun tumamèng pura, ing ngriku Prabu Salya dahat sêsugun dènira katamuan widadara-widadari, botên wontên ingkang kuciwa, pakurmatan angrêsêpakên manah, sarêng enjingipun ing dintên Suma Manis, sami tata-tata badhe dhauping pangantèn, sangkêp sawarnining para meda têtawuran lêlabuhan ing sapanunggilanipun, dumugènipun ing wanci surya sirêp, dyan winiwaha dhauping pangantèn [panga...]

--- 7 : 53 ---

[...ntèn] sakalihan andhatêngakên suka, para widadara-widadari sami anawurakên riris, sumirat saking awiyat amêwahi raras ruming lêlangên sadaya, ngantos dumugi sapêkêning pangantèn taksih lumintu dèrèng kêndhat ing panguyu-uyunipun para widadara-widadari, sarêng antawis dintên sapêkêning pangantèn kaundhuh dhatêng Mandura binayangkare malih, andhatêngakên suka kados kala wontên ing Mandraka, sasampuning paripurna pamiwahaning pangantèn, para widadara-widadari kondur dhatêng kahyangan. Katungka tumêdhakipun Sang Hyang Endra, andhawahakên timbalane Hyang Utipati, manawi Radèn Krêsna kinèn andhaupakên antuk Dèwi Jêmbawati. Prabu Basudewa akalihan Kapi Jêmbawan, parêng samya matur sandika mangayubagya, kala samantên sampun kalampahan dhaup, mawi bangun malih pamiwahanipun tan kuciwa, kalangênan salin-sumalin, sarwi raras kawuryan, Buyut Antyagopa ing Widarakandhang saking sangêtipun dènira kasuking suka sumungku tanpa sêsiku, saengga kadi edan dadakan, andadosakên rêsêping galih para widadara-widadari sadaya, ing nalika punika ngantos kasub saking măncapraja pamiwahaning pangantèn, sakalihan katêmahanipun andadosakên [a...]

--- 7 : 54 ---

[...ndadosakên] panasing galihira para Kurawa ing Ngastina, mila sabibaring pamiwahan, para widadara-widadari sampun sami kondur dhatêng kayanganipun sowang-sowang, para Kurawa rêmbag badhe angrêbat pangantèn èstri, ananging pinambêngan dening kang rama Prabu Drêtarasthra, awit manawi kalampahan makatên kalêbêt nisdha[10] dama gêlah-gêlahing jagad. Karsanipun kang rama badhe utusan dhatêng Mandraka, badhe anglamar putri arining pangantèn kang anama Dèwi Srutikanthi, sang rajaputra amituhu karsaning rama.

Kawuwusa Endhang Wardiningsih, salaminipun wontên ing Mandura, kasmaran dening Dèwi Sumbadra, ananging botên tinimbangan sih malah winarahakên dhatêng kang raka sakalihan, manawi Endhang Wardiningsih sêdya calawênthah kados tiyang jalu, ing nalika punika andadosakên bramantyanipun Radèn Kakrasana, Endhang Wardiningsih badhe kacêpêng oncat, katututan ing warastra, têmah lajêng dados jalu lajêng miruda, Radèn Kakrasana katilapan apuara kondur èsmu rudita.

Gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, Prabu Adirata ing Angga, mangkya sawêg angêmu sungkawa, dènira kecalan putra Radèn Radeya miruda tanpa paliwara [paliwa...]

--- 7 : 55 ---

[...ra,] Arya Druwajaya, Arya Sarata, Arya Dartarata, sami dinuta ngupadosi, botên kalilan mantuk manawi dèrèng antuk warta sayêkti, sarta angkatipun sampun ngantos bêkta wadya kathah, angamungêna kang pantês kinanthi kewala, arya katiga sami mangkat sowang-sowang.

Kawuwusa nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra, utusan anglamar putri Mandraka, kang anama Dèwi Srutikanthi, badhe kadhaupakên antuk Prabu Anom Arya Suyudana, ingkang dinuta Arya Sangkuni, kanthi wadya punggawa ing sawatawis. Dumugining Mandraka Prabu Salya kasêmbadan ing karsa, amung nyuwun sumêne benjang masa srawana, Arya Sangkuni mantuk matur sasolahing dinuta, andadosakên pirênaning galihira Prabu Drêtarasthra.

Kawuwusa Radèn Radeya wontên samadyaning wana, pinanggihan Sang Hyang Surya andangu ingkang dados pangèsthining sêdya, Radèn Radeya sumêrêp manawi ingkang dangu punika dewa sajati, ananging dèrèng sumêrêp ing namanipun, dados amung angaturakên bêbukanipun anggènira kesah punika, awit sungkawa karoban pawartos satuhu manawi Prabu Adirata ing Angga punika, dede sudarmanipun [sudar...]

--- 7 : 56 ---

[...manipun] sajati, utawi Dèwi Radha punika amung ibu sêsêpan kemawon, mila kêdah wisata angingkis ratri tan paliwara, ingkang dados pangèsthining sêdya amung badhe ngupadi ngudi yayah rena, sawêg dumugi samantên aturipun Radèn Radeya, sinambêtan pangandikanipun Sang Hyang Surya, mêmalad prana sarywa sajarwa ing nama, Radèn Radeya winarah manawi putranipun sajati, kang ibu putri Mandura anama Dèwi Kunthi, bêbukaning lêlampahan dumugi ing wêkasanipun, sampun kacariyosakên sadaya, nuntên Radèn Radeya pinaringan pusaka sanjata kunta durwasa, gandhewanipun anama wijayadanu, inggih wijayacapa, adarbe prabawa angêdalakên pangabaran warna-warna, Radèn Radeya winisik kinèn lajêng dhatêng Mandraka, lampah dhustha marasandi, angalapa Dèwi Srutikanthi, pinasthi dadi jatukramanira, dupi Radèn Radeya nêmbah anampèni sanjata kunta Sang Hyang Surya mêsat angambara, ing sanalika punika raosing galihipun Radèn Radeya prasasat sampun ambawani bawana, dènira darbe pusaka sanjata kunta, kapêsthèkakên tanpa tandhing ing ayuda, mila angkatipun dhatêng Mandraka tansah murang marga aduduk ing wanapringga, sarêng dumugi ing Mandraka anjujug [anjuju...]

--- 7 : 57 ---

[...g] salêbêting pura, botên wontên ingkang uninga, amung Dèwi Srutikanthi sumêrêp awit tiningalakên pribadi, sabên-sabên sêpên tiyang Radèn Radeya amanggihi dhatêng Dèwi Srutikanthi, panduking netra sakalihan sami kasmaranipun. Kala samantên ngantos lami dènira asring pêpanggihan wontên lawang wanguran. Sarêng sampun dumugi wahyaning măngsa kala, kawistara awit saking sarirane Dèwi Srutikanthi ing mangkya anglayung, dinangu dening kang rama ibu darunanipun makatên punika, manawi sungkawa awit saking punapa, manawi nyandhang sakit ingkang pundi kang karaos, Dèwi Srutikanthi tansah kumbi kemawon, ing têmahan andadosakên panggraitaning kang rama utawi ibu winastan darbe timbangan lawan priya, awit ing nalika punika, Dèwi Srutikanthi kaintip salwiring solah bawanipun. Botên lami Prabu Salya uninga, wontên priya lêlênggahan akalihan Dèwi Srutikanthi, sarèhning dalu Prabu Salya kasamaran ing warna, dinalih manawi punika panêngahing Pandhawa, mila Prabu Salya kèndêl amarsudi budi, sarêng enjing anglampahakên utusan dhatêng Ngamarta, mawi sêrat wêwêran sajarwa sandining kang kauningan nalika ing dalu, dumugining

--- 7 : 58 ---

Ngamarta sêrat katampèn sampun tinupiksa ing sasuraosipun, Radèn Pamade dinangu ingkang raka, aturipun botên rumaos, dados pandung aguna, tiniti-titi mêksa kumbi kemawon, ing wêkasan Radèn Pamade kabêktakakên saantuking duta, dumugi ing Mandraka dinangu dening Prabu Salya, aturipun Radèn Pamade botên angakêni, mila lajêng katêmpahakên anyêpênga pandung aguna, Radèn Pamade matur sandika, ing ngriku sampun kalilan anjêjêp salêbêting pura, botên antawis dangu Radèn Pamade uninga wontên tiyang jalu anamur lampah lêlimunan lajêng pinarpêkan sarwi tinakenan. Radèn Radeya kagyat dening lêlimunan têka wontên ingkang uninga, dados wangsulanipun sêmu gugup têmah sajarwa, dupyarsa cinêpêng dening Radèn Pamade, Radèn Radeya oncat binujung sapurugipun. Ing wêkasan prang samya ngabên kasantikan botên wontên ingkang kuciwa, dangu-dangu Radèn Radeya ragi karepotan, lajêng amusthi sanjata kunta pinênthang mêdal dahana sawukir, Radèn Pamade animbangi musthi sanjata bramastra mijil dahana mawêrdi, paguting prabawa latu sakalihan angalad-alad dumugi suralaya, andadosakên gègèripun para widadara-widadari [widadara...]

--- 7 : 59 ---

[...widadari,] mila Sang Hyang Naradha tumêdhak anyapih kang ayuda, sami dhinawuhan kinèn anglarut prabawaning latu punika, manawi kalajêngêna botên wande kenging ila-ila antuk sapudhêndhaning bathara, ing nalika punika kang abăndayuda sami sumêrêp manawi Sang Hyang Naradha, tumêdhak andhawuhakên dêduka, lajêng sami nyirêp prabawa parêg parêng angèstupadaning Sang Hyang Naradha. Ya ta Prabu Salya ing sadangunipun satriya kalih sami prang angabên kasantikan, kasamaran ing pandulu dènira kêmbar warna tanbuh ingkang winastan pandung aguna, sarêng Sang Hyang Naradha tumêdhak Prabu Salya marêg lajêng dhinawuhan kinèn anglêstantuna dhaupipun Sang Dèwi Srutikanthi antuk Radèn Radeya, sabab sampun pinasthi dados jodhonipun, ing têmbe sêsuta jalu pitu, sami prawirèng ayuda, ing wêkasan pangandikanipun Sang Hyang Naradha, anyêrêpakên Radèn Radeya punika kadangipun wardaning Pandhawa, kang ibu Dèwi Kunthi cinangkrama ing Sang Hyang Surya, pinupu yoga dening Prabu Adirata ing Angga, têlas pangandikanipun Sang Hyang Naradha lajêng muksa, kala samantên Prabu Salya lajêng utusan dhatêng Ngastina, salwiring lêlampahan punika saking karsanipun Sang Hyang Naradha, Prabu Salya angaturakên ingkang dados [da...]

--- 7 : 60 ---

[...dos] lêlintu, badhe garwanipun Prabu Anom Arya Suyudana, putra èstri ingkang anèm ingkang nama Dèwi Banuwati, manawi kasêmbadan ing karsa badhe kasarêng dhaupipun kalihan Radèn Radeya, antuk Dèwi Srutikanthi benjang masa srawana, ingkang dinuta sampun anampèni salwiring lêlampahan mangkat. Nuntên Radèn Radela[11] dhinawuhan kinèn mantuk dhatêng Angga rumiyin, benjing manawi sampun dumugi ing ubanggi kalilan wangsul kairida dening Prabu Adirata, Radèn Radeya matur sandika lajêng mangkat, ing sapêngkêripun Radèn Radeya, nuntên Radèn Pamade dhinawuhan kinèn mantuk dhatêng Ngamarta, awêwartia dhatêng kang ibu utawi para kadangipun Pandhawa, salwiring lêlampahan sampun sami rahayu botên wontên kawis-kawis. Manawi kaparênga ing benjing masa srawana sami sinêgatan angèstrèni dhaupipun pangantèn. Radèn Pamade matur sandika, ananging kalilana taksih angangge-angge cara brahmana, Prabu Salya anayogyani, ing antawis dintên Radèn Pamade mangkat.

Ya ta lampahipun ingkang dinuta dhatêng Ngastina, sampun angaturakên ing sawêwêlingipun Prabu Salya sadaya, Prabu Drêtarasthra kasêmbadan ing karsa punika, punang duta kalilan [ka...]

--- 7 : 61 ---

[...lilan] mantuk dhatêng Mandraka.

Kawuwusa Radèn Radeya wontên ing margi kapêthuk akalihan Arya Druwajaya, wartos-winartosan salwiring lêlampahan sami suka sukur, nuntên kapêthukan malih akalihan Arya Sarata, Arya Darwarata, sasampunipun sami wartos-winartosan, lajêng umiring ngantos dumugi ing Angga, Radèn Radeya angaturakên salwiring lêlampahanipun dhatêng kang rama Prabu Adirata andadosakên sukaning galih.

Kawuwusa lampahipun Radèn Pamade, dumugi ing Ngamarta sampun matur dhatêng kang ibu akalihan ingkang para kadang sadaya sami mangayubagya.

Amarêngi masa srawana taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Wiya, kacariyos nagari ing Mandraka, mangkya Prabu Salya sampun sarywa samapta dènira badhe amiwaha putra-putri sakalihan, utawi dènira amêmatah karya uparêngganing pakurmatan dhatêng para tamu sangkêp sadaya.

Kawuwusa nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra sampun ambidhalakên rajaputra angarak dhatêng Mandraka, kadhèrèkakên para nata măncapraja, saha wadya

--- 7 : 62 ---

punggawa sadaya, lampahipun ing marga karya kacaryaning kang sami aningali, dumugi ing Mandraka, tataning pakurmatan yayah kadya tinêdhakan widadara-widadari, ing antawis dintên praptanipun Prabu Adirata ing Angga, nuntên para tamu sêsêgahan prapta sadaya, sarêng dumugining dintên ingkang pinilih prayogi pangantèn sakalihan kadhaupakên, ingkang rumiyin Dèwi Srutikanthi antuk Radèn Radeya, nuntên Dèwi Banuwati antuk prabu anom ing Ngastina, pamiwahaning pangantèn kalih pisan sami binayangkarya, andhatêngakên suka, dumugining antawis dintên kaundhuh dhumatêng Ngastina, pangantèn sakalihan binayangkare malih binawahan kados kala dhaupipun, sakalangkung dènira karya pisukaning para dhatêngan sadaya.

Gêntos kacariyos sêsarênganing lêlampahan, samadyaning wana ing Minaka wontên danawa rêraton, anama Ditya Raja Kujanakarna, ing nalika punika supêna krama antuk putri ing Mandraka, kang awasta Dèwi Srutikanthi, enjingipun andangu dhatêng para punggawa, manawi wontên ingkang sampun sumêrêp nagari ing Mandraka, aturipun para punggawa sami katambêtan. Amung wontên, dwija mantri satunggal, awasta Karkatha, angaturakên pawartosipun [pawar...]

--- 7 : 63 ---

[...tosipun] ing pêpêkênan, manawi Dèwi Srutikanthi sampun aparakrama, antuk rajaputra ing Angga, kang anama Radèn Radeya, dhaup sarêng akalihan rajaputra ing Ngastina, kang anama Arya Suyudana, antuk arinipun Dèwi Srutikanthi, anama Dèwi Banuwati, langkung agêng bawahanipun ing pangantèn dumugining samangke sami kaundhuh dhatêng Ngastina, sawêg dumugi samantên aturipun Sang Ditya Karkatha, ing sapamiyarsanira Sang Raksasa Raja Kujanakarna, dahat bramantya lajêng undhang-undhang tata-tata anglurug dhatêng Angga, sasampunipun sarywa samapta bidhal saha wadyakuswa, dumugi ing Angga lajêng ngamuk punggung nirbaya wikara, sarèhning Prabu Adirata taksih wontên ing Ngastina, dados botên wontên ingkang nanggulang parangmuka, para wadya punggawa kang atêngga praja samya larut asasaran, ing wêkasan prajèng Angga binêdhah tanpa parikrama, Ditya Raja Kujanakarna lajêng angênggèni kitha ing Angga saha wadya punggawa sadaya, sadintên-dintên tansah siyaga samaptaning ayuda, kang kaèsthi badhe nglurug dhatêng Ngastina.

Nahan kawuwusa malih nagari Ngastina, mangkya Prabu Adirata amiyarsa ing aturing wadya kang alêlayu, manawi ing Angga kabêdhah dening ditya raja anama Kujanakarna, lajêng

--- 7 : 64 ---

angêbrêgi salêbêting kitha pisan, ing sapamiyarsanira Prabu Adirata dahat bramantya, sami sanalika pamit dhatêng Prabu Drêtarasthra, manawi badhe apêpulih ing ayuda sêdya amunah mêngsah ditya kang angêbrêgi praja, Prabu Drêtarasthra mangayubagya, sarta ambêktani kanthi para putra Kurawa saha wadya, budhal saking Ngastina ginêlak lampahira, dumugi ing Angga lajêng campuh ing prang langkung rame gêntos kalindhih, gêntos kuciwa, sarêng antawis dintên para Kurawa kasêsêr asasaran, Radèn Radeya mangsah pêpulih paguting prang para ditya kalindhih akathah ingkang pêjah, Sang Yaksa Kujanakarna mangsah mangungsir kiwul ing wêkasan pêjah dening Radèn Radeya, kuwănda muksa, parêng gara-gara gêtêr-patêr dhèdhèt erawati guntur kêtug asauran, ing ngriku tumêdhakipun Sang Hyang Naradha, andhawahakên timbalanipun Hyang Girinata, manawi ing mangke Radèn Radeya pinaringan pêparab Karna, sarta kalilan angangge busana karajan, makutha bukasri jêjamang kinatipa, awit saking katarima anggènipun anyirnakakên ditya gêlah-gêlahing jagad asring angarubiru pujabrataning para maharsi, Radèn Radeya nêmbah matur mugi lêstantuna angsal parmaning bathara, sarêng Sang Hyang Naradha [Nara...]

--- 7 : 65 ---

[...dha] muksa, Prabu Adirata anarubakên para Kurawa saha wadya sadaya, sami pinisuka ing sakarsa-karsa, botên wontên ingkang kuciwa, dupi sasampuning antawis dintên para Kurawa sami budhal mantuk dhatêng Ngastina.

Salêbêting warsa Sarwasiti, etanging taun surya sangkala 695, tinêngêran yaksa rodra angoyag langit. Kaetang ing taun candra sangkala 716, tinêngêran angrasa tunggal wangsa.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra, sawêg anandhang sungkawa, awit ingkang putra èstri Dèwi Drusilawati murca tanpa karana, para putra Kurawa saha wadya punggawa sami dhinawuhan kinèn angupadosi.

Gêntos kacariyos nagari ing Ngamarta mangkya Sang Dwija Kangka, kadhatêngan brahmana, anama Rêsi Metreya, sajarwa ing kasusahanipun, dènira tansah kapurugan duratmaka, karya rêrêsah angarubiru janma ngarat rajakaya, dupi sinungku ing pudyabrata wontên wasitaning dewa, kang amasthi sagêd anyirnakakên duratmaka amung panêngahing Pandhawa, mila manawi kaparênga Radèn Pamade badhe kabêkta dhatêng wukir Mèstri, inggih punika padhepokanipun [padhepokanipu...]

--- 7 : 66 ---

[...n] Rêsi Metreya, Dwija Kangka lajêng andhawahi kang rayi Radèn Pamade kinèn tumutura ing saantukipun Rêsi Metreya, Kandhi Wrêhatnala amituhu dhawahing raka sarêng antawis dintên mangkat. Dumugining wukir Mèstri, langkung sinuba-suba, kabingahakên ing galihira, têrkadhangan asring kaaturan anênumpu sato wana, botên lami wontên duratmaka, saha langkung kathah sangkêp ing saupakartinipun sarêng sami lumêbêt ing dhepokan pinêthukakên dening Kandhi Wrêhatnala, para duratmaka tumpês tapis tanpa sesa, ing antawis dintên wontên duratmaka prapta malih amung sawatawis kathahipun, badhe ambarak rajakaya pinêthukakên dening Kandhi Wrêhatnala, sami kawon bibar larut mirut asasaran, ing nalika punika kapiyarsa saking amănca, manawi Rêsi Metreya darbe gambèn wong prawirotama, dados sakathahing durjana duratmaka sami giris miris botên wontên kang asêdya karya arubiru dhatêng Rêsi Metreya, mila ing mangke padhepokaning wukir Mèstri, sapadhêkahanipun kawuryan karta raharja. Ya ta sawêg rêmbagan badhe konduripun panêngahing Pandhawa dhatêng Ngamarta dumadakan amiyarsa tangising wanudya sangsaya cêlak katingal saking padhepokan, wontên dipăngga pêthak tinumpakan [tinu...]

--- 7 : 67 ---

[...mpakan] ing pawèstri, ananging kang anumpak karuna kalara-lara, sêsambatipun makatên: Rama Prabu Drêtarasthra, kayaparan raganingsun iki, têka tan kaupaya kadang ingsun para Kurawa apa tan ana kang anglari, apadene kadeyaningsun para Pandhawa, apa durung ana myarsa yèn ingsun ginawa ing gajah putih, dipăngga pêthak tansah angêngimur ing pamuwus pamanuhara, wus mênênga yayi aja akèh-akèh kang karănta, sanadyan ingsun iki gajah isih ratuning dirada amêngku bala bacingah sarwa tama, janma ditya sato manuk, prajaningsun aran Tirtakadhasar, prênah talaga agung aran Tirtakandhaka, iku panggonan rêtna mutyara măncawarna, ana kang sisik kancana, ana kang netra kumala, iku padha amuwuhi kabungahan, Dèwi Drusilawati kèndêl takèn namaning dipăngga pêthak. Winangsulan anama Gajendra Jayasêngara, turase Hyang Ganesa, Dèwi Drusilawati muwus malar-sih kinèn angudhunakên sakêdhap kemawon badhe asêsêne. Dipăngga pêthak angudhunakên sarywa ngrarêpa ing pamuwus, yayi dèwi muga tulus asih maringsun, marma karaya-raya ingsun dhustha, amung sira kang dadi paraning nala, mangkya jiwa raga kasrah anglakoni ing karsanira.

--- 7 : 68 ---

Wau ta kang amulat amiyarsa, ing sasolah bawaning dipăngga, sampun botên kasamaran, manawi pawèstri punika Dèwi Drusilawati putri ing Ngastina, mila Kandhi Wrêhatnala madêg kasudiranira lajêng mangsah nirbaya wikara, sêdya angrêbat Dèwi Drusilawati, Jayasêngara uninga lajêng nyandhak mring Dèwi Drusilawati, kabêkta mêsat angambara, tinututan dening Sang Kandhi Wrêhatnala, têmah prang wontên ing gêgana, ananging Gajendra Jayasêngara karepotan ing wêkasanipun Rêtna Dèwi Drusilawati kenging karêbat dening Kandhi Wrêhatnala, katanggapan dening Sang Rêsi Metreya, ing ngriku Gajendra Jayasêngara lajêng darbe pangintên manawi brahmana kalih punika duta caraka saking Ngastina, mila andadosakên bangun kabanganing tyas, sura tan taha mangsah krura mêta ngrik pêksarsa ngrabasèng ripu, Kandhi Wrêhatnala panggah dènira nanggulang pamuking sang asti raja, parêng samya mijilakên kasantikan pamaribawa, Kandhi Wrêhatnala badhe kasêsêr lajêng amêsu prabawa bayu păncawora, Gajendra kabuncang dhawah ing prajanipun lajêng angundhangi wadya badhe anglurug dhatêng ing Ngastina. Ya ta Sang Rêsi Metreya apirêmbagan dhatêng Kandhi Wrêhatnala, mênggah Dèwi Drusilawati punika langkung prayogi kakondurakên dhatêng Ngastina, Kandhi [Ka...]

--- 7 : 69 ---

[...ndhi] Wrêhatnala mangayubagya, ing antawis dintên mangkat.

Kawuwusa para Kurawa, ingkang sami ngupadosi Dèwi Drusilawati, ing mangkya wontên wadya ngaturi uninga, manawi Dèwi Drusilawati kadhèrèkakên dening brahmana, ing ngriku para Kurawa sami angintên brahmana punika ingkang andhustha putri, para Kurawa madêg suraning driya lajêng tanpa parikrama, ananging sami kawon dening Sang Kandhi Wrêhatnala, para Kurawa sarêng mundur mantuk dhatêng Ngastina, Rêsi Metreya akalihan Kandhi Wrêhatnala, lampahipun badhe dhèrèkakên Dèwi Drusilawati.

Kawuwusa antukipun para Kurawa, dumugi ing Ngastina sampun matur manawi sami angsal damêl, kapanuju ing ênu Dèwi Drusilawati kabêkta dening brahmana, tinêmbung sangkaning aris botên suka, ngantos katêmahan dados păncakara, sarèhning ajrih ing ila-ila manawi anglawanana brahmana, dados sami kaunduran angaturi wuninga, ing mangke nyadhong karsane rama nata, ya ta Prabu Drêtarasthra dupi amiyarsa ing atur doracara makatên punika andadosakên bangun alin-alining nala, rajaputra akalihan Sindupati sami kadhawahan anglari lampahing brahmana punika, dèrèng mangkat katungka praptanipun Sang Rêsi Metreya [Me...]

--- 7 : 70 ---

[...treya,] akalihan Kandhi Wrêhatnala, ingkang sami andhèrèkakên ing Dèwi Drusilawati, sarêng andangu aturipun kaborongakên dhatêng Dèwi Drusilawati, bokmanawi karsa matur sajarwa ing lêlampahanipun. Nuntên Prabu Drêtarasthra andangu dhatêng Dèwi Drusilawati angaturakên wiwitan dumugi ing wêkasan, ananging botên kapitados dhatêng kang rama, malah kadukan dipun wastani angêmu saeka praya kalihan brahmana, Dèwi Drusilawati karuna angaru-ara lajêng kabêkta lumêbêt ing dhatulaya, Prabu Drêtarasthra sangsaya kalajêng-lajêng dukanipun. Brahmana sakalihan dalah para siswanipun, kang umiring sami kacêpêngan linêbêtakên ing kunjara sadaya, botên antawis lami Gajendra Jayasêngara pranta[12] sabalaning para bacingah sami angrampit praja Ngastina, kapêthukakên dening para Kurawa, paguting prang langkung rame botên wontên ingkang kuciwa, dangu-dangu para Kurawa kasêsêr sami lumajêng asasaran, nuntên sang rajaputra akalihan Sindunata, Drusasana, saha wadya samya mangsah mangusir kiwul, ing ngriku kèngsêring mêngsah janma ditya, sami mundur tata-tata, dupi sampun sarwa samêkta, lajêng mangsah malih maksa kalindhih kathah ingkang pêjah, nuntên Sang Gajendra Jayasêngara, lajêng [la...]

--- 7 : 71 ---

[...jêng] angamuk punggung nirbaya wikara, singa ingkang tinarajang angisis, sang rajaputra akalihan Jayadrata, miwah Drusasana sami malajêng, ing nalika punika brahmana kalih pisan siswanipun sami linuwaran, sami kinèn amêthukakên, pangamukipun sang gajendra, nuntên Sang Kandhi Wrêhatnala mangsah ing rana anglêpasakên sanjata dibya Gajendra Jayasêngara kataman ing warastra pêjah, kuwănda muksa, sarêng parangmuka sampun sirna sadaya, brahmana sakalihan sami anampèni ganjaran manekawarna, arsa pinundhutan pangaksama dènira kinunjara tanpa dosa, pangandikanipun Prabu Drêtarasthra tansah angrarêpa sampun ngantos anêmahi ila-ila, winangsulan botên dados punapa ing panjênênganing nata, ananging batosipun Rêsi Metreya sampun lajêng angupatani dhatêng para Kurawa, ing têmbe sami anêmahana pêjah siya, sasampunipun amangsuli makatên, brahmana sakalihan sami pamit mantuk kalilan.

Kawuwusa malih nagari Ngastina, mangkya karsanipun Prabu Drêtarasthra Dèwi Drusilawati kadhaupakên antuk Sinduraja, para putra Kurawa saha wadya sami mangayubagya sadaya, ing nalika punika lajêng dhawah tata-tata, uparêngganing [upa...]

--- 7 : 72 ---

[...rêngganing] amiwaha.

Amarêngi masa sitra, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Sarwasiti, kacariyos nagari Ngastina, mangkya Dèwi Drusilawati winiwaha dhaupipun antuk Prabu Jayadrata, langkung agêng bawahaning pangantèn andhatêngakên suka.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Sarwasiti, kawuwusa Kandhi Wrêhatnala, ing nguni saantukipun saking Ngastina lajêng dhatêng Ngamarta, sampun matur saliring lêlampahanira, andadosakên pangunguning kang ibu miwah kang para kadang sadaya, ing mangke cariyos anuju sawêg samya cangkrama dhatêng wana wontên cobaning dewa, Dèwi Drupadi aningali kajêng nèli, wohipun amung satunggal, inggih punika kamlaka manis, wohipun maya-maya kadi sêsotya, Dèwi Drupadi langkung kumêcêr salêbêting galih, lajêng kapêthik pinusthi ing asta, dèrèng ngantos kadhahar wontên brahmana prapta, atêtakèn woh nèli punika, Dèwi Drupadi amangsuli manawi mêntas anggènipun mêthik saking wit punika, brahmana gumujêng sarwi muwus makatên: Kula punika brahmana jati, awasta Rêsi Wasukarma, turasing Maharsi Wiswakarma,

[73]

awit saking rare anggèn kula anglampahi nastapa, anênuwun parmaning dewa, sagêda sumêrêp dhatêng para Pandhawa, amargi kasêbut wontên salêbêting Sêrat Wedha, singa ingkang nyumêrêpi lêlampahaning para Pandhawa, ing dêlahanipun cinadhang ing swarga, sarêng antawis lami antuk parmaning dewa, winasita sawantah wontên ing pamursitan, kula kadhawahan atêtruka wontên arah-arahing Wanamarta, kinèn rumêksa wohing kajêng punika, badhe dados jalaraning kapanggih akalihan para Pandhawa, kalampahan ngantos dumugi ing sapariki botên wontên kang purun ngambila, ing wêkasan andika pêthik, punika andadosakên rêtu, pangunguning manah kula, kadipundi sagêdipun wangsul dhatêng uwit malih, ingkang supados sami raharjanipun. Ya ta Dèwi Drupadi amiyarsa ing wuwusipun Rêsi Wasukarma makatên punika, têka miris salêbêting galihira, awêkasan sajarwa manawi pramèswarining nata Pandhawa, sawêg sami anamur lampah mindha brahmana. Rêsi Wasukarma duk amiyarsa andadosakên garjitaning manah, lajêng mêmalarsih sagêda sowan dhatêng ngarsaning para Pandhawa, kaparêngan sanalika lajêng kairid sowan ing ngarsaning Sang Dwija Kangka, Dèwi Drupadi dinangu matur sajarwa, saking [sa...]

--- 7 : 74 ---

[...king] wipit[13] kala amêthik wohing nèli dumugi wêkasanipun angirid Rêsi Wasukarma punika, ing ngriku para Pandhawa lajêng sami anambrama dhatêng Rêsi Wasukarma, saha andangu paraning karsa, woh nèli ingkang sampun kalajêng pinusthi dening Dèwi Drupadi punika, aturipun dahat amundhi dènira sinambrama, mênggah wohing nèli punika saèstu sampun pinasdhi[14] dados jalaraning wawratipun Rêtna Drupadi, ananging pandhaharipun kêdah mawi sarana kaulungakên saking priya, ingkang kasênêngan ing dalêm cipta, sintên ingkang dados paraning manah sajati saèstu kenging angulungêna ing woh nèli punika, lajêng kadhahara dhatêng Dèwi Drupadi andadosakên kabêgyan. Upami pandhaharipun tanpa sarana makatên, bokmanawi kenging ila-ila, têlas aturipun Rêsi Wasukarma, Dèwi Drupadi kadhawahan dening kang raka lajêng angaturakên woh nèli, dupi katampèn botên kenging kaulungakên tansah karakêt ing asta, nuntên katampèn dening Sang Wasi Abilawa, badhe kaulungakên dhatêng Dèwi Drupadi, botên sagêd uwal saking astanipun, sarêng katanggapan dening Kandhi Wrêhatnala, lajêng kaulungakên dhatêng Dèwi Drupadi, tanpa sangsaya, lêstantun woh nèli punika pinusthi ing astanira Dèwi [Dè...]

--- 7 : 75 ---

[...wi] Drupadi malih, Rêsi Wasukarma matur: Mugi sampun wontên ingkang sami wancak driya, sarèhning sampun katăndha manawi priya ingkang dados dununging ciptanipun, Dèwi Drupadi punika amung panêngahing Pandhawa, Dwija Kangka botên dados rudita malah suka anarima, ing ngriku Dèwi Drupadi rumaos kalingsêman dènira kawanguran saosiking ciptanipun ngantos surêm sunaring netra yayah tanpanon rat ing sanalika tansah kaimur dening kang raka Sang Dwija Kangka, sarta kadhawahan kinèn tumuntên andhahara woh nèli ingkang pinusthi punika, Dèwi Drupadi saking dènira anurut ing karsaning priya dados dhaharing woh nèli èsmu rangu-rangu sarywa rawat waspa, botên antawis dangu Rêsi Wasukarma muksa anunggil kalihan woh nèli, lajêng amanjing dhatêng guwa garbanipun Dèwi Drupadi, sami sanalika Dèwi Drupadi malih warna cêmêng manis, labêt saking kawibawan dènira kapanjingan Rêsi Wasukarma, pawakanipun cêmêng mulus, ing nalika punika awitipun Dèwi Drupadi apêparab Dèwi Krêsna, ananging inggih taksih kasêbut nama Endhang Malini.

Mangkya kawuwusa Kandhi Wrêhatnala, sarêng winastan kadunungan ing sihipun Dèwi Drupadi, sakalangkung ajrihira dhatêng kang raka sarta angêmu kalingsêman, mila ing dalu miruda [miru...]

--- 7 : 76 ---

[...da] tanpa rowang, kang kaèsthi badhe amanting raganira minta pangaksamaning dewa.

Gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, talatahing wana Prawa, wontên ditya turasipun Sang Hyang Wisnu, jumênêng nata anama Ditya Raja Kujanakrêsna, akêkitha ing Dwarakawrêsti, kasêbut ing ngakathah winastanan nagari ing Batanakawarsa, wadya punggawanipun para ditya raksasa gandarwa tanpa etangan. Ing mangkya Ditya Raja Kujanakrêsna darbe karsa sagêda krama widadari Dèwi Wilotama, ananging botên kasêmbadan dening dewa, andadosakên ruditanipun Sang Ditya Raja Kujanakrêsna, lajêng nglurug dhatêng suraya,[15] para dewa amêthukakên prang tansah kuciwa, ing wêkasan Sang Hyang Naradha tumêdhak dhatêng Mandura, kautus kapanggiha Prabu Basudewa, Sang Hyang Naradha andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, kinèn amundhut saraya putra ing Mandura kang anama Radèn Krêsna, badhe tinuduh amêthukakên mêngsah ditya raja, saking Dwarakawrêsti, aturipun Prabu Basudewa anyumanggakakên ing karsa sang maha bathara, botên antawis dangu tumurunipun Sang Hyang Endra, amaringakên rata kancana apangirit kuda catur warna: 1. kuda pêthak mulus, winastan sunyasakti [su...]

--- 7 : 77 ---

[...nyasakti,] 2. kuda jênar, winastan sukăntha, 3. kuda abrit, winastan brapuspa, 4. kuda cêmêng mulus, winastan siptawalaha, sakawan pisan samya darbe kawasa: sunyasêkti sagêd angambah toya, sukăntha sagêd angambah napak dirgantara, brapuspa sagêd lumêbêt ing latu, siptawalaha sagêd amblês ing bumi, sarta amaringakên bêndhe têngêraning prang awasta pancajanya, tgêsipun darbe prabawa gangsal, inggih punika mênawi katabuh sapisan andhatêngakên prabawa lindhu karya gonjing manahing mêngsah, manawi katabuh kaping kalih andhatêngakên prabawaning latu, karya panyakit badaning mêngsah, manawi katabuh kaping tiga, andhatêngakên prabawa angin, akarya aru-ara ing solah tandanging mêngsah, manawi katabuh kaping sakawan andhatêngakên jawah karya kasrêpan wirodaning mêngsah, manawi katabuh kaping gangsal andhatêngakên prabawa pêtêng, karya bingung liwung paningaling mêngsah, sadaya punika kaparingakên dhatêng Radèn Krêsna, sampun katanggapan lajêng sami mêsat angambara, dumugi ing suralaya amêthukakên mêngsah, ditya raja langkung rame dènira angabên kasantikan. Sarêng antawis dangu Ditya Raja Kujanakrêsna anêmahi lena kasambut samadyaning

--- 7 : 78 ---

ayuda kuwănda muksa, wadya punggawanipun para ditya raksasa gandarwa parêng mangsah mangungsir kiwul botên wontên kang măngga pulih, sami anêmahi pêjah, kataman ing pangaribawa, amung wontên ditya satunggal kang anungkul atur pêjah gêsang sampun katarima, dinangu namanipun matur sajarwa manawi ditya raja ing Dwarawati, awasta Yuda Kalakrêsna, kalêrês arinipun Sang Ditya Raja Kujanakrêsna, dinangu prênahing praja, aturipun, mênggahing Dwarawati punika parêk akalihan ing Dwarakawrêsti, inggih sami salêbête tanah Prawa. Têlas aturipun Ditya Raja Yuda Kalakrêsna, ing ngriku karsanipun Sang Hyang Endra kasêmbadan dening para dewa sadaya, nagari ing Dwarakawrêsti sabawahipun kang kalêbêt tanah Prawa sami kaparingakên dhatêng Radèn Krêsna, sumêrêp dados ganjaranipun saraya jayèng laga ditya raja ing Dwarawati kang minăngka ulu-ulu kinèn anarubakên para dênawa, sarêng sampun katanggapan dhatêng Radèn Krêsna, lajêng sami kalilan mantuk asowang-sowangan, dumugi ing Mandura Radèn Krêsna sampun matur dhatêng kang rama salwiring lêlampahan sadaya, Prabu Basudewa langkung suka sukur.

Gêntos kawuwusa Kandhi Wrêhatnala ing sakesahipun [sakesahipu...]

--- 7 : 79 ---

[...n] saking Ngamarta mangkya kèndêl wontên imbanging wukir Imalaya lajêng ambangun tapa, ing ngriku tansah rinegonan dening paksi dara pêthak amung gangsal sami anggodha, wontên ingkang mencok ing sirah anyèkèr angarubiru, amrih badharing kusuma sudira brata, ananging Sang Kandhi Wrêhatnala botên pisan manawi gugura dènira mêgêng păncadriya, dupi cinakaran wastranipun ngantos badhe kawudan Sang Kandhi Wrêhatnala lajêng anyipta sanjata dibya mijil saking jaja, tumanduk dhatêng paksi dara pêthak gangsal pisan sami ruwat dados widadari, parêng asêsanti jaya-jaya sarywa amêmuji kadigdayanipun panêngahing Pandhawa, lajêng sami sajarwa manawi sajatining widadari gangsal: 1. Dèwi Braja, 2. Dèwi Irawana, 3. Dèwi Irawati, 4. Dèwi Wara Menaka, 5. Dèwi Lênglêng Madanu, kala rumuhun sami kenging upatanipun Sang Hyang Wisesa, anêmahi dados pêksi dara pêthak, wêkasanipun ing mangkya ruwat sami dados widadari malih, dahat dènira suka rêna anarima, Kandhi Wrêhatnala lajêng tinuduh kinèn suwita dhatêng Mandura, sarta wangsula angangge cara satriya malih ing têmbe antuk kabingahan, sasampunipun awêwarah makatên para widadari gangsal sarêng sami muksa. Kandhi

--- 7 : 80 ---

Wrêhatnala lajêng mangkat saking ing Imalaya, dumuginipun ing Mandura sampun katampèn pasuwitanira, sarta kauningan manawi punika panêngahing Pandhawa mijil saking Dèwi Kunthi, ing ngriku lajêng kaparingakên dados kondhangipun Sang Narpatmaja Radèn Krêsna, kasêbut nama Radèn Parta.

Salêbêtipun ing warsa Sarwadari, etanging taun surya sangkala 696, tinêngêran oyaging gapura karêngèng wiyat. Etanging taun candra sangkala 717, tinêngêran swaraning janma gora.

Amarêngi masa palguna, kacariyos malih nagari Mandura, mangkya Prabu Basudewa muksa, kagêntosan putra sêpuh, anama Prabu Baladewa, Radèn Krêsna dados sêsulihing prabu anom, kasêbut nama Prabu Krêsna Wasudewa.

Gêntos kawuwusa nagari ing Kumbina, mangkya Prabu Bismaka sawêg kasêngkêlan galih, awit dening kang putra pambayun èstri anama Dèwi Rukmini, punika linamar ing para nata măncapraja botên wontên ingkang katampenan, amargi saking pêpanggilipun Dèwi Rukmini, aminta jatining jalu lan èstri, pêpanggilipun kang rayi priya Dèwi Rukmini anama Radèn Rukmaka karya sayêmbara,

--- 7 : 81 ---

singa kang ngawonakên kasudibyaning ayuda saèstu lêstantun pamêngkunipun dhatêng Dèwi Rukmini, pêpanggilipun makatên punika kasusra ing pramudita, kalampahan para nata akalihan para satriya miwah para brahmana, sami angadêgi sayêmbara dhatêng Kumbina, mila Prabu Bismaka sangêt dènira kapêtêngan ing budi, singa prapta sinambrama ing parikrama, kinèn angantosakên patêmbayaning sayêmbara.

Kawuwusa nagari ing Mandura, mangkya Prabu Krêsna Wasudewa karsa badhe aningali pangadaning sayêmbara ing Kumbina, angkatipun akanthi Radèn Parta.

Kawuwusa ing Ngamarta, mangkya Sang Dwija Kangka katêdhakan ingkang eyang Bagawan Byasa, dhinawahan kinèn dhatêng Kumbina akalihan ingkang rayi Wasi Abilawa kewala, sarta akalilan amangsuli pangangge cara satriya malih, parluning karya kinèn ambatang pêpanggilipun Dèwi Rukmini, manawi sampun katarima pambatangipun ngantos kalampahan anampèni Dèwi Rukmini, lajêng kinèn andhaupakên akalihan Sang Prabu Krêsna Wasudewa ing Mandura, sabab sampun pinasthi dados bojonipun, sarêng sampun kadhawahan makatên sakalihan lajêng sami mangkat. Dumugining [Dumu...]

--- 7 : 82 ---

[...gining] Kumbina kapanggih akalihan Prabu Krêsna Wasudewa sarta Radèn Parta, sampun winarahakên sadhawuhing kang eyang Bagawan Byasa sadaya, andadosakên sukaning galihira kang jinatosan.

Kawuwusa ing Ngastina, mangkya para Kurawa sami anggubêl dhatêng Dhanghyang Druna, minta pambatang ing pêpanggilipun Dèwi Rukmini, Dhahyang Druna sagah lajêng kairid dhatêng Kumbina.

Kawuwusa para nata ingkang sami ngadêgi sayêmbara, mangkya sampun antuk prasabên badhe kalampahaning pambatang akalihan têtandhingan, andadosakên inggaring manah sami anggambira, sarêng dumugining dintên patêmbayan, sagunge kang ngadêgi sayêmbara sami kinèn batang sajatining jalu lan èstri, amung Nata Pandhawa punika ingkang lêbda karya sagêd andunungakên, ing nalika punika Prabu Bismaka lajêng andhawahakên, dènira badhe prang tandhing akalihan Sang Rajaputra Radèn Rukmaka, dupi sampun samêkta para nata gêntos-gêntos wijilipun ing rananggana, ananging sami kuciwa dènira angabên kasudibyan akalihan Radèn Rukmaka, dalasan para Kurawa botên wontên ingkang angêntasi karya, ing ngriku Prabu Krêsna Wasudewa mangsah kapêthukakên dening Radèn Rukmaka, sami angabên kasudibyan [ka...]

--- 7 : 83 ---

[...sudibyan] botên wontên ingkang kuciwa, danguning ayuda Prabu Krêsna Wasudewa radi karepotan, dahat ing kalingsêman, dènira tansah sinurakan ing ngakathah lajêng triwikrama dados kalamrêtyu kagiri-giri agêngipun. Ingkang tumingal sami giris miris kêkês angênês tanpa budi, wontên ingkang lumajêng asasaran, kang kasompok sami manêmbah aminta jiwa, Radèn Rukmaka anggung anggrêrêpa sampun rumaos kuciwa, kala samantên Prabu Bismaka amasrahakên dhatêng Nata Pandhawa, ing sagêdipun angrêrapu kalamrêtyu punika, sami sanalika lajêng pinarêpêkan sarwi kaimur-imur dening basa krama manuhara, ing wêkasan sang kalamrêtyu sampun sirna bramantyanira lilih sampun waluya jatining manusa. Ya ta sagunging kang angadêgi sayêmbara sami uninga manawi kalamrêtyu sampun sirna dening Pandhawa, têmah andadosakên bangun kabangan alin-alining nala, sami amastani manawi kalamrêtyu punika saking kamayaning Pandhawa, ananging sami kuciwa dening Sang Sena Parta, para Kurawa kapalajêng mantuk dhatêng Ngastina sadaya, kantun para nata kang amăncapraja sami anungkul katanggapan dening Prabu Bismaka, wontên ratu sabrang ingkang angaturakên putri, minăngka tawan: 1. Prabu Kota,

--- 7 : 84 ---

ing Sibi, angaturakên putranipun èstri, anama Dèwi Koti, 2. Prabu Balandara, ing Kasi, angaturakên putranipun èstri, anama Dèwi Balandari, 3. Prabu Sucitra, ing nungsa Pêthi, angaturakên kadangipun èstri, anama Dèwi Sulastri, 4. Prabu Mitra, ing Cèdhi, angaturakên putranipun èstri, anama Dèwi Karenumati, 5. Prabu Jutiman, ing Madra, angaturakên kadangipun èstri, anama Dèwi Wijayanti, 6. Prabu Radhaka, ing Pinggala, angaturakên putranipun èstri, anama Dèwi Panjari, kasêmbadan ing karsanipun Sang Prabu Bismaka, kalilan andhatêngakên, para ratu sabrang lajêng anglampahakên utusan sowang-sowang, sarêng antawis para putri sampun sami prapta katanggapan dening Prabu Bismaka langkung suka anarima.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa salêbêting taun Sarwadari, kacariyos malih nagari Kumbina, mangkya Dèwi Rukmini, sampun kadhaupakên akalihan Prabu Krêsna Wasudewa, kaestrenan dening Prabu Baladewa ing Mandura, 2. Prabu Satyajid ing Lesanpura, 3. Prabu Salya ing Mandraka, 4. panca Pandhawa, 5. para brahmana, rêsi sewa sogata, langkung agêng bawahanipun [bawahani...]

--- 7 : 85 ---

[...pun] pangantèn andhatêngakên suka, sarêng dungkap sapêkêning pangantèn, Sang Hyang Naradha tumêdhak andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, putri tawan saking sabrang kinèn amaringakên dhatêng Pandhawa gangsal, ingkang satunggal dhatêng Rajaputra Radèn Rukmaka, sasampunipun kaestokakên dening Prabu Bismaka, Sang Hyang Naradha muksa, ing nalika punika Prabu Bismaka lajêng karya prayogi pantêsipun ingkang kaparingan: 1. Dèwi Koti dhatêng Nata Pandhawa Prabu Darmaputra, 2. Dèwi Balandari dhatêng Arya Sena, 3. Dèwi Sulastri, dhatêng Arya Parta, 4. Dèwi Karenumati, dhatêng Arya Nakula, 5. Dèwi Wijayanti, dhatêng Arya Sadewa, 6. Dèwi Panjari, dhatêng Radèn Rukmaka, para nata sami mangayubagya sadaya, lajêng parêng kawiwaha kanêm pisan sami binayangkarya sowang-sowang, dumugining pêndhak dintên kaundhuh dhatêng Wiratha, binangun bawahanipun kados wontên ing Kumbina, ngantos dumugi ing dalêm sêlapan dintên bibaripun.

Salêbêting warsa Wirodi, etanging taun surya sangkala 697, tinêngêran rêsi trustha angrasa muksa. Etanging taun candra sangkala 718, tinêngêran brahmana anunggal pandhita.

--- 7 : 86 ---

Amarêngi masa wisaka, kacariyos nagari Angga, mangkya Prabu Adirata muksa, kagêntosan putra angkat anama Prabu Karna, ing nalika punika awit kabawah dhatêng Ngastina, lajêng kasêbut nagari Ngawăngga, cariyosipun mila Prabu Karna botên purun sumiwi dhatêng Wiratha punika, amargi Prabu Matswapati tansah angupasanta dhatêng panca Pandhawa, andadosakên kapanasaning galihira Prabu Karna, têmah abipraya kalihan para Kurawa, awit dening prasêtyanira ing nguni Prabu Karna sampun anganggêp satru dhatêng panêngahing Pandhawa.

Amarêngi masa padrawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Wirodi, kacariyos nagari Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra karsa amikramakakên putra panênggak priya Radèn Arya Drusasana, pangangkahipun badhe kadhaupakên antuk putri ing Lesanpura, kang anama Dèwi Sêtyaboma, sarêng sampun saeka praya ing rêmbag, Dhanghyang Druna akalihan Arya Sangkuni sami dinuta dhatêng Lesanpura, akanthi wadya punggawa kang prayogi, dumugining Lesanpura sampun kadhawahakên ingkang dados karsanipun Prabu Drêtarasthra sadaya, wangsulanipun Prabu Sêtyajid amung kasanggi ing krami kemawon [kema...]

--- 7 : 87 ---

[...won,] awit dening botên sarju dhatêng para Kurawa, wêkasaning wangsulan akarya pêpanggil saking aturipun Rajaputra Radèn Arya Sêtyaki, manawi Radèn Arya Drusasana sagêd angawonakên kadigdayanipun Radèn Arya Sêtyaki inggih lajêng dhaup akalihan Dèwi Sêtyaboma, Dhanghyang Druna akalihan Arya Sangkuni sami mantuk, dumugining Ngastina sampun matur sasolahing dinuta, andadosakên cawêngahing galihira Prabu Drêtarasthra, tansah apirêmbagan kasidaning karya.

Gêntos kawuwusa sarênganing lêlampahan, wontên ditya raja ing Dwarawati tanah Prawa, anama Yuda Kalakrêsna, supêna antuk putri ing Lesanpura, anama Dèwi Sêtyaboma, ing nalika punika Ditya Raja Yuda Kalakrêsna lajêng utusan punggawa ditya kêkalih: 1. wasta Baradaya, 2. wasta Sang Brêkăngka, kinèn angaturakên sêrat panglamar dhatêng Prabu Sêtyajid ing Lesanpura, sarêng dumuginipun ing ngarsaning Sang Prabu Sêtyajid, sêrat katampèn lajêng kawangsulan amung kasanggi krami kemawon, awit dènira botên saarju darbe mantu ditya, ing ngriku punggawa kêkalih pamit mantuk sampun kalilan tanpa kabêktanan sêrat wêwangsulan.

--- 7 : 88 ---

Gêntos kacariyos ing Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra utusan Sang Arya Sangkuni, kinèn ambêkta Radèn Arya Drusasana, dhatêng Lesanpura winêling aprasabên tandhing sanak, pundi ingkang kuciwa samia rahayu sampun ngantos anêmahi wadaka, Arya Sangkuni mangkat saha wadya punggawa, sarêng dumugi ing Lesanpura sampun kaprasabênakên ingkang dados wêwêlingipun Prabu Drêtarasthra, Prabu Setyajid kasêmbadan ing karsa lajêng dhawah tata-tata.

Gêntos kawuwusa ing Mandura, mangkya Prabu Krêsna Wasudewa karsa aningali prang tandhing dhatêng Lesanpura, angkatipun anamur-kula amung akanthi Radèn Parta akalihan Sang Udawa kemawon, dumugining Lesanpura anuju sawêg tata-tata badhe prang têtandhingan, ing antawis sampun sami samêkta Radèn Arya Sêtyaki mijil ing pamedan lajêng prang samya angabên kasantikan akalihan Radèn Arya Drusasana botên wontên ingkang kuciwa, dangu-dangu Radèn Arya Drusasana karepotan ananging lingsêm manawi angawona, mila Prabu Sêtyajid karsa anyapih kaubayan enjing-enjing malih sami bamban, sarêng dumugi ngubaya enjing Radèn Arya Drusasana

--- 7 : 89 ---

kadhawahan mijil dhatêng pamedan, sêmunipun ragi awrat asêngadinira taksih sayah, dados dènira prang tandhingan ing nalika punika kèndêl saantawis dintên, kala samantên Radèn Parta dinuta dening Prabu Krêsna Wasudewa kinèn matur dhatêng Prabu Sêtyajid, manawi kaparênga Prabu Krêsna Wasudewa badhe anyoba tandhing kasantikan akalihan Radèn Arya Sêtyaki, pangandikanipun Prabu Sêtyajid amrayogèkakên, sarta manawi Radèn Arya Sêtyaki kasoran, Dèwi Sêtyaboma kadhaupakên kalihan Prabu Krêsna Wasudewa, wangsulipun Radèn Parta sampun matur dènira dinuta manawi sampun kalilan, nuntên Prabu Krêsna Wasudewa mijil dhatêng pamedan, kapêthukakên prang tandhingan dening Radèn Arya Sêtyaki, sami angabên kasantikan botên wontên ingkang kuciwa, dangu-dangu Radèn Arya Sêtyaki cinandhak arsa binucal matur manawi sampun kandhap, lajêng kasapih dening Prabu Sêtyajid sami katimbalan mangarsa, Prabu Krêsna Wasudewa dhinawuhan manawi badhe kadhaupakên akalihan Dèwi Sêtyaboma, ananging mawi prasabên dhatêng Mandura rumiyin, aturipun Prabu Sêtyajid sumăngga ing karsa. Ya ta dangunipun pirêmbagan, kala samantên kapiyarsa [kapiyar...]

--- 7 : 90 ---

[...sa] dening para Kurawa, ing sanalika parêng angamuk sura tan taha, pinêthukakên dening Prabu Krêsna Wasudewa, akalihan Radèn Parta miwah Radèn Arya Sêtyaki, para Kurawa kasêsêr asasaran lajêng sami mantuk dhatêng Ngastina.

Gantya kawuwusa ing Dwarawati, mangkya Ditya Raja Yuda Kalakrêsna anglurug dhatêng Lesanpura kêbut sawadyakuswa sadaya, saking dènira amiyarsa yaktining pawarti manawi Dèwi Sêtyaboma sampun aparakrama, sarêng dumugi ing Lesanpura, Ditya Raja Yuda Kalakrêsna saha wadya parêng samya ngamuk gêlar dumuk angun-angun nirbaya wikara, wadya punggawa ing Lesanpura sami kagyat kagegeran, ing ngriku kapêthukakên dening Prabu Krêsna Wasudewa, Ditya Raja Yuda Kalakrêsna pêjah kasambut ing adilaga, para wadya punggawa tumpês dening Radèn Parta akalihan Radèn Arya Sêtyaki, botên antawis dangu wontên turăngga yaksa tanpa sangkan angamuk sura tan taha, ing nalika punika kaparêngan praptanipun Sang Wanara Anuman, lajêng amêthukakên pangamuking turăngga yaksa, punika panunggilane mêngsah ditya, Prabu Krêsna Wasudewa andangu aranira wanara sagêd anyêpêng pangamuking turăngga

--- 7 : 91 ---

yaksa, sang wanara matur saking wiwitan dènira antuk wasitaning dewa kinèn angupadosi panjanmaning Bathara Rama, kawarti dados putra ing Mandura kang anama Krêsna, punika jalaranipun sagêd amanggih swarga ing dêlahan, sarêng anglêksanani wasitaning dewa, ngantos dumugi ing Mandura, amiyarsa manawi Sang Narpatmaja Krêsna wontên ing Lesanpura, kalampahan anduduk dhatêng ngriki, uninga wontên raksasa warni kuda angamuk katambêtan ingkang dados karana, ing saangsal-angsal amêthukakên pangamuking kuda raksasa, ing wêkasan jayèng rana wagêd anyêpêng sami ijèn turăngga yaksa lajêng anungkul, tinakenan awasta Kujanawêrsa, sêdya pêpulih sirnaning kadang ingkang pêjah dening Sang Narpaputra Krêsna, mila lajêng kabêkta marêg ing ngabyantara paduka, sumanggèng karsa, têlas aturipun Sang Wanara Anuman, Prabu Krêsna Wasudewa langkung suka lajêng kaèngêtan kala ing jaman kina Sang Wanara Anuman sampun kalêbêt ing karya, mila kasagahan sagêdipun manggih swarga ing dêlahan. Nuntên kuda raksasa kadangu paraning sêdya, aturipun amung anuwun gêsang, kaparênga andhèrèk dados titihan, lajêng kadhawahan prasêtya sampun sanggêm, sarywa ngubanggèning [ngubang...]

--- 7 : 92 ---

[...gèning] saturasipun ing wingking saèstu ajrih ing turasipun Wanara Anuman, ing salajêngipun sapintêna rucining kuda dados tutut dening wanara, Prabu Krêsna Wasudewa kasêmbadan ing karsa, lajêng kadhawahakên dhatêng Wanara Anuman, ing ngriku wit milanipun turăngga yaksa dados kondhangira Sang Wanara Anuman, ngantos katêlah namanipun Kujanawêrsa, dados karan Sang Kudanawarsa.

Ya ta kawuwus malih Prabu Sêtyajid, ing mangkya sampun utusan prasabên dhatêng Mandura, manawi Prabu Krêsna Wasudewa badhe kadhaupakên antuk Dèwi Sêtyaboma, awit angêntasi karya ingkang dados panggilipun, Prabu Baladewa langkung suka lajêng tindak dhatêng Lesanpura, enggaling cariyos kala samantên sampun kadhaupakên antuk Dèwi Sêtyaboma, langkung agêng pamiwahaning pangantèn andhatêngakên suka, ing antawis dintên kabêkta dhatêng Mandura, binayangkarya malih kadi duk dhaupipun.

Salêbêtipun ing warsa Wikuradhi, etanging taun surya sangkala 698, tinêngêran basunanda angraras barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 719, tinêngêran [tinê...]

--- 7 : 93 ---

[...ngêran,] gapuraning ratu kaswarèng wiyat.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nagari Mandura, mangkya Prabu Baladewa katêdhakan Sang Hyang Naradha, andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, manawi Prabu Krêsna Wasudewa kinèn pindhah dhatêng nagari Dwarawati, angênggènana kithanipun Ditya Raja Yuda Kalakrêsna, sarta sakaprabonipun pinaringakên sadaya, amargi punika sami kagunganipun Sang Hyang Wisnu, Prabu Krêsna kadhawahan matur sandika, nuntên Sang Hyang Naradha andhawahakên timbalan malih, manawi ing mangke Sang Wanara Anuman kinèn têtakia, mrêgil dhatêng têtilasan patapanipun Bathara Brahma Kadhali, turăngga yaksa kinèn têtakia mrêgil dhatêng wukir Mrêgawati, sakalihan pinasthi amêningi panjanmaning Krêsna wontên ing Pamênang, punika jalaranipun ing têmbe sami sagêd waluya nirmala jati lajêng manjing dhatêng kaanan ing swarga, Sang Wanara Anuman akalihan Sang Kuda Kujanawêrsa, sami matur sandika, sarêng Sang Hyang Naradha muksa, ing antawis dintên Prabu Krêsna Wasudewa mangkat dhatêng Dwarawati, saha garwa têtiga, kadhèrèkakên Radèn Parta akalihan Radèn Arya Sêtyaki, Sang Udawa angirid para wadya băngsa Yadawa sadaya, Sang Anuman [A...]

--- 7 : 94 ---

[...numan] akalihan Sang Kuda Kujanawêrsa sami andhèrèkakên ngantos dumugi ing Dwarawati, sarêng sampun rêrêp ing antawis dintên Sang Wanara Anuman mangkat dhatêng tilas patapanipun Bathara Brahma Kadhali, wontên ing ngriku dènira têtaki botên mawi yasa padhepokan malih amung kaêlih namaning patapanipun ing Kandhalisada, amêndhêt namanipun Bathara Brahma Kadhali, Sang Kuda Kujanawêrsa dhatêng wukir Mrêgawati, manggèn wontên salêbêting guwa Parunggu.

Taksih sami salêbêting masa kartika, gêntos kacariyos nagari Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra ginubêl ing Rajaputra Suyudana, sarèhning para Pandhawa sampun katingal manawi angsal sih pitulungipun ratu ing Wiratha, kaparingan prênah kinèn akêkitha wontên ing Ngamarta, saèstu botên wande mênawi badhe damêl rubedanipun nagari ing Ngastina, mila atur panuwunipun Sang Rajaputra Suyudana langkung juwêt angêngudi sangêt dhatêng kang rama, langkung prayogi para Pandhawa sami katimbalan dhatêng Ngastina, kaparingana papan pemahan wontên sajawining nagari, supados manawi badhe darbe manah awon enggala katupiksa, aturipun Rajaputra Suyudana makatên punika [puni...]

--- 7 : 95 ---

[...ka] ingayubagya dening Dhanghyang Druna miwah Rêsi Kêrpa akalihan Sangkuni, mila Prabu Drêtarasthra amituruti lajêng anglampahakên utusan dhatêng Ngamarta, animbali para Pandhawa, kang dinuta sang sarati Sanjaya, sarta winêling sagêda amèt mêmalad wardaya, dumugi ing Ngamarta sampun kadhawahakên ingkang dados karsanipun Prabu Drêtarasthra, para Pandhawa sami kataman ing atur mêmanis manuhara dados botên sagêd lênggana, ing antawis dintên mangkat kêbut dalah para èstri sadaya, amung Radèn Parta ingkang botên andhèrèkakên margi taksih wontên ing Dwarawati, sarêng dumugining Ngastina langkung sinungga-sungga sami kabingahakên manahipun, Prabu Drêtarasthra andangu karananipun panêngahing Pandhawa botên tumut, Nata Pandhawa matur manawi sawêg umiring Prabu Krêsna dhatêng Dwarawati, sasampunipun makatên lajêng sami kalilan rêrêm wontên wismane Arya Widura.

Amarêngi masa pusa, taksih sami salêbêting taun Wikuradhi, kacariyos malih nagari Ngastina, mangkya para Pandhawa sami kaparingan prênah wontên sajawining nagari, wasta ing ara-ara Kandhawa, langkung dhêkil rumpil akathah siti sangar, sarta panggenan ama lêmut ulêr sarpa kalaba [kala...]

--- 7 : 96 ---

[...ba,] mila botên kanggenan ing têtiyang, amargi papaning panyakit, wontên ing ngriku para Pandhawa amung sami kadamêlakên wisma rompok-rompok, ubanggènipun Prabu Drêtarasthra manawi sampun dhatêng panêngah Pandhawa badhe kaparingan griya kang apantês. Makatên punika Prabu Drêtarasthra saking dènira amituruti panggubêlipun para putra Kurawa, manawi ing batos taksih kagungan wêlas dhatêng para Pandhawa.

Kawuwusa ingkang wontên ing Dwarawati Radèn Parta, katêdhakan ingkang eyang Bagawan Byasa, awêwarah manawi kadangipun sami kenging pangapus kramaning Kurawa, anglampahi sangsara wontên panggenan panyakit, sasampunipun wêwarah makatên Bagawan Byasa mêsat. Radèn Parta lajêng pamit dhatêng Prabu Krêsna, salwiring wêwarahipun ingkang eyang sampun kaaturakên sadaya, Prabu Krêsna langkung ngungun, lajêng anglilani pamitipun Radèn Parta, sarta winêling kinèn prayitna, nuntên Radèn Parta mangkat amung ambêkta kanthi wadya kamisêpuh kemawon, dumugi margi parapatan kapêthuk akalihan Rêsi Metreya, wêwarah manawi kaajêng-ajêng dening para kadang, ingkang sami kasangsara wontên ing Ngastina, Radèn Parta lajêng anggêlak lampah sadaya-daya,

--- 7 : 97 ---

enggala sumêrêp dhatêng lêlampahaning para kadang Pandhawa, sarêng dumugi ing Ngastina anjujug dhatêng ara-ara Kandhawa, tinangisan dening kang ibu, Rêsi Metreya langkung ngênês manahipun. Mila lajêng marêk dhatêng ngarsanipun Prabu Drêtarasthra, anuwunakên pangaksama ing kalêpatanipun para Pandhawa, Prabu Drêtarasthra dèrèng ngantos mangsuli, amung Rajaputra Suyudana ingkang amangsuli wuwus sugal sarta anguman-uman dhatêng Rêsi Metreya, winastan tiyang dahwèn pati opèn tanpa krama, Rêsi Metreya mundur palarasan èsmu rêngat ing nitya lajêng angupatani: Ing têmbe muga anêmua walêsan mati siya-siya dening Pandhawa, upatanira Rêsi Metreya sinauran gêtêr-patêr dhèdhèt erawati kadi anaksèni kayêktosaning lêlampahanipun, Rêsi Metreya lajêng panggih akalihan para Pandhawa, awêwarti lêlampahanipun kalawau, para Pandhawa langkung ngungun ing sanalika, samya mêmuja anuwun pangaksamaning Kang Kawasa, ing ngriku antuk parmaning dewa Sang Hyang Maya tumêdhak angejawantah, pangandikanipun dhatêng para Pandhawa sami kinèn narima pinaringan coba makatên punika, ing wuri badhe ambawani bawana, sasampunipun angandika makatên, Sang Hyang Maya anyipta pura kancana rinêngga [rinêng...]

--- 7 : 98 ---

[...ga] ing sarwa rêtna, isèn-isèn sangkêp maneka warna, mawi patamanan langkung asri raras kawuryan kadi udyana lagna-lagni ing suralaya, kacariyos pura ing Ngastina kasoran uparênggane, sarêng sampun dados botên wontên ingkang kuciwa, Sang Hyang Maya amaringi namanira ing Endraprastha, nuntên Sang Nata Pandhawa dhinawuhan kinèn anyêdhahi para ratu amăncapraja, supados sami aningalana, sarta sagêda amastani ingkang taksih kuciwa uparêngganing pura kancana punika, Sang Nata Pandhawa matur sandika, ing ngriku andadosakên suka sukuring manahipun para Pandhawa sadaya, sarêng Sang Hyang Maya muksa para Pandhawa marêk dhatêng ngarsanipun Prabu Drêtarasthra, matur manawi kaparêng ing karsa sagêda têdhak aningali pura kancana paringing dewa, dalah para putra Kurawa sami kaaturan aningali sadaya, manawi wontên ingkang taksih kuciwa kawaonana, Prabu Drêtarasthra kasêmbadan ing karsa lajêng têdhak saha garwa putra Kurawa, dumugi ing ngriku kasaosan sugata bujana andrawina, dhêdhaharan langkung adi aèng saking swarga sadaya, kala samantên Prabu Drêtarasthra dalah para putra Kurawa samya ngungun sarta dahat kacaryan dènira aningali pura kancana, botên wontên [wontê...]

--- 7 : 99 ---

[...n] ingkang mastani taksih kuciwa, amung tansah angalêmbana dhatêng kawasanipun para Pandhawa, sarta rumaos sami kungkulan prabawa dènira dados kêkasihing dewa, ya ta dumugining antawis wanci, Prabu Drêtarasthra kondur dalah para putra Kurawa sadaya, nuntên Sri Naranata Pandhawa utusan wadya punggawa ingkang kinèn nyêdhahi para ratu măncapraja, sami sêsowangan angkatipun saking Endraprastha.

Amarêngi masa manggasri, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Wikuradhi, kacariyos nagari Dwarawati, mangkya Prabu Krêsna karsa tindak dhatêng Endraprastha saha garwa, amung ambêkta wadya sawatawis, dumugining ngriku langkung sinuba-suba andadosakên suka sukuring galihira Prabu Krêsna.

Gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, nagari ing Manggada tanah sabrang wontên ingkang jumênêng nata, anama Prabu Jarasănda, putraning Prabu Sandawista, Prabu Jarasănda punika kamantu dening Prabu Gorawangsa nguni, dados satêngah kalêbêt wangsanipun Arya Prabu Kăngsa, ing nalika punika Prabu Jarasănda awit murina pêjahipun Arya Prabu Kăngsa, kaparêngan ing mangke amiyarsa [amiyar...]

--- 7 : 100 ---

[...sa] warti manawi Prabu Krêsna jumênêng nata wontên ing Dwarawati, Prabu Jarasănda lajêng anglurug dhatêng Dwarawati, saha wadyabala punggawa sadaya. Patih Udawa saha wadya punggawa ing Dwarawati kang atêngga praja amêthukakên prang kawon, lajêng angaturi uninga dhatêng Endraprastha, Prabu Jarasănda sangsaya sudira tanpa taha, lajêng anjêjarah angrêrayah isèn-isèning pura ing Dwarawati, sarêng antawis dintên Prabu Jarasănda mantuk dhatêng Manggada, ananging taksih prayitnaning kewuh saha wadya punggawanipun, sami ajaga-jaga ing karya.

Kawuwusa lampahipun Patih Udawa dumugi ing Endraprastha, angaturi uninga manawi ing Dwarawati kabêdhah dening mêngsah saking ing Manggada, Prabu Krêsna duk miyarsa langkung duka ing sanalika, Arya Bima kalihan Parta sami sinêdhahan anglurug dhatêng Manggada tanpa wadya, amung cara brahmana kemawon, amargi badhe angapus krama dhatêng Prabu Jarasănda, sagêda prang tandhing pundi ingkang piniliha lawan, awit manawi ginarubuh ing ayuda rêkaos dening sugih wadya têtêlukan, Sang Arya Sena Parta mangayubagya, lajêng mangkat angagêm cara brahmana lampah tanpa wadya, dumugining Manggada lajêng dumarojog tanpa larapan [lara...]

--- 7 : 101 ---

[...pan,] dhatêng ngarsanipun Prabu Jarasănda sarta botên mawi dêdamêl, sarêng kadangu ing sangkan paran miwah kang sinêdya, Prabu Krêsna amangsuli manawi brahmana tiga pisan punika samya darbe prasêtya, botên kenging sajarwa mratelakakên pêrluning karya manawi dèrèng dumugi ing wanci têngah dalu. Ya ta brahmana têtiga sami kaprênahakên wontên salêbêting sanggar palanggatan, kinèn angêntosi Prabu Jarasănda dènira badhe amanggihi piyambakan, ing antawis dumugining wanci têngah dalu Prabu Jarasănda têdhak dhatêng sanggar palanggatan, andangu ingkang dados sêdyanipun brahmana têtiga punika, ing ngriku sami sajarwa namanipun piyambak-piyambak. Nuntên Prabu Krêsna amêlèhakên, ing kalêpatanipun Prabu Jarasănda dènira sawênang-wênang tansah ambêbêdhah praja tanpa parikrama karya rêrêsah anusahakên sasamining ratu, malah asring wontên para nata ingkang pinêjahan, kadamêl tawur dhatêng Sang Hyang Siwah, manawi lêstantuna lampah makatên, amêsthi botên wande Prabu Jarasănda anêmahi wêwalêsan pêjah siya-siya. Ya ta Prabu Jarasănda dupi amiyarsa ing panguman-umanipun Prabu Krêsna makatên punika dahat bramantya madêg kasudiranira, Prabu Krêsna botên ajrih [a...]

--- 7 : 102 ---

[...jrih] malah anantang ngajap prang tandhing, pundi ingkang pinilih anglawan ing salah satunggal, Prabu Jarasănda amilih Sang Bima kang pantês anglawanana prangipun, ing ngriku lajêng tandhing ayuda samya angabên karosan, botên wontên ingkang kuciwa, dumugining enjing Prabu Jarasănda pêjah ingkang kaprajaya gigiripun rêmuk tugêl dening jêngkunipun Sang Arya Bima, sarêng kapiyarsa ing Rajaputra Radèn Jayatsena, lajêng mêngsah pêpulih saha wadya punggawa, ananging sami kuciwa dènira kasoran prabawaning kang amindha brahmana, ing wêkasan rajaputra anungkul lajêng kagêntosakên ingkang rama, anama Prabu Jayatsena, nuntên para ratu tawan ingkang sami kinunjara wontên ing Manggada parêng linuwaran sadaya, ing antawis dintên kang amindha brahmana kondur dhatêng Endraprastha kadhèrèkakên para nata ing Manggada, dumugining Endraprastha kaparêngan para nata ing amăncapraja sampun pêpakan sami wontên ing ngriku kados ta Prabu Salya ing Mandraka, Prabu Drupada ing Campalaradya, Prabu Baladewa ing Mandura, Prabu Bismaka ing Kumbina, Prabu Sêtyajid ing Lesanpura, Prabu Karna ing Awangga, Prabu Yuyudana ing Gilingwêsi, Prabu Sampati ing Mêdhangkamulan, sadaya punika sami tindak pribadi,

--- 7 : 103 ---

amung Prabu Matswapati ing Wiratha wakil rajaputra têtiga, Radèn Arya Seta, Radèn Arya Wratsangka, Radèn Arya Utara, nuntên Prabu Drêtarasthra kaaturan têdhak saha para putra sadaya, sarêng praptanipun Prabu Krêsna akalihan Sang Arya Bima Parta, mawi kadhèrèkakên para ratu sabrang, awêwarti dènira ambêdhah ing Manggada punika andadosakên suka sukuring para nata sadaya, sasampunipun sami bujana ing ngriku Bagawan Byasa têdhak sarta kadhèrèkakên sagunging para brahmana rêsi sewa-sogata, Prabu Drêtarasthra kadhawahan kinèn anglilakakên nagari ing Ngastina, sapalih dhatêng Pandhawa, dalah sabawahipun pisan sami kapasrahêna ingkang sapalih dados bawahaning Endraprastha, ingkang sapalihipun taksiha dados bawahanipun ing Ngastina. Prabu Drêtarasthra matur sandika mangayubagya, para nata akalihan para rêsi brahmana sewa-sogata sami jumurung sadaya, amung para putra Kurawa ingkang sami awrat sêmunipun. Nuntên Sang Hyang Naradha tumêdhak kadhèrèkakên ing Rêsi Kanwa, Rêsi Janaka, Rêsi Rama Parasu, andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, kinèn anglulusakên dènira pêpalihan nagari Kurawa akalihan Pandhawa punika, sasampunipun [sasampu...]

--- 7 : 104 ---

[...nipun] makatên Nata Pandhawa jinunjung dados ratu samwatra ing Endraprastha, tgêsipun ratu binathara, amêngku pêpalihan nagari Ngastina, anama Prabu Yudhisthira, kaestrenan dening para nata akalihan para brahmana rêsi sewa-sogata sadaya, ing nalika punika para Kurawa lajêng sami tumut anayogyani awit saking ajrih timbalaning dewa, sarêng Sang Hyang Naradha muksa, sarta Bagawan Byasa sampun kondur dhatêng patapan, ing Endraprastha lajêng andamêl mêmulèn rajasuya, tgêsipun sidhêkah wilujênganing ratu binathara, ngantos ing dalêm kawan dasa dintên lamènipun dènira suka-suka bujana andrawina kalihan para nata.

Nahên gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, nagari ing Cèdhi tanah sabrang, wontên ingkang jumênêng nata, anama Prabu Sisupala, ajêjuluk Prabu Sunita kaping kalih, inggih punika putranipun Prabu Sunita kapisan, ing Cèdhi, mangkya Prabu Sisupala amiyarsa warti manawi Prabu Jarasănda kenging paekanipun Prabu Krêsna, ing Dwarawati, sarèhning Prabu Jarasănda punika kalêbêt tunggil băngsa akalihan Prabu Sisupala, sarta dados andêling yuda, ing mangke anêmahi tiwas kenging paekan, mila sakalangkung pamurinaning manahira Prabu Sisupala [Si...]

--- 7 : 105 ---

[...supala,] ing wêkasan anglurug dhatêng ing Dwarawati, sawadya punggawa kêbut, dumugining Dwarawati amiyarsa warti manawi Prabu Krêsna taksih wontên ing Endraprastha, Prabu Sisupala lajêng anduduk dhatêng Endraprastha saha wadya, andadosakên gitaning para nata, têmah kapêthukakên ing prang, wadyanipun Prabu Sisupala sami kasêsêr asasaran, ing nalika punika Prabu Sisupala kesisan bala lajêng ngamuk punggung nirbaya wikara, tandya sêsumbar nantang ngajak prang tandhing ijèn kalihan Prabu Krêsna, sarta anguman-uman dènira maeka dhatêng Prabu Raja Jarasănda, winastan ratu dama tanpa krama, pantês kaèsi-èsi ing jagad. Prabu Krêsna dupi miyarsa langkung duka lajêng kapêthukakên prang tandhing sami angabên kasantikan, prabawa botên wontên ingkang kuciwa, dangu-dangu Prabu Sisupala pêjah cinakra dening Prabu Krêsna, layon muksa. Wadya ing Cèdhi botên wontên ingkang sêdya pêpulih sami bibar mantuk dhatêng prajanipun, matur wêwarti dhatêng Rajaputra Sang Arya Drêsthakètu, lajêng kadhawahan tata-tata badhe anungkul aris dhatêng Prabu Krêsna. Ya ta ing sapêjahipun Prabu Sisupala, para nata ingkang sêpuh-sêpuh sami andangu dhatêng Prabu Krêsna, dènira kauman-uman ing Prabu Sisupala punika, aturipun anyariyosakên [a...]

--- 7 : 106 ---

[...nyariyosakên] kala taksih taruna asring lêlana angupadi puruhita, dumugi tanah ing Cèdhi kapêthuk kalihan dutanipun Prabu Sunita, têmbung angacarani lumêbêt dhatêng praja anuruti kalampah dipun panggihi Prabu Sunita, awêwarti manawi darbe suta salah warni, netranipun têtiga bau sakawan. Sarêng badhe kabucal amiyarsa swara botên kantênan sangkanipun, rêngên ta hèh Narpa Cèdhi aywa binuwang rare iki, ing têmbe bakal ana kang ngruwat, manawa wus pinangku dening jêjaka krêsna sayêkti sutanira nirmala waluya jati, nuli aranana Sang Sisupala, dene kang angruwat têmbe iya iku bakal anguntapake sutanira marang swargaloka, jalaran saka sanjata cakra, punika cariyos Prabu Sunita tansah angupadosi jêjaka krêsna, ananging dèrèng lêbda karya, ing sabên wontên janma cêmêng mulus kinèn amangku botên sagêd maluyakakên, ngantos dumugi ing wanci mèh diwasaning rare punika, ruwat dening pinangku Radèn Narayana, ananging Prabu Sunita kèngêtan wasitaning swara manawi kang angruwat punika ing têmbe badhe anguntapakên sutanira mila lajêng anubruk sêdya amêjahi dhatêng kang ngruwat, saking parmaning dewa Prabu Sunita kawon tandhing

--- 7 : 107 ---

kasantikan lajêng anungkul, sarêng antawis lami Prabu Sunita muksa kagêntosan Prabu Sisupala punika, inggih aran Prabu Sunita, têlas aturipun Prabu Krêsna dènira anyariyosakên kala asring lêlana taksih taruna, para nata ingkang samya miyarsa langkung ngungun.

Kawuwusa rajaputra ing Cèdhi mangkya bidhal saha wadya punggawa sêdya anungkul dhatêng Prabu Krêsna, anjujug ing Endraprastha, sasampunipun katampèn panungkulira lajêng kagêntosakên wontên ing Cèdhi, anama Prabu Drêsthakètu.

Ya ta kawuwusa malih ing Endraprastha, mangkya sabibaring rajasuya para nata sami kondur sowang-sowangan, amung kantun Prabu Drêtarasthra akalihan para putra Kurawa, ing nalika punika Sang Rajaputra Suyudana midêr-midêr dhatêng patamanan, aningali pasang rakiting gêdhong-gêdhong ingkang kaubêngan botrawi mawi binatur gêdhah, saking kacaryanipun dènira aningali Sang Rajaputra Suyudana, ngantos tanpa wêweka wêkasan kagêbyur ing toya, mêntasipun angêmu kalingsêman dènira dados gêgujêngan lajêng kondur palarasan.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting [salê...]

--- 7 : 108 ---

[...bêting] taun Wikuradhi, gêntos kacariyos nagari Martikawata tanah sabrang, wontên ditya jumênêng nata anama Prabu Salwa, punika arinipun Prabu Sisupala ingkang awarni ditya, mangkya Prabu Salwa, amiyarsa warti manawi ingkang raka Prabu Sisupala anêmahi tiwas wontên ing palurugan, prang tandhing akalihan Sang Prabu Krêsna ing Dwarawati, saking dahat pamurinanira Prabu Salwa, ing ngriku sêdya anglurug dhatêng Dwarawati, Prabu Drêsthakètu ing Cèdhi dupi amiyarsa lajêng apanggih ingkang paman, matur pamambêng sampun ngantos anglurug dhatêng Dwarawati, awit Prabu Krêsna punika sajatining Sang Hyang Wisnu angejawantah, sarta kadeyaning Pandhawa ingkang dados kêkasihing dewa, balanipun para ratu sami prawira widadga sadaya, mila langkung prayogi anungkula aris-arisan kemawon, supados têtêpa ambawani kaluhuran, wêwah kasêbut ratu utami. Ya ta Prabu Salwa duk miyarsa ing atur pambêngipun Prabu Drêsthakètu dahat bramantya, amangsuli sugal sarta anguman-uman, Prabu Drêsthakètu winastan budi nistha dama tanpa kasudiran, sêpên saking labête pamurina tiwasipun ingkang rama, ing wêkasan têka anungkul aris-arisan, akathah-kathah wuwusipun Prabu Salwa dènira anguwus-uwus [anguwus-uwu...]

--- 7 : 109 ---

[...s] dhatêng Prabu Drêsthakètu, malah sagunging para punggawa ditya ing Martikawata samya tumut anênacad. Ing nalika punika Prabu Drêsthakètu lajêng mantuk dhatêng Cèdhi, Prabu Salwa lajêng bidhal saha wadya punggawa angluruk dhatêng Dwarawati.

Gêntos kawuwusa Sang Wanara Anuman, ing mangkya antuk wasitaning dewa kinèn têtuwi dhatêng Prabu Krêsna, mangkat saking Kadhalisada dumugènipun ing Dwarawati sawêg sinambrama dening Prabu Krêsna katungka praptaning parangmuka, Sang Wanara Anuman lajêng amêthukakên prang ing wêkasan Prabu Salwa pêjah, wadya punggawanipun tumpês tapis dening Sang Wanara Anuman, amung wontên janma taruna satunggal kang anungkul minta jiwa, dinangu matur manawi rajaputra ing Martikawata awasta Arya Srawa, dinangu karananipun sang ditya raja anglurug tanpa parikrama, aturipun amung awit murinani sirnaning kadang sêpuh ing Cèdhi pinambêngan dhatêng Prabu Drêsthakètu botên kapaèlu, akathah-kathah aturira Sang Arya Srawa andadosakên ing suka pirênanipun Prabu Krêsna, mila Sang Arya Srawa lajêng kagêntosakên wontên ing Martikawata, sarêng antawis dintên Sang Wanara Anuman pamit wangsul dhatêng Kadhalisada, Prabu Krêsna umiring ngiras têtuwi dhatêng Găndamadana, botên lami kondur dhatêng Dwarawati [Dwa...]

--- 7 : 110 ---

[...rawati] malih.

Salêbêtipun ing warsa Karêha, etanging taun surya sangkala ăngka 699, tinêngêran rudra trustha angoyag barakan. Kaetang ing taun candra sangkala 720, tinêngêran boma paksa angăngsa.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra ginubêl ing Rajaputra Suyudana, anuwun sarana sagêdipun angawonakên Pandhawa, ingkang rama botên nayogyani, amrayogèkakên samia atut runtut rukun. Aturipun sang rajaputra tansah juwêt angêngudi sangêt. Prabu Drêtarasthra langkung santosa panggah botên keguh dening panggubêl, pilalah yasa tamanan ingkang animbangi ing Endraprastha, sarêng antawis masa dados sarywa sri raras kawuryan, ananging botên andadosakên pangarêm-arêmipun Sang Rajaputra Suyudana, maksa taksih anggubêl dhatêng ingkang rama kemawon, ngantos kadukan akathah-kathah sang rajaputra botên suda raosing driya, mila lajêng pirêmbagan kalihan kang paman Arya Sangkuni kinèn marsudi budidaya sagêdipun kalampahan angawonakên para Pandhawa, aturira Sang Arya Sangkuni sarèhning Pandhawa

--- 7 : 111 ---

punika prasasat sampun kadang dewa, sarta ing mangke darbe saraya para nata wirotama, manawi kaangkah ing prang saèstu awrat sanggènipun, sintên ingkang nimbangi kagunanipun Prabu Krêsna, sintên ingkang kuwawi anêmbadani karosanipun Sang Drêsthadyumna akalihan Sang Sêtyaki, mila manawi kaparêng ing karsa prayogi dipun apus krama kemawon, para Pandhawa sami katimbalana dhatêng patamanan enggal, sêngadi bujana ngiras aningali dènira yasa tamanan, sagêda dhatêng dalah ingkang ibu sarta pramèswarinipun pisan, salêbête boga andrawina mawia sêsambèn kasukan undhi, ananging rêmbag makatên punika sampun ngantos kauningan ing rama paduka nata, ya ta sang rajaputra langkung kasêmbadan ing galih, lajêng utusan animbali para Pandhawa.

Kawuwusa ing Endraprastha, mangkya Dèwi Drupadi supêna kabanjiran êrah, para Pandhawa jalu èstri sami kambang-kambangan sarta kawudan sadaya, ing wasana lajêng kabuncang dening maruta botên kantênan dhawahipun, Dèwi Drupadi kagyat lajêng matur dhatêng ingkang raka nata, ing ngriku para Pandhawa langkung sungkawa, awit saking sampun kacipta manawi awon wahananipun, sawêg sami angraosakên [angraosakê...]

--- 7 : 112 ---

[...n] supêna katungka dhatênging duta matur manawi katimbalan ing raka sang rajaputra dhatêng patamanan enggal, manawi dhangan ing karsa sami sinêdhahan bujana ngiras ningali uparêngganing udyana, para Pandhawa botên wontên lênggana lajêng kerid antuking duta, dumugi ing taman enggal sami sinambrama dening rajaputra lajêng bujana andrawina. Sarêng luwaran anêningali uparêngganing udyana sami kacaryan sarta angalêmbana, ing nalika punika Sang Rajaputra Suyudana karya sêsambèn undhi samya toh otheng-othengan kemawon, Prabu Yudhisthira anuruti sarêng tumandang Sang Rajaputra Suyudana tansah kawon, mila darbe panêmbung kaparênga sulur Arya Sangkuni ingkang bucal undhi punika, Prabu Yudhisthira nyumanggakakên anggêr sami bêbaresan, dupi tumandang pambucalipun Sang Arya Sangkuni tansah katitih kemawon, mila lajêng amasang paekan lampah cidra, ing ngriku Sang Arya Sangkuni tansah unggul dènira bucal undhi, pikawonipun Sang Rajaputra Suyudana kang awarni rajabrana sampun wangsul sadaya, malah ing mangke Prabu Yudhisthira akathah kawoning toh rajabrana ngantos têlas, mila mêmanasi têmah toh praja saha wadya mêksa kawon, lajêng toh sêseredan [sêsereda...]

--- 7 : 113 ---

[...n] sarira saha garwa para kadang sadaya mêksa datan lêbda karya, ing ngriku Dèwi Drupadi oncat lajêng kajambak dening Arya Drusasana, sinèrèt-sèrèt sinjang kasêndhal ngantos mèh wuda remanipun sampun wudhar, Sang Arya Bima angadhangi sarywa muwus apunagi ing têmbe badhe angokop rahipun Arya Drusasana wontên samadyaning rana, sarta badhe angrêmuk wêntisipun Sang Rajaputra Suyudana salêbêting prang ijèn. Dèwi Drupadi apratignya botên karsa ukêl malih salamènipun manawi dèrèng karamas rahipun Kurawa, pratignya makatên punika mawi kasauran dhèdhèt erawati, nuntên kapiyarsa sakathahe sasmita awon, dhangdhang wurahan srênggala ambaung miwah maesa lêmbu pating barêngok ungêlipun sami anggêgirisi, Prabu Drêtarasthra dupi amiyarsa manawi wontênipun makatên punika awit saking Sang Rajaputra Suyudana kang karya paekan daya, mila lajêng têdhak patamanan enggal anyapih kang samya kasukan undhi, sang rajaputra dhinawuhan amangsulakên pikawonipun Nata Pandhawa, ananging para Pandhawa sami dhinawuhan wangsul dhatêng Ngamarta malih, ing benjang dumugining măngsa manawi sampun kasêmbadan antuk parmaning dewa, badhe kaparingan ing Endraprastha [Endra...]

--- 7 : 114 ---

[...prastha] malih wangsul sabawahipun sadaya, ing mangke kalilan karya tanggênah kang apantês têngga pura, supados angulatakên isèn-isènipun salêbêting pura ing Endraprastha, Nata Pandhawa matur sandika sarta anyaosakên Dèwi Kunthi ingkang tinilar têngga puranipun akanthi Sang Arya Widura, Prabu Drêtarasthra amarêngi ing antawis dintên para Pandhawa pamit kalilan.

Gêntos kawuwusa sarênganing lêlampahan, tanah ing Ekacakra wontên ditya jumênêng nata, anama Ditya Raja Karungkala, sutaning Ditya Raja Karungkala arsa malês dhatêng Arya Sena, apirêmbagan kalihan ingkang paman Ditya Kirmira, dadosing rêmbag samya nglurug dhatêng Ngamarta, awit saking wêwarti Arya Sena wontên ing ngriku, nuntên budhal saha wadya punggawa kêbut. Kala samantên kapêthukan lampahing Pandhawa, takèn-tinakèn sajarwa lajêng sami prang, ing wêkasan Ditya Raja Karungkala pêjah kapisanan. Ing ngriku pangamukira Sang Ditya Kirmira, para Pandhawa samya kasêsêran sawadya, nuntên Sang Arya Bima amêthukakên prang rame samya angabên karosan, dangu-dangu Ditya Kirmira pêjah, sutanira kêkalih wasta Ditya Mura kalihan Ditya Pralamba samya nungkul lajêng kawangsulakên dhatêng Ekacakra para

--- 7 : 115 ---

Pandhawa lêstantun lampahira dumugi ing Ngamarta lajêng anarubakên wadya punggawanira sadaya.

Salêbêting taun Nantêna, etanging taun surya sangkala ăngka 700, tinêngêran tanpantara kaswarèng wiyat. Kaetang ing taun candra sangkala 721, tinêngêran rupa bau swara muksa.

Amarêngi masa pusa, kacariyos malih nagari Ngamarta, mangkya kadhatêngan mêngsah, ditya raja saking Kandhaka, anama Prabu Jathasura, saha wadya punggawanira para ditya lajêng samya ngamuk punggung nirbaya wikara wadya ing Ngamarta kagegeran, katur ing Prabu Yudhisthira, ing ngriku anuduh Sang Arya Bima, Parta lajêng samya mangsah ngungsir kiwul, ing wêkasan Sang Yaksendra Jathasura pêjah dening Sang Arya Bima, wadyanira tumpês dening Arya Parta, amung sutanira Sang Raja Ditya Jathasura sakawan: 1. nama Ditya Swalêmbana, 2. wasta Ditya Lêmbusana, 3 wasta Ditya Kalayuda, 4. wasta Ditya Kalanasura, sakawan pisan samya parêng mêsat ngambara sarywa muwus sarosa ing têmbe manawi wontên prang agêng badhe anampung yuda, ananging ujaring ditya sakawan makatên punika botên andadosakên sumêlangipun para Pandhawa, sarêng ing antawis dintên wontên ditya kanêm [kanê...]

--- 7 : 116 ---

[...m] èstri saking gêgana marêk dhatêng ngarsanipun Prabu Yudhisthira, dinangu matur ditya èstri manawi arining Yaksa Raja Jathasura, awasta Dèwi Jathawati, dados semahipun Ditya Kirmira, sêsuta pun Ditya Mura kalihan pun Ditya Pralamba ingkang sami tumut sowan mariki punika, mênggah ditya jalêr têtiga ingkang satunggal arinipun Yaksendra Jathasura wuragil, awasta Sang Ditya Jathayodha, ingkang kalih sami sutaning Jathayodha: 1. wasta Ditya Kalanasrênggi, 2. wasta Ditya Srênggiwana, dene sowanipun sadaya sêdya samya nuwun pangaksama, sampun ngantos katumutakên ing kalêpatanipun Sang Ditya Jathasura, akathah-kathah atur panalangsanipun Dèwi Jathawati, Prabu Yudhisthira langkung wêlas lajêng angandika manawi sampun katanggapan dènira analăngsa, nuntên dinangu ingkang dados karana pangamuking Ditya Raja Jathasura, aturipun Dèwi Jathawati amung awit murina pêjahing ipe Sang Ditya Kirmira, dinangu malih ing karananira ditya raja aran Jathasura, apa têdhaking Thajasura[16] ing Kiskandha jaman kuna, Dèwi Jathawati matur inggih kalêbêt turasipun, makatên aluraning lêluri, kala rumuhun wontên danawa raja turasipun Prabu Jathasura ingkang jumênêng nata guwa Kiskêndha, nama Ditya Raja [Ra...]

--- 7 : 117 ---

[...ja] Purusadhaka, punika pêputra kalih, kang asêpuh jalu awasta Ditya Raja Purusangkara, anggêntosi ingkang rama jumênêng nata wontên ing Kiskêndha, arinipun èstri antuk raja pandhita anama Rêsi Kandhiyana. Lajêngipun Sang Ditya Raja Purusangkara wau apêputra Ditya Raja Jathayujana, jumênêng nata wontên ing Kandhaka, taksih kalêbêt wawêngkon laladaning Kiskêndha, punika pêputra tiga: 1. Ditya Raja Jathasura ing Kandhaka, 2. Dèwi Jathawati, inggih kawula punika, dados semahipun Sang Ditya Kirmira, 3.Ditya Raja Jathayodha, têlas aturipun Dèwi Jathawati. Prabu Yudhisthira amiyarsa langkung suka, ing ngriku ditya kanêm èstri sami kalilan mantuk dhatêng dhangkanipun sowang-sowang, sadaya langkung suka anuhun lajêng nêmbah mêsat angambara.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Nantêna, kacariyos ing nagari Ngastina, mangkya Sang Rajaputra Suyudana, têdhak dhatêng ing Ngamarta, ambêkta para kadang Kurawa sadaya, pamitipun dhatêng kang rama badhe têtuwi para Pandhawa, Prabu Drêtarasthra botên samar manawi batosipun kang putra badhe adamêl karisakaning para Pandhawa, mila wêwêlingipun kinèn wêlas ing kawlasasih [kawlasa...]

--- 7 : 118 ---

[...sih,] sampun ngantos anangsaya para kasangsara, ya ta angkatipun sang rajaputra mampir dhatêng wukir Manikmaya, praptanipun lajêng angrêrisak pakarangan anggêmpur patapan, amêmati manungsa, wong patapan sami mawur ura-uru sêdya mèt pangungsèn giris mulat tingkahing Kurawa, mangkana Bagawan Sutiksna binyuk ing Kurawa sampun kapikut, tansah pinisakit satêngah pêjah, wêkasan muksa atilar upata ing benjang prang bratayuda para Kurawa samya anêmahi antaka siya-siya, sanalika sinauran gêtêr-patêr tăndha anjurungi upataning pandhita sudira brata. Mangkana para Kurawa miyarsa botên andadosakên kandhêging sêdya dènira sêdya sikara, kacarita Wasi Jalasangara miwah ari Puthut Sarodhaka, duk uninga muksaning marsêpuh dahat sungkawaning tyas, sarta asmu miris maras-maras bok satêmah kacandhak tan wun winisesa, mila lajêng sami inglar masilurupan lolos saking patapan angungsèkakên kucumbi miwah para rêrepot, sêdya dhatêng Ngamarta arêreyongan lampahipun dahat kawlasarsa. Nahan samantara kawuwusa para Kurawa, sasampunipun angrêrisak patapan miwah anjarah angrêrayah, lajêng andumugèkakên lampahipun dènira badhe maring Ngamarta, ya

--- 7 : 119 ---

ta sarêng dumugi ing margi kapêthukakên dening gandarwa raja Citrasena ambêkta wadya danawa, angambêngi lampahipun para Kurawa, sampun ngantos kalajêngakên dhatêng Ngamarta, ananging para Kurawa botên purun wangsul, ing têmahan dados păncakara, para Kurawa kawon, sami kacêpêngan dening para danawa, binêkta dhatêng ing suralaya katur ing Sang Hyang Endra, Sang Rajaputra Suyudana kadhawuhan sampun ngantos kalajêng-lajêng dènira karya arubiru dhatêng para Pandhawa, manawi mêksa anangsaya, amasthi badhe kalêbêtakên ing yamani, sasampunipun kadhawuhan makatên, para Kurawa lajêng kinèn bêkta dhatêng naraka, supados sami sumêrêpa manawi punika badhe panggenanipun para durhaka, Sang Gandarwa Raja Citrasena sampun anglampahi dhatêng dhawuhipun Sang Hyang Endra, wontên ing ngriku para Kurawa sami katrêsan manahira giris miris aningali ulading yamani, lajêng sami jinatosan manawi para Kurawa sadaya punika saèstu panuksmaning danawa, para Kurawa dupi amiyarsa sami analăngsa, lajêng kawangsulakên dhatêng Ngastina, nuntên Sang Gandarwa Raja Citrasena dhatêng Ngamarta, wêwarti salwiring lêlampahan makatên wau, para Pandhawa langkung ngungun ing wêkasan samya sukur sadaya [sa...]

--- 7 : 120 ---

[...daya,] sang gandarwa raja amit linilan mêsat, sapêngkêripun sang gandarwendra kasaru praptanipun Wasi Jalasangara miwah Puthut Sarodhaka sarwi bêkta rêrepot, dinangu angaturakên lêlampahanipun ing nguni, wit muksaning rama Bagawan Selaraja ing Girikandha winisesa ing Kurawa, lajêng ngungsi dhatêng patapan Manikmaya pinupu ingambil mantu dhatêng Bagawan Sutiksna, ngantos dumugi risaking Manikmaya miwah muksaning marsêpuh saking para Kurawa ugi, wêkasan sami nyumanggakakên jiwa raga nyuwun ngawula, ing ngriku para Pandhawa miyarsa dahat angrês ing tyas karănta-rănta têmah mijil kang waspa, èngêt duk sinaenan Sang Bagawan Selaraja nguni, miwah dahat ing pangungunira maring para Kurawa, dene dèrèng sampun-sampun dènira sêdya sikara, ing mangkya Wasi Jalasangara saarinira katampèn pasuwitanipun, ing antawis dintên lajêng sami pinacak wadya punggawa sinungan nama arya kalih pisan.

Salêbêting warsa Wijaya, etanging taun surya sangkala 701, tinêngêran janma tanpa swara, kaetang ing taun candra sangkala 722, tinêngêran anêmbah padaning rêsi.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nagari Wiratha [Wira...]

--- 7 : 121 ---

[...tha] mangkya Prabu Matswapati, sawêg kataman sungkawa, dening putranipun èstri anama Dèwi Utari, murca tanpa karana, Rakyana Patih Nirbita miwah para punggawa sami dhinawuhan kinèn angupadosi dhatêng wana wukir, ananging botên wontên ingkang lêbda karya, nuntên Prabu Matswapati andhatêngakên Bagawan Byasa, ginubêl kinèn apitêdaha ingkang dados karananing murca. Aturipun Bagawan Byasa kabêkta ing seluman dhatêng sawanganing banawi Sarayu, ratuning seluman kang awasta Karkatha, darbe suta jalu anama Angka, tinantun parakrama antuk samaning seluman sangêt lênggana, kêdah aparakrama manusa, antuka putri ing Wiratha, sarèhning Sang Raja Karkatha sangêt pangugungipun dhatêng suta, dados tinurutan saha lajêng kadhustha Dèwi Utari punika, ya ta Prabu Matswapati dupi amiyarsa ing aturipun Bagawan Byasa, têka amêwahi sungkawaning driya, ing wêkasan amborongakên sarèhira Bagawan Byasa, winangsulan karsa atêdhak anamur lampah dhatêng sawanganing bangawan Sarayu, wontên ing ngriku dènira badhe antuk sarana, Prabu Matswapati kasêmbadan ing karsa, lajêng angrasuk busana cara pandhita, mangkat amung kanthi Patih Nirbita akalihan Bagawan Byasa kewala, sarêng dumugi [dumu...]

--- 7 : 122 ---

[...gi] sawanganing banawi Sarayu samya mêsu cipta, samantara katêdhakan ing Sang Hyang Baruna, amaringi sarana warni manimantaka, inggih punika musthika saking yamani, dados pangapêsaning băngsa seluman sadaya, sarêng sampun katampèn dening Bagawan Byasa, Sang Hyang Baruna muksa, manimantaka lajêng kaulungakên dhatêng Prabu Matswapati, aturipun Bagawan Byasa, manimantaka punika prayogi sinidhikara ing mantrastuti kaadhêpakên dhatêng samadyaning sawangan, bokmanawi wontên pakantukipun, dupi kalaksanan, ing ngriku mijil prabawa mayangkara, tumanduk dhatêng kahyanganipun Raja Karkatha, têmah kataman ing panyakit, para seluman agêng alit jalu èstri sami anandhang kasangsaran, Sang Rajaputra Angka anêmahi papa cintraka, wuta tuli bisu lumpuh, Raja Karkatha angudi karana tumingal wontên brahmana manidhikara, lajêng pinarêpêkan sarywa sêsanti minta jiwa, manawi kasirêpa urubing prabawa mayangkara, punika saèstu amulyakakên kasangsaran, Raja Karkatha sagah angaturi ingkang dados pamundhutipun, Bagawan Byasa amangsuli muhung kinèn andhatêngakên Dèwi Utari, Raja Karkatha lajêng angaturakên wadêr kancana, winadhahan ing sangku mas isi toya marta,

--- 7 : 123 ---

Bagawan Byasa sampun waskitha manawi wadêr kancana punika Dèwi Utari sajati, mila lajêng angluwari panidhikara, andadosakên waluyaning para seluman sadaya, Raja Karkatha langkung suka anuhun-nuhun sarywa wêwarah manawi toya marta ingkang wontên sangku mas punika singa angunjuka awèt anèm sarta amanjangakên yuswa, Bagawan Byasa mèsêm anarima, lajêng sami kondur dhatêng Wiratha, amung Prabu Matswapati taksih sungkawa dening kang putra Dèwi Utari dèrèng waluya sajatining janma, mila sarêng dumugi ing Wiratha Bagawan Byasa angruwat dhatêng wadêr kancana, waluya dados Dèwi Utari, ananging wujud bêbayi, kaparêngan pramèswari nata Dèwi Sutiksna, pambayunira mijil santên, lajêng anêsêpi ingkang putra Dèwi Utari, andadosakên marêmipun, nuntên Bagawan Byasa awêwarah dhatêng Prabu Matswapati, toya marta kaaturan angujuk saha garwa putra, sampun kalaksanan miwah Patih Nirbita kaparingan pisan, ing nalika punika sangku mas muksa, Bagawan Byasa lajêng pamit kondur dhatêng Saptarga.

Têlas cariyosipun Sêrat Mahapatra, anyandhak cariyosing Sêrat Mahadarma, taksih sami têturutaning lêlampahan ingkang kasêbut wontên ing salêbêting Sêrat [Sêra...]

--- 7 : 124 ---

[...t] Pustakaraja Purwa.

----------

Dumugi samantên têlasipun cariyos ingkang kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 7 taksih wontên sambêtipun kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 8.


pawartos (kembali)
pawartos
Arya (kembali)
Arya
Damagranti (kembali)
Damagranti
sarwa (kembali)
sarwa
bêkta (kembali)
bêkta
anggèn-anggèn (kembali)
anggèn-anggèn
Kandhi (kembali)
Kandhi
sajarwa (kembali)
sajarwa
sampun (kembali)
sampun
10 nistha (kembali)
nistha
11 Radeya (kembali)
Radeya
12 prapta (kembali)
prapta
13 wiwit (kembali)
wiwit
14 pinasthi (kembali)
pinasthi
15 suralaya (kembali)
suralaya
16 Jathasura (kembali)
Jathasura