--- 9 : [0] ---

POESTAKARADJA POERWA

NEGENDE DEEL

Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 9.

Anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi tuwin Madura, wiwit taun 730 dumugi taun 734 babon asli saking sawargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra.

Kaêcap ingkang kaping tiga ing pangêcapanipun N. V. UITGEVERS-Mij. H. BUNING ing nagari Ngayugyakarta, taun 1924.

--- 9 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Jarwa IX.

--- 9 : [0] ---

[...]

--- 9 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Purwa

Jilidan ăngka 9.

Anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi tuwin Madura, wiwit taun 730 dumugi taun 734 babon asli saking sawargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra.

Kaêcap ingkang kaping tiga ing pangêcapanipun N. V. UITGEVERS-Mij. H. BUNING ing nagari Ngayugyakarta, taun 1924

--- 9 : [0] ---

[...]

--- 9 : [1] ---

Bêbuka.

Hong wèhên pranawa samêh.

Purwakanipun Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 9 punika taksih andumugèkakên babaraning cariyos Sêrat Mahadarma, ingkang kasêbut wontên ing salêbêtipun Sêrat Pustakaraja Purwa, uruting lêlampahan ingkang kaping 8 mênggah bêbukanipun cariyos tumraping Sêrat Mahadarma, sampun kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 8 dumugipun cariyos kados ing ngandhap punika:

Salêbêting ing warsa Mêlada, kaetang ing taun surya sangkala 709, tinêngêran ludra tanpa munya. Kaetang ing taun candra sangkala 730, tinêngêran sunya wedhaning rêsi.

--- 9 : 2 ---

Amarêngi masa padrawana, kacariyos malih nagari ing Ngamarta, kala samantên Prabu Yudhisthira katamuan ditya raja, putra ing Pringgadani, anama Brajamusthi, praptanipun anuwun saraya bêbantuning ayuda, amargi prajanipun kadhatêngan parangmuka saking Purantara, anama Ditya Raja Rudra Kalamurti, kawarti têdhaking Kalamurti ing kina trah saking Sang Hyang Wisnu, sêdyanipun anêlukakên ing Pringgadani, pinrih nungkul dhatêng Prajantara, duk pinagut ing yuda ing Pringgadani agung kuciwa mila Sang Brajamusthi têmah lolos dhatêng Ngamarta punika. Kala samantên Prabu Yudhisthira sampun anyagahi kang dadya panuwunipun Ditya Brajamusthi, ing ngriku lajêng tinundhung kinèn wangsul dhatêng Pringgadani, sarta dhinawuhan sampun wontên mêdali prang yèn dèrèng prapta kang bêbantu saking Ngamarta, Ditya Brajamusthi matur sandika, lajêng mantuk sampun mêsat angambara. Ya ta sapêngkêripun Ditya Brajamusthi, Prabu Yudhisthira lajêng pirêmbagan kalihan ingkang rayi Arya Sena ingkang prayogi linampahakên bêbantu, pakèwêting panggalihira Prabu Yudhisthira dene kang rayi Sang Parta pinuju sowan dhatêng Saptarga, sêdyanipun Arya Sena kêdah badhe linampahan sapunika, ingkang raka botên patos angrujuki [angru...]

--- 9 : 3 ---

[...juki] kang dadya karsanipun badhe nyuwun pitulungan dhatêng Prabu Krêsna ing Dwarawati, ngiras angaturi uninga, manawi kang rayi Arya Sena sampun prapta miwah anyarantosakên praptaning Sang Parta saking Saptarga, rêmbagipun Prabu Yudhisthira makatên wau sampun golong sakadangipun, kala samantên ingkang pinatah dhatêng Dwarawati kang rayi kêkalih Arya Nangkula myang Sadewa. Dupi sampun samêkta siyaganira lajêng budhal, lampahipun lêlancaran kewala, amung bêkta wadya sawêntawis. Botên kawursita dènira wontên ing margi enggaling cariyos kala samantên lampahipun sampun dumugi ing Dwarawati, angaturakên sawêwêlingipun kang raka dhatêng Prabu Krêsna, sarta angaturakên pawartosing mêngsah ditya ingkang wontên Pringgadani, saèstunipun badhe laju mukul nagari Ngamarta, Prabu Krêsna duk amiyarsa aturipun Arya Nangkula dahat gugup lajêng angundhangi wadyabala ingkang dhinawuhan dhèrèk dhatêng Ngamarta, ingkang rayi Arya Sêtyaki miwah Sang Udawa, sami kinèn siyaga ing ayuda matur sandika. Ya ta sasampuning samêkta antawis dintênipun malih budhal sawadyanira, anyarêngi munduripun ingkang rayi kêkalih. Kunêng lampahe Prabu Krêsna saha wadya, gêntos kacariyos ing

--- 9 : 4 ---

Prajantara, mangkya Ditya Raja Rudra Kalamurti animbali pêpatihira nama Ditya Kalandaru, dinangu prakawis lampahipun para ditya kang andon lumurug dhatêng Pringgadani, Patih Kalandaru matur manawi sampun kalampahan prang kalihan para ditya ing Pringgadani, têmah unggul yudaning Ditya Prajantara, amung saking pawartosipun ing mangke Ditya Brajamusthi aminta sraya dhatêng nata di Ngamarta, kang nama Prabu Yudhisthira, punika sakadangipun sami prawira, awit kang nama Arya Sena punika dados garwanipun Dèwi Irimbi inggih putri ing Pringgadani, Prabu Rudra Kalamurti andangu karananing raksasa antuk manungsa, Ditya Kalandaru matur manawi sampun pinasthi ing dewa, Dèwi Irimbi sagêd awarni manungsa, mila ingkang kinarya andêl-andêling prang Pringgadani namung nata di Ngamarta, saking pamiyarsa amba Prabu Yudhisthira sakadangipun malah sampun sami bidhal saking praja sawadyabala, Prabu Rudra Kalamurti langkung duka, lajêng ngundhangi wadya ditya kinèn ambêbantuni yudaning raksasa kang sampun wontên Pringgadani, Patih Kalandaru matur sandika, sigra mêdal sapraptaning jawi animbali ditya punggawa sakawan kinèn siyaga ing prang: 1. nama Sang Kala Mrêgangsa, 2. nama Mêrtyabana, 3. nama Kala Hèrtuba, 4. punggawa

--- 9 : 5 ---

juru atêdah margi nama Kala Sarwendaka, sawadyabalanipun dhinawuhan kinèn bêbantu yudaning Ditya Sanggakara dhatêng Pringgadani, punggawa ditya sakawan matur sandika lajêng budhalan.

Taksih salêbêting masa padrawana, ing taun Pilapawa, gêntos kacariyos ing Saptarga, kala samantên Bagawan Byasa anggung anggêgulang salwiring pratingkah myang kanuragan dhatêng kang wayah Arya Parta, botên kawursita lamènipun dènnya wontên Saptarga, ing nalika punika Sang Arjuna nyuwun pamit badhe kondur dhatêng Ngamarta, rèhning sampun lami bokmanawi karya sandeyaning para kadang myang garwa, panuwunipun, yèn kaparêng badhe bidhal sami sadintên punika, Bagawan Byasa asmu awrat, margi wêwicalaning dintên kirang prayogi, adat ingkang sampun kalampahan asring wontên sambekalanipun, dhawuhipun eyang makatên wau botên dados kandhêging tyas Arya Parta, mêksa adrêng kewala, Bagawan Byasa kawêkèn ing galih wêkasan dipun lilani, Sang Parta tansah winêling-wêling ing lampah kinèn prayitna, sarta pinaringan kanthi Janggan Smara lawan sutanipun lajêng mangkat. Kacariyos Bagawan Byasa datan pêgat dènnya sêsanti mring wayahira, wau ta kawuwusa lampahira [la...]

--- 9 : 6 ---

[...mpahira] Arya Parta, sarêng dumugi samadyaning wana, kapêthukan lampahing punggawa ditya ing Prajantara, lajêng takèn-tinakèn ing sangkan paran miwah sêdyanipun sami sajarwa, sadanguning wawan wicara sami sêrêngipun lajêng dados prang, dangu-dangu para punggawa ditya kasor yudanipun, dening sanjata dibya sami pêjah sakawan pisan, para wadyanira sasesaning pati giris mulat têmah samya lumajar ngungsi ing wana sêdya mantuk dhatêng prajanipun, ing ngriku Arya Parta sêdya laju maring Pringgadani, pinambêngan dening Smarasanta, ingaturan luhung kondura dhatêng praja kewala, sanadyan karsa badhe angungsir mêngsah ditya kang wontên ing Pringgadani prayogi saeka praya kalihan para kadang, Sang Parta kèndêl anut ing aturipun Sang Smarasanta, lajêng sami mangkat kondur. Kunêng gantya kawuwusa nagari ing Ngamarta, kala samantên Prabu Yudhisthira sawêg amanggihi ingkang raka Prabu Krêsna ing Dwarawati, sami nandukakên pirêmbag ingkang badhe linampahakên bêbantu dhatêng Pringgadani, mila makatên dene para ditya ing Pringgadani wau sampun kalêbêt wăngsa akalihan ing Pandhawa, kala samantên rêmbaging Prabu Krêsna botên langkung amung kajibahakên dhatêng ingkang rayi Arya Sena, amargi punika prasasat tumut andarbèni, manawi sampun sami [sa...]

--- 9 : 7 ---

[...mi] panuju ing karsa Prabu Krêsna badhe ambiyantoni Arya Sêtyaki lan Sang Udawa, saha wadyanipun Prabu Yudhisthira matur sumanggèng karsa amung wontêna cuwaning tyasira dene kang rayi Arya Parta pinuju sêpên, dhawuhipun Prabu Krêsna kenging kapanggih wingking kewala. Ing ngriku Arya Sena miwah Arya Sêtyaki sampun sami dhinawuhan siyaga matur sandika, sasampuning samêkta antawis dintênipun malih lajêng budhal. Ya ta sapêngkêripun kang sami linampahakên bêbantu ing yuda kala samantên amarêngi praptanipun Arya Parta, sami angaturakên wêwarti ing lêlampahanira duk wontên ing margi, ingkang raka sakalihan sami ngungun wêkasan angandika: Yèn mangkana pasang yogya aywa tanggung ing karya, manawa wus rêrêm sawatara sira ingsun tuduh anjêjampangi lakune kakangira Arya Sena marang Pringgadani, Sang Parta matur sandika lawêng[1] mangkat. Wau ta kawuwusa lampahipun Arya Sena lan Arya Sêtyaki, kala samantên sampun dumugi ing Pringgadani, kapanggih kalihan Ditya Brajamusthi kadangipun, Arya Sena andangu panggenaning mêngsah ditya saking Prajantara, Sang Brajamusthi matur manawi taksih wontên sajawining praja, sami kêkuwu ing wana, Arya Sena dhawuh kinèn angundhangi para wadya ditya ing mangkya [mang...]

--- 9 : 8 ---

[...kya] arsa mêdali ngayuda, Sang Brajamusthi matur sandika, sigra animbali kadangira kang măngka senapatining aprang, wasta Sang Kala Anmaka, praptèng ngarsa sampun dhinawuhan lajêng budhal sakadangipun miwah para wadya sadaya, Arya Sena miwah Arya Sêtyaki sami angantun ing praja lawan Ditya Prabakesa, amung wadyanira saking Ngamarta myang ing Dwarawati ingkang kinèn tumut sadaya, sarêng dumugi ing jawining praja lajêng campuh prang kalihan wadya ditya ing Prajantara langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu mêngsah ditya ing Prajantara kasêsêr yudanipun sami lumajêng maring wana, Ditya Sang Kala Bandaka lajêng parentah mring wadyanira samya kinèn bêbarisan wontên antaraning praja, awit mêngsahipun dèrèng kantênan kasoripun, bokmanawi taksih angupaya budidaya, mila manggung para wadya ditya taksih pajêg bêbarisanipun.

Kunêng kang mêntas amangun yuda gêntos kawuwusa lampahipun Sang Arjuna, sumêdya sumusul ing raka Sang Arya Sena, wontên ing margi kapêthuk para ditya ing Prajantara kang sami lumajar, sagunging wadya raksasa duk uninga dhatêng Sang Arjuna samya gambirèng tyas, lajêng pinarêpêkan sêdya pininta sraya, dupi kapanggih Sang Parta, tinakenan sangkan paran sampun sajarwa, nuntên katantun Sang Parta dahat lênggana, [lêng...]

--- 9 : 9 ---

[...gana,] asru pinaksa lajêng dados prang, Sang Arya binut ing kathah dangu-dangu para pangagênging ditya kaprawasa, samya pêjah dene sanjata dibya, raksasa sasesaning pêjah sami giris lajêng lumajêng asasaran nêdya mantuk mring prajanipun, Sang Arjuna sampun laju dènira lumampah sarêng dumugi sajawining kitha ing Pringgadani kagyat aningali wontên ditya sami bêbarisan, dipun kintên taksih panunggilanipun kang samya lumajêng wau, têmah akarya kanggêg dènira lumampah, botên dangu katingalan Sang Udawa, lumajêng sarwi amarêpêki dhatêng kang rawuh, sarêng prapta ing ngarsanipun Sang Arjuna lajêng wartos-winartosan sami ngungunira, ing ngriku Sang Parta sampun kerit manjing pura, panggih ing raka malih ari Sang Satyaki sampun anyariyosakên kawontênaning lampahira, Arya Sena myang Satyaki langkung suka amiyarsa, dupi sampun rêrêm sawatawis lajêng rêmbag atur uninga ing raka sakalihan, dados rêmbag kala samantên lajêng anglampahakên duta sisihan: 1. Sang Udawa lan ditya ing Pringgadani, Sang Kala Bancana, lampahipun lêlancaran kewala, amung bêkta wadya sawatawis, praptaning nagari Ngamarta, Prabu Krêsna amarêngi rawuhipun saking Dwarawati, caraka angaturakên sawêwêlingipun Arya [Ar...]

--- 9 : 10 ---

[...ya] Sena myang Satyaki, yèn ing mangke mêngsah kang ngêpang ing kitha, sampun sami sirna dening ari Sang Parta, mangkya Arya Sena Sêtyaki sami angatas parentah Prabu Yudhisthira miwah raka Prabu Krêsna, langkung suka miyarsa caraka lajêng tinulak wangsul, sampun mawa parentah manawi kang rayi têtiga sami dhinawuhan nyarantosakên sawatawis, bokmanawi raja ditya ing Prajantara anêkani, tha miwah Ditya Kala Bancana matur sandika budhal. Ya ta sapêngkêring duta saking Pringgadani, Prabu Krêsna asmu sandeya ing galih, awit miyarsa warti yèn Prabu Sri Murti ing Prajantara langkung kuwasa, mila Prabu Wasudewa minta pamit ing Prabu Yudhisthira yèn arsa angawat-awati para rayi kang wontên Pringgadani, Prabu Yudhisthira matur sumăngga karsa, Prabu Krêsna lajêng mêsat angambara.

Kunêng lampahipun Prabu Krêsna ing Dwarawati, gêntos kawuwusa ing Prajantara, mangkya Prabu Rudra Kalamurti amiyarsa pawarta manawi para wadyabalanipun kinèn sami anglurugi ing Pringgadani kapara ing tiwas, sagunging ditya pangarsa tumpês dening panêngah Pandhawa, kang nama Arjuna, saking pamiyarsanira Ditya Raja Kalamurti malah ing mangke para ratu myang satriya ing Ngamarta taksih sami andon [ando...]

--- 9 : 11 ---

[...n] wontên ing Pringgadani, sadaya ing ngriku Sang Yaksendra Kalamurti duk sampun pratela ing pamiyarsanira, dahat bramantya sami sanalika madêg suraning driya lajêng angundhangi bala kinèn samêkta ing ayuda, Patih Ditya Kalayuwana tan kantun, dupi sampun samêkta siyaganira lajêng budhal saha wadya kêbut sadaya, sang yaksendra miwah Patih Kalayuwana, parêng mêsat mêdal ing gêgana, nahan lampahing para raksasa ing Prajantara, kawuwusa ing Pringgadani, kala samantên Arya Sena Parta myang Radèn Sêtyaki samya mêthuk rawuhipun kang raka Prabu Krêsna, sapraptaning pura Arya Sena matur ing raka duk aprang lan para ditya ing Prajantara, dumugi sirnaning mêngsah, Prabu Krêsna dahat sukèng driya, lajêng parentah dhatêng para ari miwah Ditya Arya Prabakesa ing mangke sampun wêweka kinèn prayitnèng kewuh, para ari myang sagunging raksasa para putra ing Pringgadani sami matur sandika, dèrèng dangu dènira ngandika kasaru gègèring jawi wontên mêngsah ditya saking Prajantara, Prabu Krêsna lajêng parentah kinèn amêthukakên ing prang para kadang myang sagunging raksasa, Prabu Krêsna amung jêjampangi saking katêbihan kewala. Ya ta sapraptaning jawi lajêng campuh prang lan mêngsahira, botên dangu para wadyaning [wadya...]

--- 9 : 12 ---

[...ning] mêngsah kasor ing yuda dening sampun karumiyinan gêlar, kawuwusa kang wontên ing madyantara, sira Prabu Kalamurti myang Patih Kalayuwana duk uninga yèn wadyanira sami karisakan saksana parêng aniyup nêdya pêpulih, dupi praptèng ing ngandhap sami angamuk punggung sura tan taha nirbaya nirwikara, sagunging para wadya ing Dwarawati myang Ngamarta sami karisakan, para satriya asmu kuciwa dènnya ananggulang pamuking mêngsahira, botên dangu praptanipun Prabu Krêsna, awas dènira ningali risaking wadyabala dening yaksendra ing Prajantara, saksana Prabu Krêsna Wasudewa sigra angayat sanjata pamungkas, duk lumêpas angênani marang Ditya Raja Kalamurti, pagas jangganira sampun kapisanan, Patih Kalayuwana uninga yèn ratunipun kasambut ing adilaga, lajêng mêsat awarni naga sarwi nêmbur dahana kadi jawah latu, Prabu Krêsna prayitna sigra tinututan Patih Kalayuwana, sampun kacêpêng lajêng binêkta mangandhap, para wadyanira sasesaning kang pêjah sampun sami nungkul sadaya, praptanira bêbarisan ing Pringgadani Prabu Krêsna andangu dhatêng Patih Ditya Kalayuwana ingkang dados sêdyanipun, Patih Kalayuwana dahat konjêm ing kisma, saking jrihira dhatêng Prabu Krêsna, aturipun anuwun [anuwu...]

--- 9 : 13 ---

[...n] gêsang, mugi kaaksamaa satingkahipun duk wau, lajêng badhe suwita, Prabu Krêsna langkung awlas aningali, lajêng katampèn panungkulipun, Patih Kalayuwana, dhinawuhan botên kalilan mantuk dhatêng Prajantara, sinungan prênah kinèn abêbadhe wontên wana Glagah ing sawadyanipun, nanging lajêng karèh dhatêng Pringgadani, Patih Kalayuwana matur sandika, nuntên linilan mangkat sawadyanipun sadaya, ing ngriku Prabu Krêsna miwah para ari sampun sami bidhal kondur dhatêng Ngamarta saha wadyabala.

Amarêngi masa sitra taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Pilasawa, gêntos kacariyos ing suralaya, kala samantên Sang Hyang Endra nuju siniwèng para jawata wontên ing bale patulawarna, amarêngi wontên rasêksi sumêngka tanpa larapan lajêng marêk ing ngarsa Hyang Endra, dinangu matur yèn dinutèng ratunira, Sang Ditya Raja Kaladruwaya, nagari ing Batuwarna talatahing guwa Kiskandha, kinèngkèn angaturakên surat paminta dhumatêng Sang Hyang Endra, punang pustaka tinampèn lajêng binuka sampun sinuksmèng driya, suraosing sêrat Sang Ditya Raja Kaladruwaya anuwun jodho widadari Dèwi Supraba, manawi botên tinurutan ingkang dados panuwunipun badhe

--- 9 : 14 ---

andhatêngakên ruda pêksa lajêng sumêngka pangawak braja sawadyabalanipun sadaya, wêwatêkaning rasaksa botên wêgah angrabasèng kadewatan, titi suraosing sêrat, Sang Hyang Endra mèsêm salêbêting galih, lajêng andangu namaning caraka miwah pangkating palênggahanipun, rasaksi matur anama Sarwatagni, dados êmbaning nata ngiras pêpatih amêngku praja. Pangandikanipun Sang Hyang Endra: Hèh duta sira matura marang ratunira Sang Ditya Raja Kaladruwaya, kang dadi pamintane iki, ingsun tan bisa anêkani yèn ora kalawan caraka rasaksi. Duk miyarsa ngandikanipun Sang Hyang Endra makatên wau, ragi runtik manahipun, dipun kintên yèn jawata amundhut pêjah gêsanging ratunipun, mila rasaksi Sarwatagni lajêng mêsat mundur tanpa pamitan, praptaning jawi atilar wuwus, samya kinèn prayitna, ya ta sapêngkêring caraka ditya, Sang Hyang Endra lajêng animbali kang putra sakalihan, Bathara Jayantaka miwah Jayantara, praptaning ngarsa sami sinungan pawartos duk praptaning caraka ditya saking Batuwarna, mangkya putranya kêkalih dhinawuhan kinèn angundhangi para jawata, rêsi ing suralaya samya apacak bêbaris sasaranan wontên ing mrêpat kapanasan, ing samăngsa wontên [wontê...]

--- 9 : 15 ---

[...n] mêngsah ditya arsa sumêngka kalilan amangsulakên kalawan gêguntur, lamun aruda pêksa lajêng kinèn murwèng ayuda, ingkang putra sakalihan matur sandika, sampun kalilan mêdal siyaga, Sang Hyang Endra lajêng bibaran dènnya tinangkilan para jawata.

Ya ta kawuwusa wêdalira Bathara Jayantaka Jayantara, praptaning jawi sampun panggih lan Bathara Citradata, punika minăngka pinisêpuhing para jawata suralaya, kala samantên sampun tampi parentahira Sang Hyang Endra, lajêng tata-tata sapalakartining ayuda, dupi sampun samêkta sigra budhal kêrig sawadyabala para jawata, sapraptaning mrêpat kapanasan sagunging para dewa myang rêsi sampun sami pacak bêbarisanipun tanpa kuciwa.

Kunêng para jawata kang sami pacak bêbarisan, gêntos kacariyos nagari ing Batuwarna, kala samantên Prabu Kaladruwaya nuju miyos siniwakèng para punggawa ditya amarêngi praptaning êmban rasaksi Sarwatagni saking suralaya, dinangu wêwartining dinuta sampun ngaturakên sadaya, Prabu Kaladruwaya duk miyarsa dahat krodha madêg suraning driya, lajêng animbali senapatining ditya anama Sang Diyudaksa sapraptaning byantara dhinawuhan kinèn siyaga ing yuda, arsa [ar...]

--- 9 : 16 ---

[...sa] tinuduh anglurug prang dhatêng suralaya, angrêrisaka laladaning kadewatan sadaya, pinaringan kanthi punggawa ditya têtiga: 1. nama Sang Kalacalura, 2. Sang Kalagawara, 3. Sang Kalagindhala, sami kalilan ambêkta panêkarira para raksasa, Sang Diyudaksa matur sandika nyuwun pamit sampun kalilan lajêng budhal, praptaning jawi praja lampahing para ditya sigra sami mêsat angambara sawadyabala sadaya.

Nahan gantya winursita sagunging para jawata, ingkang samya pacak barisan wontên ing mrêpat kapanasan, kala samantên senapatining para jawata tansah amêmangun gêlaring ayuda, miwah anggêgulang tangkêp tanduking warastra, karsanipun benjang praptaning mêngsah ditya sampun ngantos kuciwa, dene ingkang pinatah dadya juru panganglang pringga sira Sang Bathara Patuk lawan Bathara Tamburu sangkêp sasikêping yuda, ing ngriku praptaning mêngsah ditya saking nagari Batuwarna, lajêng campuh prang kalihan para jawata, langkung rame gêntos kalindhih, sagunging rasaksa samya ngantêp ing yuda, parêng mangsah angamuk punggung sura tan taha nirbaya nirwikara, botên dangu barising para jawata sami dhadhal larut sadaya, samana Bathara Jayantaka Jayantara, sampun parentah kinèn tutup sakèthèngira, [sa...]

--- 9 : 17 ---

[...kèthèngira,] Sang Diyudaksa sarowangira langkung suka lajêng samya pacak baris wontên antaraning kadewatan.

Kunêng gantya kawuwusa ing kahyangan Jonggringsalaka, mangkya Sang Hyang Jagad Girinata, sampun ingaturan uninga dhatêng Sang Hyang Naradha, manawi ing Kaendran samangke kadhatêngan parangmuka, ditya saking Batuwarna, nama Sang Ditya Raja Kaladruwaya, dene kang dadya purwaning sumêngka sami pangawak braja, Sang Hyang Naradha sampun angaturakên sadaya, mangkya kalampahan ing suralaya sampun kinêpang ing mêngsah ditya, dahat mutawatosi, sagunging para jawata rêsi botên wontên ingkang mitadosi kaabên prang kalihan danawa, manawi botên wontên karsa kaungsir tumuntên saèstu ing kadewatan badhe risak dening raksasa. Sang Hyang Girinata duk miyarsa gugup lajêng nimbali putra, Sang Hyang Brahma dhinawuhan kinèn angawat-awati ing Kaendran, dene Sang Hyang Naradha dhinawuhan kinèn tumurun maring ngarcapada, mundhut panêngah Pandhawa kang nama Arjuna, badhe kaabên lan sang yaksendra ing Batuwarna nama Prabu Kaladruwaya, Sang Hyang Naradha miwah Sang Hyang Brahma sami matur sandika, sigra parêng mangkat saking ngarsa wontên ing margi lajêng andum karya sêsowangan lampahipun, kunêng datan [da...]

--- 9 : 18 ---

[...tan] kawarna ing margi.

Gêntos kacariyos nagari ing Ngamarta, kala samantên Prabu Yudhisthira nuju katamuan ingkang raka Prabu Krêsna ing Dwarawati, praptanipun dahat onêngipun dhatêng para kadang Pandhawa, dupi sampun tata lênggah Prabu Yudhisthira angaturakên panambrama rawuhipun ingkang raka, sarta ingaturan pawartos manawi ingkang rayi Dèwi Sumbadra ing mangke sampun anggarbini sawêg andungkap kawan căndra punika, mila Prabu Yudhisthira sakadangipun sami suka sukur rawuhing raka nata, Prabu Krêsna duk miyarsa andikanipun kang rayi ing Ngamarta, dahat sukèng tyas alon ngandika: Dhuh yayi Darmaputra, wruhanira praptaningsun iki kadi wus karsaning dewa, yèn bakal angluwari punaginingsun kalawan punagine kakang prabu ing Mandura nalika dhaupe yayi Arjuna lawan Si Sumbadra, manawa ing têmbe bisa patutan utawa yèn mijil jalu, iku kakangira ing Mandura bakal amaringi bawahan salêbak wukire bumi panglima nagara ing Mandura, cacah karyaning janma sasra, minăngka dadya panandhone Si Sumbadra, dene ingsun dhewe ananggupi pindhahing taman Bonasinawi, mring Madukara padha sanalika ingsun jajarake lawan panca udyana, Prabu Yudhisthira sakadangipun [saka...]

--- 9 : 19 ---

[...dangipun] sami suka ngungun duk amiyarsa andikaning raka nata, wêkasan amung samya dhêku kewala, dahat ginagas salêbêting wardaya, Prabu Krêsna uninga ing sêmunipun para Pandhawa radi sandeya ing tyas dhatêng pangandikanipun ingkang makatên wau, amargi langkung saking wawrat ingkang badhe dados pêpasihanira dhatêng pulunanira, mila Sri Prabu Krêsna lajêng amêdharakên wêwados ingkang dèrèng kalaksanan, pangandikanipun: Hèh yayi Pandhawa, baya ana raosing tyas mungguh kang dadi karsaningsun, iya iku saking dahat suka panarimaningsun maring dewa, wruhanira ing têmbe wawratane Si Sumbadra, yèn mijil jalu wus pinasthi dadya panuntuning kautamanira kabèh, nadyan ingsun sayêkti mèlu kagawa, lagya pinunggêl samantên pangandikanipun Prabu Krêsna, kasaru praptaning Sang Hyang Naradha sarwi muwus asêsanti manadukara, pangandikanipun: Dhuh yoganing ulun para Pandhawa aywana sandeyèng tyas iya ingsun sayêkti kang prapta atêtinjo ing sira, Prabu Krêsna miwah para kadang Pandhawa sami kagyat amiyarsa yèn wontên jawata, tumêdhak sigra gurawalan mêdal sadaya, sasampuning ngacaran lênggah Sang Hyang Naradha lajêng andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Girinata dhatêng Prabu Yudhisthara [Yudi...]

--- 9 : 20 ---

[...sthara][2] yèn ing mangke Sang Arjuna pinundhut marang suralaya, badhe tinandhingakên lawan ditya raja saking Batuwarna, anama Prabu Kaladruwaya, trah Ditya Gajagsasura ing Kiskêndha, purwaning sumêngka sampun kadhawuhakên sadaya, aturipun Prabu Yudhisthira amung nyumanggakakên kewala, namung nyuwun têdah saeka praya. Sang Hyang Naradha amangsuli: Saking dhawuhipun Sang Hyang Jagadnata botên kalilan bêkta kanthi kinèn pasrah ing dewa kewala, kala samantên amung Prabu Krêsna kêdah adrêng anguntapakên dhatêng suralaya, pinambêngan botên kenging ing wêkasan linilan, ing ngriku Sang Hyang Naradha sampun pamit lajêng mêsat angambara lan Prabu Krêsna, myang Parta tan kantun. Datan kawursita ing margi, enggaling cariyos kala samantên lampahipun sampun dumugi ing suralaya, nalika samantên Sang Hyang Endra nuju manggihi kang rayi Sang Hyang Brahma, dinuta ingkang rama kinèn angawat-awati ing yudanipun para jawata lan raksasa ing Batuwarna, Sang Hyang Endra sukèng tyas rumaos antuk andêling ayuda, botên dangu katungka rawuhipun Sang Hyang Naradha sarwi ambêkta Sang Arjuna, miwah Prabu Krêsna Wasudewa, Sang Hyang Endra, Brahma kagyat dene kang uwa mawi angirid ing Krêsna Arjuna mring kadewatan, samana Sang

--- 9 : 21 ---

Hyang Endra sampun matur ing uwa aminta karana Sang Hyang Naradha sigra sajarwa yèn saking timbalanipun Sang Hyang Girinata, salwiring pangandika sampun kadhawuhakên sadaya, Sang Hyang Endra tan wun sukèng tyas duk amiyarsa, ing ngriku Sang Parta sasampuning sinugatèng parikrama lajêng dhinawuhan mijil ing rananggana matur sandika, sigra budhal ginarêbêg ing para jawata, rêsi sadaya Sang Hyang Endra Brahma miwah Sang Hyang Naradha karsa tumêdhak anjênêngi priyăngga, Prabu Krêsna Wasudewa datan kantun ing saparan, ya ta sapraptaning mrêpat kapanasan, Sang Parta lajêng campuh prang lan mêngsah ditya ing Batuwarna, botên dangu para punggawa ditya sami kasambut ing adilaga dening sanjata dibya pêjah sakawan pisan, wadyabalanipun sasesaning pati samya larut alorodan, botên wontên ingkang sêdya pêpulih sami mantuk maring prajanipun. Kunêng lampahing para ditya kang samya kapalajar saking suralaya, gêntos kawuwusa nagari ing Batuwarna mangkya Prabu Kaladruwaya sampun amiyarsa wartos yèn wadyabalanira kang anglurug mring Kaendran sami kasor yudanipun, ing ngriku sang yaksendra sampun utusan maring wukir Raswata animbali guruning purohita anama Dhanghyang Wiswakarma, awarni raksasa langkung sudibya sakti [sa...]

--- 9 : 22 ---

[...kti] măndraguna, darbe suta kêkalih jalu sami warni ditya, kang sêpuh nama Kalakandha, arinipun anama Kalayodha, sami prawirèng yuda, kala samantên samya umiring ramanira sang maharsi ditya sowanipun mring Prabu Kaladruwaya, praptaning praja samya sinunggatèng parikrama dening Sang Yaksendra Dipa, sawusnya sinambrama pambagya Prabu Kaladruwaya, lajêng anandukakên karsanira, mring Sang Maharsi Ditya Wiswakarma, sarta sampun jinarwan salwiring sungkawanira, pangandikanipun Prabu Kaladruwaya makatên wau sarwi anandukakên wuwus manadukara amèt prana supados sinanggupan ingkang dadya pamintanipun sadaya. Wau ta sang maharsi ditya duk miyarsa andikanipun Sang Yaksendra Kaladruwaya têka larut bêbayuning angga, wêkasan matur sandika, rèhning punika mêmêngsahan dede sasamanipun, sang nata kaaturan sampun ngantos kêkirangan pangupaya budi, Prabu Kaladruwaya lajêng mundhut sutaning Dhanghyang Wiswakarma, kalih pisan sampun kinawulawisudha dadya pramukaning wrêksa wrêhatbala sadaya, sang rêsi ditya sangsaya sumungkêmira, sang ditya raja angandika dhatêng Dhanghyang Wiswakarma: Dhuh paman sang rêsi, salwiring pambudidaya kula sampun pracaya dhatêng andika paman, ingkang awit sampun botên [bo...]

--- 9 : 23 ---

[...tên] prabeda ing Batuwarna kalihan padhepokan wukir Raswata, mapan manira wus pasrah awon saening karajan ingsun sawadyabala, Dhanghyang Wiswakarma sangsaya kakênaning tyas ananggupi sadaya aturipun: Dhuh sang yaksendra dipun sakeca ing tyas sampun malangdriya amung pangèstu paduka, mugi kasambadana saking kasantosaning Hyang Kalamrêtyu inggih pun bapa ingkang mangrurah ing Kadewatan, botên langkung ulun namung nyumanggakakên sutamba kêkalih wau lowung yèn kinawulakna, Prabu Kaladruwaya mangsuli aywa sandeyèng prana, sawêg kèndêl gènira imbal wacana kasaru praptaning para mantri ditya kang sami kasor ing yuda, praptanipun sami laju dumarojog sarwi tawan karuna sadaya, sang yaksendra kagyat asru dènira ngandika: Hèh sagunging wadyaningsun padha matura kayaparan ing laku, wontên mantri pinituwa matur ing nata, angaturakên tiwasing para punggawa wiwitan dumugi wêkasanipun jawata aminta sraya sampun katur sadaya. Prabu Kaladruwaya andangu kang pininta sraya manusa tuwin sasamining jawata miwah pinăngka myang namanipun, mantri ditya matur manawi sami manusa kewala, kang satunggal kawarti ratu ing Dwarawati nama Prabu Krêsna, dene ingkang satunggilipun nama Arjuna saking nagari Ngamarta punika [pu...]

--- 9 : 24 ---

[...nika] ingkang langkung kasakti măndraguna, angasorakên kasêktèning para dewa. Prabu Kaladruwaya duk miyarsa yèn kang nama Arjuna punika mêngsahipun kala rumiyin mila, nalika sapanti Parta kala samantên sang yaksendra kenging prabawa sawadyanipun katub ing prahara gêng têmah dhawah ing prajanipun punika. Ya ta Sang Kaladruwaya dupi sampun têtela ing pamyarsanipun èngêt duk nalika samantên sigra madêg suraning driya, sanalika wungu dukanipun lajêng angundhangi para wadyabala, samya kinèn siyaga ing ayuda, badhe binêkta nglurug dhatêng suralaya, kala samantên sagunging wadyanira, sami rinakit gêlar pindha dirada mêta, sang yaksendra munggwèng sêsirah, Dhanghyang Wiswakarma kinarya senapatining ayuda munggwèng talale gêlar, sutanya kalih minăngka gadhing, kanthi para punggawa kang dadya talinganing gêlar, êmban Rasaksi Sarwatagni dadya awak-awakanipun gêlar, angrèh wadya ing wêwuri ngiras bêbuntut, ya ta sasampuning siyaga samêktanira, lajêng budhal kêbut sadaya, botên kawursita lampahipun wontên ing margi, enggaling cariyos kala samantên lampahing para punggawa raksasa sampun dumugi sukuning wukir Maendra, lajêng sami sumêngka.

Nahan gantya kawuwusa kang samya pacak baris wontên ing Mrêpat [Mrê...]

--- 9 : 25 ---

[...pat] Kapanasan, Sang Hyang Endra lawan sagunging para jawata samya anggusthi pratingkahing prangira lan para ditya ing Batuwarna, Sang Hyang Endra anggalih yèn mêngsah lawan Prabu Kaladruwaya, sampun tita botên wontên andhatêngi awit sampun antawis, Prabu Krêsna matur manawi mêngsah taksih awrat ing wuri, margi Prabu Kaladruwaya samangkya lagya ngupaya budidaya dhatêng ditya nujum anama Dhanghyang Wiswakarma, punika langkung sakti măndraguna darbe panglêrêpan dhatêng mêngsahipun, malah mangkya kawarti sang ditya raja sampun bidhal saking praja saha wadyabalanipun sadaya. Prabu Krêsna angaturi pariksa dhatêng Sang Hyang Endra, ing sajatosipun Prabu Kaladruwaya punika pancèn sampun mêngsahipun Sang Arjuna, duk nalika binayangkarya antuk Dèwi Sumbadra, mila bokmanawi sang ditya raja wau botên kêndhat pangancam-ancamipun dhatêng Sang Parta, awit sampun nate sinorakên ing yudanipun. Sang Hyang Endra duk miyarsa sigra angundhangi para jawata, kinèn samya arakit gêlar wimba căndra kala samantên Arya Parta sampun kaangkat dadya senapatining ayuda amêngku para wadya jawata, dupi sampun sanega panatanira katungka praptaning mêngsah ditya lajêng campuh

--- 9 : 26 ---

prang langkung rame gêntos kalindhih, kacariyos Ditya Sang Kalakandha miwah Sang Kalayodha ingkang minăngka gadhinging gêlaring mêngsah uninga yèn wadyanira asmu karepotan, sigra parêng mangsah anêmpuh sawadyanira mêdal ing kanan kering, para jawata bibar kuwur samya lumajar, Sang Kalakandha Kalayodha saya liwung pangamukira sura tan taha, Sang Parta uninga lajêng mangsah pêpulih, sarwi anglêpasakên sanjata prabawa mijil pintên-pintên angèbêki paprangan, mêngsah ditya pating sulayah, samya kataman ing sara dibya, Sang Maharsi Ditya Wiswakarma, uninga yèn sutanya kêkalih kuciwa ing yudanipun, ing ngriku sigra mangsah sarwi anandukakên sanjata braja kamayan maneka warna, dupi sampun cêlak Dhanghyang Wiswakarma uninga yèn ingkang dadya lêlajêring para jawata wau Arya Parta, saksana sang maharsi ditya lajêng analipêt momor lan wrêhatbala nêdya andêdingkik ing yudanipun, duk sampun parêg lawan Sang Parta Dhanghyang Wiswakarma nêdya anubruk dhatêng Sang Arjuna arsa cinêpêng wêdalira pinarêngan gêtak swara goraya, dèrèng ngantos kacêpêng Sang Parta lajêng kombul ing tawang kaundha ing sanjata prahara, sanalika Sang Parta kabuncang sirna saking payudan botên kantênan dhawahipun, ing nalika punika

--- 9 : 27 ---

kauningan Sang Hyang Endra, yèn Sang Arjuna sirna ing payudan, lajêng angundhangi para jawata, samya kinèn angundurakên baris sadaya, sampun ngantos anglawan yudanipun mêngsah ditya. Ya ta botên antawis dangu para jawata bibaran samya mundur maring kahyangan lajêng anêtêgi kori sela matangkêp, Prabu Kaladruwaya langkung suka lajêng sami masanggrahan angênggèni pakuwoning para jawata.

Wau ta kawuwusa Prabu Krêsna Wasudewa sarêng uninga yèn kang rayi Sang Parta sirna ing rana margi saking prabawaning mêngsah, ing ngriku lajêng anuduh ulucumbunipun kang rayi nama Sang Smara inggih punika taksih têdhakipun Dhanghyang Smarasanta, ulucumbu sampun turun-tumurun, kala samantên saanakipun samya dhèrèk dhatêng suralaya, samya dhinawuhan anglacak miwah angawasakên dhawahipun Sang Parta, margi winawas kadi taksih katingal kumaleyanging sarira, Sang Smara lan sutanipun sampun winêling sampun ngantos wangsul manawi dèrèng pinanggih, ingkang dhinawuhan matur sandika sigra mangkat anut sakumaleyangipun Sang Parta, ing samargi-margi tiyang kalih tansah karuna sarwi sêsambat ing gustinira, kacariyos botên mawi kèndêl ing lampahipun saking adrênging manah dènnya anututi Sang Parta, tuhu pangoncanging [pa...]

--- 9 : 28 ---

[...ngoncanging] jawata, kunêng kang lumampah andon saparan nguni ngantos têbih, tan kandhêg ing lampahipun.

Taksih sami salêbêtipun masa sitra taun Pilapawa, gêntos kacariyos padhepokan ing Endragiri, ingkang amarata tapa, nama Bagawan Manikara, pandhita langkung putus ing paningal wikan salwiring saniskara, sampun kasusra ing mănca-ngamănca lamun tuhu kinasihan maring jawata, ing nalika punika Bagawan Manikara sampun lami dènnya kapêtêngan wardaya, awit ginubêl ing putra èstri nama Rêtna Manuhara, ingkang dadya pamintanipun nguni duk ing ratri kala supêna dadya garwaning panêngah Pandhawa kang nama Arya Parta, mangkya kinèn angulatana ingkang katingal wontên salêbêting supênanira, mila sang bagawan ngantos samadya căndra punika ngantos anglirwakakên maring dhahar nendra saking dahating sungkawa, ciptaning tyasira kayaparan marganing kapanggih, ya dene têka kaelokan têmên kang dadya pamintaning putra, nguni sampun kasêrêp-sêrêpakên dhatêng kang rama botên kenging mêksa adrêng badhe tumindak angulati priyăngga, marma têkèng samangkya Bagawan Manikara tan pêgat dènnya sungkawa, pangunandikaning nala katêmbèn ingsun miyarsa warta yèn kang nama Arjuna, iku maksih

--- 9 : 29 ---

satriya agung putraning ratu binathara, marma kayaparan margane kalakona, kang măngka putraningsun iki têdhake wong pagunungan têbih lawan praja, upama angunggah-unggahana, yèn ora katampan sayêkti ewuh-aya, mila kala samantên sang bagawan tansah amanungku samadinira ing dewa. Ya ta ing nalika punika wontên siswanira kang atur uninga yèn ing jawi wontên tamu, kang prapta nêdya sowan ing sang bagawan, tinakenan ing nama miwah pinăngka kumbi botên sajarwa, wêwangunanipun ing tiyang langkung pêkik kadi satriya trahing awibawa. Ya ta Sang Bagawan Manikara duk miyarsa kagyat karasèng wardaya, salêbêting panggalih sampun andugi yèn punika ingkang nama Radèn Arjuna saking pakaryaning jawata, ing ngriku lajêng ngandika dhatêng kang putra Rêtna Manuhara: Dhuh putraningsun têka bagya kamayangan saka karsaning dewa, wruhanira mangkya wus prapta kang dadya pangèsthining tyasira, mila nuli barêsihana sajroning panti, myang sêsaji miwah rakita kang pasugata, kang putra matur sandika. Sang bagawan lajêng mêdal, sapraptaning pakarangan sampun panggih lawan Sang Parta, ingacaran laju sampun mawi taha, Radèn Arjuna myang ulucumbu kêkalih samya kagyat andulu tangkêbing Sang Bagawan Manikara kadi sampun [sampu...]

--- 9 : 30 ---

[...n] uninga, botên dangu Sang Parta lajêng kerid manjing padhepokan sami lênggah satata wontên salêbêting wisma, sasampuning sinambrama ing pambagya, Bagawan Manikara matur ing sangkan paran miwah sinambating nama, kala samantên Sang Parta sampun sajarwa ing nama miwah kang pinăngka, tuwin lêlampahanipun wiwitan dumugi wêkasan sampun winalèhakên sadaya, Bagawan Manikara dahat suka ngungun duk miyarsa, ngungunipun dene Sang Parta kênèng cobaning jawata kinarya lêlampahaning sangsara, sukaning tyas dene wus tinêkan kang dadya sêdyaning kang putra. Ya ta botên dangu mêdal punang pasugata tinămpa ing para endhang kairid Rêtna Manuhara, sawusnya tinata gumêlar sangajênging patanèn Bagawan Manikara anyarakakên dhatêng Sang Arjuna: Dhuh anggèr, kamipurunipun, pun bapa saking kêdah-kêdahipun angurmati pasugatan, Sang Parta lajêng dhahar amung ngecani wardaya kewala, sakadaripun tiyang wukir. Ing sadanguning dhahar Sang Parta anggung angliring tingalira dhatêng Rêtna Manuhara, salêbêting tyas asmu kasmaran nanging sinayutan. Bagawan Manikara sampun uninga ing sêmu lajêng anandukakên pasêmon amung sinamar tan kawistara, lah suwawi anggèr sampun mawi taha-taha ingkang rumêsêp dhatêng pun bapa, inggih sakawontênanipun [sakawontê...]

--- 9 : 31 ---

[...nanipun] wêdalaning wukir, awon-awon punika taksih têtigasan, nadyan botên pantês dhasar sampun kula sêdyakakên saking bingahing manah katamuan gusti, Sang Parta asmu merang ing tyas duk miyarsa rumaos manawi kawadaka tingkahipun wau, botên dangu lajêng luwaran dènira dhêdhaharan sampun kasaput ing dalu, Sang Parta kaaturan rêrêm munggwèng pacrabakan kalawan Sang Bagawan Manikara, dupi sampun sirêp janma, Bagawan Manikara matur dhatêng Sang Parta awit duk ing nguni sutanipun nalika supêna ing ratri salajêngipun ngantos dumugi rawuhipun Sang Parta wontên ing Endragiri, sampun kapratelakakên sadaya, aturipun Sang Bagawan Manikara makatên wau sarywa jinantonan ing pamuwus manis amêmalad driya, Sang Parta duk miyarsa dahat katrêsan tyasipun tan sagêd sawala wêkasan dipun sagahi, amung yèn kenging darbe ubaya sawusing karya dènnya pinèt sraya ing dewa, Sang Parta taksih nêdya manglawan yudaning Ditya Raja Batuwarna, awit meranging tyas manawi botên sagêd kalaksanan anyirnakakên mêngsah, sang bagawan mèsêm sarwi alon turipun: Dhuh anggèr ila-ila punapa pun bapa kamipurun anilakrami, mênggah prakawis mêngsah paduka punika, ing mangke sawêg sinantosakakên dening [de...]

--- 9 : 32 ---

[...ning] Hyang Kalakuthaka, manawi kasêmbadan prayogi dèn sarantosakên sawatawis sinambi manungku wontên ing patapan ngriki kewala, manawi sampun antuk parmaning dewa pinarêng ing măngsakalanipun, kados-kados botên dangu sirnaning mêngsah kang angkara murka, Sang Parta mituhu sapangandikaning Sang Bagawan Manikara radi anêdya lênggana, ya ta enggaling cariyos kala samantên Sang Arjuna kadhaupakên kalihan Dèwi Manuhara, mawi binawahan punapa sacara-caranipun tiyang wukir kalampahan atut rukun dènira jêjodhoan datan wontên pasulayanipun.

Amarêngi masa manggasri, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Pilapawa, gêntos kacariyos ing suralaya, kala samantên Sang Hyang Endra lawan para jawata, sami anandhang sungkawa duk sirnanipun Arya Parta dènira prang lawan mêngsah ditya ngantos andungkap sacăndra botên wontên pawartosipun, mila sagunging para jawata tintrim sadaya rumaos manawi kaoncatan andêling ayuda, mangkya Sang Hyang Naradha angandika dhatêng Prabu Krêsna Wasudewa, dhinawuhan kinèn angulati panggenane Sang Arjuna, awit saka ujaring wêca samêngko tan kêna sirna saking ayuda, sanadyan Sang Parta dèn kênyapi sadhasaring [sadhasar...]

--- 9 : 33 ---

[...ing] sapta bantala sayêkti maksih bisambul malih, ing sakadangira Pandhawa uga sami kewala, marma ing mêngko amung sira kang katêmpuh angulari kesahe kadangira Si Arjuna sayêkti kapanggya, sanadyan wus ora kasamaran maring saniskaraning lêlakyan iki kabèh, ananging amung sira kang pinitoyèng jawata sanggya. Prabu Krêsna Wasudewa matur sandika sampun kalilan, amung winêling sampun ngantos kawênangan ing mêngsah gya mangkat, lampahipun Prabu Krêsna, sarwi lêlimunan mahawan ing madyaskara. Kunêng lampahipun Prabu Krêsna ing Dwarawati, wau ta kawuwusa lampahira Sang Smarasanta lan sutanipun, kala samantên sampun dumugi padhepokan ing Endragiri, kapanggih kalihan Sang Arjuna, sampun wartos-winartosan sami suka sukurira.

Ya ta kacariyos ing nalika samantên Sang Bagawan Manikara matur bêbisik ing putra Sang Arjuna yèn ing mangke sampun sêdhêng amangsulana prang malih sampun ngantos sinêbut anistha satriya murud samadyaning ranangga, Sang Parta kaprayogèkakên mangsaha ing prang malih lan Ditya Raja Kaladruwaya, awit sampun praptane amarêngi praptaning apêsipun sayêkti, nir kabudayanira, Sang Parta sukèng [su...]

--- 9 : 34 ---

[...kèng] tyas sigra madêg malih kaprawiranipun, ing ngriku lajêng winulang dhatêng Bagawan Manikara salwiring aji jaya-kawijayan miwah kanuragan, Sang Parta winangsit kang măngka panulaking prabancana sadaya, Sang Parta sampun widagda, sasampunipun makatên lajêng pamit dhatêng Sang Bagawan Manikara, kalilan lajêng bidhal sapunika, dene garwanipun Dèwi Manuhara taksih tinilar wontên ing ngriku, benjang paripurnaning karya sagah winangsulan malih, Bagawan Manikara jumurung sakarsa lajêng bidhal, Sang Bagawan datan pêgat dènnya sung mudyastuti rahayuning lampahira. Ya ta wau Sang Arjuna, dupi sampun prapta sajawining asrama sigra mêsat maring gêgana, myang ulucumbu kêkalih datan kantun, sarêng dumugi samadyaning dirgantara lampahipun kapêthukan lawan ingkang raka Prabu Krêsna sigra rinangkul, sampun sami wartos-winartosan ing lêlampahan samya suka sukur ing dewa, botên dangu dènira pêpanggihan Prabu Krêsna lawan Sang Parta sakalihan lajêng mangkat. Datan kawursita ing margi enggaling cariyos kala samantên lampahipun sampun dumugi ing suralaya, laju sowan ing Hyang Endra, Sang Parta dinangu matur ngaturakên ing lêlampahanipun sadaya miwiti mêkasi, Sang Endra miwah sagunging para jawata samya

--- 9 : 35 ---

ngungun duk miyarsa, Sang Parja lajêng matur ing Sang Endra yèn arsa magut ing yuda malih lan mêngsah ditya kang taksih wontên mrêpat kapanasan, Sang Hyang Endra anyandhêt kinèn sarănta ing tyas sawatawis, awit Sang Parta dèrèng rêrêm sariranipun miwah arsa sinungan têtimbuling para jawata, ya ta ing ngriku Sang Hyang Endra miwah Sang Hyang Naradha samya misik salwiring aji jaya, pamungkasaning ayuda, myang pangabaran, kamayaning mêngsah, Sang Hyang Brahma amaringi sanjata sarotama, sarta winulang salwiring gêlar anggèning ayuda, sasampunipun makatên Sang Parta linilan mêdal ing rana matur sandika lajêng bidhal, para jawata samya umiring sadaya, botên ewah kadya duk ing nguni.

Ya ta gêntos kawuwusa kang maksih pacak barisan wontên ing mrêpat kapanasan, Prabu Kaladruwaya sawadyabala raksasa ditya samya anutug kasukan, awit saking dènnya unggul ing yudanipun lawan para jawata, mangkya Prabu Kaladruwaya dangu dhatêng Dhanghyang Wiswakarma prakawis mêngsah jawata ing sasirnanipun Sang Arjuna, punapa taksih darbe andêling yuda malih, Dhanghyang Wiswakarma matur sapamyarsanipun sampun sêpên, botên wontên sadayanipun kang kadi Sang Parta, mila tintrim tan wontên kang mêdal ing rana malih malah

--- 9 : 36 ---

kang aran Prabu Krêsna, ing mangke sampun binurak saking kahyangan awit saking tan darbe daya, Prabu Kaladruwaya langkung suka ing tyas lajêng kinèn angundhangi para wadyabalanipun, sampun sami purun angrêrisak kahyanganing para jawata, amargi mangkya karsanira sang yaksendra, yèn kêni Sang Bathara Endra kinèn anungkul aris kewala, sarta tinurutana kang dadya pamintanipun widadari Dèwi Supraba sayêkti tulus raharja, punapadene botên kapitunan amêmitran lawan rasêksa saèstu dadya kondhanging suralaya, Dhanghyang Wiswakarma lan para punggawa, anayogyani kang dadya karsaning ratunira, sawêg kèndêl dènira pirêmbagan kasaru gègèring wadyabala atur uninga yèn jawata, samya mêdali malih sêdya angantêp ing yuda, miwah Sang Arjuna sampun katingal waluya, anindhih para prajuriting suralaya, Prabu Kaladruwaya gadgadèng tyas sigra anuduh para punggawa kinèn amêthukakên yudaning para jawata, pasang rakiting gêlar datan owah duk ing nguni, sarêng têmpuhing yuda langkung rame tan wontên kasoran, para nayakaning jawata sami angantêp ing yuda, pinarêngan Sang Parta anglêpasakên sara sampata mijil kadi jawuh angèbêki ing payudan, para wadya ditya kathah pating sulayah

--- 9 : 37 ---

kênèng sanjata, Sang Kalayodha myang Kalakandha kasambut ing adilaga sarêng pêjah kalih pisan kuwănda sirna, Dhanghyang Wiswakarma sarêng uninga yèn sutanipun kalih pisan tiwas pêjah ing rana, ing ngriku sang maharsi ditya sigra mangsah pêpulih putranipun sarwi anglêpasakên kamayaning prang mawarna-warna, waspada Sang Arjuna amusthi sanjata sarotama, duk lumêpas angênani Dhanghyang Wiswakarma pagas jangganipun kuwănda muksa. Wau ta Sang Yaksendra Kaladruwaya dupi sampun kesisan ing wadyabala sami tumpês sadaya, dahat krodhanira lajêng mangsah angamuk punggung sura tan taha nêdya pêpulihing wadyanipun, ing ngriku sampun pinêthukkên dening Sang Parta langkung rame angabên kasantikan, botên dangu Prabu Kaladruwaya pêjah dening sarotama, datanpa sesa wadyanira sakantuning pêjah samya bibar larut sadaya, ngusi[3] ing wana miwah mantuk mring prajanira. Ya ta Sang Hyang Endra sasirnaning mêngsah lajêng bêdhol barising jawata, sami mundur dhatêng kahyangan, sapraptaning pura Sang Parta lawan Sang Prabu Krêsna dahat samya sinuba-suba, dene para jawata, kacariyos langkung kathah gêganjaranipun Sang Hyang Endra dhatêng Sang Parta miwah Prabu Krêsna, dupi sampun sami rêrêm kang sarira, lajêng linilan mantuk dhatêng ing ngarcapada, [ngarcapa...]

--- 9 : 38 ---

[...da,] kala samantên angkatipun Prabu Krêsna myang Sang Arjuna, mawi kairid dening Sang Hyang Naradha ngantos dumugining Ngamarta.

Amarêngi masa naya taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Pilapawa, gêntos kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Suyudana, nuju miyos sinewakèng wadyabala, gunging para nata miwah santana amêpêki sadaya munggèng păncaniti, samya anggusthi dènnya arsa mikramakakên ingkang rayi Arya Drusasana badhe kadhaupakên lan putrining Sang Hyang Arjunayana ing Sriwadari, kang nama Dèwi Găndawati ngantos dumugi samangke utusanipun dèrèng wontên prapta, andadosakên pangarsa-arsanipun Prabu Suyudana, ing nalika samantên karsa nata badhe anglampahakên utusan, anjujul dhatêng ing Sriwadari malih para nata miwah para santana sampun anjurung ingkang dados karsanipun Prabu Suyudana, amung Sang Prabu Krêsna[4] ing Ngawăngga ingkang botên anyondhongi rêmbagipun, awit ginalih mindha abancang lampah, rèh sampun lami prayogi dipun sarantosakên, Prabu Salya ing Mandraka anyondhongi rêmbagipun Prabu Karna. Ya ta sawêg kèndêl dènira imbal pangandika [pangandi...]

--- 9 : 39 ---

[...ka] kasaru praptaning Patih Sangkuni lan para santana kang samya umiring lajêng dumarojog manjing panangkilan kewala, Prabu Suyudana miwah para nata kagyat sami sukèng tyas sadaya, sasampuning sinung pambagya dinangu ing kawontênanipun dinuta, Patih Arya Sangkuni angaturakên kang dadya wêwangsulanipun Prabu Arjunayana ing Sriwadari, punapa sasuraosing nawala saking Ngastina sampun tinanggapan ing nala, amung samangkya putrinipun kang nama Dèwi Găndawati kinarya sayêmbara ing prang, singa kang kawasa angasorakên ing kaprawiranipun sang rajaputra, nama Arya Găndasena kadangipun jalu sang putri wau, ing samăngsa-măngsa saèstu kadhaupakên kalihan Dèwi Găndawati. Wau ta Prabu Suyudana, duk miyarsa aturing Arya Sangkuni sanalika kabangan bangun alin-alining nala, ciptaning panggalihira dipun mêjanani dhatêng Prabu Arjunayana ing Sriwadari, ing ngriku karsa nata angundhangi para wadyabala, badhe tumindak pribadi, anglurugi ing prang gêmpur prajanipun Prabu Arjunayana, kala samantên pinambêngan dhatêng Prabu Salya miwah Prabu Karna ing Ngawăngga dipun aturi sarèh ing tyas samya rinêmbag ing saprayoginipun, sabab punika dèrèng pantês lamun kinarya dadya pêpucuking duka,

--- 9 : 40 ---

manawi sadaya-daya andhatêngakên karsa ingkang makatên têmahan nistha awit botên anêtêpi kautamaning ratu binathara, kêdah darbe parimarma anindakakên titi pariksa. Aturipun Prabu Karna: Yèn kaparêng ing karsa nata prayogi anglampahakên utusan santana kang prayogi, angawakana ing sayêmbara dados botên amangsulakên pamintanipun Prabu Arjunayana, yèn sampun wontên ing Sriwadari sagêd kalampahan sapanêdhanipun kasor miwah ungguling yuda gampil lamun andhatêngakên karsa, têlas aturipun Prabu Karna. Sang Nata Suyudana kasêmbadan ing galih, lajêng animbali kang rayi Arya Prabu Jayadrata, praptaning byantara dhinawuhan siyaga ing ayuda, badhe kinèn angadani sayêmbara dhatêng ing Sriwadari dadya awak-awakaning Arya Drusasana, salwiring rèhira sampun kadhawuhakên sadaya, Arya Prabu Jayadrata matur sandika lajêng linilan mêdal siyaga, dene Patih Arya Sangkuni dhinawuhan wangsul malih minăngka upagananing lampah kalilan bêkta para Kurawa sawatawis, mung gêlar sapapaning ayuda matur sandika, botên antawis dangu Prabu Suyudana lajêng luwaran dènnya tinangkil.

--- 9 : 41 ---

Ya ta kawuwusa Arya Prabu Jayadrata, miwah Patih Sangkuni saha Kurawa samya rêmbagan ing lampah wontên dalêm ing kapatihan, Arya Sangkuni sampun amêmatah para Kurawa miwah punggawa ingkang badhe binêkta dhatêng Sriwadari, sarta kang pinatah dhatêng praja sampun tinanggênah sowang-sowang, Radèn Arya Drusasana pinasrahan pakaryaning patih amêngku praja, dupi sampun waradin parentahira Sang Arya Sangkuni, samêktaning siyaganipun antawis dintênipun malih bidhalan, kacariyos langkung agêng lampahing para wadyabala ing Ngastina.

Taksih sami salêbêting masa naya, ing taun Pilapawa, gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, padhepokan ing wukir Yaksarata, wontên raja pandhita kang amaratapa anama Bagawan Kanwa, pasêbutaning ngakathah nama Sang Maharsi Kano langkung putus dhasar têdhaking maratapa, ing nalika punika Bagawan Kanwa, lagya kapêtêngan wardaya, dening putranipun èstri, kang anama Dèwi Ulupulya inggih Dèwi Ulupi, mangkya linamar dening ratuning sato wana, awarni dipăngga pêthak sagêd tata janma, nama Prabu Dwaradana, saking pamintanipun dipăngga pêthak, Rêtna Ulupi wau pinèt jatukrama, ananging Sang Bagawan Kano

--- 9 : 42 ---

dahat botên rêna yèn darbea mantu sipating sato khewan, sayêkti langkung lingsêmira dhatêng sasamining manusa, mila duk panglamaripun amung winangsulan sinangggi ing krami kewala, amrih lêstarining padhepokanira sampun ngantos sinikara, ing nalika samantên saking sangêting Bagawan Kano, lajêng animbali ulu-uluning para siswa kêkalih: 1. nama Janggan Salagotra, ingkang satunggal anama Cantrik Wisangkatha, kalih pisan minăngka andêling padhepokan, asring tinantun-tantun ing pirêmbag kang awigatos, mangkya sami piniji kinèn angupaya budidaya dhatêng amănca-mănca manawi wontên janma ingkang sudibya saking măndraguna, punika kinèn aminta sraya, yèn sagah anyirnakakên sagunging sato sêbana ingkang karya tintriming pratapan, sayêkti ingêbang kadhaupakên lawan putranipun kang nama Dèwi Ulupi, Janggan Salagotra miwah Cantrik Wisangkatha sampun sami matur sandika saha sampun winêling lajêng mangkat, lampahipun tan mawi kanthi, samya anamur kadya têtiyang wêwanan amung ngambil wrêgsa.

Kunêng lampahipun tiyang kêkalih, kang sami angupaya sraya, gantya kawuwusa nagari ing Duryapura, ingkang jumênêng

--- 9 : 43 ---

nata, anama Prabu Druwasadha putranipun Prabu Drumanasa, taksih trahipun Prabu Durapati kala ing kina, Prabu Druwasadha sampun kasusra ing kaprawiranira, dhasar ratu agung sugih bala santana bacingah ing warni ditya lawan manungsa, sagunging wadananing raksasa punika, saking têtêlukan sinorakên ing prang dening Prabu Druwasadha, mila sangsaya dahat kaèringan dhatêng para nata măncapraja sami ajrih sumuyut sadaya, ing nalika punika Prabu Druwasadha kang lagya kaonêngan ing tyas dening pawartosipun para nangkoda, manawi ratu ing Sriwadari nama Prabu Arjunayana darbe putri langkung endah warnanipun angasorakên para putrining nata, kang pêparab Dèwi Găndawati, akathah para ratu amăncapraja kang prapta anglamar tan wontên kapadhan karsa têmah dadya sayêmbara prang, singa kang sagêd angasorakên kaprawiraning raja Radèn Găndasena, saèstu dhaup lan Dèwi Găndawati, mila ing mangkya Prabu Druwasadha sakalangkung dènira kataman wayaning turidasmara dhatêng putri ing Sriwadari, prasasat kadya gonjing tyasipun ngantos supe ing kawibawanira, Patih Nindhakara uninga dahat sungkawa, dadya alon ing aturipun: Dhuh gustiku, kang măngka wakiling jawata, ambawani bawana

--- 9 : 44 ---

kadiparan ing karsa, yèn anggung makatêna saèstu badhe nyurêmakên prabuning praja paduka, dene têka anuruti cipta kadya rare alit tuna saking kabudayanira, bok inggih adarbe tyas emut lamun ratu binathara. Wau ta Prabu Druwasadha, duk miyarsa aturing Patih Kindhakara kagyat lajêng ngandika: Hèh bapa mêngko sira mataha punggawaningsun kang padha prawira yèn ingsun arsa utusan marang nagara Sriwadari, anglamar putrining nata, aturing Patih Nindhakara: Dhuh pukulun, manawi karsa paduka arsa nuduh para ditya saèstu tan sakeca ing lampah, margi wêwatêkaning raksasa kenging katêmbungakên kaduk purun kirang dêdugi, botên wande panjênêngan paduka ingkang antuk pasêbutan anistha, kalihan punika kenging kawastanan dede bangsaning manusa, dumuginipun ing ngriku botên wande damêl sêling-sêrêp têmah-têmah pados èwêd aya, yèn kapanujon ing karsa aluwung anêdaha punggawa ingkang prayogi, saha manusa ingkang micara, ananging inggih kêdah anglampahakên punggawa ditya sapanêkaripun kadhawuhana pacak baris sêsingidan wontên sajawining praja ing Sriwadari, pirantosipun bokmanawi wontên baya pakèwêding wadya kang lumampah rumuhun, punika para ditya

--- 9 : 45 ---

enggal têtulunga, Prabu Druwasadha kasêmbadan ing aturipun Patih Sindhakara, ing ngriku lajêng animbali punggawa panganglang praja, nama Arya Sutagnyana, punika têdhaking Bathara Agnyana ing nguni, dados taksih kawăngsa dening Prabu Druwasadha, praptèng ngarsa sampun dhinawuhan ingkang dadya karsa nata, Arya Sutagnyana matur sandika sampun pinaringan surat, panglamarira dhatêng Prabu Arjunayana, sasampuning winêling-wêling lajêng mêsat mêdal gêgana. Ya ta sapêngkêripun Arya Sutagnyana, Prabu Druwasadha lajêng nimbali punggawa ditya têtiga, sapraptaning ngarsa sampun dhinawuhan ingkang dadya karsa nata, punggawa ditya têtiga matur sandika lajêng bidhal sapanêkaripun, dene namanipun ingkang 1. nama Sang Kara, 2. nama Sang Kirmantara, 3. Sang Brahmakala, tiga pisan samya prawira ing yuda, sinigêg lampahipun ditya têtiga.

Gantya kawuwusa padhepokan ing Endragiri, kala samantên Bagawan Manikara sampun lami dènnya katamuan ingkang putra mantu nama Radèn Arjuna, karsanipun atêtinjo ing garwanipun Dèwi Manuhara, dugi sampun antawis dintên malih Sang Parta pamit ing rama Sang Bagawan Manikara yèn ing mangkya badhe kondur dhatêng nagari Ngamarta,

--- 9 : 46 ---

miwah ingkang garwa Dèwi Manuhara, sêdya binoyongan sarêng sakonduripun. Bagawan Manikara suka jumurung ing karsa, ananging Sang Parta kaprayogèkakên amawia sarana, rèhning lampahan têbih akanthi wanudya saèstu kathah pakèwêdipun ing margi, Sang Parta lajêng kaaturan kalpika mawa sêsotya manik buhwanandha, kaagêma wontên ing jêjênthikan kiwa minăngka têtimbanganing kalpika maniking ampal kang saking Dhanghyang Druna, dene manik buhwanandha wau kawasanipun sagêd amèt sèsining bawana, Sang Parta matur nuhun dahat sukaning wardaya, kalpika sampun sinungakên katampèn dening Arya Parta nuntên kaagêm wontên ing jêjênthikira kang kiwa, Bagawan Manikara lajêng mangsit dhatêng Sang Parta kang dadya pratingkah pambukaning kalpika sampun winarahakên sadaya, kang putra tanggap sampun waskitha, ing ngriku Dèwi Manuhara lajêng kinèn manjing salêbêting kalpika, kamot saparêkanipun miwah kang raja kaputrèn sadaya, nuntên sinidhikara mulih datan kawistara, kala samantên Sang Arjuna nulya pamit ing rama sampun jinurungan ing pudyastuti sigra mangkat, amung kanthi ulucumbu saking Ngamarta, sarêng wontên ing margi kapêthuk lampahing punggawa ditya kang saking nagari Duryapura gêntos [gê...]

--- 9 : 47 ---

[...ntos] takèn-tinakenan sami sajarwa, dangu dènnya wawan-winawan wicara sami sêrêngipun lajêng dados prang, botên dangu punggawa ditya sami pêjah kasambut ing rana dening sanjata dibya, wadyanira sasesaning pêjah samya lumajar asasaran sêdya mantuk dhatêng prajanipun, ya ta sabibaring para ditya kang sami kasoran yudanipun kalihan Sang Arya Parta, kawuwusa lampahipun Puthut Salagotra, miwah Cantrik Wisangkatha, kala samantên sami waspada ing pandulunira manawi wontên rajaputra alêlampah kawistara ujwalaning cahyanira angênguwung kadi tranggana liwêran salêbêting wanawasa, ing ngriku lajêng pinarêpêkan dening cantrik kêkalih, wau sami nyipta manawi antuk pangupaya saking karsaning jawata, dupi sampun prapta ing ngarsanira Arya Parta cantrik kêkalih kamantyan dahat dènnya anoraga solahira, sami aminta sih amèt prana, Sang Parta kagyat andangu sangkan paran miwah namanipun, cantrik kêkalih sami matur sajarwa ing namanipun sowang-sowang saking wukir Yaksarata, dinutèng Sang Bagawan Kanwa, jatining karyanipun sampun kaaturakên sadaya, Sang Parta ngungun ing tyas amiyarsa, ya ta enggaling cariyos kala samantên Sang Parta sampun nyagahi purun kinarya saraya, cantrik kêkalih sami sukèng tyas rumaos yèn [yè...]

--- 9 : 48 ---

[...n] sampun angsal damêl, ing ngriku Sang Parta lajêng mangkat dhatêng padhepokan wukir Yaksarata kerid ing cantrik kêkalih.

Nahan lampahipun Sang Arjuna, gêntos kacariyos nagari ing Dwarawati, kala samantên Prabu Krêsna Wasudewa, nuju katamuan kang rayi Arya Nangkula, praptanipun dinuta ingkang raka Prabu Yudhisthira angaturi uninga yèn ing mangkya kang rayi Sang Parta kesah atilar pura tanpa pariwara, duk lolosipun dumugi sapariki antawis sampun andungkap kalih căndra, punika dèrèng wontên pawartosipun, têmah akarya sungkawaning para kadang sadaya, awêkasan Prabu Krêsna dipun aturi rawuh dhumatêng Ngamarta, wontêna ingkang dados pangarêm-arêming tyas para kadang miwah ari Dèwi Sumbadra. Ya ta Prabu Krêsna Wasudewa, duk miyarsa aturipun Arya Nangkula, dahat ngunguning tyas lajêng angandika dhatêng kang rayi Arya Satyaki miwah Sang Udawa, sami kinèn têngga praja, yèn ing mangke Prabu Krêsna karsa tindak dhatêng nagari Ngamarta tanpa wadya amung lêlancaran kewala miyos ing gêgana, Arya Satyaki miwah Udawa sami matur sandika, dene sang arya kala samantên sampun linilan bidhal kondur rumiyin, Prabu Krêsna lajêng awêwarti dhatêng para garwa, ing antawis dintên malih sang nata sigra bidhal mêsat [mê...]

--- 9 : 49 ---

[...sat] ing madyantara.

Ya ta kunêng lampahipun Prabu Krêsna Wasudewa, gêntos kacariyos ing wanapringga, ingkang winastan kadhaton siluman, ing sunya pringga laladaning tanah Ekacakra, mangkya ratuning sato anama Prabu Dwiradana, lagya asêseban lawan sagunging wadya punggawanira para sato wana, ingkang măngka patih pangrèh wadyabalanira kêkalih: 1. awarni singha, nama Singha Grêndaka, ingkang satunggal awarni banthèng lêlawung anama Andaka Murti, ingkang dadya pinisêpuhing wadya punggawa kêkalih: 1. awarni taksaka agung wasta Sang Wisabajra inggih Kalajangga, 2. awarni cêlêngan wasta Kungkala Sungkara, inggih Sang Warahandana, ingkang dados pangagênging sato sadaya sami sagêd tata janma, kala samantên Prabu Dwiradana dangu dhatêng pêpatihira kêkalih, prakawis dènnya ubaya, Bagawan Kanwa duk linamar putranipun èstri ingkang nama Dèwi Ulupi, dipun sarantosakên ngantos sapariki dèrèng wontên kawêkasanipun, ratuning sato wana ananglang ingkang dadya sêdyaning para wadyabalanipun, aturipun patih: Dhuh pukulun, mênggah karsa paduka punika sampun têtela manawi Sang Bagawan Kanwa sêdya anyidrani kang dadya ubayanipun ing

--- 9 : 50 ---

nguni, awit amba miyarsa warti yèn Bagawan Kanwa sapunika malah aminta sraya dhatêng janma kang sudibya sêkti ing ayuda, ing mangke sampun antuk satriya panêngahing Pandhawa nama Sang Arjuna, kawarti kadangipun Prabu Yudhisthira ing Ngamarta, mawi dèn bang-êbang putranipun badhe kadhaupakên kalihan Sang Arjuna, inggih sagah anyirnakakên padukendra sawadyabala sadaya, Prabu Dwiradana, duk miyarsa dahat bramantyanira madêg suraning driya lajêng angundhangi wadyabala kinèn samya siyagèng yuda, yèn ing mangkya Prabu Dwiradana arsa ngrisak padhepokan ing Yasarata, dupi sampun samakta lajêng bidhal, kêbut sawadyabalanira, kunêng lampahing ratu sato wana.

Gantya kawuwusa malih padhepokan ing Yasarata, mangkya Sang Bagawan Kanwa lagya manggihi dutanira kêkalih: 1. Puthut Saligotra, kalihan Cantrik Wisangkatha, Bagawan Kanwa andangu kawontênaning lampahira dinuta, Wisangkatha, myang Saligotra matur manawi sampun antuk karya, raja sinatriya lêlana, langkung pêkik warnanipun, anama Arya Parta, pinangkanipun nagari Ngamarta, saking patapan ing Endragiri, sumêdya kondur maring praja, ingkang dadya lêlampahaning nalika wontên ing margi sampun [sa...]

--- 9 : 51 ---

[...mpun] kaaturakên sadaya, mangkya Sang Arjuna taksih tinilar wontên sajawining pakarangan, sang bagawan miyarsa langkung suka gupuh-gupuh lajêng mêthuk, praptaning jawi sampun tundhuk lan Sang Parta, ingacaran laju manjing salêbêting panti sampun sami tata, sapraptaning wisma Sang Arya Parta sami lênggah satata kalihan Sang Maharsi Kanwa, sasampuning kaaturan pambagya sang bagawan dahat dènira minta sih anorakên raga, aturipun: Dhuh anggèr dahat bagya kamahyangan pun bapa botên nyana, miwah botên kasupêna manawi badhe karawuhan ing gusti, sang bagawan lajêng mratelakakên sêdyaning karsa, miwah punaginipun kados ingkang sampun kawahya dhatêng cantrik kêkalih kang sami dinuta, Sang Parta mangsuli sumendhe karsaning jawata, sagah dèrèng kantênan nanging datan mikarèng karya, Bagawan Kanwa langkung sukèng tyas miyarsa pangandikanipun Arya Parta, sampun andugi lamun tuhu satriyotama. Ya ta botên antawis dangu Bagawan Kanwa anguwuh dhatêng kang putra Dèwi Ulupi kinèn amijilakên pasugatanira, sang rêtna sigra marêk kang rama sarwi angirid para endhang kang bêkta sugata, dupi praptèng ngarsa Sang Bagawan Kanwa anandukakên pamicara dhumatêng Arya Parta, lah inggih punika anggèr warnining wêdalan ing wukir manawi katimbang kalihan [ka...]

--- 9 : 52 ---

[...lihan] para trahing kusuma saèstu dèrèng măntra-măntra yèn angèmpêrana, saking panuwun kula pun bapa amung kamipurun sumêngka, angaturi badhe anjuru dang kewala, bokmanawi kangge, sanadyan kuciwa ing warni amung lowung-lowung kadamêl jangkêp para parêkan paduka, ya ta Sang Parta duk uninga marang Dèwi Ulupi, dahat kataman ing turidasmara têmah agung liniring panduking paningalira Dèwi Ulupi sampun angraos tyasipun lajêng mundur datan ngêntosi luwaring bujana, sang maharsi suka gumujêng sarwi anandukakên pasugatanira, dupi sampun dumugi dènnya dhêdhaharan Sang Parta lajêng winangsit salwiring aji jaya-kawijayan miwah kanuragan sampun sarwi widagda. Ya ta sawêg kèndêl dènira imbal pangandika, kasaru gègèring jawi praptanipun mêngsah para sato wana, Bagawan Kanwa gugup anyumanggakakên dhatêng tamunira, ing ngriku lajêng pinêthukakên dening Sang Parta, miwah para puthut manguyu jêjanggan cantrik sapanunggilanipun, myang Bagawan Kanwa umiring wurining Sang Arjuna, sapraptaning jawi para siswa ananggulangi yudaning sato wana sami angêdalakên kadibyanira, nanging tan dadya panulak malah sangsaya angrêbda, ing ngriku Sang Arjuna sigra anglêpasakên punang brahmastra, tumanduk marang sato wana [wa...]

--- 9 : 53 ---

[...na] sadaya samya sirna kabasmaran sadaya dalah ratunipun, ya ta sasirnaning Prabu Dwiradana sawadyabalanipun, botên dangu katingal wontên jawata angejawantah, Sang Hyang Naradha miwah Bathara Singgajanma, myang Bathara Buntala kairing sagunging para widadari tuwin para gandarwa, Sang Parta miwah Bagawan Kanwa uninga samya gurawalan angèstupada Sang Hyang Naradha lan para jawata sapanunggilanipun lajêng sami sajarwa ing kapadosanipun sowang-sowang, Sang Parta miwah Rêsi Kanwa kamantyaning atur panalăngsa anuwun pangaksama. Pangandikanipun Sang Hyang Naradha: Hèh panêngahing Pandhawa kang mangkono iku boya dadi ngapa, dene sira wus amêngku sagunging pratingkah kang utama, apratăndha sira kawasa amberat marang papa cintrakaningsun iki kabèh, sayêkti bakal antuk panarima, ing samêngko wasitaningsun marang sira yogya lakonana. Hèh kaki Parta yèn sira wus kalakon dhaup lawan sutaning Bagawan Kanwa kang aran Dèwi Ulupi, sira nuli ingsun tuduh mangkata marang nagara Sriwadari, kang madêg ratu aran Prabu Arjunayana, iya iku trahing Prabu Arjunasasrabuja ing Maispati, kang măngka panjanmaning Hyang Kesawa, iku darbe suta roro nguni iku mijil dhampit, kang wadon [wado...]

--- 9 : 54 ---

[...n] tuwa aran Dèwi Găndawati, arine jalu aran Găndasena, iya Radèn Găndadewa, samêngko wus padha diwasa warnane kang wadon anglangkungi putraning para nata, kang jalu pêkik tur pinunjul kaprawiraning ayuda, saiki Dèwi Găndawati iku kinarya sayêmbara prang sakèhe ing para ratu kang padha anglamar, singa kang kawasa angasorake kaprawirane rajaputra ing Sriwadari, iya dadi jodhone Dèwi Găndawati, marma iku kaki nuli lakonana, wruhanira tan ana kang ngasorake kaprawirane Găndadewa, kajaba amung sira, sarta wus pinasthi Dèwi Găndawati dadi jatukramanira, sarta ing têmbe danya[5] jalaraning kabêgyan agung, iya iku minăngka pamalês ingsun marang sira. Sang Parta anêmbah sarywa dahat sungkêm panuwunira, badhe angèstokakên sapangandikanipun, Sang Hyang Naradha sasampunipun makatên lajêng muksa, lan sagunging para jawata widadari kang sami umiring, ya ta sapêngkêripun para jawata, ing ngriku Sang Arjuna lajêng kadhaupakên kalihan Sang Dèwi Ulupi, mawi binawahan sawatawis, sabibaring dhaupipun kala samantên lajêng pamit dhatêng Bagawan Kanwa, miwah garwa Dèwi Ulupi, yèn badhe anglampahi pitêdahipun Sang Hyang Naradha, [Na...]

--- 9 : 55 ---

[...radha,] dhatêng Sriwadari, Bagawan Kanwa jumurung ing karsa lajêng mangkat.

Gêntos kawuwusa nagari ing Ngamarta, kala samantên Prabu Yudhisthira anuju siniwakèng para kadang miwah para wadya punggawanira, amarêngi rawuhipun kang raka Prabu Krêsna Wasudewa ing Dwarawati, para Pandhawa sami sukèng tyas ing rawuhipun kang raka rumaos marêm sadaya, sasampuning tata lênggah Prabu Yudhisthira mratelakakên kang dadya sungkawaning wardaya, Prabu Krêsna dahat ngungun duk amiyarsa, ananging sajatosipun datan kasamaran ingkang dados purugipun ingkang rayi Sang Parta, pangandikanipun tansah sinamar kewala botên kawêdhar, para Pandhawa sami matur juwêt angêngudi sangêt supados pinaringan jatining pangandika, ing wêkasan Prabu Krêsna anyagahi badhe ingulatan pribadi, para kadang Pandhawa sami dhinawuhan sampun wontên sandeyèng prana, ing ngriku Prabu Yudhisthira sakadangipun sami rumaos asrêp manahipun, aturipun dhatêng kang raka, sintên para kadang myang wadya punggawa ingkang dados kaparênging karsa umiringa dhatêng paduka sayêkti nuntên badhe dhinawuhan siyagèng karya, Prabu Krêsna Wasudewa mangsuli tan susah nganggo kanthi, mundhak angrêrubêdi [angrêrubê...]

--- 9 : 56 ---

[...di] lampah amung samya winêling yèn sapêngkêripun, sami kinèn analăngsa ing dewa supaya antuk pangaksama, para Pandhawa sami kèndêl ajrih pangandikaning raka awêkasan matur sandika, ing ngriku Prabu Krêsna lajêng pamit ing para kadang yèn arsa mangkat sami samangkya, Prabu Yudhisthira anyumanggakakên sigra mangkat, kala samantên lampahira Prabu Krêsna angambah dharatan, lajêng mêsat ing gêgana tanpa wadya.

Nahan gantya kawuwusa nagari ing Duryapura, mangkya Prabu Druwasadhana, nuju siniwèng wadyabalanira marêngi praptaning punggawa ingkang dinuta maring Sriwadari anglamar Dèwi Găndawati, duk wontên ing Sriwari[6] datan kacariyosakên sarêng praptaning Duryapura matur ratunira, manawi ing mangke Prabu Arjunayana botên darbe wangsulan punapa-punapa, amung mratelakakên sayêmbaranipun rajaputra, Prabu Druwasadhana sukèng tyas sumêdya anindakakên priyăngga, para punggawa myang santana kang sami prawirèng yuda sampun dhinawuhan umiring sadaya, sawêg kèndêl dènira ngandika, kasaru praptaning wadya ditya samya anjujug ing Patih Nindhakara, sampun matur tiwasing lampahipun punggawa ditya sami pêjah tiga pisan dening satriya linangkung nama [na...]

--- 9 : 57 ---

[...ma] Arjuna, kawarti panêngahing Pandhawa, arining Ratu Ngamarta, kang nama Arjuna punika, sampun laju ngadêgi sayêmbara dhatêng nagari Sriwadari, dene pinangkanipun raja sinatriya ngakên saking Endragiri, duk katur ing Prabu Druwasadhana dahat bramatyanira madêg suraning driya lajêng ngundhangi wadyabala samya kinèn siyaga ing yuda, manawi Prabu Druwasadhana arsa bidhal dhatêng Sriwadari anungka lampahipun Sang Parta, ngiras angadani sayêmbara prang, saking sêdyanipun Prabu Druwasadhana, manawi ratu ing Sriwadari botên lajêng amasrahakên putri sêdya lajêng rinabasèng prajanipun, kala samantên Patih Nindhakara sampun maradinakên parentah dhatêng para punggawa myang satriya tuwin para pangagênging wadya raksasa, sarta sami ingundhangan yèn kang nama Arjuna wau kacandhak wontên ing margi lajêng kinèn misesa kewala, sasampuning samakta siyaganira, antawis dintên Prabu Druwasadhana sigra budhal kêbut sadaya sawadyabalanira.

Taksih sami salêbêting masa naya ing taun Pilapawa, gêntos kacariyos nagari ing Sriwadari, kala samantên Prabu Arjunayana, sampun kaaturan uninga manawi wontên raja duta saking nagari Ngastina ingkang angêmbani lampah

--- 9 : 58 ---

inggih Patih Arya Sangkuni, wangsulipun mariki ambêkta andêling yuda, kang arsa ananggulang kaprawiraning rajaputra, umanjing sayêmbara, anama Sang Arya Prabu Jayadrata, kalêrês kadangipun ipe kalihan Prabu Suyudana ing Ngastina, ing mangke sampun sami wontên sajawining panangkilan angêntosi timbalan, Prabu Arjunayana langkung suka lajêng kinèn angirid marang ngarsa nata, engaling cariyos kala samantên Patih Arya Sangkuni sampun prapta ing panangkilan, dahat kinurmatan dening Prabu Arjunayana pinrênah lênggah satata, sasampuning sinambrama ing pambagya, Patih Arya Sangkuni lajêng anandukakên sadhawuh wêwêlingira Prabu Suyudana, sampun kapratelakakên sanaya,[7] wêkasan anyaosakên sawung kang badhe lumawan ing sayêmbara, nama Arya Prabu Jayadrata, mênggah kalampahanipun kaborongakên kalihan Sang Nata Prabu Arjunayana, sukèng tyas sampun ananggapi, ing ngriku lajêng parentah ing wadya kinèn angrukti papaning pabaratan, miwah kang putra Radèn Găndasena sampun dhinawuhan siyaga ing ayuda, kinèn lumawan andêl-andêl saking nagari Ngastina, Radèn Găndadewa matur sandika lajêng mêdal siyaga, wontên samadyaning [samadya...]

--- 9 : 59 ---

[...ning] kalangan kewala, dahat gambirèng tyasira, Prabu Arjunayana sarêng wêdalira lan Patih Arya Sangkuni, sapraptaning pakalangan Arya Patih Sangkuni matur kalilana dèn pêpucuki ing rowang, Prabu Arjunayana anyarah sakarsaning tamunira, ing ngriku Arya Sangkuni lajêng angatag para Kurawa, samya kinèn manjing salêbêting kêkênthêng agantya-gantya pamrihipun sagêda amawrat kadibyanipun Radèn Găndadewa, para Kurawa kang samya dhinawuhan kala samantên lajêng manjing satunggal-tunggal sampun prang têtandhingan rajaputra, tan wontên lêbda karya sami kuciwa ing yuda, botên dangu lêbêtipun Arya Prabu Jayadrata sigra lumawan ing aprang praptaning jro kêkênthêng sampun pinêthukaken lan Arya Găndadewa, paguting prang langkung rame angabên kaprawiran myang kasantikan, danguning aprang dèrèng wontên ingkang kasoran, nahan samantara kang sawêg ramening yuda, gêntos kawuwusa lampahira Sang Arya Parta, wontên ing margi kala samantên sampun panggih lan kang raka Prabu Krêsna sampun wartos-winartosan sami ngungunira, Prabu Krêsna andangu kang dadya sêdyanipun, Sang Parta matur manawi badhe anglampahi pakèning jawata, nalika duk anèng wukir Yaksarata sampun kapratelakakên sadaya, [sa...]

--- 9 : 60 ---

[...daya,] kang raka duk miyarsa dahat mangayubagya karsa anguntapakên pisan, nanging kang rayi sampun kadhawahan age-age ing karsa kinèn anamara kewala rumiyin, dene kang raka Prabu Krêsna badhe ajêjampangi sarwi lêlimunan ing lampahipun, dupi dadosing rêmbag lajêng mangkat, sapraptaning Sriwadari taksih amêningi ramening tandhingan prang salêbêting pabaratan, Sang Parta sampun waspada paningalira yèn kang wontên ngriku para santana ing Ngastina, kadi sampun dangu yudanipun, ing ngriku Sang Parta sampun amur momor tiyang Ngastina botên kawistara. Wau ta kawuwusa kang taksih rame ing yuda, Arya Prabu Jayadrata lan Radèn Găndadewa sami ngabên kadibyaning ayuda, ngantos dangu dèrèng wontên ingkang kasoran sigra anandukakên dêdamêling prang sami ngabên kasantosan, dangu-dangu Arya Jayadrata kenging sanjatanipun Radèn Găndadewa, asru kantaka ing ênggon nanging datan anêdhasi sariranipun, Arya Sakuni myang para Kurawa prayitna lajêng sami angrêbat ingkang kantaka, sampun binêkta mundur saking merangipun sigra sami bodhol kondur maring Ngastina sami sanalika, Radèn Găndasena sukèng tyas asru sêsumbar aminta lawan, Prabu Arjunayana dahat sukèng driya

--- 9 : 61 ---

dènnya kang putra unggul ing yuda mêngsahipun larut, ya ta sabibaring para Kurawa, Prabu Arjunayana awas ing paningal yèn wontên tiyang bagus anyêlaki kêkênthêng, ing ngriku sang nata sampun nuduh Patih Srêngganadagsa kinèn amariksa manawi panunggilanipun tiyang Ngastina, laju kinèn amburak kewala yèn tiyang sanès tinakènana kang dadya sêdyanipun, Patih Srêngganadagsa matur sandika lajêng lumèngsèr saking ngarsa amanggihi Sang Parta, tinakenan ing sangkan paran miwah namanipun utawi praptanipun ing Sriwadari manawi wontên ingkang sinêdya ing kapti, wangsulanipun Sang Arjuna ngakên tiyang saking patapan ing Endragiri, nama Bambang Pamade sêdyanipun amung nêningali prang têtandhingan, manawi kangge badhe lumêbêt ing sayêmbara, Patih Srêngganadagsa sigra wangsul matur ing sang nata saha tur panuwunipun Sang Parta, Prabu Arjunayana karênan ing galih nuntên kinèn animbali maring byantara nata, praptèng ngarsa dinangu malih Arya Parta matur sajarwa kadi duk wau punika, Prabu Arjunayana sampun andugi manawi dede têdhaking sudra myang daridra, saèstu manawi taksih bèbèting aluhur kawistara saking solahbawanipun sanès kalihan tiyang kathah, salêbêting cipta sang nata ragi angêmu sandeya dhatêng sang rajaputra, [raja...]

--- 9 : 62 ---

[...putra,] ing ngriku Radèn Găndasena sampun tampi dhawuhing rama kinèn lumawan ing yudanipun Bambang Pamade ananging winêling sampun kirang prayitna, amung yèn kênaa luwung lajêng badhama sae kewala, ingkang putra mituruti adrêng kêdah linawan ing adilaga, kang rama jumurung pasrah maring jawata, ing ngriku Radèn Găndadewa miwah Sang Parta sami dhinawuhan manjing pabaratan, kalih pisan sigra lumèngsèr saking ngajêngan sampun sami sanega ing prang, dupi paguting yuda langkung rame sami ngabên kasantikan miwah kasêktèning ayuda, kala samantên Sang Parta asmu karepotan, tangkêbing prang kantun kêbat tarampil Radèn Arya Găndadewa. Ya ta ing ngriku Prabu Krêsna Wasudewa duk tumingal kadi sandeya ing tyas lajêng marêpêki dhatêng kang rayi taksih lêlimunan, Sang Parta winangsit kinèn amungkasana ing yuda sampun ngantos kadangon, bokmanawi ing wuri sêlak katungka wontên kang prapta malih awit sampun dangu wontêning sayêmbara punika, dene kang măngka pangapêsaning mêngsahipun tamtu amung sarotama, Sang Parta tumanggap dhawuhing kang raka sigra manthêng sanjata dibya, duk lumêpas tumanduk ing jajanira Arya Găndadewa sampun palastra, kuwănda muksa sami sanalika, nuntên wontên kapyarsa ing wiyat swara jumêgur kadi gêlap [gêla...]

--- 9 : 63 ---

[...p] sasra, amratandhani manawi sampun katarima pamuksaning prawira. Ya ta ing nalika samantên sampun kauningan dening kang rama Prabu Arjunayana dahat sungkawa, ketang trêsnanipun maring putra atêmah angêmu waspa, dangu-dangu pinupus lamun pêpasthining jawata, ing ngriku sang nata lajêng dhawuh kinèn ngrukti panuturaning kamuksanipun rajaputra, sasampuning paripurna sang nata lajêng dhawuh dhatêng Patih Srêngganadagsa, kinèn animbali kang unggul ing yuda, kala samantên Sang Parta sampun kerid dening pêpatih ing Sriwadari, praptaning byantara nata sakalangkung sinungga-sungga dening Prabu Arjunayana, amung Prabu Krêsna Wasudewa kala samantên kang botên karsa kapanggih lan Prabu Arjunayana, taksih anjampangi kang rayi dèrèng angatingal, ya ta ing sadangunipun Sang Parta wontên ngarsanira Prabu Arjunayana, anggung tiniti-titi sajatosing nama miwah ingkang anêdhakakên, Sang Parta arsa kumbi tan sagêd awit sampun kasompok ing pangandika nata, wêkasan lajêng matur walèh sajatosing nama tuwin pinăngka, miwah aluraning lêluhuripun, Prabu Arjunayana dahat sukèng tyas duk miyarsa rumaos lamun taksih sami tunggil băngsa lawan lêluhuripun, pangandikanira Sang Prabu Arjunayana: Hèh kulup Sang Pandhuputra [Pa...]

--- 9 : 64 ---

[...ndhuputra] yèn mangkana sira iku maksih tunggal wăngsa lawan ingsun, ing mêngko aywa sira dalih angawu-awu kewala, lwiring ingsun lawan sira iki nadyan lamat-lamat misih kawistara ing prênahe, nadyan rêmbêt-rêmbêt durung ilang gandaning sari, kentar-kentaring angin bokmanawa misih karuan têtalêre, wruhanira ing mêngko miyarsakna caritaningsun marang sira, duk ing nguni lêluhur ingsun anama Prabu Partawijaya ing Gujulaha, darbe putra putri nama Dèwi Sati, krama antuk Bathara Sakri putraning Rêsi Satrukêm, dadi wayahing Rêsi Manumanasa ing Saptarga, kawarti Bathara Sakri mau banjur pêputra Prabu Dwipakeswara ing Ngastina, nuli pêputra eyangira Prabu Dwipayana, uga ing Ngastina, banjur pêputra ramanira Prabu Pandhu Dewanata, misih praja Ngastina, dene ingsun iki kaprênah canggah ngaping kalih lan Prabu Partawijaya ing Gujulaha mau, dadi urut-uruting prênah, sira iku pêpulunaningsun angaping têlu saka Dèwi Sati, Radèn Parta duk miyarsa pangandikaning Prabu Arjunayana dahat suka sumungkêmira miwah Patih Srêngganadagsa myang para punggawa, sami tumut suka sukur ing dewa, dene maksih kawăngsa lawan gustinira pribadi, sasampunipun makatên Prabu Arjunayana

--- 9 : 65 ---

lajêng dhawuh dhatêng patihira kinèn tata-tata sapalakartining pamiwaha badhe dhaupipun kang putra Dèwi Găndawati kalihan Sang Parta. Ya ta dèrèng dangu kasaru praptaning mêngsah saking Duryapura, Prabu Druwasadhana sawadyabalanipun lajêng angamuk punggung sura tan taha, sawadyabalanipun sami gêlar dumuk angun-angun nirbaya nirwikara, sagunging wadya ing Sriwadari, samya kagegeran, dene pangamukipun wadya raksasa kathah kang kaprawasa madyaning ayuda, katur ing Prabu Arjunayana, sampun kinèn amêthukakên dening Sang Parta miwah para punggawa, campuhing aprang langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu Prabu Druwasadhana myang Patih Nindhakara, kasambut ing rana pêjah dening Sang Arya Parta, wadyabala sakantuning kang pêjah sami bibar angungsi gêsang botên wontên ingkang sumêdya kiwul ing prang.

Ya ta sabibaring wadyabala ing Duryapura ing ngriku wontên kêkantunaning mêngsah kêkalih, satunggal warni ditya nama Kala Narantaka, ingkang satunggal manusa nama Radèn Raswata, kalih pisan sami prawira măndraguna, sagêd manjing ajur-ajèr, miwah angical sami sanalika, duk sirnaning wadyanira sumêdya pêpulih niyup saking gêgana sarwi anandukakên kamayanira, dupi cumalorot kawênangan dening Prabu Krêsna [Krê...]

--- 9 : 66 ---

[...sna] lajêng cinêpêngan kalih pisan sampun sami pinikut, dinangu sêdyanipun sampun sami sajarwa, lajêng angaturakên panungkulira dhatêng Prabu Krêsna sami anuwun gêsang, dèrèng ngantos tinanggapan tiyang kêkalih wau, sigra lajêng binêkta dhatêng ngarsanipun Prabu Arjunayana, Prabu Krêsna Wasudewa sampun angrucat lêlimunanira, prapta ing ngayunan, Sri Arjunayana kagyat aningali wontên kang prapta, ambêkta têtawan kalih ditya lawan manusa, dèrèng ngantos tinanya ing Prabu Arjunayana, Sang Parta nuntên mratelakakên manawi punika kadangipun sêpuh nama Prabu Krêsna Wasudewa ing Dwarawati, Prabu Arjunayana duk miyarsa langkung kagyat sukaning wardaya, Prabu Krêsna lajêng ingacaran lênggah satata sasampuning sinambrama ing pambagya, Prabu Arjunayana matur têtanya milanipun rawuh ambêkta têtawan, dene duk ing wau ramening yuda, botên wontên katingalan, Prabu Krêsna amangsuli ingkang dados pratingkahing lampah sadaya, nalika praptanipun ing Sriwadari inggih anyarêngi ingkang rayi Parta, Prabu Arjunayana dahat ngungun sadaya, kagawokaning tyasira, wêkasan matur kang dadya karsanipun mênggah têtawan kalih punika, Prabu Krêsna nyumanggakakên dhatêng Prabu Arjunayana,

--- 9 : 67 ---

prayogi dinangu kewala, ya ta ing nalika punika punang têtawan kadangu kang dadya sêdyanipun, sami matur anuwun gêsang, ing ngriku lajêng linuwaran kalih pisan, Prabu Krêsna lajêng andangu namanipun sowang-sowang miwah têtalêranipun kalihan ratu ing Duryapura, manawi taksih kalêbêt wăngsa, Radèn Raswata matur manawi botên mambêt punang punapa, Prabu Krêsna andangu karananipun linabuhan ing kartya, aturipun Radèn Raswata rèh awit duk ing ramanira sinorakên ing yuda kalihan Prabu Druwasadhana ing Duryapura, lajêng binawahakên pisan, mila Prabu Druwasadhana wau darbe wadya raksasa punika saking têtêlukan wadyanipun kangjêng rama Ditya Raja Kalawiroda ing Bêtarpuraya, têtawan ditya dinangu matur anama Kala Narantaka, kalêrês arinipun wuragil kalihan Ditya Raja Kalawiroda, kinarya pêpatih amêngku praja ing Bêtarpuraya, Rajaputra Radèn Raswata punika taksih pêpulunanipun saking rama, Pabu[8] Krêsna dangu ingkang dados sababipun sutanipun ditya amêdali manusa, Radèn Raswata matur kawarti kangjêng rama krama widadari inggih ibu kawula, punika nama Dèwi Raswawati, putranipun Sang Hyang Tritarata, dados wayahipun Sang Hyang Dewanjali ing kina, dene aluraning lêluhuripu-

--- 9 : 68 ---

n kangjêng rama punika run-tumurun awarni ditya, mênggah panginggilipun pisan kang nurunakên kangjêng rama wau kawarti taksih têdhakipun Sang Hyang Wisnu, saking putra ingkang anama Bathara Anapurna nalika kasiku awarni ditya anama Rudramurti, punika apêputra Ditya Wisnungkara, Ditya Wisnungkara pêputra Ditya Mayangkara, Ditya Mayangkara pêputra Ditya Raja Kujanakrêsna ing Dwarawatiprawa, Ditya Raja Kujanakrêsna pêputra Ditya Raja Martyu Kalakrêsna ing Dwarawatiprawa, Ditya Raja Martyu Kalakrêsna pêputra Ditya Raja Dewamurti, ngalih praja dhatêng Waringinsapta, Ditya Raja Dewamurti pêputra kalih sami jalu, ingkang sêpuh awarni manusa karêm amandhita, anama Bagawan Murtyaka, ingkang nèm warni ditya nama Prabu Bisnawaka, anggêntosi karatoning rama wontên ing Waringinsapta, lajêng pêputra eyang kawula buyut nama Ditya Raja Wirudragsa, taksih kêkitha wontên ing Waringinsapta, eyang buyut wau putranipun satunggal jalu anama Sang Murtitala ing Prajantara, ananging botên jumênêng nata amung pandhita kewala, punika eyang kawula nuntên pêputra tiga jalu sadaya, inggih sami awarni raksasa, ingkang sêpuh bapa kawula nama Prabu Kalawiroda ing Bêtarpuraya, ingkang panêngah nama Prabu Ru-

--- 9 : 69 ---

dra Kalamurti, anggêntosi rama wontên ing Prajantara, lajêng seda prang wontên nagari Pringgadani kalihan kadang Prabu Ngamarta, arinipun malih nama Ditya Kala Narantaka, dados pêpatihipun kangjêng rama wontên ing Bêtarpuraya, inggih pun paman punika, têlas aturipun Radèn Raswata. Prabu Krêsna miwah Prabu Arjunayana, dahat sami suka sihira dhatêng Radèn Raswata, lan Ditya Kala Narantaka, Prabu Krêsna nuntên andangu malih, pamanira Ditya Raja Rudra Kalamurti apa darbe têtilaran putra, Radèn Raswata matur manawi dèrèng ngantos pêputra margi taksih jêjaka dèrèng parakrama, awit sawêg kasêngsêm dhatêng ulah kaprawiraning yuda, ya ta ing nalika samantên karsanipun Prabu Krêsna Wasudewa, têtêlukan kêkalih sami sinung pangapura, sarta dhinawuhan wangsul dhatêng prajanipun sami kinulawisudha kalih pisan, Radèn Raswata kajumênêngakên nata, anggêntosi kang rama wontên ing Bêtarpuraya, nama Prabu Raswata, Sang Ditya Kala Narantaka pinaringan nagari ing Prajantara, ginêntosakên karatoning Prabu Rudra Kalamurti, anama Prabu Kala Narantaka, inggih Rudra Narantaka, kalih pisan sami suka nuhun angèstupada, nuntên linilan mantuk dhatêng prajanipun sowang-sowang. Enggaling cariyos [cari...]

--- 9 : 70 ---

[...yos] kala samantên Sang Parta lajêng kadhaupakên kalihan Sang Dèwi Găndawati, langkung agêng pamiwahanipun andhatêngakên suka-parisuka, sarêng kawan dasa dintênipun Prabu Krêsna miwah Sang Arjuna sami pamit kondur dhatêng Ngamarta, saha garwa Dèwi Găndawati, Prabu Arjunayana suka jumurung lajêng mangkat, matah para punggawa sagarwanipun kinèn sami umiring kang putra dhatêng nagari Ngamarta, sasampuning samakta antawis dintênipun malih bidhal, sarêng dumugining nagari Ngamarta andadosakên sukanipun para kadang sadaya karsanipun Prabu Yudhisthira ingkang rayi pangantèn mawi binawahan malih kadi duk panggihipun.

Salêbêtipun ing warsa Subakarti, etanging taun surya sangkala 710, tinêngêran barakaning janma kaswarèng wiyat. Kaetang ing taun candra sangkala 731, tinêngêran iku gunaning pandhita malêtik.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina, ing nalika punika Prabu Suyudana, lagya kapêtêngan wardaya, amargi saking panggubêlipun kang garwa Dèwi Banuwati, prakawis murcaning kadang Radèn Arya Burisrawa, ngantos mèh andungkap sawarsa dèrèng wontên pawartosipun, miwah kang rama Prabu Salya ing Mandraka, lajêng sidhêm pramanêm [prama...]

--- 9 : 71 ---

[...nêm] kewala, botên karsa anglari murcaning kang putra, mila Dèwi Banuwati sakalangkung juwêt angêngudi sangêt, dhatêng kang raka Prabu Suyudana, supados lajêng anuduha para punggawa, myang santana angulati murcaning kadang wau, kala samantên sang nata animbali Dhanghyang Druna miwah Patih Arya Sangkuni, sapraptaning pura sampun jinarwanan kang dadya sungkawanira, Dhanghyang Druna dhinawuhan kinèn ambatanga dumunungipun kang rayi Arya Burisrawa, Dhanghyang Druna matur manawi taksih waluya, nanging dahat kasangsara awit saking dènnya anuruti karsa, dene panggenanipun taksih sinamar dèrèng kawêcakakên, manawi kapadosan saèstu kapanggih, ing ngriku Prabu Suyudana duk miyarsa ing aturipun Dhanghyang Druna makatên wau rumaos asrêp ing panggalih, lajêng dhawuh dhatêng Patih Sangkuni, manawi arsa tinuduh angulati priyăngga dhatêng Arya Burisrawa, kalihan anganthi para Kurawa sawatawis ingkang pinataya sarta winêling botên kalilan mantuk manawi tan ambêkta rajaputra ing Mandraka, Arya Sangkuni lajêng pamit mêdal siyaga sampun linilan, wêdalipun nyarêngi unduripun Dhanghyang Druna, ing samargi-margi Patih Arya Sangkuni anggung winangsit ing pratingkahipun dènnya ngupaya, sarta kawêling kinèn prayitna, [prayi...]

--- 9 : 72 ---

[...tna,] Arya Sangkuni amituhu saparentahipun Dhanghyang Druna lajêng sowang-sowangan. Ya ta sapraptaning dalêm kapatihan, kala samantên Arya Sangkuni lajêng animbali kang putra Radèn Arya Drusasana, miwah para Kurawa sadaya, wontên ing ngriku sami jinarwanan ingkang dados dhawuhipun Prabu Suyudana, Arya Drusasana myang para Kurawa sami ngungun ing wardaya, wêkasan siyaga ing karya, kala samantên ingkang piniji dados kanthining lampahipun Arya Sangkuni sampun sami siyaga sawadyabalanipun, dupi sampun samakta, antawis dintênipun malih bidhalan, kacariyos langkung agêng lampahing dêdamêl.

Kunêng lampahing wadyabala Ngastina, gêntos kawuwusa sarênganing lêlampahan, wontên rasaksa-rasaksi, têdhaking Gandarwa Aswara sampun lami dènnya têtruka wontên samadyaning wana laladan ing Setragăndamayi inggih ing Krêndhawahana, rasaksa ingkang sêpuh rasaksi ingkang nèm, mila wontên ing ngriku awit merang saking solahipun dènnya lambang asmara sami kadang pribadi, mangkya sang rasaksi anêmahi wawrat sampun mèh lèkipun, ing nalika punika rasaksi amothah ing kadang aminta jodho lan manusa kang abagus, yèn botên tinurutan merang

--- 9 : 73 ---

arda sayêkti, arsa nganyut jiwa raga, awit sampun tinêmaha dènnya anglampahi durhaka maring dewa, ya ta Sang Rasaksa Aswara duk miyarsa wuwusing kadangira èstri dahat kodhênging nala, tan sagêd anauri, ciptaning tyasira kayaparan bisane kalakyan dene awarni rasaksi măngsa wontêna manusa kang angayunakên, kaping kalih nadyan sasamining rasaksa sayêkti sandeyèng prana, awit punika sampun katingal manawi wawrat sêpuh saèstu dèn sănggarunggèni, yèn botên tinurutan, sumêlang manawi kaicalan kadang èstri, mila sang rasaksa ing raintên dalu tansah amanungku ing dewa, amung nuwun pangaksama, ingkang supados sampun ngantos kalajêng-lajêng sêdyaning arinira. Ya ta anuju satunggiling dintên sang Rasaksa Aswara tinurunan ing Sang Hyang Kalakuthana awêwarah yèn ing têmbe bakal kalaksanan kang dadya pamintaning kadangira èstri, ananging kudu anglakoni dhustha, ing pratingkah, rasaksa matur mugi jinarwanana jatining pangandika. Sang Kalakuthana lajêng amarah kinèn angrancana, marang panjanmaning sri kang aran Dèwi Sumbadra, mangkya dadi garwane panêngahing Pandhawa nama Arjuna, nagarane ing Ngamarta, iku lagya anggarbini tur êmèh darbe putra sarta wis pinêca, [pi...]

--- 9 : 74 ---

[...nêca,] yèn mijil jalu ing têmbe bakal anurunake para ratu ing tanah Jawa, iku kewala yèn kêna sira godha, akalawan sandining pangupaya, rasaksa matur sandika, lajêng winangsit kang dadya pratikêlipun sadaya, miwah sinung aji sagêd mancala warna manjing ajur-ajèr, sasampuning tinanggapan Sang Hyang Kala gya muksa, nuntên wêwarah dhatêng rasaksi kang dadya wasitaning jawata dahat sukèng tyas amiyarsa, kala samantên rasaksa-rasaksi lajêng sami mangkat, anglampahi pakènipun Sang Hyang Kala, botên kawursita lampahipun, enggaling cariyos kala samantên lampahipun sampun dumugi nagari Ngamarta, rasaksa-rasaksi lajêng sêsiluman, datan katingal.

Amarêngi masa pusa, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Subakarti, gêntos kacariyos nagari ing Dwarawati, Prabu Krêsna dahat onênging tyasira dhatêng para kadang Pandhawa, sarta salêbêting wardaya asmu mêlang-mêlang, dhatêng kang rayi Dèwi Sumbadra, dènnya wawrat sampun sêpuh, ing ngriku Prabu Krêsna lajêng parentah dhatêng Arya Satyaki, miwah Sang Udawa, samya kinèn têngga praja manawi sang nata arsa têtinjo maring Ngamarta, ananging botên mawi bêkta wadya amung badhe mêdal ing gêgana kewala, Arya Satyaki [Satya...]

--- 9 : 75 ---

[...ki] miwah Sang Udawa matur sandika, antawis dintên Prabu Krêsna bidhal.

Taksih sami salêbêting masa pusa ing taun Subakarti, gêntos kacariyos nagari ing Ngamarta, mangkya dènnya wawrat Sang Dèwi Sumbadra, ambabar putra mijil jalu ingkang rama langkung suka, Prabu Yudhisthira, Arya Sena sami têdhak saha garwa, sapraptaning Madukara samya gawok aningali dene jabang bayi langkung bagus, kala samantên kang eyang Bagawan Byasa ingaturan uninga, sampun tumêdhak, apêparêngan rawuhipun Prabu Krêsna Wasudewa, lajêng anjujug ing Madukara, amêningi taksih têtuguran, Bagawan Byasa amaringi pêparab ing wayah buyut, anama Radèn Angkawijaya dene warnanipun anglangkungi, ingkang rama Prabu Krêsna amaringi nama Radèn Bimanyu, awit pasêmonipun amirib Arya Sena, kala samantên Prabu Krêsna miwah Prabu Yudhisthira sampun sami angluwari, sawarnining punaginira, sarêng dumugi salapaning jabang bayi, Prabu Krêsna lan Bagawan Byasa sami pamit kondur amung tilar wêwêling samya kinèn prayitna, pangrêksanipun kang putra, ya ta ing sapêngkêripun kang eyang miwah raka Prabu Krêsna, ing ngriku para Pandhawa dèrèng pêgat dènira kasukan lan wadyabala,

--- 9 : 76 ---

sasampunipun makatên PrabuYudhisthira andhawuhakên pangandika dhatêng Sang Arya Parta, manawi kang putra Sang Bimanyu mangkya pinundhut putra kinadangakên tuhu lawan Radèn Păncawala, kang minăngka êmban putraning kêkalih sira Sang Sucitra, Arya Parta sumanggèng karsa ananging kalilana taksih ingêmong wontên dalêmipun priyăngga, supados antuk sêsêpaning ibunira, Prabu Yudhisthira anglilani, antawis dintên sang nata saha garwa sami kondur maring pura, amung Arya Sena miwah garwa Dèwi Irimbi kang maksih.

Kunêng gantya kawuwusa lampahanipun Arya Burisrawa dahat dènnya kawlasarsa, tambuh ingkang sinêdya, amung mituruti ardaning wardaya, kala samantên wontên ing margi kapêthuk lawan lampahipun Sang Arya Sangkuni, Sata Kurawa, Arya Burisrawa tinakenan sangkan paran miwah sêdyanira, wangsulanipun amung nuruti karsa dèrèng kantênan ingkang badhe sinêdya, Arya Sangkuni langkung wêlas aningali dhatêng Sang Burisrawa dadya tinangisan sarwi ingajak kondur dhatêng Ngastina, sampun jinarwan yèn akarya sandeyaning raka nata, miwah para kadang sadaya, Arya Burisrawa dahat lênggana, wangsulanipun dèrèng karsa kondur mring praja manawi [ma...]

--- 9 : 77 ---

[...nawi] dèrèng kasêmbadan ingkang dados sêdyanipun, Arya Sangkuni anggung amaripih supados amiturutana sampun ngantos antuk dêdukanipun Prabu Suyudana, nanging Arya Burisrawa mêksa wangkot têmah sugal ing pamuwus sarwi anguman-uman, Arya Sangkuni runtik manahipun lajêng angêjèpi para Kurawa, kinèn angrudapêksa kewala, Arya Kartamarma sakadangipun sigra tumandang nyêpêng, Radèn Burisrawa prayitna sampun tinanggulang ing prang, para Kurawa anggung sami kaprawasa tan wontên kuwagang lajêng dèn byuk ing wadya kathah, Radèn Arya Burisrawa karoban mêngsah dahat kawêkèn solahira lajêng oncat manjing wana, para Kurawa sami bilunglungan kewala kecalan lari salêbêting wana, dèn ubrês mêksa tan kapanggih lajêng katur ing Arya Sangkuni, dahat sungkawèng tyas nuntên angundhangi wadyanira kinèn sami mundur kewala, sêdyanipun arsa linajêngakên dhatêng nagari Madura.

Kunêng kang mêntas băndayuda wontên ing wana, gêntos kawuwusa lampahing Raksasa Aswara, lawan kadangira rasaksi, kala samantên sampun dumugi nagari ing Ngamarta, rasaksa-rasaksi anggung mangu-mangu, badhe lêbêtipun maring pura, ing nalika punika antuk pambudi sêdya nandukakên [nandu...]

--- 9 : 78 ---

[...kakên] kasêktènira, sigra amangsit dhatêng kadangipun èstri, yèn ing mangkya sampun mangsanipun, badhe anglaksanani kang dados sêdyanipun, kinèn mancala warnaning putri manusa, kang miribe Dèwi Sumbadra, lajêng anginggah-inggahana Radèn Arjuna, wangsulaning rasaksi, karêpira kang mangkono iku nora pantês yèn pinituhu, upama ingsun lakoni, sayêkti ewuhaya, amarga saka pamiyarsanisun[9] kang aran Dèwi Sumbadra, wus lami goning tan nèng kono dadi garwane Sang Parta, upama ana kang mêmindha garwa kang mêsthi ora kasamaran nuli kawadaka, apa manèh saiki wus pêputra mijil jalu, kayaparan gon ingsun angêngirib kang kaya iku, sayêkti ora bisa, sanadyan kang aran Sumbadra, mau sirnakêna iya isih tinggal putra, yèn banjur rinêngkuh ingsun iki lagya anggarbini sayêkti kawistara, awit durung masa kasundhulan, miwah durung karuhan jalu lan wadon, bêbayi kang ingsun kandhut iki. Wangsulaning rasaksa, yèn mangkana, prayoga Dèwi Sumbadra saputrane lan para kadange Sang Arjuna, bakal padha ingsun suprih sirnane padha sanalika, angamungna Sang Parta kewala dadia jodhonira, rasaksi mangsuli sugal: Hèh kakang yèn karêpira mangkono wus [wu...]

--- 9 : 79 ---

[...s] têtela lamun durtaning bawana, dene anêmaha dosa rong prakara, kang dhihin dosa maring sun nganti kaya mangkene iki, kaping pindho dosa maring manusa, agawe pêpati tanpa dosa, dene kabèh-kabèh mau padha dumunung dadi dosanira maring dewa sayêkti, ora wurung bakal nêmu wêwalês kang tanpa kira-kira, ing nguni apa sira supe, duk winangsit ing jawata Sang Hyang Kala kang dadi pratingkahing laku iki yèn linakyan tur nora dadi dosa, wau ta Sang Rasaksasa[10] Aswara duk miyarsa wuwusing arinira, langkung kagyat anggarjitèng tyasira, wêkasan analăngsa maring dewa, amung ngèsthi sagêdipun kalampahan ingkang dados sêdyanipun, punang rasaksa lagya jinurung ing ngriku prapta hawaning Sang Hyang Kalamurka sampun manjing salêbêting garbanipun sang rasaksi, botên dangu wawratanipun lair mijil jalu, awarni raksasa Sang Aswara sukèng tyas rumaos antuk kaladesa, anggènipun badhe damêl sêsintre ing mêmaekan, sasampuning paripurna kacariyos rasaksa-rasaksi lajêng sami manjing dalêming Sang Arjuna sarwi ngangge lêlimunanipun, kala samantên marêngi wanci dalu, rasaksa sampun anandukakên sêsirêpira, para têtiyang kenging prabawaning kamayan sami tilêm sadaya, rasaksa-rasaksi [ra...]

--- 9 : 80 ---

[...saksa-rasaksi] amarêpêki panggenanipun Sang Dèwi Sumbadra, anuju sare dalah kang putra, dupi sampun waspada ing warnanipun rasaksa angatag dhatêng kadangipun èstri kinèn mancala warna Dèwi Sumbadra, sutanipun cinipta kadi Radèn Bimanyu, ing ngriku sang rasaksa lajêng amatag aji măntra wikrama, sêdya andhustha Dèwi Sumbadra saputranipun. Ya ta sampun karsaning dewa yèn ing mangke panjanmaning sri sawêg kinarya lêlampahan, dumadakan kala samantên Dèwi Sumbadra saputranipun dhinustha têka gampil kewala, lajêng kalêbêtakên dhatêng karumbanipun rasaksa taksih sami sarasa, kalangkung rêmit botên wontên kang uninga, rasaksa lajêng pamit dhatêng kadangipun èstri badhe nyingêdakên kang wontên karumba, rasaksi kinèn prayitna sampun ngantos apêpeka, sarta sinanggupan ing sabên ari Sukra taksih dipun mêmanuki kalawan sêsingêdan, tanna wruh ing janma, rasaksi jumurung ing sasêdyanira, botên dangu rasaksa Aswara mêsat angambara, ya ta sapêngkêring rasaksa kacariyos kala samantên Sang Parta miwah para tiyang ing Madura, dahat sami kasamaran, dhatêng kang pindha warna Dèwi Sumbadra.

Amarêngi masa sitra, taksih tunggil warsa sami salêbêting

--- 9 : 81 ---

taun Subakarti, gêntos kacariyos, ing Setra Găndamayi, ing nalika punika Dèwi Durga karsa anglampahakên wadyanira brakasakan sadaya, miwah bangsaning lêlêmbut kinèn samya angragadha dhatêng putra ing Mandraka, nama Arya Burisrawa, praptaning Setra Găndamayi sêdya angluluh jiwa raga. Ing ngriku sakathahing brakasakan lajêng sami mangkat dhatêng panggenanipun Sang Arya Burisrawa, sampun anggêgodha, nanging para lêlêmbat miwah brakasakan sadaya tan wontên kacunggah parêk lawan kang lagya amuntu cipta, têmah samya atur uninga ing Dèwi Durga, yèn botên wontên kang lêbda karya, awit punang satriya dahat dènnya manungku sêdya tan keguh ing saniskara. Dèwi Durga langkung suka, lajêng tumêdhak manggihi ingkang brata, sapraptaning panggenanipun Arya Burisrawa matur sajarwa ingkang dados karsanipun sadaya, aturipun sarwi pratignya, manawi tan sagêd kalampahan, aluwung lajêng kasirnakna wontên ing wana kewala, botên pisan-pisan nêdya kondur maring praja. Dèwi Durga duk miyarsa ngungun sarwi ngandika, nanging salêbêting tyasira gumujêng dene têka anglêngkara pangandikanipun: Hèh kalinganing sira iku anuruti ardaning tyas kang nora prayoga, ananging sarèhning sira wus anglabêti [anglabê...]

--- 9 : 82 ---

[...ti] tapa brata sayêkti bakal ana patuwasing kangelanira amung sawatara, ing mêngko ingsun iya ngidèni kang dadi karêpira iku, sayêkti bisa katêmu sapocapan lan Dèwi Sumbadra, ananging pirabara yèn bisa kasambadan ing karsa, sira anuli mentara saka ing kene, mangetana bênêr kewala, anjujuga madyaning wana, kang cêlak ing Silogangga kono margane sira bisa katêmu, lawan Si Sumbadra, nganti sapocapan, dene wêwêkas ingsun, amung dèn prayitna, ananging bêbaya, manawa sira bisa nanggulang ardaning tyasira sayêkti kalaksanan, lamun ora bisa kewala mandar dadi rancananing sarira, sawusing mangkana lajêng jinatosan ingkang dados pêpasthèn sadaya, botên dangu Dèwi Pramuni sigra musna botên katingalan, Radèn Burisrawa lajêng mangkat, anglampahi pitêdahipun Sang Hyang Durga, ananging salêbêting tyas sangsaya kuwur, ciptanira salêbêting galih amung badhe anindakakên candraning wardaya. Ya ta lampahira Radèn Burisrawa, langkung adrênging karsa dumugi têpining Silogangga Radèn Burisrawa dahat kalêsahan lajêng aso wontên sangandhaping mandira, karaos arip sumêdya sare angrêrêmênakên sariranipun, dèrèng antawis dangu lagya

--- 9 : 83 ---

rêrêm angayam kasaru praptaning Rasaksa Aswara cumalorot saking gêgana, duk winawas kadi wontên ingkang binêkta, Radèn Burisrawa asmu miris aningali dene dede bangsane manusa lajêng mire nêdya umpêtan, ing nalika punika punang rasaksa nuntên anyèlèhakên bêbêktan lajêng nendra. Radèn Arya Burisrawa dahat ngungun dènnya tumingal dene wontên rasaksa, prapta lajêng tilêm tanpa sabawa, ingkang binêkta wau winawas kadi wontên isining manusa kapiyarsa pamularipun kadya tangising wanudya amawa sunu. Radèn Burisrawa karasèng tyas sigra pinarpêkan aririh, punang rasaksa taksih kapati nendra, sang arya nuntên sabawa sarwi têtanya saking sajawining karumba: Lah sapa kang anèng jroning kêkanthong dene anggung anangis tanpa mêndha, lamun maksih bangsane kang nendra, sayêkti dahat mangkana, manawa iku manusa kayaparan margane binêkta ing ditya, ing ngêndi pinăngka lan sapa aranira. Dèwi Sumbadra duk miyarsa wuwus mangkana lajêng kèndêl dènira muwun botên mawi sabawa, ciptaning galih punika panunggilanipun kang ambêkta, Radèn Burisrawa adrêng pandangunipun sarwi ananggupi, yèn tuhu manusa badhe nêdya têtulung ing kasangsara, Dèwi Sumbadra ragi asrêp ing tyasipun nanging maksih

--- 9 : 84 ---

sandeya ing prana, ciptanipun manawi kinarya sêsandi kewala dinalih ditya sanèsipun, dadya amung sinamar dènnya nauri ngakên saking nagari Madura, botên linajêngakên dènnya ngandika, Radèn Burisrawa anggarjitèng tyasira lamun punika Dèwi Sumbadra, kawistara ing pamulunipun, gadgadèng tyas sigra ngambil karumba binêkta angiwa, dèrèng antawis têbih punang rasaksa wungu saking nendra, kagyat andulu bêbêktanipun botên wontên, Rasaksa Aswara sampun andugi lamun binêkta ing janma, sigra mêsat angulati, duk praptèng gêgana winawas katingal lamun wontên kang bêkta, sang rasaksa dahat krodha angrik cipta, sabaya lajêng niyup mangandhap, saprapta ngriku sami muwus sarosa: Hèh hèh manusa dahat kumawani sira mêksa sikara mring gêgawaningsun iku, ing mêngko nora wurung sira sun măngsa. Radèn Burisrawa miyarsa langkung ajrih gumêtêr tan sagêd ngandika, ciptanipun tan wande lamun palastra, dangu-dangu emut lamun satriya lajêng sumêdya linawan jurit, dene sami sajuga, ing ngriku sigra madêg suraning driya sarwi asru pamuwusipun, hèh ditya sayêkti sira kang andhustha marang kadang ingsun iki ing mêngko sira bakal anandhang pidananingsun, punang rasaksa dahat bramantya lajêng narajang têmah dadya

--- 9 : 85 ---

prang, punang rasaksa sampun linarihan curiga lajêng musna nanging datan pêjah amung sumêdya oncat kewala. Sasirnaning mêngsah Radèn Burisrawa lajêng marpêki dhatêng Dèwi Sumbadra, dupi sampun kawêdalakên saking karumba Arya Burisrawa datan wêlas aningali sarwi têtanya karananipun kongsi dhinusthèng danawa, miwah dening ambêkta bêbayi punika. Dèwi Sumbadra anauri yèn mêntas apêputra lagya tigang căndra, dene anggènipun makatên punika botên uninga ing purwanipun, Radèn Burisrawa dahat ngungun duk miyarsa, dangu-dangu Radèn Burisrawa darbe cipta ingkang botên lana sêdya anuruti ardaning karsa rumaosipun botên lêpat, dene wus anèng wana priyăngga, ing ngriku Arya Burisrawa sigra anandukakên wuwus manuhara, sarwi majêng dènira lênggah Dèwi Sumbadra prayitnèng tyas, nuntên ananggulang wuwus akarya samudana: Hèh Burisrawa aywa ge-age ing karêpira, iku wus mapan padha kapêncil, sayêkti masa luputa, nanging sira ngupayaa warih sun arsa sêsuci rumuhun, rèhning mêntas ginawa ing ditya kang mêsthi durung barêsih sariraningsun, Radèn Burisrawa sukèng tyas sigra mentar angupaya warih. Ya ta sapêngkêripun Arya Burisrawa, Dèwi Sumbadra sigra lolos saking ngriku,

--- 9 : 86 ---

kang putra sinambut, kacariyos sampun manjing ing jêjurang tanpa angetang pringgabaya, botên cipta lamun gêsang amung mêminta ing dewa, rahayuning putranira. Ya ta kawuwusa Radèn Burisrawa sapraptanira mêntas ngambil toya Dèwi Sumbadra botên wontên katingal, kaupadosan ing lêbêtipun wana datan pinanggya ciptanira lamun dhinustha ing gandarwa, miwah rinancana ing lêlêmbut, ing ngriku Arya Burisrawa sangsaya wimbuhing tyas sumêdya anglari dhatêng Dèwi Sumbadra, nanging saking karsaning jawata sampun pinisah ing lêlampahanipun.

Salêbêtipun warsa Subakarti, etanging taun surya sangkala 711, tinêngêran janma anunggal pandhita. Kaetang ing taun candra sangkala 732, tinêngêran kadhaksuh gunaning rêsi.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing kahyangan Saptapratala, mangkya Sang Hyang Anantaboga, ginubêl ingkang wayah Radèn Anantasena, nyuwun pamit mantuk badhe sowan ingkang rama dhatêng nagari Ngamarta, awit sampun lami dènnya onêng dhatêng kang rama, Sang Hyang Anantaboga anggung amambêngi kang dados panuwuning kang wayah supados kaandhêga, amargi Radèn Anantasena wau dahat sinihan dhatêng kang eyang dene wayah mijil saking putra

--- 9 : 87 ---

wuragil, mila botên pêgat panyandhêtira, saking tan sagêd pisah lawan wayahira, ananging Radèn Anantasena tansah adrêng panuwunira amrih dèn lilanana, dangu-dangu kongkih ing wardaya kang eyang angandika yèn mangkana bêcik sarèhêna sawatara dimèn diuntapake ramanira Bathara Nagatatmala manèh supaya aja nganti nêmu bêbaya, anèng marga kadi duk ing nguni, Radèn Anantasena matur sampun botên susah kinanthèn kang uwa, awit sampun lêbda ing marginipun, amung nuwun pangèstu kewala, Sang Hyang Anantaboga sampun karaos manawi botên wangsul malih, ing ngriku Radèn Anantasena gya winulang salwiring aji jaya sampun widagda, kang uwa Bathara Nagatatmala amaringi pusaka, awarni manik manimataya, kawasanipun uninga kang wontên salêbêting samudra, miwah kang wontên dhasaring bantala, sasampunipun makatên Sang Hyang Anantaboga, lajêng kakarsana warni naga umadêg lir prabata, ingkang wayah dhinawuhan kinèn anuruti, ing nginggil dumugi ing pêthit pisan, Radèn Anantasena nêmbah gya minggah manginggil nurut pêthitipun, kang eyang sampun dumugi ing jaman kamanusan, kacariyos jumêdhulipun lajêng wontên sirahing banawi Silogangga, kala [ka...]

--- 9 : 88 ---

[...la] samantên Radèn Anantasena sumêdya aso sakêdhap wontên satêpining lèpèn, ing ngriku aningali wontên pawèstri sangêt kantaka nuntên pinarpêkan, dumugining panggenan, Radèn Anantasena kagyat aningali, dene ambêkta bêbayi taksih gêsang sanalika kasamaran warninipun kang kantaka, dangu-dangu kawistara lamun punika kang bibi Dèwi Sumbadra, sigra dipun rungkêbi, tiningalan kadi dèrèng seda labêt amung kantu kewala, ing ngriku Radèn Anantasena sigra angambil musthika manimataya, dupi sampun kinum ing warih lajêng siniramakên ing sariranipun kang bibi, botên dangu Dèwi Sumbadra lajêng waluya sami sanalika, wungunipun kagyat uninga wontên tiyang jalu parêk dènnya lênggah, panampinipun sang rêtna kinintên lamun punika Radèn Burisrawa, sigra anambut kang putra duk arsa binakta kesah, Radèn Anantasena matur sarwi angrêrêpa: Dhuh kangjêng bibi mugi sampun kalintu panarka yèn amba dede tiyang amrih sikara, inggih kula punika taksih trah Pandhawa, putra Arya Sena kang saking Saptapratala. Dèwi Sumbadra duk miyarsa emut ing tyas miwah tan samar ing warna, yèn punika pêpulunaning raka sigra rinangkul sarwi karuna, dupi sampun têntrêm sawatawis kang putra matur kang dadya [da...]

--- 9 : 89 ---

dya karana, dènnya ngantos wontên ing ngriki priyangga. Dèwi Sumbadra ngandika duk ing purwa madya têkèng wasananira, Radèn Anantasena dahat ngungun asmu murina, aturipun manawi kaparêng sumêdya angulati dhatêng kang amawa damêl miwah Radèn Burisrawa, Dèwi Sumbadra amênggak ing putra, sampun ngantos kapêpanjang malih, awit samêngko kang padha nyangsaya maring sun datan karuan parane, iki bêcik samya ngupaya lêstarine kewala, kang supaya bisa mulih maring praja, Radèn Anantasena matur sumanggèng karsa, yèn kasambadan kang ibu kaaturan ngupados pangrêrêpan dhatêng padhêkahan kang cêlak ing ngriku rumiyin, sêdhêng sampun mantun kang lêsah lajêng kondur dhatêng nagari Ngamarta, Dèwi Sumbadra kasêmbadan ing galih nuntên sami mangkat.

Amarêngi masa padrawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Subakarti, gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan ing wukir Smaratăntra, wontên ingkang maratapa nama Sang Bagawan Madrasa trahing Sang Hyang Rudra, ing kina, kawarti sampun umur satus kawan dasa warsa Bagawan Madrasa wau dèrèng anglampahi pêputra, saking dahat kapenginipun apêputra ngantos anglampahi tapabrata amêsu raga wontên srêngganing wukir Smaratantra punika. Ya ta nuju

--- 9 : 90 ---

satunggiling dintên Bagawan Madrasa, antuk wasitaning dewa, kinèn angulati pawèstri kang lagya kawlasarsa wontên sakiwa panêngêning Silogangga, lagya darbe anak jalu sawiji lan mawa kanthi rare jalu maksih jumaka-kala, iku kewala kinèn amupu sayêkti ing têmbe dadya jalaraning antuk nugraha, awit kang dadya pamintanipun priyangga wus pinasthi, yèn Bagawan Madrasa datan apêputra. Ya ta ing nalika punika Bagawan Madrasa duk miyarsa lajêng mangkat datan ambêkta kanthi, sapraptaning Silogangga sampun kapanggih kalihan Dèwi Sumbadra, Bagawan Madrasa kagyat aningali prabawaning cahyanipun anêlahi salêbêting wana, sampun andugi yèn punika dede têdhaking sudra, myang daridra, saèstu maksih trahing linuwih, Sang Bagawan dadya mabukuh lênggahira dahat dènnya anorakên raga, lajêng matur tanya ing sangkan paran miwah sinambat ing kêkasihira sang rêtna, sampun sajarwa, Bagawan Madrasa langkung suka lajêng matur ngrêrêpa sarwi mêminta sih amèt prana: Dhuh anggèr bagya kamahyangan têmên pun bapa, dene têka sagêd pinanggya anggèn amba nglampahi pakèning jawata. Dèwi Sumbadra gêntos têtakèn kang dadya karananipun makatên, Bagawan Madrasa angaturan wiwit dumugènipun duk milanipun ngantos dumugi

--- 9 : 91 ---

sapuniki, Dèwi Sumbadra miwah Radèn Anantasena sami ngungun miyarsa, kala samantên Bagawan Madrasa matur ing Sang Dèwi Sumbadra manawi kasêmbadan, inggih sami kaaturan nêntrêmakên sarira, wontên ing padhepokanipun, sinambi manungku puja brata, minta aksamaning dewa, Dèwi Sumbadra miwah kang putra pinuju ing galih, lajêng anuruti. Enggaling cariyos kala samantên sampun sami andhèrèkakên dhatêng Bagawan Madrasa, sapraptaning wismanipun sang rêtna kagyat aningali dènnya sampun sarwa sumaji kang pasugata, miwah palênggahan sampun sarwa gumêlar wontên sangajênging patanèn, ingapit wantingan kêbak tumumpang ing saku, sarta papasan dawêgan wangèn sampun sumaos ing ngarsa, kumêndhung-kêndhung kang sarwa sumaji, Bagawan Madrasa anyarakakên punang pasugatanira: Dhuh anggèr suwawi punika, sêsaosanipun pun bapa, dahat dèrèng pantês amung saking kêdah-kêdahipun dene katamuan gusti, Dèwi Sumbadra miwah kang putra, Radèn Anantasena, sami angecani tyasipun sang bagawan lajêng angunjuk toyaning wedang wêgan wangèn, botên antawis dangu para endhang angajêngakên pasugata, lajêng sami dhahar sawatawis nuntên linorodan dhatêng sang bagawan myang semahipun, sarampungipun dènnya dhêdhaharan Bagawan [Ba...]

--- 9 : 92 ---

[...gawan] Madrasa lajêng matur dhatêng Dèwi Sumbadra: Dhuh anggèr manawi panjênêngan paduka taksih têdhakipun Sang Hyang Wisnu saking rama paduka, Prabu Krêsna Wasudewa ing Madura, bokmanawi pun bapa punika manawi kaakên têbih-têbih taksih kawulawarga, ing mangke pun bapa kalilana anggancarakên pratelanipun, lêluhur kula ingkang saking jalêr, ing mangke pun bapa sampun kagalih manawi badhe angakên wăngsa, angugêmi saking wasitaning bapa kawula kang nama Rêsi Măndra ing Ngandongdhadhapan, kawarti darbe lêluhur saking jalêr sarta saking èstri, sami saking Sang Hyang Rudra, inggih Sang Hyang Dewa Esa, dening turutaning aluranipun makatên, putranipun Sang Hyang Rudra, kang anama Prabu Agina, sarêng ambagawan nama Bagawan Anda, ing Ngandongdhadhapan, punika darbe putra kêkalih sami jalu, ingkang sêpuh nama Radèn Sêngkya, muksa dados jawata, nama Bathara Pulyada, ingkang nèm nama Radèn Turunan, krama angsal kadang naking sanak anama Dèwi Sranadi, putranipun Prabu Pakukuhan inggih Sri Maharaja Kano, ing Purwacarita sami putranipun Sang Hyang Rudra wau, Radèn Turunan lajêng jumênêng nata, nama Prabu Kandhiyana, pêputra satunggal, nama Radèn Rêspati, dados raja pandhita, kasêbut nama Rêsi Wrahaspati, [Wrahaspa...]

--- 9 : 93 ---

[...ti,] lajêng jumênêng nata nama Prabu Palindriya, punika darbe putra kathahipun tigang dasa tiga, ingkang sêpuh piyambak nama Bagawan Anggara, 2. Bagawan Budha, 3. Bagawan Sukra, 4. Radèn Raditya, nama Prabu Selacala, inggih Prabu Watugunung, 5. Dèwi Srayawati, pêparab Dèwi Mêndhang, kagarwa ing Sang Hyang Wisnu, 6. Radèn Sriyuwana, nama Radèn Wukir, 7. Radèn Kurantil, 8. Radèn Talu, 9. Radèn Gumbrêg, 10. Radèn Warigalit, 11. Radèn Warigagung, 12. Radèn Julungwangi, 13. Radèn Sungsang, 14. Radèn Galungan, 15. Radèn Kuningan, 16. Radèn Langkir, 17. Radèn Măndhasiya, 18. Radèn Julungpujut, 19. Radèn Pahang, 20. Radèn Kuruwêlut, 21. Radèn Marakèh, 22. Radèn Tambir, 23. Radèn Mandhangkungan, 24. Radèn Maktal, 25. Radèn Wuye, 26. Radèn Manail, 27. Radèn Prangbakat, 28. Radèn Bala, 29. Radèn Wugu, 30. Radèn Wayang, 31. Radèn Kulawu, 32. Radèn Dhukut, 33. Dèwi Tumpak. Jangkêp tigang dasa tiga putranipun Prabu Palindriya wau. Mangsuli Radèn Wukir wau lajêng kadadosakên pêpatihipun Prabu Watugunung, nama Arya Suwelacala, sarêng ambagawan nama Rêsi Sadhara, [Sadha...]

--- 9 : 94 ---

[...ra,] kasêbut nama Rêsi Cara, punika pêputra gangsal jalu èstri, kang sêpuh nama Bagawan Capala, panênggak èstri nama Dèwi Supadmi, kang seda obong, panêngah nama Arya Dyapara, sumêndhi nama Arya Gandara, wuragil Arya Kumbina, punika inggih eyang kula buyut, sami punggawèng Purwacarita, Arya Kumbina lajêng pêputra kalih sami jalu, kang sêpuh nama Rêsi Gopa, arinipun nama Rêsi Madra, inggih punika pun kaki kang ayoga, dhatêng bapa kula Bagawan Madraka, kula punika Bagawan Madrasa, mênggah urutipun ing prênah pun bapa nyumanggakakên, têlas aturipun Bagawan Madrasa, Dèwi Sumbadra langkung asrêp ing galih, dene pinupu ing eyangipun buyut priyăngga, wêkasan sang rêtna minta pamit, yèn arsa mantuk dhatêng Ngamarta, Bagawan Madrasa sangêt dènira anggêgendholi awit maksih cuwa tyasipun, manawi kaparêng dipun aturi ngayêmakên sarira, wontên padhepokanipun kewala rumuhun, yèn sampun antawis lami badhe kadhèrèkakên, Dèwi Sumbadra amituruti, kang dadya pamrayoginipun Bagawan Madrasa. Ya ta kacariyos kala samantên sang bagawan lajêng angambil sutaning bagawan nama Ajar Kalingga, rare jalu anama pun Linggabawa, mênggah wancining

--- 9 : 95 ---

rare lagya sapangèn kinarya pamomonge radyan putra, saking kulinanipun ing alami-lami kados kadangipun satuhu, kala samantên Dèwi Sumbadra sampun kinèn sêsilih nama Endhang Palirêja.

Amarêngi masa asuji, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Subakarti, kacariyos nagari ing Dwarawati, ing nalika punika Prabu Krêsna Wasudewa anuju katamuan ingkang rayi Arya Nangkula prapta dinuta kang raka Prabu Yudhisthira ing Ngamarta, kadhatêngan wêwêlaking dewa tan kenging tinulakan, dene ingkang măngka dadya wêwêlak sampun kaaturakên sadaya, aturipun kang rayi manawi kasêmbadan kang raka dipun aturi rawuh dhatêng Ngamarta. Prabu Krêsna duk miyarsa gugup lajêng angundhangi wadyabala, sami kinèn siyaga badhe umiring dhatêng Ngamarta, Sang Arya Satyaki miwah Sang Patih Udawa dhinawuhan andhèrèkakên bidhalipun enjang anyarêngana wangsulipun Arya Nangkula, Prabu Krêsna badhe miyos ing madyantara, Radèn Arya Satyaki matur sandika lajêng mêdal siyaga, sasampuning samakta, antawis dintên bidhalan sarêng lan Arya Nangkula, sarêng antawis dintênipun malih kacariyos Prabu Krêsna anungka lampahing wadyabala, miyos ing gêgana, botên [botê...]

--- 9 : 96 ---

[...n] kawursita dènira wontên ing margi. Enggaling cariyos kala samantên lampahipun Prabu Krêsna angrumiyini, sampun rawuh nagari Ngamarta, lajêng panggih lan para kadang sadaya sami suka sukurira, sasampuning tata lênggah Prabu Yudhisthira, atur wêwarti kawontênanipun para tiyang kang sami kenging panyakit sadaya, Prabu Krêsna dahat ngungun lajêng andangu purwaning nagarinipun, kang rayi matur botên wontên sababipun punapa-punapa, amung nalika ari Sukra Manis rayi paduka pun Sumbadra, dalah sutanipun jabang bayi, sami nandhang sakit amung sawatawis sampun botên dadosakên punapa, nanging salêbêtipun pêndhak dintên punika, sarêng sampun sami saras manawi tilêm sami gadhah kalagehan sabawa kadi raksasa, sarta gadhah panêdha daginging sato mêmêntahan, rêmbagipun para kadang cinêgah botên tinurutan, sarêng antawis dintên têka mawi wontên wahananipun makatên punika, botên langkung para kadang anênuwun sih mugi jinatosana kang măngka sarananing têtumbalipun, Prabu Krêsna Wasudewa, apingungun nanging salêbêting tyasira sampun uninga, manawi ing Ngamarta kalêbêtan sandi upaya, rèhning dèrèng mangsanipun dados sinamar ing pangandika, manawi sawêg pêparêngan karsaning jawata kewala ing têmbe sayêkti bakal [baka...]

--- 9 : 97 ---

[...l] antuk pangaksama, para Pandhawa duk miyarsa andikaning raka Prabu Krêsna sami asrêp manahipun, sasampunipun makatên Prabu Yudhisthira matur ing raka manawi kasêmbadan ing karsa prayogi tinêdhakan dhatêng Madukara, ngiras têtinjo ing ari kang mêntas darbe putra. Prabu Krêsna panuju ing galih lajêng têdhak dhatêng dalêmipun Sang Parta myang para kadang sadaya, saha garwa, sarawuhipun wontên ing Madukara, kagyat dènnya sami aningali, dhatêng tangkêbipun kang rayi Dèwi Sumbadra, têka sanès kalihan sabên-sabên, para kadang botên wontên ingkang anggraita, kakintên jalaran saking mêntas gêrah kewala, amung Sang Prabu Krêsna Wasudewa ingkang botên kasamaran ing pratingkah punika, ananging taksih sinamun tan kawistara, sasampunipun makatên Prabu Krêsna miwah Prabu Yudhisthira sami rêmbagan angaturi kang eyang Sang Bagawan Byasa, kang supados aparing pangandika ingkang dados têtumbaling praja, karsanipun Prabu Krêsna makatên wau, sampun sami golong ing rêmbag lan para kadang Pandhawa, kala samantên ingkang kautus maring Saptarga ingkang rayi Radèn Arya Nangkula, miwah ari Sahadewa, sasampuning winêling lajêng mangkat lêlancaran kewala. Botên kawursita lampahipun wontên margi, kala samantên Arya [Ar...]

--- 9 : 98 ---

[...ya] Nangkula Sahadewa sampun dumugi ing Saptarga, panggih lan kang eyang Sang Bagawan Byasa, anuju lênggah ing pacrabakan lan kang putra Bagawan Drêtarasthra, ing Martawuy, kagyat praptaning kang wayah Arya Nangkula Sahadewa dahat dènnya wigati, dinangu matur sawêwêlingipun kang raka Prabu Yudhisthira sarta mratelakakên kawontênanipun lêlampahaning praja Ngamarta sampun kaaturakên sadaya, duk ing wiwitan ngantos dumugi ing wêkasan. Bagawan Byasa gugup duk miyarsa lajêng karsa tumêdhak dhatêng nagari Ngamarta, Bagawan Drêtarasthra badhe umiring botên kalilan kinèn têngga patapan kewala, ya ta lampahipun Bagawan Byasa sampun prapta jawining padhepokanira, kala samantên botên mawi ambêkta dasih, amung kadhèrèkakên wayah kêkalih Arya Nangkula miwah Sahadewa, dupi sampun têbih Sang Bagawan karsa amêlak ing lampah, lajêng amatêg ajinipun pamêsatan, kang wayah sampun winangsit sampun ngantos têbih kinèn amboncèng wontên wurinipun, ing ngriku kacariyos Bagawan Byasa, sigra mêsat kadya kilat lampahira tan dangu sampun praptèng Ngamarta, lajêng anjujug salêbêting pura, para wayah miwah para garwa, nuju sami angadhêp kang raka Prabu Krêsna, gugup ing rawuhipun kang eyang nuntên samya angabêkti sadaya, [sa...]

--- 9 : 99 ---

[...daya,] sasampuning tata lênggah Prabu Yudhisthira nuntên matur dhatêng kang eyang punapa kawontênaning wêwêlak dêdukaning jawata, Bagawan Byasa dahat ngungun duk miyarsa, lajêng dhêdhawah kinèn ngrukti pirantining amuja, kang wayah matur sandika. Sasampuning mirantos kala samantên Bagawan Byasa myang Prabu Krêsna sigra sami manjing ing sanggar palanggatan, amuja samadi, kacariyos ngantos pêndhak dintên dènnya sami anênuwun pangaksamaning dewa. Ya ta nuju satunggil dintên, Bagawan Byasa miwah Prabu Krêsna, antuk wasitaning jawata, kinèn angulati sajatining Pantirêja, lagya ana răndha kasihan, dene kang kasatmata iya sajatining ngrancana, kudu kalawan waspada, nandyan tan dadi ngapa yèn kurang waskitha, ing têmbe yêkti bakal akarya sangsara, marma nuli ulatana kang kongsi kapanggya, iku măngka panulaking durga, măngka wus linaksanan, têlas ujaring wasita. Bagawan Byasa miwah Prabu Krêsna, sampun sami tampi salêbêting wardaya, saluwaring pamujanira, lajêng wêwarta dhatêng kang wayah sadaya, Prabu Yudhisthira sakadangipun dèrèng wontên tampi ing cipta sasmita têmah samya sungkawa, Bagawan Byasa langkung wêlas aningali, para wayahira lajêng kaparingi sarana kang măngka têtumbaling praja, supados wontên mayaripun, saking pandamêl [panda...]

--- 9 : 100 ---

[...mêl] punika, sasampuning dhinawuhakên kala samantên Prabu Yudhisthira lajêng parentah ing wadya kinèn anandukêna.

Ya ta enggaling cariyos kala samantên antuk parmaning dewa, sagunging wadyabala ing Ngamarta, kang nandhang sakit sampun waluya, Prabu Yudhisthira dahat suka nuhun ing jawata, kacariyos sabên ari tansah anggêganjar sarta ambêbingah ing wadyabala.

Taksih sami salêbêting masa asuji, ing taun Subakarti, kacariyos malih nagari Ngamarta, myang kang amindha Dèwi Sumbadra pinanggihan ing kadangipun jalu Sang Rasaksa Aswara awêwarti, yèn mêntas păncakara lawan manusa nama Burisrawa, nanging èsmu kasoran ing kaprawiranipun wêkasan dèn oncati, jalaran kinawonan awit kecalan lari kang wontên salêbêting karumba, inggih Dèwi Sumbadra, kang sampun dhinustha ing nguni, mila Sang Aswara ngantos lami, tan wontên wangsul dene lagya angulati salêbêting wana mêksa datan kapanggya, panarkanipun Sang Rasaksa Aswara, dipun kintên manawi wangsul mantuk mring Madukara, guguping tyasira tan wande mangke kacurnan, ing pakartinira sarêng prapta ing Madukara botên wontên labêtipun punapa-punapa, wangsulanipun rasaksi kang pindha warna sayêkti kang

--- 9 : 101 ---

dèn upaya, botên wontên wangsul, sarta gêntos awêwarti, nalika tumanduking wisayanira, ing mangkya sampun katulak dening Bagawan Byasa, miwah Prabu Krêsna, sagunging têtiyang nandhang sêsakit ing mangkya sampun sami waluya, Rasaksa Aswara dahat kacuwan tyasipun dènnya tan sagêd tumama, wêkasan arsa winantu malih ing pangupayanira, rasaksi tan nêmbadani sêdyaning kadangipun rasaksa dadya alon dènira têtanya: Hèh kadang ingsun jalu, kayaparan kang dadi karêpira iku, dene têka arsa gawe sangsaraning manusa kang tanpa dosa, lan maninge iki sumêdya sun kawulani ing salawase, yèn mangkana sira iku, misih kudu angayunake marang raganingsun, baya durung tutug gonira amrih dêdukaning dewa, lagi mêngko sun tarima kang dadi pamintaningsun wus sira turuti, dadak arsa sinikara, yèn kongsi kalakon padha sirna, ora wurung sira rak anutugi karêpira kang tan prayoga manèh sayêkti ingsun wus lumuh sarta merang ing jagad. Rasaksa lajêng walèh dhatêng kadangipun èstri, mulane ingsun suprih sirna kabèh manawa bisa kalakon sayêkti sutanira iku bisa madêg ratu ing Ngamarta, rasêksi datan rêna dene katingal sihipun Sang Parta, dhatêng badanipun, mila

--- 9 : 102 ---

anggung ananggulang karsaning kadang sêpuh, tansah dèn uman-uman kewala. Rasaksa Aswara sakit manahipun kala samantên kesahipun rasaksa atilar wisaya tumanduk ing Sang Arjuna, kacariyos sapêngkêring sang rasaksa Sang Parta lajêng nandhang gêrah sangêt madal salwiring usada. Prabu Yudhisthira sakadangipun samya dahat sungkawa, dadya rêmbag angaturi wuninga dhatêng Saptarga, miwah ing Dwarawati, botên kacariyosakên lampahing caraka, kala samantên Bagawan Byasa, miwah Prabu Krêsna, sampun sami rawuh nagari ing Ngamarta. Duk samya ningali gêrahipun Sang Parta dene anèh lawan tiyang kathah, yèn nuju wontên dhanganipun tansah dêduka kewala, botên kenging dipun cêlaki ing garwa miwah abdi saèstu jinêmalan, pinuju dhatêng gêrahipun anggung kèndêl tan arsa ngandika, nadyan ngantos pintên-pintên dintên, botên wontên sabawanipun, salaminipun makatên Sang Parta supe dhahar nendra. Ing nalika punika Bagawan Byasa miwah Prabu Krêsna sampun uninga, yèn gêrahipun Sang Parta kenging wisaya, sarta emut duk nalika sami muja nuwun sirnaning sêsakit, kang anarambahi sapraja. Ya ta nuju satunggal dintên Bagawan Byasa miwah Prabu Krêsna, akarsa sami manêgês karsa antuk parmaning jawata, wontên swara kapyarsa kinèn minta pitulung [pitu...]

--- 9 : 103 ---

[...lung] dhatêng Bagawan Madrasa sayêkti waluya. Ya ta Bagawan Byasa, lajêng wêwarta dhatêng kang para wayah kang dadya wahananing pamudyanira, Prabu Yudhisthira ngungun ing tyas lajêng borongakên dhatêng kang raka Prabu Krêsna sagêdipun kalampahan, sawasitaning jawata makatên wau, ing ngriku Prabu Krêsna lajêng anuduh kang rayi Dèwi Srikanthi[11] kalihan Radèn Sahadewa, kinèn maring wukir Smaratantra, kinèn minta pitulung dhatêng Sang Bagawan Madrasa, dhinawuhan anamur-kula, botên kalilan ambêkta abdi kathah-kathah. Sasampunipun winêling Sang Dèwi Srikandhi lajêng mangkat. Sapêngkêripun Dèwi Srikandhi Bagawan Byasa aparing wasita dhatêng para wayah miwah Prabu Krêsna, yèn sajatosipun nagari Ngamarta taksih kalêbêtan sandi upaya, ananging pilih ingkang uninga, Prabu Yudhisthira myang para kadang samya prihatin duk miyarsa, dene dèrèng tampi pangandikanipun kang eyang makatên wau, amung Prabu Krêsna Wasudewa ingkang botên kasamaran dhatêng lêlampahan punika, nanging mêksa piningid dèrèng winêdharakên, ing wêkasan kinèn sami pasarah ing jawata kang luwih.

Gêntos wau kawuwusa lampahipun Dèwi Srikandhi, lawan Radèn Sahadewa, enggaling cariyos kala samantên sampun prapta ing wukir Smaratantra, ingkang jinujug wismaning

--- 9 : 104 ---

Ajar Kalingga, Dèwi Srikandhi tinakenan ing sangkan paran miwah namanipun, sampun sajarwa, Ajar Kalingga duk miyarsa langkung ajrih anorakên raga sarwi matur ingkang dados sêdyanipun, dene karsa tumêdhak anamur-kula, Dèwi Srikandhi ngandika manawi badhe kapanggih kalihan Bagawan Madrasa, Ajar Kalingga langkung sukèng tyas lajêng kairid dhatêng patapan sampun kapanggih kalihan Bagawan Madrasa, sasampuning sinambrama ing pambagya, sang bagawan matur têtanya ingkang dadya karsanipun. Dèwi Srikandhi sampun sajarwa, yèn lampahipun dinutèng raka nata, Prabu Yudhisthira ing Ngamarta, punapa sawêwêlingipun sampun kapratelakakên sadaya, Bagawan Madrasa duk miyarsa mèsêm ing galih nanging api dahat pangungunira, aturipun: Dhuh radèn ayu botên kadosa dene loking jana, sampun kasusra manawi Nata Pandhawa, panggenanipun wêkasan ratu botên kasamaran dhatêng salwiring tingalan, sampun kenging sinêbut botên kêkirangan, pirantosing sarana, awit ingkang eyang priyăngga sampun sarwa waskitha, sanadyan ingkang raka Prabu Krêsna inggih sarwa waskitha, ing mangke têka karsa ambêbana dhatêng tiyang nistha tuna ing pangawikan, mênggah pun bapa punika amung badhe anênulad kang sampun sami [sa...]

--- 9 : 105 ---

[...mi] utama, sapintên kadaring sêsêrêpanipun tiyang kados kula punika saèstu dèrèng măntra-măntra, dene anggèn kula darbe sêsêrêpan samantên punika, margi kala rumiyin kaakên pawong-mitra dhatêng eyang paduka Bagawan Byasa ing Saptarga, lêrêsipun raka paduka punika botên kêkirangan, badhe angupados punapa malih. Ya ta Dèwi Srikandhi duk miyarsa pangandikanipun Bagawan Mahdrasa[12] lajêng kèndêl botên sagêd anambungi wuwus malih, amargi rinoban ing sabda, pangalêmbana, anggung linuhurakên kewala, ciptanipun sang rêtna punika amrih pananggulanging pamintanira, mila lajêng amborongakên ing sakarsanipun sang pandhita, aturipun Dèwi Srikandhi akatha-kathah[13] sarwi ngêmu waspa. Bagawan Madrasa uninga dahat kamiwêlasên lajêng angandika dhuh rêtna mugi sampun kalajêngakên sungkawaning wardaya, bokmanawi badhe wontên parmaning jawata, ing mangke kula aturi lênggah wontên ing ngriki sawatawis, kula badhe manêgês karsa. Dèwi Srikandhi tan lênggana sang bagawan lajêng mentar, sampun kapanggih lawan Sang Dèwi Sumbadra, miwah Radèn Anantasena, sami winartosan, ing praptanipun tamunira, saking nagari Ngamarta, ingkang dados sêdyanipun, sampun winarahakê

--- 9 : 106 ---

n sadaya, Dèwi Sumbadra dahat sungkawa, duk amiyarsa pangandikanipun sang bagawan, arsa manggihi Dèwi Srikandhi pinambêngan, margi dèrèng wêdalipun, ing mangke agêmipun Dèwi Sumbadra, sêsupe sakêmbaran kang sêsotya mawa praba măncawarna, miwah manik manindrataya, kagunganipun Radèn Anantasena sami sinambut badhe binêktakakên Dèwi Srikandhi, amargi punika ingkang minăngka sarana waluyaning gêrahipun Sang Parta, ingandika sampun ngantos sami sandeya tyasipun. Dèwi Sumbadra miwah Radèn Anantasena, sami ngaturakên piyambak-piyambak, sasampunipun makatên Bagawan Madrasa lajêng wangsul manggihi tamunipun, andikanira dhatêng Dèwi Srikandhi: Lah punika kewala kula aturi ambêkta ingkang warni sêsupe kalih pisan kaagêmna kang nandhang gêrah, ingkang warni musthika dipun wastani manik manitaya, punika dèn kalukua kinarya unjuk-unjukanipun Sang Parta miwah kaagêma siram ing wanci enjing sadèrèngipun mêdal surya, manawi antuk parmaning dewa sayêkti sagêd waluya, punang sêsupe miwah musthika manimataya. Sasampuning sinidhikara lajêng sinungakên dhatêng Dèwi Srikandhi langkung suka nuhun nampèni. Bagawan Madrasa asung wêwêling manawi sampun [sampu...]

--- 9 : 107 ---

[...n] kangge ing karya kewala nuntên kaparingna wangsul, awit punika kang darbe anak kula èstri botên kenging pisah dangu saking astanipun, dene musthika kang darbèni inggih anak kula jalu sami saking pêparinging dewa, sarta kawêling wantos-wantos sampun ngantos kauningan dhatêng kang nama Dèwi Sumbadra, manawi dèrèng wontên babaranipun. Ya ta Sang Dèwi Srikandhi kagyat duk ningali ing sêsupe sakêmbaran kang saking Bagawan Madrasa, datan samar yèn punika agêmipun Dèwi Sumbadra, badhe darbe panarka langkung ajrih dening sang pandhita, putus sarta ing atara botên wontên tandhanipun punapa-punapa, mila anggung sinamun saking dènnya dèrèng uninga wadosipun, ananging rèhning dinuta, dados matur dhatêng sang bagawan sintên namaning putranipun kang darbe sêsupe punika, miwah kang darbe musthika, Bagawan Madrasa amangsuli yèn kang darbe kalpika sakêmbaran nama Endhang Pantirêja, dene kang darbe musthika dipun wastani Anantarêja, inggih jalan Saptapratala. Dèwi Srikandhi matur punapa kalilan pêpanggihan lan putranipun, Sang Bagawan Madrasa mangsuli manawi sawêg kapambêng manungku puja brata, anglampahi parentahing jawata, ing têmbe botên wande badhe pinanggya, Dèwi Srikandhi langkung cuwa ananging saya kadriya, kala [ka...]

--- 9 : 108 ---

[...la] samantên lajêng nyuwun pamit badhe wangsul dhatêng nagari Ngamarta, sang bagawan jumurung ing karsa lajêng mangkat, botên kawursita lampahipun wontên ing margi, enggaling cariyos kala samantên sampun dumugi nagari Ngamarta, ing nalika punika Prabu Krêsna dèrèng kondur dhatêng nagari Dwarawati, miwah kang eyang Bagawan Byasa taksih nênggani gêrahipun kang wayah wontên ing Ngamarta, ya ta wau praptanipun Sang Dèwi Srikandhi andadosakên kagyatipun kang raka-raka, dènira wisaga angêmu suka, dinangu kang dados lampahipun, sang rêtna sampun angaturakên sadaya, miwah anyaosakên kalpika sakêmbaran, miwah musthika manimataya, saking Bagawan Madrasa duk katampèn Prabu Yudhisthira andadosakên pangunguning tyas, samya anupiksa, dene punang sêsupe tuhu agêmipun kang rayi, Dèwi Sumbadra, pangungunipun Prabu Yudhisthira yèn ing mangke kang rayi botên wontên kaecalan, mila lajêng matur dhatêng kang raka Prabu Krêsna, manawi sêsupe wau badhe kaparingakên dhatêng Dèwi Sumbadra, supados tinitika, ananging kang raka Prabu Krêsna botên nayogyani kinèn anyarèhakên rumiyin, ing ngriku Dèwi Srikandhi nambungi wuwus ngaturakên sawêwêlingipun Sang Bagawan Madrasa, mênggah sadaya punika kadamêla [ka...]

--- 9 : 109 ---

[...damêla] wados dhatêng Dèwi Sumbadra, yèn dèrèng wontên kababaranipun. Prabu Krêsna miwah Bagawan Byasa sampun tampi, ing sipta sasmita makatên wau, kala samantên punang sêsupe sarta musthika sampun sami sinidhikara dhatêng Sang Bagawan Byasa, kala samantên sarêng antawis dintênipun malih, Sang Bagawan Byasa karsa anandukakên sarana kang saking Bagawan Madrasa, punapa sapitungkasipun sadaya sampun sami linampahan. Ya ta enggaling cariyos kala samantên, gêrahipun Sang Arjuna, sampun waluya saking parmaning dewa, botên wontên labêtipun risaking sarira, Prabu Yudhisthira sakadangipun dahat sukèng tyas anarima dhatêng Sang Bagawan Madrasa, ing kala samantên para Pandhawa miwah Prabu Krêsna, tan pêgat dènnya andhatêngakên suka parisuka sawadyabala sadaya, sarêng antawis lami, Sang Bagawan Byasa pamit arsa kondur dhatêng Saptarga, para wayah jumurung sadaya, mawi kadhèrèkakên dening Arya Nangkula, Sahadewa, angkatipun sarwi tilar wêwêling ing têmbe samya kinèn prayitna, amung kang wayah Prabu Krêsna mawi jinatosan wêwadosing lêlampahan punika.

Salêbêtipun ing warsa Aciya, etanging taun surya sangkala 712, tinêngêran karêngèng janma ing wukir.

--- 9 : 110 ---

Kaetang ing taun candra sangkala 733, tinêngêran katon gunaning pandhita.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Ngamarta, mangkya Prabu Yudhisthira, karsa tindak dhatêng dalêmipun kang rayi Arya Parta, saha garwa Dèwi Drupadi, para kadang sami umiring sadaya, praptaning Madukara dahat pangungunipun aningali Sang Arjuna, sakalangkung sihira maring garwa miwah putranipun, dene anglangkungi kalihan duk ing sabên-sabên, prasasat botên kenging pisah kalihan Sang Parta, anggung dinama-dama, ngawonakên kang raka Radèn Sumitra, akathah pamomongipun, sami rare sutaning punggawa, punapa ingkang kinayunakên dhatêng radèn putra, sayêkti tinurutan, mila katingal enggal agêng punika saking wantuning ditya sayêkti, sanès kalihan manusa wanci jumaka, kala dèrèng birai. Ya ta kacariyos ing alami-lami, radèn putra wau saya kawistara ing kanakalanipun, sakalangkung ardaning karsa, sasamining rare sampun misuwur manawi jail sarta makathil, akathah abdinipun ingkang sami bolos dening jinêmal, têmah sami mocot tan purun suwita. Ya ta ing nalika punika radèn putra antuk abdi rare saking wêwanan ugi wêwangsanipun rasaksa

--- 9 : 111 ---

anama pun Trêmbusu, sinêbut ing kathah nama pun Sêmbotho, langkung kinasihan dening radèn putra, saking dènira darbe karosan, anglangkungi rare kathah, nadyan tiyang sêpuh dèrèng wontên kang kawawa lumawan, mila dahat piniluta dhatêng radèn putra, minăngka dados andêl-andêl manawi pêpara, ambêbujung sato wana, ing nalika samantên radèn putra sampun ngundhangakên sasamining rare yèn karsa angadêgakên têtandhingan sami rare ingabên bite miwah gêgêlutan, mawi sarana tinohan ing samurwatipun, kathah para rare saking amănca kang sami sinorakên dening pun Sêmbotho, wontên ingkang ngantos kalajêng pêjah, pinambêngan dening kang raka-raka sakalihan, Radèn Păncawala miwah Radèn Sumitra, botên kenging malah ingaturan ngupadosakên tandhinging sawungipun, ingkang raka kalih pisan dahat pangunguning tyasira lajêng sami kèndêl kemawon, ya ta kacariyos ngantos lami dènnya kèndêl kambênganipun, botên wontên ingkang mêdali saking sampun sami ajrih lumawan radèn putra, langkung cuwa ing galihipun dadya karsa angalaya maring dhusun-ingadhusun, amung lawan sawungira pun Sêmbotho kewala, namung manawi ing wanci dalu punika karsa kondur maring praja, yèn [yè...]

--- 9 : 112 ---

[...n] siyang tan kêndhat anjajah padhusunan ananging para rare sampun sami tintrim saking ajrihipun.

Nahan nagari Ngamarta, gêntos kawuwusa padhepokan ing wukir Smaratantra, mangkya Sang Bagawan Madrasa anggung ginubêl dhatêng wayahira angkat Radèn Angkawijaya, nyuwun pamit badhe aningali têtandhingan sami rare dhatêng nagari Ngamarta, Bagawan Madrasa anggung angampah dhatêng kang wayah supados kandhêga, dahat sandeyèng tyas dènira miyarsa warti, yèn putra Madukara karêm dhatêng tyas pêpugalan, amara tangan marang sasamining rare, mila Bagawan Madrasa dahat dènnya botên tega, manawi kang wayah sumêdya maring praja, rèhning rare dèrèng sumrêpan yudanagari bokmanawi antuk siku têmah dèn wisesa dhatêng radèn putra, akathah-kathah dènnya mituturi nanging Radèn Bimanyu mêksa adrêng kewala, dangu-dangu Bagawan Madrasa kongkih tyasipun têmah linilan, Dèwi Sumbadra dahat sungkawèng tyas angraosakên kang putra dènnya botên kenging cinandhêt ing karsanipun, ing ngriku Sang Bagawan Madrasa lajêng angidèni lampahnya, êmbannya pribadi rare jaka nama puthuting bagawan, 2. kamisêpuhing siswa anama Cantrik Lambangsutra, punika ingkang winêling-wêling minăngka dadya tuwangganing lampah,

--- 9 : 113 ---

dhinawuhan botên kalilan bêkta rowang, Cantrik Lambangsutra matur sandika sigra mangkat tiyang têtiga, kapat tiyang sikêp ing padhepokan, mawi sarana bêbêktan palakirna, ing padhusunan, kala samantên kang wayah sampun sêsilih nama Bambang Parta, kang inggih Radèn Jaka Lambang. Ya ta kawuwusa lampahira Radèn Parta, sarowangipun, enggaling cariyos kala samantên sampun sami prapta ing nagari Ngamarta, anuju pakalangan, sakathahing rare sami tinandhing kang sampun sami agêng inggilipun miwah kasantosan, ing badan lajêng kaabên, manawi wontên rare kang ragi moncol lajêng katandhingakên kalihan pun Sêmbotho, atêmahan kasoran, dados botên wontên ingkang purun lumawan kalihan sawungipun radèn putra, ing ngriku Puthut Linggabawa duk uninga asmu panas tyasipun dhatêng pun Sêmbotho, dadya matur ing Radèn Jaka Lambang nyuwun kalêbêtna tandhing kalihan sawungipun radèn putra ing Madukara, amung badhe angraosakên kaprawiranipun tiyang punika, Radèn Bimanyu anuruti pun Linggabawa sampun linêbêtakên ing kalangan, dinangu dening para putra ngakên rare saking pangalasan botên gadhah nama, praptanipun amung sumêdya sêsinau kewala, radèn putra langkung suka lajêng tinandhingakên [tinandhinga...]

--- 9 : 114 ---

[...kên] kalihan pun Sêmbotho sampun babag, amung kaot ragi agêng pun Sêmbotho, nanging otot pun Puthut Linggabawa, ing ngriku campuh kadi saban-saban sami kol-kinol dêdêr-dinêdêr sami tanpa damêl, dangu-dangu sami kabangan lajêng ukêl-ingukêl tan kêna pinisah, Sang Linggabawa sigra angêtog karosanipun sarwi napuk mukaning ditya pun Sêmbotho, anggro lajêng angêmasi, radèn putra dahat gêgêtun asmu murina, sabibaring tandhingan lajêng dhawuh dhatêng Jaka Lambang, benjing kambêngan ngarsa kinèn prapta malih sarwi bêkta sawungipun punika, Radèn Jaka Lambang matur sandika lajêng anampèni picis miwah rajabrana, minăngka pamênangipun, Radèn Jaka Lambang nyuwun pamit mantuk sampun kalilan lajêng mangkat sarowangira, radèn putra lajêng bibaran ing tyas langkung gêgêtun dhatêng pêjahipun pun Sêmbotho, rumaos datan wontên ingkang kinarya sawung malih, ciptaning radèn putra manawi linurugan malih sumêdya tumandang priyăngga.

Nahan kang anggung kacuwan ing tyas, gêntos kawuwusa lampahipun Radèn Jaka Lambang miwah Puthut Linggabawa, kala samantên sampun prapta ing wismanipun, lajêng matur wêwarti dhatêng sang bagawan miwah kang ibunira, manawi dènnya angabên pun [pu...]

--- 9 : 115 ---

[...n] Linggabawa unggul, kathah pamênangipun rajabrana miwah picis myang busana. Bagawan Madrasa dahat botên rêna dhatêng pratingkahipun kang putra, sabên ari anggung pinêpêr sampun ngantos pining kalih, awit punika badhe andadosakên sêsunguting dukanipun radèn putra, têmah antuk rênguning para Pandhawa, Radèn Bimanyu miyarsa pangandikaning kang ibu miwah sang bagawan makatên wau, botên patos ginalih.

Ya ta kacariyos sarêng dumugining ari sêmadosanipun, Radèn Jaka Lambang sarowangipun wau lajêng sami ambolos ing dalu sumêdya wangsul dhumatêng praja Ngamarta, sarêng enjingipun sang dèwi gugup dènnya kang putra botên wontên katingal, sampun anyipta manawi wangsul dhatêng nagari Ngamarta malih, ing ngriku sang rêtna matur ing sang bagawan supados utusan jujul. Bagawan Madrasa ngungun ing tyas sigra ngaturi Radèn Anantasena pinrih mêmanuki lampahipun kang rayi dhatêng nagari Ngamarta, nanging kinèn angagêma cara wasi kewala, Radèn Anantasena tan lênggana lajêng mangkat.

Ya ta kawuwusa lampahing Radèn Bimanyu sarowangipun, sampun dumugi ing praja, enggaling cariyos kala samantên sawungipun Radèn Bimanyu kang wasta Puthut Linggabawa,

--- 9 : 116 ---

sampun tinandhingan dening radèn putra, sami rare jêjaka nanging binut kalih, paguting aprang pun Linggabawa taksih unggul lajêng winantu-wantu ing mêngsah, botên kewran malah sangsaya arda pangamukipun, para rare kang sami ngrubut kathah kaprawasa, miwah pêjah ing ênggèn, radèn putra langkung duka lajêng nimbali dhatêng Jaka Lambang, tinantun manawi sawungipun badhe tinandhingan sariranipun priyăngga, ananging tohipun samya kêkêtogan, Radyanakja[14] matur manawi botên sagêd nimbangi kaprawiran miwah samining patohan, radèn putra mangsuli, suka lamun binuta sarowangipun rare tiga punika, inggih sami angrêbat pêjah, manawi radèn putra kasoran inggih kalilan ngambila kapraboning raja kaputran dalah pusakanipun pisan, yèn mêngsah kang kawon narimah angukup bêbathang kewala, Radèn Jaka Lambang sangsaya ajrih têmah nyuwun pamit mantuk kemawon, wangsulanipun radèn putra botên anglilani yèn kêdah mundur samya kinèn lumampah lêlantaran sarwi tinawanan astanipun, Radèn Jaka Lambang dahat èmênging tyasipun têmah kèndêl botên amangsuli, ing ngriku Sang Linggabawa lajêng matur ing Radèn Jaka, kinèn ananggupi kewala, ya ta Radèn Jaka Lambang matur nyumanggakakên sakarsa, radèn [radè...]

--- 9 : 117 ---

[...n] putra lajêng parentah ing wadya kinèn ambangun malih pangruktining pabaratanipun, dupi sampun prayogi radèn putra matur nyuwun pamit ing raka sakalihan, Radèn Păncawala miwah Radèn Sumitra sami mambêngi margi dèrèng pantês linawan priyăngga, radèn putra adrêng mêksa tumandang amung ketang saking bêntèring tyasipun lajêng manjing samdyaning pabaratan, sampun campuh kalihan pun Linggabawa, langkung rame dènnya sami ngabên kaprawiran, dangu-dangu Puthut Linggabawa kasoran ngantos katèmpêr samadyaning idalaga,[15] ing ngriku Radèn Jaka Lambang sarêng uninga sigra têtulung ing yuda, wantuning ditya radèn putra botên kewran kinarubut kalih, malah sangsaya asru krodhanira, mêngsahipun kalih pisan karepotan, tangkêbing ayuda Puthut Linggabawa anêmah palastra.

Nahan samantara kawuwusa praptanipun Wasi Anantarêja, lajêng anjujug sajawining pabaratan, dupi uninga manawi kang lagya prang, ingkang rayi lawan êmbanipun, mêngsah kalihan putra Madukara anggung karepotan, Wasi Anantarêja sandeyèng tyas sigra manjing pakalangan nêdya têtulung kang rayi, praptaning nglêbêt mêngsahipun cinandhak dipun sabêtakên ing siti ajur kuwanda sirna, Radèn Jaka Lambang sampun [sampu...]

--- 9 : 118 ---

[...n] angrêbat pusaka wangkinganipun kang pêjah ing rana, tiyang sakawan wau lajêng lumajêng sumêdya mantuk dhatêng patapan, palajêngipun sami sêsumbar kinèn sami nututana mring wukir Smaratantra, mawi walèh ing rama, Radèn Jaka Lambang sutaning Endhang Pantirêja.

Ya ta wau rajaputra Radèn Păncawala miwah Radèn Sumitra, duk uninga manawi radèn putra pêjah ing rana, tanpa kukupan kuwandanipun, ing ngriku sami dahat sungkawèng tyas rumaos badhe angsal dêduka, wêkasan lajêng samya pinupus sêdya ngaturak[16] panalăngsa kewala, kala samantên sampun rêmbag anglampahakên utusan kinèn angodhol lampahing mêngsahipun dènira dêdunung, ingkang pinatah amung ulucumbu kêkalih, pun Duma lawan Suliksa, sasampuning winêling salwiring rèh sadaya lajêng mangkat, Radèn Păncawala sigra bibarakên kêkambênganipun, ya ta sakonduripun Radèn Sumitra lawan Radèn Păncawala, sampun matur ingkang rama nata tuwin Arya Parta, manawi radèn putra akatiwasan nêmahi pralena wontên samadyaning pabaratan, dene mêngsahipun sampun kapratelakakên sadaya, wêkasan pusakaning radèn putra linapgang ing mêngsah binêkta

--- 9 : 119 ---

mantuk, saking pangakênipun rare saking Smaratantra, nama Jaka Lambang sutaning Endhang Pantirêja, ing mangke sampun utusan angodhol lampahing rare wau punika, wau ta Sang Parta duk miyarsa langkung bramantyaning galih pêjahipun kang putra, sanalika matur ing raka manawi badhe ngrisak ing pratapan Smaratantra, Prabu Yudhisthira miwah Arya Sena, rèhning jalaranipun sami rare botên pantês manawi dipun sêpuhi, ping kalih Bagawan Madrasa wau sampun kathah labêtipun, dene kang putra wau labêt saking inanipun, karsanipun Arya Sena badhe anglampahakên duta panalika rumiyin, angyêktosakên kawontênanipun ing wukir Smaratantra, awit rare kang nglurug wau ragi nyalawadi bokmanawi kasamaran, Prabu Yudhisthira anayogyani rêmbagipun Arya Sena, makatên wau lajêng kinèn amatah kang prayogi linampahakên Arya Sena matur ing raka, manawi kasêmbadan lan ari Sang Parta kajawi pun Srikandhi kewala kadhèrèkakên pun Sahadewa, mila anglampahakên pun Srikandhi awit ing ngrika wontên ingkang nama Endhang Pantirêja, bokmanawi punika ingkang winasitakakên Bagawan Byasa ing nguni, dados sarana kamulyaning praja, mila kêdah sami tiyang

--- 9 : 120 ---

èstri, supados botên pakèwêd ing dhawahipun, Prabu Yudhisthira miwah Sang Arjuna emut ing tyas, lajêng nimbali Dèwi Srikandhi, sapraptaning ngarsa sampun dhinawuhan sawadosing karsanira, matur sandika sarampunging pitungkas sadaya lajêng mangkat kalihan kang rayi Arya Sahadewa sami anamur kawula. Ya ta sapêngkêripun Dèwi Srikandhi kala samantên Prabu Yudhisthira lajêng anglampahakên utusan lêlayu dhumatêng nagari ing Dwarawati, angaturi wuninga pêjahipun putra Arya Parta, punggawa kêkalih sampun winêling lajêng mangkat.

Kunêng gantya lampahipun Radèn Jaka Lambang kalihan kang raka Radèn Anantarêja, kala samantên sampun dumugi wismanipun Smaratantra, Radèn Anantasena lajêng matur dhatêng kang bibi miwah Bagawan Madrasa, punapa kawontênaning lampahanipun kang rayi sampun kaaturakên sadaya, Dèwi Sumbadra miwah sang bagawan duk miyarsa ngungun angêmu sungkawa, ciptanipun botên wande manawi antuk sêsikuning Pandhawa, sayêkti winisesa, awêkasan sami mupus anuwun pangaksamaning dewa, Bagawan Madrasa lajêng maringi picis myang kancana dhatêng Ajar Kalingga, minăngka sarana pêjahing sutanipun miwah sinung pangrapu basa. Ya ta botên dangu kasaru praptanipun [prapta...]

--- 9 : 121 ---

[...nipun] Sang Duma miwah Suliksa sêdyanipun alêlampah sandi sarêng uninga dhatêng Dèwi Sumbadra, tan sarănta lajêng sami nungkêmi pada sarwi karuna, botên mawi taha lamun punika gustinipun, Bagawan Madrasa dahat ngungun ningali tingkahipun tiyang kêkalih, kala samantên sami rinapu dhatêng sang bagawan, dupi sampun lipur sawatawis lajêng dinangu sangkan paran miwah nama tuwin sêdyanipun, tiyang kêkalih sami sajarwa ing nama miwah pinangkanipun saking nagari Ngamarta, dene ingkang dados sêdyaning karya sampun katurakên sadaya, mênggah purwanipun dènnya prapta lajêng karuna, dene sang dèwi punika kados sampun antawis dangu kalihan angkat kula saking Ngamarta, ing mangke têka sang rêtna sampun prapta ing ngriku rumiyin, têka botên mawi kadhèrèkakên ing dasih, pangandikanipun Bagawan Madrasa: Kayaparan kang dadi margane wanudya misih anom têka adrêng karsa maring wukir, aturipun Sang Duma myang Suliksa dènira murina sedanipun kang putra, dene purwanipun sampun kapratelakakên sadaya, mila gusti sang dèwi kalampahan nututi priyăngga, dhatêng rare kang mêjahi purugipun mariki, wêkasan sarêng wontên ing ngarsa paduka têka botên wontên labêtipun punapa-punapa. Bagawan Madrasa mèsêm [mè...]

--- 9 : 122 ---

[...sêm] sarya ngandika sajarwa: Hèh duta kang sira ucapake iku dudu sajatine gustinira, sarta ing mêngko ora lunga-lunga, misih anèng praja kewala, iya kang anèng ing kene iki kang sajatine Dèwi Sumbadra, purwanipun ing nguni sampun kapratelakakên dhatêng Sang Duma myang Suliksa sarta dhinawuhan sami awados rumiyin, dene kang pindha Dèwi Sumbadra kamulanipun sampun winangsitakên, utawi rare kang dèn lari inggih putrane Dèwi Sumbadra, kang sajati patutan saking Sang Arjuna, Sang Duma duk miyarsa pangandikanipun Sang Bagawan Madrasa dahat pangunguning tyasira lajêng nyuwun pamit wangsul badhe atur uninga, Bagawan Madrasa dèrèng nglilani, kinèn anyarantosakên sawatawis, Sang Duma sarowangipun tan lênggana matur sandika.

Kunêng Bagawan Madrasa, gantya kawuwusa lampahipun Dèwi Srikanthi[17] lawan Arya Nangkula, kala samantên sampun dumugi ampeyaning wukir Smaratantra, Dèwi Srikandhi langkung kacaryan ningali asrining wukir, miwah uparêngganing patapan, ing ngriku lajêng rêmbag badhe minggah dhatêng patapan manginggil, nanging cara alit kewala, sarêng sampun putus ing rêmbag para wadya sami tinilar ing ngandhap, Dèwi Srikandhi lan Arya Nangkula sarêng minggah ing nginggil, dumugi jawining [ja...]

--- 9 : 123 ---

[...wining] patapan, kapêthuk lan tiyang èstri kêkalih sami ambêkta buyung mêntas angambil warih, Dèwi Srikandhi marpêki sarwi nêmbung minta ngunjuk margi sangêt katoran. Tiyang ngangsu duk uninga dahat kamiwêlasên lajêng sami kèndêl anyukani toya, sarwi muwus lan rowangipun, he aku iki awèh pitulung marang kang kalangson ananging tan wurung kabêndon. Dèwi Srikandhi kagyat dèrèng ngantos ngunjuk, lajêng têtakèn, karana tiyang èstri kêkalih wau sami nauri: Kula niki pancèn juru ngrukti pasiramanipun sang dèwi, botên kenging sawiyah toya kêdah saking sêndhang pawitra kang toya amawa gănda, panggenanipun wontên antawising wukir Nilandusa, kalihan wukir Smaratantra punika saking ngriki prênah lèr kilènipun, lampahan amung sangisan[18] damêl, ragi sumêngka ing dalêm sadintên amung sagêt mêndhêt, toya sapisan, botên sagêd manawi angaping kalih, margi wontên angèling marginipun. Dèwi Srikandhi ngungun lajêng têtakèn malih, punapa sababipun têka amung mulangi toya sapanggenanipun kewala, dene têbih-têbih, bok inggih kang cêlak kemawon. Wangsulanipun tiyang ngangsu: Yèn karsaa makatên saèstu damêl mayaran kawula, mila karsanipun sang rêtna, makatên awit [a...]

--- 9 : 124 ---

wit sêndhang punika, toyanipun asrêp gandanipun arum, dene pakantukipun manawi kangge adus ing pawèstri sayêkti kangge ing laki, botên kenging manawi kangge tiyang jalêr, sarta èstri sanèsipun sang dèwi punika. Dèwi Srikandhi mangsuli: Tiyang sami èstri punapa wontên sanèsipun. Wangsulanipun tiyang ngangsu inggih sanès ugi tiyang punika ingkang sampun angsal sabda, awit sêndhang punika kala ing kina, kawarti padusaning widadari, nama Dèwi Sri, mawi dipun sabdani makatên: besuk ing têmbe yèn tan panjamnaningsun ora kêna nganggo banyu sêndhang pawitra iki, sayêkti anêmu cintraka. Dèwi Srikandhi nauri: punapia lurah andika mung sutaning pandhita têka kenging angangge toya punika, yèn makatên punapa taksih katitisan Dèwi Sri. Tiyang ngangsu mangsuli: Saking rêraosanipun sang bagawan ingkang kula ambilakên toya punika dede yoganipun piyambak, dados putra dènnya mupu wontên têpining Silogangga, sang dèwi bêkta putra satunggal, taksih alit, samangke sampun sapangèn, mandar wontên kanthinipun rare jalu, sampun jêjaka sêpuh inggih taksih pulunanipun sang rêtna, malah sang rêtna wau saking pambatanging para nujum inggih [ing...]

--- 9 : 125 ---

gih punika panjanmanipun Sang Dèwi Sri, awit sampun katăndha mungêl wontên pakêmipun sang bagawan, manawi Dèwi Sri samangke sampun maanjanma, wontên putri ing Madukara nama Sang Dèwi Sumbadra inggih sajatosipun bêndara kula punika. Dèwi Srikandhi kagyat tumingal sarywa alon têtakèn apitambuh dèrèng uninga, mênggah warnanipun kang nama Dèwi Sumbadra wau kados punapa. Tiyang ngangsu nauri: Kados botên wontên marcapada, pawèstri ingkang kadi punika, dhasar luwih pambêkanipun luwih, mila sang bagawan dahat dènnya ajrih asih dhatêng Sang Dèwi Sumbadra saputranipun. Dèwi Srikandhi nambungi wuwusipun tiyang kalih wau, mangke ta, kula katêmbèn miyarsa warti, yèn kang nama Dèwi Sumbadra putri Madukara wau sapunika têksih wontên nagari Ngamarta, dados garwanipun Sang Arjuna, malah sampun patutan satunggal sampun palastra duk atandhing sami rare. Tiyang ngangsu nauri sarta anyêntak: Lah andika punika, tiyang dèrèng wruh wêwadosipun, inggih kang mindha Dèwi Sumbadra punika sajatosing rasaksi amomor sandi, ing sajatining Sumbadra inggih kang wontên ngriki punika, tiyang ngangsu lajêng anggancarakên duk purwaning saking cariyosipun Bagawan Madrasa manggih Sang Dèwi Sumbadra [Sumba...]

--- 9 : 126 ---

[...dra] wontên ing Silogangga, sampun jinarwakakên dhatêng sang putri wau ngantos dumugi wêkasanipun sampun kacariyosakên sadaya, Dèwi Srikandhi sukèng tyas duk miyarsa, lajêng nêmbung badhe kapanggih kalihan kang nama Dèwi Sumbadra. Tiyang ngangsu sami nauri sugal: Lah wong mangkene iki têka arsa ngêmping lara, manawi andika badhe panggih kalihan sang dèwi, măngsa dadak kalampahana, margi Dèwi Sumbadra wontên ing ngriki, dahat piningid dhatêng sang bagawan, taha yèn ngantos kawênangan dhatêng pêpulunanipun kang nama Wasi Anantarêja, sayêkti lajêng kawisesa, tanpa sesa, mila yèn kêni andika kula eman sampun ngantos kadrawasan. Dèwi Srikandhi mèsêm sarywa kacathêt ing tyas manawi sampun têtela pamiyarsanipun. Sarêng èngêt sarèhning dinuta lajêng pamit arsa mantuk tiyang ngangsu jumurung sigra sêsowangan, botên kacariyos ing lampah, kala samantên tiyang ngangsu sampun prapta ing padhepokan, lajêng anjujug pasiraman sampun rinukti sadaya, nulya parêk ing sang rêtna, Dèwi Sumbadra andangu karananipun dènnya ngambil warih têka lungse ing wanci, pawèstri juru pasiraman matur manawi wontên ing margi kandhêg ing pawèstri satunggal mawi rencang tiyang jalêr kados kadangipun priyăngga,

--- 9 : 127 ---

dene wangunanipun sami pasang pasêmonipun kadi dede têdhaking asudra, pêrluning pangandhêgipun wau sampun kaaturakên sadaya, sarta mawi asung picis miwah kancana dhatêng piyambakipun, tinakenan nama myang pinangkanipun botên sajarwa lajêng kesah. Dèwi Sumbadra ngungun ing tyas duk miyarsa sampun andugi yèn punika kang rayi Dèwi Srikandhi, anamur lampah, mila sang rêtna saya dahat dènnya rêrantan dhatêng kang tinilar nanging taksih sinamun tan kawistara taksih pininta ing dewa.

Kunêng gantya wau, kawuwusa lampahipun Dèwi Srikandhi lan Arya Nangkula, sarêng sampun kapanggih lan para abdi lajêng kondur dhatêng praja, botên kacariyosakên dènira lumampah kala samantên Dèwi Srikandhi lan Arya Nangkula sampun sami dumugi ing Ngamarta, anyarêngi Prabu Yudhisthira miwah para ari sami sinewaka, kang raka Prabu Krêsna dèrèng kondur dhatêng Dwarawati, ing nalika punika samya kagyat praptanipun Dèwi Srikandhi, myang Nangkula Sahadewa, dinangu ing lampah dènira sami dinuta, Dèwi Srikandhi matur sakawontênaning lampah sadaya, ing wiwitan ngantos dumugi ing wêkasan botên wontên ingkang kalangkungan, Prabu Krêsna miwah Prabu Yudhisthira samya ngungun [ngungu...]

--- 9 : 128 ---

[...n] duk amiyarsa ciptaning panggalih, datan linyok saking ujaring wêca, pangungunipun wau dene têka kaelokan saking karsaning dewa, sarta Prabu Krêsna èngêt manawi sêndhang wau ing nguni tumut nagari Madura, dados pasiramanipun kang rayi Dèwi Sumbadra, miwah sampun winêca dening widadari, kang nama Dèwi Sri ing kina kados aturipun Dèwi Srikandhi wau, mila panggalihipun Prabu Krêsna Wasudewa, anggènipun kang rayi wontên ing ngriku inggih saking karsaning jawata, ya ta ing nalika punika Prabu Krêsna lajêng mangsit dhatêng kang rayi, Prabu Yudhisthira, miwah Arya Sena, mênggah prakawis punika sampun ngantos kamirêngan dening Sang Arya Parta rumiyin, bokmanawi andadosakên sêling-sêrêping panampinipun, karsanipun Prabu Krêsna badhe tumindak angyêktèkakên priyăngga, dhatêng wukir Smaratantra, manawi sampun têtela, gampil dènnya nandukakên pratingkah sirnaning sandi upaya, Prabu Krêsna miwah Arya Sena sami jumurung ingkang dados karsanipun kang raka.

Ya ta dèrèng kèndêl dènira pirêmbagan, kasaru rawuhipun Prabu Baladewa, miwah Prabu Karna ing Ngawăngga, praptanipun sarwi ambêkta têtawan, Arya Burisrawa, Prabu Krêsna miwah para Pandhawa samya kagyat duk aningali,

--- 9 : 129 ---

sasampuning tata lênggah Prabu Krêsna miwah Prabu Yudhisthira sami matur ing raka ingkang dadya karananipun Sang Burisrawa têka anandhang pidana. Wangsulanipun Prabu Baladewa: Yayi prabu saka dene aywana kaliru panampining tyas sadaya, marmane rinira Si Burisrawa, ingsun wayuyung saka ing Madukara awit anglakoni dosa maring sira, dene wani-wani andhustha yayi Dèwi Sumbadra, wus kacihna dening yayi ing Ngawăngga, anèng têpining Silogangga, ananging samêngko yayi Sumbadra miruda, tambuh kang sinêdya, sakèhing wadyabala ing Madura, sun sêbar tan ana antuk karya, dadi wus têtela sirnaning Sumbadra, têka pratingkahe Si Burisrawa, marma enggal sun gawa maring Ngamarta, kalawan bêbandan, ora luwih pun kakang mung sumarah karsane yayi prabu, apa kang dadi pidananing praja ingsun jumurung kewala, têlas pangandikanipun Prabu Baladewa. Ing ngriku Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira têka kèndêl dangu tan mangsuli, pangandikanipun kang raka, saking dahat pakèwêd tyasipun, badhe katampèn, dene tan wontên tăndha yêktining kadurjanan, upami tinambuhan, sayêkti karya rêngunipun kang raka, dangu-dangu Prabu Krêsna pamanggihipun mirid saking prakawis kang lagya ginusthi, akathah èmpêripun, ananging [a...]

--- 9 : 130 ---

[...nanging] manawi katindakakên saking yudanagari botên pakantuk, jalaran wêdal punika ing Ngamarta taksih wontên Sumbadra, mangkya aturipun Prabu Krêsna, dhatêng kang raka, yèn kasêmbadan ing karsa Arya Burisrawa kasuwun luwaripun saking katawan, pamrihipun badhe tinanggap gancaring aturipun piyambak. Prabu Baladewa sukèng tyas lajêng andhawuhakên dhatêng Prabu Karna kinèn angluwari kang rayi Arya Burisrawa, sasampunipun linuwaran punang bêbandan lajêng kinèn marêk mangarsi, Prabu Krêsna lajêng andangu purwaning pratingkahipun adhusthi, miwah duk kongsi tumêkaning paran kinèn anggancarakên lêlampahanipun sadaya, sampun mawi taha, ing ngriku Arya Burisrawa, duk amiyarsa pangandikanipun Prabu Krêsna, lajêng matur nêmbah sarwi karuna, aturipun awiting duk pamirudanipun saking nagari Ngastina amung merang dènnya botên sagêd kalampahan dhaup kalawan Dèwi Sumbadra, cipta badhe anganyut jiwa wontên satêpining wana.

----------

Dumugi samantên têlasing cariyos ingkang kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 9, taksih wontên sambêtipun kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 10.

--- 9 : [0] ---

[...]

--- 9 : [0] ---

[...]


lajêng (kembali)
lajêng
Yudhisthira (kembali)
Yudhisthira
ngungsi (kembali)
ngungsi
Karna (kembali)
Karna
dadya (kembali)
dadya
Sriwadari (kembali)
Sriwadari
sadaya (kembali)
sadaya
Prabu (kembali)
Prabu
pamiyarsaningsun (kembali)
pamiyarsaningsun
10 Rasaksa (kembali)
Rasaksa
11 Srikandhi (kembali)
Srikandhi
12 Madrasa (kembali)
Madrasa
13 akathah-kathah (kembali)
akathah-kathah
14 Radyan Jaka (kembali)
Radyan Jaka
15 adilaga (kembali)
adilaga
16 ngaturakên (kembali)
ngaturakên
17 Srikandhi (kembali)
Srikandhi
18 sapisan (kembali)
sapisan