Pustaka Raja Purwa (Jilid 05), Padmasusastra, 1912-1924, #180

JudulCitra

Sêrat Pustakaraja Jarwa V.

--- 5 : [0] ---

[...]

--- 5 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 5.

Anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi, Bali tuwin Madura, wiwit taun 589, dumugi taun 664.

Kaêsahan kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra, dening Ki Padmasusastra.

_________

Kaêcap ingkang kaping kalih ing gêdhong pangêcapanipun pakêmpalan amăng dagang, rumiyin nama: H. Buning, ing Ngayugyakarta, taun 1912.

--- 5 : [0] ---

[...]

--- 5 : [1] ---

Bêbuka

Hong wèhên pranawa samêh.

Purwakanipun Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 5 punika, taksih andumugèkakên babaranipun aluraning cariyos Sêrat Citakaprawa, ingkang kawrat bab kaping 6, perangan ăngka 3, Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 4, mênggah Sêrat Pustakaraja Purwa sadaya wau punika, iyasanipun Sri Bathara Aji Jayabaya, nata binathara ing nuswa Jawi, ingkang akadhaton ing nagari Daha, inggih ing Mamênang tanah Kadhiri, kados ingkang sampun kagancarakên tumraping bêbukanipun Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 1.

Wiyosipun, mênggah bêbukanipun cariyos tumraping Sêrat Citakaprawa, sampun kawrat Sêrat Pustakaraja [Pustakara...]

--- 5 : 2 ---

[...ja] Purwa jilidan ăngka 4, dumuginipun ing cariyos kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêtipun taun Taruna, etanging taun surya sangkala 572, tinêngêran kinêmbar swaraning gati. Kaetang ing taun candrasangkala 589, tinêngêran trustha angèsthi pagulingan.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Wiratha Prabu Basukeswara karsa amiwaha putra Radèn Basukêthi, Patih Wasita kautus dhatêng Gajahoya, kinèn andhawahakên dhatêng Rêsi Basudara, yèn putranipun èstri ingkang anèm anama Dèwi Yukti, badhe kapundhut mantu angsal Radèn Basukêthi, Patih Wasita mangkat amung kanthi punggawa ing sawatawis. Dumugi ing Gajahoya sampun kadhawuhakên ingkang dados karsa nata, wangsulanipun Rêsi Basudara anyumanggakakên, ananging kauningana yèn ing mangke Dèwi Yukti musna kabêkta ing Wangkara, sintêna ingkang amanggihakên inggih dadosa jatukramanipun. Ya ta Patih Wasita dupi amiyarsa dahat angungun, ing antawis dintên mantuk. Dumugi ing Wiratha angaturakên wangsulanipun Rêsi Basudara. Prabu Basukeswara sakalangkung dukanipun, Rêsi Basudara dinalih nampik alus, kasêrêp-sêrêpakên [kasêrêp-sêrêpa...]

--- 5 : 3 ---

[...kên] dhatêng Patih Wasita botên lilih, malah sangsaya kalajêng-lajêng dukanipun, Arya Srimadewa dhinawuhan dhatêng Gajahoya andhawuhakên duka nata, yèn ing mangke Rêsi Basudara sakulawangsanipun kapatrapan kinèn sami angalih wisma dhatêng wana, botên kalilan wontên ing Gajahoya, Arya Srimadewa mangkat amung kanthi sapanêkaripun pribadi, dumugi ing Gajahoya sampun kadhawahakên ingkang dados dêdukaning nata, Rêsi Basudara langkung analăngsa salêbêting batos rumaos kathah dosanipun ing dewa, Prabu Wasanta ananggêni ing kalêpataning marasêpuh, Rêsi Basudara kêdah anglampahi ing dhawah patrapan punika, mila wangsulanipun dhatêng Prabu Wasanta makatên: Anggèr, punapa pakantukipun tiyang lênggana dhawahing ratu, mindhak angsal bêbênduning dewa, sabab panjênênganing nata punika sampun alingga bathara, luhung anglampahana dhawah bokmanawi ing têmbe angsal pangapuntên, Prabu Wasanta kèndêl amung tansah murina ing kabatosan, ing antawis dintên Rêsi Basudara mangkat dhatêng wana, Arya Srimadewa mantuk dhatêng Wiratha sampun matur sasolahing dinuta.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos malih nagari Wiratha, kadhatêngan mêngsah Ditya Raja Agniyara ing Endrapura, [Endrapu...]

--- 5 : 4 ---

[...ra,] ambêkta wadya raksasa tanpa etangan, awit saantukipun ditya nujum Sang Swawaktya kala rumuhun, sampun angaturakên salwiring lêlampahan sadaya, mila Raja Agniyara dahat bramantya lajêng atata-tata samaptaning ayuda, sarêng sampun sarwa mirantos kalampahan anglurug dhatêng Wiratha, lajêng mangsah dumuk angun-angun tanpa parikrama, para wadya ing Wiratha sami kagegeran, Prabu Basukeswara tansah angimpuni wadya punggawa lajêng pinatah-patah ingkang kinèn amêthukakên mêngsah, ing ngriku campuhing prang langkung rame gêntos kalindhih, wêkasanipun sagunging mêngsah raksasa akathah ingkang sami pêjah kasambut ing prang, Ditya Raja Agniyara pêjah dening Prabu Basukeswara. Sasesaning raksasa ingkang sampun pêjah sami kapalajêng asasaran, amung wontên ditya kunthing satunggal anungkul sarwi karuna sêsambat amlasarsa, swaranipun kadi pawèstri: Dhuh katuwoning raganingsun, tuwas dadi barongan, wêkasan bakal kapiran, sapa baya kang angruwat kasmalaningsun, supaya bisa mulih marang Gajahoya, ngantos dangu tansah sêsambat makatên kemawon. Prabu Basukeswara duk amiyarsa têka angrês raosing galih, lajêng kinèn animbali sampun kerid dumugi ing ngabyantara nata, dinangu karananipun [ka...]

--- 5 : 5 ---

[...rananipun] anangis tansah sêsambat mangkana. Ditya kunthing nêmbah matur makatên: Dhuh pukulun, sajatosipun kawula punika dede danawa sayêktos, amung mêmalihan saking karsaning dewa, dene wit milanipun anggèn kawula dados danawa punika punapa kalilan anggancarakên. Prabu Basukeswara mangayubagya. Ditya kunthing lajêng nêmbah matur cêcariyosan makatên: Kala kawula taksih dados tiyang èstri, awasta Dèwi Yukti putranipun Rêsi Basudara ing Gajahoya, kala rumiyin kawula asring rêmên adus dhatêng talaga nirmala, salêbêtipun nagari ing Gajahoya, punika amarêngi satunggal dintên jawah riwis-riwis, kawula sawêg mêntas saking adus aningali wontên lêmbu angombe ing talaga, lêmbu punika warninipun langkung endah, sarêng kawula parêpêki tutut kemawon, saking kacaryaning manah dados kawula tumpaki badhe kawula bêkta mantuk, punika lêmbu lajêng mumbul ing gêgana, aloking tiyang ingkang sami sumêrêp anguwuh-uwuh makatên: O, o, o, bêndara kula Sang Dèwi Yukti têka ginawa ing kaluwung, marang ngêndi parane ika. Sarêng umbuling lêmbu sangsaya inggil, kawula botên sumêrêp wayang-wuyunganipun tiyang Gajahoya, [Gajah...]

--- 5 : 6 ---

[...oya,] amung manah gêsang kawula piyambak tansah anuwun parmaning dewa, ing wanci dalu kawula tilêm kapatos, sarêng bangun enjing tangi sampun wontên satêngahing wana, ananging kawula karaos manawi malih warni danawa jalêr, sawêg alêlampah watês angsal saonjotan, kapanggih danawa ijêm jalu èstri nuju amèmèt ulam toya, kawula tinakenan ing sangkan paran angakên danawa wanan kemawon, awasta Sang Yukti badhe angupados pangengeran, danawa ijêm muwus malih: Yèn mangkana kapasang yogya, ingsun iki aran Sang Yuyuta, somah ingsun iki aran Sang Mariyi, salawase durung darbe suta, yèn kaparênga gêlêm dadi sutaningsun sayêkti anêmu bagya, kala samantên kawula nurut lêstantun kapêndhêt suta ing danawa ijêm Sang Yuyuta, ingkang èstri Sang Mariyi, anggènipun angopèn-opèni dhatêng kawula sampun kados anakipun piyambak, ngantos ing dalêm kalih wulan punika kawula botên kenging pisah. Sarêng pun bapa Ditya Yuyuta kenging aradan anglurug mariki, kawula kinèn tumut ing wêkasan pun bapa ditya anêmahi pêjah kasambut ing prang, lajêng andadosakên ing panangis kawula punika, [puni...]

--- 5 : 7 ---

[...ka,] têlas aturipun ditya kunthing. Prabu Basukeswara lajêng adhêdhawah dhatêng Arya Manungkara, kinèn angruwat ditya kunthing punika, ing sanalika sampun ruwat nirmala waluya jati dados Dèwi Yukti malih, lajêng ngabêkti ing pada nata, Prabu Basukeswara langkung suka amarwata suta, rumaos katarima ing pangèsthinipun dènira badhe amiwaha putra. Ing antawis dintên Arya Manungkara kautus dhatêng Gajahoya, kinèn awêwarti dhatêng Prabu Wasanta salwiring lêlampahan punika, sarta kinèn andhawahakên manawi ing mangke Rêsi Basudara sampun kaapuntên lajêng kalilan mantuk dhatêng Gajahoya, wêkasanipun katimbalan dhatêng Wiratha, ingkang dados karsa nata saèstu badhe bêbesanan, Arya Manungkara mangkat amung ambêkta kanthi sapanêkaripun piyambak. Dumuginipun ing Gajahoya sampun kadhawahakên dhatêng Prabu Wasanta salwiring karsa nata sadaya, wangsulanipun Prabu Wasanta langkung saking mangayubagya ingkang dados karsa nata punika, nuntên anglampahakên utusan punggawa santana Arya Tanuraga, ingkang kinèn amboyongi Rêsi Basudara ingaturan kondur dhatêng Gajahoya, amargi sampun kaparingan pangapuntên saking Wiratha, ingkang dados [dado...]

--- 5 : 8 ---

[...s] jalaraning angsal pangapuntên saking Dèwi Yukti sampun kapanggih, Arya Tanuraga mangkat dumugi ing wana kapanggih kalihan Rêsi Basudara, sampun angaturakên ingkang dados timbalanipun Prabu Basukeswara sadaya, Rêsi Basudara lajêng kondur dhatêng Gajahoya, dumuginipun ing wisma laju kapanggih kalihan Arya Manungkara, sampun kadhawahakên ingkang dados karsa nata sadaya, sarta kacariyosan kapanggihipun Dèwi Yukti punika, andadosakên suka sukuring galihipun Rêsi Basudara. Ing antawis dintên Arya Manungkara mantuk sarta angirid Rêsi Basudara, dumugi ing Wiratha sampun matur sasolahipun dinuta sadaya, Prabu Basukeswara langkung suka, Rêsi Basudara lajêng kapanggihakên kalihan ingkang putra Dèwi Yukti, sampun wartos-winartosan ing wêkasan sami suka sukuripun, sarêng dumugi ing dintên ingkang pinilih prayogi, Prabu Basukeswara amiwaha putra, Radèn Basukêthi kadhaupakên angsal Dèwi Yukti, binayangkarya andhatêngakên suka, ing antawis dintên Rêsi Basudara kalilan mantuk dhatêng Gajahoya.

Ing salêbêtipun taun Partipa, etanging taun surya sangkala 573, tinêngêran gunaning rêsi

--- 5 : 9 ---

gumuling awiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 590, tinêngêran muksa trusthaning pagulingan.

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Gajahoya, Prabu Wasanta kêdah jumênêng angratu piyambak, botên purun sumiwi dhatêng Wiratha, amargi sangsaya karaos-raos dènira murinani ing lêlampahanipun ingkang rama marasêpuh Rêsi Basudara, kala kasingkirakên dhatêng wana botên urup kalihan kalêpatanipun, ananging Rêsi Basudara tansah amambêngi ingkang dados karsanipun Prabu Wasanta makatên punika, amung kèndêl ing sanalika kemawon, sarêng antawis dintên lajêng madêg kasudiranipun malih, malah sangsaya tata-tata samaptaning ayuda, mila Rêsi Basudara langkung sungkawa ngantos anandhang gêrah kalajêng dados seda, putranipun wuragil jalu wasta Radèn Basusara utusan lêlayu dhatêng Wiratha, andadosakên sungkawanipun Dèwi Yukti lajêng anandhang gêrah wêkasan seda, Radèn Basukêthi kataman gandrung asmara, ing saênggèn-ênggèn agung karuna.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Gajahoya, Prabu Wasanta saèstu balila jumênêng nata piyambak, animbangi ing Wiratha, karsa sêsilih nama Prabu Pratipa, [Prati...]

--- 5 : 10 ---

[...pa,] ajêjuluk Prabu Dewamurti, Arya Tanuraga jinunjung dados patih, Radèn Basusara jinunjung dados brahmana, anama Rêsi Basusara, nuntên ing Gajahoya dèn lih nama nagari ing Ngastina, inggih punika wiwitipun wontên nama nagari Ngastina. Kala samantên kapiyarsa saking Wiratha botên andadosakên dêdukanipun Prabu Basukeswara, awit Prabu Pratipa botên angêngirup, mila kaanggêp kadi rare sawêg mothah kemawon, ananging para wadya punggawa ing Wiratha sami kadhawahan prayitna ing kewuh, ajaga-jaga ing karya sadaya, sarta anglampahakên sêrat sêsundêp dhatêng para nata ing amănca praja, kinèn sami angatos-atos sampun ngantos kawistara, bokmanawi kabêdhah saking Ngastina.

Ing salêbêtipun taun Tiya, etanging taun surya sangkala 574, tinêngêran warna kuda amisaya barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 591, tinêngêran ratu trustha gumuling awiyat.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari Wiratha, Prabu Basukeswara sabibaring rajawedha lajêng apirêmbagan kalihan para nata ing amănca praja sadaya, mênggah balilanipun Prabu Pratipa botên purun sumiwi dhatêng

--- 5 : 11 ---

Wiratha punika, aturipun para nata mrayogèkakên kalurugan, bêbasanipun upami latu mumpung dèrèng andados, manawi sampun mulad-mulad saèstu rêkaos ing panyirêpipun. Prabu Basukeswara botên anêmbadani ing rêmbag makatên punika, amargi dèrèng wontên tandhanipun angêlar jajahan, para nata sami angaturakên pirêmbag malih manawi makatên prayogi dipun sarantosakên saking saantawis taun malih, ingkang saupami mêksa dèrèng purun sowan, lajêng amaringana sêrat andangu ingkang dados sababipun balila, punika kenging karaosakên ingkang dados wangsulanipun, awon sae wawrat timbang wontên ing karsa nata, ya ta Prabu Basukeswara amarêngakên ing rêmbag makatên punika. Nuntên Prabu Mandrakumara anyaosakên lata maosadi wêdalan saking Wanakêling, kawarti punika kala ing kina kagunganipun Sang Hyang Wisnu kacipta tumuwuh wontên ing Wanakêling amung sauwit, bokmanawi sagêd dados sarana panggêsanganing sarwa tumitah, ingkang pêjah kasambut ing paprangan, kados kala jamanipun ratu rama, Prabu Basukeswara anampèni langkung anarima, sarta andadosakên ing suka pirênaning

--- 5 : 12 ---

galih. Lajêng andangu ingkang anama pèni isèn-isèning Wanakêling. Aturipun Prabu Mandrakumara. Salêbêtipun ing Wanakêling punika kathah wrêksa ingkang pèni-pèni, miwah bêbujêngan warni-warni. Mangkana Prabu Basukeswara sarêng amiyarsa ing aturipun Prabu Mandrakumara têka kayungyun ing galih, lajêng adhêdhawah dhatêng Prabu Mandrakumara, yèn ing samăngsa-măngsa badhe karsa têdhak dhatêng Wanakêling, sampunipun makatên, para nata sami kalilan mantuk sowang-sowang.

Amarêngi masa pusa, kacariyos malih ing Wiratha, Prabu Basukeswara têdhak dhatêng Mandraka, badhe karsa cangkrama wontên ing Wanakêling, Patih Wasita sampun amatah punggawa ingkang andhèrèk, Arya Srimadewa, Arya Manungkara, Arya Mudhadarma, Arya Sungkara, sami ambêkta ing sapanêkaripun sowang-sowang, ratu măncapraja ingkang andhèrèk amung Prabu Dhanadewa ing Gilingwêsi. Botên kacariyosakên salaminipun wontên ing margi, sarêng dumugi ampeyanipun nagari ing Mandraka, Prabu Mandrakumara amêthuk saha wadya punggawa sadaya, tataning pakurmatan awarni-warni, andadosakên suka pirênaning galihipun Prabu Basukeswara, dupi lumêbêting [lumê...]

--- 5 : 13 ---

[...bêting] kitha katuran makuwon wontên ing kadhaton, para punggawa wontên sajawining capuri, ing nalika punika botên kêkirangan pasugatanipun Prabu Mandrakumara, dènira karya pisuka, utawi saosan lêlangên maneka warna tanpa kuciwa, mila Prabu Basukeswara tansah angalêmbana dhatêng Prabu Mandrakumara. Dumuginipun ing antawis dintên, Prabu Basukeswara têdhak apêpara dhatêng Wanakêling, sampun kapanggih sarwa samapta ing sapalakartinipun sadaya, wontên ingkang lajêng ambêbujung sato wana, Prabu Basukeswara langkung kacaryan ing galih dènira aningali isèn-isèning wana amêpêki maneka warna, mila ngantos pêndhak dintên taksih wontên ing pasanggrahan salêbêting Wanakêling, tansah andhatêngakên sukaning galih sarta ambêbingah wadyabala.

Ya ta gêntos kawuwusa, satêngahing Wanakêling wontên nagaraja langkung sudibya sakti, prasasat sampun lingga bathara, anama Sang Nagaraja Basukowara, putraning Bathara Naga Pratana, Bathara Naga Pratana punika, putraning Bathara Naga Wisesa, Bathara Naga Wisesa punika, putranipun Sang Hyang Basudhara, Sang Hyang Basudhara punika, putraning Sang Hyang Anantabasu, Sang Hyang Anantabasu [Anantaba...]

--- 5 : 14 ---

[...su] punika, putraning Sang Hyang Anantaboga, Sang Hyang Anantaboga punika, putraning Sang Hyang Anantanaga, Sang Hyang Anantanaga punika, putraning Sang Hyang Anantadewa, patutan saking Dèwi Yati, Dèwi Yati punika, putraning Sang Hyang Wênang, dados ingkang rayi Sang Hyang Tunggal, cariyosipun kala samantên Sang Nagaraja Basukowara sawêg sinewaka ing wadya para taksaka sadaya, putra têtiga ingkang sami wontên ing ngarsa: 1. Sang Nagaraja Taksasila, 2. Sang Nagaraja Kumara, 3. Sang Nagaraja Kapasa, ingkang karan Sang Naga Pasa, têtiga pisan punika minăngka pêpatihipun ingkang rama, ing nalika punika sami pirêmbagan dènira badhe ananggulangi Prabu Basukeswara, sampun ngantos kalajêng-lajêng anggènipun paksa amisesa isèn-isèning Wanakêling, aturipun putra têtiga kêdah sami tinanggulang ing prang, ananging ingkang rama botên anêmbadani amargi ing mangke Prabu Basukeswara kagungan maosadi lata, karsanipun Sang Nagaraja Basukowara badhe karya pangrekadaya, kengingipun maosadi lata gampila dening paekaning apus krama, manawi maosadi lata sampun mantun kasarira ing Prabu Basukeswara, punika gampil tinanggulang ing prang, putra têtiga [têti...]

--- 5 : 15 ---

[...ga] kèndêl rumaos kaluhuran sabda. Nuntên Sang Nagaraja Basukowara dhawah dhatêng para putra kinèn sami samapta jaga-jaga ing pringgabaya saha wadya sadaya. Sasampunipun makatên, Sang Nagaraja Basukowara mêsat angambara, tumurunipun sampun amalih warni brahmana sêpuh, amanggihi dhatêng Prabu Basukeswara, sinambrama ing pambagya, sarta dinangu ing sangkan paran miwah sinambating nama, aturipun: Kawula punika raja pandhita saking Atasangin, awasta Dhanghyang Basukowara, sampun sawulan anggèn kawula dhatêng ing Wanakêling ngriki, angupados lata maosadi, kadamêl sarana panulaking pagêblug, nagari kawula tanah ing Atasangin kenging ambah-ambahan sêsakit, saking wangsiting dewa kinèn anumbali lata maosadi wêdalan ing Wanakêling salèring wukir Mahamèru tanah Jawi, punika kawula upadosi dumugi ing sapariki dèrèng kapanggih, sarêng antawis dintên punika kawula angsal wangsiting dewa malih, manawi lata maosadi sampun kapanggih ing panjênêngan paduka, mila kawula lajêng marêk ing ngabyantara nata punika badhe nyuwun sumêrêp warninipun ingkang anama lata maosadi, bokmanawi kawula sagêd amanggih anggêr sampun sumêrêp ing warni dados [da...]

--- 5 : 16 ---

[...dos] botên ganggam, têlas aturipun sang apindha brahmana. Ing nalika punika Prabu Basukeswara kados kenging pangaribawa, têka gampil anggènipun maringakên maosadi lata, sarêng katampèn dhatêng sang amindha brahmana lajêng kabêkta mêsat angambara, Prabu Basukeswara saha wadya sami mangungungun[1] ing tyas ananging santosanipun kapirid saking adat, dèrèng wontên brahmana darbe lampah paracidra, mila lajêng andumugèkakên anggènipun karsa amisaya.

Wau ta kawuwusa lampahipun Sang Nagaraja Basukowara dumugi ing kahyanganipun sampun waluya awarna nagaraja malih, awêwarti dhatêng para putra saha wadya sami suka sadaya, Sang Nagaraja Basukowara lajêng parentah angirabakên barising para taksaka, kinèn sami ananggulangi lampahipun para wadya punggawa ing Wiratha dènira ambêbujung sato wana, sarêng sagunging wadya taksaka sami mêdal saking guwa jêjurang, ing ngriku lajêng campuh ing prang kalihan para wadya ing Wiratha, kala samantên para wadya ing Wiratha sami kasêsêr asasaran, awit saking kagèt botên mawi antan-antan. Nuntên para punggawa ing Wiratha sami mangsah pêpulih, para wadya taksaka akathah [a...]

--- 5 : 17 ---

[...kathah] ingkang pêjah kaprajayèng rana, ingkang gêsang sami kapalajar anjujur ing jurang trêjung, nuntên sang nagaraja taksila mangsah mangusir kiwul, pinêthukakên dening Prabu Dhanadewa ing Gilingwêsi, paguting prang langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu sami lena sampyuh samadyaning rana. Enggaling cariyos Sang Nagaraja Kumara pêjah dening Prabu Mandrakumara, Sang Naga Pasa pêjah dening Arya Srimadewa, ratuning sarpa ingkang angrèhakên para wadya taksaka sadaya, anama Sang Sarparaja Waswa, mangsah ing rana pêjah dening Arya Manungkara, arinipun Sang Sarparaja Waswa, anama Sang Sarparaja Prabaka, pêjah dening Arya Mudhadarma, wontên malih ratuning sarpa anama Sang Sarparaja Srapana, pêjah dening Patih Artadriya ing Mandraka, para wadya taksaka sami kasrêg rinêmpak ing wêkasan kèngsêr asasaran, mangkana Sang Nagaraja Basukowara, sarêng para putra santana sami pêjah saha wadya tumpês, lajêng angamuk punggung sura tan taha, para wadya punggawa ing Wiratha sarêng angêmbuli, tanpa linawan sami kèlês kasulayah lajêng kapalajar. Mila Prabu Basukeswara mangsah ing rana campuh prang kalihan Sang Nagaraja Basukowara, ing wêkasan sampyuh sami seda layon muksa sanalika, sarêng gara-gara gora rèh

--- 5 : 18 ---

kagiri-giri, jawah adrês awor prahara, păncawora, sindhung riwut, satêranging jawah para dewa sami anawurakên buratsari gănda rum saking awiyat. Nuntên Bagawan Srimanasa matur dhatêng Prabu Mandrakumara, kaaturan anarubakên para wadya punggawa ing Wiratha sami kumpula wontên ing Mandraka malih, sarêng sampun angalêmpak sami kairid dhatêng Mandraka, kunarpanipun Prabu Dhanadewa sampun rinukti paripurna lajêng kalarung ing samudra. Sarêng ing antawis dintên, Prabu Mandrakumara sowan dhatêng Wiratha angirid para wadya punggawa sadaya, dumuginipun ing Wiratha sampun matur dhatêng rajaputra Radèn Basukêthi, ing salwiring lêlampahan sadaya, ing ngriku andadosakên sungkawanipun rajaputra, tuwin pramèswari nata Dèwi Wastu, dahat rudahing wardaya, wêkasan anêmahi seda tanpa karana. Kala samantên para wadya sanagari Wiratha tansah sami wayang-wuyungan, ngantos kawuryan surêm sirating praja yayah bela sungkawa. Sarêng layonipun pramèswari nata Dèwi Wastu sampun pinaripurna kalabuh ing bênawi, enjingipun rajaputra Radèn Basukêthi jumênêng nata ing Wiratha, anggêntosi ingkang rama, lêstantun mêngku talatah ing nuswa Jawi sadaya, inggih punika kalêbêt pulo [pu...]

--- 5 : 19 ---

[...lo] Bali, Madura tuwin pulo Sumatra ingkang sisih wetan, ajêjuluk Prabu Basukêthi, inggih Prabu Basukeswara kaping kalih, Prabu Basukeswara ingkang sampun seda, kasêbut nama Prabu Banakêling, awit sedanipun wontên Wanakêling. Nuntên Arya Danardana kagêntosakên ingkang rama Prabu Dhanadewa ing Gilingwêsi, pinaringan nama Prabu Danardana, sarêng antawis dintên kalilan mantuk dhatêng prajanipun, Prabu Mandrakumara kalilan mantuk dhatêng Mandraka, ing nalika punika pulih prabaning nagari ing Wiratha, kawibawan prabawaning Prabu Taruna, Sudibya Wirotama.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing Mandraka, Bagawan Srimanasa anuju ing wanci têngah dalu, tindak mubêng-mubêng salêbêting pakaranganipun piyambak, wontên katingal cumalorot saking gêgana kados andaru, sarêng kawawas sampun têtela manawi punika bangsanipun têluh braja. Bagawan Srimanasa lajêng kèndêl manungku samadi, angêningakên cipta, ing sanalika amêngku purba wisesaning kang kawasa, lajêng kapiyarsa swaraning pawèstri karuna, sêsambat amlasarsa nuwun pangaksama, Bagawan Srimanasa luwar dènira manungku ing pamursita, lajêng andangu dhatêng [dha...]

--- 5 : 20 ---

[...têng] swara kang kapiyarsa, aturipun: Dhuh pukulun, kawula punika mugi kaluwarana rumiyin, sampun pijêr kabêndana makatên, ing mangke kawula sajarwa sayêktining panêdya. Pangandikanipun Bagawan Srimanasa sira sajarwaa dhingin, mêngko sira ingsun luwari saka kabêndanan. Aturing swara: Lah inggih gusti mugi wontêna ing sih kawêlasan paduka, sajatosipun kawula punika naga èstri awasta Dèwi Naga Winda, sutaning Sang Nagaraja Kumara, Sang Nagaraja Kumara punika, putraning Sang Nagaraja Basukowara, Sang Nagaraja Basukowara punika, putraning Bathara Naga Pratana, Bathara Naga Pratana punika, putraning Bathara Naga Wisesa, Bathara Naga Wisesa punika, putraning Sang Hyang Basudhara, Sang Hyang Basudhara punika, putraning Sang Hyang Anantabasu, ingkang dados dewaning naga ing dharatan, Sang Hyang Anantabasu punika, putraning Sang Hyang Anantaboga, ingkang dados dewaning naga sadhasaring bumi, Sang Hyang Anantaboga punika, putraning Sang Hyang Anantanaga, ingkang rumêksa ing bale marakata, Sang Hyang Anantanaga punika, putraning Sang Hyang Anantadewa, ingkang rumêksa ing bale martyukundha, Sang Hyang Anantadewa punika, garwanipun Dèwi Yati, Dèwi

--- 5 : 21 ---

Yati punika, putraning Sang Hyang Wênang. Mênggah sêdya kawula badhe amalês ukum pêjah dhatêng Prabu Mandrakumara, amargi bapa kawula Sang Nagaraja Kumara pinêjahan, semah kawula Sang Nagaraja Kumba putranipun uwa nagaraja taksasila botên purun sabiyantu budi, dumèh pêjahing bapakipun angsal pêpulih sampyuh kalihan ratu ing Gilingwêsi, adhi kawula punika awasta Sang Naga Wanda, kalihan Sang Naga Wandana, ingkang sami kasêbut nama Sang Naga Bănda, Sang Naga Bandana, sami botên kenging kawula tantun ing rêmbag, dening ajrih dhatêng kasaktènipun raja pandhita ingkang anama Sang Bagawan Srimanasa, amargi punika marasêpuhipun Prabu Mandrakumara, amung ipe kawula Sang Naga Kambala kalihan ari kawula nak-sanak Sang Naga Bujangga, punika sami anêmbadani ingkang dados pangèsthining manah kawula, ananging mênawi kawula anglampahi piyambak, naga sakalihan wau amung kadugi mêmanuki kemawon, wontên sarpa èstri awasta Dèwi Sripini, punika tunggil panêdya kalihan kawula inggih badhe malês ukum pêjah dhatêng Patih Artadriya ing Mandraka, dupèh bapakipun Sang Sarparaja Srapana pinêjahan.

Sawêg kèndêl samantên aturipun Sang Dèwi Naga Winda,

--- 5 : 22 ---

wontên katingal cumalorot malih, sarêng kawawas sampun têtela manawi punika basaning antu, Bagawan Srimanasa lajêng kèndêl anungku samadi angêningakên cipta, ing sanalika amêngku purba wisesaning kang kawasa, lajêng kapiyarsa swaraning pawèstri karuna, sêsambat amlasarsa anuwun angaksama, Bagawan Srimanasa luwar dènira manungku ing pamursita, lajêng andangu dhatêng swaraning karuna, aturipun anuwun kaluwarana rumiyin anggènipun kabêndana badhe matur sajarwa, wangsulanipun Bagawan Srimanasa kinèn sajarwa rumiyin, aturipun kang karuna: Lah inggih gusti mugi wontêna ing sih kawêlasan paduka, sajatosipun kawula punika, sarpa èstri awasta Sang Dèwi Sripini, sutaning Sang Sarparaja Srapana, Sang Sarparaja Srapana punika, putraning Sang Bathara Sarpakanaka, Bathara Sarpakanaka punika, arining Bathara Sarpadewa, sami putraning Bathara Sarpawisesa, Bathara Sarpawisesa punika, putraning Bathara Wasusarpa, Bathara Wasusarpa punika, putraning Bathara Ulmuka, Bathara Ulmuka punika, putraning Sang Hyang Basuki ingkang dados dewaning sarpa sadaya, Sang Hyang Basuki punika, putraning Sang Hyang Anantaboga, ingkang dados dewaning naga sadhasaring bumi, Sang

--- 5 : 23 ---

Hyang Anantaboga punika, putraning Sang Hyang Anantanaga, ingkang rumêksa ing bale marakata, Sang Hyang anantanaga punika, putraning Sang Hyang Anantadewa, ingkang rumêksa ing bale martyukundha, inggih punika ingkang katariman widadari Dèwi Yati, putraning Sang Hyang Wênang. Mênggah sêdya kawula badhe amalês ukum pêjah dhatêng Patih Artadriya ing Mandraka, amargi bapa kawula Sang Sarparaja Srapana pinêjahan, kalihan badhe malês ukum pêjah dhatêng Arya Manungkara, punggawa ing Wiratha, awit amêjahi laki kawula Sang Sarparaja Waswa, Sang Sarparaja Waswa punika, putraning Bathara Naga Sarana, Bathara Naga Sarana punika, putraning Bathara Sarpadewa, inggih punika ingkang raka eyang kawula Bathara Sarpakanaka, saking pangangkah kawula manawi sampun pêjah Patih Artadriya, lajêng amêjahi Arya Manungkara ing Wiratha, dèrèng ngantos kalampahan ing wêkasan kabandana makatên punika, botên langkung amung anuwun luwar saking kabandanan, têlas aturipun sarpa èstri Sang Dèwi Sripini. Bagawan Srimanasa angandika: Hèh sira karo, ing mêngko wus padha ingsun apura luwara saka ing kabandana, ananging aywa sira anutugake sêdya mundhak sangsaya cilaka, sira Sang Dèwi

--- 5 : 24 ---

Naga Winda, lan sakulawangsanira padha angaliha maring jurang sêspaanya, sukuning wukir Maendra, sira Sang Dèwi Sripini, lan sakulawangsanira padha angaliha maring talaga wyasanya, iya sukuning wukir Maendra, yogya sumiwia ing Dèwi Rukmawati, dene kalêbu lêluhurira, karana iku putrane Sang Hyang Anantaboga, apa ing sapituduhe Dèwi Rukmawati lakonana, amung wêwêkas ingsun padha dèn aeling manawa têdhak dewa iku ora kêna kalabêtan panggawe ala, ila-ilane ing bêlahan ora bisa anunggal para dewa, dene patine para nagaraja sarparaja iku pupusên saka ing pêpasthèn, yèn wus karsaning bathara padha pinanci swarga sowang-sowang, têlas pangandikanipun Bagawan Srimanasa, Sang Dèwi Naga Winda, akalihan Sang Dèwi Sripini sami anuwun pangèstu, lajêng mêsat angambara, kacariyos dumuginipun wukir Maendra, marêk dhatêng Dèwi Rukmawati, matur salwiring lêlampahan sadaya, ing nalika punika, sami kalulusakên sagunging naga wontên sauruting jurang sapaanya para sarpa wontên salêbêting talaga wyasanya.

Ing salêbêtipun warsa sarwa siti, etanging taun surya sangkala 575, tinêngêran tata swaraning marga. [mar...]

--- 5 : 25 ---

[...ga.] Kaetang ing taun candrasangkala 592, tinêngêran karo trustha ing pagulingan.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Basukêthi karsa krama antuk Dèwi Santani, putraning Patih Wasita, langkung agêng pamiwahanipun andhatêngakên suka, sarêng sapêkêning krama nata, ingkang rayi Dèwi Santani, anama Dèwi Santari, kadhaupakên antuk rayi nata Radèn Basukètu, binawahan kados kala panggihipun ingkang raka, dumugi ing dalêm kawan dasa dintên taksih amawantu-wantu pasang rakiting paramean, ing nalika punika Radèn Basukètu kajunjung anama arya.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos nagari ing Gandara, mangkya Prabu Maneriya, karsa amiwaha putra panênggak, Arya Sundara, badhe kadhaupakên angsal putranipun Arya Manungkara, ingkang anama Dèwi Walibrata, putra sêpuh Arya Mandaraka kautus dhatêng Wiratha, kinèn amitêpangi rêmbag dhatêng ingkang paman, Arya Manungkara, dumuginipun ing Wiratha sampun kadadosan rêmbag punika, ing antawis dintên kadhaupakên langkung agêng bawahanipun, sapêkêning pangantèn kaundhuh dhatêng Gandara, pasang rakiting paramean kados kala wontên ing

--- 5 : 26 ---

Wiratha.

Ing salêbêting masa manggakala, kacariyos nagari ing Mêdhangkamulan, mangkya Prabu Maèswara muksa, kagêntosan putra, anama Prabu Danèswara.

Kunêng gantya kawuwusa nagari ing Upaplawya, tanah sabrang, ingkang jumênêng nata wanara pêthak, anama Raja Kapila, ambêk pandhita paramartotama, balanipun inggih rewănda, lutung uwa-uwa urangutan, punggawanipun sakawan: 1. anama Sang Prawara angrèhakên para wadya rewănda, 2. anama Sawarsaya, angrèhakên para wadya lutung, 3. anama Sang Sampaya, angrèhakên para wadya uwa-uwa, 4. anama Sang Saparuwa, angrèhakên para wadya urangutan, sakawan pisan punika angiras pêpatih wisesa. Kacariyos Raja Kapila darbe putra èstri warni manusa langkung ayu endah, anama Dèwi Yoni, patutan saking widadari Dèwi Maruti, putraning Bathara Maruta, têdhak Sang Hyang Bayu, ing nalika punika Dèwi Yoni sawêg sungkawa dening supêna, katingal krama antuk putranipun Prabu Danèswara ing Mêdhangkamulan, ingkang anama Radèn Srikanyawa, langkung sih-sinihan dènira palakrama, sarêng Dèwi Yoni wungu andadosakên [a...]

--- 5 : 27 ---

[...ndadosakên] rudahing wardaya, ngantos botên karsa dhahar sare, têmah sariranipun anggagra kusika, dinangu dhatêng ingkang rama ajrih sajarwa, amung tansah karuna kewala, dupi tiniti-titi ing pangandika manis sarta kaimur ing pangrapu basa la-êla, Dèwi Yoni matur sajarwa manawi supêna krama antuk putranipun Prabu Danèswara, ing Mêdhangkamulan, ingkang anama Radèn Srikanyawa. Raja Kapila gumujêng suka sarya rawat waspa, pangandikanipun: Dhuh kalinganeya putraningsun Si Yoni wus birai, upama ibune maksiha ana ngarcapada iba-iba bungahe, lah luwarên sungkawanira nini, anênuwuna parmaning dewa, ingsun upayane impènira. Sasampunipun angandika makatên, Raja Kapila mijil animbali punggawa kang ajaga karya anuju Sang Saparuwa, dhinawuhan kinèn tata-tata badhe dinuta dhatêng Mêdhangkamulan, sarêng sampun samapta pinaringan sêrat lajêng kalilan mangkat sapanêkaripun para urangutan sadaya. Kawarnaa nagari ing Mêdhangkamulan, mangkya Prabu Danèswara karsa amiwaha putra pambayun èstri, Dèwi Srikani antuk Prabu Danardana ing Gilingwêsi, binayangkarya ing dhaupipun andhatêngakên suka, ing antawis mèh sapêkêning pangantèn. [pa...]

--- 5 : 28 ---

[...ngantèn.] Dhatêngipun duta saking nagari ing Upaplawya dumrojog tanpa larapan, Prabu Danèswara kagyat lajêng andangu ing sangkan paran miwah namanipun, ingkang dinangu nêmbah matur awasta Sang Saparuwa, saking nagari ing Upaplawya tanah sabrang, dinuta ing ratunipun anama Raja Kapila, kinèn angaturakên sêrat. Sarêng tinampèn sampun katupiksa kadhadha ing sasuraosipun, lajêng angandika dhatêng Sang Saparuwa, apa nyata kang aran Dèwi Yoni iku rupa manusa, Sang Saparuwa nêmbah matur, inggih sayêktos awarni manusa èstri langkung ayu endah, amargi ibunipun widadari anama Dèwi Maruti, putraning Bathara Maruta, Prabu Danèswara saha wadya punggawa samya ngungun dènira miyarsa, awit saking kaelokan wanara sêsuta janma, utawi pangungunipun dhatêng Sang Saparuwa dening urangutan têka widagda ing basa krama, sasampunipun makatên, Sang Saparuwa dhinawuhan aso masanggrahan, ing antawis dintên badhe kaparingan wêwangsul. Ing ngriku Sang Saparuwa sampun kaprênahakên pakuwonipun, sarta botên kêkirangan ing pasugata punapa ingkang dados ngadat têtêdhaning urangutan, waradin sapanêkaripun sadaya. Sarêng ing antawis [antawi...]

--- 5 : 29 ---

[...s] dintên Sang Saparuwa sampun kalilan mantuk sarta kaparingan wêwangsul. Ijêmanipun sajawining sêrat kadhawahakên dhatêng Sang Saparuwa, yèn têmên-têmên, Dèwi Yoni kinèn ambêkta dhatêng Mêdhangkamulan, badhe kadhaupakên kalihan Radèn Srikanyawa, Sang Saparuwa nêmbah mêsat saking ngabyantara nata, dumuginipun ing Upaplawya laju marêk dhatêng Raja Kapila sampun matur sasolahing dinuta sarta angaturakên sêrat wêwangsul, lajêng binuka katupiksa ing suraosipun kados ijêman ingkang kawêlingakên dhatêng Sang Saparuwa. Mila Raja Kapila lêgêg ngantos dangu botên angandika, ananging rinaos ing galih lêrês Prabu Danèswara, awit ing bêbasanipun, dewa janma sato mina, saluhur-luhuraning băngsa mina taksih luhur băngsa sato, saluhur-luhuraning băngsa sato taksih luhur băngsa janma, saluhur-luhuraning băngsa janma taksih luhur băngsa dewa, sarêng sampun karaosakên makatên lajêng dhawah dhatêng patih sakawan kinèn sami tata-tata kang amirantos, ing samăngsa-măngsa Raja Kapila badhe tindak dhatêng Mêdhangkamulan.

Ya ta kawuwusa malih nagari ing Mêdhangkamulan, mangkya Prabu Danèswara angangkatakên pangantèn dhatêng ing Gilingwêsi, [Gilingwê...]

--- 5 : 30 ---

[...si,] ing antawis dintên Radèn Srikanyawa kesah botên mawi paliwara, amargi rumaos yèn badhe kalingsêman, manawi saèstu kadhaupakên kalihan putraning wanara Sang Raja Kapila, ing nalika punika Prabu Danèswara sampun anglampahakên punggawa ingkang kinèn angupadosi, nama Arya Raksaka sapanêkaripun.

Wau ta lampahipun Radèn Srikanyawa anrang wanapringga tansah atajin dhahar nendra, ing ngriku katingal wontên dhusun agêng bêbanjaran sarwa sri raras kawuryan pasang rakitipun kados padhepokaning pandhita, Radèn Srikanyawa lumêbêt dhatêng dhusun punika aningali pawèstri langkung ayu endah warninipun, lênggah sêsèndhèn witing wrêksa candhana wontên satêpining sêndhang, dupi pinarêkan badhe dipun pitakèni, pawèstri wau lumajêng kados ajrih dhatêng Radèn Srikanyawa, botên dangu wontên katingal kaki-kaki murugi sarya ngidung asêsanti makatên: Dhuh sapintên bingahing tiyang ingkang kadumugèn kajêngipun, dhuh punapa walêsipun dhatêng tiyang adamêl bingah, dhuh kadospundi marginipun sagêd atur wêwalês, dhuh anjawi amung kumambang ing karsa, sarêng dumugi ing ngarsanipun Radèn Srikanyawa kèndêl dènira sêsanti, amung tansah angalêmbana amèt [amè...]

--- 5 : 31 ---

[...t] prana, Radèn Srikanyawa atêtakèn karana. Wangsulanipun: Dhuh sang apêkik ingkang sudibya ing saniskara, sayêktosipun kawula punika gandarwa, awasta Gandarwa Raja Sena, sutaning Gandarwa Sucitra, gêpah kawula marêk ing ngarsa paduka punika amung sumêdya angèstupada, awit sampun kadumugèn kajêng kawula saking pitulungan paduka, ing sayêktosipun pawèstri ingkang wontên satêpining sêndhang wau, punika semah kawula pamungkas, awasta pun Samawi, sutaning pisaca ingkang awasta Sang Samarka, mila pawèstri kênya angsal pêpikun, bêbukanipun kala ing ngajêng pun Samawi ical kapanggih dening kawula, sarèhning Sang Samarka sampun dhumawah basanipun dènira sayambara, singa-singa ingkang amanggihêna amasthi kadhaupakên, sarêng sampun kalampahan pun Samawi dhaup kalihan kawula, punika ngantos lami botên purun atut, ing sabên kawula parêki kewala lumajêng sarya muwus makatên: Aku sungkan winêngku wong wus tan wikan, aku lumuh angladèni wong wus dumuh. Dados kawula rumaos manawi katampik dening darbe cacad calaina, milanipun tansah kawula kèndêlakên kemawon ing sasolahipun pun Samawi punika, ing wêkasan kala wau lumajêng saking wetan lajêng ngrungkêbi [ngrung...]

--- 5 : 32 ---

[...kêbi] pangkon kawula, wuwusipun sarwi karuna asêsambat makatên: Dhuh kakang lakiningsun sajati, aku arêp dèn dhêmêni dening wong priya, ing mêngko mêksih ana satêpining sêndhang nuli tandangana, manawa wong priya mau wus sirna dening sira kakang, aku nurut ing sakarsanira sarta gêlêm tumindak ing sapakon. Sarêng pun Samawi makatên wijiling pamuwus, kawula api-api napsu kados amurina, ananging salêbêting batos langkung suka anarima dhatêng ingkang adamêl jalaran tututipun semah kawula, nuntên kawula muwus makatên: Lah wus mênênga yayi, mêngko sun sirnakêne wong kang arsa misesa maring sira, punika semah kawula lumêbêt ing griya mawi mêling makatên: Poma kakang sirnakêna têmênan wong ika mau. Wangsulan kawula: Lah iya aywa sumêlang. Kawula lajêng marêk ing panjênêngan paduka punika rumaos kapotangan sangêt, dening panjênêngan paduka ingkang dados jalaraning kabingahan, punapa kemawon ingkang dados atur wêwalês kawula, anjawi amung sumêdya anglampahi ing sadhawah paduka anggèr, têlas aturing Gandarwa Raja Sena. Radèn Srikanyawa angandika: Lah bapa gandarwa, kapasang yogya têmên kula kapanggih kalihan ing jêngandika, wontên [wo...]

--- 5 : 33 ---

[...ntên] ingkang amadhangakên pêtênging manah kula, dados bêbasan sami palar pinulir, ijêngandika rumaos kêpotangan bingah badhe amalês anglampahi saparentah, kula badhe amalar sih ijêngandika angicalakên kalingsêman kula ingkang dèrèng kalampahan, lwiripun makatên, kula punika badhe kadhaupakên antuk sutaning wanara Raja Kapila, ing nagari Upaplawya tanah sabrang, manawi saèstua makatên, sapintên ing kalingsêman kula dene manusa darbe semah wanara, manawi ijêngandika botên sagêd asung sarana lêhêng kula pêjah wontên ing ngriki, têlas pangandikanipun Radèn Srikanyawa. Gandarwa Raja Sena andhêku, kadi tumutur angêmu sungkawa, ing wêkasan matur èsmu manuhara: Dhuh anggèr sang abagus, sampun panjênêngan paduka sungkawa dening rumaos badhe kaerang-erang ing jana, saking manah kawula têbih manawi ngantos kalampahan makatên, ingkang saèstu malah badhe amanggih suka pirêna kasusra bagya kamahyangan, amargi Dèwi Yoni punika botên awarni wanara, tinitah janma pawèstri, langkung endah tanpa sasama, awit dening ibunipun widadari anama Dèwi Maruti, sampun pandoning Hyang Wisesa manawi Dèwi [Dè...]

--- 5 : 34 ---

[...wi] Yoni punika pinasthi dados jodho paduka, ewadene wontên bêbasanipun makatên: Alahne kăndha dening tăndha, alahne tăndha dening yêkti, manawi badhe sumêrêp ing kayêktosanipun, punapa parêng panjênêngan paduka kawula bêkta dhatêng nagari ing Upaplawya sagêd dhatêng sami sanalika, asarana manjing salêbêting alam limunan, ing saèstunipun botên kauningan dhatêng para dumadi sadaya, ing ngriku panjênêngan paduka sagêd aningali warnining Dèwi Yoni botên kawistara. Têlas aturing Gandarwa Raja Sena, Radèn Srikanyawa kasêmbadan ing karsa, nuntên Gandarwa Raja Sena angambil candu sakti kalihan kanthong karumba, aturipun: Lah sumăngga anggèr angagêma candu sakti kalihan angastaa kanthong karumba punika. Radèn Srikanyawa anuruti lajêng sami mêsat ing sanalika dumugi nagari ing Upaplawya, kala samantên Sang Gandarwa Raja Sena akalihan Radèn Srikanyawa sami manjing salêbêting pura, ngantos dumugi dènira aningali ing saniskara, ananging botên wontên ingkang uninga, sarêng Radèn Srikanyawa sumêrêp dhatêng Dèwi Yoni tuhu yèn endah warninipun, ing ngriku Radèn Srikanyawa langkung kasmaran, lajêng angandika dhatêng Sang Gandarwa Raja Sena:

--- 5 : 35 ---

Lah bapa ing mangke kula sampun sumêrêp warninipun Dèwi Yoni tuhu botên wontên ingkang kuciwa, ananging sakêdhik ingkang dados cuwaning manah kula, dene badhe darbe marasêpuh wanara, punika kadipundi sarananipun ingkang botên andadosakên kalingsêman, aturing Gandarwa Raja Sena, makatên punika anggèr, badhe wontên kaelokaning lêlampahan, ing têmbe Sang Wanara Raja Kapila ruwat wontên ing Mêdhangkamulan sarêng kalihan ratuning sima ing nagari Salwaka anama Singha Raja Kesari, sami waluya dados manusa sajati, amung samantên kemawon atur kawula botên lami badhe kalampahan, manawi sampun dumugi ing karsa sumăngga kawula dhèrèkakên kondur dhatêng Mêdhangkamulan, wangsulanipun Radèn Srikanyawa badhe dhatêng nagari ing Salwaka rumiyin, sumêrêpa ratuning sima ingkang anama Singha Raja Kesari punika, Gandarwa Raja Sena botên amrayogèkakên, awit kamanah bokmanawi kawanguran andadosakên botên pakantuk, Radèn Srikanyawa anurut ing saaturing Gandarwa Raja Sena, lajêng sami mêsat ing sanalika dumugi nagari ing Mêdhangkamulan, ananging taksih sami lêlimunan botên wontên ingkang uninga. Gandarwa Raja

--- 5 : 36 ---

Sena matur nêmbah, anggèr manawi amarêngakên ingkang supados lulus raharja, pun bapa kalilana taksih anggadhuh candu sakti akalihan kanthong karumba, panjênêngan paduka kawula saosi sela timpuruy, mawi wontên rajahipun kalamuksa, punika manawi dipun mantrani aji danurdhara lajêng kaciptaa warni punapa-punapa dados, ingkang saupami kacipta warni patamanan utawi warni dalêm ing saisènipun inggih wontên sadaya, manawi amanggih pakèwêd kacipta warni dêdamêl inggih wujud, Radèn Srikanyawa kaparêngan ing karsa, candu sakti akalihan kanthong karumba kaparingakên, lajêng anampèni sela timpuruy, saking Gandarwa Raja Sena, nuntên Radèn Srikanyawa winulang aji danurdhara sampun widagda, botên antawis dangu Gandarwa Raja Sena mantuk dhatêng kahyanganipun, Radèn Srikanyawa kondur dhatêng dalêmipun.

Amarêngi masa naya, gêntos kacariyos ing nagari Salwaka tanah sabrang, ingkang jumênêng nata awarni sima anama Singha Raja Kesari, sawadya punggawanipun sami sima sadaya patihipun satunggal anama Patih Paraswa, punggawanipun kêkalih: 1. awasta Sang Aswana, 2. awasta Sang Swalinda, wontên malih punggawa tampingan kêkalih: 1. awasta [a...]

--- 5 : 37 ---

[...wasta] Sang Widhrita, 2. awasta Sang Wiruta, sadaya punika sami sagêd basa tata janma, angrèhakên para wadyabala sima arahan tanpa etangan, ing nalika punika Sang Singha Raja Kesari sawêg anandhang brăngta kasmaran dhatêng Dèwi Yoni, putranipun Sang Wanara Raja Kapila ing Upaplawya, milanipun lajêng anglampahakên utusan punggawa tampingan Sang Widhrita, akalihan Sang Wiruta, ingkang kinèn angêbun-êbun enjing, anjêjawah sontên dhatêng Upaplawya, sasampunipun winêling-wêling sasuraosing karsa, punggawa sima sakalihan sami mangkat ambêkta panêkaripun sowang-sowang.

Gêntos kawuwusa nagari ing Upaplawya, mangkya Sang Wanara Raja Kapila bidhal dhatêng Mêdhangkamulan, kêbut sawadya punggawanipun sadaya, ingkang kantun têngga praja amung para wadya panêkar wanara alit-alit kemawon.

Wau ta lampahipun punggawa duta saking Salwaka dumugi ing Upaplawya kapanggih sêsuwêngan, angsal wêwartos manawi Sang Wanara Raja Kapila saha wadya punggawanipun dhatêng Mêdhangkamulan, ambêkta putranipun èstri badhe kakramakakên angsal putra ing Mêdhangkamulan, kang anama Radèn Srikanyawa, sarêng punggawa duta saking Salwaka sampun têrang ing pamirêngipun, [pa...]

--- 5 : 38 ---

[...mirêngipun,] lajêng anglud ing lampah, kacandhaka ing pundi sêdya angaturakên ingkang dados karsanipun Sang Singha Raja Kesari.

Ing mangkya kacariyos lampahipun Arya Raksaka dènira dinuta angupadosi Radèn Srikanyawa, sampun angsal pitakenan saking Ajar Pancara, ingkang asrama ing wukir Tambora, inggih punika Sang Gandarwa Raja Sena, ingkang amêmindha ajar maratapa, Arya Raksaka jinatosan yèn Radèn Srikanyawa sampun kondur dhatêng Mêdhangkamulan, Arya Raksaka kinèn mantuk, Ajar Pancara badhe anyarêngi sowan dhatêng Prabu Danèswara, Arya Raksaka datan lênggana lajêng sami mangkat, dumugi ing wanabaya kapêthukan kalihan sima duta saking Salwaka, sami salah panarka ing wêkasan dados prang. Para wadya panêkar sima akalihan para wadya panêkar manusa sami risakipun, ing nalika punika punggawa sima Sang Wiruta badhe mangsah pêpulih pinambêngan dening Sang Widhrita, wuwusipun kadi angrêrêpa makatên: Dhuh mêngko ta ariningsun Sang Wiruta, manira lawan pakênira iki boya dhinawuhan prang, amung kinèn angêbun-êbun esuk angudan-udan sore, marang Upaplawya, praptaning [prapta...]

--- 5 : 39 ---

[...ning] don Sang Wanara Kapila budhalan maring Mêdhangkamulan, arsa andhaupake putrane èstri, barêng sun lêlari ing wêkasan têka pinêthukakên wadya bêbarisan saka ing Mêdhangkamulan, iku mungguh prayogane bêcik mulih angatas têranging karsa nata, sabab ing bêbasane duta iku mung lumaku sadrêma, wênang amisesa manawa kanthi pangawasa, têlas wuwusipun Sang Widhrita, Sang Wiruta lilih ing tyas amituhu sawuwus lajêng nyapih wadya sima ing wêkas sami bidhal mantuk sadaya, Arya Raksaka akalihan Ajar Pancara sami lajêng dhatêng Mêdhangkamulan, matur sasolahing dinuta Prabu Danèswara langkung suka, Ajar Pancara lajêng kaprênahakên ing pakuwonipun.

Ya ta kawuwusa malih lampahipun Sang Wanara Raja Kapila dumugi ing Mêdhangkamulan langkung kinurmatan dening Prabu Danèswara, para wadya rewănda ing sapanunggilanipun sami kabingahakên sadaya, sarêng dumuginipun ing dintên prayogi, Radèn Srikanyawa kadhaupakên akalihan Dèwi Yoni, langkung agêng ing pamiwahanipun andhatêngakên suka.

Gêntos ingkang kawarnaa antukipun sima duta dumugi ing Salwaka sampun matur ing sasolahira, saking wiwitan [wiwita...]

--- 5 : 40 ---

[...n] dumugi ing wêkasan kaaturakên sadaya, ing ngriku Sang Singha Raja Kesari langkung duka lajêng andhawuhakên undhang badhe anglurug dhatêng Mêdhangkamulan, sarêng sampun samapta bidhal kêbut saha wadya para sima sadaya, botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, dumuginipun ing Mêdhangkamulan tanpa pêpucuk lajêng angamuk punggung nir baya nir wikara, wadya ing Mêdhangkamulan sami gègèr pêpuyêngan kadi gabah dèn intêri, akathah ingkang kaprawasa pêjah dening sima, nuntên Ajar Pancara matur dhatêng Prabu Danèswara, mênggah pangamuking sima punika prayogi kapêthukakên ing wanara, badhê andadosakên kaelokaning lêlampahan. Prabu Danèswara anêmbadani lajêng kapasrahakên dhatêng Wanara Raja Kapila pangamuking sima punika, Sang Wanara Raja Kapila anayogyani lajêng adhêdhawah dhatêng punggawa sakawan, ing ngriku para wanara lutung uwa-uwa urangutan kaundhangan lajêng sami mangsah sadaya, campuh prang kalihan para sima langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu para wanara ing sapanunggilanipun sami tiwas akathah ingkang pêjah, sakantunipun sami kasêsêr asasaran, nuntên wadananing urangutan awasta Saparuwa mangsah pêpulih ambêdhol wit mandira, para sima akathah ingkang

--- 5 : 41 ---

pêjah sinabêtan, nuntên punggawa sima wasta Sang Widhrita akalihan Sang Wiruta sami mangsah manungsir kiwul, campuhing prang Sang Saparuwa karepotan tandangipun dening kinarubut kalih, nuntên wadananing wadya uwa-uwa wasta, Sang Sampaya mangsah têtulung, ing ngriku dados prang tandhing ijèn-ijènan, Sang Saparuwa anglawani Sang Widhrita, Sang Sampaya tandhing kalihan Sang Wiruta, langkung rame prangipun sami angêdalakên kasaktèn pangabaran sowang-sowang botên wontên ingkang kuciwa, wêkasanipun angabên karosan lajêng rukêt agulêt, ingkang aningali sami sumêlang dening Sang Saparuwa akalihan Sang Sampaya tansah kaungsêb-ungsêbakên dhatêng mêngsahipun, nuntên Ajar Pancara matur malih, putra nata Radèn Srikanyawa kadhawahana anglêpasi jêmparing kadadosan saking sela timpuruy, ingkang wontên rajahipun kalamuksa, Prabu Danèswara lajêng adhêdhawah dhatêng putra, ing sanalika Radèn Srikanyawa amusthi sela timpuruy, cinipta dados saradibya murub angkara-kara, sampun lumêpas angênani dhatêng ingkang sami prang rukêt, atêmahan ruwat sakawan pisan, sami waluya dados jatining janma ananging linimunakên dhatêng Ajar Pancara, kadadosanipun botên katingal dhatêng [dha...]

--- 5 : 42 ---

[...têng] têtiyang. Nuntên Sang Swawinda mangsah kapêthukakên punggawa lutung Sang Warsaya, paguting prang langkung rame gêntos kalindhih, ing wêkasanipun linêpasan saradibya dening Radèn Srikanyawa sami ruwat dados janma nanging lajêng botên katingal malih. Nuntên punggawa sima kang awasta Sang Aswana mangsah rana asêsumbar aminta lawan, kapêthukakên dening punggawa wanara awasta Sang Prawara, campuh prang sami angabên kasantikan lajêng ruwat botên katingal malih, ing ngriku pangamukipun Sang Singha Raja Kesari sarêng akalihan Sang Patih Paraswa, sakalihan sami liwung mangiwung sudira tan taha, pinêthukakên dening Sang Wanara Raja Kapila, dupi sawêg ayun-ayunan, Ajar Pancara abêbisik dhatêng Radèn Srikanyawa, sela timpuruy, kaciptaa patamanan, ing sanalika cinipta sampun dados udyana sari sarwa sri raras kawuryan, salêbêting taman wontên pura kancana maneka warna, uparêngganipun sasat angêsorakên langêning Endrabuwana, kala samantên Sang Wanara Raja Kapila akalihan Sang Singha Raja Kesari sapatihipun sami katingal ruwat dados jatining janma sangkêp busananira, lênggah satata kalihan Prabu Danèswara, sami ingayap para punggawa sowang-sowang, Ajar Pancara sampun [sampu...]

--- 5 : 43 ---

[...n] awarna gandarwa Raja Sena malih, lênggah wontên ing ngarsa nata jajar akalihan Radèn Srikanyawa, ya ta ing nalika punika Prabu Danèswara akalihan Raja Kapila miwah Raja Kesari, sami dahat pangunguning galih, dènira wontên salêbêting taman punika, saking pangraos kadi supêna, sintên ingkang badhe kadangu, milanipun dumugi ing ngriku. Gandarwa Raja Sena sumêrêp ing cipta sasmita lajêng matur: Dhuh pukulun, sampun panjênêngan paduka mawi uwas sumêlang ing galih, mênggah patamanan punika dede ênggèn panasaran, ing sayêktosipun kadadosan saking kadibyanipun putra paduka Radèn Srikanyawa kagungan sela timpuruy, wontên rajahipun kalamuksa punika, manawi dipun mantrani aji danurdhara lajêng kaciptaa warni punapa kadadosan, ingkang saupami kacipta warni patamanan, utawi warni dalêm ing saisèn-isènipun inggih wontên sadaya, manawi amanggih pakèwêd kaciptaa awarni dêdamêl inggih wujud, kadamêl angruwat sakathahing salah rupa inggih sagêd waluya nirmala sami sanalika, dene angsalipun sela timpuruy, punika sumăngga kadangua piyambak putra paduka. Prabu Danèswara lêga ing galih, lajêng andangu dhatêng Radèn [Ra...]

--- 5 : 44 ---

[...dèn] Srikanyawa, aturipun anggancarakên saking wiwitan kala kesah tanpa pariwara ngantos dumugi ing wêkasan dhatêngipun punika, ingkang amiyarsa sami angungun, nuntên Sang Gandarwa Raja Sena matur malih, sarèhning kawula wêlas dhatêng duta nata Sang Arya Raksaka ênggènipun angupadosi putra paduka Radèn Srikanyawa, ngantos kalunta-lunta lampahipun botên angsal pawartos, mila kawula enggal amêmindha ajar mara tapa wontên ing wukir Tambora, awasta Ajar Pancara, kapanggih kalihan Sang Arya Raksaka, awêwarah manawi ingkang kaupadosan sampun kondur dhatêng Mêdhangkamulan, antukipun Sang Arya Raksaka kawula umiring dumugi ngabyantara nata, ngantos sapariki punika, têlas aturing Gandarwa Raja Sena. Nuntên wontên pandhita dhatêng tanpa larapan, tinakenan dhatêng Prabu Danèswara, ing sangkan paran utawi nama kalihan bangsanipun, angakên băngsa brahmana saking tanah ing Gilingwêsi, nama Rêsi Wandusayara, arining Rêsi Nadisayara, sami yoganing Rêsi Martyukundha, Rêsi Martyukundha, yoganing Rêsi Suwedhawaka, Rêsi Suwedhawaka yoganing Rêsi Brahma Nadya, Rêsi Brahma Nadya putraning Bathara Brahma Satapa, Bathara [Batha...]

--- 5 : 45 ---

[...ra] Brahma Satapa, putraning Hyang Brahma, prapta kawula ing ngriki punika angêmban timbalanipun Sang Hyang Brahma, kala ing ngajêng kawula kecalan anak èstri, wasta Dèwi Wandadari, kawula upadosi ngantos bêbasan anjajah dhusun amical kori botên angsal pawartos, andadosakên sangêt susahing manah kawula tansah atajin tadhah guling, ing alami-lami angsal parmaning dewa Sang Hyang Brahma tumêdhak angejawantah, pangandikanipun makatên: Hèh warèng ingsun Ki Wandusayara sutanira Ni Wandadari ana ing Mêdhangkamulan, katêmu dadi jatukramane Raja Kodha ing Salwaka, mêntas ruwat saka ing papa cintraka arupa macan sêsilih aran Singha Raja Kesari, ing mêngko sira lungaa maring Mêdhangkamulan, Prabu Danèswara kang dadi jalaran katêmune sutanira, yèn wus prapta ing Mêdhangkamulan anjujuga sajroning taman ciptan, iki ana saranane bisa lumêbu ing kono, sêsotya aran manik candrakanta, wawasên ing netra dadi waskitha ora kasamaran maring kang ghaib-ghaib, pususên ing èpèk-èpèk tangan kiwa têngên dadi bisa angambil kang ana sajroning pakewuh, sasampunipun Sang Hyang Brahma angandika makatên lajêng angulungakên manik candrakanta kawula

--- 5 : 46 ---

tampèni, sarêng Sang Hyang Brahma muksa malih kawula mangkat, wêkasan dumugi ing ngarsa nata punika, têlas aturipun Rêsi Wandusayara. Prabu Danèswara angungun ing galih lajêng amatrapakên kramaning kasujanan, Rêsi Wandusayara ingacaran lênggah satata awit saking băngsa brahmana punika kalêbêt băngsa luhur, kalihan panampining galihipun Prabu Danèswara, mênggah Rêsi Wandusayara dènirarsa anggancarakên lêluhuripun wau bokmanawi amrih kaurmatana, sarêng Rêsi Wandusayara lênggana pinêksa ing wêkasan anuruti lênggah satata. Ya ta Prabu Danèswara têtanya malih: Kakang Rêsi Wandusayara sarèhning ijêngandika angupadosi putra èstri, punapa katingal wontên ing ngriki, manawi katingal inggih kula ingkang kalêrês angulungakên, aturipun Rêsi Wandusayara sarwi nudingi Dèwi Yoni, panggenanipun anak kawula pun Wandadari wontên salêbêting rahsanipun pawèstri punika, manawi kaparêng kula pêndhêtipun ingkang kalayan botên saru tiningalan, Prabu Danèswara anglilani, nuntên Rêsi Wandusayara amusthi manik candrakanta pinusus ing ngasta lajêng angawe sarya muwus, dhuh sutaningsun Wandadari wus alawas ênggonira têtapa ana ing kono

--- 5 : 47 ---

lah luwarên tapa bratanira, ing samêngko ana parmaning dewa pinaringan jatukrama ratu gêdhe, ing nalika punika Dèwi Wandadari lajêng katingal wontên ing ngarsa nata, warninipun sairib kados Dèwi Yoni, andadosakên pangungunipun ingkang sami uninga, Prabu Danèswara atêtanya dhatêng Rêsi Wandusayara, karananipun Dèwi Wandadari anglampahi tapa brata salêbêting rahsanipun Dèwi Yoni. Aturipun Rêsi Wandusayara, kalilana têtakèn dhatêng putra èstri. Sasampunipun kalilan Rêsi Wandusayara lajêng têtakèn, aturipun Dèwi Wandadari makatên: Kala ing ngajêng tilêm supêna kabêkta dhatêng ing tiyang jalêr bagus anom, kawula pitakèni angakên nama Prabu Kodha ing Salwaka, mila kula purun kabêkta dening badhe kagarwa, sarêng dumugi ing purug katingal wontên kadhaton rêtna, ingkang angênggèni pawèstri langkung ayu endah warninipun, punika kawula dipun titipakên wontên ing ngriku, tiyang jalêr ingkang ambêkta kawula wau lajêng kesah, salêbêtipun kawula wontên ing kadhaton rêtna punika botên angraosakên arip luwe, botên rumaos sakit sungkawa, amung sarwa nikmat dumugi sapariki, têlas aturipun Dèwi Wandadari. Ingkang miyarsa samya

--- 5 : 48 ---

ngungun sadaya dene sangêt kaelokanipun, Prabu Danèswara andangu dhatêng Dèwi Wandadari manawi èngêt warninipun ingkang ambêkta salêbêting supêna, Dèwi Wandadari matur warninipun kados ingkang lênggah wetan punika, Prabu Kodha ingkang tinudingan langkung ngungun èsmu suka, Prabu Danèswara angandika dhatêng Rêsi Wandusayara: Yèn makatên kakang rêsi, sarèhning ijêngandika sampun kadhawahan ing Sang Hyang Brahma mênggah kapanggihipun putra andika Dèwi Wandadari dados jatukramanipun Raja Kodha ing Salwaka, kula amrayogèkakên lêstantuna dhaupipun. Aturipun Rêsi Wandusayara inggih mangayubagya ing karsa nata, anggêr sumêrêp bangsanipun Raja Kodha utawi ingkang anêdhakakên, anjawi saking punika kang pangandika Sang Hyang Brahma, Raja Kodha mêntas kenging papa cintraka awarni sima ing nguni angsal upatanipun sintên, kawula kêdah dipun jatènana ingkang satuhu. Prabu Danèswara lajêng atêtanya dhatêng Sang Kodha, wangsulanipun angakên băngsa satriya, kalêbêt aluran saking Sang Hyang Wisnu urutipun makatên: Sang Hyang Wisnu pêputra Bathara Pujarta, Bathara Pujarta apêputra tiga: 1. Bathara Kodwala, 2. Bathara Lawaka, 3. Bathara Ramakadha, Bathara Kodwala, pêputra [pê...]

--- 5 : 49 ---

[...putra] Bathara Waranawaga, Bathara Lawaka pêputra Bathara Dwaraka, Bathara Ramakadha apêputra Bathara Upaplawya, lajêngipun ingkang dhatêng kula Bathara Dwaraka wau pêputra Rêsi Salwaka, jumênêng nata wontên ing Nuswa Baruna, anama Sri Maharaja Salwaka ing alami-lami muksa kagêntosan putra nama Raja Suwadana, awit kala samantên nagarinipun katêlah dipun wastani ing Salwaka, labêt saking kasêbut namanipun ingkang rama Sri Maharaja Salwaka, sarêng Raja Suwadana jumênêng nata, antawis satêngah warsa krama antuk sutaning Rêsi Keswa, nama Endhang Suwèni, lajêng apêputra kula punika, ing alami-lami rama kula Raja Suwadana muksa, kula anggêntosi nama Raja Kodha, arinipun jalu ibu kula Endhang Suwèni nama Dhanghyang Paraswa, dados pêpatih wisesa, dene anggèn kula kenging papa cintraka awarni sima punika botên awit saking antuk upata, mênggah bêbukanipun makatên: Wontên pandhita langkung sudibya sakti, nama Rêsi Narayana Singha putraning Rêsi Narayana Gopa, Rêsi Narayana Gopa punika putraning Bathara Waranawaga ingkang sampun kula cariyosakên ing ngajêng wau, saking pangetang Rêsi Narayana Singha punika taksih kaprênah kadangipun sêpuh rama

--- 5 : 50 ---

kula sawêg tumindak angaping kalih, mila dados uwa krama kula dhatêng Rêsi Narayana Singha wau, ing mangke kula lajêngakên cariyosipun, Rêsi Narayana Singha darbe kasaktèn sagêd malih warni sima asring dados paguroning tiyang kathah, kala samantên amarêngi kula kadhatêngan mêngsah ratu ing Kalinggapura, nama Raja Kacaksu, paksa anglar jajahan sagêda ambawahakên ing Nuswa Baruna sadaya, saking kawêkèn kula anglawan yudanipun Raja Kacaksu, dados anggêguru dhatêng Rêsi Narayana Singha kula saha wadya punggawa ing Salwaka sagêda sami malih warni dados sima sadaya, supados dipun ajrihana dhatêng mêngsah, kalampahan kula saha wadya punggawa ing Salwaka sami winulangan, ananging wêwalêripun ing salêbêting dados sima punika botên kenging manawi supea utawi ngantos amăngsa janma, kula sawadya punggawa sami amituhu, ing wêwalêr makatên wau, sarêng sampun kalampahan sami dados sima lajêng campuh prang kalihan mêngsah, botên antawis dintên ratu ing Kalinggapura sawadyanipun sami kapalajêng asasaran, ing nalika punika kula saha wadya punggawa sadaya saking pandoning dewa dumakan[2] têka sami kasurupan ing wêwalêripun Rêsi Narayana Singha, saking bingahing manah [ma...]

--- 5 : 51 ---

[...nah] sabên angsal anubruk mêngsah lajêng kamăngsa, mila sabibaring prang botên wontên ingkang sagêd waluya dados janma malih, anuwun ruwat dhatêng Rêsi Narayana Singha, malah dipun têtah ing dêduka, kula saha wadya punggawa sadaya sami analăngsa supados kaaksamaa, èmpêripun Rêsi Narayana Singha rumaos wêlas kawistara ing nitya wuwusipun dhatêng kula makatên: Anak Prabu ijêngandika lampahi nandhang cintraka saha wadya punggawa sami dados sima sadaya, laminipun ing dalêm tigang warsa, benjing sagêd ruwat sarêng angsal garwa, sasampunipun muwus makatên Rêsi Narayana Singha lajêng muksa, kula sawadya punggawa sami tansah sungkawa sadaya, sarêng sampun kalampahan angsal tigang warsa kula amiyarsa saking pawarti bêbaratan, manawi nagari ing Upaplawa wontên ratu rewănda pêthak, anama Raja Kapila, punika darbe putra èstri warni manusa langkung ayu endah, anama Dèwi Yoni, saking pamanah kula bokmanawi punika ingkang kawêca dados jatukrama, mila kalampahan kula kengkenan angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, ngantos dumugi wêkasanipun kula sagêd ruwat wontên ing ngriki punika, têlas wuwusipun Raja Kodha dènira anyariyosakên lêlampahaning [lêla...]

--- 5 : 52 ---

[...mpahaning] sarira. Prabu Danèswara angungun, pangandikanipun dhatêng Rêsi Wandusayara, sarwi angliling dhatêng Raja Kapila: Kakang rêsi lêrês ing pamrayogi ijêngandika, utamining anuwila gănda punika sami sumêrêpa aluraning lêlurinipun, supados sampun ngantos kalintu prênahing têmbung parikrama, Rêsi Wandusayara andhêku. Ing nalika punika Raja Kapila tumanggap dhatêng sipta sasmitanipun Prabu Danèswara, mila lajêng nyariyosakên lêlampahaning sarira makatên wuwusipun, inggih lêrês pangandika nata punika, dados ing mangke kula kêdah amratelakakên urut-urutipun aluraning lêluhur kula awit Sang Hyang Wisnu apêputra Bathara Pujarta, Bathara Pujarta apêputra Bathara Magadha, Bathara Magadha apêputra Bathara Upaplawa, Bathara Upaplawa apêputra kalih: 1. Rêsi Keswa, 2. Rêsi Walaha, kang sêpuh èstri nama Endhang Suwèni, inggih punika ibunipun Raja Kodha, arinipun Endhang Suwèni jalu nama Dhanghyang Paraswa, dene Rêsi Walaha punika rama kula, kala rumiyin kasêbut raja pandhita sudibya sakti, bêbasan kawasa anggêsangakên tiyang pêjah, kayêktosanipun wontên ratu ing nagari Kandhapura nama Raja Salinga darbe putra èstri nama Dèwi

--- 5 : 53 ---

Nawamalini, punika nandhang sakit sangêt mèh dumugi ing antaka, waluya gêsang saking rama kula Rêsi Walaha, kalampahan Dèwi Nawamalini kadhaupakên, ngantos pêputra satunggal inggih kula punika, kala dèrèng warni wanara seta nama Radèn Partaka lajêngipun sarêng eyang Raja Salinga muksa, kula kalêrês anggêntosi dados ratu ing Kandhapura, nama Raja Partaka, botên lami wontên dewa tumurun angejawantah, Bathara Maruta, pangakênipun têdhak Sang Hyang Bayu, punika kula kasêdhahan prang kalihan danawa, botên kasêbut namanipun, manawi kula sagêd anyirnakakên danawa punika kula badhe kadhaupakên kalihan putranipun èstri anama Dèwi Maruti, sarêng danawa sampun sirna dening jêmparing kula, Bathara Maruta sajarwa manawi danawa punika kadadosan ari-arinipun ingkang putra èstri nama Dèwi Maruti wau mila kinèn amêjahi amargi badhe angrêmêni kadangipun èstri piyambak, inggih kang anama Dèwi Maruti punika, sarêng sampun kalampahan Dèwi Maruti kadhaupakên kalihan kula ngantos darbe anak satunggal èstri, kula namakakên Dèwi Yoni, kala samantên rama kula Rêsi Walaha muksa, antawis pêndhak [pê...]

--- 5 : 54 ---

[...ndhak] dintên ibu kula Dèwi Nawamalini nututi muksa, nuntên wontên cobaning dewa dhatêng kula bêbukanipun makatên: Ing samuksanipun rama ibu kula andadosakên sangêt sangkêling manah, kula enggar-enggar pêpara dhatêng wana ngiras ambêbujung kidang sangsam, akanthi punggawa sakawan: 1. Arya Prawara, 2. Arya Warsaya, 3. Arya Sampaya, 4. Arya Saparuwa, wadya alit amung sawatawis, sarêng anggènipun sami ambêbujung ngantos dumugi satêngahing wana, amanggih talaga toyanipun katingal amănca warni, punika kula kèndêl wontên ing ngriku saha wadya punggawa sami adus sêsarêngan, dupi mêntas sami gujêng-ginujêng dene salin sipat sadaya, kula awarni wanara seta, pun Prawara awarni wanara rewănda ijêm, pun Warsaya awarni lutung, pun Sampaya awarni uwa-uwa abrit, pun Saparuwa awarni urangutan jênar, para wadya alit warni-warni kadadosanipun, wontên ingkang awarni rewănda, wontên warni lutung, wontên warni uwa-uwa, wontên warni urangutan, sarêng sampun sami rumaos manawi kenging papa cintaka lajêng analăngsa sadaya, ing wêkasan angrasuk busana, sowang-sowang lajêng sami mantuk, dumugi ing Kandhapura têtiyang [têti...]

--- 5 : 55 ---

[...yang] salêbêting praja sami salah panarka, kula sawadya punggawa ingkang sami salah kadadèn wau, tansah kakêpang kinalang-kalang, kula sajarwa jati manawi Raja Partaka ing Kandhapura, botên wontên ingkang angendahakên malah pinarêbutan ing prang, ginutukan ing sela jinawahan ing warastra, ananging botên ngantos amikantuki dhawahing badan, wêkasanipun têtiyang ingkang angrubut prang sami kapalajêng sadaya, kula lêstantun sagêd lumêbêt ing pura sawadya punggawa ingkang sami salah kadadèn sadaya, ing ngriku para wanudya salêbêting pura sami ajrih lumajêng asasaran, dalah garwa kula Dèwi Maruti tumut kamigilan, botên kenging kula sêrêp-sêrêpakên ing wêkasan muksa tanpa karana, anak kula èstri pun Yoni punika bawinipun taksih rare dados kacandhak, tansah kula jatosi lajêng anggêga saking kabêtah botên sagêd lumajêng, dumuginipun ing wanci dalu wadya punggawa kula ingkang salah kadadèn sami angaturi pirêmbag, amrayogèkakên manawi kula jêngkara saking Kandhapura, sabab kamanah badhe sangsaya pakèwêd, botên wande têtiyang sapraja tansah arsa marawasa, kula mangayubagya lajêng kalampahan lolos sami sadalu [sa...]

--- 5 : 56 ---

[...dalu] punika amung ambêkta anak èstri kewala, anjujug patapaning eyang Bathara Upaplawa kala dèrèng dados dewa, lajêng kula rakit pakarangan dados sapalakartining kitha alit-alitan, kula wastani ing Upaplawa, botên antawis lami sakathahing rewănda lutung-lutung uwa-uwa urangutan sayêktos, sami dhatêng Upaplawa sipta sasmitanipun sami sumawita sadaya, sarêng ing alami-lami dumugi diwasanipun anak kula èstri pun Yoni punika supêna dados garwanipun Radèn Srikanyawa, sampun kalampahan ngantos ruwat kula wontên ing ngriki punika, têlas cariyosipun Raja Kapila. Prabu Danèswara dahat pangunguning tyas èsmu suka, lajêng anggalih dhaupipun Dèwi Wandadari kalihan Raja Kodha ngiras ambawahi Radèn Srikanyawa, winangun malih, dhaupipun kalihan Dèwi Yoni wontên salêbêting taman cipta punika, sarêng sampun kalampahan ing pamiwahanipun andhatêngakên suka. Ing ngriku gandarwa Raja Sena matur dhatêng Radèn Srikanyawa: Ing sapunika anggèr sarèhning sampun sami kalampahan pandoning Suksma Kawêkas, kalilana pun bapa taksih anggadhuh sela timpuruy, manawi ing têmbe wingking wontên damêlipun malih, panjênêngan paduka amatêka [a...]

--- 5 : 57 ---

[...matêka] aji danurdhara kemawon, kawula inggih sowan angaturakên ingkang dados karsa paduka, mênggah panuwun kawula punika, panjênêngan paduka badhe amanggih ingkang minăngka lêlintu sakathahing rajabrana ingkang wontên salêbêting gêdhong taman cipta punika botên ewah taksih sami kantun ing wêkasan dados kagungan paduka sadaya, lêstantun ing sapanginggilipun amanggih kabêgyan, ing sasangkan-sangkanipun dumadakan pikantuk margi gampil dhatênging kabêgyan ing têmbe, Radèn Srikanyawa dèrèng ngantos amangsuli, Prabu Danèswara angandika, hèh gandarwa Raja Sena sayêktine kabèh iki padha dahat anarima maring sira, muga-muga kasêmbadana dening dewa sarupaning kang padha gawe kabêcikan, gandarwa Raja Sena matur nêmbah sakalangkung anuhun kapundhi mugi-mugi panjênêngan paduka lulusa dados pandam pangayuban kawula, sampun ngantos pisah anggèn kawula dados ulucumbu awit eyang paduka Sang Hyang Wisnu ngantos tumurun dhatêng ingkang putra Bathara Srigati, tumurun malih dhatêng wayah Prabu Sri Mahawan, tumurun malih dhatêng buyut Prabu Sri Wahana, tumurun malih dhatêng canggah rama paduka, Prabu Danèswara, ing sapunika dumugi putra wayah paduka, Prabu Danèswara langkung suka amiyarsa [a...]

--- 5 : 58 ---

[...miyarsa] aturing Gandarwa Raja Sena dènira ngakên dados ulucumbu turun-tumurun. Pangandikanipun: Lah iya padha kalulusna maring dewa, gandarwa Raja Sena andhêku. Ing nalika punika Raja Partaka akalihan Raja Kodha, sampun sami sumêrêp manawi Prabu Danèswara taksih akrabipun piyambak aluran saking Sang Hyang Wisnu, mila sangsaya sami mantêp botên wontên ingkang sandeya. Sasampunipun makatên, gandarwa Raja Sena angracut gumêlaring patamanan kacipta dados sela timpuruy malih, amung sakathahing rajabrana taksih sami kantun sawadhahipun sadaya dumunung wontên sandhing palênggahanipun Radèn Srikanyawa, kala samantên ingkang sami wontên salêbêting taman cipta sampun wangsul paningalipun kados ing nguni-uni sadaya, nuntên gandarwa Raja Sena matur dhatêng Radèn Srikanyawa, mênggah katêranganing sela timpuruy, winangsulan manawi sampun lilah kaparingakên wangsul, gandarwa Raja Sena anampèni lajêng nyuwun pamit, sampun kalilan mantuk dhatêng kahyanganipun, sapêngkêring gandarwa Raja Sena sakathahing rajabrana kausungan dhatêng dalêmipun Radèn Srikanyawa, nuntên para tamu sami kaprênahakên ing pakuwonipun sowang-sowang, pasugatan tanpa kuciwa, ngantos ing dalêm sawulan laminipun [laminipu...]

--- 5 : 59 ---

[...n] dèrèng wontên parêng mantuk dhatêng sabrang. Sarêng antawis dintên Prabu Danardhana ing Gilingwêsi saha garwa Dèwi Srikani sowan dhatêng Mêdhangkamulan, dening amiyarsa saking pêpêkênan, manawi Radèn Srikanyawa pinakramakakên antuk sutaning wanara seta. Dumugi ing Mêdhangkamulan, Dèwi Srikani matur ing rama punapa sababipun têka makatên ing karsa, Prabu Danèswara mangsuli sajarwa jati kaelokaning lêlampahan sadaya, sarta kauningakakên suwarnaning Dèwi Yoni, ing ngriku Dèwi Srikani dahat pangunguning tyas èsmu suka dene darbe ipe langkung ayu nuntên Prabu Danardhana kapanggihakên Raja Partaka miwah Raja Kodha sami nyariyosakên salwiring lêlampahanipun, Prabu Danardhana angungun, raja sakalihan kasêrêpakên dhatêng Prabu Danèswara, manawi Prabu Danardhana ing Gilingwêsi punika pulunanipun piyambak kapêndhêt mantu angsal putra sêpuh nama Dèwi Srikani, raja sakalihan sami suka sukur, mangkana gancanging cariyos Raja Kodha mantuk dhatêng Salwaka, Rêsi Wandusayara tumutur ing mantu, Raja Partaka kantun wontên ing Mêdhangkamulan angêmong putra botên lami kaprênahakên dalêmipun wontên ing Mêdhangagung, kasêbut nama Bagawan Kapila, punggawa sakawan sami kasêbut nama wêwasi.

--- 5 : 60 ---

Panunggilanipun Bab Kaping 6.

Perangan ăngka 4, nama Sêrat Ariwanda, kaanggit dening Êmpu Panuluh ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 853, taun candrasangkala 879.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka, kacariyosakên rumiyin tumrap ing Sêrat Ariwanda, ing salêbêtipun taun Sarwadari, etanging taun surya sangkala 576, tinêngêran oyaging wukir kawisaya, kaetang ing taun candrasangkala 593, tinêngêran guna anrus wisikan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos ing nagari Wiratha, mangkya garwa nata Dèwi Santani seda, Prabu Basukêthi dahat sungkawa kataman gandrung asmara, Patih Wasita tansah angêngimur mèt panglipur ingkang andadosakên lêjaring galih, ananging Prabu Basukêthi malah karêrantan rêntêng runtag katawuran, ngantos atajin dhahar guling, agung anungku samadi wontên ing sanggar palanggatan, antawis tigang wulan antuk sipta sasmitaning dewa, kinèn angupados pawèstri sawang-sawunging wêwangunan ingkang mirib kalihan [kaliha...]

--- 5 : 61 ---

[...n] Prabu Basukêthi, punika pantês kagarwaa, ing ngriku Prabu Basukêthi animbali Patih Wasita winartosan dènira antuk sipta sasmita, Patih Wasita lajêng amatah punggawa ingkang dinuta angupaya, kala samantên misuwuring kathah sami mastani măngsa pamangun.

Ing salêbêtipun warsa Wirodi, etanging taun surya sangkala 577, tinêngêran rêsi sapta anata wiyat, kaetang ing taun candrasangkala 594, tinêngêran warnaning gapura tinata.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih ing nagari Wiratha, mangkya Prabu Basukêthi krama antuk putri ing Gilingwêsi anama Dèwi Kanaka, kalêrês ingkang rayi Prabu Danardhana, sawang-sawunging wangunanipun Dèwi Kanaka, sami kalihan Prabu Basukêthi, mila sakalangkung sih-sinihan dènira apalakrama.

Amarêngi masa palguna, kacariyos nagari ing Gandara, mangkya Prabu Maneriya muksa, kagêntosan putra anama Prabu Mandara taksih kabawah dhatêng Wiratha.

Ing salêbêting warsa Wikuradhi, etanging taun surya sangkala 578, tinêngêran kaèsthi swaraning pagulingan, kaetang ing taun candrasangkala 595, tinêngêran [tinê...]

--- 5 : 62 ---

[...ngêran] tata rudra marganing muksa.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya garwa nata Dèwi Kanaka seda Prabu Basukêthi dahat sungkawa kataman gandrung asmara malih, tansah atajin dhahar guling amêlêng puja samadi, botên lami antuk sipta sasmitaning dewa, kinèn angupados pawèstri têpusing pasariran, dêdêg pangadêgipun ingkang sami kalihan Prabu Basukêthi, punika pantês dados garwa, ing ngriku Prabu Basukêthi animbali Patih Wasita, winartosan dènira antuk sipta sasmita, Patih Wasita lajêng amatah punggawa ingkang dinuta angupaya, mawi kabêktanan ukur têpusing pasariran nata, kala samantên misuwuring kathah sami mastani măngsa panêpus.

Ing salêbêtipun warsa Karêha, etanging taun surya sangkala 579, tinêngêran anrus sukaning gati, kaetang ing taun candrasangkala 596, tinêngêran karênga trusthaning pagulingan.

Amarêngi masa naya, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Basukêthi krama antuk sutaning Êmpu Purbagni, anama Rêtna Awanti, awit dêdêg pangadêgikun[3] katêpus sami kalihan Prabu Basukêthi, mila sakalangpung[4]

--- 5 : 63 ---

sih-sinihan dènira palakrama.

Ing salêbêtipun warsa Nantêna, etanging taun surya sangkala 580, tinêngêran muksaning sarira winisayèng barakan, kaetang ing taun candrasangkala 597, tinêngêran swaraning gapura gumuling sirna.

Amarêngi masa pusa, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya garwa nata Rêtna Awanti seda, Prabu Basukêthi dahat sungkawa kataman gandrung asmara malih, tansah atajin dhahar guling anungku puja anêgês karsaning kang kawasa, botên lami antuk sipta sasmitaning dewa, kinèn angupados pawèstri wawrating panimbang, ingkang sami kalihan Prabu Basukêthi punika saèstu pantês dados garwa nata, ing ngriku Prabu Basukêthi animbali Patih Wasita, kinèn angupaya pawèstri ingkang dados sipta sasmita, Patih Wasita lajêng anglampahakên punggawa mawi kabêktanan kancana ingkang sami kalihan wawratipun Prabu Basukêthi, manawi wontên pawèstri kawawrat timbang kalihan kancana punika kadhawahan amaringakên pisan, minăngka dados têtêngêran, ing nalika punika misuwuring kathah, sami amastani măngsa panimbang.

Ing salêbêtipun warsa wijaya, etanging taun surya [sur...]

--- 5 : 6 ---

[...ya] sangkala 581, tinêngêran sutaning brahmana tinata barakan, kaetang ing taun candrasangkala 598, tinêngêran kaèsthi trusthaning gati.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Basukêthi krama antuk sutaning Ajar Sanggora, ingkang mangasrama wontên sukuning wukir Ima-ima, anama Endhang Kanohan, awit katimbang wawratipun sami kalihan kancana ingkang kabêkta dening punggawa duta, mila sakalangkung sih-sinihan dènira apalakrama mawi bawahan maneka warna.

Ing salêbêtipun warsa Jayaha, etanging taun surya sangkala 582, tinêngêran kapêsthi madyaning pagulingan, kaetang ing taun candrasangkala 599, tinêngêran lawa uwa marganing muksa.

Amarêngi masa pusa, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya garwa nata Endhang Kanohan seda, Prabu Basukêthi dahat sungkawa kataman gandrung asmara malih, tansah atajin dhahar guling, anungku puja angêningakên cipta, botên lami antuk sipta sasmitaning dewa, kinèn angupaya pawèstri ingkang lairipun sarêng sami sadintên kalihan Prabu Basukêthi punika sajatining garwa nata, ing ngriku

--- 5 : 65 ---

Prabu Basukêthi andhawahakên dhatêng Patih Wasita, kinèn angupaya pawèstri ingkang kasêbut ing sipta sasmita, Patih Wasita lajêng anglampahakên punggawa ingkang dinuta, ananging ngantos lami dèrèng antuk ingkang panuju, wontên ingkang sami rintênipun, ing wanci botên anyarêngi, wontên ingkang sarêng wancinipun, ing dintên botên nyarêngi, kala samantên akathah pawèstri, emah-emah saangsal-angsalipun kemawon, amargi sami ajrih manawi kapundhut dados garwa nata măngsa wandeya anêmahi pêjah, mila ing nalika punika misuwur ing kathah, sami amastani măngsa pateplok.

Ing salêbêtipun warsa Manmata, etanging taun surya sangkala 583, tinêngêran guna nuksma marganing ngambara. Kaetang ing taun candrasangkala 601, tinêngêran ratu muksa angoyag angin.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari Wiratha, mangkya Prabu Basukêthi animbali Patih Wasita, akalihan punggawa ingkang sêpuh-sêpuh sadaya, sami kajatosan ingkang dados pamuntuning karsa nata amung badhe ambangun tapa, sêdya anamurkula alêlana tanpa wadya, awit rumaos lingsêm dening misuwur panas, Patih Wasita akalihan [aka...]

--- 5 : 66 ---

[...lihan] para punggawa botên wontên ingkang jumurung karsa nata makatên punika, saking ujaring bêbasan, manawi taksih kawiryan botên kapiran, akathah ingkang kapiran manawi tiyang tan kawiryan, ananging Prabu Basukêthi kêncêng botên kenging kapambêngan, aming andhawahakên pamêlingan têtêping panata praja saking rêksa-rumêksa, sarta amaringakên ingkang dados wêwakil angasta karaton, rayi nata anama Arya Basukètu sampun ngantos ewah punapa ingkang dados adatipun, sami atut rukuna kados bêbasan satu mungging rimbagan, Patih Wasita miwah sagunging punggawa sami tumungkul angêmu waspa, gancanging cariyos kala samantên Prabu Basukêthi ing dalu jêngkar saking praja tanpa wadya angagêm cara pandhita tambuh ingkang sinêdya ing karsa.

Ing salêbêtipun warsa Tunmuki, etanging taun surya sangkala 584, tinêngêran dadi manggala marganing sirna. Kaetang ing taun candrasangkala 602, tinêngêran pangantèn nyeluman karasa kombul.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Pratipa miyos sinewaka wontên ing panangkilan, sagung para punggawa pêpak sadaya, Patih Tanuraga [Ta...]

--- 5 : 67 ---

[...nuraga] dinangu wartosipun nagari ing Wiratha, aturing Patih Tanuraga: Mênggah pamirêng kawula saking pêpêkênan, sapunika nagari ing Wiratha suwêng botên wontên ratunipun, warti rayi paduka Prabu Basukêthi, jêngkar saking praja botên kantênan purugipun, awit dening rumaos lingsêm kasuwurakên panas. Prabu Pratipa lajêng adhêdhawah dhatêng Patih Tanuraga: Manawa nyata mêngkono adhi, prayogane sira lumakua maring Wiratha, warahên si adhi Basukètu konên seba marene angirida para punggawa ing Wiratha kabèh, ingsun bakal amranata kang prayoga, Patih Tanuraga matur sandika, ing antawis dintên mangkat akanthi punggawa pinisêpuh Sang Arya Bratana, dumuginipun nagari ing Wiratha pinanggihan dhatêng Patih Wasita, Arya Basukètu miwah para punggawa, Patih Tanuraga andhawuhakên ingkang dados karsanipun Prabu Pratipa, ananging sinanggi ing krami kewala, dados antukipun Patih Tanuraga tanpa damêl, mila Prabu Pratipa sangêt dukanipun, lajêng dhawah badhe anglurug dhatêng Wiratha, Rêsi Basusara matur botên amrayogèkakên dening kuciwa ing sêmu prasasat amêcah dherekan kopong, kalihan pêcanipun nagari ing Wiratha punika manawi taksih kagungan pusaka urug [uru...]

--- 5 : 68 ---

[...g] musrika botên kenging kabêdhah dening mêngsah, Prabu Pratipa duk miyarsa sangsaya kabangan bangun alin-alining nala, asru dènira ngandika: Ah dhasare si adhi Basusara iki têtêp wong jirihan, lah aywa sira milu anglurug, kariya jaga pura kewala angulatake para sutanira. Sasampunipun angandika makatên lajêng undhang tata-tata samaptaning ayuda, ing antawis dintên bidhal saha wadya kuswa. Kawuwusa ing Wiratha, mangkya Arya Basukètu pirêmbagan akalihan Patih Wasita, mênggah ing Ngastina punika punapa prayogi linurugan, upami latu mumpung dèrèng andados, wangsulanipun Patih Wasita, prayogi kinintunan sêrat rumiyin, ingkang mawi têmbung êla-êla manadukara, supados èngêta dhatêng têpang rukuning akadang. Dèrèng ngantos kalampahan ing rêmbag punika katungka lêbêtipun punggawa tampingan atur uninga praptaning mêngsah saking Ngastina, mila Patih Wasita lajêng undhang siyaga badhe amêthukakên, sasampuning sami samapta mijil saking kitha, lajêng campuh prang langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu para wadya ing Wiratha sami kasêsêr asasaran, Senapati Arya Manungkara mangsah kapêthukakên dening Patih Tanuraga, campuhing prang Patih Tanuraga pêjah kasambut samadyaning rana, [ra...]

--- 5 : 69 ---

[...na,] punggawa ing Ngastina nama Arya Suman mangsah pêpulih pêjah dening Arya Sungkara, wontên malih punggawa ing Ngastina nama Arya Wirotama mangsah mangungsir kiwul, pêjah dening Arya Sakila, ing nalika punika Prabu Pratipa dahat bramantya mangsah nir baya nir wikara, pinêthukakên dening Arya Basukètu campuhing prang sami angabên kasantikan botên wontên ingkang kuciwa, ing wêkasan Prabu Pratipa karepotan anêmahi seda layon muksa. Sarêng gara-gara gêtêr patêr dhèdhèt erawati guntur kêtug, punggawa pinisêpuh ing Ngastina nama Arya Bratana uninga manawi Prabu Pratipa kasambut ing ayuda, lajêng ngamuk punggung sura tan taha, pêjah dening Patih Wasita. Ya ta sagunging para wadya panêkar ing Ngastina sami kapalajêng asasaran rêbat pangungsèn sowang-sowang, wontên ingkang mantuk matur ing Rêsi Basusara salwiring lêlampahan sadaya. Ing ngriku Rêsi Basusara angaturi dhatêng ingkang bokayu Dèwi Nandi ing sanalika Dèwi Nandi bela suduk sarira lajêng seda, para putra sami anjrit karuna angaru-ara, miwah para parêkan salêbêting pura agêng alit sami wayang-wuyungan, Rêsi Basusara tambuh solahira, ing wêkasan anggalih pangupakaraning layon, sasampuning paripurna lajêng linabuh, [lina...]

--- 5 : 70 ---

[...buh,] ing sawangan samudra, nuntên angrêrapu dhatêng para putra ing Ngastina, sami tinimbalan badhe anungkul dhatêng Wiratha, ananging Radèn Dewapi kalihan Radèn Bahlika botên anêmbadani ing rêmbag makatên punika, mila sami kesah angingkis ratri sumêdya amangun tapa dhatêng wanapringga, amung putra ingkang anèm anama Radèn Santanu sarèhning dèrèng diwasa, punika anurut ing rêmbagipun kang paman Rêsi Basusara, ing antawis dintên kabêkta sowan dhatêng Wiratha, botên lami kagêntosakên ingkang rama anama Prabu Santanu Murti, Rêsi Basusara dados pêpatih angiras brahmana, kala samantên nagari Ngastina kabawah dhatêng Wiratha malih.

Amarêngi masa naya, kacariyos malih nagari ing Ngastina mangkya Prabu Santanu Murti salaminipun anggêntosi ingkang rama, tansah atajin dhahar guling, anungku puja sêmadi wontên ing sanggar palanggatan kemawon, ingkang dados sungkawanipun dènira rumaos sampun lola kaping kalih pisah kalihan ingkang raka botên kantênan purugipun, Rêsi Basusara anggung ngimur anglêlipur, Prabu Santanu Murti dipun aturi angenggar-enggar galih, acrangkrama dhatêng sajawining nagari dene kesahipun ingkang raka sakalihan inggih kaupadosan, ya ta Prabu Santanu [Santa...]

--- 5 : 71 ---

[...nu] Murti amituhu pangandikanipun ingkang paman, mila lajêng miyos sinewaka, andhawahakên dhatêng punggawa ingkang tinuduh angupadosi Radèn Dewapi kalihan Radèn Bahlika, kala samantên punggawa ingkang lumampah nama Arya Bisama. Sarêng antawis dintên Prabu Santanu Murti, karsa anamurkula dhatêng padhusunan amung kalihan ingkang paman Rêsi Basusara kemawon, lampahipun ngantos dumugi patirtan ing Wagiswara, kèndêl satêpining sêndhang, aningali wontên teja kaprênah têlênging sêndhang, sarêng winawas dangu-dangu kawistara ingkang mawa teja wau pawèstri ayu endah warninipun, Prabu Santanu Murti langkung kasmaran, ingkang paman Rêsi Basusara kinèn angangkah kengingipun kagarwa, Rêsi Basusara anyêmplung ing sêndhang botên sagêd kapanggih, wangsal-wangsul mêksa cabar kemawon, mila lajêng anungku samadi anêgês karsa anuhun parmaning dewa, ing sanalika katarima, wontên tăndha kados gêbyaring calèrèt barung cancala, Prabu Santanu Murti kamigilapên, ngantos sumingêb saengga kantaka, sarêng èngêt aningali pawèstri punika sampun wontên ing ngarsanipun Rêsi Basusara, ing ngriku luwaring samadi, Rêsi Basusara apitakèn dhatêng pawèstri ingkang wontên ing ngarsa,

--- 5 : 72 ---

wangsulanipun angakên widadari nama Bathari Gangga, pêparab Dèwi Jahnawi, yoganing Bathara Banawa, Bathara Banawa yoganing Bathara Syandawa, Bathara Syandawa yoganing Bathara Wyanadeya, Bathara Wyanadeya yoganing Bathara Martanadi, Bathara Martanadi yoganing Bathara Gangga Patana, Bathara Gangga Patana yoganing Sang Hyang Wahana, Sang Hyang Wahana yoganing Sang Hyang Gangga, dene wit milanipun atêtapa wontên têlênging sêndhang punika, saking anêtêpi prasêtya angantêpi ubaya, kala rumiyin laki kula anama Bathara Santanu, yoganing Bathara Supanu, Bathara Supanu yoganing Bathara Bismaka, kawarti têdhak Sang Hyang Bayu, punika laki kula Bathara Santanu badhe anitis dhatêng madyapada karsa jumênêng nata wontên ing Ngastina, kula badhe tumutur botên kalilan, amargi laki kula sêdya krama malih antuka putrining ratu, kula lajêng aprasêtya badhe anarima anggêr kalilan tumutura sarta amêdalakên ubaya amung sawarsa anggèn kula wontên ing madyapada, laki kawula Bathara Santanu ragi mulur galihipun, kula tinuduh manggèna wontên têlênging sêndhang punika sarta sami sinabdan sampun ngantos kauningan sanèsipun, sawêg kèndêl samantên wangsulanira Dèwi Jahnawi Prabu Santanu [Santa...]

--- 5 : 73 ---

[...nu] Murti èngêt ing wentehan kala taksih wontên ing suralaya, mila lajêng amêngkul dhatêng Dèwi Jahnawi sarta angêmu waspa, enggaling cariyos Dèwi Jahnawi sampun kabêkta kondur dhatêng Ngastina lulus dados pramèswari nata.

Wau ta kawuwusa lampahipun Arya Bisama, dènira angupadosi Radèn Dewapi kalihan Radèn Bahlika botên kapanggih, amung antuk pawartos saking para nangkoda kemawon, yèn ing mangke radèn sakalihan sami anumpal kèli dhatêng tanah sabrang, malah sampun asêsilih nama rêsi kalih pisan, ananging botên wontên ingkang sumêrêp lêlajênganipun, mila Arya Bisama mantuk matur cabaring dinuta amung ambêkta pawartos kemawon, Prabu Santanu Murti amiyarsa langkung ngungun, ing wêkasan mupus saking pêpasthèning dewa.

Salêbêtipun ing warsa Iyolambi, etanging taun surya sangkala 585, tinêngêran marganing angèsthi pănca muluk. Kaetang ing taun candrasangkala 603, tinêngêran guna tanpa rasa.

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wakil Arya Basukètu apirêmbagan akalihan ingkang marasêpuh Patih Wasita, manawi kasêmbadan karsa anata

--- 5 : 74 ---

pemahaning wadya kinarya gêgolongan, kados ta: pandhe kagolongakên sami pandhe, undhagi kagolong sami undhagi, ing sapanunggilanipun ingkang pantês dados sagolongan, Patih Wasita anayogyani lajêng andhawahakên parentah sarta amaringi waragad pangalihipun sowang-sowang, ingkang botên angrêkaosakên, sampun kalampahan sadaya sami suka rêna, amung wontên wadya kêmasan satunggal, awasta Maswaguna misuwur ing kasugihanipun, punika mopo kadhawahan angalih saking pemahanipun, kaparingan waragad ingkang anyêkapi botên ajêng, kadangu sababipun botên sajarwa, aturipun makatên: Manawi kawula ngantos angakêni ingkang dados karana, saèstu anêmahi pêjah, kadangu wangsal-wangsul aturipun inggih tansah amung makatên kemawon, mila andadosakên pamarsudining panggalihan aturipun pun Maswaguna punika, Prabu Wakil Arya Basukètu akalihan Patih Wasita, tuwin para punggawa sadaya, sami ambudi wadosipun, kalampahan ngantos anungku samadi wontên salêbêting pamêlêngan sowang-sowang, ing ngriku Prabu Wakil Arya Basukètu, kadhawahan sipta sasmitaning [sa...]

--- 5 : 75 ---

[...smitaning] dewa, kinèn atêtakèn dhatêng widadari ingkang mangasrama pucaking wukir Maendra, nama Dèwi Rukmawati, yoganira Sang Hyang Anantaboga. Prabu Wakil Arya Basukètu, lajêng awêwarti dhatêng marasêpuh Patih Wasita, ing nalika punika Patih Wasita, kaèngêtan manawi Dèwi Rukmawati waskitha dhatêng saniskara, mila lajêng anglampahakên punggawa ingkang dinuta Sang Arya Subrata, sutaning Arya Manungkara, dumugi ing wukir Maendra kapanggih kalihan Dèwi Rukmawati, angaturakên pêrluning karya, pangandikanipun Dèwi Rukmawati, kulup Arya Subrata, sira sun jatèni lêlakone Si Maswaguna nanging aywa kongsi winêlèhake, mungguh bêbukaning nguni Si Maswaguna iku kalêbu băngsa waswa, anglakoni dadi sudra dening papa sangsara dahating sungkawa kongsi atajin mangan turu, ing kono ana parmaning dewa, antuk wasita sajroning amêsu cipta, kinèn awisma kang aparêk panggonaning wong kunthaka, iya iku tukang gawe garabah watu, yêkti anêmu kang dadi jalaraning kabêgjan, rupa gênthong watu isi tirta rukmi, iku kang kagungan ing kuna Bathara Rukmaka, kapêndhêm tan kawruhan dening janma, mungguh kawasane gênthong iku sabarang watu kang cinêmplungake ing kono dadi [da...]

--- 5 : 76 ---

[...di] kancana, Si Maswaguna kinon angulati pêndhêman gênthong iku, ana kang dadi têtêngêran arupa watu kambang kapêndhêm katon mandhêlis sathithik, tansah kasampar kasandhung nanging tan ana wong anggraita, yèn wus katêmu prênahing watu kambang dèn adêgana wisma, nuli kadhudhuka gênthong iku dinokok ulon-uloning paturon, wêkasing wasita kalilan anyêmplungake sabarang watu ing sabên dina amung sapisan kewala, sarta winalêran aywa kongsi wêwarta maring wong, manawa kajuwara saka ing sajarwa priyăngga, yêkti anêmahi antaka, dupi wus têrang tampaning wasita Si Maswaguna tumuli maring panggonaning wong kunthaka, katêmu kang dèn upaya iku, nuli anêmbung wisma ana ing kono lurahing wong kunthaka anayogyani, iku lêstari Si Maswaguna dadi kasugihane, kang kinarya sangkribaning ngêkêr wêwadi linakonan tanpa somah sarta samudana dadi kêmasan, kinawulakake marang Prabu Basukeswara ing nguni. Iku kulup Arya Subrata, ingsun amrayogakake Si Maswaguna maksiha omah ana ing kono kewala, malah sarupaning wong kêmasan padha dèn dhawuhana angumpul wisma kang aparêk pagonaning[5] wong kunthaka iku,

--- 5 : 77 ---

dene Si Maswaguna dèn bubuhana karya lêlangên kancana kang apantês dadi ampilan upacaraning ratu sayêkti dahat kuciwa, têlas pangandikanipun Dèwi Rukmawati. Arya Subrata pamit sampun kalilan mantuk, dumugi ing Wiratha angaturakên sapangandikanipun Dèwi Rukmawati sadaya, Prabu Wakil Arya Basukètu langkung suka, kêmasan pun Maswaguna kadhawuhan têtêp anggènipun gêgriya wontên ing kunthaka kemawon, ananging kabubuhan karya lêlangên kancana, pun Maswaguna matur sandika èsmu suka rêna.

Amarêngi masa srawana, mangkya Prabu Wakil Arya Basukètu apirêmbagan kalihan Patih Wasita sakathahing bawahan sami kadekekan papanguyu larih sowang-sowang, inggih punika kapala kampung, Patih Wasita anayogyani lajêng amatah ingkang pantês kinarya jêjênêng kamisêpuh sarta ingkang sagêd angimpuni dhatêng wêwêngkonipun.

Salêbêtipun ing warsa Wulambi, etanging taun surya sangkala 586, tinêngêran obah samadyaning marga. Kaetang ing taun candrasangkala 604, tinêngêran karya barakaning rasa.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Wiratha, [Wi...]

--- 5 : 78 ---

[...ratha,] sabibaring rajawedha, mangkya Prabu Wakil Arya Basukètu apirêmbagan kalihan Patih Wasita, samukawis ingkang dados beya waragading nagari sampun ngantos angêlong pamêdal kagungan nata, kapurih indhakipun, indhak-indhakan wau ingkang kadamêl beya waragad tambal sulaming nagari, dados ingkang nama pamêdal kagungan nata kadamêl wêtah kemawon, Patih Wasita nyuwawèni rêmbag makatên punika, lajêng adhêdhawah dhatêng para nata amănca praja, kinèn sami anglêmpakakên sakathahing para nangkoda, miwah para banija tuwin para sudagar sadaya, badhe kapatah ing karya anglampahakên kagunganing nata, kacariyos kala samantên sampun kalampahan akathah indhakipun, punika ingkang kadamêl beya waragading nagari, saking indhak-indhakan kemawon, sarta kêmasan pun Maswaguna ing sabên wulan angaturi panjurung kancana kadamêl wêwah beya waragad wau.

Salêbêtipun ing warsa Wikari, etanging taun surya sangkala 587, tinêngêran rêsi angèsthi tata. Kaetang ing taun candrasangkala 605, tinêngêran marganing tanpa rêtu.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Wiratha, [Wi...]

--- 5 : 79 ---

[...ratha,] mangkya Prabu Wakil Arya Basukètu, apirêmbagan kalihan Patih Wasita, kinèn amarsudi icalipun ingkang dados sêsukêring praja, kados ta: tiyang nistha, akalihan dhustha, ing sapanunggilanipun punika sagêda sirna ingkang botên kalayan wisesa, wangsulanipun Patih Wasita, witing nistha saking bodho kalihan kêsèd, witing dhustha saking susah kalihan kabêtah, sadaya punika dados gadhanganipun badhe nêmahi kasakitan, mênggah sagêdipun tiyang bodho dening pinardi ing wêwulang ingkang andadosakên kasênêngan kalihan kabingahan, têbêrinipun tiyang kêsèd, dening pinardi samukawis pandamêlan ingkang pantês sarta andadosakên karêmênan, kados ta: ingkang rêmên pandêdamêlan agal akalihan lêmbat punika sami kapantês kuwawinipun anglampahi piyambak-piyambak, mênggah lipuring tiyang susah dening palimarma kalihan sih kawêlasan, tututing tiyang kabêtah, dening pitulungan ingkang andadosakên kacêkapan, mênggah mantunipun ingkang anandhang sakit, dening usada kalihan pamulasara, samantên punika pamariksanipun kêdah dipun lampahi piyambak saking tabêri wisata anamurkula, dados sagêd amawang patraping rèh ingkang botên kalihan [kali...]

--- 5 : 80 ---

[...han] wisesa. Prabu Wakil Arya Basukètu anayogyani wangsulanipun Patih Wasita makatên punika, mila kalampahan asring wisata anamurkula amung kalihan Patih Wasita sarta punggawa ingkang sêpuh-sêpuh kemawon.

Amarêngi masa sitra, kacariyos Prabu Wakil Arya Basukètu mangkya nuju wisata anamurkula kapêthuk kalihan tiyang bagus anèm, nanging panganggenipun sarwa gêgombalan, têmbungipun anêdha papariman, awit saking kaluwèn, wangsulanipun Patih Wasita kinèn dhatêng kapatihan, badhe kaparingan têdha, tiyang bagus anèm lajêng lampahipun sumêdya sowan dhatêng Patih Wasita, ing nalika punika ingkang sami namur kula angrumiyini mêdal margi sêsimpangan, dumugi ing kapatihan botên antawis dangu tiyang bagus anèm katingal lajêng dipun awe marêk ing ngarsa, kadangu matur yèn tiyang nuwun pêparingan têdha, dinangu malih ing nama sarta wismanipun, utawi kagunan akalihan panggaotanipun, tiyang bagus anèm matur sajarwa: Wasta kawula pun Sarwaka wisma bawahaning kampung Koripan, botên darbe kagunan punapa-punapa, panggaotan kawula amung papariman, Patih Wasita abêbisik dhatêng Prabu Wakil Arya Basukètu: Inggih punika warninipun [warni...]

--- 5 : 81 ---

[...nipun] tiyang bodho, manawi darbea kasagêdan măngsa makatêna. Prabu Wakil amangsuli: Yèn makatên dununging kêsèd punika wontên tiyang bodho. Wangsulaning Patih Wasita punika têrkadhangan, wontên tiyang kêsèd saking bodhonipun, têrkadhang wontên tiyang sarwa sagêd asring sungkanan, ing têmbe kados amanggih tiyang darbe kagunan kang akêsèd ing sabarang karya. Nuntên Patih Wasita anantun dhatêng pun Sarwaka, manawi badhe pinardi ing kasagêdan, aturipun inggih sandika anglampahi, enggaling cariyos kala samantên pun Sarwaka pinardi ing wulang sampun sarwa widagda, lajêng pinatah ing karya sarta pinanci ingkang dados têdhanipun.

Amarêngi masa palguna, kacariyos Prabu Wakil Arya Basukètu, mangkya nuju wisata anamurkula miyarsa tangising pawèstri, mawi katurut swaraning rêbab, lajêng têdhak dhatêng pagriyan ingkang wontên swara makatên punika, andangu ingkang dados karana dèrèng amangsuli. Amung wicantên dhatêng pawèstri ingkang nangis: Lah ta mênênga tangismu dhingin, lagi ana dhayoh priyayi. Sasampunipun muwus makatên lajêng amangsuli: Kauningana ingkang nangis punika semah kula wasta pun Sri, panangisipun awit saking botên nêdha, rêbab kula kêdah dipun sade ing sapajêngipun, [sapajêng...]

--- 5 : 82 ---

[...ipun,] ananging kula botên suka, awit ujaring petangan anggèn kula sêsemahan kalihan pun Sri punika, pasatoanipun kapanggih sami kabêgjan kabrayan, kula wasta pun Sadana, semah kula wasta pun Sri, lêrêsipun botên kêkirangan sandhang têdha, parandosipun têka tansah sami kawudan kalirên kemawon, ngantos andadosakên kêjuning manah, mila panangisipun pun Sri dalah sêsambatipun mawi kula turut ing rêbab supados kèndêla mindhak amêmirang. Patih Wasita andangu ingkang dados panggaotanipun, winangsulan makatên: Tiyang sampun sae petanganing pasatoan, lêrêsipun botên susah mawi anggaota masthi kabêgjan punika dhatêng piyambak. Patih Wasita gumujêng sarywa ngandika: Gugon tuhon iku amarakake kabêsturon, pun Sadana lajêng tinantun badhe kadadosakên niyaga, wangsulanipun mawi gumuyu latah: Lah suwawi kagaliha, saking saening pasatoan botên pilih margi, sangkanipun ing kabêgjan, dumadakan kula badhe kakarsakakên dados niyaga, saèstunipun sakalangkung suka pirênaning manah kula, Prabu Wakil Arya Basukètu akalihan Patih Wasita lajêng kondur. Enggaling cariyos pun [pu...]

--- 5 : 83 ---

[...n] Sadana sampun kapacak dados niyaga dalêman, kapanci têdhanipun sarwa kapatah ing karya, saantawis dintên kacariyos pun Sadana nuju ing wanci dalu mantuk saking sowan sumêrêp andaru cumalorot saking gêgana dhawah wontên ing ngarsa, kawawas dangu-dangu kawistara manawi curiga lajêng cinandhak sarwi sinuhun-suhun, enjingipun kasaosakên dhatêng kapatihan sarta angaturakên bêbukanipun angsal curiga punika, pun Sadana kadangu ingkang dados pangèsthining sêdya, aturipun amung kacaosakên kemawon, awit saking ajrih kanggenan, bokmanawi andadosakên botên prayogi. Patih Wasita anampèni laju katur ing Prabu Wakil Arya Basukètu, sakalihan sami anggalih panglêpasaning kasujanan, ing antawis dintên pun Sadana jinunjung dados punggawa, nuntên curiga kaparingakên wangsul malih sampun asaput mirantos, sarêng mantuk dumugi ing wisma kapêthukakên dhatêng semahipun sarywa muwus makatên: Saiki wus mari sungkananmu, dene olèh kabêgjan, ingkang jalêr amangsuli: Iya iku saka bêciking pasatoan.

Taksih sami salêbêting masa palguna, kacariyos Prabu Wakil Arya Basukètu nuju wisata anamurkula, mangkya [mang...]

--- 5 : 84 ---

[...kya] sumêrêp wontên wisma rompok-rompok badhe rêbah botên kajêjêgakên, tiningalan têtanêmanipun karang kirna sami anggagrag dening kamladhean, kapiyarsa lêbêting wisma wontên swaraning tiyang ura-ura angrêrêpi sêkar prawiralalita makatên: dewa dinam jagad sarwam, mantra dinam lat dewata, tèng mantram brahmana dinam, brahmana mamma dewata, ngadi madiyo: no dinam, pracodha yitya dewata. Tgêsipun: dewa amisesa jagad sadaya, japa măntra amisesa para dewa, ingkang japa măntra kawisesa dening brahmana, mila brahmana sami kalihan dewa, sakathahing isèn-isèn madyapada, miwah ing swarga damêlaning dewa, ananging dewa botên sagêd amisesani namanipun, amung para brahmana ingkang anamakakên dêdamêlaning dewa.

Kala samantên wontên tiyang mêdal saking pemahan muwus makatên, wus mangkono kewala karyane, agung ura-ura ora kèlingan yèn sangsara, lajêng dinangu dhatêng ingkang anamurkula, namanipun kalihan ingkang sinêdya, aturipun: Kula wasta pun Saksa, kalêbêt wong sakalihan ingkang ura-ura punika, lampah kula badhe anuwèni patêgilan. Ingkang anamurkula, andangu malih

--- 5 : 85 ---

namanipun ingkang ura-ura, pun Saksa matur: Ingkang ura-ura punika wasta pun Kaskaya, kalêbêt tiyang sugih kasagêdan ananging sungkanan, pun Saksa kadangu ingkang dados sababing sungkanan pun Kaskaya punika, aturipun amung saking doyan nêdha karêm tilêm, manawi mêntas tangi tilêm lajêng anêdha, manawi sampun tuwuk lajêng ura-ura, ing salaminipun tansah makatên kemawon, botên purun ambabarakên kasagêdan, botên nate ulah pangupa jiwa, mila kalampahan anêmahi papa sangsara, griyanipun ngantos bibrah kitrinipun sami risak, para pawong sanak ingkang nguluri têdha saking parimarmanipun, sami ambêbolèhi botên wontên ingkang kagêga, bêbasan anurut êntut, ujar kasêbar, manawi pamanah kula pun Kaskaya punika kalêbêt tiyang atilar nama, lêrêsipun nama Kaskaya makatên ingkang sarwa akas adhangan, kayêktosanipun têka sungkanan, punapa Kaskaya punika tgêsipun kêsèd, ingkang anamurkula gumujêng sarywa ngandika: Lah tutugna lakunira aniliki patêgalan, ênya sêsran mas iki ingsun paringake minăngka pituwas ênggonira sajarwa. Pun Saksa anampèni dahat sukaning manah lajêng andumugèkakên lampah, ingkang anamurkula sami [sa...]

--- 5 : 86 ---

[...mi] kondur sowang-sowangan, enjingipun Patih Wasita utusan animbali pun Saksa botên antawis dangu sowan, Patih Wasita andangu: Wingi apa ana wong têtakon maring sira. Pun Saksa angaturakên saking wiwitan dumugi ing wêkasan, pangandikanipun Patih Wasita: Iya sajatine ingsun kang têtakon maring sira wingi, ing mêngko sira sun kongkon awêwarah marang Si Kaskaya manawa mari sungkanan bakal olèh kabêgjan, manawa maksih kêsèd bakal anglèsèd, karana undhanging nagara karsa amariksani sarupaning wong kang kurang tabêrèn, manawa ora bisa ana anake arip luwe sarta durung kawasa ananggulangi rosaning budi, iku amasthi kêna kaplaksana tanpa dosa, awit wong sungkanan ing karya iku gêgadhangan bakal anglakoni duryasa, têlas pangandikanipun Patih Wasita. Pun Saksa matur nêmbah: Dhuh pukulun saèstunipun kawula inggih sandika anglampahi ing dhawah paduka punika, ananging kalilana saos unjuk rumiyin, tiyang botên sumêrêp ing sastra punika punapa ngawonakên sungkanan, Patih Wasita amangsuli: Iya mêngkono. Aturipun pun Saksa: Manawi makatên kawula punika punapa badhe kaplaksana tanpa

--- 5 : 87 ---

dosa, amargi kawula botên sumêrêp ing sastra alit mila, awit saking sêpên ingkang amardi mêmulang dening kawula lola. Patih Wasita gumujêng sarywa ngandika: Iya puwungane sanadyan ora sumurup ing aksara, anggêre bisa patitis ing wicara, sanadyan kurang patitis ing wicara anggêre maju ing karya sayêkti ora kasangsaya. Pun Saksa wotsari andhêku lajêng pamit sampun kalilan mangkat, dumugi ing wismanipun pun Kaskaya amarêngi sawêg tilêm, pun Saksa angantosakên ing satanginipun, saking pamanggihing pamanah upami kagugaha bokmanawi andadosakên sêling sêrêp, mila pun Saksa mantuk angrukti sêkul ulam, sarêng sampun antawis ing wanci pun Saksa wangsul mawi ambêkta têtêdhan, pun Kaskaya kapanggih mêntas tangi kaulungan sêkul lajêng anêdha, ing watawis sampun sarèh pun Saksa andhawahakên timbalanipun Patih Wasita: Sadaya, wangsulanipun pun Kaskaya: Kadi pundi paman, ênggèn kula sagêd anglampahi tabêri, tiyang sêpên sarana miwah tanpa saraya, bêbasan botên kăntha botên kanthi, inggih ingkang kadi kula punika, upami darbea sarana utawi wontêna sarayanipun, amasthi mantun sungkanan, pun Saksa amuwus aris, yèn mangkana kulup, [kulu...]

--- 5 : 88 ---

[...p,] aku kang awèh sarana mungguh saraya gampang anggêre wus katăndha, pun Saksa lajêng mantuk, wangsulipun ambêkta sandhang pangangge akalihan bêndho pacul, kaulungakên dhatêng pun Kaskaya sampun katampèn sadaya, wuwusipun pun Saksa: Lah ta mara kulup, aku arêp wêruh ing tăndha kayêktènmu, kitri kang padha rusak dening kamladheyan lawan jamur upas iku tutuhana, ing ngisore padha bêsikana kabèh, mungguh panganmu iya aku kang amanci ing sabên dina. Pun Kaskaya lajêng lêkas tumandang anêtahi kêkajêngan sarta ing ngandhap sami kabêsikan sadaya, pun Saksa muwus malih lah tutugna kulup, aku ngaturi uninga marang kapatihan, yèn saiki kowe wus mari sungkanan, supaya ora kaplaksana, sasampunipun muwus makatên lajêng mangkat marêk ing ngarsanipun Patih Wasita. Patih Wasita langkung suka anarima, dhawahipun ing samăngsa-măngsa badhe têdhak amariksani, pun Saksa kalilan mundur lajêng mantuk. Dumugi ing griya aningali anggènipun bêbêsik pun Kaskaya sangsaya sêngkut, ngantos palataranipun katingal rêsik sadaya, pun Saksa lajêng awêwarti manawi pun Kaskaya badhe antuk pangapuntên, pun Kaskaya langkung suka lajêng anêdha saraya badhe andadosi [a ...]

--- 5 : 89 ---

[...ndadosi] griya, enjingipun malih pun Saksa amèt saraya dhatêng tăngga têpalih sami kasambat andandosi wismanipun pun Kaskaya, botên ngantos antawis dintên malih sampun dados sarwa santosa, nuntên pun Kaskaya sinungan wiji krowodan dhatêng pun Saksa, kinèn ananêma ing kêbon-kêbon miwah ing patêgilan, sarêng kalampahan botên sagêd tuwuh, wontên ingkang tuwuh lajêng sami purêt kaparag ing ama, mila pun Kaskaya winarah dhatêng pun Saksa kinèn tabêri angidêri kêbon miwah patêgilanipun, ing sabên dalu sagêda kaping tiga, pun Kaskaya amituhu lajêng ananêm malih. Tansah kaidêran kaping tiga sadalu, ing ngriku pun Kaskaya antuk parmaning dewa, sakathahing wiji sami tuwuh tulus genjah angrêmbaka, pun Kaskaya karêmênên aningali têtanêmanipun sami lêdhung-lêdhung, sangsaya tabêri andhangir sarta tulatèn angidêri ing sabên dalu sarêng pun Saksa sumêrêp manawi pun Kaskaya sampun katarima ing dewanipun, lajêng kapêndhêt mantu antuk anakipun pun Saksa, ingkang pambajêng èstri awasta pun Wardi, ing nalika punika pun Kaskaya awit angangkat ragi kacêkapan, kauningan dhatêng Patih Wasita. Pun Saksa dahat ingalêmbana, aturipun dhatêng Prabu Wakil Arya Basukètu: [Basukè...]

--- 5 : 90 ---

[...tu:] Pun Kaskaya punika warninipun tiyang sarwa sagêd ananging sungkanan, pun Saksa punika tiyang bodho ananging akas tanganipun, wêkasanipun ingkang sagêd katindhih dening kang bodho, bêbasan balilu tau, sagêd dèrèng anglampahi, mila prayoginipun sami kinulawisudha dados mantri punggawa kalih pisan, Prabu Wakil anêmbadani, lajêng kadhawahakên, pun Saksa ingalih nama Sang Mantri Saksana, pun Kaskaya taksih namanipun lami kasêbut Sang Mantri Kaskaya.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos Prabu Wakil Arya Basukètu, mangkya nuju wisata anamurkula kalihan Patih Wasita ngantos dumugi paminggiring nagari, ing nalika punika aningali wontên rare jalu kawiyungyung dening têtiyang kathah, dinangu ingkang dados karana, têtiyang kathah wontên ingkang matur manawi rare punika dados wêwêri asring ambêdhog ayam, kala wau mêntas anayab kawênangan lajêng kacêpêng punika badhe kaaturakên ing parentah, nuntên kadhawahan anglajêngakên dhatêng kapatihan, prabu wakil akalihan Patih Wasita angrumiyini sami mêdal ing margi simpangan, dumugi ing kapatihan katungka dhatêngipun ingkang sami miyungyung rare jalu, lajêng kadhawahan animbali [ani...]

--- 5 : 91 ---

[...mbali] mangarsa, ingkang amiyungyung kadangu aturipun kados ing ngajêng wau. Rare jalu kadangu nama akalihan wismanipun, utawi ingkang dados karana anglampahi dhustha, aturipun makatên: Kawula punika awasta pun Jaka Lagna, adhi kawula èstri awasta pun Rara Lagni, sami sutane Răndha Kasihan ing Parêmbasan, mila ngantos anglampahi dados duratmaka, saking susahipun ing manah pun biyung Răndha Kasihan sampun jompo adhi kawula èstri pun Lagni sakit labêt saking enggal-enggal kaluwèn, sarèhning kabêtah têmahan mêdal tekad kawula ingkang rêsah, anuruti ambêk sudira anrang baya, ing sadintên-dintên tansah angrêrêbat anênayab, pintên angsalipun kawula angge angingoni biyung kalihan sadhèrèk èstri, nuntên wontên benggoling durjana awasta pun Wrêka kalihan pun Daraka, punika kawula dipun sêdhahi tumut ambarak maesa dhatêng dhusun ing Samahita, kalampahan angsal maesa kathah, kawula sinung panduman satunggal, kaurupan wontên wos dhatêng pun Saradha ing sawawratipun maesa satunggal, ananging amung kapancing ing sabên dintên saliwêtan, sangkêp sabumbunipun pisan, kawangênan ing dalêm satêngah warsa pundhat, punika dumugi sapariki taksih [ta...]

--- 5 : 92 ---

[...ksih] lêstantun, mila mêndha anggèn kawula anglampahi dados duratmaka, sawêg ing mangke kawula kumat malih amargi pun biyung sakit panastis anêdha kêmul, saking kawêkèning manah, dados anayab sinjang, ing wêkasan kawula kawiyungyung makatên. Sawêg kèndêl aturipun Jaka Lagna nuntên wontên tiyang jalu kêkalih sami jêjogedan sarwi wuda, Patih Wasita kagyat lajêng dhawah anyêpêng, sarêng sumaos ing ngarsa kawistara saking wangunaning nityanipun manawi tiyang ewah kalih pisan, dèrèng ngantos kadangu, pun Jaka Lagna matur: Lah inggih punika benggoling durjana ingkang awasta pun Wrêka kalihan pun Daraka, ingkang kawula cariyosakên kala wau, ananging kawula katambêtan ingkang dados sangkaning ewahipun. Prabu Wakil akalihan Patih Wasita samya ngungun, pamanggihing galih angintên bokmanawi tiyang ewah kalih pisan punika sami kenging pandamêlipun ingkang darbe maesa kabarak, mila lajêng utusan animbali buyut Aswana ing Samahita, sarêng sowan kadangu dènira kabarakan maesa. Aturipun: Sampun kala ing masa wisaka, gadhahan kawula maesa, sadasa gudèl kabarak ing durjana, ananging sarèhning kawula katambêtan têtiyangipun ingkang [ing...]

--- 5 : 93 ---

[...kang] barak maesa punika dados kawula pandamêl kemawon, tapakipun kawula pêndhêmi oyod mimang akalihan balarak sungsang kasêrat rajah mayangkara, ingkang sampun kalampahan asring angewahakên pangraos, têlas aturipun buyut Aswana. Patih Wasita angandika: Baya katarima wisayanira, tandhane ing kene ora ana wong ngubêngake jăntra, têmah katêkan wong edan roro padha wuda jêjogedan, kayêktèn saka ature bocah jaka kang kawiyungyung iku, yèn wong edan karo pisan padha benggoling durjana, kang sawiji aran Si Wrêka, sawijine aran Si Daraka, wus tau ambarak kêbo marang desa ing Samahita, mungguh katêrangane amêsthi sira bakal olèh sêsurupan, ing mêngko manawa sira bisa amulyakake wong edan iku sayêkti andadèkake panarimaningsun. Buyut Aswana matur sandika lajêng matak măntra wikrama, anyipta nirmala waluya jati, ing sanalika têtiyang ewah sampun sami èngêt kalih pisan lajêng kaparingan sandhang pangangge samurwatipun, ing ngriku kadangu karananira sami anglampahi durjanan, aturipun: Saking kabêtah botên sagêd anglampahi pandamêlan ingkang

--- 5 : 94 ---

amikantuki, gêgramen tuna, têtanèn botên kamêdalan, dalah bêbêrah kemawon asring towang pituwasipun, mila anglalu pilalah anglampahi dados durjana, tansah mandung ambragandang ngalapgang, têrkadhang asring purun ambêbegal ambêbarak, ing wêkasan sarêng ambarak maesa dhatêng Samahita anêmahi liwung kados tiyang mêndêm gadhung, katambêtan dumugi kawula ing ngriki punika, têlas aturipun tiyang ingkang mêntas ewah kalih pisan. Kadangu malih: Kowe apa sumurup bocah kang winayungyung iku, pun Wrêka matur: Inggih sumêrêp, punika pun Jaka Lagna ingkang misuwur kêkêndêlanipun, mila asring kawula damêl andêl-andêl anglampahi kadurjanan, ananging rare punika ambêg wêlasan, botên nate purun amêjahi samining manungsa, malah manawi angsal panduman asring salong kadanakakên dhatêng tiyang kawlasasih. Ya ta Patih Wasita sarêng amiyarsa atur makatên punika, lajêng dhawah kinèn anguculi yungyungipun pun Jaka Lagna, ing ngriku matur abêbisik dhatêng Prabu Wakil Arya Basukètu: Punika warninipun tiyang dhustha saking susah akalihan kabêtah, mênggah ingkang kalêrês amanggih patrapan makatên inggih amung dumunung wontên [wo...]

--- 5 : 95 ---

[...ntên] pun Jaka Lagna, amargi kayêktosan saking yumana kasat mata dados wiyungyungan, ananging pidosa ingkang botên kalihan wêsesa punika kapurba wontên ing panguwasa, patrapipun mawi kaprayogi saking sambawa kalihan sambada, Prabu Wakil amborongakên ing kalampahanipun. Nuntên Patih Wasita andhawahakên dhatêng Arya Mudha Darma, kinèn amrayogi panimbanging prakawis punika, aturipun: Mênggah pun Jaka Lagna punika panimbangipun dhawah sambada, kalêrês angaturakên arinipun èstri pun Rara Lagni, manawi kapundhut dados parara-raraning nata, kalihan anglilakakên sakantuning panampi urup-urupan uwos saking pun Saradha dhatêng ingkang kasayaban, sanadyan pun Jaka Lagna dèrèng angsal-angsalan ing panayabipun, sabab kayêktosan saking yumana kasat mata, dene pun Wrêka kalihan pun Daraka, punika panimbangipun dhawah sambawa, amung sami kalêrês amêdalakên prasêtya kemawon, manawi ngantos purun anglampahi kadurjanan malih kenging ila-ila, sabab botên kalacak anggènipun ambêbegal ambêbarak maesa, kalampahanipun sumăngga ing karsa. Prabu Wakil akalihan Patih [Pa...]

--- 5 : 96 ---

[...tih] Wasita sami mangayubagya, nuntên pun Lagna kadhawahan manawi arinipun èstri pun Rara Lagni kapundhut dados parara-rara, utawi panampinipun urup-urupan uwos saking pun Saradha, pintên sakantunipun badhe kaparingakên dhatêng ingkang kasayaban, aturipun anyumanggakakên, lajêng kaparingan wilasa awarni busana ingkang pancèn kaangge piyambak kalihan panganggening biyung miwah arinipun.

Nuntên buyut Aswana ing Samahita kaparingan maesa sadaya, sumêrêp dados lêlintu darbèkipun ingkang kabarak dhatêng pun Wrêka sakancanipun, sarta kadhawahan kinèn angusadani sakitipun Nyai Răndha Kasihan, aturipun inggih nuwun sandika. Sasampunipun makatên, buyut Aswana kadadosakên mantri juru martani, kadhawahan amariksani manawi wontên tiyang anandhang sakit kinèn amulasara, Jaka Lagna kadadosakên mantri juru unjêman, kaparingakên minăngka kondhangipun Sang Mantri Daruna, sami dados kajinêman panganglang praja, pun Wrêka kalihan pun Daraka kadadosakên mantri juru panalika, jagi anêlik lampahing kadurjanan sadaya, ing nalika punika sarêng Sang Mantri Kaskaya kajunjung dados punggawa juru pamardi, kabêbahan [ka...]

--- 5 : 97 ---

[...bêbahan] amêmulang kawruh dhatêng têtiyang ingkang kirang kagunan, Sang Mantri Saksana kajunjung dados punggawa juru pamidih, kabêbahan anuntun padamêlan dhatêng têtiyang sungkanan, sadaya sami kaparingan ingkang dados pancèning pamêdal sowang-sowang, mêndhêt saking indhakaning kagungan nata, enggaling cariyos kala samantên nagari ing Wiratha sangsaya gêmah aripah karta raharja.

Salêbêtipun ing warsa Sarwari, etanging taun surya sangkala 588, tinêngêran brahmana angèsthi tata. Kaetang ing taun candrasangkala 606, tinêngêran obah barakaning rasa.

Amarêngi masa pusa, kacariyos malih nagari Wiratha, mangkya Prabu Wakil Arya Basukètu, apirêmbagan akalihan Patih Wasita, badhe nyadhiyani ingkang dados pirênaning raka nata, manawi ing têmbe kondur saking ambangun tapa, sagêda katarima dènira anuju karsa, kaping 1, badhe angupados kuda ingkang sambawa wangunanipun, 2. badhe angadani yasa dêdamêl ingkang prayogi dhapuripun, sapanunggilanipun ingkang dados karêmênaning raka nata badhe kayasakakên sadaya, Patih Wasita anayogyani, ing nalika punika lajêng amatah punggawa [pung...]

--- 5 : 98 ---

[...gawa] ingkang dinuta angupaya kuda, wontên ingkang kapatah anglêmpakakên sato wana akalihan paksi ingkang anèh-anèh, nuntên Êmpu Purbagni sakancanipun sami kadhawahan yasa amêwahi dhapuring dêdamêl ingkang prayogi, kala samantên sampun sarwa kalampahan sadaya.

Amarêngi masa srawana, kacariyos Prabu Basukêthi dènira ambangun tapa, ing mangkya katarima, lajêng kasêbut nama Rêsi Maosada, awit asring sagêd amulyakakên tiyang sakit.

Gêntos kawuwusa ing dhusun Kagayuhan, wontên pandhita trahing awirya, anama Rêsi Swargandana, darbe putra kêkalih, ingkang sêpuh èstri nama Dèwi Adrika, arinipun jalu nama Bambang Dasa, ing nalika punika Rêsi Swargandana sawêg kataman sungkawa, dening putranira èstri ingkang anama Dèwi Adrika kalap wontên ing Kêdhung Jamuna, paminggiring dhusun Kagayuhan, kaupaya saking sarana miwah japa măntra gunasaya botên kapanggih, mila Rêsi Swargandana sangêt gidhuhên ing galih, tansah anungku samadi wontên ing sanggar palanggatan, mangkya wontên parmaning dewa, antuk wangsit kinèn aminta pitulung dhatêng Rêsi Maosada ingkang sawêg kapati brata wontên madyaning wana Jatiraga,

--- 5 : 99 ---

ing ngriku marganing kapanggih putranira, Rêsi Swargandana luwaring amuja samadi lajêng andangu dhatêng para siswa, manawi wontên ingkang sumêrêp samadyaning wana Jatiraga kanggenan pandhita kapati brata nama Rêsi Maosada, aturipun sami dèrèng sumêrêp manawi wontên pandhita kapati brata manggèn samadyaning wana Jatiraga punika, wartanipun ing ngriku ênggèn pangalapan, mila botên nate kaambah ing têtiyang. Ya ta Rêsi Swargandana duk amiyarsa, aturing para siswa andadosakên rudahing wardaya wêkasanipun lajêng kesah amung kanthi sang cantrik saloka, sêdya angupadosi ingkang kawasita salêbêting pamuja, dumugi wana Jatiraga sumêrêp wontên tiyang neneman tapa angidang, sampun angintên manawi punika ingkang dados pêlênging pangèsthi, Rêsi Swargandana lajêng marêpêki sarywa muwus manuhara: Dhuh anggèr sang apêkik, kalilana pun bapa anarukrami, punapa inggih anggèr ingkang kasêbut nama Rêsi Maosada. Winangsulan: Inggih makatên panyêbutipun tiyang kathah ingkang purun amastani. Rêsi Swargandana lajêng sajarwa ing nama kalihan wisma, miwah ingkang dados sêdyanipun anglampahi wangsiting dewa, awit sungkawa dening kecalan suta èstri wasta Dèwi Adrika, kalap wontên salêbêting Kêdhung [Kê...]

--- 5 : 100 ---

[...dhung] Jamuna, ing mangke manawi kaparênga dipun aturi dhatêng Kagayuhan, aparinga pitulunging kasusahan, Prabu Basukêthi kèwêdan ing galih, dangu-dangu pêpuntoning budi amung pasrah ing dewa lajêng anurut kabêkta dhatêng Kagayuhan, sarêng dumugi ing wismanipun Rêsi Swargandana langkung sinungga-sungga, ing antawis sampun rêrêm lajêng kapariksakakên dhatêng Kêdhung Jamuna, ing ngriku Prabu Basukêthi amêsu budi angêningakên cipta, saking parmaning dewa astanira kalih pisan sagêd jajag kinarya gogoh-gogoh salêbêting kêdhung, botên antawis dangu antuk mina satunggal amawa praba tumeja lajêng sinidhikara, ing sanalika nirmala waluya jati dados wanudya ayu endah sangkêp busananira. Rêsi Swargadana dupi uninga botên sarănta, lajêng amêngkul sarywa karuna, Bambang Dasa akalihan para siswa sami anglud bela tangis sadaya, ya ta luwaring sungkawa têmah amanggih suka sukur anarima, nuntên Dèwi Adrika kabêkta mantuk, sarêng akalihan Prabu Basukêthi kasêbut nama Rêsi Dirgabau, labêt saking astanira kalih pisan sagêd jajag kadamêl gogoh-gogoh salêbêting Kêdhung Jamuna, dupi sampun anglaksanani sakathahing panadaran, Rêsi Swargandana matur dhatêng Prabu Basukêthi: Dhuh anggèr Sang Rêsi Dirgabau, [Dir...]

--- 5 : 101 ---

[...gabau,] kantun satunggal panadaran ingkang dèrèng kula luwari, inggih punika kalêksananing sayêmbara, ingkang sampun kawêdal saking punagi kula, singa sagêd amanggihna lajêng kadhaupakên, Prabu Basukêthi atakèn wêdalanipun Dèwi Adrika, ing wanci dintên tanggal masa warsanipun, Rêsi Swargandana amangsuli, ing wanci wêdaling sayêmpraba, malêm Anggara Kasih, purnamaning masa palguna salêbêting taun Sadhaksadha, surya sangkala 552, saking pangetang kula dumugi sapariki pun Adrika sawêg ngumur 36 warsa. Ya ta Prabu Basukêthi duk amiyarsa wangsulanira Rêsi Swargandana dahat pangunguning galih, dene sami kalihan wiyosanipun pribadi, ing wanci dintên tanggal masa warsanipun botên kaot sakêdhik-kêdhika, mila Prabu Basukêthi angintên manawi punika jodhonipun ingkang sajati, sawêg kèndêl amarsudi wêwangsulan, samantara tumêdhakipun Sang Hyang Naradha akalihan Bathara Purusa, awêwarah dhatêng Prabu Basukêthi manawi ingkang kuwawi dados pramèswari nata amung Dèwi Adrika, dene wêwarahing wasita kang anuduh pamangun panêpus panimbang sayêkti saking panyobaning dewa kemawon, supados Prabu Basukêthi anglampahana kapati brata angupadi jodho

--- 5 : 102 ---

sajati, sasampunipun awêwarah makatên Sang Hyang Naradha muksa. Kantun Bathara Purusa angèstrèni dhaupipun Dèwi Adrika, para widadara-widadari sami tumurun anguyu-uyu sambaga warna, sarêng sampun kalampahan dhauping pangantèn sakalihan, Bathara Purusa akalihan para widadara-widadari sami muksa, kala samantên Rêsi Swargandana sumêrêp manawi ingkang kasêbut nama Rêsi Dirgabau punika Prabu Basukêthi ing Wiratha, mila lajêng matur nêmbah angatas ing karsa nata. Wangsulanipun Prabu Basukêthi: Bambang Dasa badhe dinuta dhatêng ing Wiratha, amaringi uninga kondurira, Rêsi Swargandana amangayubagya.

Amarêngi masa padrawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Sarwari, kacariyos malih ing dhusun Kagayuhan, mangkya Bambang Dasa kautus dhatêng Wiratha amundhi nawala patra, angkatipun ambêkta kanthi cantrik, cèkèl, puthut ing sawatawis, sarêng dumugi ing dhusun Ăngga aningali salêbêting karajan miwah padhêkahanipun sadaya sami suwêng botên wontên tiyangipun, ing antawis dangu amiyarsa pangriking kuda anggambira, sarêng kawistara katingal manawi danawa awarni turăngga, lajêng anarajang dhatêng Bambang Dasa, ananging Bambang Dasa panggah ing têmahan dados [da...]

--- 5 : 103 ---

[...dos] prang, turăngga ditya karepotan ing wêkasan kenging dipun titihi, asrah tobat, tinakenan angakên wasta pun Aswaninda ingkang asring angrêrisak padhusunan, tinakenan malih karananira mangkana, wangsulanipun amung ngupados margining antaka, awit saking botên limrah sasamining tumitah, katodhi ingkang dados kajêngipun amangsuli sumăngga ing karsa, lajêng tinantun manawi kadugi anglampahi dados titihaning ratu sayêkti anêmahi karaharjan, pun Aswaninda matur sandika, anggêr tanpa kandhangsul kakapa, saking wiwekanipun Bambang Dasa mangkya pun Aswaninda kinunjara ing măntra sangkali botên sagêd kesah, ananging cinawisan ingkang dados têdhanipun. Nuntên Bambang Dasa anglajêngakên lampahipun dumugi ing Wiratha anjujug Patih Wasita, maringakên nawala patra, katampèn lajêng binuka, sampun katupiksa, katur ing Prabu Wakil Arya Basukètu langkung suka, lajêng dhawah kinèn matah punggawa kang amêthuk dhatêng Kagayuhan miwah kang angratun ing margi-margi, sarêng antawis dintên Bambang Dasa kalilan mangkat rumiyin ambêkta sêrat atur wêwangsulan, dumugi ing Kagayuhan sêrat kasaosakên sampun katupiksa dahat suka sukuring galihira Prabu Basukêthi.

--- 5 : 104 ---

Amarêngi masa asuji, kacariyos dhusun Kagayuhan, mangkya Prabu Basukêthi bidhal kondur dhatêng Wiratha, Rêsi Swargandana akalihan Bambang Dasa sami andhèrèk, tata rakiting lampah kados angarak pangantèn, sarêng dumugi ing dhusun Ăngga, Prabu Basukêthi angungun paningalira dene botên wontên tiyang satunggil-tunggila, Bambang Dasa matur saking wiwitan dumugi ing wêkasan, Prabu Basukêthi têdhak aningali dhatêng panggenaning kuda raksasa, ing ngriku kamiwêlasên salêbêting galih, mila panyiptanira manawi sampun dumugi nagari ing Wiratha, turăngga ditya punika badhe kinèn angruwat dhatêng Arya Manungkara. Mangkana Prabu Basukêthi wontên ing dhusun Ăngga lêrêp sadalu, enjing bidhal saking Ăngga kuda raksasa kadhawahan andhèrèk ananging botên tinitihan, dumugi ing kitha Anggandara lêrêp sadalu enjingipun malih bidhal saking Anggandara, dumugi ing dhusun Wanamarta lêrêp sadalu, enjing bidhal saking Wanamarta dumugi ing Wiratha wanci tibrakala, inggih punika angajêngakên ing wanci têngange, pakurmataning pêthukan awarni-warni, panjang manawi kawuwusa, Prabu Basukêthi lajêng kondur angadhaton, Rêsi Swargandana saputra siswanipun sami kaprênahakên [kaprênahakê...]

--- 5 : 105 ---

[...n] wontên ing kapatihan, pasugatan botên kêkirangan, mila sakalangkung pangalêmbananipun Prabu Basukêthi dhatêng ingkang rayi Arya Basukètu, kalihan Patih Wasita, ing antawis dintên Arya Manungkara kadhawuhan angruwat kuda raksasa, sarêng karuwat dados pawèstri endah suwarnanira, awêwarah sajati manawi widadari Dèwi Wilotama, kenging papa cintraka dados turăngga ditya jalu, mangkya karuwat dahat suka anarima, Prabu Basukêthi sinungan tăndha panarimanira, awarni manik tejomaya, sawabipun sarwa santika sulaksana ing rananggana, sarêng manik tejomaya sampun katampèn, Dèwi Wilotama lajêng muksa dhatêng kahyangan, Prabu Basukêthi dahat suka sukur ing galih dènira winêca sarwa santika sulaksana salêbêting paprangan.

Salêbêtipun ing warsa Pilawa, etanging taun surya sangkala 587, tinêngêran, trusthaning brahmana anata barakan, kaetang ing taun candrasangkala 607, tinêngêran Rêsi Gana angraras wiyat.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Basukêthi satêngahing bojana pamêmulèn rajawedha, ambayawarakakên ingkang dados [dado...]

--- 5 : 106 ---

[...s] karsa nata, ing dintên punika asêsilih nama Prabu Wasupati, pramèswari nata ingalih nama Dèwi Swargandini, Rêsi Swargandana ingangkat dados maha muni angrèhakên sakathahing para rêsi sewa sogata, ari nata Arya Basukètu kalulusakên ngasta pêparentahaning praja, sarta ingalih nama Arya Prabu Kestara, Bambang Dasa kaparingan prênah kinèn abêbadhe kitha wontên ing tanah Ăngga, sarta jinunjung nama Prabu Dasa, ajêjuluk Prabu Anggapati, sasampunipun kadhawuhakên waradin, sagung para nata para dipati sami mangayubagya.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Wasupati karsa amangun kêkapaning kuda, sangkêp ing sauparênganipun sadaya, inggih punika purwanipun turăngga kaprabotan kapa.

__________

Pununggilanipun Bab 6.

Perangan ăngka 5, nama Sêrat Parapatra, kaanggit dening Êmpu Yogiswara ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 853, taun candrasangkala 879.

--- 5 : 107 ---

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên rumiyin, tumrap ing Sêrat Parapatra, salêbêtipun ing warsa Subakarti, etanging taun surya sangkala 590, tinêngêran tanpa babahan marganing muksa. Kaetang ing taun candrasangkala 608, tinêngêran brahmana tanpa ngrasa.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Wasupati andangu wartosipun Bambang Parasara, ing Saptarga dènira botên nate sowan dhatêng Wiratha, aturipun Patih Wasita: Mênggah pamirêng kula saking pêpêkênan amung pawartos sae kemawon, ananging sarèhning taksih rare pangintên kawula ajrih sowan manawi botên kalayan tinimbalan, nuntên Prabu Wasupati dhawah kinèn amatah prayoginipun ingkang badhe dinuta, ing nalika punika Arya Mudha Darma kadhawahan animbali Bambang Parasara sarta kabêktan pakêkintun maneka warna sampun winêling saraosing karsa nata, Arya Mudha Darma mangkat amung ambêkta kanthi panêkar ing sawatawis. Sarêng dumugi ing Saptarga kapanggih kalihan Bambang Parasara, Dhahyang Smarasanta, Wasi Duma, sami tumut amanggihi, Arya Mudha Darma amaringakên pakêkintun lajêng andhawahakên timbalan [timba...]

--- 5 : 108 ---

[...lan] nata, Bambang Parasara botên amangsuli amung tumungkul tansah rawat waspa kemawon, Arya Mudha Darma amaripih mèt pamrih mêmalad prana, ananging Bambang Parasara mêksa tanpa muwus, nuntên Dhanghyang Smarasanta akalihan Wasi Duma sami amangsuli, mugi kasarèhna bokmanawi kongkih saking kairih-irih rumiyin, Arya Mudha Darma kaaturan aso dhatêng pamondhokan, sarêng sirêp janma Bambang Parasara pinaripih ing pangarih-arih dhatêng Dhanghyang Smarasanta, akalihan Wasi Duma, supados puruna sowan dhatêng Wiratha, wangsulanipun makatên, bapa sakarone ingsun tinimbalan maring Wiratha iku apa pêrlune, manawa pinatah ing karya wong ora rosa, manawa tinari ing rêmbug, wong ora bisa, manawa pinardi ing tatakrama, wong bocah wêton desa, manawa ingadu prang, wong ora kawasa. Êmban sakalihan sami amangsuli: Punika sampun ngantos kêkathahên panyipta, tiyang katimbalan ing ratu makatên inggih sowan, manawi kadhawahan punapa-punapa inggih matur sandika, dugi prayogi wontên ing pamatawis, manawi dipun watawis taksih kaakên santana, punika kêdah amatrapakên rêrima, manawi botên wontên labêting ambêt gănda, punika sêdhêng amasang wiweka. Bambang Parasara [Pa...]

--- 5 : 109 ---

[...rasara] kèndêl botên mawi wêwangsulan malih, katădhi ing karsa mêksa tanpa ngandika, mila êmban sakalihan sami kewran ing manah, sarêng amarsudi budi pamanggihipun amung badhe damêl wêwangsulan anyanggi krami kemawon, nuntên enjingipun Dhahyang Smarasanta akalihan Wasi Duma sami amanggihi Arya Mudha Darma, wêwangsulanira sêngadi Bambang Parasara sampun amiturut, ananging nyuwun inah sawarsa sowanipun dhatêng Wiratha, ing ngriku Arya Mudha Darma mantuk sampun angaturakên panuwunipun inah Bambang Parasara, Prabu Wasupati anglilani.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Wasupati kaaturan uninga manawi Sang Maha Muni Swargandana muksa, andadosakên sungkawa nata, miwah pramèswari Dèwi Swargandini, dahat rudahing wardaya, ananging sami enggal lipur dening pangimuripun para brahmana rêsi sewa sogata, ing wêkasan amung mupus saking pêpasthèn pandoning dewa, nuntên Prabu Dasa matur manawi kaparênging karsa nata, cantrik saloka kasuwunakên dados ulu-ulunipun tiyang Kagayuhan sadaya, amargi kalêbêt sêpuh piyambak, Prabu Wasupati anglilani lajêng jinunjung nama Ajar Saloka.

--- 5 : 110 ---

Salêbêtipun ing warsa Sabakarti, etanging taun surya sangkala 591, tinêngêran rupa gatraning pagulingan. Kaetang ing taun candrasangkala 609, tinêngêran trustha barakaning pangrasa.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Wasupati angêngimur mèt panglipuring garwa, awit aningali sariranipun Dèwi Swargandini sangsaya anglong jiwa kusut, saksana agagra kusika, pangandikanipun Prabu Wasupati, yayi dèwi aywa kadêdawan wiyadi, mungguh muksane ramanta Sang Maha Muni wus utama, marma muhung pupusên saka ing panarima kewala, puluh-puluh wus bêgjane padha anglakoni lola. Dèwi Swargandini matur mêmaladsih ing raka nata: Dhuh guru nadi kawula sajati, sampun kagungan pangintên manawi kawula kirang pamupus ing pêpasthèn, botên pisan-pisan èngêta ingkang sampun amanggih swarga, tiyang kawula sampun botên kêkirangan samukawis, anjawi amung satunggal ingkang taksih kuciwa, botên langkung mênggah anggèn kawula kapisah kalihan toya, punika andadosakên parungsanging badan dening botên sagêd akungkum wontên salêbêting patirtan, kèndêl aturipun Dèwi [Dè...]

--- 5 : 111 ---

[...wi] Swargandini. Prabu Wasupati anggraita manawi ingkang garwa taksih kalabêtan anggènipun mêntas dados mina, ing nalika punika Prabu Wasupati lajêng angadani yasa pagongan wontên salêbêting puri, sairib kados sagantênan alit, ing têngah mawi balekambang wangun manda kisi, sangkêp uparêngganira sarwa sri raras kawuryan, punika jagi panggenaning garwa nata manawi angum ing toya.

Salêbêtipun ing warsa Awiya, etanging taun surya sangkala 592, tinêngêran kêmbar muka anata wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 610, tinêngêran barakaning putra angrasa sunya.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya garwa nata Dèwi Swargandini ambabar putra mijil dhampit, ingkang sêpuh èstri kaparingan nama Dèwi Sati, ingkang anèm jalu pinaringan nama Radèn Matsya, sakalihan mawa gănda amis kados ulam toya, sarêng ing antawis dintên kaparingakên dhatêng Prabu Dasa, kinèn amulasara, ing ngriku sami sinungan pêparab, Dèwi Sati jêjuluk Durgandini, Radèn Matsya jêjuluk Durgandana, têgêsipun kalih pisan punika gănda awon, dupi taksih pinulasara dening Prabu Dasa, ragi suda ambêting

--- 5 : 112 ---

amis, amung manawi mêdal karingêtipun sakalihan wau sami angot amis malih, mila pinarsudi sangêt dening Prabu Dasa, supados amis sagêda waluya babar pisan.

Amarêngi masa srawana, kacariyos nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Wasupati utusan animbali Bambang Parasara malih, dene cidra ing ubaya sawarsa têka ngantos tigang taun dèrèng sowan, mila Arya Mudha Darma kadhawahan lumampah kinèn angirida, sanalika mangkat, sarêng dumugi ing Saptarga Bambang Parasara botên amanggihi, amung kapanggihan ing Dhanghyang Smarasanta akalihan Wasi Duma kemawon, Arya Mudha Darma têtakèn karana, wangsulanipun sakalihan, mila Bambang Parasara botên amanggihi, awit saking sawêg katanggêlan muja samadi, Arya Mudha Darma badhe angêntosi saluwaripun, winangsulan, manawi Bambang Parasara sawêg anungku samadi makatên punika botên kenging kaantosan, sabab luwaripun ngantos satus dintên, Arya Mudha Darma kèndêl angupadi budi, botên dangu wijiling pamuwus adamêl pamrayogi, badhe matur dora sambada dhatêng Prabu Wasupati, mila Bambang Parasara cidra ing ubaya punika, sawêg angupados raja pèni ingkang pantês kasaosakên, [kasaosakê...]

--- 5 : 113 ---

[...n,] manawi sampun angsal inggih lajêng sowan, Dhanghyang Smarasanta akalihan Wasi Duma sami anayogyani, Arya Mudha Darma lajêng mantuk, dumugi ing Wiratha matur dora sambada makatên wau, Prabu Wasupati karsa anyrantosakên ing sawatawis masa ananging manawi tita botên sowan, Bambang Parasara badhe kapaksa.

Salêbêtipun ing warsa Ananda, etanging taun surya sangkala 593, tinêngêran uninga têrusing tata. Kaetang ing taun candrasangkala 611, tinêngêran rupa janma angoyag langit.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Wasupati adhêdhawah dhatêng Arya Sri Madewa, kinèn animbali Bambang Parasara, awit dènira purun ambaèkakên kawasaning ratu, bêbasan cinêluk datan sumaur, kaundang botên mara, mila Arya Sri Madewa kajibah amaripih amurih sagêdipun sowan Bambang Parasara punika dene wayah kapenakanipun. Arya Sri Madewa matur sandika lajêng mangkat, dumugi ing Saptarga kapanggih kalihan Bambang Parasara, Dhahyang Smarasanta utawi Wasi Duma sami marêk ing ngarsa, Arya Sri Madewa asêngadi manawi praptanipun punika saking karsanipun piyambak, atêtuwi [a...]

--- 5 : 114 ---

[...têtuwi] karaharjaning sawukir Saptarga sadaya, anjawi saking makatên, sarèhning amiyarsa wartos manawi Bambang Parasara katimbalan dhatêng Wiratha, botên purun sowan, Arya Sri Madewa andangu ingkang dados karana, Bambang Parasara botên amangsuli amung nêmbah tumungkul kadrêsan waspa, Arya Sri Madewa karêrantan tumut anahên waspa udrasa, Dhahyang Smarasanta akalihan Wasi Duma samya nglud bela karuna. Ing wêkasan pangandikanipun Arya Sri Madewa: Kulup ingsun iki wong atuwanira ing bênêre wênang awêwarah sabarang rèh kang amarakake rahayu, saka ing parimirmaningsun prayoga sira sebaa maring Wiratha, apa kang dadi dhawuhing parentah lakonana, karana ujaring bêbasan, brahmana raja dewa kasarira, tgêse: sapa kang maido wêwulanging brahmana prasasat amogok parentahing ratu, sapa kang ora anut parentahing ratu, prasasat anêrak wêwalêring dewa, sapa kang ora amituhu wêwalêring dewa, bakal anêmahi ila-ila, sapa kang kêna ing ila-ila, iku kasêbut anganiaya marang badane pribadi, marmane kulup aja akèh-akèh kang rinasa mundhak sangsaya rêkasa. Bambang Parasara tansah kèndêl sarywa wotsari tumungkul [tumungku...]

--- 5 : 115 ---

[...l] kemawon. Dhahyang Smarasanta akalihan Rêsi Duma sami matur ambêbolèhi dhatêng Bambang Parasara: Anggèr prayogi kapituhua pangandikanipun eyang jêngandika makatên punika, saking pamanah kula manawi kalêrêsan badhe andadosakên kamulyan, Bambang Parasara botên maelu malah èsmu rêngu lajêng angesahi. Mila Dhahyang Smarasanta akalihan Rêsi Duma sami matur sajarwa, dhatêng Arya Sri Madewa, manawi pamrayoginipun Arya Mudha Darma sagah adamêl dora sambada badhe matur dhatêng ratu ing Wiratha, Bambang Parasara kasêngadèkakên sawêg angupados rajapèni ingkang pantês kadamêl sêsaosan, Arya Sri Madewa dupi amiyarsa saking sajarwanipun Dhahyang Smarasanta kèndêl ing sanalika. Sarêng antawis dangu angandika: Yèn mangkana ingsun pirapêti amèt pamatara, duk maksihe kulup Bathara Sakri darbe ali-ali, rêtna musthikaning kuda saka ing Gujulaha, iku kewala ingsun aturne maring Prabu Wasupati, asêngadi manawa ingsun mêntas têtilik marang si kulup Parasara, durung mulih ênggone lunga angupaya rajapèni, kirim ali-ali rêtna musthikaning kuda kewala kinèn angaturêna maring Wiratha, iku saka ing pamatara baya dadi pangarêm-arêming galihira sri

--- 5 : 116 ---

narendra, karana rêtna musthikaning kuda iku darbe prabawa anututake turăngga ruci. Aturipun Dhahyang Smarasanta marêpêki sarwi abêbisik: Lah inggih kapasang yogya sangêt manawi makatên, sayêktosipun sêsran rêtna musthikaning kuda ing mangke kula rawati, bêbukanipun kala putra paduka Bathara Sakri muksa kasambut ing prang kalihan ratu brakasakan, punika kula wontên ing wisma, saking sangêting sungkawa ngantos atêtajin tadhah guling, dumadakan wanci bangun sumêrêp lintang alihan cumalorot dhawah ing pangkon kula, sarêng dangu kawistara manawi rêtna musthikaning kuda kagunganipun putra paduka Bathara Sakri ingkang kaangge sêsupe, sawêg kula candhak lajêng amiyarsa swara makatên: Ali-ali rêtna musthikaning kuda iku ing têmbe dadi jalaran ênggone bisa madêg ratu Bambang Parasara, ing sasampunipun abêbisik makatên, Dhahyang Smarasanta lajêng amêndhêt sêsran rêtna musthikaning kuda kaaturakên dhatêng Arya Sri Madewa, tinampèn andadosakên suka pirêna sarywa ngandika muga dèn bisa rêmit ing surasa iki aywa kongsi kajuara sarta dèn nastiti angati-ati rumêksanira marang Si Parasara, Dhahyang Smarasanta matur sandika. Ya ta enggaling cariyos Arya Sri Madewa mantuk, dumuginipun [du...]

--- 5 : 117 ---

[...muginipun] ing Wiratha sampun matur dora sambada, amirapêti ing pamrayoginipun Arya Mudha Darma, wêkasan anyaosakên kalpika rêtna musthikaning kuda, Prabu Wasupati anampèni dahat suka rêna anarima, ananging salêbêting batos taksih angêmu sănggarunggi, katăndha dènira lajêng adhêdhawah dhatêng Patih Wasita, manawi badhe angadani ajar-ajaran prang wontên ing pamedan.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Wasupati karsa ajar-ajaran prang sabên soma, lajêng ayasa gêlaring prang kados ing ngandhap punika namanipun: 1. mangkara byuha, inggih punika gêlar supit urang, 2. kagapati, inggih punika gêlar garudha anglayang, 3. ardacandra, inggih punika gêlar wulan tumanggal, 4. drianjala, inggih punika gêlar êmprit anêba, 5. limbungan, inggih punika gêlar lêlumbungan, 6. bajratiksna, inggih punika gêlar anggada lungid, 7. padmanaba, inggih punika gêlar tunjung karoban, 8. diradamêta, inggih punika gêlar liman angrok, 9. dumuk angun-angun, inggih punika gêlar banthèng ngamuk, 10. naga mangangkang, inggih punika gêlar naga angakak, 11. cakra swandana, inggih punika gêlar gilingan rata,

--- 5 : 118 ---

12. wukir jaladri, inggih punika gêlar sagantên ardi, 13. samudra pasang, inggih punika gêlar sagantên banjir, 14. durga marusit, inggih punika gêlar jurang sirung, kala samantên sarêng kalihan angyasani têngêraning prang.

Salêbêtipun ing warsa Rakcaha, etanging taun surya sangkala 594, tinêngêran karya ranggoning marga. Kaetang ing taun candrasangkala 612, tinêngêran bau tunggal angoyag langit.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari Gujulaha patilasan nagari Ngayodya tanah Indi, inggih punika ing Indhustan, ingkang jumênêng nata anama Prabu Partana putraning Prabu Partawijaya, mangkya nuju miyos sinewaka wontên ing păncaniti angrêmbag badhe têdhak dhatêng wukir Saptarga, atêtuwi ing putra pêpulunan Bambang Parasara, Patih Srênggara dinangu pawartosipun, angaturakên wiraosan saking para nangkodha, manawi Bambang Parasara, purun ambangkang timbalanipun ratu ing Wiratha, mangkana Prabu Partana duk amiyarsa aturing Patih Srênggara têka andadosakên wancak driya, pangandikanipun: Apa baya wus sarwa widagda ing saniskara si kulup Parasara ika, iya bokmanawa kèlingan tabêting băngsa satriya, mulane kudu

--- 5 : 119 ---

anggayuh kaprawiran, sasampunipun ngandika makatên, lajêng dhawah tata-tata bêbêktan ingkang badhe kadamêl angsal-angsal, sarêng sampun sarwa mirantos, ing antawis dintên mangkat.

Ya ta gêntos kacariyos nagari ing Kasi tanah Indi inggih Indhustan, ingkang jumênêng nata anama Prabu Sadhamuka, kasêbut nama Prabu Kasindra putraning Prabu Ambinasa, mangkya amarêngi miyos sinewaka wontên ing panangkilan, angraosakên pangandikanipun ingkang ibu Dèwi Wayasi, manawi Prabu Sadhamuka darbe kadang pêpalihan anama Bambang Parasara ing wukir Saptarga, Patih Kasipu dhinawuhan kinèn amatah punggawa ingkang badhe dinuta amurugakên pakêkintun, ing antawis dintên sampun samaos ingkang lumaksana ambêkta nawala patra anama Arya Sodhaka, angkatipun amung kanthi wadya panêkar ing sawatawis.

Wau ta kawuwusa lampahipun Prabu Partana, mangkya dumugi ing wukir Saptarga, kapanggih kalihan Bambang Parasara, sampun kasêrêpakên dhatêng Dhahyang Smarasanta manawi Prabu Partana punika arinipun ingkang ibu Dèwi Sati, dados kalêrês ingkang paman piyambak, mila Bambang Parasara [Para...]

--- 5 : 120 ---

[...sara] lajêng purun angabêkti dhatêng Prabu Partana, sarêng sampun rêrêm, Prabu Partana andangu yêktining pawartos manawi Bambang Parasara lênggana katimbalan dhatêng Wiratha, Dhahyang Smarasanta matur anyêrêpakên ingkang dados pambangkangipun Bambang Parasara amung sumêlang manawi amanggih pakèwêd. Sawêg kèndêl dènira sami angraosakên ingkang dados sandeyaning galih, kaparêngan praptanipun Arya Sodhaka, dinangu dhatêng Prabu Partana angakên dutanipun Prabu Sadhamuka ing Kasi, kinèn amaringakên nawala patra sarta pakêkintun dhatêng Bambang Parasara, sêrat katampèn dening Prabu Partana lajêng kaparingakên dhatêng putra Bambang Parasara, binuka suraosipun anyariyosakên pangandikanipun ingkang ibu Dèwi Wayasi, kala puruhita dhatêng Bathara Prawa ing wukir Saptarga, punika Dèwi Wayasi, pinalar darah kinèn anêsêpi wayahipun nama Bambang Parasara tinilar seda ingkang ibu, kalampahan anêsêpi ngantos dumugi kasapih pisan, dados saking pangetangipun Prabu Sadhamuka kalêrês kadang tunggil sêsêpan kalihan Bambang Parasara, mila manawi parêng taksih karaharjan, Bambang Parasara kapurih sowan ing ibu Dèwi Wayasi dhatêng Kasi, amargi ingkang ibu sangêt onêngipun, dènira

--- 5 : 121 ---

pisah awit sapihan ngantos tigang dasa warsa dèrèng amiyarsa pawartosipun, sarèhning kang ibu sampun sêpuh asring andhawahakên pangandika makatên: Sanadyan ingsun tumêkèng jangji anggêr wus wêruh warnane putraningsun Bambang Parasara sayêkti anarima, ing wasananipun suraosing sêrat, amaringakên pakêkintun saking kang ibu Dèwi Wayasi, kawontênanipun wêdalan nagari ing Kasi dahat sumapala, èsthining galih amung dadosa pratandhanipun sami karaharjan kemawon, sarêng sampun têlas pamaosing sêrat Bambang Parasara tumungkul arawat waspa. Sêrat tiningalan dhatêng Prabu Partana katupiksa ing sasuraosipun lajêng angandika makatên: Iki pitulung saka parmaning dewa, Dhahyang Smarasanta akalihan Wasi Duma sami jinatosan ungêling sêrat dahat suka sukur, Prabu Partana angandika malih, manawa padha kasêmbadan ing kapti luwih prayoga tinuruta, karana ing Kasi iku ratu gêdhe, bokmanawa kêna kinarya tanggulanging baya pakewuh, bêbasane kadang tunggal sêsêpan ika wênang susup-sinusupan, dene ingsun iya ngatêrake maring Kasi minăngka tăndha yèktining kang kasêsêpan. Ya ta Bambang Parasara duk amiyarsa pangandikanipun ingkang rama Prabu

--- 5 : 122 ---

Partana têka kapinujon ing karsa, Dhahyang Smarasanta akalihan Wasi Duma sami anayogyani, nuntên sami tata-tata matah ingkang umiring utawi ingkang tinanggênah têngga asrama, sasampunipun sarwa amirantos, sami mangkat sasiswa kuswa sadaya, ingkang kantun amung para gindhu, ngindhung galuntung uyuguntung kemawon. Botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, andungkap dumugi laladaning tanah Kasi kapêthukakên ing brahmana satunggal sakalangkung agêng inggil, tinakenan angakên nama Maharsi Wyasa tanpa wisma tan adarbe asrama, amung lêlana anjajah wana wukir dènira angupados badhe bapa, singa ingkang kuwawi anêmbadani karosanipun inggih punika dados bapa sajati. Sasampunipun sajarwa makatên Maharsi Wyasa anantang jungjung-jungjungan, sakathahipun ingkang tinantang botên wontên kang kadugi anglawan, mila Maharsi Wyasa muwus saha saulon: Ah punapa cidra sipta sasmitaning dewa ingkang kawasita, manawi badhe bapa kula wontên ing ngriki, Prabu Partana amangsuli: Dhuh sang brahmana, inggih botên maibên manawi ijêngandika antuk sipta sasmitaning dewa, ananging sarêng ijêngandika mawi anantang ngabên karosan punika măngsa wontêna ingkang kadugi nglawan, awit dening [de...]

--- 5 : 123 ---

[...ning] suwarna ijêngandika angajrih-ajrihi makatên, sumêlanging manah manawi kabanting botên wande anêmahi antaka. Sang Maharsi Wyasa duk miyarsa gumujêng latah sarwya muwus: Dhuh pangagênging lampah, kauningana sami-sami bayu suta kula botên nate amêmêjahi sagunging tumitah, karantên sampun aprasêtya sagêda rumêksa titahing dewa sadaya, kayêktosanipun lah suwawi kula kajungjunga rumiyin, singa ingkang kuwawi amasthi kula lajêng kawon kemawon, botên susah mawi amalês gêntos anjujung, manawi botên wontên ingkang kuwawi anjujung dhatêng kula, punika saèstunipun kula ingkang mênang, dados dèrèng kapanggih anggèn kula angupadosi badhe bapa, amung makatên kemawon pakèwêd punapa. Mangkana Prabu Partana dupi amiyarsa wuwusipun Maharsi Wyasa mantun sandeyaning galih, lajêng badhe anyoba, sarêng kalampahan anjujung botên kuwawi, nuntên gêntos-gêntos ingkang anjujung dhatêng Maharsi Wyasa mêksa botên wontên kuwawi, ing wêkasan Bambang Parasara tumandang, lajêng kaangkat kadi anjujung mêrang sagèdhèng. Wuwusipun Maharsi Wyasa: Lah sapuniki kula sampun kawon andadosakên sukaning manah dene kapanggih kalihan badhe bapa, suwawi

--- 5 : 124 ---

kasèlèhna kula angabêkti, dupi kasèlèhakên Maharsi Wyasa kalampahan angabêkti lajêng muksa, botên antawis dangu wontên cahya gumilang saking awang-awang manjing dhatêng Bambang Parasara, sakathahe ingkang tumingal sami suka sukur sadaya. Nuntên anglajêngakên dènira lumampah, sampun botên wontên sangsayaning margi, dumuginipun nagari ing Kasi kapêthukakên dene pakurmatan maneka warni, Prabu Partana kalihan Bambang Parasara sami kaaturan lumêbêt ing dalêm pura, kapanggih kalihan Prabu Sadhamuka tuwin ingkang ibu Dèwi Wayasi, Bambang Parasara lajêng angabêkti dhatêng ingkang ibu, tansah pinêngkul sarwi tinangisan. Pangandikanipun Dèwi Wayasi: Dhuh rahayune putraningsun maksih ginantungan wahyu, amung padha kabêsturon dene kongsi diwasa ora warta winartakake. Sasampunipun makatên lajêng sami băjana andhatêngakên suka, Prabu Partana anyariyosakên ing lêlampahanipun Bambang Parasara sadaya, Prabu Sadhamuka dahat pangungunira ananging mawi sandeya salêbêting galih, bokmanawi badhe mêmêngsahan kalihan ratu ing Wiratha, mila sarêng antawis dintên Bambang Parasara kapuruhitakakên dhatêng Bagawan Wisawlagni, raja pandhita dibya sakti ingkang mangasrama

--- 5 : 125 ---

wontên imbanging wukir Rêsyasrêngga, kalampahan winulang salwiring guna kasantikan miwah jaya kawijayan, dumuginipun ing kasampurnan, Bambang Parasara sampun sarwa widagda.

Amarêngi masa manggakala, Bambang Parasara pamit ing sang raja pandhita, wangsul dhatêng Kasi sampun kalilan, angkatipun mawi kabêktan putra anama Wasi Jawalagni, kinèn anganthia, sarêng dumugi ing Kasi Prabu Partana anêmbung dhatêng Prabu Sadhamuka, manawi Bambang Parasara badhe kabêkta dhatêng Gujulaha, tanah Indhustan, ing benjang antawis masa inggih wangsul dhatêng Kasi malih, Prabu Sadhamuka kaparêngan ing karsa, nuntên dhawah anata pangruktining lumaksana, ing antawis dintên sampun sarwa samakta mangkat, botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, dumuginipun nagari ing Gujulaha, Bambang Parasara tansah dipun bêbingah galihipun, kapariksakakên sakathahing patilasan kala jamanipun Sri Maha Raja Bathara Ramawijaya, ing wêkasan kapuruhitakakên dhatêng Rêsi Sarmadana sarêng akalihan ingkang putra piyambak Radèn Partayatnya winulang salwiring basa krama paramasastra, miwah mardawa lagu ing sapanunggilanipun, sakalihan sampun sami putus sadaya, andadosakên suka sukuripun Prabu Partana.

--- 5 : 126 ---

Amarêngi masa palguna, Prabu Partana ing mangke wangsul dhatêng Kasi angirid Bambang Parasara, dumugi ing Kasi andadosakên suka sukurira Prabu Sadhamuka, dene ingkang rayi Bambang Parasara mindhak ing kabangkitanipun, nuntên adhêdhawah dhatêng Patih Kasipu kinèn angrakit pagrogolan, Prabu Sadhamuka badhe anênumpu sato wana, Patih kasipu matur sandika, ing antawis dintên anyaosi uninga manawi pagrogolan sampun dados, Prabu Sadhanamuka lajêng têdhak kalihan Bambang Parasara, Radèn Partayatnya Wasi Jayalagni para punggawa kapilihan ingkang anèm-anèm kemawon, Prabu Partana kantun atêngga pura, sarêng Prabu Sadhamuka dumugi ing pagrogolan, Patih Kasipu dhawah dhatêng para panglima ing dhusun kinèn ambêrêg sato wana, dumuginipun ing ngarsa nata lajêng sami jinêmparingan, ya ta sadangunipun andhatêngakên suka dènira parêng anjêmparing sato wana, ing nalika punika sami amiyarsa swaraning pawèstri karuna, sêsambat amlasarsa, rinuruh kapanggih sampun kèrid dumugi ing ngabyantara nata, dinangu matur anama Endhang Nariti, sutaning Wiku Panurta, dinangu malih ingkang dados darunaning karuna, wontên ing pagrogolan, [pagrogo...]

--- 5 : 127 ---

[...lan,] angaturakên bêbukanipun makatên: Kala wulan ingkang sampun kapêngkêr wontên raksasa wasta Sang Krudhaksi, punika angajêngakên dhatêng kawula, badhe kaangkah dados semah, ananging pun rama Sang Wiku Panurta botên suka, kawula inggih sangêt lumuh, manawi karabia dhatêng raksasa, Sang Krudhaksi arsa paripêksa badhe amarawasa, pun rama katrêsan ing manah têmah darbe pambudi, kawula dipun malihakên warni dados kidang, sang raksasa katambêtan dhatêng warni kawula sajati, ing wêkasan pun rama winisesa lajêng muksa, kawula kesah dhatêng wana dumugi sapriki tansah taksih kaupadosan, dhatêng raksasa Sang Krudhaksi, sarèhning kawula ing mangke sampun waluya warni sajatining janma botên sumêrêp marginipun, punika sumêlanging manah manawi kapanggih dening sang raksasa, sintên ingkang angêkahi badan kawula, milanipun lajêng karuna angaru-ara, têlas aturipun Endhang Nariti. Prabu Sadhamuka pangandikanipun kadi angêmuk kasmaran: Lah iya sapa manèh kang sayogya angukuhi badanira kajaba mung ingsun, eman-eman lamun kawêngkua dening raksasa gêlah-gêlahing jagad. Sawêg kèndêl samantên pangandikanipun Prabu Sadhamuka katungka amiyarsa pangriking raksasa, sampun [sa...]

--- 5 : 128 ---

[...mpun] kakintên manawi Sang Krudhaksi kawistara para wadya punggawa sami kagegeran, mila Prabu Sadhamuka botên sarănta lajêng amêthukakên, campuhing prang langkung rame gêntos kalindhih, ananging dangu-dangu Prabu Sadhamuka radi karepotan, Bambang Parasara uninga manawi ingkang raka kawratan tandhing, ing ngriku nglêpasakên jêmparing cumundhuk dhatêng raksasa pêjah kapisanan. Prabu Sadhamuka lajêng angrangkul dhatêng ingkang rayi Bambang Parasara pangandikanipun sarwi angalêmbana: Lah iki swargane wong darbe kadang sakti măndraguna widagda ing saniskara, kawasa ananggulang satru bisa angrabèkake ayu. Sasampunipun angandika makatên, Prabu Sadhamuka lajêng dhawah kondur, botên antawis dangu mangkat saha wadya punggawa ingkang umiring sadaya, dumugi ing pura sami wartos-winartosan andadosakên suka sukuripun ingkang ibu, sarêng antawis dintên, Endhang Nariti kainggahakên dados pramèswari nata, mawi binawahan satataning pangantèn, dhaup andhatêngakên suka.

Amarêngi masa srawana, kacariyos Bambang Parasara ing mangke kondur dhatêng Saptarga, mawi kinanthèn punggawa ing Kasi wasta Arya Sodhaka, sarta kabêktan barang maneka warna, [war...]

--- 5 : 129 ---

[...na,] dumugi ing Saptarga lajêng anarubakên sagunging kawulawarga, miwah para mitra sadaya.

Salêbêtipun ing warsa Minggala, etanging taun surya sangkala 595, tinêngêran marganing trustha wisaya sirna. Kaetang ing taun candrasangkala 613, tinêngêran gunaning wong karêngèng wiyat.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Siwandapura, tanah Ngindi inggih Indhustan, ingkang jumênêng nata putra panênggaking Ngastina, nama Radèn Bahlika, punika anggêntosi marasêpuh ingkang anama Prabu Bahlika, Radèn Bahlika lajêng nama Prabu Bahlika kaping kalih, kacariyosakên makatên bêbukanipun ing ngajêng, kala Radèn Bahlika kesah saking Ngastina, anumpal kèli ngantos dumugi ing Siwandapura, punika kaparêngan anuju wontên sayêmbara pinilih, putranipun Prabu Bahlika ingkang nama Dèwi Bahili, botên purun kakramakakên, kêdah amilih ingkang dados sênênging manahipun piyambak, mila kalampahan Prabu Bahlika adamêl sayêmbara singa ingkang kapilih dhatêng Dèwi Bahili inggih lajêng kadhaupakên, kala samantên akathah para nata satriya măncapraja ingkang sami ngadêgi sayêmbara, [sayêmba...]

--- 5 : 130 ---

[...ra,] ananging botên wontên ingkang kapilih dhatêng Dèwi Bahili, ing nalika punika Radèn Bahlika aningali sayêmbara, katingal saking pêpanggungan lajêng katudingan dhatêng Dèwi Bahili sarywa matur ing rama nata, manawi ingkang kapilih tiyang taruna wontên sajawining kênthêng aningali sayêmbara, ing ngriku Radèn Bahlika tinimbalan prapta, kadangu ing nama miwah pinangkanipun matur sajarwa, Prabu Bahlika gumujêng suka, dene Radèn Bahlika anyamèni namanira: pangandikanipun, baya wus pinasthi karsaning dewa putra ing Ngastina, dadi jodhone putraningsun, dene arane têka padha lawan namaningsun, sasampunipun makatên, sarêng ing dintên punika ugi Radèn Bahlika kadhaupakên akalihan Dèwi Bahili. Sakathahipun ingkang ngadêgi sayêmbara sami anarima saking parimarma sarta anampèni gêganjaran maneka warna, ing antawis dintên Prabu Bahlika sèrèn kaprabon dhatêng putra mantu anama Prabu Bahlika kaping kalih. Sarêng Prabu Bahlika sêpuh muksa, Prabu Bahlika kaping kalih kemutan sedanipun ingkang rama Prabu Pratipa kasambut ing prang anglurug dhatêng Wiratha, mila ing mangke andhawahakên undhang tata-tata samaptaning ayuda, karsa nata badhe ambêdhah nagari ing Wiratha, sasampunipun sarwa

--- 5 : 131 ---

amirantos lajêng mangkat saking Siwandapura. Botên kacariyos laminipun wontên ing margi, dumugi laladaning tanah Wiratha, Prabu Bahlika kintun sêrat dhatêng Ngastina, ingkang rayi Prabu Santanumurti kinèn samapta dènira badhe ambêdhah ing Wiratha, ananging winangsulan botên amrayogèkakên, awit kinintên măngsa kuwawia anyanggi wawratipun para prawira ing Wiratha, kawasaa ambêdhah kala ingkang rama Prabu Pratipa. Sarêng Prabu Bahlika winangsulan makatên dahat brahmantya lajêng anglurug dhatêng Ngastina, Prabu Santanumurti botên anglawan prang, amung tansah matur parimarma angemutakên sampun ngantos kalajêng-lajêng makatên, angowêla karatonipun ing Siwandapura, nagari agêng kinèringan sasamining ratu amănca. Prabu Bahlika sangsaya duka anglêpasi jêmparing ananging botên mikantuki dhatêng ingkang rayi, dangu-dangu Prabu Bahlika kumuritên lajêng marêpêki arsa angrukêt, Prabu Santanumurti andhatêngakên angin, ing sanalika Prabu Bahlika sawadyanipun sami katut ing maruta lajêng kondur dhatêng Siwandapura, dèrèng antawis lami undhang samapta ing ayuda badhe wangsul dhatêng Ngastina malih, ananging pinambêngan dening para punggawa, ing wêkasan kêndho galihipun.

--- 5 : 132 ---

Salêbêtipun ing warsa Nala, etanging taun surya sangkala 596, tinêngêran angrasa trus tataning barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 614, tinêngêran warna janma angraras kasunyan.

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Malawa tanah Indi, inggih Indhustan, ingkang jumênêng nata anama Prabu Pilawa, putraning Prabu Srama ing Timpuru, kang ibu Dèwi Basuwati, putraning Prabu Basukèsthi ing Wiratha, Prabu Pilawa amiyarsa pawartos bêbaratan, manawi nagari ing Wiratha tanpa ratu, awit dènira kalap wontên ing Kêdhung Jamuna, wêkasan krama antuk mina rinuwat dados janma, mila ratu ing Wiratha wirang lajêng jêngkar saking praja, pawartos makatên punika andadosakên sungkawaning galihira Prabu Pilawa, amargi ketang ingkang rayi nak-sanak, kala samantên badhe kayêktosakên piyambak dhatêng Wiratha, ari nata Arya Palawa dhinawuhan atêngga praja. Sarêng antawis dintên Prabu Pilawa mangkat amung kanthi wadya ing sawatawis, botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, dumugi laladaning tanah Wiratha kapêthukakên akalihan Prabu Wasupati nuju cangkrama pitêr puja, takèn-tinakenan sami sajarwa lajêng kabêkta kondur dhatêng [dha...]

--- 5 : 133 ---

[...têng] nagari ing Wiratha. Sasampunipun sinambrama ing pambagya, Prabu Pilawa anglairakên saèsthining galih, ingkang sapisan, dhasar sêdya têtuwi ing karaharjanipun, kaping kalih anyêktosakên saking pamirêngipun, sarêng sampun kalairakên sadaya, ing ngriku Prabu Wasupati gumujêng suka, lajêng gêntos anyariyosakên lêlampahanipun, Prabu Pilawa duk amiyarsa langkung ngungun, enggaling cariyos Prabu Pilawa dènira wontên ing Wiratha amung satêngah wulan, tumuntên kondhur dhatêng Malawa.

Amarêngi masa srawana, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati karsa mêmule aswamedha, têgêsipun kapal ingkang kadamêl sidhêkahan, sakathahing para brahmana rêsi sewa sogata sami angalêmpak wontên ing pamedan sadaya, Prabu Wasupati andhawahakên pangandika makatên: Sagung pawong mitra kula para brahmana rêsi sapanunggilanipun, sami kula têdha mantrastuti ijêngandika dhatêng Bathara Suksma kawêkas, supados kula kaparingana momongan putra malih, mijila saking garwa kula Dèwi Swargandini punika. Kèndêling pangandika nata lajêng dhawah ambêsmi dupa ratus sarta sêsirat găndawida miwah sêsawur puspitasari, nuntên para brahmana rêsi ing sapanunggilanipun [sapanunggila...]

--- 5 : 134 ---

[...nipun] sadaya, sami asêsanti mantrastuti umung swaranira barung kalihan ungêling gêntha kêkêlèng. Kèndêlipun ing sêsanti mantrastuti, kuda lajêng dipun uculakên kaêtut wingking sapurugipun ngantos dumugi sajawining pamedan, ing ngriku turăngga kèndêl anêdha pupus pisang gumpês dalah papahipun, kuda lajêng kabêkta wangsul katur ing ngabyantara nata Prabu Wasupati, dhawah kinèn amardèni sipta sasmitaning dewa makatên punika. Aturing para brahmana rêsi sapanunggilanipun, Prabu Wasupati kaaturan mupus saking pêpasthèning dewa, manawi ing wingking sampun botên sagêd apêputra malih, mênggah ingkang dados sababipun anyumanggakakên. Kala samantên Prabu Wasupati, kaèngêtan dènira anglampahi dahwèn dhatêng saniskara, kakintên bokmanawi punika ingkang dados sababipun, kadhawahakên dhatêng para brahmana rêsi kaèngêtan wau. Lajêng wontên ingkang matur sajatosipun kala angruwat ulam dados pawèstri wêkasan kagarwa, punika kalêbêt padamêlan dahwèn, dhatêng panguyanipun, ingkang matur makatên lajêng muksa, Prabu Wasupati akalihan para brahmana rêsi sewa sogata sami kagawokan sadaya, sampun kakintên manawi punika Sang Hyang Wisesa tumêdhak amêmindha

--- 5 : 135 ---

brahmana, mila Prabu Wasupati dahat analăngsa, sasampunipun makatên lajêng băjana akalihan para brahmana rêsi sewa sogata sadaya, bibaring pambojana sami kalilan mantuk sowang-sowangan.

Salêbêtipun ing warsa Pilawangka, etanging taun surya sangkala 597, tinêngêran rêsi trustha marganing muksa. Kaetang ing taun candrasangkala 615, tinêngêran gati tunggal pangrasa.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Manggada tanah Indi inggih Indhustan, ingkang jumênêng nata anama Prabu Wasita, sèrèn kaprabon dhatêng putra sêpuh, anama Prabu Waskitha, sarêng sampun kabayawarakakên, ing nalika punika Prabu Wasita asêsilih nama Bagawan Manggada, lajêng utusan dhatêng Wiratha, amalarsih pasitèn badhe kadamêl padhepokan, kalilan kinèn milih ingkang kasênêngan, kala samantên wontên ingkang kapilih wasta dhusun ing Wanasri, lêladan dhusun ing Wanamarta, Prabu Wasupati amarêngakên Bagawan Manggada lajêng ngalih dhatêng dhusun ing Wanasri, abêbadhe padhepokan, sasampunipun paripurna pasangrakiting asrama, lajêng kasêbut nama padhepokan ing Manggada, botên lami Bagawan Manggada muksa, Prabu Wasupati dupi

--- 5 : 136 ---

amiyarsa langkung ngungun.

Amarêngi masa srawana, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati antuk sipta sasmitaning dewa katingal salêbêtipun ing supêna, kinèn wisata anamurkula dhatêng padhusunan, enjingipun kalampahan tindak anamurkula amung kalihan ingkang rayi Arya Prabu Kestawa, Patih Wasita, Arya Manungkara, kanthi wadya alit ing sawatawis. Sarêng dumugi ing dhusun Sumêdhangan, amiyarsa ungêling maesa kados swaranipun tiyang sêsambat lajêng pinurugan, kapanggih ingkang kapiyarsa wau maesa dipun gêbagi ing têtiyang sarwi kauman-uman makatên: Iki panêmunira ing mêngko wus dadi kêbo têka dadak angamuk, mundhak dak gêbugi pisan, lah ing ngêndi ana wong pinardi sastra kewala ora miturut, ingkang anamurkula aningali wontên têtika makatên sami angungun. Patih Wasita kinèn andangu karana, wangsulanipun ingkang kadangu makatên: Kauningana ing paduka priyantun, mila maesa punika kula gêbagi, sarta tansah kula uman-uman, sajatosipun punika anak kula jalu awasta pun Jaka Wignya botên amituhu pamardining bapa, têmahanipun dados bodho, botên sumêrêp [sumêrê...]

--- 5 : 137 ---

[...p] ing sastra, botên sagêd tata basa, saking kakêning manah kula ngantos kawêdal makatên: Bocah kaya kêbo mêngkono ora patut anggêntèni kalungguhanaku dadi panyarikan, măngka margane ênggonku olèh kalungguhan kasêbut aran Ki Carik Sarjana iki, saka landhêping budi wêkasane duwe anak bodho kaya kêbo, sawêg kèndêl samantên wicantên kula pun Jaka Wignya katêmahan dados maesa lajêng ngamuk, sarêng kenging kabăndawasa dhatêng têtiyang ngakathah ngantos dipun cancang, lajêng kula gêbagi punika, ing dalêm tigang dintên botên kula pakani punapa-punapa, malah tansah kula uman-uman kemawon, têlas aturipun panyarikan ing dhusun Sumêdhangan. Prabu Wasupati kinèn andangua, kapan dènira maluyakake suta kang katêmahan salah rupa, sampun kadangu, wangsulanipun botên sagêd angruwat dados janma malih amargi dèrèng sumêrêp patraping maluyakakên papa cintraka. Pangandikanipun Prabu Wasupati: Upama ana kang bisa angruwat, apa sakirane dadi suka pirênanira. Panyarikan amangsuli: Lah inggih makatên saèstunipun, Prabu Wasupati angandika malih: Sadurunge waluya sutanira, ingsun awêwarah dhingin, [dhingi...]

--- 5 : 138 ---

[...n,] kang sapisan wong adarbe suta jalu, iku prayoga suwitakna ing wong agung, manawa kinêmulan dhewe mundhak ugungan, kapindhone wong adarbe suta jalu iku, bêcik puruhitakna marang wong sujana, manawa pinardi dhewe mundhak rêkasa, kaping têlune wong adarbe suta jalu, iku pantês katuntuna ulah têtaki sarta katetaha panggawe tabêri, manawa dèn uja kewala mundhak andaluya dadi watak sungkanan, kaping pate wong adarbe suta jalu iku kudu ulatna ing sasolah bawane, manawa kabêsturon mundhak andadèkake kaluputan anglèpèti wong atuwa. Wangsulanipun Ki Carik Sarjana, lah inggih mugi sagêda angèstokakên, nuntên Arya Manungkara kadhawahan kinèn angruwat maesa, sampun kalampahan ing sanalika nirmala waluya jatining janma. Lajêng katêmbung badhe dipun suwitakakên dhatêng têtiyang agêng, ki panyarikan amborongakên lajêng kabêkta kondur, dumugi ing dhusun Katripala paminggiring kitha, amarêngi wanci sêrap surya, uninga têtiyang jalu èstri sami mêdal saking pakarangan, dinangu aturipun badhe angungsi dhatêng kitha, amargi sami ajrih ing wêwêdos êntut berut. Ingkang namurkula sami gumujêng lajêng andangu: Iku [I...]

--- 5 : 139 ---

[...ku] mêmêdi apa gene aran êntut berut, wontên tiyang satunggal ingkang matur makatên: Sampun pitung dalu punika sabên dalu kadhatêngan mêmêdos mawi angêntut, awit sêrap surya dumugi bangun enjing swaranipun kapiyarsa, brat brut brat brut mambêt bacin anggabrat, têtiyang salêbêting pakarangan ing Katripala botên wontên ingkang tahan mambêt êntut bacin ngantos sadalu muput, mila kalampahan ing sabên sêrap surya sami angili sowang-sowang, enjing mantuk sêrap surya ngili malih ing dalêm pitung dintên tansah makatên kemawon. Ya ta Prabu Wasupati dupi amiyarsa aturipun têtiyang Katripala têka andadosakên kadarpaning galih kêdah angyêktosakên lajêng lumêbêt ing pakarangan. Botên antawis dangu amiyarsa swaraning êntut brat brut brat brut ambêtipun bacin anggabrat, Arya Manungkara kadhawahan lajêng amêndhêt oyod bayura ingkang katilar wontên ing wisma, sami sanalika wangsul dumugi prênah sangkaning êntut kasabêt ing oyod bayura, lajêng katingal wontên tiyang èstri satunggal endah warninipun, tansah angêntut kemawon, dinangu matur: Kawula putri pêri wasta Dèwi Wami kasêbut nama sundêl bolong dobol, amargi saking sugih êntut [êntu...]

--- 5 : 140 ---

[...t] ambêtipun sumalin-salin, 1. mambêt bacin dangu-dangu sangsaya bangêr, 2. mambêt amis, dangu-dangu sangsaya arus, 3. mambêt pêsing, dangu-dangu sangsaya pêngak pêngar, 4. mambêt sangit, dangu-dangu sangsaya têngik alêdhis, 5. mambêt apêg, dangu-dangu sangsaya pênguk alêbus, 6. mambêt langu, dangu-dangu sangsaya wêngur anglêka, 7. mambêt sêngir, dangu-dangu sangsaya lêngis asêgêr, 8. mambêt sêdhêp, dangu-dangu sangsaya marbuk awilêt, 9. mambêt wangi, dangu-dangu sangsaya arum angambar. Mênggah sababipun sugih êntut punika saking prabawaning lisah ingkang wontên ing dalêm rahsa kathahipun sangang wadhah: 1. lisah gacêng, ambêtipun bacin, winadhahan akik abrit, 2. lisah sawa, ambêtipun amis, winadhahan akik biru, 3. lisah kowangan, ambêtipun pêsing, winadhahan akik dadu, 4. lisah nyamu, ambêtipun sangit, winadhahan akik jênar, 5. lisah gandarwa, ambêtipun apêg, winadhahan akik cêmêng, 6. lisah sêgunggu, ambêtipun langu, winadhahan akik kapurănta, 7. lisah srêngan, ambêtipun sêngir, winadhahan akik wungu, 8. lisah twasni, ambêtipun sêdhêp, winadhahan akik ijêm, 9. lisah sari, ambêtipun wangi, winadhahan akik [aki...]

--- 5 : 141 ---

[...k] pêthak. Dene anggèn kula sabên dalu dhatêng ngriki punika angupados ingkang sagêd anyampurnakakên jiwa raga, supados mulyaa anunggil kalihan widadari sajati, sampun pijêr dados pêri makatên, saking pangèsthi kawula manawi wontên ingkang purun amêjang sampurnaning jiwa raga wau, lisah sangang wadhah kula lilakakên kadarbea ing tiyang punika, inggih sanadyan langkung sumapala, ananging prabawanipun agung, upami amanggih pakèwêd sagêd angêdalakên kamayan durgandana, tumanduk dhatêng mêngsah andadosakên mirising manah, têlas aturing Sang Dèwi Wami. Arya Manungkara andangu malih: Manawa ana kang kaduga amêjang kaya pangèsthimu iku, laju andarbeni lênga sangang wadhah amêsthi sugih êntut wêkasane kaerang-erang ing janma. Dèwi Wami amangsuli sarwi gumujêng: Manawi botên dumunung ing dalêm rahsa măngsa sugiha êntut kados kula, mênggah prayoginipun dumununga wontên ing wadhah dêdamêl kemawon upami kadhatêngan baya pakèwêd, pucuking warastra kadumukna ing lisah sasênêngipun, kalêpasakên lajêng darbe prabawa gănda kamayan dados pikêkêsing mêngsah. Ya ta Prabu Wasupati dupi amiyarsa aturira Dèwi Wami têka andadosakên kadarpaning galih, lajêng adhêdhawah [adhêdha...]

--- 5 : 142 ---

[...wah] dhatêng Arya Manungkara kinèn amêjanga dhatêng Dèwi Wami ing sadalu punika. Dèwi Wami sampun kawêjang kasampurnaning jiwa raga, anampèni lajêng muksa, atilar lisah sangang wadhah kasaosakên dhatêng Prabu Wasupati langkung suka, nuntên sakathahing têtiyang Katripala kinalêmpakakên, sami winartosan manawi mamêdos êntut berut sampun sirna, dhinawuhan wangsul sadaya, sarta pinaringan kancana ing sapantêsipun sowang-sowang dahat sami suka sukurira. Prabu Wasupati lajêng kondur sarwi rêraosan turut margi: Wong tabêri wisata namurkula iku, anggêr tan kabarabehan, andadèkake kaundhakan. Patih Wasita matur kasinggihan ing pangandika nata, mila prayoginipun sagêda têdhak amubêng-mubêng amariksani saniskara, ing sabên sawulan sapisan kemawon sampun sêdhêngan. Prabu Wasupati kasêmbadan ing galih. Sarêng enjingipun Patih Wasita kadhawahan amaringakên Jaka Wignya dhatêng punggawa juru pamardi, kinèn amulang kagunan. Kala samantên Prabu Wasupati kêrêp têdhak mubêng-mubêng sajawining nagari, têrkadhang dhatêng padhusunan ingkang têbih nagari, sarêng mariksani padhêkahan ing Manggada, kacaryan ing galih, lajêng dhawah kinèn ambadhèni

--- 5 : 143 ---

kitha ingkang prayogi.

Antawis ing dalêm tigang taun surya botên wontên ingkang kacariyosakên.

Kacariyos, wiwit taun surya ăngka 501, dumugi ăngka 600, taun candra wiwit ăngka 516, dumugi ăngka 618, dipun wastani jaman pêrbawa, wiyosipun salêbêtipun jaman wau, nuswa Jawi kathah karamean, panjênêngan nata binathara ing Wiratha, tansah mangun kawibawan têtingalan maneka warni.

_________

Sapta Mahkandhêh: Bab Kaping 7.

Babaranipun Sêrat Mahapatra, kaperang dados wolung lampahan, perangan ăngka 1, nama Sêrat Wahanyapurwa, kaanggit dening Êmpu Tapawangkêng ing Mamênang, panganggitipun nalika taun surya sangkala 853, taun candrasangkala 879.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbuka kacariyosakên rumiyin tumrap ing Sêrat Wahanyapurwa, ing salêbêtipun warsa Sambrama, etanging taun surya sangkala

--- 5 : 144 ---

601, tinêngêran tunggal barakaning rasa. Kaetang ing taun candrasangkala 619, tinêngêran gapuraning ratu rinaras swarga.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Basukêthi, ingkang sampun sêsilih nama Prabu Wasupati, têdhak dhatêng kitha enggal salêbêting padhepokan ing Manggada, dumuginipun ing ngriku andhawahakên manawi kitha enggal punika winastan nagari ing Wiratha, saking karsanipun Prabu Wasupati angadhaton kitha kêkalih, manawi măngsa têrang angadhaton kitha lami, manawi măngsa rêndhêng angadhaton kitha enggal, Patih Wasita lajêng ambayawarakakên waradin, dumugi ing amăncapraja, sarêng ing antawis dintên Prabu Wasupati kondur dhatêng kitha lami malih. Tumuntên wontên lêlayu saking Madraka angaturi uninga manawi Bagawan Srimanasa muksa, Prabu Wasupati angungun ing wêkasan arawat waspa. Ing nalika punika Arya Srimadewa kadhawahan anglayad dhatêng Madraka, angkatipun lêlancaran amung kanthi wadya panêkar ing sawatawis, sarêng dumugi ing Madraka kapanggih kalihan Prabu Mandrakumara miwah Dèwi Artati, taksih sami angêmu sungkawa, lipuripun dening kaimur dhatêng Arya Srimadewa, kinèn sami amupus [amu...]

--- 5 : 145 ---

[...pus] ing pêpasthèn sarta anarima saking karsaning kang kawasa. Ya ta kacariyos Arya Srimadewa, laminipun wontên ing Madraka amung samadya căndra lajêng mantuk. Dumugi ing kikis kitha kapêthuk akalihan tiyang jalu satunggal lumajêng kapiandhêm, sarya tansah muwus makatên: Bêndara Arya Srimadewa kawula nuwun gêsang, ing nalika punika lajêng kaandhêg sarta dinangu karananira asêsambat Arya Srimadewa. Wangsulanipun sarwi angunjal napas: Lah mangke ta priyantun, kula punika enggal-enggalan badhe dhatêng Madraka, angupadosi Arya Srimadewa, sêdya anuwun putilung gêsang, awit kabujung ing ulêr taun agêngipun salumbung bandhung, punika paksa amăngsa dhatêng kula sampun kaping pintên kemawon dènira amurugi badhe amăngsa, saking putêking manah kalampahan amarsudi budi ing dalêm samadi, antuk wangsiting dewa kinèn anuwun pitulung dhatêng Aya Srimadewa kang sawêg wontên ing Madraka. Dèrèng ngantos dumugi wangsulanipun ingkang dinangu, katungka praptaning ulêr taun sarya muwus anguman-uman: Hèh Prastha kang angăncati ubaya sambawana, angungsia maring suralaya măngsa wurunga dadi taraban ingsun. Arya Srimadewa prayitna, amênthang gandhewa, jêmparing [jêmpa...]

--- 5 : 146 ---

[...ring] lumêpas ananduki ulêr taun pêjah, wangkenipun muksa, botên antawis dangu katingal wontên jawata tumêdhak sarya sêsanti jaya-jaya, amêmuji kasaktènipun Arya Srimadewa, lajêng angandika manis manuhara: Dhuh aywa katambuhan nala sira kulup, sajatine ingsun iki dewa aran Bathara Kalakeya, kêna upataning sudarma Sang Hyang Kalaka, katêmahan dadi ulêr taun salumbung bandhung, purwane kadhawahan upadrawa, manjing kaanan sajroning taman mayancana kang anarik maring panasaran, marma dadi dêdukane ramaningsun, bokmanawa kasasar maring yamani, ora wurung brastha tanpa sesa, pangandikane kangjêng rama, kalaka kalêbu ing dalêm yamani angur dadia ulêr taun maksih bisa amêmangan, barêng ingsun wus anêmahi papa cintraka dadi ulêr taun, tinuduh atêtapa ana sajroning jurang alas Krêndhayana, kinèn atêtulunga asung sarananing panglarisan maring wong papa sangsara, singa kang wus antuk sarana yêkti anêmahi sarya kabêgyan, ing kono padha ubaya sambawana patraping sarana kawasa anêkani, sarwa cipta ing sabên têngah wêngi, kang antuk sarana kapasthi wadal kêbo sawiji ing sabên warsa, kalêbokna marang sajroning jurang alas Krêndhayana, iku wus pira kewala [kewa...]

--- 5 : 147 ---

[...la] wong kang aminta sarana anêmahi kasugihan. Lawas-lawas ana wong jalu sawiji liwat anggawa jagung saontong kawistara ing pasêmone kaya dahat sungkawa, dupi ingsun parêpêki andhodhok sarta karuna sêsambat amlasarsa: Dhuh dewa dhuh bathara, mugi-mugi aparinga pitulung kayuwanan, sampun ngantos kamăngsa ing ulêr, manawi botên kaparingana widada, saèstunipun anak rabi kawula sami kalajêng papa sangsara, amargi saking botên wontên ingkang angupadosakên têdha, dhuh dewataning dumadi, mugi-mugi asih wêlasa dhatêng tiyang kaluwèn, anggèn amba angupados têdhaning anak rabi amung angsal jagung saontong punika punapa dados jalaraning antaka. Sawise sêsambat mangkono banjur angringkêl, ingsun kamiwêlasên, têmah alon atêtanya: Dhuh wong taruna, sira iku sapa, lan ing ngêndi wismanira, ingsun iki boya sêdya sikara, malah arsa amitulungi ing sakira, duk miyarsa wong jalu anjanggèlèk sarya srêt wêwangsulane angaku aran Sang Prastha ing Dyumna, arêp mulih saka ing paran dènira angupaya pangan, samana ingsun têmbung jagunge saontong yèn tan awèha sêngadi bakal ingsun măngsa, iku jagung kauncalake, Sang Prastha arêp lumayu tan bisa

--- 5 : 148 ---

têmahan angringkêl manèh, jagung saontong ingsun pangan êntèk têkan sajanggêle pisan, tumuli ingsun isingakên sarya muwus: He Prastha sira tangia bakal anampani ing sih parmaning dewa, sêsukêr ingsun iki rupa musthika sun arani musthika boga, gawanên mulih maring wismanira, manawa sinidhikara ing sabên têngah wêngi sayêkti kawasa anêkani sabarang ciptanira, patrape ana ing asêpi dinupanan salwiring wêwangi tumêka wayah bangun esuk, sêsukêr ingsun iki nuli umbulêna sarwi anyipta ing saniskara tibane dadi sabarang karsa, ing kono Sang Prastha tangi angambil sêsukêr ingsun sarwi gumêtêr. Wuwus ingsun: He, Prastha, aywa uwas sumêlang sira, alahne kăndha dene tăndha, alahne tăndha dene yêkti, lah mara umbulna sêsukêr ingsun sarwi anyiptaa apa-apa, sayêkti ana kanyataane. Ing nalika iku, Sang Prastha mituhu, sêsukêr ingsun kaumbulake ing sawatara, tibane dadi pêpanganan maneka warna sangkêp sawadhahe pisan, dhawuh ingsun: He Prastha sira mêmangana kang awarêg aywa nganggo taha-taha, manawa wus tutug sisanira buwangana sarya mêrêm kaciptaa dadi sêsukêr manèh, dupi Sang Prastha anglakoni saparentah ingsun, wus kanyataan, iku [i...]

--- 5 : 149 ---

[...ku] ingsun wêkas anglaksananana[6] ing sabên têngah wêngi tumêkaning wayah bangun esuk, sarta wêwalêr ingsun aywa kongsi wara-wara, yèn ana kang têtanya aywa sajarwa, asêngadia antuk saka ing apa-apa kewala. He Prastha ing mêngko sira anêtêpana ubaya sambawana, kang dadi jangjiningsun ing sabên taun sira wadala kêbo sawiji, kalêbokna marang sajroning jêjurang kene, Sang Prastha anyanggêmi ing ubaya sambawana iku, antara antuk sawarsa kalêksanan, rong warsa maksih kalêksanan uga, dupi antuk têlung warsa Sang Prastha madaya ing ubaya sambawana, ingsun anti-anti kongsi tita tumêkaning antara, ing kono Sang Prastha sabên ingsun têkani tansah samaya wêkasan amiruda, ingsun bêbujung saparane amung supaya elinga kang wus sinanggêman, yèn ingsun sêdya amisesa măngsa luputa, ananging Sang Prastha têka andaluya, malah amèt saraya, rahayune kulup sira kang kapanuju ing ênu, dadi sarayane Sang Prastha angruwat cintrakaningsun, atêmahan nirmala waluya sajatining dewa, sayêkti andadèkake ing suka panarimaningsun. Sarèhning wus ana kang gumanti dadi ulêr taun sagêguling, ya iku brahmana desa ing Dyumna aran Dhanghyang Gustara, [Gusta...]

--- 5 : 150 ---

[...ra,] anandhang wêlèh dening amburu pakolèh, mungguh jalarane rupa mangkana bokmanawa Sang Prastha sumurup, prayoga takonana supaya dadia pemuting alimut, têlas pangandikanipun Bathara Kalakeya, Arya Srimadewa mangastuti lajêng andangu dhatêng Sang Prastha, aturipun: Mênggah pangandikanipun sang maha bathara punika kayêktosan sadaya, awit kala kawula mantuk saking ing wana Krêndhayana, dumugining wisma sampun dalu wanci sirêp janma, anak rabi sami tilêm, kala samantên kula badhe manidhikara sêsukêripun sang maha bathara, sarêng andungkap ing wanci têngah dalu sêsukêr wau kawula dupani salwiring ratus mawi sêsirat găndawida sari, dumugi ing wanci bangun enjing ngumbulakên sêsukêr anyipta têtêdhan sampun kasêmbadan dening dewa, byar enjing anak rabi sami tangi lajêng kawula kèn anêdha sadaya, patakènipun sampun kawula wangsuli angsal saking parmaning kang kawasa kemawon, ing salajêngipun sabên têtakèn tansah kawula wangsuli sêngadi punapa-punapa, antawis pêndhak dintên kawula anyipta rajabrana inggih kaduluran dening dewa, lami-lami andadosakên kasugihan kawula, ngantos sagêd atur wêwadal maesa satunggal-satunggal, lêstantun dumugi ing dalêm kalih warsa, sarêng

--- 5 : 151 ---

tigang warsanipun, kawula dipun pambêngi dhatêng Dhanghyang Gustara, brahmana dhusun ing Dyumna wuwusipun makatên: Wadalmu kêbo sawiji sabên taun marang alas Krêndhayana iku ora pakolèh, prasasat kowe amangeran ulêr taun, ing mêngko marènana, luwih prayoga karya wadal bêbrêsih dewa, supaya marakake raharjaning pakarangan saisèn-isène kabèh. Kawula amituhu ing pamrayoginipun Dhanghyang Gustara, kalampahan kawula botên atur wêwadal maesa satunggal dhatêng wana Krêndhayana, ngantos dipun bêbujung ing ulêr taun lajêng ruwat dening paduka atêmahan nirmala waluya dados sang maha bathara punika, têlas aturipun Sang Prastha. Bathara Kalakeya angandika dhatêng Arya Srimadewa: Kulup ing mêngko luwih prayoga sira angruwata marang Dhanghyang Gustara, manawa wus ruwat dadi sajatining janma, konên amarèni gone watak dahwèn pati opèn. Sasampunipun ngandika makatên, Bathara Kalakeya muksa. Arya Srimadewa lajêng lampahipun kampir dhatêng dhusun ing Dyumna, Sang Prastha dahat asêsugun salwiring pambăjakrama, sarêng sampun antawis, Arya Srimadewa anjêmparing ulêr ing têmahan ruwat dados Dhanghyang Gustana, winartan [wi...]

--- 5 : 152 ---

[...nartan] sagunging lêlampahan sarta winarah kados ingkang kadhawahakên dening Bathara Kalakeya wau, Dhanghyang Gustara langkung analăngsa sêdya amituhu. Sasampunipun makatên, Arya Srimadewa andumugèkakên lampahipun, Sang Prastha andhèrèkakên, dumuginipun ing Wiratha sampun matur saking wiwitan dumugi ing wêkasan dènira angruwat ulêr taun kêkalih, ingkang satunggal waluya dados Bathara Kalakeya, satunggilipun waluya dados Dhanghyang Gustara, brahmana dhusun ing Dyumna. Prabu Wasupati duk amiyarsa langkung suka, Sang Prastha kinulawisudha dados punggawa, kabawahakên dhatêng Arya Srimadewa, angalih nama Sang Mantri Boga, kabêkta saking darbe musthika boga, kala samantên sangsaya wêwah-wêwah ing kabêgyanipun.

Amarêngi masa palguna, kacariyos nagari ing Madraka, Prabu Mandrakumara muksa, Radèn Somadata sowan dhatêng Wiratha, angaturi uninga muksanipun ingkang rama, Prabu Wasupati dahat pangungunira ing antawis dintên Radèn Somadata kagêntosakên ingkang rama, jumênêng nata wontên ing Madraka nama Prabu Somadata, jêjuluk Prabu Mandrakeswara, Arya Srimadewa kadadosakên [kadado...]

--- 5 : 153 ---

[...sakên] brahmana ing Madraka, nama Rêsi Srimadewa.

Salêbêtipun ing warsa Biswawisu, etanging taun surya sangkala 602, tinêngêran karoya sêmpal angobahakên wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 620, tinêngêran tanpa netra angrasa malêtik.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati têdhak dhatêng kitha enggal ing Manggada, karsa amêmangun salêbêting dalêm pura, lajêng angadêgakên bale kêmbar wontên sajawining gapura, ingkang satunggal pinaringan nama bale asoka, satunggalipun nama bale angsana, ing antawis dintên Prabu Wasupati kondur.

Salêbêtipun ing warsa Kalayudi, etanging taun surya sangkala 603, tinêngêran uninga barakaning rasa. Kaetang ing taun candrasangkala 621, tinêngêran janma nêmbah obahing langit.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati têdhak dhatêng kitha enggal ing Manggada, arsa anjênêngi adêging bale warantunan. 2. bale manguntur, 3. bale păncaniti, tiga pisan jagi panggenan sinewaka, sasampunipun sami angadêg, Prabu Wasupati [Wa...]

--- 5 : 154 ---

[...supati] kondur.

Salêbêtipun ing warsa Kalakandha, etanging taun surya sangkala 604, tinêngêran karya sonyaning rêtu. Kaetang ing taun candrasangkala 622, tinêngêran paksa anêmbah rarasing gêgana.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati têdhak dhatêng kitha enggal ing Manggada, karsa anjênêngi adêging bale darma, panggenan sinewaka angadil-adili sakathahing prakawis, lajêng angadêgakên tarub tarunasa, angubêngi bale păncaniti, sasampunipun sami angadêg, Prabu Wasupati kondur.

Salêbêtipun ing warsa Rautri, etanging taun surya sangkala 605, tinêngêran wisikan tanpa ngrasa. Kaetang ing taun candrasangkala 623, tinêngêran gunaning panêmbah angraras kamuksan.

Amarêngi masa pusa, gêntos kacariyos ing wukir Satasrêngga, Bambang Parasara, kasupèn dènira supêna, para kamisêpuh botên wontên ingkang sagêd anarbuka, ing wêkasan aturipun Dhahyang Smarasanta kalihan Wasi Duma, sami amrayogèkakên Bambang Parasara tindak dhatêng wukir Maendra, matur dhatêng Dèwi Rukmawati, sarèhning

--- 5 : 155 ---

widadari bokmanawi sagêd ambatanga, Bambang Parasara kaparêngan ing karsa. Tumuntên sami mangkat lêlancaran kemawon, dumuginipun ing wukir Maendra sampun kapanggih kalihan Dèwi Rukmawati, Dhahyang Smarasanta angaturakên sêdyanipun Bambang Parasara, pangandikanipun Dèwi Rukmawati: Iya sajatine amung kari sapisan iki ênggon ingsun amêdharake lêlakone saniskara. Sasampunipun angandika makatên, lajêng amawas dhatêng Bambang Parasara sarya ngandika malih: Sira angimpi darbe wisma kèbêkan dening rêrêgêd, barêng sira rêsiki wus katon barêsih, tumuli ana wong priya kang angaku yèn iku wismane, sira angukuhi kongsi dadi rêbut sawala, ing wêkasan sira anarima tămpa busana pangadêg saka wong priya mau, kagèting tanginira andadèkake lali kang kasupêna, têlas pangandikanipun Dèwi Rukmawati. Bambang Parasara sampun emut ing wentehan manawi makatên supênanipun, lajêng matur anuwun jinatènan ing wahananipun. Dèwi Rukmawati angandika: Ing têmbe sira bakal antuk garwa, kaăncatan garwa dadi liru nagara, karana kawasaning dewa karsa anuwuhake wiji sajati, ananging kudu nganggo siniraman ing tabêri lawan têtaki, prayogane sira

--- 5 : 156 ---

anglakonana tapa brata ana ing parewana, aywa gugur ing gêguntur aywa mendra salwiring rêncana, manawa sarănta lan santosa, ing kono jalaranira antuk kanugrahan, dene tăndha yêktine ing mêngko katon sajroning pamêlêngan. Kèndêlipun angandika, Dèwi Rukmawati lumêbêt dhatêng sanggar palanggatan sarwi anguwuh Bambang Parasara, kinèn tumutura, sarêng sampun kalampahan Bambang Parasara aningali wanudya endah, ing ngriku andadosakên kasmaraning galih, duk arsa pinarêpêkan angoncati lajêng lumêbêt dhatêng paomahan, tanpa antawis Dèwi Rukmawati katingal mijil saking pamêlêngan sarya ngandika manis manuhara: Dhuh sajatine wanudya ika mau kang bakal dadi garwanira, antènana ana sajroning parewana, kariya basuki ingsun arsa tumutur. Anunggal kaanan lawan wanudya kang manjing marang pahoman mau, sira ingsun paringi tinggalan minăngka pustaka, warna musthika jamus, manawa kawawas ing netra kaèsthi ing wardaya, dadi waskitha ing sipta sasmita sadurunge kawasita, sarta sumurup sadurunging saniskara kang durung ana kara-kara. Sawêg kèndêl ing sanalika Dèwi Rukmawati muksa, dados musthika jamus, lajêng pinusthi ing asta pinêtêk sanginggiling utamangganipun Bambang [Ba...]

--- 5 : 157 ---

[...mbang] Parasara, sampun mijil saking sanggar palanggatan, tumuntên mantuk dhatêng Saptarga.

Amarêngi masa palguna, kacariyos nagari ing Madraka, Rêsi Srimadewa muksa, Prabu Madrakeswara angaturi uninga dhatêng Wiratha, Prabu Wasupati angungun dahat karănta-rănta. Kala samantên dèrèng wontên ingkang kagêntosakên dados brahmana ing Madraka.

Salêbêtipun warsa Dumdumi, etanging taun surya sangkala 606, tinêngêran karêngèng wiyat rarasing kamuksan. Kaetang ing taun candrasangkala 624, tinêngêran warna bau angoyag langit.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos Bambang Parasara, anglampahi tapa brata dhatêng parewana, kêbut sakawulawarga sami andhèrèk sadaya, wontên ing ngriku sampun amanggih pamidikan ingkang sarwa pakantun, sanginggiling wiwara wontên sastranipun mungêl: siwanda ariloka, tgêsipun panggenanipun tapa brata Sang Hyang Guru, Bambang Parasara lajêng manggèn wontên ing sanggar palanggatan.

Salêbêtipun warsa Triyodhari, etanging taun surya sangkala 607, tinêngêran suka barakaning masa.

--- 5 : 158 ---

Kaetang ing taun candrasangkala 625, tinêngêran tata tingaling wrêksa.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati karsa amangun pêpangkataning para wadya punggawa sadaya, kaurut saking patih sapangandhap dumugi wadya panêkar pisan, kapatrapakên bêbahaning padamêlanipun piyambak-piyambak.

Salêbêtipun warsa Tisimuka, etanging taun surya sangkala 608, tinêngêran sarira muksa angobahakên gêgana. Kaetang ing taun candrasangkala 626, tinêngêran anggas paksa angoyag langit.

Amarêngi masa srawana, kacariyos nagari ing Gandara, Prabu Mandara muksa, angaturi uninga dhatêng Wiratha, Prabu Wasupati lajêng anglampahakên utusan kinèn anguningani jumênêngipun rajaputra ing Gandara, kagêntosakên ingkang rama, anama Prabu Mandararya.

Salêbêtipun ing warsa Dinakara, etanging taun surya sangkala 609, tinêngêran gatra barakaning pangraras. Kaetang ing taun candrasangkala 627, tinêngêran swara paksa karêngèng tawang.

--- 5 : 159 ---

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati, karsa amêwahi laguning gêndhing akalihan laguning sêkar kawi, kawaradinakên dhatêng para wadya punggawa Wiratha sadaya.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Angga, Prabu Dasa kadhatêngan dutanipun Prabu Baradwaja ing Durhyapura tanah Indi, inggih Indhustan, angêbun-êbun enjing anjawah sontên dhatêng Dèwi Durgandini, wangsulanipun Prabu Dasa karya sayambara, singa ingkang maluyakakên kasmalanipun dènira darbe gănda amis Dèwi Durgandini inggih kadhaupakên. Duta mantuk dumugi ing Durhyapura sampun matur sasolahira, Prabu Baradwaja langkung duka lajêng amatah wadya para ratu amănca praja kinèn ambêdhah nagari ing Angga. Kala samantên Prabu Dasa sampun amiyarsa saking pawartosing para nangkoda, lajêng angaturi uninga dhatêng Wiratha, Prabu Wasupati lajêng undhang samaptaning ayuda, sasampunipun sarwa amirantos, Arya Prabu Kestawa ingkang tinuduh dados senapati angirid para prawira, sarêng dumugi ing Angga antawis pêndhak dintên campuh prang kalihan mêngsah, langkung rame gêntos kalindhih, ing dalêm tigang dintên para ratu sabrang kawon tumpês [tumpê...]

--- 5 : 160 ---

[...s] sawadyanipun, kantun bala arahan sami kapalajêng mantuk dhatêng prajanipun sowang-sowang, Prabu Baradwaja dupi amiyarsa lajêng anglurug piyambak saha wadya ing Durhyapura sadaya.

Ya ta kawuwusa Prabu Dasa, ing nalika punika antuk wangsiting dewa, Radèn Durgandana akalihan Dèwi Durgandini, sami tinêdaha kinèn anglampahi tapa sowang-sowang, Radèn Durgandana anglampahana tapa ngidang, Dèwi Durgandini anglampahana tapa anambangi baita wontên ing lèpèn Jamuna, sarêng enjing matur dhatêng Arya Prabu Kestawa, winangsulan amrayogèkakên kalampahanipun, ing ngriku Dèwi Durgandini akalihan Radèn Durgandana sampun sami kaprênahakên panggenanipun sowang-sowang.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos malih nagari ing Angga, Prabu Dasa kadhatêngan mêngsah saking Durhyapura, tanpa parikrama lajêng amuk punggung sura tan taha, para prawira ing Wiratha akalihan wadya ing Angga sami pêpuyêngan, singa mangsah kasulayah, singa pêpulih sami katitih, Arya Prabu Kestawa arsa mangungsir kiwul pinambêngan dening Arya Manungkara, sarêng Prabu Baradwaja katingal sangsaya parêk, ing ngriku

--- 5 : 161 ---

Arya Manungkara amêthukakên, campuh ing prang langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu Arya Manungkara lena kasambut ing ayuda layon muksa, Arya Prabu Kestawa sigra amusthi sara sangkali lumêpas kadi kilat, Prabu Baradwaja kataman ing prabawaning sara sangkali sawadyanipun sami ambruk botên sagêd ebah, ing wêkasan lajêng anungkul. Ya ta sakawoning mêngsah saking Durhyapura, Prabu Dasa sampun anarubakên para wadya prawira sadaya, ing antawis dintên amatah punggawa ingkang dinuta dhatêng Wiratha, angaturi uninga salwiring lêlampahan saking wiwitan dumugi ing wêkasan, duta mangkat lêlancaran, dumuginipun ing Wiratha sampun katur dhatêng Prabu Wasupati andadosakên pangunguning galih, ing pamuksanipun Arya Manungkara punika. Enjingipun duta dhinawuhan wangsul animbali Arya Prabu Kestawa akalihan Prabu Dasa, têtêlukan mêngsah kinèn ambêkta pisan, dumuginipun ing Angga sampun kadhawahakên timbalaning nata sadaya. Sarêng antawis dintên sami mangkat saking Angga, dumugining Wiratha laju marêk ing ngabyantara nata, sampun matur salwiring rèh sadaya, kala samantên Prabu Baradwaja kaparingan pangaksama lajêng kalilan mantuk dhatêng Durhyapura, sarta dhinawuhan ing

--- 5 : 162 ---

sabên ing masa asuji kinèn sowan dhatêng Wiratha, Prabu Baradwaja matur sandika, ing antawis dintên mantuk sawadyanipun sadaya, nuntên putraning Arya Manungkara kagêntosakên ingkang rama, anama Arya Subrata, Prabu Dasa sampun kalilan mantuk sarta dhinawuhan kinèn anjêjampangi putra nata sakalihan ingkang sami anglampahi tapa brata samadyaning wana, dados ing nalika punika, nagari Durhyapura tanah Indhustan, kabawah ing karaton Jawi.

Salêbêtipun ing warsa Sujarêha, etanging taun surya sangkala 610, tinêngêran tanpa rupa angraras barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 628, tinêngêran brahmana paksa angoyag langit.

Amarêngi masa srawana, kacariyos patapan ing parewana, Bambang Parasara katamuan brahmana, anama Sang Wiku Salya, sasampunipun sinambrama ing pambage, Bambang Parasara pitakèn ing sangkan paran akalihan nama utawi pêrluning karya, wangsulanipun: Kula punika brahmana ingkang adhêdhepok wontên sukuning wukir Mèru, tanah ing Iwagapura, botên antuka kalih sêsêbutan kula awasta Wiku Salya, brahmana ing Mèrupadma, mila kalampahan anumpal kèli dumugi ing ngriki punika

--- 5 : 163 ---

amituhokakên wangsiting dewa, bêbukanipun makatên: Sampun antawis kalih warsa, kula angradin bimarastana salêbêting ara-ara pitara, lajêng kula tanêmi pantun gaga, ing nalika punika kadhatêngan sato warni-warni, sami angrêrisak tanêman, katumbalan ing măntra sarana malah sangsaya angrêbda ngantos purun lumêbêt ing pakarangan sami angrêrisak palakirna, dalah dhatêng têtiyang botên mawi rêringa, malah sura tan taha, kalampahan têtiyang ing Mèrupadma samya ngili sêsowangan, kula anungku puja samadi wontên ing sanggar palanggatan antuk wangsiting dewa, kinèn aminta sraya dhatêng Bambang Parasara, botên talangke ing sanalika kula mangkat anunut lampahipun tiyang gêgramèn, saking parmaning dewa sagêd kapanggih ingkang dados pangèsthinipun ing manah kula, mila panuwun kula dhumatêng ijêngandika mugi-mugi radèn amitulungana, puruna kula bêkta dhatêng padhepokan ing Mèrupadma, saking karsaning dewa makatên punika, bokmanawi badhe dados jalaranipun antuk kabêgyan. Sawêg kèndêl samantên wangsulanipun Sang Wiku Salya katungka wontên gandarwa prapta tanpa sangkan, warninipun angajrih-ajrihi, ananging solah bawanipun mardawa anuraga, kawistara sarêng sinambrama ing pambage [pa...]

--- 5 : 164 ---

[...mbage] sarta tinakenan namanipun miwah kang kasêdya, amangsuli wuwus manuhara: Sajatosipun kula punika ratuning gandarwa, kasêbut nama Gandarwa Raja Swala, mênggah ing panêdya manawi kasêmbadan makatên, kula darbe suta jalu satunggal, awasta Gandarwa Supala, dados pêpudyaning para wadya sagêda amangku nagari, ananging kuciwa sangêt ing balilunipun, punika kula aturakên dados siswa, mugi pinardia ing wêwulang băngsa kawignyan ing sapanunggilanipun, manawi kalampahan anak kula sampun sarwa sumêrêp salwiring pangawikan, kula apunagi purun kautus enggal-enggalan, upami lampahan sawulan, punika kula sagêd dhatêng sami sadintên, langkung malih manawi kula kinèn angusung wukir sapanunggilanipun ingkang badhe kapindhahakên dhatêng pundi kemawon saèstu kalampahan, têlas wuwusipun Sang Gandarwa Raja Swala. Bambang Parasara dèrèng ngantos amangsuli, Sang Wiku Salya alon muwus: Lah punika radèn, para namanipun, mugi ijêngandika sagahi amêmardi dhatêng sutaning Gandarwa Raja Swala, benjing sami urunan patraping pangawikan, anggêr Sang Gandarwa Raja Swala kadugi amindhahakên pamidikan ijêngandika dhatêng sukuning wukir Mèru, supados [supado...]

--- 5 : 165 ---

[...s] botên dados sangsayaning tindak ijêngandika dhatêng padhepokan kula ing Mèrupadma. Bambang Parasara mèsêm lajêng amangsuli dhatêng Gandarwa Raja Swala: Kakang gandarwa raja, kula sagah amêmulang manawi purun dados rowang. Wangsulanipun Sang Gandarwa Raja Swala, sarya latah mintonakên suka pirênaning manah, lah inggih sampun sumêlang malih, sasampunipun mangsuli makatên, Sang Gandarwa Raja Swala lajêng singsot, sami sanalika dhatêng sutanipun jalu ingkang awasta Gandarwa Supala, ing ngriku kapasrahakên dhatêng Bambang Parasara, sampun katampèn, nuntên Gandarwa Raja Swala matak măntra wikrama, tan antawis, pamidikan ing parewana sampun dumunung wontên sukuning wukir Mèru, cêlak kalihan padhepokan ing Mèrupadma, botên ewah saniskaraning isèn-isèn sadaya, Bambang Parasara sakawulawarganipun botên wontên ingkang sami karaos manawi kapindhahakên, ing nalika punika Gandarwa Raja Swala pamit mantuk, ing têmbe manawi wontên pêrluning karya Bambang Parasara kinèn singsot kemawon, saèstu Gandarwa Raja Swala adhatêngi. Sasampunipun makatên, Sang Wiku Salya angacarani dhatêng Bambang Parasara, sagêda tindak amariksani padhepokanipun ing Mèrupadma, [Mèrupa...]

--- 5 : 166 ---

[...dma,] sarêng kalampahan dumugi ing ngriku, Bambang Parasara aningali risaking karang kirna langkung ngungun, lajêng dhatêng ara-ara pitara, ing nalika punika katingal wontên maesa lêmbu menda wara agumêlar samya pêpanthan, isthanipun kados tiyang, abêbêsik pakarangan, parêng sumêrêp manawi wontên tiyang aningali, sakathahing sato kewan lajêng sami anarajang sura tan taha, Bambang Parasara kinarubut ing kathah panggah nir baya nir wikara, para kawulawarga samya têtulung angêmbuli sêsowangan, dangu-dangu sakathahing sato kewan sami sirna dening sanjata kamayanipun Bambang Parasara. Nuntên wontên brahmana prapta kadhèrèkakên ing para siswa sarêng samya sêsanti jaya-jaya, dupi kèndêl lajêng muwus manuhara mèt malading wardaya: Dhuh anggèr bagya kamayangan têmên ing mangke kula sasiswa sagotra sami sagêd waluya saking pamaribawa ijêngandika, ing saèstunipun andadosakên suka rêna anarima, amung panêdha kula sampun katanggêlan, mugi dipun adilana pisan, sajatosipun kula punika brahmana purohita, ingkang kasêbut nama Rêsi Bimara, yoganing Bagawan Bisama, ingkang kasetra wontên pucaking wukir Mèru punika, antawis lami kula pêjah kasetra wontên salêbêting ara-ara [ara-...]

--- 5 : 167 ---

[...ara] pintara ing ngriki, mila katêlah ing mangke dipun wastani Bismarastana, [7] punika ngantos tumêrah dhatêng para anak putu siswa kula sagotra ingkang pêjah sami kasetra wontên ing dêdagan, wêkasan têka dipun rêrisak dhatêng têtiyang ing Mèrupadma kadamêl pagagan, andadosakên ruditaning manah kula têmah malês angrêrisak, rahayunipun sampurna saking wisesa ijêngandika, punika sumăngga ing lêrêsanipun. Bambang Parasara kèndêl ing sanalika lajêng amangsuli: Manawi Sang Rêsi Bimara sampun amalêsi makatên, inggih sami pur-êpuran kemawon, dene karampunganipun wontên ing pamrayogi saking rukun patut, Sang Wiku Salya kalêrês andandosi malih, ing salajêngipun kajibah ambaurêksa angrêrêsiki, Sang Rêsi Bimara ing salaminipun sampun ngantos amasang kamayan walat dhatêng têtiyang Mèrupadma, malah asring asunga wasita ingkang amikantuki dhatêng pangupajiwa. Ya ta Sang Rêsi Bimara duk amiyarsa langkung suka sarya muwus: Dhuh anggèr Sang Maha Muni ijêngandika tuhu raja niti widagda amatrapakên pangadilan, manawi makatên, kula asung wasita punthuk lèr punika wontên pêndhêman kancana kadhudhuka kinarya waragad andadosi Bimarastana, sasampunipun muwus [mu...]

--- 5 : 168 ---

[...wus] makatên Sang Rêsi Bimara sarta para siswanipun sami muksa sadaya, nuntên punthuk salèring Mèrupadma dhinudhuk kayêktosakên wontên kancana langkung saking wawrat sadhacin, lajêng kinarya waragad andadosi Bimarastana, kacariyos ing dalêm tigang măngsa rampungipun paripurna sadaya.

Salêbêtipun warsa Sadhamuka, etanging taun surya sangkala 611, tinêngêran janma anunggal rarasing barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 629, tinêngêran rudra sinêmbah ing anggas.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Kicakapura, ingkang jumênêng nata anama Prabu Kekaya, putraning Prabu Baradhana, têdhakipun Prabu Barata ing Ngayodya tanah Indhustan, Prabu Kekaya sawêg kataman giyuhing wardaya dening ginubêl putranipun èstri anama Dèwi Kekayi, awit supêna asta lungian kalihan jêjaka pêkik suwarnanira, ananging katambêtan ing nama, punika ingkang rama kaaturan angupadosi, manawi botên kapanggih Dèwi Kekayi badhe anganyut jiwa, Prabu Kekaya kewran dènira ambudidaya, ngantos angalêmpakakên para wicaksana sami pinarsudi [pinar...]

--- 5 : 169 ---

[...sudi] ing pirêmbagipun, wêkasan ingkang kapanggih ing pambudi sampun abipraya sadaya, Prabu Kekaya ingaturan angadêgakên sayambara tumingal, wontên ing papan kang pakantuk kadamêl panggenan anontoni, singa ingkang katingalan dening sang putri manawi kapasang yogya ing karsa lajêng kadhaupakên, Prabu Kekaya anêmbadani ing rêmbag makatên punika, mila sami sanalika Patih Sumitra kinèn andhawahakên undhang waradin satanahing Kicakapura sadaya, kalampahan sami angadêgi sayambara tumingal, kala samantên dèrèng wontên ingkang dados panujuning karsanipun Dèwi Kekayi, tansah sungkawa ngantos anggagra kusika sariranipun.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos Bambang Parasara, ingkang wontên padhepokan ing Mèrupadma, kala samantên rêmbagipun Sang Wiku Salya, Bambang Parasara ingacaran aningali sayambara tumingal supados angenggarakên sarira, Bambang Parasara anuruti lajêng sami mangkat, dumugi ing Kicakapura nuju pêpakan ingkang sami angadêgi sayambara tumingal, tinata sajuru-juru saengga bêbarisan, Prabu Kekaya kalihan ingkang putra Dèwi Kekayi nitih grêbong gothaka sagêd aningali botên [bo...]

--- 5 : 170 ---

[...tên] kenging tiningalan, sarêng angubêngi bêbarisanipun ingkang sami tinata, ing ngriku Dèwi Kekayi sumêrêp dhatêng Bambang Parasara botên samar manawi punika pangajapanipun ing tawang, mila lajêng matur ingkang rama sarwi anudingi Bambang Parasara: Dhuh rama prabu, lah inggih punika têtiyangipun ingkang katingal salêbêting supêna, aningali wontên sajawining bêbarisan. Prabu Kekaya manggut lajêng kondur, angadhaton sarwi anganthi ingkang putra, Patih Sumitra dhinawuhan sipta sasmita, sampun tumanggap ingkang dados karsa nata. Ing nalika punika Patih Sumitra ambayawarakakên undhang bibaring sayambara tumingal, nuntên Bambang Parasara tinimbalan laju kerid marêk ing ngabyantara nata, dinangu nama kalihan ingkang nêdhakakên amung wotsari kemawon, kala samantên Dhanghyang Smarasanta ingkang matur manawi awasta Bambang Parasara putraning Bathara Sakri, têdhakipun Sang Hyang Brahma, saking Bathara Brahma Sadhara. Ya ta Prabu Kekaya duk miyarsa gumujêng suka sarya ngandika: Yèn mangkana tunggal lêluhur lawan ingsun, padha têdhak Sang Hyang Brahma, iya ingsun iki têdhak saka Sri Maharaja Marici Brahma, nuntên andangu yuswanipun Bambang Parasara, Dhanghyang Smarasanta matur sawêg kawan dasa pitu warsa. Pangandikanipun [Pangandika...]

--- 5 : 171 ---

[...nipun] Prabu Kekaya: Wus kalêbu jaka tuwa Si Parasara iku. Sasampunipun makatên, Bambang Parasara dhinaupakên antuk Dèwi Kekayi, langkung agêng bawahanipun andhatêngakên suka. Ing nalika punika kacariyos Bambang Parasara dupi aningali suwarnanipun Dèwi Kekayi èsmu gêla salêbêting galih, amargi dede ingkang katingal kala wontên sanggar palanggatan ing wukir Maendra. Mila sarêng Dèwi Kekayi sare, Bambang Parasara lolos saking pura anjujug ing pakuwonipun, sarêng tinakenan dhatêng Sang Wiku Salya, akalihan para kawulawarga, sajarwa salwiring lêlampahanipun kala wontên ing wukir Maendra, adrêng paksa miruda sami sadalu punika, sêdya angupaya pangajapanipun ing tawang. Wuwusipun Sang Wiku Salya: Manawi makatên ing karsa botên wande kula ingkang kajibah angruruh sapurug ijêngandika, lêhêng kula tumutura pisan supados tanpa manggih sangsaya, Bambang Parasara kèndêl sarwi singsot mimba swara amlasarsa Gandarwa Raja Swala prapta sami sanalika, nuntên pamidikan ing parewana, dalah Bambang Parasara kalihan kawulawarga sadaya lajêng kapindhahakên dhatêng panggenanipun lami, padhepokan ing Mèrupadma dalah Wiku Salya [Sa...]

--- 5 : 172 ---

[...lya] katut dumunung wontên sawetaning parewana sarêng sami sadalu punika.

Gêntos kawuwusa ing Kicakapura, sarêng enjing Dèwi Kekayi karuna kecalan priya, Prabu Kekaya lajêng dhawah dhatêng Patih Sumitra kinèn amatah wadya ingkang kinèn angupadosi botên kalilan mantuk manawi dèrèng kapanggih Bambang Parasara.

Ya ta kawuwusa malih ing parewana, Bambang Parasara awit kathah ingkang puruhita, sarta mindhak pawong mitranipun para pandhita sami abawa rasa musawaratan salwiring pangawikan, ing nalika punika Bambang Parasara jumênêng Maha Muni, nama Rêsi Parasara, kasêbut Sri Bathara Parasara, sangsayanipun sangêting ing tapa bratanipun, tansah anungku samadi, angèndêlakên saniskara, ingkang cinipta kadumugèna ing sakarsanipun.

Salêbêtipun warsa Sadhaksadha, etanging taun surya sangkala 612, tinêngêran kêmbaraning putra rinaras barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 630, tinêngêran malêtiking agni angobahakên gêgana.

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Kicakapura, Prabu Kekaya andhatêngakên brahmana sudibya sakti

--- 5 : 173 ---

ing wukir Rêsyasrêngga, nama Maharsindradewa, Prabu Kekaya sajarwa ingkang dados sungkawanipun supados kapitulungana, atur wangsulanipun sang Maharsindradewa, manawi kaparêng ing karsa, putri nata Dèwi Kekayi, badhe kabêkta dhatêng lèpèn Logangga, sagêda anglampahi têtapa wontên salêbêting toya, sarta dipun saranani saking măntra panidhikara, punika bokmanawi angsal sih parmaning dewa, Prabu Kekaya mangayubagya. Nuntên Dèwi Kekayi kabêkta dhatêng Banawi Logangga, kaprênahakên wontên lèpèn Jamuna, punika sêsidhataning Banawi Logangga, parêk akalihan panggenanipun anambangi Dèwi Durgandini, saking kasaktènipun Sang Maharsindradewa, Dèwi Kekayi pinuja ing panidhikara, baga dados yuyu, lidhah dados ulam badhèr, susu têngên dados jambal, susu kiwa dados wagal, yoganipun èstri Sang Maharsindradewa piyambak, anama Rêtna Watari pinuja dados bulus, lajêng sami kapapanakên sowang-sowang prênahipun, yuyu wontên têpining lèpèn, jambal wontên katiring baitanipun Dèwi Durgandini ingkang têngên, wagal wontên katir kiwa, badhèr wira-wiri wontên arah-arahing baita, bulus manggèn ing canthik

--- 5 : 174 ---

Sang Maharsindradewa anjangkung saking awiyat. Mênggah lèpèn Logangga wau, sanès lèpèn Gangga tanah Indhustan, inggih punika Logangga tanah Jawi, ingkang winastan lèpèn Sarayu tanah Banyumas.

Taksih salêbêting masa pusa, gêntos kacariyos pamidikan ing parewana, Rêsi Parasara dènira anungku samadi mijil tejanipun angayuh jumantara, andadosakên gara-gara salêbêting suralaya, ing nalika punika Rêsi Parasara ginunturan dening para dewa, guntur latu, guntur angin, guntur toya, guntur wedang, guntur ladhu, guntur sela, guntur parastra, ananging Rêsi Parasara panggah botên ebah botên osik, sakathahing para dewa sami kawêlèh palarasan unduripun. Ing antawis dintên Sang Hyang Surapati anglampahakên para widadari kinèn sami angrancana, ing ngriku Rêsi Parasara mêksa santosa. Samuksaning para widadari andadosakên dêdukanipun Sang Hyang Girinata. Mila lajêng tumêdhak akalihan Sang Hyang Naradha sami mancala warni paksi êmprit jalu èstri, anusuh wontên ing keswanipun Rêsi Parasara, katêmahan sabên wawratan tinjanipun kadhawahakên ing pangkon, inggih botên karaosakên dhatêng [dha...]

--- 5 : 175 ---

[...têng] Rêsi Parasara tansah dènira nungku samadi angèndêlakên saniskara sampun prasasat pêjah salêbêting agêsang, sarêng andungkap masa paksi êmprit anigan dumugi nêtêsipun, Rêsi Parasara têka dadak amiyarsa wuwusipun paksi êmprit èstri dhatêng ingkang jalêr: Wong lanang payo padha angalih panggonan, aku ora karasan ana ing kene amarga panas rasaning badan, ingkang jalêr amangsuli: Lah anakmu durung bisa mabur apa tininggal, êmprit èstri muwus malih: Iya dimèn padha kèri ing kene kewala, yèn wus bisa mabur sayêkti angupaya bapa biyung. Sasampunipun sami muwus makatên, êmprit jalêr èstri lajêng sami mabur kalih pisan, anakipun taksih cumendhol-cendhol sarêng anangis samya sêsambat amêlas asih: Biyung aku milu, kang angloloh pancèn panganku sapa. Ya ta Rêsi Parasara, duk amiyarsa sêsambating anak paksi êmprit, têka mar trênyuh raosing galih, dahat dènira kamiwêlasên lajêng angluwarakên panidhikara, ing sanalika angandika: Dhuh manuk êmprit lanang wadon aywa sira lunga tutugêna anusuh sajroning gêlungan ingsun, amlasake têmên sutanira kabèh, ing besuk manawa wus padha bisa mabur sakarêpira, [sa...]

--- 5 : 176 ---

[...karêpira,] makatên pangandikanipun Sang Rêsi Parasara sarya rawat waspa, ananging paksi êmprit sakalihan botên angendahakên, malah kadi anglêlèdhèk dhatêng Rêsi Parasara, mila Rêsi Parasara lajêng tut wingking sapuruging paksi amung akalihan warastra kemawon, sarya tansah angênguwuh: Dhuh manuk êmprit padha wêlasa marang sutanira, paksi êmprit mencok sakêdhap, sarêng pinarêkan mabur malih, ing salajêngipun anggung makatên kemawon, Rêsi Parasara ngantos kalunta-lunta kadi kinuncang ing dewa.

Amarêngi mèh têlasaning masa manggasri, kacariyos ibêring paksi êmprit, ing nalika punika anglangkungi Banawi Logangga, mencok wontên ing kajêng ingas ingkang tumuwuh sêlaning sela liman, Rêsi Parasara kewran ing galih dènira kapambêngan ing Banawi, mila lajêng anglêpasakên warastra paksi êmprit kacundhuk ing saradibya muksa waluya dados Sang Hyang Girinata akalihan Sang Hyang Naradha malih, anak paksi sarêng muksa dados widadara-widadari, Rêsi Parasara dahat pangungunira, dene anak paksi samya musna tanpa karana, sarêng ing antawis wanci, Rêsi Parasara amiyarsa swaraning [swara...]

--- 5 : 177 ---

[...ning] tiyang cêciblon, kakintên manawi cêlak padhusunan, ing ngriku Rêsi Parasara lajêng anurut pinggiring Banawi ngantos dumugi sêsidhatan lèpèn Jamuna, kapanggih ingkang cêciblon wau pawèstri endah wontên ing baita alit, saking dahat ing pangungunira dados atêtakèn ing nama pinăngka utawi karananipun, winangsulan anama Dèwi Sati saking Angga, kapêksa anglampahi pakèning tiyang sêpuh kinèn anambangi wontên ing lèpèn Jamuna, ananging kadosanipun botên wontên tiyang ingkang langkung ing ngriki. Sawêg kèndêl samantên wangsulanipun Dèwi Durgandini sinambêtan wuwus dening Rêsi Parasara: Manawi makatên kapasang yogya sangêt, kula malar sih mugi kasabrangna dhatêng bêbaganing margi ingkang kambah janma. Sarêng Dèwi Durgandini anyagahi, Rêsi Parasara lajêng lumêbêt ing baita, tansah aningali suwarnanipun Dèwi Durgandini, ing ngriku Rêsi Parasara kaèngêtan suwarnanipun sang dyah ayu ingkang katingalan kala wontên ing Maendra, mila lajêng kataman ing asmara turida, katêmahan korut rêtanira agêgubras wontên ing wastra, sami sanalika binucal dhatêng toya, sinarab ing yuyu, tabêting mani ingkang taksih wontên ing sinjang linèlètakên [linèlè...]

--- 5 : 178 ---

[...takên] ing katir kiwa têngên kasarab dhatêng jambal wagal, ingkang linèlètakên ing wêlah kasarab dhatêng badhèr, ingkang linèlètakên ing canthik, kasarab dhatêng bulus, sasampunipun makatên, Rêsi Parasara amatak măntra wikrama, ing têmahan Dèwi Durgandini, botên kawawa anglampahakên palwa, langkung saking awrat sinatangan botên ebah, ngantos mijilakên riwe kumyus ing sarira, lajêng mambêt gandanipun awon ingkang amis kadi ulam toya, Rêsi Parasara botên tahan mambêt gănda makatên punika, ngantos anyêbut makatên: He ya jagad dewa bathara, kang mambu mangkene iki gandaning apa. Dèwi Durgandini alăn muwus sarya rawat waspa: Dhuh satriya ingkang ambêk wiku, wirang-wirang punapa luhung walèha, sajatosipun ingkang mambêt amis punika karingêt kula, saking pêpasthèning dewa botên sumêrêp sababipun, mila kula dipun parabi Durgandini punika inggih dumèh darbe gănda awon. Ya ta Rêsi Parasara langkung wêlas lajêng anantun bokmanawi karsa kapulasara, wangsulanipun Dèwi Durgandini: Singa ingkang sagêd angicalakên kasmala kula makatên punika, apunagi dados juru pangangsu anyênyaponi palataran. Rêsi Parasara lajêng mudhun angambil [a...]

--- 5 : 179 ---

[...ngambil] sarana kunir sarimpang, minantran aji muksala tumamèng baita malih anglalar sariranipun Dèwi Durgandini, saking parmaning dewa kadibyanipun Rêsi Parasara, ing nalika punika Dèwi Durgandini sampun nirmala waluya jati, malah salin gănda amrik arum kadi widadari, dalah cahyanipun wêwah kadi candra purnamasidhi, nuntên Sang Hyang Naradha tumêdhak andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, ing mangke Dèwi Durgandini kaparingan angalih nama Dèwi Găndawati, apêparab Dèwi Ambarsari. Sasampunipun makatên lajêng kadhaupakên akalihan Rêsi Parasara wontên padhusunan Astiyana, paminggiring wana Kandhaka, sarêng Sang Hyang Naradha muksa, Rêsi Parasara andhatêngakên Gandarwa Raja Swala, kinèn adamêl padalêman ingkang prayogi, botên antawis dangu sampun dados sangkêping saisèn-isènipun sarwa sri raras kawuryan.

Gêntos kang kawuwusa sarênganing lêlampahan Sang Maharsindradewa sampun angruwat Dèwi Kekayi akalihan Rêtna Watari, sami waluya dados sajatining janma malih, ananging katêmahanipun dados samya wawrat, katuripun dhatêng Prabu Kekaya ing Kicakapura andadosakên [andadosa...]

--- 5 : 180 ---

[...kên] suka rêna anarima, Dèwi Kekayi taksih katitipakên wontên padhepokan ing Rêsyasrêngga, kasarantosakên ing têmbe pambabaripun.

Kawuwusa malih Rêsi Parasara, akalihan Dèwi Găndawati, ing mangke rêmbag badhe kondur dhatêng Angga, supados kauningana ing rama Prabu Dasa dènira apalakrama punika, ing antawis dintên mangkat saking Astiyana, sarêng dumugi ing margi kapêthuk akalin[8] Radèn Durgandana kang tapa angidang, dupi uninga dhatêng ingkang bok ayu Dèwi Durgandini dènira lumampah rêruntungan akalihan Maha Muni, Radèn Durgandana botên sarănta lajêng marêpêki sarya sugal wuwusira: Hèh pandhita kapaung, sira têka wani-wani anganthi astane kakang bok, Rêsi Parasara têtakèn dhatêng Dèwi Găndawati, winangsulan manawi punika arinipun ingkang lampahi tapa angidang, nama Radèn Matsya, apêparab Durgandana, Rêsi Parasara lajêng amangsuli dhatêng Radèn Matsya: Lah sang sinatriya kang anganthi puniki ipe andika pribadi. Radèn Matsya sangsaya bramatya lajêng anarajang sura tan taha, laksananira Rêsi Parasara botên kenging pinarawasa, Radèn Matsya kadi anapak wêwayangan, dangu-dangu marawayan riwenira

--- 5 : 181 ---

ingkang Durgandana. Rêsi Parasara muwus angêngerangi sarya mèsêm: Satriya pêkik gandane kaya bathang kirik, sami sanalika Radèn Matsya katêmahan dados warni srênggala. Lajêng analăngsa mêmalar pangaksama, ing ngriku rinuwat sampun nirmala waluya jatining janma, sarta mantun Durgandana malah salin dados Sugandana amrik arum angambar kadi găndawida. Sasampunipun makatên sami andumugèkakên lampahipun, kapêthuk akalihan para siswa kawulawarga, ingkang angupadosi Rêsi Parasara, wartos-winartosan salwiring lêlampahan sami suka sukurira, sarêng andungkap mèh dumugi nagari ing Angga, kapêthuk akalihan Prabu Dasa badhe anjêjampangi dhatêng lèpèn Jamuna, kaaturan uninga nirmalaning putra sakalihan dahat suka rêna anarima, lajêng kabêkta lumêbêt dhatêng nagari Angga binawahan malih dhaupipun Dèwi Găndawati kalihan Rêsi Parasara, binayangkarya andhatêngakên sukaning para wadya punggawa sadaya.

Amarêngi masa manggakala, taksih tunggil warsa salêbêting taun Sadhaksadha, kacariyos nagari ing Angga, Prabu Dasa angaturi uninga dhatêng Wiratha, salwiring lêlampahanipun ingkang putra sakalihan, andadosakên suka [su...]

--- 5 : 182 ---

[...ka] pirênaning galihira Prabu Wasupati, lajêng dhawah manawi pangantèn badhe kaundhuh dhatêng Wiratha, ing antawis dintên Arya Prabu Kestawa dinuta mêthuk pangantèn dhatêng Angga, enggaling cariyos pangantèn sakalihan winiwaha wontên ing Wiratha kadi duk tigasira, langkung agêng bawahanipun maneka warna botên wontên ingkang kuciwa, ngantos dumugi ing dalêm kawan dasa dintên dènira andhatêngakên sukaning para wadya punggawa sadaya, ing nalika punika kawuryan rarasing praja raharja.

Salêbêtipun ing warsa Jagalogêna, etanging taun surya sangkala 613, tinêngêran gunaning janma angrasa barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 631, tinêngêran tunggal wedhaning rêtu.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Wiratha, Dèwi Găndawati ambabar mijil kêmbar samya jalu, warni cêmêng mulus kalihan bule, ingkang eyang langkung suka lajêng amaringi namaning wayah, ingkang sêpuh cêmêng mulus, pinaringan nama Radèn Krêsna, apêparab Radèn Suktina, ajêjuluk malih Radèn Putra Dyasa, ingkang anèm bule pinaringan nama Radèn Seta, apêparab Radèn Setama, kasêbut nama Radèn Setatama, ing nalika punika Rêsi Parasara [Pa...]

--- 5 : 183 ---

[...rasara] rumaos kalingsêman dene darbe putra makatên warninipun, mila lajêng lolos ing dalu amung kalihan para kawulawarga kemawon, anjujug ing wukir Saptarga, sumêdya ambangun tapa nuwun pangaksamaning dewa, sarêng tinimbalan kinèn wangsul dhatêng Wiratha, aturipun anuwun inah sêngadi sawêg anglampahi wangsiting jawata kinèn angadani candhi ing Satasrêngga.

Taksih salêbêting masa kartika, gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, putri ing Kicakapura, anama Dèwi Kekayi ingkang wontên padhepokan ing Rêsyasrêngga, dènira wawrat ambabar mijil èstri, antawis sakêdhap ambabar malih mijil kêmbar sami jalu botên dangu mijil jalu malih satunggal, sarêng antawis dintên wawratanipun Rêtna Watari ambabar mijil jalu Sang Maharsindradewa angaturi uninga dhatêng ing Kicakapura, sarta angatas ingkang dados karsanipun Prabu Kekaya, ing nalika punika Prabu Kekaya lajêng têdhak dhatêng padhepokan ing Rêsyasrêngga, sarêng sumêrêp ing suwarnining para wayah andadosakên suka, ing ngriku sami pinaringan nama, wayah èstri anama Dèwi Sutiksna, pêparab Dèwi Karkati kasêbut nama Dèwi Rakathawati, wayah jalu ingkang sêpuh anama Radèn Kiwaka, [Kiwa...]

--- 5 : 184 ---

[...ka,] arinipun anama Radèn Rupakica, arinipun malih anama Radèn Bimakica, tiga pisan sami kasêbut nama Upakicaka, sutanipun Rêtna Watari pinaringan nama Radèn Rajamala, sarêng sampun antawis rêncang lajêng sami kabêkta dhatêng Kicakapura dalah Rêtna Watari sasutanipun pisan, nuntên para wayah ingkang kasêbut nama Upakicaka wau sami pinaringan inya sowang-sowang, dados Dèwi Kekayi amung nêsêpi putra satunggal èstri Dèwi Sutiksna punika.

Amarêngi masa drawana, gêntos kacariyos nagari ing Ngastina garwanipun Prabu Santanu anama Dèwi Jahnawi, ambabar mijil jalu pinaringan nama Radèn Wiwara, apêparab Radèn Santanuja, sasampuning rêncang Dèwi Jahnawi muksa Prabu Santanu dahat sungkawanira, ingkang putra kainyakakên, ananging botên wontên pawèstri kawawa, singa ingkang anêsêpi pampêt toyanipun susu, mila sangsaya sangêt andadosakên sêngkêling galihipun Prabu Santanu ngantos atajin dhahar nendra, ing ngriku wontên parmaning dewa, antuk wangsit sawantah, manawi ingkang kuwawi anêsêpi Radèn Biwara punika, amung putri ing Wiratha, Prabu Santanu lajêng parentah tata-tata sarta

--- 5 : 185 ---

angrakit pisusung[9] badhe kadamêl sarana sowanipun dhatêng Wiratha.

Amarêngi masa asuji, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Santanu sowan dhatêng Wiratha, sampun kapanggihan dening Prabu Wasupati, lajêng ngaturakên ingkang dados pêrlunipun saking anglampahi wangsiting dewa, mênggahing purwa madya wasana sampun katur sadaya, ing nalika punika têka andadosakên sukaning galihira Prabu Wasupati, radèn putra kapundhut lajêng kasêsêpakên dhatêng Dèwi Găndawati, marêm kadi anêsêp ingkang ibu piyambak, mila Prabu Santanu angaturakên pasrah sumăngga lila putranipun kapundhuta pisan dhatêng Dèwi Găndawati, sampun katanggapan sami suka rêna anarima.

Salêbêtipun ing warsa Kilaka, etanging taun surya sangkala 614, tinêngêran warna anunggal warsa. Kaetang ing taun candrasangkala 633, tinêngêran guna wedha angebahakên wiyat.

Amarêngi masa kartika, kacariyos Prabu Santanu, ingkang taksih wontên ing Wiratha, matur dhatêng Prabu Wasupati, manawi kaparêng Dèwi Găndawati kasuwun dadosa garwa pisan, wangsulanipun Prabu Wasupati, sumendhe [sume...]

--- 5 : 186 ---

[...ndhe] dhatêng Prabu Dasa, ing nalika punika Prabu Dasa sampun anampèni ingkang dados karsa nata, mila lajêng amangsuli dhatêng Prabu Santanu, ing benjing manawi Dèwi Găndawati darbe putra jalu, anggêntosana dados ratu ing Ngastina, Prabu Santanu botên mangayubagya, awit Radèn Biwara badhe ingakah dados rajaputra. Prabu Dasa muwus malih: Manawi makatên kêdah sarănta angantosakên ingkang dados karsanipun Prabu Wasupati. Kala samantên Prabu Santanu sangêt sungkawa kawistara ing nitya, botên antawis dangu wontên jawata tumêdhak anama Bathara Bisma, awêwarah dhatêng Prabu Wasupati, manawi Dèwi Găndawati punika sampun pinasthi dados jodhonipun Prabu Santanu, benjing pêputra tiga èstri, ingkang jalu kêkalih sami jumênêng ratu wontên ing Ngastina, ingkang èstri badhe krama angsal ratu agêng ing Madura, dene Radèn Biwara pinasthi botên sagêd dados ratu, amung pinaringan widagda ing saniskara, wêkasanipun dados pêpundhèning para nata, sasampunipun wêwarah makatên Bathara Bisma angandika dhatêng Prabu Santanu, manawi ing mangke Radèn Biwara pinaringan nama Radèn Bisma, pêparab Radèn Dewa Brata, Prabu Santanu matur nuwun, Bathara Bisma lajêng muksa,

--- 5 : 187 ---

kacariyos sumurup dhatêng Radèn Biwara.

Amarêngi masa sitra, kacariyos Prabu Wasupati amiwaha putra Dèwi Găndawati, kadhaupakên antuk Prabu Santanu, langkung agêng bawahanipun andhatêngakên suka.

Gêntos kawuwusa sarênganing lêlampahan, Rêsi Parasara kadhatêngan Gandarwa Raja Swala, matur pitakèn mênggah sutanipun jalu kang awasta Raja Supala, ing mangke punapa sampun sumêrêp salwiring pangawikan, winangsulan manawi sampun sarwa widagda ing saniskara, băngsa sastra akalihan băngsa astra sami pralêbda sadaya, Gandarwa Raja Swala langkung suka sukur lajêng nyaosakên jêmparing sarya matur punika kagungan paduka saradibya ingkang kalêpasakên dhatêng paksi êmprit kala rumiyin, ruwatipun dados Sang Hyang Girinata akalihan Sang Hyang Naradha, anak êmprit sami waluya dados widadara widadari sadaya, amargi sampun rampung anggènipun angrancana ing paduka, sagêd ambadharakên samadi sadarga. Anjawi saking punika kula asung pisungsung warni candu sakti kawasanipun manawi kasipatakên ing netra sagêd waskitha ing saniskara, punika minăngka pituwas anggèn paduka karsa amêmardi pangawikan dhatêng

--- 5 : 188 ---

anak kawula pun Gandarwa Supala, botên saking kabêkta wêkul angungkul-ungkuli ing kawibawan paduka, amung supados andadosakên tăndha sumungkêm kawula ing panjênêngan paduka, pangèsthining manah kawula lêstantuna kaakên siswa ing salaminipun, wêkasaning atur kawula botên saking parawadulan, amung murinakakên ing panjênêngan paduka kemawon, kauningana manawi garwa paduka Dèwi Găndawati ing mangke dipun pikramakakên angsal Prabu Santanu, upami panjênêngan paduka kirang pitados, lah suwawi angagêma sêsipat candu sakti, saèstu katingal ing kayêktosanipun, têlas aturing Gandarwa Raja Swala. Rêsi Parasara anampèni candu sakti lajêng kasipatakên ing netra sakalihan, ing ngriku uninga salwiring lêlampahanipun Dèwi Găndawati, ananging botên kapiyarsa swaraning pangandika, mila Rêsi Parasara lajêng musthi musthika jamus, kawawas ing netra kaèsthi salêbêting wardaya, sanalika kapiyarsa swaraning wuwus sadaya. Nuntên Rêsi Parasara apirêmbagan kalihan para siswanipun, sadaya sami matur amrayogèkakên sowan dhatêng Wiratha anêgês karana, Gandarwa Raja Swala mangayubagya ing rêmbag makatên punika, sarta sagah andhatêngakên [a...]

--- 5 : 189 ---

[...ndhatêngakên] ing Wiratha sami sanalika, Rêsi Parasara kapinujon ing galih, lajêng mangkat akalihan para siswa sadaya, kawasaning Gandarwa Raja Swala botên dangu dumugi ing Wiratha, laju marêk ing ngabyantara nata, anêgês karananipun Dèwi Găndawati pinakramakakên punika, Prabu Wasupati kèwêdan dènira mangsuli, ngantos andadosakên sungkawaning driya. Saking parmaning dewa ing nalika punika, Sang Hyang Naradha tumêdhak akalihan Sang Hyang Yama, sami angêmban timbalanipun Sang Hyang Girinata, manawi Dèwi Găndawati sampus[10] pinasthi dados jodhonipun Prabu Santanu, mila Prabu Wasupati kadhawahan anglulusakên, ananging nagari ing Ngastina, kaparingakên dhatêng Rêsi Parasara, jumênênga raja pandhita, Prabu Santanu kaprênahakên wontên kitha alit ing Talkandha, sarta linungsur dados rara[11] pandhita, makatên ingkang dados lêlêrêsanipun Sang Hyang Naradha saking timbalanipun Sang Hyang Girinata, sarêng kadhawahakên dhatêng kalih-kalihipun sami matur sandika narima, ananging Rêsi Parasara nuwun pidananipun Prabu Wasupati dènira amikramakakên Dèwi Găndawati tanpa paliwara. Ing ngriku Sang Hyang Yama anêngahi watawis, nagari ing Ngastina sampun ngantos kabawahakên dhatêng Wiratha, [Wira...]

--- 5 : 190 ---

[...tha,] Sang Hyang Naradha anayogyani lajêng kadhawahakên dhatêng Prabu Wasupati, aturipun inggih sandika anarima, sasampunipun makatên Sang Hyang Naradha akalihan Sang Hyang Yama sami muksa. Prabu Wasupati lajêng andhawahakên dhatêng Rêsi Parasara akalihan Prabu Santanu, kinèn sami atut rukun sampun ngantos wontên pasulayan ing sapanginggilipun, sagêda sami rêksa-rumêksa, supados andadosakên rosa wisesa, sakalihan sami amituhu, lajêng tata-tata dènira badhe pindhah nagari, sasampuning samapta ing antawis dintên sami mangkat sowang-sowangan, Rêsi Parasara dhatêng Ngastina, Prabu Santanu dhatêng Talkandha, kala samantên Prabu Santanu kasêbut nama bagawan.

Salêbêtipun ing warsa Prapawa, etanging taun surya sangkala 614, tinêngêran tataning janma angraras barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 634, tinêngêran amarna gunaning wrêksa.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Ngastina, Raja Pandhita Parasara anarubakên sakathahing para pawong mitranipun para pandhita sadaya, sami kaprênahakên wontên ing papan salêbêting praja, kinulawisudha ing

--- 5 : 191 ---

sapangkatipun sowang-sowang, andadosakên sami suka sukur.

Salêbêtipun ing warsa Ipa, etanging taun surya sangkala 616, tinêngêran karêngèng janma obahing wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 635, tinêngêran yaksa tri angoyag langit.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Ngastina, Raja Pandhita Parasara awit amatah-matah pêpangkataning para wadya punggawa sami kabêbahakên ing upakaryanipun sowang-sowang.

Amarêngi masa wisaka, kacariyos nagari ing Madraka, Prabu Madrakeswara muksa, kagêntosan putra nama Prabu Naradata, ajêjuluk Prabu Madrapati.

Salêbêtipun ing warsa Cukila, etanging taun surya sangkala 617, tinêngêran pandhita raja angrasa malêtik. Kaetang ing taun candrasangkala 636, tinêngêran anggas guna angraras swarga.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Raja Pandhita Parasara andhatêngakên Gandarwa Raja Swala, kinèn damêl kadhaton ingkang prayogi, angungkulana ing Wiratha, botên antawis dangu samandapudos [samandapu...]

--- 5 : 192 ---

[...dos] [12] sangkêp ing saisèn-isènipun sarwa sri raras kawuryan, sarta tinata prênahing bale păncaniti, bale manguntur, bale parantunan, bale darma, bale sokasana, sadaya sami rinêngga ing kancana maneka warna wêwangunanipun.

Amarêngi masa citra, kacariyos nagari ing Kicakapura, tanah Indhu, Prabu Kekaya ginubêl ing putra Dèwi Kekayi, anênuwun sagêda kapasrahakên dhatêng Rêsi Parasara, amargi Dèwi Kekayi amiyarsa wartos saking para walija, ingkang sami gêgramèn dhatêng Ngastina, anyariyosakên raharjaning nagari saking kawibawan ingkang jumênêng nata anama Raja Pandhita Parasara, ananging kuciwa ratu tanpa pramèswari, ing nalika punika Prabu Kekaya lajêng andhatêngakên Sang Maharsindradewa, pinintan pratikêl ingkang dados pangudining putra makatên wau, atur wangsulanipun: Ing sapunika sampun kaparêngan wahyaning masa kala, saking pakabaran purwanipun Rêsi Parasara angsal nagari ing Ngastina, swaminipun putri ing Wiratha kapêgatakên tanpa prakawis, lajêng kadhaupakên akalihan ratu ing Ngastina ingkang anama Prabu Santanu, Rêsi Parasara anarima. Nuntên pangadilaning dewa, nagarinipun [naga...]

--- 5 : 193 ---

[...rinipun] Prabu Santanu ing Ngastina kaparingakên dhatêng Rêsi Parasara, sumêrêp dados lintuning swaminipun, punika dumugi samangke Rêsi Parasara taksih angêmu duka cipta, saking rêngatipun dhatêng marasêpuh, Rêsi Parasara angèsthi sagêda darbe swami ingkang anyamèni putri ing Wiratha, saking raosing manah mênggah panggubêlipun putra paduka makatên punika ugi kapasang yogya, ananging mawia warana, ingkang sambada kalihan pambudidaya, Prabu Partana ing Gujulaha, punika kaprênah pamanipun Rêsi Parasara, utawi Prabu Sadhamuka ing Kasi punika kadang tunggil sêsêpan kalihan Rêsi Parasara, kalih pisan punika bokmanawi kenging pininta saraya kinèn ambêbolèhi dhatêng Rêsi Parasara, kalampahanipun panjênêngan paduka karsaa adamêl rajawedha wilujênging pawong mitra para nata, sagunging ratu amăncapraja sami kasêdhahana angèstrèni, manawi kalêrêsan ing pitêmbunganipun kados sami andhatêngi sadaya. Pamarsudining karsa dhatêng ratu sakalihan wau wontên ingkang dados kaladesa, para wayah paduka sami katingalna, ing pasamuan, jalaran saking sêngadi samukawis anggènipun sagêd angatingalakên punika, saupami wontên ingkang matur pitakèn, [pi...]

--- 5 : 194 ---

[...takèn,] panjênêngan paduka mangsulana manawi wayah, pulunanipun Prabu Partana ing Gujulaha, makatên punika ingkang saèstu andadosakên pangungungnipun[13] Prabu Partana, manawi matur pitakèn, panjênêngan paduka lajêng sajarwaa salwiring lêlampahan sadaya, ing ngriku êmpan papanipun amarsudi karsa amrih pamèting sadaya, têlas aturipun Sang Maharsindradewa, Prabu Kekaya kaparêngan ing galih lajêng parentah tata-tata pangrakiting rajawedha badhe wilujênganipun sagung pawong mitra para nata sadaya, ing antawis dintên sampun sarwa samapta, nuntên utusan anglampahakên sêrat sêsêdhahan dhatêng para nata amăncapraja, enggaling cariyos ingkang dipun suruhi sampun sami andhatêngi sadaya, sarêng sampun kalampahan dènira angluwari rajawedha, para wayah Upakicaka mêdal saking pura sami marêk ing ngabyantaraning kang eyang Prabu Kekaya, sarèhning rare sawêg sami cumucud dados ing sasolah tingkahipun angrêsêpakên manah, kala samantên Prabu Sadhamuka matur pitakèn: Sintên ingkang darbe putra rare sakawan punika, têka parigêl têmên ing tênaganipun. Prabu Kekaya amangsuli: Manawi [Mana...]

--- 5 : 195 ---

[...wi] punika kaprênah wayah pulunanipun Prabu Partana. Ing ngriku Prabu Partana angungun lajêng matur pitakèn, Prabu Kekaya sampun sajarwa ing purwa madya wasana ngantos dènira ginubêl ing putra punika, ing wêkasan aminta rêmbag pamrayogi ingkang sêmbada kadadosaning lêlampahan. Prabu Partana akalihan Prabu Sadhamuka sami anyagahi badhe adamêl abên-abênan kang sagêd angrapêtakên ing arênggang, Prabu Kekaya dahat dènira suka rêna anarima, mêmuji sagêda tumuntên kalampahan, sarêng antawis dintên para nata sami bibaran kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos Prabu Partana akalihan Prabu Sadhamuka, ing mangke sami bidhal saking prajanipun amung lêlancaran kemawon, dumugi ing Ngastina sampun kapanggihan dening Raja Pandhita Parasara, langkung sinuba-suba sami andhatêngakên suka. Sarêng ing antawis dintên anuju lênggah sêsêpênan, Prabu Partana angandika dhatêng Raja Pandhita Parasara: Kulup, luwih prayoga têmên nagaranira ngaingstina[14] iki, utawa asrining jro pura, wus prasasat raras ruming Endrabawana, ananging ana kuciwane ing sawatara, sajroning

--- 5 : 196 ---

dalêm pura têka tanpa mathi dadi kawuryan sunyaruri, awit boya ana isèn-isèn kang amarakake sari, iya iku garwa lawan putra, ing sakira apa durung ana kang dadi sambadaning wardaya, manawa dhasar tan kaparêngan ing karsa sayêkti kêna dèn arani kurang sangkêping aurip, karana wajib wong tumuwuh ana ing ngarcapada iku ambabarakên wiji, supaya lêstari tilasing wuri, anaa kang anglêluri. Sawêg kèndêl samantên pangandikanipun Prabu Partana, lajêng sinambêtan dening Prabu Sadhamuka: Yayi mungguh bêbasan karêksaning barang pèni iku ana kang angopèni, dene wajibing wong angopèni iku ana kang wênang anampani, iya iku dumunung ing garwa kang bisa angimpuni sarta angapèn-apèni, kèndêl Prabu Sadhamuka dènira anyambêti. Prabu Partana andugèkakên pangandikanipun: Kulup wajibing ngaurip ana ing ngarcapada iku, kudu amikir katrêsnan lan kawêlasan, manawa wus tutug ing wêwangên anêmahi kawêkasan, iku kudu angênirakên, katrêsnan iku somah, kawêlasan iku anak, têlas pangandikanipun Prabu Partana. Raja Pandhita Parasara mèsêm èsmu sumaringah ing nitya, lajêng matur sajarwa anyariyosakên [a...]

--- 5 : 197 ---

[...nyariyosakên] lêlampahanipun awit kala wontên i[15] wukir Maendra, salajêngipun dumugi nagari ing Kicakapura, ngantos wêkasanipun antuk nagari ing Ngastina punika, têlas atur sajarwanipun Raja Pandhita Parasara, Prabu Partana langkung ngungun ing wasana angandika: Luwih elok têmên lêlakonira ing nguni kulup, yèn mangkana ingsun animbangi mêdhar kaelokan maksih uruting lêlakonira pribadi. Ing ngriku Prabu Partana lajêng anyariyosakên saking wiraosipun Sang Maharsindradewa, awit kala Dèwi Kekayi akalihan Rêtna Watari sinidhikara wontên ing lèpèn Jamuna, ananggapi rahsanipun Raja Pandhita Parasara nalika korut katêmahan sami anggarbini ngantos pambabaripun sowang-sowang, dumugi ing wêkasan Prabu Kekaya dahat sungkawa saking panggubêling kang putra Dèwi Kekayi, awit para putranipun sami takèn sudarma, Dèwi Kekayi botên sagêd anêdahakên, ing wasana pangandikanipun Prabu Partana makatên: Iku kulup, luwih prayoga manawa sira nanggapi Dèwi Kekayi manèh, ora kuciwa ênggonira kapêgatan trêsna lawan putri ing Wiratha, angulihi putri ing Kicakapura, [Ki...]

--- 5 : 198 ---

[...cakapura,] sayêkti padha timbang kewala. Atur wangsulanipun Raja Pandhita Parasara: Inggih kadugi ananggapi, manawi putri ing Kicakapura kapurugakên dhatêng ing Ngastina, Prabu Partana amangsuli sagah anggêr sami karaharjan ing benjang masa kala saèstu kalampahan, sasampunipun makatên, ing antawis dintên Prabu Partana akalihan Prabu Sadhamuka sami kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang.

Amarêngi masa naya, kacariyos malih Prabu Partana akalihan Prabu Sadhamuka, sami dhatêng ing Kicakapura, amratèlakakên lêlampahanipun saking wiwitan dumugi ing wêkasan, Prabu Kekaya dahat suka rêna anarima, nuntên Patih Sumitra kadhawuhan tata-tata sarta matah wadya punggawa ingkang badhe andhèrèk, ing antawis dintên Prabu Partana akalihan Prabu Sadhamuka sami kondur sowang-sowangan, ubanggèn ing têmbe angkatipun, Sang Maharsindradewa ingkang pinatah andhèrèkakên para pawèstri, botên kacariyos wontên ing margi, kala samantên dumuginipun ing Ngastina Prabu Partana angrumiyini, Raja Pandhita Parasara lajêng parentah tata-tata sapalakartining pakuwon,

--- 5 : 199 ---

ing antawis dintên Prabu Kekaya akalihan Prabu Sadhamuka sami prapta, langkung sinungga-sungga sawadya punggawanipun botên wontên kêkirangan. Sarêng dumugi ing dintên ingkang pinilih prayogi, Raja Pandhita Parasara ambawahi wikramanipun kalihan ingkang garwa Dèwi Kekayi kados kala dhaup wontên ing Kicakapura, sarta Rêtna Watari ing mangke kagarwa pisan minăngka sori pamungkas, ing nalika punika kacariyos Raja Pandhita Parasara, sakalangkung asih trêsna dhatêng para putranipun, tansah kinudang-kudang gêntos-gêntos panguswanira.

Amarêngi masa palguna, kacariyos Prabu Kekaya kondur dhatêng Kicakapura, sarêng akalihan Prabu Partana miwah Prabu Sadhamuka sami kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang, amung Sang Maharsindradewa taksih kantun pinalar sih măngka êmbaning para putra ing Ngastina.

Antawis ing dalêm tigang taun surya, botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap kawan taun surya cariyosipun ing ngandhap punika.

Salêbêtipun ing warsa Istrimuka, etanging taun surya sangkala 621, tinêngêran janma sinêmbah

--- 5 : 200 ---

ing anggas. Kaetang ing taun candrasangkala 640, tinêngêran tanpa warna angrasa barakan.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Ngastina, Raja Pandhita Parasara katêdhakan Sang Hyang Naradha kadhèrèkakên ing para dewa, andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, manawi Raja Pandhita Parasara sampun kalilan jumênêng ratu binathara animbangi ing Wiratha, pinaringan nama Prabu Dwipakeswara, lajêng kabayawarakakên dhatêng para wadya ing Ngastina andadosakên suka sukur sadaya, sarêng Sang Hyang Naradha sampun muksa Prabu Dwipakeswara lajêng angulawisudha para kawulawarga, Maharsindradewa jinunjung dados brahmana ingkang minăngka sogata Wasi Jawalagni, inggih punika sutanipun Sang Bagawas[16] Wisawalagni, dados kaprênah pulunanipun Sang Maharsindradewa, kala muksanipun Sang Bagawan Wisawalagni kagêntosan ingkang rayi inggih Sang Maharsindradewa punika, lajênging pangulawisudha ingkang jinunjung dados pêpatih lêbêt ngiras tuwanggana Dhanghyang Smarasanta, Wasi Duma dados pêpatih jawi, Sang Wikusalya dados jaksa, anjawi saking punika kathah ingkang jinunjung dados punggawa angadani para wadya, ing antawis dintên Prabu Dwipakeswara [Dwipakeswa...]

--- 5 : 201 ---

[...ra] utusan angaturi uninga dhatêng Kicakapura, akalihan dhatêng Kasi utawi dhatêng Gujulaha, andadosakên suka sukuripun ratu katiga pisan, nalika punika panjênêngan ratu agêng ing tanah Jawi wontên kalih, ing Wiratha akalihan Ngastina.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara karsa amangun lampah ing masa kalih wêlas, winastan masa purwa, pangetangipun botên mawi dirga kados lampahing masa pali utawi masa prawa, mênggah lampahing taun inggih taksih angangge pali warsa utawi prawa warsa, ananging mawi kawêwahan taun kalih wêlas malih, winastanan purwa warsa minăngka rangkêpaning taun Paliprawa, kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika, urutipun satunggal-satunggal.

Namaning pali warsa: 1. Sambrama, 2. Biswawisu, 3. Kalayudi, 4. Kalakandha, 5. Rautri, 6. Dumdumi, 7. Triyodhari, 8. Tisimuka, 9. Dinakara, 10. Sujarha, 11. Sadhamuka, 12. Sadhaksadha, 13. Jagalogêna, 14. Kilaka, 15. Prapawa, 16. Iwa,

--- 5 : 202 ---

17. Cukila, 18. Bramaduda, 19. Prasutpadi, 20. Anggila, 21. Istrimuka, 22. Pawa, 23. Iwa, 24. Tadu, 25. Iswara, 26. Wakdaniya, 27. Pramadi, 28. Wikrama, 29. Wila, 30. Sitrapanu, 31. Supanu, 32. Taruna, 33. Partipa, 34. Wiya, 35. Sarwasiti, 36. Sarwadari, 37. Wirodi, 38. Wikuradhi, 39. Karêha, 40. Nantêna, 41. Wijaya, 42. Jayaha, 43. Manmata, 44. Tunmuki, 45. Wiyolambi, 46. Wulambi, 47. Wikari, 48. Sarwari, 49. Pilapawa, 50. Subakarti, 51. Sabakarti, 52. Awiya, 53. Ananda, 54. Rakcaha, 55. Pinggala, 56. Kala, 57. Pilawangga, 58. Sahumiya, 59. Sadharuna, 60. Rudraksa.

Namaning prawa warsa: 1. Kanika, 2. Yama, 3. Pratiwi, 4. Suman, 5. Brahma, 6. Uma, 7. Endra, 8. Sri, 9. Iswara, 10. Pramana, 11. Wisesa, 12. Êsa.

Namaning purwa warsa: 1. Pratiwi, 2. Prayana, 3. Brahma, 4. Gangga, 5. Bayu, 6. Uma, 7. Sri,

--- 5 : 203 ---

8. Kala, 9. Marga, 10. Garura, 11. Barura, 12. Kirana.

Namaning masa purwa: 1. masa kartika, laminipun 31 dintên, rangkêpanipun masa kasa.

2. masa pusa, laminipun 30 dintên, rangkêpanipun masa karo.

3. masa manggasri, laminipun 30 dintên, rangkêpanipun masa katiga.

4. masa sitra, laminipun 31 dintên, rangkêpanipun masa kapat.

5. masa manggakala, laminipun 30 dintên, rangkêpanipun masa kalima.

6. masa naya, laminipun 31 dintên, rangkêpanipun masa kanêm.

7. masa palguna, laminipun 31 dintên, rangkêpanipun masa kapitu.

8. masa wisaka, laminipun 30 dintên, rangkêpanipun masa kawolu.

9. masa jita, laminipun 30 dintên, rangkêpanipun masa kasanga.

10. masa srawana, laminipun 30 dintên, rangkêpanipun [rang...]

--- 5 : 204 ---

kêpanipun masa sapuluh.

11. masa padrawana, laminipun 30 dintên, rangkêpanipun masa dhastha.

12. masa asuji, laminipun 30 dintên, utawi yèn taun wuntu 31 dintên, rangkêpanipun masa sadha.

Kala samantên lajêng kalimrahakên dhatêng têtiyang ing bawah Ngastina sadaya, ingkang kabêbahan anglampahakên etangipun, ulu-ulunipun tiyang agami Brahma.

Salêbêtipun ing warsa Prawa, etanging taun surya sangkala 622, tinêngêran anêmbah bojaning wrêksa. Kaetang ing taun candrasangkala 641, tinêngêran janma catur angoyag langit.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara, karsa angadani tarub tarunala, angubêngi bale păncaniti, sarta rinêngga ing pêpêthetan sêkar-sêkaran sarwa sri raras kawuryan.

Amarêngi masa naya, kacariyos malih Prabu Dwipakeswara arsa amrênahakên panggenan dhatêng punggawa têtiga, sami sutaning Bagawan Swakutsdha ingkang sampun muksa: 1.

--- 5 : 205 ---

Arya Kardhitya, kaparingan tanah ing Tunggul Malaya, 2. Arya Kusthaka kaparingan tanah ing Kandhaka, 3. Arya Kesthawa, kaparingan tanah ing Ngawu-awu, tiga pisan sami kajêjêrakên dados ratu tampingan tanah ing Ngastina.

Salêbêtipun ing warsa Ipa, etanging taun surya sangkala 623, tinêngêran agni anyikara wrêksa. Kaetang ing taun candrasangkala 642, tinêngêran boja ama warna anggas.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Ngastina, kadhatêngan rajaputra ing Gujulaha, anama Radèn Partayadnya, angaturi uninga ing Prabu Dwipakeswara, manawi ingkang rama Prabu Partana seda prang kalihan Prabu Bahlika, awit nagari ing Gujulaha kabêdhah saking Siwandapura, sababipun Prabu Bahlika amiyarsa manawi nagari ing Ngastina sanès ingkang jumênêng nata, dados sumêrêpipun amurinakakên dhatêng ingkang rayi Prabu Santanu, mila sagunging para nata ingkang kalêbêt wăngsa akalihan Prabu Dwipakeswara sami linurugan, malah pawartosipun ing wingking botên sande anglurug dhatêng Ngastina, têlas aturipun Radèn Partayadnya. Prabu Dwipakeswara dahat rudita ing wêkasan madêg kasudiranira, [kasudira...]

--- 5 : 206 ---

[...nira,] mila lajêng andhawuhakên undhang tata-tata samaptaning ayuda, ing nalika punika Gandarwa Raja Swala andhatêngi, atur pirêmbag manawi kasêmbadan ing karsa nata badhe damêl pabitingan durgama rungsit, Prabu Dwipakeswara mangayubagya, ing ngriku sami sanalika sampun dados langkung santosa sarta pakèwêd pasang rakitipun.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari ing Ngastina, kadhatêngan rajaputra ing Kasi, anama Radèn Darmamuka, angaturi uninga dhatêng Prabu Dwipakeswara, manawi ing Kasi binêdhah saking Siwandapura, Prabu Sadhamuka seda kasambut ing ayuda, para wadya sami pêpuyêngan rêbat pangungsèn sowang-sowang, têlas aturipun Radèn Darmamuka, Prabu Dwipakeswara sangsaya kabangan bangun alin-alining nala manawi sampuna kapambêngan dhatêng para pinisêpuh kêdah tumindak anglurug dhatêng Siwandapura.

Salêbêtipun ing warsa Tadu, etanging taun surya sangkala 624, tinêngêran warna bau angoyag langit. Kaetang ing taun candrasangkala 643, tinêngêran guna dadi rêtuning barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, kadhatêngan patih ing Kicakapura, anama [a...]

--- 5 : 207 ---

[...nama] Patih Sumitra, angaturi uninga dhatêng Prabu Dwipakeswara, manawi Prabu Kekaya prang campuh kalihan Prabu Bahlika ing Siwandapura, ananging para wadyanipun Prabu Bahlika sami tumpêsan sadaya, amargi saking pitulungipun Sang Hyang Bayu ingkang andadosakên gara-gara sedaning ratu sakalihan, wadya ing Kicakapura botên wontên ingkang kuciwa, amung satunggal tiyang èstri sakit mêngi punika pêjah katisên, kalihan maesa dhungkul têtiga sami kombul ing tawang, têlas aturipun Patih Sumitra, Prabu Dwipakeswara duk amiyarsa langkung sungkawa sedaning marasêpuh, ananging ragi tuntung gumujêng, dene aturipun Patih Sumitra têka amratelakakên pêjahing pawèstri sakit mêngi kalihan kombuling maesa dhungkul, dalah ingkang wontên ngabyantara nata sami pating kacêmut sadaya. Ya ta kawuwusa Dèwi Kekayi dupi amiyarsa sedaning rama têka dahat rudahing wardaya, tansah anahêni waspa angampêt karuna ing wêkasan dados seda saking kakênaning galihira, Prabu Dwipakeswara dahat sungkawa karănta-rănta rêntêng runtak katawuran mar têrnyuh tanpa jamuga, para pinisêpuh agung angêngimur mèt pangimur amrih lipur, mila

--- 5 : 208 ---

Prabu Dwipakeswara lilih salêbêting galih, amupus pêpasthèn, lajêng angupakara layoning garwa sampun sarwa paripurna ing wêkasan kabêsmi nuntên Radèn Partayadnya akalihan Radèn Darmamuka, utawi Patih Sumitra sami kadhawahan kèndêl wontên ing Ngastina kemawon, ing samăngsa-măngsa badhe wontên karsa nata, sang katiga samya matur sandika.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos nagari i Ngastina, Prabu Dwipakeswara têdhak dhatêng udyana saha garwa Rêtna Watari, karsa angundhuh langsêp akalihan wowohan sanèsipun, ing ngriku Prabu Dwipakeswara nuju dhahar langsêp kagungan panggraita, citraning woh langsêp badhe kaanggit aksara, sarêng kondur saking udyana saèstu anganggit, kadadosanipun winastan sastra pala, lajêng kalimrahakên dhatêng para wadya sadaya, kala samantên têtiyang bawahing Ngastina sami angangge lampahing sastra pala punika, dene têtiyang bawahing Wiratha taksih sami angangge sastra patra kados ingkang sampun kalampahan ing salaminipun.

Salêbêtipun ing warsa Iswara, etanging taun surya sangkala 625, tinêngêran tata bojaning rêtu.

--- 5 : 209 ---

Kaetang taun candrasangkala 644, tinêngêran dadi pakartining ngraras barakan.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Ngastina Prabu Dwipakeswara, kaaturan rêmbag dening Maharsindradewa, manawi kaparênga Radèn Partayadnya kawangsulna dhatêng ing Gujulaha, Radèn Darmamuka kawangsulna dhatêng Kasi, Patih Sumitra kadadosna ratu ing Kicakapura, supados wontêna ingkang anarubakên para wadya, Prabu Dwipakeswara kasêmbadan ing karsa, nuntên katiga pisan sami kadhawahan jumênêng nata sowang-sowang, sarêng matur nuhun sandika, dupi sampun samapta ing antawis dintên sami pamit kalilan mangkat, Prabu Partayadnya dhatêng Gujulaha, Prabu Darmamuka dhatêng Kasi, Prabu Sumitra dhatêng Kicakapura. Sarêng antawis masa kacariyos Prabu Partayadnya ngalih praja dhatêng Sriwadari, Prabu Darmamuka angadani kitha enggal wontên padhusunan ing Widarba taksih kalêbêt sabêt saponing Gujulaha, sarêng sampun dados winastan kitha ing Giyantipura, lajêng kaêlihan, amung Prabu Sumitra ingkang taksih têtêp wontên ing Kicakapura.

Salêbêtipun ing warsa Wakdaniya, etanging taun [tau...]

--- 5 : 210 ---

[...n] surya sangkala 626, tinêngêran anggas paksa angobahkên wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 645, tinêngêran gatining samudra karênga ing gêgana.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina kadhatêngan dutanipun Prabu Darmamuka, akalihan dutanipun Prabu Partayadnya, sami angaturi uninga anggènipun ngalih nagari punika, sarta atur pakêkintun sarwa adi maneka warna, Prabu Dwipakeswara dahat suka rêna anarima, sarêng antawis dintên Prabu Sumitra ing Kicakapura sowan dhatêng Ngastina, atur pisungsung warna gathita kalayan băngsa pèni ingkang adi-adi, mênggah gathita punika êjam mungêl piyambak.

Salêbêtipun ing warsa Pramadi, etanging taun surya sangkala 627, tinêngêran smaraning carana karêngèng wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 646, tinêngêran angraras warnaning wrêksa.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Ngastina Prabu Dwipakeswara angadani badhe prasadarga wangun pêpanggungan, sarêng sampun dados gathita saking Kicakapura kadèkèkakên wontên ing ngriku, amêwahi raras asrinipun [a...]

--- 5 : 211 ---

[...srinipun] nagari ing Ngastina.

Salêbêtipun ing warsa Wikrama, etanging taun surya sangkala 628, tinêngêran ngèsthi anêmbah tahên. Kaetang ing taun candrasangkala 647, tinêngêran kaswarèng samudra obahing langit.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara angadani têgal pamedan wontên sajawining nagari, angiras dados pasetraning para sudira brata.

Salêbêtipun ing warsa Wila, etanging taun surya sangkala 629, tinêngêran trusthaning panêmbah angraras barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 648, tinêngêran brahmana catur angrasani kamuksan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara angadani kabuyutan nênêm, urut wontên sajawining pamedan: 1. kabuyutaning têtiyang agami Sambo, 2. kabuyutaning têtiyang agami Brahma, 3. kabuyutaning têtiyang agami Endra, 4. kabuyutaning têtiyang agami Wisnu, 5. kabuyutaning têtiyang agami agami Bayu, 6. kabuyutaning têtiyang [têti...]

--- 5 : 212 ---

[...yang] agami Kala, sadaya punika sami rinêngga sarwendah maneka warna botên wontên ingkang kuciwa, andadosakên suka rênanipun para ulu-uluning agami.

Salêbêtipun ing warsa Sitrapanu, etanging taun surya sangkala 630, tinêngêran sirnaning agni angebahakên wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 649, tinêngêran mukaning pakarti angrasa barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara sabibaring pamêmulèn rajawedha karsa têdhak apêpara pitêr puja, manawi wontên patilasan ingkang risak kadhawahan dandosi, sarawuhipun saking pêpara ing antawis dintên karsa angumpulakên sagunging para băngsa, sami pinatah ing padamêlan sowang-sowang: 1. băngsa brahmana, pinatah ambumèni ulah agami, 2. băngsa satriya, pinatah ambumèni panataning ulah nagari, 3. băngsa sawasya, pinatah ambumèni panataning ulah padhukunan, 4. băngsa danuja, pinatah ambumèni panataning ulah kaprawiran, 5. băngsa danèswara, pinatah ambumèni panataning ulah gêgramèn amanjangakên arta praja, 6. băngsa sudra, pinatah ambumèni panataning ulah têtanèn, [têta...]

--- 5 : 213 ---

[...nèn,] 7. băngsa raksasa, pinatah ambumèni panataning ulah wêwanan, grêma tuwa buru utawi anêgor wrêksa usung-usung angkat junjung ing sapanunggilanipun, sarêng sampun waradin dhawahing parentah sadaya lajêng sami pinaringan ingkang dados beya waragadipun sowang-sowang.

Salêbêtipun ing warsa Supanu, etanging taun surya sangkala 631, tinêngêran janma tri angraras kasunyan. Kaetang ing taun candrasangkala 650, tinêngêran tanpa bayu angoyag langit.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara karsa angadani Mèrupancana kang wontên pucaking wukir Sagra, winangun patapan inguparêngga sarwa sri maneka warna, sarêng sampun dados winastan ing Wagiswara.

Amarêngi masa palguna, gêntos kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati ginubêl ing wayah Radèn Krêsna akalihan Radèn Seta, samya nuwun pamit badhe têtuwi ingkang rama dhatêng Ngastina, Prabu Wasupati èsmu awrat ing galih, sumêlang bokmanawi botên kaupasama atêmahan anglinglingsêmi, [17] awit saking pawartosing

--- 5 : 214 ---

pêpêkênan, ratu ing Ngastina sampun drêman putra saking garwa malih, ananging aturing wayah sakalihan angêngudi sangêt supados kaparênga, ing wêkasan kalilan angkatipun mawi kaparingan kanthi sang rajaputra Radèn Matsya, wadya ingkang andhèrèkakên amung sawatawis kewala.

Taksih sami salêbêting masa palguna, gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, wontên pandhita ditya anama Rêsi Kandhihawa, angasrama ing Guwa Sagala imbanging wukir Kandha, Sang Maharsi Ditya sawêg kapêtêngan ing wardaya saking panggubêling putra èstri, anama Rêtna Kandhini, supêna palakrama, antuk satriya bule anama Radèn Seta, kawarti putra panênggaking Ngastina, punika Sang Ditya Rêsi Kandhihawa kinèn angruruh ingkang kasupêna, ananging tansah sinanggi ing krama kewala, awit rinaos pakèwêd jalaraning kapanggiha, ingkang sapisan sutaning ditya kaping kalih botên prênah dhangkanipun, upami anginggah-inggahana măngsa katampèna, Rêtna Kandhini botên kenging kasêrêpakên makatên, malah badhe lumampah angupadosi piyambak, sawêg sami awawan wiraos makatên, Sang Ditya Rêsi Kandhihawa kadhatêngan siswa saking amănca dhusun [dhu...]

--- 5 : 215 ---

[...sun] awasta Sang Lohita ing Kasru, suka pawarti manawi mêntas kenging tundhan saradan lampahing para satriya saking Wiratha dhatêng Ngastina, kathahing satriya têtiga sami maneka warna, ingkang satunggal cêmêng mulus, ingkang satunggal pêthak mulus, punika wartinipun ingkang kêkalih putra ing Ngastina, ingkang satunggal jêne mulus punika putra ing Wiratha, lampahipun ing samargi-margi tansah anênumpu sato wana, mila enggal awêwarti punika bokmanawi maesanipun andanu sang ditya rêsi ingkang kalawungakên ing wana sami kenging ing bêbêdhagan, Sang Ditya Rêsi Kandhihawa duk amiyarsa pawartos makatên punika anarima rumaos antuk kaladesa, ing sanalika matak măntra wikrama aji ginung pangaskrêti, lajêng aparentah tata-tata samaptaning pasugata ingkang adi-adi sawontênipun wêdalan ing ardi.

Kawuwusa ingkang sami lumaksana, kala samantên kenging pangaribawa sami anjog dhatêng padhepokan ing Guwa Sagala, Sang Ditya Rêsi Kandhihawa sasiswanipun para cantrik samya amêthuk angacarani ingkang rawuh sadaya, dahat sinugun-sugun ing pangupaboga tanpa kuciwa, Rêtna Kandhini kinèn angladosakên wowohan [wowoh...]

--- 5 : 216 ---

[...an] angirid para endhang ingkang anămpa. Ing nalika punika andadosakên suka panarimanipun ingkang sami lumaksana sadaya, sarêng ing dalu Radèn Matsya, andangu dhatêng Ditya Rêsi Kandhihawa, namining padhepokan utawi ingkang bêbadhe punika, sarèhning nêmbe uninga sawêg ing mangkya. Atur wangsulanipun: Dhuh anggèr, bagya punapa ingkang kula panggih, măngsa anglangkungana ing sarawuh paduka punika, sarèhning kadangu ing saèstunipun kula kêdah matur sajarwa, mênggah padhepokan punika awasta ing Guwa Sagala, ingkang abêbadhe inggih kula piyambak manawi wontên sotah amastani kula kasêbut nama Ditya Rêsi Kandhihawa, yoganing Rêsi Kandhiyana, kawayah dening Rêsi Sukandha, ingkang mangasrama srêngganing wukir Tangguru tanah Ngindi, lajêngipun Rêsi Sukandha punika, putraning Bathara Kandhawa, Bathara Kandhawa putraning Bathara Brahma Kandhaka, Bathara Brahma Kandhaka, putraning Bathara Brahma Kandheya, Bathara Brahma Kandheya putraning Hyang Brahmana Kandha, Sang Hyang Brahmana Kandha, punika lêluhur kula botên wontên ingkang awarni ditya kajawi amung kula piyambak, katurasan saking ibu kula putri ditya, anama Dèwi Sukèstri, putraning [pu...]

--- 5 : 217 ---

[...traning] Ditya Raja Purasadhaka ing Kiskandha, makatên bêbukanipun, putri ing Kiskandha Dèwi Sukèstri punika bisu botên sagêd waluya saking măntra usadi, sarêng kadamêl sayambara singa ingkang amaluyakakên dados jatukramanipun sang putri, kala samantên rama kula Rêsi Kandhiyana nuju manungku samadi wontên ing sanggar palanggatan kadhawahan sasmitaning dewa, badhe antuk jodho sajati, ingkang dados jalaranipun kapanggih kinèn angruwat kasmalaning putri ditya Dèwi Sukèstri wau, pinaringan sarana toya marta winadahan ing kamandhalu, kinèn anyêmburakên sanalika niscaya nirmala waluya jati, punika kalampahan rama kula angadêgi sayambara dhatêng praja ing Kiskandha, sarêng Dèwi Sukèstri kasêmbur ing toya marta kadadosanipun ruwat awarni wanudya ayu endah, sarta sagêd angandika matur ingkang rama sintên ingkang maluyakakên, lajêng jinatosan manawi saking pitulungipun Rêsi Kandhiyana ing wukir Tangguru enggalanipun ibu kula Dèwi Sukèstri sampun kadhaupakên akalihan Rêsi Kandhiyana lajêng kabêkta mantuk dhatêng wukir Tangguru, sarêng ibu wawrat pambabaripun mijil jalu awarni ditya inggih kula punika winastan Kandhihawa, [Kandhi...]

--- 5 : 218 ---

[...hawa,] kala samantên kawarti rama merang lajêng muksa, ibu sangêt sungkawa sarta botên pikantuk saniskara ingkang angecakakên wardaya, wêkasanipun ibu mantuk dhatêng Kiskêndha, ing alami-lami eyang Ditya Raja Purusadhaka muksa, kagêntosan putra sêpuh pun uwa Raja Purasangkara, nuntên ibu nututi muksa, kula kantun sampun diwasa. Ing nalika punika raose manah kula têka botên rêna tunggilan akalihan para ditya, mila lajêng miruda saking Kiskêndha tanpa paliwara dhatêng nungswa Jawi, saking sih palimarmaning dewa dumadakan amanggih jatukrama, makatên bêbukanipun, wontên samadyaning wana kula amiyarsa tangisipun tiyang èstri, kula upadosi kapanggih wontên salêbêting Guwa Sagala ing ngriki, sarêng kula parêpêki kèndêl lajêng muwus makatên, saiki aku sida mati dimăngsa ing buta, kula amangsuli têmbung manis manuhara, sang dyah ayu sampun andika wancak driya, sanadyan kula punika ditya botên nate măngsa janma, sampun ingkang amăngsa malih yèn kolua, amêjahi janma kemawon botên măngga, sasampunipun kula amangsuli makatên, sang dyah ayu têka lêjar ing nitya, lajêng kula pitakèni sangkan paranipun, sarta ingkang [ing...]

--- 5 : 219 ---

[...kang] sinambat ing nama, angakên wasta Rara Sikani yoganing Ajar Wrisika, ing wukir Sambawana, wartinipun kawayah dening Rêsi Srêngka, inggih ing wukir Sambawana ugi, panginggilipun têdhaking Sang Hyang Wisnu, sangkanipun kala wontên ing wukir Sambawana, katut paniyuping ulur-ulur kabêkta dhatêng dirgantara, dhawah wontên ing wukir Kandha antuk parmaning dewa rahayu tanpa karaos punapa-punapa, lajêng angungsi salêbêting guwa ngantos pêndhak dintên punika tansah anangis kewala, supados kapiyarsaa manawi wontên ingkang anglêlari, makatên sajarwanipun Rara Sikani. Kala samantên lajêng kula tantun, manawi purun kaangkah semah inggih kula kadugi mangsulakên dhatêng wukir Sambawana, sanadyan têbiha amêsthi kalampahan kapanggih kalihan ingkang ayoga, pan ika Rara Sikani dèrèng ngantos amangsuli katungka wontên jawata prapta tanpa sangkan, sarya sêsanti mangayubagya dhaupipun Rara Sikani akalihan kula, kèling sêsanti angandika makatên, dhuh kulup, Ditya Kandhihawa, sajatine ingsun iki dewa aran Bathara Sambawa, putraning Bathara Sarana, wayahing Sang Hyang Madusadhana, buyuting Sang Hyang Wisnu, iya wruhanira Si Rara Sikani iki kaprênah buyut ingsun,

--- 5 : 220 ---

sudarmane kang ayoga aran Ajar Wrisika iku wayah ingsun, kakèkne kang aran Rêsi Sangka iku putraningsun, iya iku kang wiwit bêbakal ana ing wukir tilas patapan ingsun kasêbut aran Sambawana, ing mêngko rusak kaparag dening ulur-ulur saking karsaning Sang Hyang Wisesa, awit Si Ajar Wrisika sasiswane sagotra padha karêm maring artadaya, kang tan kalêbu dadi kawajiban, kongsi ora anêtêpi salakuning pangajaran, dene ênggon ingsun tumêdhak saka ing kahyangan iki andhawuhake kayêktèning pêpasthèn, yèn Si Rara Sikani dadi jatukramanira, ing têmbe sêsuta wanudya ayu bakal dadi garwaning satriya narpatmaja, sira têtêpa atêtruka ana ing kene iki aran Guwa Sagala, sarta sira sun paringi aran Rêsi Kandhihawa, anarimaa warna ditya wus pandoning kang kawasa amarakake kabêgyanira, măngsa antaraa warsa sayêkti akèh kang padha milu wisma saka kayungyun dening kadibyanira, lah tampanana pêparing ingsun sanjata prabawa iki minăngka pusakaning somahira, tumuruna maring sutanira ing wuri. Sasampunipun sanjata prabawa kula tampèni kalilan matur kapundhi, Bathara Sambawa angandika dhatêng [dha...]

--- 5 : 221 ---

[...têng] Rara Sikani: Dhuh nini sira lakonana dadi somahe si kulup Rêsi Kandhihawa, sanadyan warna ditya maksih têdhaking dewa, lan wus pasanganing nguni, mula turas brahma antuk trahing Wisnu. Sakèndêlipun angandika makatên, Bathara Sambawa muksa, punika kula lêstantun dhaup kalihan Rara Sikani, ngantos sêsuta satunggal èstri, wasta Rêtna Kandhini, sarêng diwasa têka adamêl sungkawaning manah kula, makatên bêbukanipun: Wontên ratuning raksasa anama Yaksa Raja Ajaksasura, [18] warni danawa sirah dipăngga, akitha ing Anggasthina, kawarti putraning Sang Maharsi Anggasthina punika angajêngakên dhatêng pun Rêtna Kandhini badhe kaangkah garwa, ananging kula botên kasambadan ing wardaya, dados kula ecani manah kasanggi ing krama kemawon, asêngadi sawêg kula wulang tatakrama, sarèhning rare taksih balilu sangêt, ing samăngsa sampun sarwa pralêbda badhe angaturi uninga, ing wêkasan sampun pêndhak dintên punika, pun Rêtna Kandhini supêna emah-emah antuk satriya pêthak mulus, kawarti putra panênggak ing Ngastina, kula dipun kèn angupadosi, rumaos pakèwêd margining kapanggiha, nuntên wontên siswa kula kang

--- 5 : 222 ---

awasta pun Lohita ing Kasru, punika wêwarti manawi wontên lampahing para satriya saking Wiratha dhatêng Ngastina, ing samargi-margi tansah anênumpu sato wana prasabênipun pun Lohita, amung sumêlang bokmanawi gadhahan kula maesa andhanu ingkang lêlawung wontên samadyaning wana kenging pambêdhagan, makatên punika botên andadosakên sandeyaning manah kula, malah amurugakên panggarjita rumaos antuk kaladesa, jalaraning sagêd kasambadan saking kapasang yogya purug, sami sanalika kula lajêng amêsu cipta, anuwun parmaning dewa, katarima dumadakan panjênêngan paduka karsa têdhak mariki punika, têlasing atur kula ing wêkasan sumăngga kagaliha. Ya ta Radèn Matsya duk amiyarsa ing atur sajarwanipun Ditya Rêsi Kandhihawa têka andadosakên suka pirênaning driya, mila lajêng pirêmbagan lêstantunipun kalampahan, enggaling cariyos Radèn Seta sampun dhaup kalihan Rêtna Kandhini, nuntên sanjata prabawa kaaturakên dhatêng Radèn Seta minăngka pusaka, ing antawis dintên samya mangkat dhatêng Ngastina, Sang Ditya Rêsi Kandhihawa andhèrèkakên ngantos dumugi ing Ngastina pisan. Sarêng Prabu Dwipakeswara kaaturan uninga

--- 5 : 223 ---

langkung suka lajêng sami katimbalan marêk ing ngabyantara nata, sasampunipun sami sinambrama sowang-sowang, Prabu Dwipakeswara andangu dhatêng Radèn Matsya ingkang dados pêrluning karya, winangsulan atur manawi angirid ing atmajendra sakalihan, Radèn Krêsna Seta sami sowan têtuwi ing panjênêngan paduka, lajêngipun aturira Radèn Matsya sambekalaning lampah wontên ing margi amiwaha pulunan, ngantos dumugi ing ngabyantara nata punika, sampun tanpa sangsaya, Prabu Dwipakeswara duk amiyarsa andadosakên suka ngunguning wardaya, ing ngriku Sang Ditya Rêsi Kandhihawa kinèn marêk mangarsa tunggil akalihan Patih Duma, sinambrama pambagya dahat panuhunira, nuntên Prabu Dwipakeswara andangu malih dhatêng Radèn Matsya, Dèwi Găndawati punapa sampun patutan akalihan Sang Santanu, aturipun inggih sampun apêputra amung tiga, ingkang sêpuh jalu nama Radèn Citranggana, panênggak jalu malih nama Radèn Citrasena, pêparab Citrawirya, wuragilipun èstri anama Dèwi Bandadari, ngantos ing sapriki kakang bok botên apêputra malih, Prabu Dwipakeswara dupi amiyarsa kèndêl angêmu waspa lajêng kondur angadhaton. [angadhato...]

--- 5 : 224 ---

[...n.] Kala samantên kacariyos Radèn Matsya salaminipun wontên ing Ngastina, kadi kataman mayaning asmara turida, dhatêng putri nata Dèwi Sutiksna, manawi nuju angladosi ing rama tansah liniring dhatêng Radèn Matsya, Prabu Dwipakeswara sumêrêp sambang liringing nitya, mila sarêng ing wanci dalu Radèn Matsya dhinawuhan badhe kadhaupakên akalihan Dèwi Sutiksna, ananging margia saking karsanipun ingkang rama Prabu Wasupati, Radèn Matsya matur sandika.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa, salêbêting taun Supanu, kacariyos Radèn Matsya, ing mangke sampun kalilan kondur dhatêng Wiratha, sarta winêling kinèn matur ing rama manawi Radèn Krêsna Seta taksih kinangênan, Radèn Matsya matur sandika, ing antawis dintên mangkat, botên kacariyos lamining margi, sarêng dumugi ing Wiratha, sampun matur salampahipun saking wiwitan dumugining wêkasan, sarta angaturakên dènira kasmaran dhatêng Dèwi Sutiksna, Prabu Dwipakeswara sampun kaparêng anggêr margi saking karsanipun ingkang rama. Prabu Wasupati amiyarsa aturing putra Radèn Matsya, andadosakên sukaning galih, lajêng amatah ingkang di-

--- 5 : 225 ---

nuta, Sang Arya Prabu Kestawa ambêkta nawala patra, lampah lêlancaran botên ngantos lami dumugi ing Ngastina, sêrat katampèn dening Prabu Dwipakeswara sampun tinukpiksa[19] suraosipun anglamar dhatêng Dèwi Sutiksna, ing antawis dintên winangsulan sêrat manawi sampun kasambadan sarta mangayubagya, antukipun Sang Arya Prabu Kestawa angaturakên sêrat wêwangsulan, katupiksa andadosakên sukaning galihipun Prabu Wasupati enggaling cariyos kala samantên Radèn Matsya kasowanakên dhatêng Ngastina lajêng dhaup kalihan Dèwi Sutiksna, langkung agêng pamiwahanipun andhatêngakên suka, ing antawis dintên kaundhuh dhatêng Wiratha binawahan malih kados kala dhaupipun.

Salêbêtipun ing warsa Taruna, etanging taun surya sangkala 632, tinêngêran paksa uninga rarasing swarga. Kaetang ing taun candrasangkala 651, tinêngêran ratu buta angobahakên barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara karsa angadani padalêmaning para putra, sami winangun kados pasang rakiting pura sarta mawi

--- 5 : 226 ---

patamanan rinêngga sarwa sri maneka warna, botrawi sinungan balekambang têpinipun pinancak suji talajug kancana.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari ing Wiratha, Radèn Matsya jinunjung dados prabu anom, anama Arya Prabu Matsyanata, ing antawis dintên sowan dhatêng Ngastina saha garwa langkung kinurmatan kados satatanipun katamuan samining ratu.

Amarêngi masa naya, gêntos kacariyos nagari ing Anggasthina tanah sabrang, ingkang jumênêng nata warni raksasa sirah liman, anama Yaksa Raja Gajaksasura, putraning Rêsi Anggasthi, trah Sang Hyang Tamburu ing kina, kala rumuhun adarbe karsa dhatêng Rêtna Kandhini, ananging tansah sinanggi ing krami dening Ditya Rêsi Kandhihawa, sarêng ing mangke Sang Yaksa Raja Gajaksasura amiyarsa pawarti saking para nangkoda, manawa Rêtna Kandhini sampun kagarwa putra ing Ngastina kang anama Radèn Seta, malah Sang Ditya Rêsi Kandhihawa tumutur pindhah wisma pisan wontên ing Ngastina, dupi sampun têrang pamiyarsanira, ing nalika punika Sang Yaksa Raja Gajaksasura dahat bramantya, lajêng undhang tata-tata sapalakartining ayuda, sarêng sampun sarwa samapta, budhal anglurug dhatêng Ngastina, saha [sa...]

--- 5 : 227 ---

[...ha] wadya para raksasa sami mêdal ing gêgana sadaya.

Gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, para putra ing Ngastina sami pêpara dhatêng sajawining praja ngantos dumugi têpis iring wana, ing nalika punika saking panguncanging dewa, Radèn Seta kalihan Radèn Bimakica sami kapalantrang sêsowangan ngantos dumugi satêngahing wana. Wau ta lampahipun Sang Yaksa Raja Gajaksasura, uninga saking awiyat manawi wontên satriya pêpara ing wana, lajêng utusan raksasa satunggal anama Sang Utkawa kinèn têtakèn namaning satriya sarta ingkang sinêdya, Sang Utkawa lajêng tumurun saking gêgana amanggihi Radèn Seta, atêtakèn nama tuwin pêrluning karsa sampun winangsulan sajarwa, ing ngriku Sang Utkawa mêsat matur manawi punika putra ing Ngastina, Radèn Seta kang akrama antuk Rêtna Kandhini, nuju apêpara kapisah kalihan panunggalanipun sami cangkrama, ya ta sang yaksa raja madêg suraning driya lajêng tumêdhak saking gêgana saha wadya anarajang dhatêng Radèn Seta, sarèhning kawon kasantikan sarwa botên ambêgta sanjata prabawa dados Radèn Seta èsmu karepotan, dangu-dangu seda kasambut ing ayuda. Botên antawis dangu Radèn [Ra...]

--- 5 : 228 ---

[...dèn] Bimakica prapta, dupi uninga manawi ingkang raka Radèn Seta seda prang kalihan raksasa, lajêng mangsah akêkiwul sura tan taha nir baya nir wikara, para raksasa kathah ingkang kaparwasa sasesaning pêjah samya larut asasaran, sang yaksa raja mangsah pêpulih risaking wadya raksasa, ing antawis dangu Radèn Bimakica seda kasambut ing adilaga, sasampunipun makatên sang yaksa raja malih warna kados Radèn Seta, Patih Wisthakasura kalêrês ipe kalihan sang raksasendra kang amindha warna Radèn Bimakica, lajêng samya ngumpul dhatêng panggenaning para putra ing Ngastina botên kawistara, amargi para wadya raksasa sami katilar anjêjampangi saking awiyat kewala.

Nahan samantara, kawuwusa Gandarwa Raja Swala marêk ing ngarsanira Prabu Dwipakeswara angaturi uninga sedanipun ingkang putra sakalihan, Sang Prabu Dwipakeswara sakalangkung kagèt ing galih sarta prihatin dahat tuwin sadaya ingkang sami amiyarsa, sang gandarwa anglajêngakên atur lajêng wontên sandi upayaning mêngsah mêmindha warnaning putra ingkang sinedan, Prabu Dwipakeswara kaaturan ngatos-atos kemawon rumiyin, karantên duratmaka punika

--- 5 : 229 ---

kalangkung sudibya sêkti măndraguna, ananging sirnanipun kalihan Ditya Rêsi Kandhihawa awêwarah manawi wontên panduking karti sampeka, ing mangke manawi para atmajendra rawuh saking pêpara, sasampunipun awêwarah makatên, Sang Gandarwa Raja Swala mêsat angambara dumugi ing satêngahing wana angambil kunarpanipun Radèn Seta akalihan Radèn Bimakica.

Wau ta para putra nata samya kondur dhatêng praja, ing ngriku bangkitipun Sang Ditya Rêsi Kandhihawa Radèn Seta malihan dipun parêki sarta pinajaran manawi Rêtna Kandhini ing mangke nuju têtuwi dhatêng wismanipun, Radèn Seta malihan dipun aturi anjujug dhatêng wismaning Ditya Rêsi Kandhihawa kewala, ing ngriku duratmaka kang amindha warna anurut lajêng kawisesa tanpa karana dening Ditya Rêsi Kandhihawa, têmah kababaran dados Sang Yaksa Raja Gajaksasura, lajêng rukêt sami sudiranira angêtog kadigdayan, dangu-dangu sang raksasendra kasor karosanipun anêmahi seda layonipun muksa, Patih Wisthakasura kang amindha warna Radèn Bimakica duk uninga sirnaning ratunira, ing ngriku angrik dados raksasa lajêng anarajang dhatêng Ditya Rêsi Kandhihawa, botên [botê...]

--- 5 : 230 ---

[...n] antawis dangu pêjah kasambut ing ayuda.

Ya ta kawuwusa arinipun èstri raksasa Raja Gajaksasura kang awarni rasaksi anama Dèwi Asthipraba, dados garwaning Patih Wisthakasura, ing nalika punika anjêjampangi wontên samadyaning dirgantara, sarêng uninga manawi kadangipun sirna, lakinipun kaparwasa, botên sarănta lajêng malih warni antu anêmpuh dhatêng Ditya Rêsi Kandhihawa sakala sirna, katalika Sang Gandarwa Raja Swala sumêrêp ing kamayan panduking kartisampeka, lajêng amatak măntra sangkali Dèwi Asthipraba kataman ing sandi upaya dhawah saking gêgana kababaran dados rasaksi malih têmah botên sagêd ebah, Sang Gandarwa Raja Swala lajêng marêk ing ngabyantara nata, angaturi uninga manawi sapunika sampun sirna duratmaka kang anangsaya dhatêng atmajendra sakalihan, ananging Sang Ditya Rêsi Kandhihawa sirna kenging pangaskrêtining rasaksi ingkang galasahan punika, prayogi manawi kadangua awon saening kajêngipun. Sarêng rasaksi kadangu aturipun amung anuwun angaksama, saha badhe atur pituwas ingkang minăngka panêbusing badanipun supados kagêsangana, awarni Rêtna Dhanurdhara, manawi sinidhikara darbe [dar...]

--- 5 : 231 ---

[...be] kawasa, punapa ingkang kacipta dados, ingkang sinêdya wontên, ingkang kinarsan dhatêng piyambak, dinangu sangkaning Rêtna Danurdhara, matur saking pêparingipun ibu widadari nama Dèwi Tamayati putraning Bathara Tadhodhara, kawarti turasing Hyang Wrahaspati, dinangu namanipun matur Dèwi Asthipraba, kalêrês arinipun Sang Yaksa Raja Gajaksasura sami yoganing Rêsi Anggasthi. Dinangu karananira galasahan, aturipun awit saking pêpulih tiwasing kadang akalihan laki, kalampahan sagêd malês andadosakên sirnaning Rêsi Kandhihawa ing wêkasan kenging pamaribawa têmah galasahan punika. Dinangu kamulanira rasaksi darbe ibu widadari, aturipun makatên, ingkang dados bêbuka rama kula Rêsi Anggasthi, kapêndhêt saraya dhatêng Bathara Tadhodhara, kinèn anyirnakakên asura bala ingkang asring ngrêsahi kahyangan, kalampahan rama kula Rêsi Anggasthi mênang lajêng katariman ing putra nama Dèwi Tamayati, lulus dènira apalakrama, sarêng ibu anggarbini rama kula Rêsi Anggasthi prang kalihan liman asura ingkang ngrêsahi patapan, liman asura pêjah wangke muksa, punika wawratanipun ibu ambabar mêdal dhampit: 1. jalu warni raksasa [raksa...]

--- 5 : 232 ---

[...sa] sirah dipăngga, 2. èstri warni rasaksi kuping liman inggih kula punika, saking cariyosipun ibu kala samantên rama kula Rêsi Anggasthi merang lajêng muksa, ibu kantun anggana dahat sungkawa, nuntên eyang Bathara Tadhodhara tumêdhak anglêlipur sungkawanipun ibu, kinèn amupus ing pêpasthèn saking karsaning kang kawasa, lajêng amaringi têtêngêr pangangge kalihan namaning wayah, kadang kula sêpuh ingkang awarni raksasa sirah dipăngga, wasta Sang Gajaksasura, kula wasta Asthipraba, sarêng eyang kondur dhatêng kahyangan malih, ibu dipun purugi raksasa-rasaksi, tinakenan angakên nama Sang Wawrita sang rasaksi awasta Widhandini, nêmbung kaparênga dados pamong putra sakalihan, sabab kapencut darbe putra dèrèng kalampahan, ibu anayogyani anggêr botên kabêkta dhatêng dhangkanipun, raksasa-rasaksi sagah angawula pisan, punika lastantun dados pamong ngantos dumugi ing diwasa kula, sarêng ibu amaringi pusaka Rêtna Dhanurdhara dhatêng kula botên antawis lami muksa, nuntên kadang kula sêpuh anggêguru dhatêng brahmana ditya wasta Dhanghyang Sindhungkara, winulang salwiring kasantikan, jaya kawijayan sadaya sampun sarwa widagda,

--- 5 : 233 ---

lajêng jumênêng nata angratoni para raksasa gandarwa asura tanah ing ngriku, adamêl kitha wontên tilas patapaning eyang Rêsi Anggasthi, winastan nagari ing Anggasthina, têlas aturipun Dèwi Asthipraba. Prabu Dwipakeswara angandika: Upamane wong minta jiwa iku kudu anurut ing sakarsa, manawa wus kaduga anglakoni sapakon yèkti lulus rahayu. Dèwi Asthipraba matur sandika lajêng kaluwaran, enggaling cariyos Dèwi Asthipraba, kadhaupakên antuk Sang Gandarwa Supala, nuntên Sang Gandarwa Raja Swala angaturakên kunarpaning atmajendra sakalihan, sampun kapanggih paripurna lajêng kabasmi wontên samadyaning têgal pamedan. Ing nalika punika kacariyos Rêtna Kandhini saking sangêting sungkawa kecalan priya miwah sudarma, têmah ambabar dènira wawrat mijil jalu sawanging wêwangunan mirib Radèn Bimakica, mila winastan Radèn Nirbita, Rêtna Kandhini seda konduran, layon pinaripurna sampun kabêsmi, ing antawis dintên Dèwi Sutiksna ambabar mijil jalu, sawanging wêwangunan mirib Radèn Seta, mila winastan Radèn Seta, nuntên Radèn Nirbita kapupu pisan dhatêng Arya Prabu Matswanata, dados Dèwi Sutiksna anêsêpi rare kêkalih, sarêng [sa...]

--- 5 : 234 ---

[...rêng] angaturi uninga dhatêng ing Wiratha, andadosakên sukaning galihipun Prabu Wasupati.

Amarêngi masa palguna, kacariyos malih nagari ing Ngastina, karsanipun Prabu Dwipakeswara, Sang Gandarwa Supala kadadosakên ratu wontên ing Anggasthina, ambawahakên para raksasa, gandarwa asura tanah ing ngriku sadaya, pinaringan nama Gandarwa Raja Supala, ing antawis dintên kalilan mangkat dhatêng Anggasthina saha garwa Dèwi Asthipraba.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa salêbêting taun Taruna, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Anom Arya Matswanata, pamit kondur dhatêng Wiratha, sampun kalilan mangkat saha garwa.

Salêbêtipun ing warsa Partipa, etanging taun surya sangkala 633, tinêngêran wedhaning guna angrasani kamuksan. Kaetang ing taun candrasangkala 652, tinêngêran panêmbahing gati karêngèng wiyat.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina, karsanipun Prabu Dwipakeswara para putra sami kapuruhitakakên dhatêng Sang Maharsindradewa, winulang salwiring [sa...]

--- 5 : 235 ---

[...lwiring] guna kasantikan miwah jaya kawijayan têkyan sampurnaning kamuksan sadaya sampun sami widagda, lajêng kapuruhitakakên dhatêng Sang Sohata Jawalagni, winulang salwiring kaprawiran ulahing ayuda sampun samya pralêbda.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Ngastina, rajaputra Radèn Suktina puruhita dhatêng Gandarwa Raja Swala, winulang salwiring kawruh siluman kawasa mancala putra mancala putri, manjing ajur-ajèr kawujudakên wêwarnèn saniskara sampun sami widagda sadaya.

Salêbêtipun ing warsa Wiya, etanging taun surya sangkala 634, tinêngêran warna bahni miyat ing langit. Kaetang ing taun candrasangkala 653, tinêngêran uninga gatining rasa.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara nuju lêlênggahan akalihan Patih Smarasanta, andangu lampahipun ingkang eyang-eyang, aturira Patih Smarasanta awit buyud paduka dumugi eyang ijêngandika lampahipun ingkang dipun antêpi amung kawan prakawis: 1. trima, 2. lila, 3. têmên, 4. utami, mênggah utami punika [pu...]

--- 5 : 236 ---

[...nika] dumunung wontên ing sabar darana, pae kalihan rama paduka Bathara Sakri, amung anêtêpi lampah kaprajuritan kemawon, ananging katêmahanipun dados luhur piyambak, kapundhut putra dening Sang Hyang Cakra, kaparingan pusaka jêmparing brahma kadhali saking Sang Hyang Girinata, têlas aturipun Patih Smarasanta, Prabu Dwipakeswara dahat suka anarima, ing antawis dintên Prabu Dwipakeswara karsa angyêktosakên patraping lampah makatên wau, dipun sangkani têdhak cangkrama anamungkula[20] amung kalihan Patih Smarasanta kemawon, ing raintên dalu asring angubêngi salêbêting praja, dènira anamurkula ngiras adêdana dhatêng para nistha papa, botên lami wontên parmaning dewa paring panyoba, nuju ing wanci têngange kaampirakên dhatêng wismane tiyang duskarti, sagah badhe kauningakakên ing têtingalan kang adi aèng, kadadosanipun kenging pangapus kinèn angrencangi bêbêndung dhawuhan, sarêng sampun katambak pêpêt, agêmipun kalpika tiningalan kabêkta lumêbêt ing wisma, sawêdalipun atêtakèn sajatosing nama, Prabu Dwipakeswara badhe kumbi manawi kuciwa ing satyanipun, dangu-dangu dados lajêng sajarwa manawi

--- 5 : 237 ---

ratu Ngastina, tiyang duskarti lajêng bramatya lajêng anguman-uman, wong kaya mêngkono angaku ratu, baya patut ginêbugan ing salarak kandhang, Prabu Dwipakeswara badhe mêdal dukanipun rinapu dening Patih Smarasanta, andadosakên sarănta, duk arsa angesahi tiyang duskarti musna, katêmahan Sang Hyang Girinata, ingkang katingal angejawantah, asêsanti ing pangandika manis manadukara: Kulup-kulup, wus kayêktèn kayunira: 1. wus anarima saka ing kasangsayan, 2. wus lila saka ing kalong-longan, 3. wus têmên saka ing patakonan, 4. wus darana saka ing paruntikan, iku kabèh padha kalêbu dadi lakuning wirotama, lah ênya tampanana ali-alinira wus ingsun pasangi panunggul manik pranama, pakolèhe luput ing pănca wisaya, iya iku wisayaning ati limang prakara tanpa kalabêtan: 1. sêrêng, 2. lila, 3. bisu, 4. pangling, 5. uwas. Prayoga dadi pusakaning turasira ing wuri, têlas pangandikanipun Sang Hyang Girinata, Prabu Dwipakeswara wotsari anampèni kalpika, sarêng Sang Hyang Girinata muksa, Prabu Dwipakeswara kondur, ing samargi-margi tansah rêraosan [rêrao...]

--- 5 : 238 ---

[...san] akalihan Patih Smarasanta, awratipun tiyang angyêktosakên patraping lampah wau punika.

Salêbêtipun ing warsa Sarwasiti, etanging taun surya sangkala 635, tinêngêran tata guna angrasa sunya. Kaetang ing taun candrasangkala 654, tinêngêran pakartining bayu angebahakên langit.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara, sabibaring rajawedha karsa damêl kabingahanipun para wadya alit, ngiras anăndha bagya cilakaning janma satunggal-satunggal, jalaran saking pasanggiri pêpêndhêman rajabrana, pinarênca kathah kêdhik wontên samadyaning pabaratan, nuntên sagunging para wadya alit kadhawahan kinèn sami andhudhuk sowang-sowang, ing saangsalipun kaparingakên minăngka dados pawitaning pangupa jiwa, kang antuk kathah kinèn sukura, kang kêdhik antukipun kinèn anarima, sarêng sampun kalampah andadosakên kabingahanipun para wadya alit sadaya. Ing antawis dintên kacariyos wontên tiyang nistha papa angumbara, wasta pun Wahan, amiyarsa manawi wontên pasanggiri dhudhukan rajabrana punika dahat dènira analăngsa, awit botên kacacah ing dhawah, [dha...]

--- 5 : 239 ---

[...wah,] pun Wahan, lajêng amarsudi budi kabuka saking panggraita, kaupamèkakên tiyang dêrêp pantun, adat asring wontên ingkang taksih kenging kaasagan, ing nalika punika pun Wahan, sabên dalu dhatêng pabaratan andhudhuk awag-awagan kemawon, ananging botên nate angsal rajabrana, malah dumugi enjing ngantos anowongakên dènira angupados têdha awit saking karipan, parandosipun pun Wahan, botên kêmba dènira angasag rajabrana, dupi andungkap ing dalêm pitung dalu, angsal sih parmaning dewa, katingal wontên brahmana marêpêki sarya muwus: He Wahan, wus mupus, ênggonira angasag rajabrana masa antuka, sira sun paringi kanthong amoh iki kalungna, kawasane ing sabên bangun esuk sadurunge anggagat sayêmpraba sira angrogoha kanthong iki antuk kancana sakati, baya anyukupi karêpira, ananging wêwalêr ingsun rong prakara: 1. aywa ngrogoh kaping pindho, ing dalêm sadina sawêngi, 2. aywa kongsi sajarwa marang janma ing lêlakon iki, mênawa sira anêrak tan wurung katêmahan prapta ing jangji, têlas wuwusipun kang katingal brahmana sarêng angulungakên kanthong amoh sampun [sa...]

--- 5 : 240 ---

[...mpun] katanggapan lajêng muksa, pun Wahan mantuk kalêksanan saliring wêwêling andadosakên kasugihan.

Salêbêtipun ing warsa Sarwadari, etanging taun surya sangkala 636, tinêngêran angrasa uninga mangsaning muksa. Kaetang ing taun candrasangkala 655, tinêngêran tata gati angraras kasunyan.

Amarêngi masa palguna, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Dwipakeswara nuju sinewaka wontên ing bale darma, wontên wadya alit awasta pun Sudeya angaturi uninga manawi tiyang nistha papa kang awasta pun Wahan, ing mangke sakalangkung sugihipun, punika dipun kintên saking dugi prayogi kados anglampahi dhustha têmahanipun andadosakên sumêlang bokmanawi adamêl parêsahing nagari, sawêg kèndêl samantên aturipun pun Sudeya, lajêng wontên wadya alit awasta Waga matur manawi kala rumiyin sumêrêp ing sabên dalu pun Wahan, dhatêng pabaratan, dhudhuk-dhudhuk kados anandukakên pêpêndhêman, bokmanawi badhe amrih karisakaning nagari, pun Sarwaga kèndêl, lajêng wontên wadya alit awasta pun Widarya matur miyarsa alunipun pun Wahan, manawi asring para kêmplangan, ing sabên anyambut [anyambu...]

--- 5 : 241 ---

[...t] botên niyat kaantukakên. Ya ta Prabu Dwipakeswara dupi amiyarsa, aturipun wasya alit têtiga punika têka andadosakên kewraning galih, lajêng sami rinêmbag ing wêkasan dhawah kinèn animbali pun Wahan, sampun sowan dhatêng bale darma, dinangu sangkaning dados kasugihanipun, pun Wahan matur dora sambada, manawi saking parmaning dewa, dinangu malih ingkang dados karana antuk kanugrahan saking dewa, punika pun Wahan, kèndêl amung wotsari kemawon, awit rumaos pakèwêt aturipun, badhe kalajêngakên kumbi ajrih wisesaning ratu, badhe sajarwa ajrih ila-ilaning dewa. Sarêng tiniti-titi, dados matur sajarwa, ing lêlampahanipun sadaya, wêkasaning matur sarwi ngrogoh kanthong têmahan mêdal latu murub angkara-kara lajêng ambêsmi awakipunahan, [21] sampurna jati. Sirnaning latu pun Sudeya dados anêmahi bisu, pun Sarwaga anandhang wuta, pun Widarya katêmahan tuli, Prabu Dwipakeswara dahat angungun, èsmu miduhung inggih rumaos kalingsêman, miwah para punggawa kang asewaka sami gêtun angungun sadaya, mila Prabu Dwipakeswara lajêng andhawahakên parentah kinèn andum rajabrana dhatêng [dha...]

--- 5 : 242 ---

[...têng] warisipun pun Wahan, sarta kawêwahan rajabrana saking paringaning nata, ya ta saluwaring pasewakan, Prabu Dwipakeswara ing dalu animbali rajaputra Radèn Krêsna winisik salwiring raos sadaya, sarta pinaringan pusaka musthika jamus, akalihan candu sêkti, miwah kalpika kang apanunggul manik pranama, tuwin saradibya, pakantukipun sowang-sowang sampun winarah pisan, sarêng katanggapan dhatêng Radèn Krêsna, ing sanalika Prabu Dwipakeswara kawibawan dening cahya sajati lajêng muksa, Radèn Krêsna awêwarti ing ibu Dèwi Watari akalihan dhatêng para ari, ananging sami lipur dening pangimuripun sang rajaputra Radèn Krêsna, ing antawis dintên anglampahakên utusan alêlayu dhatêng Wiratha, kala samantên karsanipun Prabu Wasupati, para putra ing Ngastina saha wadya punggawa sami katimbalan dhatêng Wiratha, badhe kapranata ingkang prayogi, kadadosanipun, ing antawis dintên sampun sami sowan sadaya.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa salêbêting taun Sarwadari, kacariyos malih nagari ing Wiratha karsanipun Prabu Wasupati, nagari ing Ngastina paringakên wangsul dhatêng Bagawan Santanu malih, ananging lulus [lulu...]

--- 5 : 243 ---

[...s] dados raja pandhita kemawon, sarta kabawah dhatêng Wiratha, putranipun Bagawan Santanu kang awasta Radèn Biwara kagêntosakên wontên ing Talkandha dados raja pandhita kaparingan nama Rêsi Warabisma, ajêjuluk Rêsi Dewabrata, rajaputra ing Ngastina kang awasta Radèn Krêsna kinèn angênggèni patapan ing Satasrêngga pucaking wukir Saptarga, dados raja pandhita pinaringan nama Rêsi Byasa, para arinipun sami kadadosakên santana ing Wiratha, anama Arya Kicaka, Arya Rupakica, Arya Rajamala, Sang Maharsindradewa kawangsulakên dhatêng wukir Rêsyasrêngga dados raja pandhita, kaparingan bawah angrèhakên para rêsi sewa sogata tanah ing Kicakapura sadaya, Patih Smarasanta akalihan Patih Duma miwah Sogata Jawalagni tuwin Jêksa Wiku Salya kinèn lulus sami angêmong dhatêng Rêsi Byasa, kaparingan nama dhanghyang sadaya, ing antawis dintên sami kalilan mangkat sowang-sowangan.

Salêbêtipun ing warsa Wirodi, etanging taun surya sangkala 637, tinêngêran swaraning agni karênga ing gêgana. Kaetang ing taun candrasangkala 656, tinêngêran ebahing gati angraras kamuksan. [kamu...]

--- 5 : 244 ---

[...ksan.]

Amarêngi masa palguna, kacariyos malih nagari ing Wiratha, Patih Wasita muksa, kagêntosan ari nata Arya Prabu Kestawa, ingkang kagêntosakên palênggahanipun Arya Prabu Kestawa putra ing Ngastina kang anama Arya Kicaka.

Amarêngi masa srawana, kacariyos nagari ing Gandara, Prabu Mandararya muksa, saking karsanipun Prabu Wasupati ingkang kagêntosakên putra mantu anama Prabu Supala, jêjuluk Prabu Kesrawa, punika putranipun Prabu Kestha ing Ngawu-awu.

Taksih tunggil sami salêbêting masa srawana, gêntos kacariyos ing wukir Saptarga, Rêsi Byasa ingkang dahat duhkita, ing nalika punika nuju lênggah wontên sajawining sanggar palanggatan, kaadhêp dening dhanghyang sakawan ingkang tansah sami angêngimur sungkawanipun, Dhanghyang Smarasanta aturira amêmalat prana: Dhuh bêndara wong agung banthêng rêrêng sarwa sêmbada, bok sampun kêkathahên pangrantaning galih, punapa pakantukipun manawi kalajêng-lajêngêna mangun tikbraning tyas angêmu nitya wingit anahan pangandika makatên, luhung angayêm-ayêma wardaya, tarkadhang kapanggih

--- 5 : 245 ---

pamarsudining karsa watêkipun tiyang ayêman punika, adat ingkang sampun kalampahan asring andadosakên awèt anèm, wawratipun kula punika sampun ngumur langkung kalih bêlah warsa labêting ayêman manah têka taksih katingal kados tiyang taruna, mila asangêt-sangêt atur kula bêndara, mugi karsaa amêdhar pangandika ing sawatawisipun, supados andadosakên sakecaning manahipun para kawulawarga sadaya, punapa anglangkungi saking sungkawaning eyang paduka Sang Maharêsi Manumanasa, tur punika rumiyin inggih rajaputra, sarêng botên sagêd anggêntosi kaprabonipun ingkang rama lajêng atêtaki wontên ing ngriki punika, prandosipun botên karsa amêpêt pangandika, sabab ing panggalihipun sampun ngantos adamêl kewraning para pawong mitra, luhung pundi sungkawaning lêluhur paduka Sang Hyang Wisnu ing kina, tur punika sampun jumênêng nata, sarêng kalungsur karatonipun lajêng atêtaki wontên samadyaning wana Kulana adhêdhêkah ing Waringin Sapta, prandosipun inggih karsa angandika, wêkasan pinèt saraya ing Sang Hyang Surapati kinèn anyirnakakên Prabu Selacala kalampahan antuk karya, mila sagêd wangsul jumênêng nata

--- 5 : 246 ---

malih, makatên sudarsana ingkang pantês tinulad ing lêlampahanipun. Dhanghyang Smarasanta sawêg kèndêl sinambêtan dening aturipun Dhanghyang Salya anyariyosakên sudarsana ingkang utami, kala Prabu Rama Wijaya sinerenan kaprabonipun ingkang rama Prabu Dasarata jumênêng nata ing Ngayudya, botên lami kalungsur ginêntosan ingkang rayi anama Prabu Barata, lajêng kinèn têtaki dhatêng wanapringga, kawêwahan garwanipun kenging dhinustha ing duratmaka Prabu Dasamuka, kabêkta dhatêng Ngalêngka, sapintên kemawon sungkawaning galihira Prabu Rama Wijaya, parandosipun botên amêgêng pangandika, kajawi amung tansah amêsu cipta salêbêting samadi kemawon, dumadakan angsal wasita sawantah kinèn amitulungi sungkawaning wanara Raja Sugriwa, ing wêkasan dados saraya sagêdipun kapanggih kalihan garwa Dèwi Sinta, lajêng jumênêng nata malih wontên ing Ngayudya, punika amung saking dènira tabêri amarsudi rêmbaging janma, mila bêbasanipun tiyang kadhatêngan sungkawa punika anggêr lêjaran, asring angsal pitulungan saking tiyang ingkang sami kasungkawan. Dhanghyang Salya kèndêl sinambêtan aturipun Dhanghyang Jawalagni anyariyosakên nagari ing Imarata tanah ing Smarakandha panjênênganipun [panjênênga...]

--- 5 : 247 ---

[...nipun] nata Sang Aprabu Drêsthawastya langkung karta raharja prajanipun kinèringan sasamining ratu, ing nalika punika wontên cobaning dewa, kadhatêngan mêngsah saking Wrêkastala ambêdhah ing Imarata, Prabu Drêsthawastya kawon anungkul, pangagênging mêngsah saking Wrêkastala lajêng jumênêng nata ing Imarata, anama Prabu Sampali, Prabu Drêsthawastya kadadosakên pêpatih, saiba sungkawanipun Prabu Drêsthawastya anglampahi kalingsêman makatên, prandosipun anarimah kemawon, saking parmaning dewa botên lami Prabu Sampali sirna kataman ing kasmala, Prabu Drêsthawastya anggêntosi jumênêng nata, ing Imarata malih, punika pakantukipun tiyang sawêg kaganjar sungkawa, manawi anarima ing wêkasan amanggih suka. Dhanghyang Jawalagni kèndêl sinambêtan dening aturipun Dhanghyang Duma, anyariyosakên sungkawaning tiyang sugih dados anêmahi papa, kala rumiyin wontên juragan anglangkungi sugihipun, awasta Êmpu Danardana, sutaning Êmpu Gopa, gêgriya ing dhusun karajaning Mêdhang Curingan, semahipun awasta Kèn Rukmi, sutaning Êmpu Wismaka, ing dhusun padhêkahaning Mêdhangkamulan kilèn, kawarti sami turasipun Sang Hyang Wisnu, Êmpu Danardana punika kalêbêt kenging [ke...]

--- 5 : 248 ---

[...nging] dipun wastani angsal ila-ilaning rajabrana, amargi kirang pangatos-atosipun dènira amêmardi, botên urup kalihan pamarsudinipun, mila katêmahan dados papa, tiyang ingkang sami dipun danani kala taksih sugih tansah angèsi-èsi dhatêng Êmpu Danardana wau, saking sangêting sungkawa lajêng kesah, amung kalihan semahipun kemawon, atêtapa wontên imbanging wukir Mèstri, kasêbut nama Sang Wiku Danardana, semahipun anama Endhang Rukmi, salaminipun wontên ing ngriku tansah dènira amêmati raga, kala rumiyin dados pawong mitranipun swargi rama paduka kala taksih nama Rêsi Parasara, ananging kuciwa botên mêningi jumênêngipun nata rama paduka, manawi taksih agêsang kados kinulawisudha dados punggawa, amargi rama paduka sangêt rêmênipun dènira cucud saliring rêraosan, asring kadangu lampahipun kala taksih sugih aturipun amung lila kalihan darana, lajêng anyariyosakên badharipun dènira anglampahi makatên wau, ingkang rumiyin wontên brahmana langkung ing margi asêsanti swara sora: Utamaning wong lila iku kudu kanthi anarima. Nuntên kaundang dhatêng Êmpu Danardana, sarêng brahmana dhatêng lajêng winarah

--- 5 : 249 ---

manawi lilanipun punika amasthi mawi anarima ing lair batin, brahmana amangsuli: Kuda andika kula jaluk dèn lila ananging andika tarimaa kula dadèkake gamêl pisan. Êmpu Danardana brahmantya ing têmahan dados brawala, wêkasanipun brahmana angesahi sarwi garundêlan: Iya mung samono bae bobote. Êmpun Danardana muwus wêwangson: He ra ana wong ubêngake jăntra katêkan wong edan. Kaping kalih anyariyosakên badharing lampah darana, wontên tiyang awasta pun Santi, kalêrês dados bakulipun Êmpu Danardana piyambak, punika dipun rêmêni badhe kaangkah semah dhatêng Êmpu Danardana, ananging pêpanggilipun aminta satya kalihan darana manawi wontên guna kaya sampun ngantos dora, dipun têmên-têmên pambaginipun samia kalihan semah sêpuh, manawi wontên kalêpatanipun dipun aksamaa, Êmpu Danardana nyagahi pêpanggil makatên wau, lajêng kalampahan pun Santi dados semahipun, sarêng ing alami-lami pun Santi anyoba kayêktosaning pêpanggilipun, ing sadintên-dintên anêmaha kalêpatan, ananging tansah dipun apuntên kemawon, ngantos kalampahan sirahipun Êmpu Danardana dipun soki [so...]

--- 5 : 250 ---

[...ki] jangan lumbu sêngadi kasandhung, prandosipun amung dipun wicantêni makatên: Lah ing saiki êndhasku tuwuh lumute. Lajêng kawêdosakên dhatêng pun Santi, wuwusipun: Adhi lumut, adhi lumut, pun Santi asrah tobat inggih kaapuntên, ananging Êmpu Danardana sampun kawit gêla manahipun, kalampahan Êmpu Danardana andorani guna kaya, ing pambagi awrat dhatêng semah sêpuh, pun Santi asring amêmêlèhakên, botên nate dipun aruh-aruhi, pun Santi sangêt susah lajêng amarsudi budi, pamanggihipun amung adamêl reka daya, asêngadi kecalan bagaprananipun piyambak, api angupadosi dhatêng pundi-pundi ing pawon, ing pawuhan, tuwin ing jamban, sarta mawi pitakèn dhatêng tăngga têpalihipun, manawi wontên ingkang amanggih bagaprana, winangsulan botên wontên ingkang sumêrêp, pun Santi muwus anggrêsah makatên: Bagapranaku runtuh ora karuwan tibane, iba-iba dukane lakiku, rêrêksan kongsi coplok saka ing êmbanan, Êmpu Danardana kagèt lajêng pitakèn, pun Santi marêpêki sarwi wêwuda, wuwusipun makatên: Kala wau bagaprana kula rêntah, ing sapunika sampun kapanggih [kapang...]

--- 5 : 251 ---

[...gih] wangsul dhatêng baga malih, lah suwawi andika tingali punapa inggih punapa dede. Êmpu Danardana gumujêng muwus sarwi acêcêthèt: Lah dene iki rukning-rukning, bali maning, sawêg dumugi samantên aturipun Dhanghyang Duma, Rêsi Byasa mèsêm kabêlêt gujêngipun sarya ngandika: Lah bapa Duma têka agawe guyu caritanira iku. Dhanghyang Duma matur: Swargi rama paduka kala dipun cariyosi makatên inggih gumujêng suka. Rêsi Byasa angandika malih: Lah bapa tutugna caritanira. Dhanghyang Duma anglajêngakên cariyosipun mangkatên: Ing nalika punika Êmpu Danardana awit suda kabêgyanipun, amargi kenging pambangusipun pun Santi ingkang ambêborosi, katêmahanipun dados papa, mila lajêng kesah amung kalihan semahipun sêpuh kemawon, wontên ing wana antuk wasitaning dewa kinèn dhatêng wukir Mèstri, sarêng kalampahan dumugi ing ngriku, amanggih tiyang èstri galasahan, awit dènira darbe suta ari-arinipun dèrèng mêdal, lajêng dipun tulungi dhatêng pun Rukmi sagêd ruwat ing wêkasan waluya sakitipun, lajêng angakên manawi pisaci wasta Trêsni, semahing pisaca kang awasta Angkura, sawêg kesah angupadi dhukun, botên dangu pisaca [pi...]

--- 5 : 252 ---

[...saca] dhatêng uninga manawi semahipun sampun waluya sangêt suka sukuripun, pisaci wêwarti manawi waluyanipun punika saking pitulunging pawèstri kang anêmbe dhatêng, pisaca dahat anarima lajêng angulungakên musthika sarya muwus: Lah suwawi tanggapana musthika puniki winastan iranyaka, minăngka pituwasipun amitulungi kasakitan, pakantukipun musthika iranyaka, samukawis ingkang katon manawi katèmpèlakên dados kancana, sasampunipun muwus makatên, pisaca pisaci botên katingal. Êmpun Danardana lajêng atêtruka wontên imbanging wukir Mèstri, kalampahan dados sugih malih kasêbut nama Sang Wiku Danardana, makatên kala rumuhun dènira matur cêcariyosan dhatêng swargi rama paduka Prabu Dwipakeswara. Parandosipun Sang Wiku Danardana, sarêng ing alami-lami amiyarsa wartos manawi pun Santi anêmahi papa cintraka lajêng pêjah, punika andadosakên karêrantaning manah wêkasan muksa, Endhang Rukmi tumutur muksa pisan, mila swargi rama paduka dahat pangungunipun, têlas aturipun Dhanghyang Duma. Rêsi Byasa angungun ing wêkasan angandika: Lah bapa dhanghyang kapat pisan, yèn mêngkono apa kang dadi pamrayoganira, [pamra...]

--- 5 : 253 ---

[...yoganira,] ingsun anglakoni kewala, aturipun sami amrayogèkakên karsaa ngenggar-enggar panggalih, sabên bangun enjing tindak amubêng-mubêng, anamur lampah sadumuginipun, Rêsi Byasa mangayubagya. Sarêng antawis dintên wiwit anglampahi ingkang dados pamrayogi makatên wau, sabên bangun enjing sadèrèngipun kapiyarsa swaraning Hyang Kumara, utawi sadèrèngipun katingal sunaring sayêmpraba, Rêsi Byasa tindak anamur lampah ing sadumuginipun, kondur manawi wanci sampun wisan damêl. Mangkana kacariyos Rêsi Byasa dènira tindak dumugi dhusun ing Ngawanti, aningali sakathahing têgil pasabinan sami bêra, amarêngi surya wanci sadhawuh wontên tiyang mêdal saking padhusunan, tinakenan angakên buyut ing Ngawanti wasta Sang Praharana, tinakenan malih karananing têgil pasabinan sami bêra sadaya, wangsulanipun makatên: Botên kadosa priyantun, saking punapa sagêdipun kobêr angupa damêl têgil pasabinan, tiyang pijêr kaparag ing ama kemawon, manawi ama ingkang ambăndakalani kenging dipun băndawasani, sarêng ama ingkang botên katingal punika pakèwêd anggènipun angakal, botên sagêd sirna [sir...]

--- 5 : 254 ---

[...na] saking sarana, botên sagêd mêndha saking japa măntra, manawi winisesa malah marawasa, dene warninipun kados rare alit ananging tanpa etangan, wontên ingkang amastani mênthèk, wontên ingkang amastani janggitan, punika sabên têngah dalu langkung ing pasabinan, botên sumêrêp ing purugipun, ananging pantun ingkang dipun langkungi kadadosanipun sami ambrêgadag abrit kalajêng gabug, ewasamantên manawi badhe angyêktosakên karsaa sami sipêng wontên ing ngriki, adat ara-ara kilèn punika asring kadamêl margi ama warni-warni, dhatêng pundi purugipun botên wontên ingkang uninga, mênggah ama ingkang awarni waraha katingalipun langkung wanci sêrap surya, ingkang awarni tikus katingal ing wanci sirêp janma, ingkang awarni rare alit winastan mênthèk wau katingal ing wanci têngah dalu, ingkang warni ulêr walang sapanunggilanipun katingal ing wanci lingsir dalu, kumêrap saking gêgana saengga jawuh, ingkang awarni paksi katingal ing wanci byar enjing, anjawi saking punika tarkadhang wontên ama ingkang awarni maesa lêmbu banthèng kidang sangsam, inggih asring purun angrêrisak tanêman, katingal ing sawanci-wancinipun kemawon, punika ingkang sami ambăndakalani, [ambăndaka...]

--- 5 : 255 ---

[...lani,] ananging asring kenging dipun băndawasani. Têlas wuwusipun buyut Praharana ing Ngawanti. Kang anamur lampah amangsuli sagah badhe sumêrêp ing kayêktosanipun, lajêng ingacaran lumêbêt dhatêng ing pakarangan, sarêng ing wanci rare anguculakên maesa lêmbu dhatêng pangenan, kapiyarsa gumarêdêging sato wana sami malampah mangalèr purugipun, ingkang anamur lajêng amêtukakên tumandang sura tan taha, sakathahing sato wana sami sirna larut datan măngga pulih, sarêng ing wanci sêrap surya wontên waraha tanpa etangan sarêng anarajang, ananging sami sirna dening ingkang namur lampah, nuntên ing wanci sirêp janma katingal wontên tikus tanpa etangan inggih sami sirna sami sanalika, dupi andungkap têngah dalu punika katingal ingkang awarni rare alit kamirêng dhatêng saking awiyat kumêrap tanpa etangan, tinanggulang ing ayuda malah sangsaya angrêda, Rêsi Byasa sakulawarganipun sami kèndêl anêgês karsaning kang kawasa, ing ngriku sagunging para mênthèk sami sirna tanpa karana, botên dangu dhatênging ama ingkang awarni ulêr utawi walang tanpa sangkan botên kantênan etangipun, sarêng angrubung angrèb angrêda, ananging ingkang anamur lampah tansah panggah botên [botê...]

--- 5 : 256 ---

[...n] ebah, dumugining bangun enjing sami sirna sadaya, sarêng sampun tatas raintên katingal ama ingkang awarni paksi êmprit miwah galathik ing sapanunggilanipun, botên dangu sami sirna katingal ing prabawanipun Rêsi Byasa, ya ta sasirnaning ama sadaya katingal wontên jawata tumêdhak saking gêgana sarya sêsanti jaya-jaya amêmuji kasaktènipun Rêsi Byasa, kèndêlira sêsanti angandika manadukara: Dhuh kulup wong ngêngrêng rowa abirawa wruhanira ingsun iki dewataning ama kabèh aran Bathara Caksu, yoganing Bathara Gomara, praptaningsun iki mangèstawa ênggonira kawasa anyirnakake sakèhing ama, ingsun adhawah kang dadi patuwasan, sagung têgal pasawahan sauruting wukir Saptarga kang kawêngku ing sira kabèh ora kaparag dening ama, ananging kang minăngka paliyasan ing sabên warsa padha mêmulea barêsih desa, ing wêkasan pemut ingsun maring sira, utamane wong agung darbea kanthi kang sumurup pratikêling amăng tani, pakolihe bisaa ngarang murwating bumi kang ala bêcik, sarta amêmantês pananduring tanêm tuwuh, lan ingsun amaringi pustaka musthikaning sri, sawabe tulus kang sarwa tinandur, lah ênya

--- 5 : 257 ---

tanggapana kulup, Rêsi Byasa wotsari anampèni musthika sri, Bathara Caksu lajêng muksa, sarêng wanci wiwisan damêl Rêsi Byasa kondur dhatêng pratapan.

Amarêngi masa padrawana, kacariyos malih Rêsi Byasa dènira tindak anamurkwula, awit bangun enjing dumugi ing wanci surya sadhawuh, sarêng badhe kondur kapêthukan duratmaka sasanga sami ambêkta rajabrana, benggolipun satunggal angirid wontên ing wingking, duk uninga dhatêng ingkang anamurkwula, sakathahing duratmaka samya jagaruna lajêng parêng anarajang sura tan taha, ingkang anamur lampah panggah dènira ananggulang pamuking para durjana dangu-dangu sagunging duratmaka kalindhih sami asrah jiwa raga anuwun gêsang. Benggol tinakenan ingkang dados karananipun angamuk punika, sarta kinèn sajarwa ing nama wismanipun sadaya, wangsulaning benggol angakên wasta Sang Yudistha ing dhusun Rasaba, mêntas ambabahak dhatêng wismaning nangkoda sugih kang awasta Juragan Supa, ing dhusun Badyama, mila angamuk tanpa karana awit jagarunaning manah dhatêng ingkang kapêthukan sami winastan tiyang ing Madyama anyêgat margi, têlas aturing duratmaka. Pangandikanipun Rêsi Byasa, sira sun uripi yèn ora karya

--- 5 : 258 ---

pêpati, nuntên para durjana sami kairid dhatêng ing dhusun ing Madyama dalah sababêktanipun pisan, dumugi ing ngriku Juragan Supa kapanggih taksih winiyungyung sarimpungan, lajêng kauculan dhatêng ingkang anamur lampah, tinakenan yèktining kabahakan ing duratmaka, atur wangsulanipun inggih sayêktos, ananging botên wontên ingkang tandang tulung, nuntên tăngga têpalihipun sami kadangu, karananira botên tandang tulung wontên tiyang kabahakan makatên, sadaya sami matur botên amiyarsa swaraning duratmaka, utawi sambatipun kang kabahakan, sawêg kèndêl samantên katungka wontên tiyang pikun dhatêng tanpa sangkan, wuwusipun mèt malad sih sarta angakên manawi gandarwa awasta Sang Praya Anita, anuwun gêsangipun para duratmaka sadaya, amargi Sang Yudistha punika pawong mitranipun kang sampun apotang kardi, ingkang sapisan amardi sandining sastra, kaping kalih amarah patraping tata basa, kaping tiga amulang lampahing prakawis, kaping sakawan angajar lampahing prang, mila sarêng pun Yudistha ambêbahak dhatêng Madyama, Juragan Supa kula bungkêm botên sagêd sêsambat, tiyang tăngga pêpalihipun kula damêl tuli sadaya, inggih saking rumaos kula kapotangan dhatêng pun Yudistha,

--- 5 : 259 ---

dalah manawi kaparênga pun Yudistha punika kapundhuta dados kanthi, sabab ewoning tiyang bèr kuwanèn botên tilar wiweka, pakantukipun kenging katêmpahakên dhatêng pakèwêd, dene Juragan Supa inggih prayogi manawi dipun kanthia, sabab ewoning tiyang sagêd amardi artadaya, pakantukipun kenging kapitados dhatêng pangulahing raja pèni, watak gêmi nastiti angatos-atos, punika manawi kalêrêsan andadosakên kasantosan, makatên atur panuwun kula punika mugi kagaliha, manawi kasêmbadan ing karsa, kula angaturakên ingkang minăngka panêbusing gêsangipun Yudistha, awarni maniking tirta marta, pakantukipun sagêd anggêsangakên tiyang pêjah ingkang dèrèng dumugi ing jangji. Sarêng mulung sampun katampènan dhatêng Rêsi Byasa lajêng Rêsi Byasa amaringakên wangsuling rajabrana dhatêng Juragan Supa, wêwêlingipun dhatêng pun Yudistha kinèn arukuna kalihan Juragan Supa, sarta sami rêksa rumêksa, supadi rosa santosa, ingkang dhinawuhan sarêng matur sandika, Rêsi Byasa kondur dhatêng Saptarga.

Amarêngi masa asuji, taksih tunggil warsa salêbêting taun Wirodi, kacariyos malih Rêsi Byasa, dènira [dèni...]

--- 5 : 260 ---

[...ra] tindak anamurkwula ing wanci bangun enjing kapêthukan têtiyang kathah sami anumpak kapal, tinakenan botên wontên ingkang amangsuli, Rêsi Byasa lajêng atut wuri ing sapurugipun têtiyang punika, sarêng byar enjing dumugi sajawining dhusun ing Kèstu, katingal sakathahing têtiyang anumpak kapal wau salong ambêkta sangsam miwah wontên ambêkta kidang sami kapangku sangajênging kêkapa, sarêng dènira mudhun saking kapal lajêng sami tilêm ing saênggèn-ênggèn, kapalipun sami sêsaba anêdha rumput ing patêgilan sarta taksih kêkapan, kidang sangsam dhawah saking kapal sampun sami pêjah labêting kataman bêbadhik, botên dangu katingal wontên tiyang èstri kathah sami mêdal saking pakarangan sarya parêng muwus makatên: Lah kalinganeya mau ratri padha ambêburu maring alas, apa karanane têka tanpa paliwara kabèh, wêkasan padha pating jalêmpah turu ing saênggon-ênggon bae, sasampunipun muwus makatên lajêng sami anggugah dhatêng ingkang tilêm sadaya, ing satanginipun sami kagèt guragapan, sadaya sarêng muwus sarya sidhakêp èsmu ngungun, lah impèn ingsun têka kanyataan mangkene apa baya nglindur sakancaningsun kabèh iki, kang anamur lampah sami gumujêng

--- 5 : 261 ---

ing wêkasan andangu karananipun makatên, wontên tiyang satunggal ingkang amangsuli sarya gumujêng mangikikan: Kula punika kamisêpuhipun tiyang kirata ing dhusun Kèstu, awasta pun Bandhuwangka, kala wau dalu kula tilêm supêna ambujung sangsam dhatêng wana sakawulawarga sadaya, sarêng enjing têka kayêktosan makatên. Sawêg kèndêl samantên wangsulanipun Sang Bandhuwangka, katungka wotên tiyang èstri karuna angaru-ara, sambatipun makatên: Kabèh padha têka mung bapakne sibèng dhewe durung mulih apa kang dadi karana, botên dangu wontên kapal anyandêr saking wetan, ingkang anumpaki amung gêmbung kemawon, sakathahing kirata sami alok makatên: O o lah Si Bajra mati, semahipun sangsaya sru dènira karuna, pun Bandhuwangka kengkenan angruruh murdanipun pun Bajra sampun kalampahan, antawis dangu prapta ambêkta sirah, tinakenan kang ngruruh wangsulanipun kapanggih wontên sandhinging prabatang, kaèmpêr saking dêdugi bokmanawi kapalipun anusup ing prabatang, pun Bajra sarèhning tilêm dados tanpa wiweka, ing nalika punika Rêsi Byasa adhêdhawah kinèn angumpulakên sirah kalihan gêmbung, nuntên maniking tirta marta kinalukung ing toya lajêng kasiram [kasira...]

--- 5 : 262 ---

[...m] makatên dhatêng kuwandanipun pun Bajra, antuk parmaning dewa pun Bajra gêsang malih, tinakenan amung angraos tilêm asupêna ambêbujung sangsam dhatêng wana, wêkasan kapanggih sami angalêmpak wontên sajawining pakarangan makatên, Rêsi Byasa andangu karananipun dènira angupa jiwa têka sami atekat pralaya, pun Bandhuwangka amangsuli: Tiyang angupados têdha manawi ajriha pêjah măngsa sagêda angsal punapa-punapa, sanadyan tekad pralaya anggêr botên anglampahi durjana lêrêsipun botên dadodosa, [22] kang anamurkwula sami gumujêng lajêng kondur, wontên ing margi Dhahyang Smarasanta matur, lah punika pantês kinanthia, kêkêndêlanipun tiyang durjana taksih kêndêl tiyang kirata, tur botên dados wêwêrining nagari, dene panungguling durjana punika amung dipun damêl kajinêman, manawi tiyang kirata kenging kadamêl pucuking ayuda, Rêsi Byasa anglêrêsakên atur makatên punika.

Salêbêtipun ing warsa Wikuradhi, etanging taun surya sangkala 638, tinêngêran brahmana uninga rarasing kamuksan. Kaetang ing taun candrasangkala 657, tinêngêran rêsi amisik rasaning kasampurnan.

--- 5 : 263 ---

Amarêngi masa palguna, kacariyos nagari ing Angga, Prabu Dasa muksa, putra kagêntosakên anama Prabu Turila.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing Saptarga, Rêsi Byasa dènira tindak anamur laku ing wanci bangbang wetan amanggih rare lumpuh, lumampah kêkesodan ing sapurug-purug, dinangu ing nama miwah kang sinêdya wangsulanipun anama Ilya, mêntas angidêri jagad ing mangke badhe mantuk, kang anamurkwula sami gumujêng dènira sèwu anglêngkara, rare lumpuh kang anama Ilya amangsuli: Punapa kula kapaibên, manawi makatêna lah suwawi ta sami palajêngan, pundi ingkang mênang dadosa pangawulan, ingkang kawon angawulaa. Rêsi Byasa sarèhning sampun anggêguru mêsat dhatêng Gandarwa Raja Swala dados sagah ambujunga, ing ngriku rare lumpuh lajêng mêsat sami sanalika tinut wuri dhatêng Rêsi Byasa parandosipun botên kacandhak, ngantos dumugi ing pêpadhang, ananging dede padhanging rintên, tanpa keblat wetan lèr kidul, kilèn ing têngah ing ngandhap ing nginggil, Rêsi Byasa aningali sagantên tanpa têpi, satêngahing sagantên katingal wontên sêsotya pancamaya, cahyanipun kados teja gumawang, lajêng asarupa janma jumênêng [ju...]

--- 5 : 264 ---

[...mênêng] wontên têlênging samudra angawe dhatêng Rêsi Byasa kinèn marêka ing ngarsa, Sang Rêsi Byasa badhe amurugi rare lumpuh, katingal anantang bêbujungan malih, duk kabujung rare lumpuh manjing dhatêng cahya cêmêng kang apêtêng, ing nalika punika pangraosipun Rêsi Byasa bumi gonjang-ganjing, katingal rêgêmênging sato kewan miwah gêgrêmêtan sami lumampah katitihana, Rêsi Byasa badhe anuruti ing sanalika cahya cêmêng sirna, rare lumpuh katingal anantang kinèn ambujunga malih, sarêng binujung rare lumpuh manjing dhatêng cahya abrit kang amurub kados latu angalad-alad, ing nalika punika Rêsi Byasa aningali brakasakan sami angragadha, Rêsi Byasa èsmu kewran, ing ngriku cahya abrit sirna, nuntên rare lumpuh katingal malih, dupi binunung[23] manjing dhatêng cahya jênar, kang aprabawa angin păncawora, Rêsi Byasa aningali sakathahing paksi sami angragadha, ing nalika punika tansah kagèt salêbêting galih, sarêng cahya jêne sirna rare lumpuh katingal binujung malih manjing dhatêng cahya pêthak kang aprabawa toya wêning tanpa sangkan, Rêsi Byasa aningali salwiring ulam loh miwah bangsaning bêbujêngan, [bêbujêng...]

--- 5 : 265 ---

[...an,] toya sami angragadha, ing nalika punika mèh kacaryan salêbêting galih. Sarêng cahya pêthak sirna rare lumpuh katingal malih, duk binujung manjing dhatêng cahya kang amăncawarna, Rêsi Byasa aningali karaton sarwa raras sadaya, mèh kayungyun, dupi badhe linêbêtan, karaton sirna sarêng kalihan cahya kang amăncawarna. Rare lumpuh katingal binujung malih, manjing dhatêng cahya wêning, Rêsi Byasa aningali wontên urub satunggal darbe sorot wolung warni, cêmêng, abrit, jêne, pêthak, ijêm, biru, wungu, dadu, gumêlar sarêng sami katingal kahyangan sarwa asri sadaya, ing nalika puni[24] amambêt gandaning kahyangan sadaya wau amrik arum angambar kados anarik ing rah, Rêsi Byasa rumaos ayêm salêbêting galih, botên dangu sakathahing kahyangan sarwa asri wau sirna sadaya. Rare lumpuh katingal malih lajêng binujung manjing dhatêng cahya mancur, Rêsi Byasa aningali salêbêting cahya wontên rêrupan kados tawon gumana, jumênêng ing panggenan kang amimbuhi saliring warna sadaya, nuntên katingal ingkang rama ingkang eyang-eyang sami nguwuh kinèn lajênga, Rêsi Byasa mèh murugi, ingkang katingal makatên wau sirna. Rare lumpuh katingal lajêng [la...]

--- 5 : 266 ---

[...jêng] binujung malih, manjing dhatêng cahya mancorong, salêbêting cahya katingal wontên sipating rêrupan kados golèk gadhing asawang pêputran mutyara, jumênêng ing panggenan kang alanggêng wêwangunipun, nuntên katingal wadadari awarni ingkang eyang èstri anguwuh-uwuh kinèn lumêbêta, Rêsi Byasa badhe anurut ingkang katingal makatên wau sirna. Rare lumpuh katingal malih lajêng binujung manjing dhatêng cahya gumilang tanpa wêwayangan, ing ngriku botên katingal punapa-punapa amung prabawaning rêtna manikmaya windradi gumêbyar amadhangi triloka, rare lumpuh kang anama Ilya sampurna waluya jati wisesa, atilas wasita kapiyarsa ing dalêm rahsa kados makatên: Iki ananingsun kang maha suci, yêkti dumunung dadi ananira kang sajati, iya iki wahananingsun kang amaha mulya, yêkti dumunung dadi wahananira kang sajati, ing kene iki kaanan ingsun kang amaha wisesa, yêkti dumunung dadi kaananira kang sajati, iya sajatine ora ana apa-apa, duk maksih awang-uwung durung dumadi sawiji-wiji, kang jumênêng dhingin dhewe iku muhung ingsun, ora ana pangeran anging ingsun sajatining gusti kang amaha suci asipat êsa, iya iku dumunung ing dalêm urip kita pribadi, [pri...]

--- 5 : 267 ---

[...badi,] poma dèn awas aja kongsi uwas, dèn eling aja kongsi sumêlang, Rêsi Byasa sampun anampèni ing wasita makatên punika, lajêng winarah patraping kasampurnan satunggal-tunggal, awit pamoring kawula gusti, lajêng kasucèkakên ing dat sajati, lajêng angrakit karatoning dat kang agung kang amaha luhur, lajêng pangracuting jagad alit, lajêng pangukuding jagad agêng, lajêng panarike kasampurnan dhatêng para wăngsa ing sapanunggilanipun, wêkasan dipun jatosi kadadosaning cahya satunggal-tunggal ingkang sami katingalan wau, Rêsi Byasa sampun sarwa waskitha sadaya, lajêng winalêran dèn samudana sampun ngantos sajarwa dhatêng singa jiwa, sarêng sami sanalika sampurnaning cahya gumilang tanpa wêwayangan, Rêsi Byasa kapanggih kalihan kang umiring anamurkwula dèrèng byar raintên lajêng sami mantuk kemawon, ing ngriku Rêsi Byasa sangsaya mantêp kajatmikaning galih, anêkêpi kasantosan.

Salêbêtipun ing warsa Karêha, etanging taun surya sangkala 639, tinêngêran trustha uninga ing rasa. Kaetang ing taun candrasangkala 658, tinêngêran sarira gumuling angebahakên gêgana. [gê...]

--- 5 : 268 ---

[...gana.]

Amarêngi masa jita, kacariyos nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati sampun lami dènira darbe karsa dhatêng Rêtna Watari, ananging botên katimbangan ingkang dados karsa nata makatên punika, ing mangke badhe dipun srênggara sima, dupi Rêtna Watari amiyarsa lajêng lolos ing dalu sêdya kapanggih akalihan kang putra Radèn Arya Rajamala, kinèn angêtêrakên dhatêng wukir Rêsyasrêngga, ananging lampahipun èsmu karepotan dening sumêlang manawi katututan, antawis sawêg dumugi pinggiring têgal pabaratan, Rêtna Watari ambruk ing wêkasan muksa dados sêndhang.

Kawuwusa Radèn Arya Rajamala sarêng sami sadalu punika antuk wasita salêbêting supêna, kinèn amêmêtri sêndhang sapinggiring têgal pabaratan, winastan Sêndhang Amarta, punika tilas pamuksanipun ingkang ibu Rêtna Watari, upami ing wingking Radèn Arya Rajamala, anêmahi jantaka nandhang brana, anyêmplunga sêndhang ing marta kewala yêkti waluya, makatên ujaring wasita, sarêng enjing Radèn Arya Rajamala, amariksani kayêktosan wontên sêndhang lajêng winangun botrawi, sarta pinagêran [pinagêra...]

--- 5 : 269 ---

[...n] pancak suji mawi rêrênggan maneka warna, ing nalika punika angaturi uninga dhatêng ingkang raka andadosakên ngunguning galihipun.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari ing Wiratha, Prabu Wasupati saking dènira botên kawawa anahêni wiyoga dhatêng Rêtna Watari, wêkasan muksa tanpa karana, rajaputra Arya Prabu Matsyanata, anglampahakên lêlayu dhatêng Ngastina, Bagawan Santanu dhatêng Wiratha anarubakên rêntênging para putra santana punggawa ing Wiratha sadaya, sarêng sampun sami mantun sungkawa Bagawan Santanu kondur dhatêng Ngastina jumênêng dados parampara, inggih punika raja pandhita ingkang amisesa para nata, manawi wontên panjênêngan ratu, ingkang anjumênêngakên utawi angidini panjênênganipun ratu wau, inggih parampara punika, kala samantên Bagawan Santanu lajêng anjumênêngakên ratu ing Wiratha, Arya Prabu Matsyanata nama Prabu Matsyanata, inggih Prabu Matsyapati, sarêng ingkang putra Bagawan Santanu nama Radèn Citranggada, kajumênêngakên nata ing Ngastina, anama Prabu Citranggada, botên bawah-binawahakên kalihan ing Wiratha.

--- 5 : 270 ---

Salêbêtipun ing warsa Nantêna, etanging taun surya sangkala 640, tinêngêran tanpa warna rarasing wiyat, kaetang ing taun candrasangkala 659, tinêngêran rudraning buta angoyag langit.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Bagawan Santanu animbali ingkang putra Rêsi Dewabrata, kadhawahan badhe pinikramakakên, kalilan milih putri ing pundi sênênging driya, aturipun ingkang putra anuwun mopo awit dening pangèsthinipun sumêdya wadat, pangandikanipun ingkang rama èsmu suka: Yèn mêngkono kulup, arinira karo pisan bae upayakna jodho kang prayoga, padha antuka putrining ratu prawira, Rêsi Dewabrata matur sandika, ing antawis dintên pamitan mantuk dhatêng Talkandha sampun kalilan, wontên ing margi antuk pambudi badhe pirêmbagan akalihan ingkang raka Rêsi Byasa, mila lampahipun lajêng dhatêng Saptarga kapanggih kalihan Rêsi Byasa, dinangu matur manawi kautus ingkang rama kinèn angupadosakên jatukramaning ari Prabu Citranggana akalihan Arya Citrasena, dhawuhipun ingkang rama sami antuka putrining ratu prawirotama, punika kewraning manah anuwun pitêdah. [pi...]

--- 5 : 271 ---

[...têdah.] Pangandikanipun Rêsi Byasa, kakang Prabu Darmamuka ing Giyantipura, kagungan putra wadon têtêlu, tunggal saibu barêng salair padha sadina, kang tuwa aran Dèwi Amba, kang panêngah aran Dèwi Ambaka, wuragile aran Dèwi Ambalika, ananging kaelokan bangêt wêtuning putri têtêlu iku, lire mangkene, kêkawahe mêtu rupa buta, dèn arani Ditya Wauka, wêtuning ari-ari iya rupa buta, dèn arani Ditya Arimuka, gêtihe dadi rupa buta uga, dèn arani Buta Marusrêngka, pusêre putri katêlu pisan padha dadi sarpa mandi, pusêre Dèwi Amba kang dèn arani Wasusarpa, pusêre Dèwi Ambika dèn arani Sarpadiwya, pusêre Dèwi Ambalika dèn arani Sarpanaka, dupi putri têlu iku wus padha diwasa, akèh para ratu kang padha ngêbun-êbun esuk angudan-udan sore, ananging durung ana kasêmbadan, amarga kapalangan dening pêpanggile ditya têtêlu mau, singa kang angalahake karosane iya pinasthi dadi jodhone putri katêlu iku, wêkasane ing mêngko dadi sayambara yuda, akèh kang padha angadêgi pasayambara marang Giyantipura durung ana kang alêbda karya, awit kuciwa ing ayuda lawan ditya katêlu [katê...]

--- 5 : 272 ---

[...lu] mau, ewadene kaya mangkana kadigdayaning buta katri iku manawa kabênêran pratikêle yêkti padha kêna kawisesa, karana pangapêsane ana ing bathok bolu lawan godhong waluh, sarpa têtêlu padha kapêsan dening wêlad lan kunir, ing mêngko lakonana kang dadi pituduh ingsun, sira andulua sayambara marang Giyantipura aywa kongsi anggawa wadyabala akèh, angêmungna para kamituwa kewala ingsun anggawani kanthi si bapa Dhanghyang Smarasanta, sarta pusakaningsun saradibya sira anggoa, manawa antuk parmaning dewa yêkti kasambadan ing sakarsanira, ananging samono iku aywa kongsi tinggal wiweka lawan tatakrama. Rêsi Dewabrata amituhu sapitêdahing raka, enjingipun mantuk dhatêng Talkandha ing antawis dintên mangkat andumugèkakên lampah, enggaling cariyos dumugi ing Giyantipura nuju pêpintan para nata miwah satriya ingkang sami angadani sayambara yuda, pangguting[25] prang ijèn-ijènan parandosipun botên wontên ingkang sagêd angawonakên ditya têtiga ing salah satunggal, nuntên Rêsi Dewabrata marêk dhatêng ngarsanipun Prabu Darmamuka kagèting driya nata sampun kasêrêpakên dhatêng Dhahyang Smarasanta, ing wêkasan andadosakên [andadosakê...]

--- 5 : 273 ---

[...n] garjitaning galihira Prabu Darmamuka. Rêsi Dewabrata matur: Upami wontên ingkang ngawonakên dhatêng ditya têtiga ngantos sami sirna samadyaning rana, punapa botên andadosakên kalêpatanipun ingkang amarjaya. Pangandikanipun Prabu Darmamuka sarwi gumujêng: Lah yayi maharsi dene kados rare alit têka mawi murina, ing ngriku Rêsi Dewabrata lajêng pamit mijil angadani sayambara yuda sampun kalilan, ditya wau kamangsah langkung rame gêntos kalindhih, danguning ayuda ing wêkasan ditya wau kasirna dening sarana, nuntên Ditya Arimuka mangsah pêpulih botên antawis dangu inggih sirna saking sarana, Ditya Marusrêngka mangsah mangungsir kiwul, inggih sirna kataman ing sarana ugi, katalika pamuking sarpa têtiga sarêng mangambuli samya ngrèb mangrabasa dhatêng Rêsi Dewabrata, ananging sami sirna dening sarana sadaya. Ya ta Prabu Darmamuka dupi uninga lajêng sêsanti jaya-jaya, amêmuji ing kasaktènira Rêsi Dewabrata. Ing ngriku andadosakên panasing galihipun para nata ingkang sami angadani sayambara yuda, mila samya paksa angabên kasantikan kalihan Rêsi Dewabrata, Prabu Darmamuka amrayogèkakên manawi kasêmbadana, nuntên Rêsi Dewabrata mijil ing Rananggana, [Rana...]

--- 5 : 274 ---

[...nggana,] prang tandhing kasantikan akalihan para nata, ananging Rêsi Dewabrata tansah unggul ing ayuda, wêkasan ing sakawonipun para nata botên wontên kang amăngga pulih lajêng bibar larut alorodan sami mantuk sowang-sowangan, nuntên Rêsi Dewabrata katimbalan marêk ing ngabyantara nata, dhinawuhan manawi Prabu Darmamuka badhe ngluwari sayambara, Dèwi Amba karsa kadhaupakên akalihan Rêsi Dewabrata, aturipun Rêsi Dewabrata, sarèhning drêmi kautus ing rama kinèn angupadosakên jatukramanipun ingkang rayi, Prabu Citranggada, akalihan Arya Citrasena, manawi kaparênga amung kalampahana ambêkta putri kemawon. Prabu Darmamuka pangandikanipun amèt malading wardaya: Yayi maharsi, mila kalêrêsan pandoning dewa punika, pun Amba dhaupa akalihan ijêngandika, pun Ambika antuka Prabu Citranggada, pun Ambalika antuka Arya Citrasena, wasisan dados botên madal sumbi, Rêsi Dewabrata kèndêl amargi èwêd atur wangsulanipun, badhe angakên manawi anglampahi wadat saèstu kaduparakakên, badhe anuruti karsa nata botên dados sarjuning driya, dangu-dangu

--- 5 : 275 ---

pamanggihing budi matur sandika nglampahi dhaup akalihan Dèwi Amba, ananging kalilana dipun tilar rumiyin, benjing manawi wilujêng sampun dumugi ing Ngastina ambêkta Dèwi Ambika akalihan Dèwi Ambalika, badhe wangsul amurugi Dèwi Amba, ingkang supados botên kasêbut duta ngêmban wigati. Prabu Darmamuka mèsêm èsmu suka, enggaling cariyos Rêsi Dewabrata sampun kadhaupakên akalihan Dèwi Amba, ananging dèrèng ngantos pulang asmara, enjingipun Rêsi Dewabrata pamit mantuk kalilan ambêkta Dèwi Ambika akalihan Dèwi Ambalika, wadya Giyantipura ingkang andhèrèkakên amung sawatawis kemawon, ya ta kawuwusa ingkang katilar Dèwi Amba, ing mangke anututi kapang-kapang tanpa pawongan, dupi kapanggih kalihan Rêsi Dewabrata kinèn wangsula dhatêng praja, benjing manawi sampun dumugi ing Ngastina sêngadi badhe kawangsulan, ananging Dèwi Amba sangêt lênggana, parêng botên parênga kêdah badhe tumut sapunika kemawon, ngantos dipun ajrih-ajrihi manawi botên purun wangsul saèstu kataman ing saradibya, Dèwi Amba mêksa adrêng botên kenging sinawawa karsanipun, Rêsi Dewabrata tansah angêmbat-êmbat sara dibya, [di...]

--- 5 : 276 ---

[...bya,] sêdyanipun amung kadamêl ngajrih-ajrihi kemawon, ananging karsaning dewa sampun pinasthi dhawahing antakanipun Dèwi Amba, dumadakan saradibya lumêpas tanpa katêmaha, tumanduk dhatêng Dèwi Amba seda layon muksa atilar swara makatên: Hèh bisma Dewabrata sira amêgat trisnaningsun, ing besuk prang bratayuda rasakêna wêwalês ingsun, wruhanira ingsun anitis marang putri Pancala kang aran Dèwi Srikandhi, kawasa mancala warna jalu, ing kono dèn prayitna sira. Ya ta Rêsi Dewabrata dupi amiyarsa swara makatên punika têka êmar kumêpyur raosing galih, mila dahat amiduhung nalăngsa ing dewa, lajêng andugèkakên lampahipun, sarya ngêmu sungkawa. Kapiyarsa ing Sang Prabu Darmamuka ing sedanipun ingkang rayi Dèwi Amba dening kapanduk ing warastra dibya botên tinêmaha, sangêt andadosakên pangunguning galih.

Gêntos kawuwusa sêsarênganing lampahan, Prabu Sura ing Yadawa ing tanah Indi, ing mangke winastanan tanah Indhustan, kala angadani sayambara yuda dhatêng Giyantipura sampun kawon kalihan Rêsi Dewabrata, raosing galihira Prabu Sura bangun alin-alin matêkan[26] sudiranipun, [su...]

--- 5 : 277 ---

[...diranipun,] sêdya ambegal wontên samadyaning wanapringga, saha wadya punggawa ing Yadawa kêbut sami umiring sadaya. Sarêng lampahipun Rêsi Dewabrata dumugi ing ngriku, Prabu Sura sawadyanipun lajêng sami narajang nirbaya nir wikara, Rêsi Dewabrata panggah ing ayuda, dangu-dangu wadya ing Yadawa kèngsêr kasêsêr asasaran, Prabu Sura kapikut samadyaning rana lajêng anungkul sêdya suwita andhèrèk dhumatêng ing Ngastina, Rêsi Dewabrata kapanujon ing karsa sampun kabêkta sarêng salampahipun. Dumugi ing Ngastina lajêng katimbalan dhatêng Bagawan Santanu, Rêsi Dewabrata matur ing sasolahira awit anglampahi pitêdahipun ingkang raka Rêsi Byasa, ngantos ing wêkasanipun dumugi angsal têtêlukan ratu ing Yadawa punika, Bagawan Santanu langkung suka rêna anarima. Ing antawis dintên Dèwi Ambika winiwaha dhaupipun akalihan Prabu Citranggada, sarêng Dèwi Ambalika kadhaupakên antuk Arya Citrasena, sami binayangkarya andhatêngakên sukaning wadya praja ing Ngastina.

Amarêngi masa naya, kacariyos malih nagari ing Ngastina, karsanipun Bagawan Santanu, Prabu Sura badhe kapundhut mantu pribadi, kadhaupakên akalihan [akali...]

--- 5 : 278 ---

[...han] putra èstri ingkang anama Dèwi Bandadari, ananging Bagawan Santanu, kêdah sumêrêp lêluhuripun ingkang anêdhakakên Prabu Sura, sarêng kadangu aturipun makatên: Kala ing kina wontên panjênênganipun ratu binathara, anama Prabu Ramawijaya, akêkitha ing Ngayudya, punika apêputra kêkalih: 1. Prabu Batlawa, 2. Prabu Kusiha, Prabu Batlawa pêputra Prabu Kunta, Prabu Kunta pêputra Prabu Boja, Prabu Boja pêputra Prabu Maruta, Prabu Maruta pêputra Prabu Iswara, Prabu Iswara pêputra Prabu Yadu, Prabu Yadu pêputra Prabu Wasu, ingkang kasêbut nama Prabu Wasukunthi ing Yadawa, Prabu Wasu pêputra Prabu Sura ing Yadawa, têlas aturipun Prabu Sura, Bagawan Santanu langkung suka, ing antawis dintên Prabu Sura kadhaupakên akalihan Dèwi Bandadari.

Amarêngi masa palguna, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Prabu Citranggada nandhang gêrah roga madal salwiring usada, ing dalêm pêndhak dintên seda, andadosakên sungkawaning rama ibu, sarêng antawis dintên Arya Citrasena kagêntosakên, angalih nama Prabu Citrawirya, inggih Prabu Citrasena.

Salêbêtipun ing warsa Wijaya, etanging taun [tau...]

--- 5 : 279 ---

[...n] surya sangkala 641, tinêngêran rupa catur angraras wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 660, tinêngêran barakan angoyag wrêksa.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Ngastina, Bagawan Santanu antuk sipta sasmitaning dewa, kinèn angupadosi rare jalu èstri kang alair dhampit sami kawlasasih wontên samadyaning wana, manawi kapanggih kinèn amupua sarta pinulasara, ing têmbe sae kadadosanipun, sabab sakalihan punika sami sutaning widadari kamanungsan, anama Dèwi Janapadi kang anêmahi papa cintraka dados kuda sambrani, ruwat dening saradibya rajaputra ing Têmpurusa. Ya ta Bagawan Santanu lajêng tumindak angupadosi piyambak, ing nalika punika kawuryan tejanipun wontên samadyaning wana, pinurugan kang amawa teja wau rare jalu èstri sami kawlasasih, lajêng pinupu dening Bagawan Santanu kabêkta dhatêng Ngastina, ingkang jalu winastan Krêdha, ingkang èstri winastan Krêdhi, sakalihan sami pinulasara rinuktenan sandhang têdhanipun lajêng kagadhuhakên dhatêng Rêsi Dewabrata.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing wukir Saptarga, Rêsi Byasa sowan dhatêng Ngastina, matur ing rama Bagawan [Baga...]

--- 5 : 280 ---

[...wan] Santanu, manawi badhe kadhatêngan mêngsah ratu sabrang tanah Indi, pitung nagari: 1. ing Garda, 2. ing Sindu, 3. ing Cèdi, 4. ing Dasarna, 5. ing Srigata, 6. ing Madura, 7. ing Kalingga, sêdyanipun ratu kasapta badhe angrêbat Dèwi Ambika kalihan Dèwi Ambalika. Bagawan Santanu kadgada ing galih lajêng anglampahakên utusan kinèn andhawahakên undhang dhatêng amăncapraja sami samapta ing ayuda, sarta alêlayu dhatêng ing Wiratha, Prabu Maswapati lajêng undhang tata-tata samaptaning ayuda, dhatêng para nata ingkang kabawah ing Wiratha sadaya.

Salêbêtipun ing warsa Jayaha, etanging taun surya sangkala 642, tinêngêran paksa dadi obahing barakan, kaetang ing taun candrasangkala 661, tinêngêran ratu anggas angebahakên gêgana.

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Ngastina, kadhatêngan mêngsah ratu ing kasapta praja, pangguting prang langkung rame sami long-linonggan wadyabala, ananging sarèhning sampun karumiyinan gêlar dados para nata ing kasapta praja sami lena kasambut samadyaning rana, sagung para wadya punggawa sasesaning pêjah sami kapalajêng asasaran mantuk dhatêng prajanipun sowang-sowang, amung rajaputra ing Madura,

--- 5 : 281 ---

anama Arya Pandhu, punika anungkul sampun katarima.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari ing Ngastina saking karsanipun Bagawan Santanu ing mangke Prabu Sura kaparingan prênah, kinèn abêbadhe praja wontên Boja salèripun Madraka, sarta ingalih nama Prabu Basukunthi. Sarêng wana ing Boja sampun dèn adani ginatra kitha winastan nagari ing Madura, kabawah dhatêng ing Ngastina, inggih punika ingkang nama pulo Madura, nanging kala samantên dèrèng pisah kalihan nuswa Jawi, Prabu Basukuthi lajêng kasêbut nama Prabu Kunthiboja. Botên antawis lami rajaputra ing Madura tanah Indi kang anama Radèn Pandhu kawangsulakên dhatêng prajanipun tanah Indi, jumênêng nata anama Prabu Pandhu.

Salêbêtipun ing warsa Manmata, etanging taun surya sangkala 643, tinêngêran gunaning pakarti kumilat sirna. Kaetang ing taun candrasangkala 662, tinêngêran paksa karênga oyaging langit.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari Ngastina kadhatêngan mêngsah saking nguntara bumi, anama Prabu Sridhara ing Agli, sirna dening Rêsi Dewabrata.

--- 5 : 282 ---

Salêbêtipun ing warsa Tunmuki, etanging taun surya sangkala 644, tinêngêran catur yoga pangrasa muksa. Kaetang ing taun candrasangkala 663, tinêngêran trining rêtu karêngèng wiyat.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari Ngastina, ya ta Bagawan Santanu supe dènira supêna, lajêng kadhatêngan ingkang putra Rêsi Byasa, kinèn ambatang supênanipun, Rêsi Byasa matur manawi supêna kêlêm ing samudra akalihan ingkang putra Prabu Citrawirya, dinangu pradikanipun, kèndêl ajrih umatura, sarêng kapaksa kinèn sajarwa, aturipun kirang sawarsa nagari Ngastina kadhatêngan bêbaya ingkang botên kenging sininggahan. Bagawan Santanu dupi miyarsa langkung sungkawa, mila lajêng manungku samadi wontên pamêlêngan anuwun pangaksamaning dewa, sarta tansah anggêlarakên para medha, têgêsipun sakathahing pamêmulèn sidêkahan dhatêng para lêluhur sadaya.

Salêbêtipun ing warsa Yiwolambi, etanging taun surya sangkala 645, tinêngêran wisaya karya rêtu. Kaetang ing taun candrasangkala 664, tinêngêran warna anggas angrasa barakan.

--- 5 : 283 ---

Amarêngi masa Kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, wiwit kadhatêngan kala duta, jawah salah măngsa, carat braja angragancang guntur kêtuk tanpa kêndhat, andadosakên kasusahanipun para wadya sapraja.

Amarêngi masa sitra, gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, tanah ing Ekacakra wontên ditya raja turasira Sang Hyang Brahma, anama Prabu Waka, putraning Bagawan Uta, ing nalika punika Prabu Waka sawêg kataman asmara turida dening supênanira, katingal apalakrama antuk putri ing Giyantipura, kang sampun kagarwa natèng Ngastina, Prabu Waka anggêgubêl dhatêng ingkang rama supados angidinana sagêdipun kalampahan, ananging Bagawan Uta botên amrayogèkakên, amargi badhe dados jalaraning kajantakan, Prabu Waka adrêng sêdyanipun botên kenging kapambêngan, mila Bagawan Uta lajêng muksa tanpa karana. Nuntên Prabu Waka animbali gurunapun[27] pandhita dibya langkung sakti măndraguna anama Dhanghyang Anala, pinarsudi kinèn amêndhêta garwanipun ratu ing Ngastina, Dhanghyang Anala matur amambêngi ananging botên pinituhu malah kadukanan, dados Dhanghyang Anala kadugi anglampahi amung saking jrihipun dhatêng

--- 5 : 284 ---

gusti kemawon, aturipun makatên: Kawula darmi lumampah ananging ing wingking sampun kirang wiweka, sasampunipun matur makatên Dhanghyang Anala lajêng mêsat angambara, Prabu Waka tumuntur anjêjampangi nitih rata mêdal gêgana.

Nahan sanalika, kawuwusa Rêsi Byasa amanggihi ingkang rayi Rêsi Dewabrata nuju wontên ing Ngastina, winangsit kinèn angatos-atos badhe kadhatêngan karti upaya ingkang ambêbayani, Rêsi Dewabrata lajêng anganglang salêbêting pura.

Ya ta lampahing Dhanghyang Anala dumugi ing Ngastina, anandukakên kamayan, warni latu sakêkonang manjing dhatêng sariranipun Prabu Citrawirya ing têmahan kabêsmi muksa sami sanalika, Dhanghyang Anala lajêng ambêkta Dèwi Ambika mawi sarana sinirêpan, tinampènan dening Prabu Waka wontên ing rata, Dhahyang Anala wangsul malih badhe amêndhêt Dèwi Ambalika ananging kawênangan dening Rêsi Dewabrata, ing têmahan dados prang langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu Dhanghyang Anala oncat badhe singidan dhatêng pamênangan, kauningan dening Bagawan Santanu lajêng prang, ananging Bagawan Santanu kawon anêmahi seda layon muksa. Rêsi Dewabrata uninga manawi [ma...]

--- 5 : 285 ---

[...nawi] ingkang rama muksa kasambut ing ayuda, madêg kasudiranipun angêtog dibya kasantikan, ing wêkasan Dhanghyang Anala pêjah kaprajayèng ajurit.

Gantya kawuwusa Rêsi Byasa ing nalika punika mêsat angambara sêdya angrêbat Dèwi Ambika, têmahan prang kalihan Prabu Waka ananging Rêsi Byasa unggul ing ayuda, Prabu Waka pêjah gumuling wontên ing rata, kusir anungkul minta jiwa, Rêsi Byasa lajêng anitih rata sarya amangku Dèwi Ambika kabêkta tumêdhak dhatêng Ngastina. Rêsi Dewabrata angaturakên ing sasolahira kala prang kalihan Dhanghyang Anala, Rêsi Byasa anyariyosakên kala prang kalihan Prabu Waka wontên madyantara, sakalihan sarêng pangungunira, lajêng andangu dhatêng kusir namaning ditya ingkang pêjah punika. Aturipun ingkang gumuling samadyaning rata punika Prabu Waka ing Ekacakra, dene ingkang gumuling kisma punika gurunipun anama Dhanghyang Anala, kusir ditya dinangu namanipun piyambak matur awasta Suksara, nuntên kunarpaning Dhanghyang Anala kinèn anginggahakên ing rata kajèjèr kalihan kuwandaning Prabu Waka, kusir Suksara dhinawuhan ambêkta mantuk dhatêng Ekacakra, sarta dhinawuhan sampun ngantos purun adamêl sandi upaya dhatêng Ngastina, [Ngasti...]

--- 5 : 286 ---

[...na,] kusir Suksara matur sandika lajêng mêsat angambara.

Taksih sami salêbêting masa sitra, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Dèwi Găndawati utusan amaringi uninga dhatêng Wiratha, ing pamuksanipun Bagawan Santanu akalihan Prabu Citrawirya. Prabu Matsyapati lajêng têdhak dhatêng Ngastina saha garwa, sarêng antawis dintên angrêmbag ingkang badhe kajumênêngakên ratu ing Ngastina, Rêsi Byasa rêmbagipun inggih Rêsi Dewabrata ingkang wajib jumênêng nata, Rêsi Dewabrata sangêt lênggana, amrêyogèkakên ingkang raka Rêsi Byasa jumênênga nata. Sadanguning diya-diniya Rêsi Byasa anyandhak ing sipta sasmita, mila lajêng matur dhatêng Prabu Matsyapati, amrayogèkakên Rêsi Dewabrata jumênênga dados parampara, Prabu Matsyapati lajêng andhawahakên dhatêng para punggawa ing Ngastina, manawi ing mangke Rêsi Dewabrata jumênêng dados parampara, anama Rêsi Warabisma, inggih Rêsi Santanuja, inggih Rêsi Jahnawisuta, inggih Rêsi Dewabrata. Sasampunipun makatên, Rêsi Warabisma lajêng anjumênêngakên ingkang raka Rêsi Byasa, dados ratu ing Ngastina, ajêjuluk Prabu

--- 5 : 287 ---

Krêsna Dwipayana , ing nalika punika kawuryan rarasing praja raharja.

_________

Dumugi samantên têlasipun cariyos ingkang kawrat Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 5, taksih wontên sambêtanipun malih, kawrat Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 6.

--- 5 : [0] ---

[...]


mangungun (kembali)
mangungun
dumadakan (kembali)
dumadakan
pangadêgipun (kembali)
pangadêgipun
sakalangkung (kembali)
sakalangkung
panggonaning (kembali)
panggonaning
anglaksanana (kembali)
anglaksanana
Bimarastana (kembali)
Bimarastana
akalihan (kembali)
akalihan
pisungsung (kembali)
pisungsung
10 sampun (kembali)
sampun
11 raja (kembali)
raja
12 sampun dados (kembali)
sampun dados
13 pangungunipun (kembali)
pangungunipun
14 ing Ngastina (kembali)
ing Ngastina
15 ing (dan di tempat lain) (kembali)
ing (dan di tempat lain)
16 Bagawan (kembali)
Bagawan
17 anglêlingsêmi (kembali)
anglêlingsêmi
18 Gajaksasura (kembali)
Gajaksasura
19 tinupiksa (kembali)
tinupiksa
20 anamurkula (kembali)
anamurkula
21 Awakipun Wahan (kembali)
Awakipun Wahan
22 dadosa (kembali)
dadosa
23 binujung (kembali)
binujung
24 punika (kembali)
punika
25 paguting (dan di tempat lain) (kembali)
paguting (dan di tempat lain)
26 makatên (kembali)
makatên
27 gurunipun (kembali)
gurunipun