Pustakaraja Purwa (Jilid 06), Padmasusastra, 1912–24, #180

Judul
Sambungan
1. Pustakaraja Purwa (Jilid 04), Padmasusastra, 1912–24, #180. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pustakaraja Purwa (Jilid 05), Padmasusastra, 1912–24, #180. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pustakaraja Purwa (Jilid 06), Padmasusastra, 1912–24, #180. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 05-10-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pustakaraja Jarwa VI.

--- 6 : [0] ---

[...]

--- 6 : [0] ---

Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 6.

Anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi tuwin Madura, wiwit taun 664, dumugi taun 713, babon asli saking sawargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kaêsahakên kasusastranipun awêwaton Sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra.

Kaêcap ingkang kaping tiga ing pangêcapanipun N.V.Uitgevers-Mij. H. BUNNING ing Ngayugyakarta, taun 1924.

--- 6 : [0] ---

[...]

--- 6 : [1] ---

Bêbuka

Hong wèhên pranawa samêh

Sapta makandhêh

Bab kaping 7.

Punika gancaripun cariyosing Sêrat Suktinawyasa, kaanggit dening Êmpu Widhayaka ing Mamênang, awit saking karsanipun Prabu Aji Jayabaya nata binathara ingkang akadhaton ing nagari Kadhiri, panganggitipun anuju ing taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candrasangkala amarêngi 879, mênggah bêbukanipun kapratelakakên wontên salêbêting Sêrat Mahapatra, wiyosipun kacariyosakên ing ngandhap punika:

Taksih salêbêtipun ing warsa Yiwolambi, etanging [e...]

--- 6 : 2 ---

[...tanging] taun surya sangkala 645, tinêngêran wisaya akarya rêtu. Kaetang ing taun candrasangkala 664, tinêngêran warna anggas angrasa barakan.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos malih nagari ing Ngastina, sakonduripun Prabu Matswapati dhatêng nagari Wiratha, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana karsa angulawisudha wadya punggawa: 1. Dhahyang Marasanta, kadadosakên patih lêbêt angiras tuwanggana malih, 2. Dhahyang Duma, kadadosakên patih jawi malih, 3. Dhahyang Jawalagni, kadadosakên brahmana, 4. Dhahyang Salya kadadosakên sogata, 5. sutaning Dhahyang Duma, kang awasta Dumeya, kadadosakên jaksa, 6. Sang Bandhuwangka, kadadosakên senapatining ayuda, 7. Sang Praharana, kadadosakên punggawa juru tani, 8. Juragan Supa, kadadosakên punggawa juru paniti, angrumati samukawis ingkang anama kagunganing narendra, 9. Sang Yudistha, kadadosakên punggawa juru cundaka, angalang pringgabayaning praja, 10. Janggan Suliksa, kadadosakên punggawa kartiyasa, amariksani pandamêlaning nagari sadaya, 11. Puthut Sandhana, kadadosakên punggawa nangkoda, anglurahi para juragan sadaya, [sa...]

--- 6 : 3 ---

[...daya,] 12. Cantrik Sakatha kadadosakên punggawa juru lêlayu, anglurahi para wadya ingkang jagi utusan, anjawi saking punika akathah ingkang jinunjung dados punggawa sêsêbutanipun sami anama arya sadaya.

Amarêngi masa naya, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Yiwolambi, kacariyos malih nagari ing Ngastina. Mangkya Dèwi Găndawati angrêmbagi dhatêng ingkang putra Prabu Krêsna Dwipayana, supados karsaa anuwuhakên wiji, Dèwi Ambika kalihan Dèwi Ambalika, sami kagarwaa, Prabu Krêsna Dwipayana aturipun pakèwêd dening maru kadang, sawêk kèndêl samantên katungka Sang Hyang Naradha tumêdhak, angêmban dhawuhipun Sang Hyang Girinata manawi Dèwi Ambika kalihan Dèwi Ambalika punika pinasthi dados jodhonipun Prabu Krêsna Dwipayana, ing têmbe sami anuwuhakên wiji wisesa, tangkar-tumangkar ngantos dumugi ing jaman Kalisangara. Prabu Krêsna Dwipayana angèstokakên ing dhawuh dèwi sakalihan lajêng kagarwa, sasampunipun anggèstrèni, Sang Hyang Naradha lajêng muksa.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Yiwolambi, gêntos kacariyos nagari Tunggulmalaya, mangkya Prabu Kardhitya muksa, kagêntosan [kagêntosa...]

--- 6 : 4 ---

[...n] ingkang putra anama Prabu Selacala.

Salêbêtipun warsa Wulambi, etanging taun surya sangkala 646, tinêngêran rarasing yoga angrasa barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 666, tinêngêran winayanggana rêtu.

Amarêngi masa sitra, kacariyos ing nagari Ngastina, mangkya pramèswari nata, Dèwi Ambika ambabar mijil jalu wuta netranira kalih pisan. Cariyosipun nalika Dèwi Ambika, cinangkraman dening Prabu Krêsna Dwipayana, tansah mêrêm kewala, awit ajrih tumingal dhatêng suwarnanira, Prabu Krêsna Dwipayana dening netyandik muka sirung wok bris jenggot godhèk simbar jaja, ya ta ing nalika punika, putra pinaringan nama Radèn Kuru, tgêsipun: mêrêm.

Amarêngi masa naya, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Wulambi, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya pramèswari nata Dèwi Ambalika ambabar mijil jalu warna seta kalih pisan. Cariyosipun nalika Dèwi Ambalika cinangkraman dening Prabu Krêsna Dwipayana, saking ajrihipun ngantos biyas ing kang netya. Ya ta ing nalika punika Prabu Krêsna Dwipayana, lajêng musthi sanjata pangruwat, [pangruwa...]

--- 6 : 5 ---

[...t,] lumêpas dhumatêng ingkang putra ingkang mijil dhêdhempetan wau, sami sanalika pisah rahayu kalih pisan, ananging sami anêmahi cacat, ingkang satunggal jangganipun kasarampat sanjata pangruwat dados tèngèng, ingkang satunggal suku kiwa kasarampat sanjata pangruwat dados pincang, Prabu Krêsna Dwipayana botên kasamaran dhatêng sêpuh anèming putra sakalihan punika, ingkang tèngèng sêpuh pinaringan nama Radèn Pandhu, tgêsipun pêthak. Ingkang pincang anèm, pinaringan nama Radèn Yama, tgêsipun jêjêg.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Wulambi, gêntos kacariyos nagari ing Srawantipura tanah sabrang, ingkang jumênêng nata anama Prabu Cidhamuka prajanipun kaparak ing pagring agêng, botên kenging tinambak. Mangkya Prabu Cidhamuka saking sangêting sungkawa antuk wasitaning dewa, kinèn anumbali putra ing Ngastina, salah satunggal. Nalika punika Prabu Cidhamuka lajêng anglampahakên utusan dhumatêng ing Ngastina, ingkang dinuta patih wisesa anama Sang Aswanidha, kaprênah paman saking ibu dening Prabu Cidhamuka, lampahipun ambêkta nawala patra, sarta pisungsung maneka warna.

--- 6 : 6 ---

Ya ta gêntos kacariyos, sarênganing lêlampahan, Prabu Selacala ing Tunggulmalaya, mangkya nuju badhe sowan dhatêng ing Ngastina, wontên ing margi kapêthuk akalihan Patih Aswanidha, dinangu matur manawi utusanipun Prabu Cidhamuka, ing Srawantipura, kinèn angaturakên nawala patra sarta pisungsung dhatêng ratu ing Ngastina, dinangu malih mênggah suraosipun sajawining sêrat, Patih Aswanidha matur sajarwa, pangandikanipun Prabu Selacala, yèn mangkana ingsun duga datan kasambadan. Kang sapisan putra ing Ngastina maksih padha timur, kapindhone kinarya tumbal nagara iku sayêkti bakal winisesa, kayaparan margane kaparênga, wangsulanipun Patih Aswanidha, manawi botên anambadanana sayêkti pinêksa kabandawasa, Prabu Selacala duk amiyarsa dahat bramantya têmah dados păncakara langkung rame gêntos kalindhih, ing wêkasan sami sampyuh seda ing rana layon muksa kalih pisan, wadya ing Tunggulmalaya akalihan wadya ing Srawantipura, samya pêpulih mangungsir kiwul ulêng-ulêngan, ananging lajêng sinapihan dening kamisêpuhipun sowang-sowang, mila wadya ing Srawantipura sami bibaran mantuk sadaya. Wadya ing Tunggulmalaya sapalih mantuk, [mantu...]

--- 6 : 7 ---

[...k,] sapalihipun lajêng dhatêng Ngastina atur uninga, ing nalika punika Prabu Krêsna Dwipayana lajêng dhawah dhatêng para punggawa kinèn sami angatos-atos sadaya. Ya ta kawuwusa Prabu Cidhamuka, sarêng kaaturan uninga ing tiwasipun Patih Aswanidha langkung duka, lajêng tumindak pribadi badhe andhustha putra ing Ngastina, sarèhning sampun karumiyinan gêlar dados Prabu Cidhamuka seda kenging pangaribawa layon muksa.

Salêbêting warsa Wikari, etanging taun surya sangkala 647, tinêngêran sukaning dumadi angraras barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 667, tinêngêran Swaraning anggas karênga ing wiyat.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya karsanira Prabu Krêsna Dwipayana, ing samuksanipun Prabu Selacala, kagêntosan arinira, anama Prabu Wisukarya ing Tunggulmalaya, ingkang kagêntosakên kalênggahaning punggawa, arinipun malih anama Arya Pramusita.

Amarêngi masa palguna, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Wikari, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana matur ingkang ibu, manawi ing benjing [be...]

--- 6 : 8 ---

[...njing] badhe kadhatêngan bilai agêng, dipun wastani baratayuda, ya ta Dèwi Găndawati dupi amiyarsa wasitaning putra makatên punika, têka andadosakên sangêting sungkawa, mila lajêng manungku sêmadi wontên ing pamêlêngan, pangèsthinipun sampun ngantos amêningi jaman ingkang winêca wau, parmaning dewa Dèwi Găndawati sinêmbadan karsanipun ing wêkasan muksa, pramèswari nata Dèwi Ambika, kalihan Dèwi Ambalika, sami bela lêbu tumangan muksa salêbêting latu kalih pisan. Prabu Krêsna Dwipayana dahat amiduhung ananging pinupus saking pêpasthèning dumadi sowang-sowang lajêng anarima, nuntên putra têtiga sami kaparingakên dhatêng pawongan ingkang sagêd among amulasara. Radèn Kuru pawonganira anama Purici, Radèn Pandhu pawonganira anama Bila, Radèn Yama pawonganira anama Kèn Suya, parêkan tiga pisan punika sami têdhaking Brahmana Nastapa. Sasampunipun makatên Prabu Krêsna Dwipayana yasa pagrogolan wontên wana Tunggul, saking dènira anamur sungkawa, ing sadintên-dintên tansah anênumpus sato wana, kala samantên Prabu Krêsna Dwipayana ngantos kasêbut nama Ratu Tunggul, labêt saking karêming cangkrama dhatêng ing wana Tunggul punika, sarêng antawis dintên [dintê...]

--- 6 : 9 ---

[...n] Prabu Krêsna Dwipayana taksih wontên ing pagrogolan kadhatêngan brahmana matur makatên: Kawula punika badhe anênuwun punapa, kawula punika badhe atur-atur punapa. Prabu Krêsna Dwipayana lajêng musthi sanjata pangruwat, botên dangu katingal wontên banthèng linêpasan dados janma gung aluhur dêdêgipun. Ing wêwangunan jarot sarwa sambada. Pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana: Lah punika ingkang andika têdha ruwating admaja jalu, kang badhe andika aturakên inggih kang sampun nirmala waluya jatining janma ugi, brahmana matur sarwi gumujêng suka: Dhuh Sang Ratu Tunggul, tuhu waskitha ing saniskara, panjênêngan paduka punika, sajatosipun inggih saèstu anak kawula pun Bargawa ingkang sampun ruwat saking papa citraka punika amargi saking pitulungan paduka, mangkya kawula aturakên dadosa pakathik sumăngga ing karsa, awit sampun dados punagi singa kang ngruwat lajêng andasihêna, lowung-lowung dene andarbèni karosan langkung saking sasaminipun. Prabu Krêsna Dwipayana mèsêm lajêng andangu karana, aturipun kawula punika Brahmana Dama saking tanah Pancala, awasta Bargu, awon-awon têdhaking Rêsi Parasu, purwanipun Sutamba pun bargawa anêmahi [a...]

--- 6 : 10 ---

[...nêmahi] papa citraka dados andaka punika makatên, saking pramaning dewa pinaringan karosan anglangkungi sasami, andadosakên sukaning manah, kawula tansah amêmuji makatên, muga-muga sutèng ulun Si Bargawa dadia bêbanthènging bawana, puji kula makatên punika têka kayêktosan anak kawula pun Bargawa dados andaka lêlawungan, saèstu andadosakên susahing manah kawula, tansah analăngsa ngantos atêtajin saniskara, apunagi singa kang angruwata lajêng kawula aturakên andêdasih, tumuntên antuk wasita manawi sutamba badhe ruwat wontên wana Tunggul, punika lajêng kawula tut wingking sapuruging sutamba pun Bargawa ngantos dumugi ing ngriki, wêkasan ruwat saking panjênêngan paduka, mila sumăngga ing karsa kemawon. Prabu Krêsna Dwipayana langkung suka rêna anarima, sarêng kondur dhatêng Ngastina Brahmana Bargu akalihan sutanipun kang awasta Bargawa sami kinulawisudha dados punggawa.

Salêbêting warsa Sarwari, etanging taun surya sangkala 648, tinêngêran naga catur angebahakên wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 668, tinêngêran angèsthi rarasing pangrasa.

--- 6 : 11 ---

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Ngamtina, [1] mangkya karsanipun Prabu Krêsna Dwipayana, badhe amangun kitha, ing nalika punika lajêng andhatêngakên Gandarwa Raja Swala, jinatosan ingkang dados karsa nata sadaya, Gandarwa Raja Swala matur mangayubagya manawi winangun malih punika, mila sarêng pamuksanipun rama paduka, Prabu Dwipakeswara sami kinukudan raras srining pura sadaya, amargi badhe sanès ingkang anggênggèni, ing sapunika panjênêngan paduka sampun jumênêng nata, inggih prayogi sinalinan wêwangunanipun malih, malah langkung prayogi manawi salêbêting nagari mawi rinakit kitha kojor, mawi kontên maju sakawan. Prabu Krêsna Dwipayana anayogyani, ing ngriku Gandarwa Raja Swala lajêng amêsu cipta sami sanalika sampun dados sarwa gumêlar sangkêp saisèn-isènipun sadaya.

Salêbêtipun warsa Pilapawa, etanging taun surya sangkala 649, tinêngêran rudra warna anggas. Kaetang ing taun candrasangkala 669, tinêngêran gapura nêm rinaras swarga.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêmna[2] Dwipayana karsa angadani wêwangunaning [wêwanguna...]

--- 6 : 12 ---

[...ning] sanggar palanggatan, mawi rarênggan maneka warna wontên salêbêting pura.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Pilapawa, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana, nuju miyos ing păncaniti, wontên kapiyarsa wuwus makatên: Ratu waskitha kuciwa kurang pariksa. Prabu Krêsna Dwipayana botên kasamaran ingkang wuwus makatên wau lajêng katimbalan, dinangu angakên brahmana dhusun ing Sanggana wasta Ludha, pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana sarywa mèsêm: He pawong mitraning ulun Sang Brahmana Ludha, wontênipun papariksan punika saking paturan, ijêngandika dèrèng gugat têka anênacad, sayêkti botên pantês kapiyarsa. Sasampunipun angandika makatên lajêng andhawahakên parentah dhatêng Patih Duma, kinèn utusan animbali tiyang dhusun ing Saradan kang awasta pun Maya, sarta menda srênggalanipun dhinawuhan ambêkta pisan. Sarêng katimbalan sampun praptèng ngabyantara nata, ing ngriku Prabu Krêsna Dwipayana ngandika tungtung gumujêng dhatêng Brahmana Ludha, he pawong mitraning ulun sang juru waon, kawastanana pundi semah andika ingkang kaiwad dening pun Maya, Sang Brahmana Ludha

--- 6 : 13 ---

aturipun sangêt katambêtan amargi botên rumaos gadhah semah sato, ingkang kaiwad dening pun Maya punika semahipun tiyang èstri awasta pun Panjari, nuntên pun Maya kadangu aturipun Kumbi. Prabu Krêsna Dwipayana mèsêm sarwi amusthi sanjata pangruwat, duk lumêpas tumanduk dhatêng maenda kalihan sagawon, sami aruwat dados jatining janma pawèstri, ingkang satunggal ruwataning maenda èstri, dados semahing Brahmana Ludha awasta pun Panjari, satunggalipun ruwataning Srênggala èstri dados wanudya, dinangu aturipun awasta pun Panti, kalêrês semah nèm kalihan Buyut Pratiwa ing Warma. Prabu Krêsna Dwipayana lajêng dhawuh animbali Buyut Pratiwa, sarêng prapta dinangu kayêktèning èstri kang awasta pun Panti punika, aturipun inggih sayêktos semahipun nèm ingkang ical sampun tigang wulan. Nuntên pun Maya dinangu malih karananipun angewad semahing janma wêkasan têka kadadosakên warni sato, aturipun angakêni ing pangiwadipun makatên punika amung supados sampun ngantos kawanguran. Mila anggènipun malihakên warni sato manawi siyang kemawon. Dinangu malih sangkanira darbe kadibyan makatên, aturipun amung saking măntra wikrama, [wikra...]

--- 6 : 14 ---

[...ma,] Prabu Krêsna Dwipayana angandika manuhara, kalêbu wong aguna Si Maya iku, sasampunipun angandika makatên, èstri pun Panjari kaparingakên dhatêng Brahmana Ludha, pun Panti kaparingakên dhatêng Buyut Pratiwa, sarta kadhawuhan sami kinèn anarima, dene patrapaning duratmaka gumantung wontên ing adat. Kala samantên pun Maya pinidana kadadosakên cêlêngan èstri, ing dalêm kalih warsa wangênipun lajêng kesah, Prabu Krêsna Dwipayana luwaran dènira sinewaka.

Salêbêting warsa Subakarti, etanging taun surya sangkala 650, tinêngêran tanpa wisikan angrasa malêtik. Kaetang ing taun candrasangkala 670, tinêngêran barakaning swara karêngèng wiyat.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana nuju miyos sinewaka ing păncaniti, wontên tiyang mudha punggung saos atur botên suka botên narima, dènira asring pinisuhan dening kumandhang, kalihan dipun panthêlêngi dhatêng wêwayanganing sêndhang. Prabu Krêsna Dwipayana saha para punggawa sami gumujêng sadaya, lajêng dinangu ing nama miwah wismanipun, tiyang mudha punggung matur awasta pun Gunawan ing bangkit, sangsaya dados [da...]

--- 6 : 15 ---

[...dos] gêgujêngan. Prabu Krêsna Dwipayana angandika manis manuhara, he Gunawan kang atinggal wardining aran, pituhunên wêwarah ingsun, aywa sira sok mêmisuh, supaya ora pinisuhan dening kumandhangira, lan aywa sok manthêlêngi janma, supaya ora pinanthêlêngan ing wêwayanganira kang katon anèng sêndhang, pun Gunawan matur sandika lajêng pinaringan kancana kalihan mantuk.

Botên antawis dangu wontên katingal tiyang anggendhong menda lajêng kinèn animbali sampun prapta dinangu nama akalihan ing sangkan paran. Aturipun awasta pun Kartana saking dhusun ing Banjaran, badhe wade maenda dhatêng pêkên nagari. Dinangu malih karananing kang maenda ginendhong, aturipun amêlasakên upami kalampahêna, manawi ngantos reto jêmpo labêt saking sayah măngsa pajênga kawade. Prabu Krênsa Dwipayana dhawah kinèn andangua argining menda, aturipun amung badhe kaurupakên kabêtahaning griya kemawon, lajêng kaparingan kancana pun Kartana botên purun anampèni, amargi kabêtahanipun amung abêning kinang jêbug akalihan gambir sarta apu, lajêng pinaringan gambir jêbug apu sarêmbat sangêt mopo, atur panuwunipun amung [a...]

--- 6 : 16 ---

[...mung] kanggea sadintên kemawon. Sampun tinurutan sarta kalilan ing sabên dintên anyadhonga jêbug gambir apu dhatêng kapatihan, pun Kartana matur sandika lajêng mantuk. Ing nalika punika Prabu Krêsna Dwipayana karsa angadani pacrabakan wontên sakiwa têngêning păncaniti, kadamêl panggenan amardi tiyang ingkang kirang pambudi, supados andadosakên kaindhakaning manah tarwilun.

Salêbêtipun ing warsa Sabakarti, etanging taun surya sangkala 651, tinêngêran janma tinata ing wrêksa. Kaetang ing taun candrasangkala 671, tinêngêran rupa rêsi angraras swarga.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari Ngastina mangkya Prabu Krêsna Dwipayana karsa angadani bale patula, tgêsipun griya panimbang, inggih punika kadamêl nimbang wawrating janma, pundi ingkang awrat piyambak lajêng kinulawisudha dados punggawa, ing nalika punika kathah tiyang alit lumêbêt dhatêng bale patula, supados katimbanga kalihan wawratipun, saking dènnya parikêdah dados punggawa.

Kacariyos ing dhusun Jatimanta, wontên pandhita miskin anama Wiku Karma, darbe suta satunggal anama Janggan [Ja...]

--- 6 : 17 ---

[...nggan] Srênggana, punika pamit badhe lumêbêt dhatêng bale watula, [3] Sang Wiku Karma gumujêng sarwi muwus: Dhuh sutaningsun anggèr têka anglêngkara têmên karêpira kang mangkono iku, dene wujutira èndhèk cilik, badanira kuru aking, saka ing apa yèn antêpa bobotira kulup. Janggan Srênggana sangêt dènira angêngudi supados kaidènana Sang Wiku Karma dahating trêsna dhatêng sutanira amung satunggal dados tinurutan. Wuwusipun sarwi tumênga asêsanti, dhuh dewa dhuh bathara mugi mangayubagyaa, lajêng mangkat angatêrakên suta, dumugi ing Ngastina lajêng anjujug bale patula, tansah dènnya dados gêgujêngan dènira tanpa sambada, ing wêkasan botên kenging kaina, sarêng katimbang langkung saking sawawrat, dados pangunguning kang sami uninga, katur ing Prabu Krêsna Dwipayana katimbalan mangarsa sayayahipun pisan, dinangu ing wisma namanira miwah lêluhurira, Sang Wiku Karma matur sajati, kala ing kina Sang Hyang Brahma apêputra, Bathara Brahma Sadhara, Bathara Brahma Sadhara apêputra Bathara Brahmana Sidhi, Bathara Brahmana Sidhi apêputra Bathara Sampata, Bathara Sampata apêputra Rêsi Salwa ing wukir Kusara, Rêsi Salwa apêputra Rêsi Rukma, kang adhadhêkah ing Jatimanta, Rêsi

--- 6 : 18 ---

Rukma pêputra Sang Wiku Sumarma inggih wontên ing Jatimanta, punika ingkang anganakakên dhatêng kawula pun Wiku Karma ing Jatimanta, kawula anganakakên pun Janggan Srênggana ingkang ruking punika. Ya ta Prabu Krêsna Dwipayana duk amiyarsa langkung suka dene kalêbêt kawulawarga priyăngga, ing nalika punika Janggan Srênggana kinulawisudha dados punggawa, pinaringan nama Arya Srênggana, Sang Wiku Karma dados panêkaring Brahmana Jawalagni.

Amarêngi masa padrawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Subakarti, kacariyos malih Prabu Krêsna Dwipayana, mangkya nuju miyos sinewaka ing păncaniti, wontên tiyang jalu èstri marêk ing ngarsa anuwun lêrês, dinangu ingkang jalu anama pun Keswa, ingkang èstri awasta pun Mulat, sami arêbat wiraos suraosing kanikmatan ing dalêm pulang asmara, ingkang jalu amastani sangêt tiyang èstri, pun Mulat amastani sangêt tiyang jalu, saking sami kêncêngipun kalih pisan ngantos badhe pêpindhahan. Pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana ing mêngko bakal ana ing bêbênêraning padunira, botên dangu lajêng katingal wontên waraha èstri dhatêng panangkilan, kaoyak ing wadya panêkar andarung kemawon, Prabu Krêsna Dwipayana [Dwi...]

--- 6 : 19 ---

[...payana] musthi sanjata pangruwat lajêng linêpasan, punang waraha kacundhuk sami sanalika ruwat dados tiyang jalu kang awasta pun Maya ing Saradan, inggih punika kang kasêbut dados juru pangiwatan. Prabu Krêsna Dwipayana angandika: He Maya, sira wus anglakoni pidananing kaluputan, ing wuri amarènana solahira kang amurang niti, pun Maya wotsari konjêm ing kisma angaturakên panalăngsa, sampun katarima, lajêng dinangu ing lêlampahanira nalika dados pawèstri, aturipun sarywa rawat waspa, dhuh pukulun, kala samantên kawula katingal angambah nagari agêng, ananging dèrèng sumêrêp namanipun, punika kauningan dhatêng rajaputra, kawula lajêng kapundhut garwa langkung kinasihan, ngantos patutan jalu èstri abaranahan, ananging marasêpuh kawula sangêt botên rêna, kawula tansah kaawon-awon pinèt ing kalêpatan, ing alami-lami rajaputra amituhu waduling yayah rena, kalampahan kawula tinundhung kinuya-kuya, sarèhning kawula sampun kawratan saking sih trêsna dados kesah sarwi karuna, ing wêkasan mantuk warni jalu wontên salêbêting panangkilan punika, raosing manah kawula kados mêntas supêna saking tilêm sakeca, têlas aturipun pun [pu...]

--- 6 : 20 ---

[...n] Maya. Prabu Krêsna Dwipayana ngandika malih: He Maya, sajarwaa jati kewala, sarèhning sira wus anglakoni dadi wadon, timbanging rasa ing dalêm sanggama bangêt êndi mungguhing kanikmatanira, aturipun sangêt kanikmataning pawèstri, tikêl sadasa kalihan kanikmataning tiyang jalu. Prabu Krêsna Dwipayana mèsêm lajêng angandika dhatêng pun Keswa kalihan pun Mulat, lah iku kang dadi karampungane gonira rêbut wicara, wus padha amiyarsa dening ature Si Maya, ing wêkasan wruhanira wong jalu iku wahananing rasa, wong wadon iku kaananing kang angrasakake, ing mêngko wus padha anarimaa aja diya-diniya manèh mundhak dadi siyaling pangupa jiwa, pun Keswa sasemahipun sami matur sampun anarima lajêng pinaringan kancana kalilan mantuk. Nuntên pun Maya kinulawisudha dados wadya panêkaring juru cundaka, kaparingakên dhatêng Arya Yudistha.

Salêbêtipun ing warsa Asiya, etanging taun surya sangkala 652, tinêngêran paksa gati angrasa mêsat. Kaetang ing taun candrasangkala 672, tinêngêran suku kuda angoyag langit.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, [Nga...]

--- 6 : 21 ---

[...stina,] mangkya Prabu Krêsna Dwipayana karsa andhatêngakên batu sayara, tgêsipun sela pamor, kadèkèkakên sajawining bale patula, kadamêl anăndha karosaning janma, singa ingkang kuwawi anjunjung kadadosakên punggawa, Arya Bargawa ingkang pinatah dados panuntuning panjunjung, batu sayara punika, tansah kadamêl undhi umbul wontên ing asta, kala samantên akathah wadya alit ingkang prapta sami anjunjung batu sayara, ananging awis ingkang kadya Arya Bargawa rosaning panjunjungipun.

Ya ta kacariyos wontên rare wujil awasta pun Bilawa, arining Bila êmbanipun èstri Radèn Pandhu, kala samantên pun Bilawa badhe dhatêng bale patula, sêdya anjunjung batu sayara ingkang kadamêl pasanggiri punika, ananging pinambêngan dening kadangipun èstri êmban Bila wau, kaina măngsa kuwawia, upami kangkata anjunjung anglêngkara manawi dadosa punggawa, sabab wujudipun botên limrah, kalihan janma kathah. Wangsulanipun pun Bilawa, titahing dewa nora kêna dèn ina lajêng mangkat. Dumugi ing bale patula, amanggihi dhatêng Arya Bargawa, manawi sêdyanipun badhe anjunjung batu sayara, sakathahing tiyang kang ngadani pasanggiri sami gumujêng

--- 6 : 22 ---

sadaya, Arya Bargawa lajêng anuntun patraping anjunjung batu sayara, pun Bilawa amuwus, lah suwawi kauncalêna mariki kula kang anadhahi, Arya Bargawa anuruti sarywa muwus, dèn prayitna sira. Sarêng batu sayara kauncalakên tinampenan dhatêng pun Bilawa, lajêng kaumbulakên saking têngên sinăngga ing tangan kiwa, kaumbulakên saking kiwa sinăngga ing tangan têngên, sadangunipun makatên lajêng katur Prabu Krêsna Dwipayana. Pun Bilawa tinimbalan sampun prapta, ing ngriku kawasanipun Prabu Krêsna Dwipayana, pun Bilawa linêpasan sanjata pangruwat sampun malih agêng inggil, kêmbar kalihan Arya Bargawa, sakalihan pinaringakên minăngka sor-soranipun Arywa Bandhuwangka.

Amarêngi masa sitra, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Asiya, gêntos kacariyos nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Matswapati anulat karya bale patula, akathah wadya alit ingkang katimbang wawratipun, singa kang alêbda karya lajêng kinulawisudha dados punggawa.

Salêbêtipun ing warsa Ananda, etanging taun surya sangkala 653, tinêngêran trining bayu angebahakên gêgana. Kaetang ing taun candrasangkala

--- 6 : 23 ---

673, tinêngêran gunaning rêsi angraras barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana karsa angadani pagrogolan wontên sajawining nagari, winastan paramuwana, linêbêtan sakathahing sato wana, kidang sangsam kancil sapanunggilanipun ingkang botên bêbayani, sarêng sampun dados sarwa mirantos, Prabu Krêsna Dwipayana têdhak dhatêng paramuwana, lajêng andhawahakên undhang sintên ingkang langkas palajêngipun, sagêd anututi palajênging sato ingkang binujung, punika badhe mindhak pangkating kalênggahanipun, manawi ingkang dèrèng anyanggi kartiyasa badhe kinulawisudha dados wadya nata. Ing ngriku sagunging kang kadhawuhan undhang lajêng tumandang ambujung sato wana, kala samantên katungka praptanipun Prabu Darmamuka ing Giyantipura, kadhèrèkakên wadya amung sawatawis. Lampahipun kawistara kadi angêmu sungkawa, sarêng sampun pinambrama ing pambage, Prabu Darmamuka anyariyosakên risaking nagari Giyantipura, kabêdhah dening mêngsah saking Ngawu-awu rajanipun anama Prabu Swarka, angajêngakên dhatêng putra wuragil Dèwi Ambalini, ananging tinampik awit [a...]

--- 6 : 24 ---

[...wit] saking misuwuring pawarti, Prabu Swarka punika sabên darbe garwa manawi sampun angsal kawan dasa dintên pinêjahan tanpa karana, ing mangke amila ngantos kalampahan anumpal kèli dhatêng Ngastina, têmbung amasrahakên Dèwi Ambalini, suka lêhêng kinarangulua, bêbasan botên andadosakên sumêlang. Prabu Krêsna Dwipayana amangsuli: Kaka prabu, pun Ambalini punika dede jodho kula, pinasthi dados jodhonipun Sang Brahmana Jawalagni, ing benjing pêputra jalu dados saratining ratu, awasta Sarati Sanjaya. Aturipun Prabu Darmamuka amborongakên ing karsa, sarêng antawis dintên Dèwi Ambalini kadhaupakên antuk Sang Brahmana Jawalagni, sabibaring pamiwahan, Prabu Darmamuka uninga dhatêng wayahipun têtiga: Radèn Kuru, Radèn Pandhu, Radèn Yama, têka dahat karêrantan salêbêting galih, kaèngêtan putranipun Dèwi Ambika kalihan Dèwi Ambalika, ingkang sampun sami muksa, mila Prabu Darmamuka darbe pangèsthi, wayahipun tiga pisan sami anglampahana tapa brata, supados antuka kanugrahaning dewa, aturipun dhatêng Prabu Krêsna Dwipayana dahat kasambadaning karsa, nuntên putra tiga pisan sami kadhawuhan dhatêng

--- 6 : 25 ---

Saptarga, kinanthèn Patih Smarasanta akalihan para kamisêpuh ing sawatawis.

Amarêngi masa sitra, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Ananda, kacariyos ing wukir Saptarga, mangkya putra nata têtiga dènira anglampahi tapa brata, sampun sami katarima antuk kanugrahaning dewa, Sang Hyang Girinata tumêdhak pribadi, amaringi kadibyan, Radèn Kuru pinaringan wahyu kawasa, waskitha, sarta karosan, Radèn Pandhu pinaringan wahyu wisesa, jaya-kawijayan, sarta kaprawiran. Radèn Yama pinaringan wahyu widagda, sarta wicaksana, salwiring kagunan sadaya, katiga pisan sami kalilan mantuk dhatêng Ngastina. Wontên ing margi kapêthuk lampahipun Prabu Swarka saha wadya kuswa badhe anglurug dhatêng Ngastina, lajêng prang kalihan narpaputra têtiga punika, wêkasanipun Prabu Swarka pêjah dening Radèn Pandhu, para ratu sêsuruhanipun Prabu Swarka sami pêpulih botên wontên ingkang makiwuli, malah kathah sami anêmahi tiwas sawadyanipun sadaya, amung ratu ing Timpurusa anama Prabu Purunggaji, punika anungkul lajêng kabêkta dhatêng ing Ngastina, Prabu Krêsna Dwipayana dupi miyarsa lêlampahanipun ingkang putra, lajêng têdhak amêthuk [a ...]

--- 6 : 26 ---

[...mêthuk] sajawining praja akalihan Prabu Darmamuka, kapanggih wontên ing pasanggrahan paramuwana, botên antawis dangu lajêng kerit dhatêng panangkilan, dinangu pawartosing lêlampahanipun sowang-sowang, para putra sami angaturakên tampining kanugrahan saking Sang Hyang Girinata, ing wêkasan prang kalihan Prabu Swarka wontên samadyaning wana sami jayèng rana, antuk têtêlukan ratu ing Timpurusa punika. Ya ta Prabu Krêsna Dwipayana, duk amiyarsa langkung suka sukur amêmuji kawasaning dewa, ing nalika punika putra têtiga sami pinasrahan pangawasa sowang-sowang: 1. Radèn Kuru pinasrahan panataning karaton, pinaringan nama Arya Prabu Drêtarasthra, 2. Radèn Pandhu, pinasrahan pangawasa angasta pêparentahaning nagari pinaringan nama Arya Prabu Dewayana, 3. Radèn Yama, pinasrahan angasta patraping pangadilan, pinaringan nama Arya Prabu Widura, kadhawuhakên dhatêng Patih Smarasanta, kalihan Patih Duma, lajêng kabyawara waradin sawadya punggawa sami jumurung sadaya. Sasampunipun makatên, Prabu Purunggaji dinangu kaprênah punapa kalihan Prabu Swarka, aturipun, kawula punika kaprênah pulunan dening Prabu Swarka, ananging botên kabawahakên amung [a...]

--- 6 : 27 ---

[...mung] lumampah sêsêdhahan kemawon, Prabu Purunggaji dinangu ingkang pêputra, aturipun makatên, eyang kawula Prabu Pilawa, ing Malawa, punika apêputra kalih sami jalu ingkang sêpuh nama Prabu Prawa ing Timpurusa, ingkang anèm anama Prabu Swarka ing Ngawu-awu, sami salêbêtipun tanah ing Kandhi, Prabu Prawa ing Timpurusa, punika pêputra kalih sami jalu, ingkang sêpuh anggêntosi rama nata, wontên ing Timpurusa, anama Prabu Paruwa, seda sawêk pêputra satunggal jalu, taksih alit, anama Radèn Carya, putranipun Prabu Prawa ingkang anèm inggih kawula punika, ing ngajêng nama Radèn Saratwaja, sarèhning kawula rumaos anak nèm badhe botên pikantuk pangkating kaluhuran, dados anglampahi tapa brata wontên samadyaning wana, lami-lami antuk parmaning dewa, pinaringan semah widadari anama Dèwi Janapadi, anêmahi papa citraka dados kuda sêmbrani, tansah anggrêrêsahi patanêman, lajêng kawula jêmparing ruwat dados wanudya, kawula pitakèni angakên widadari, anama Dèwi Janapadi, putraning Bathara Janapada, kawula pitakèni ing wit milanipun dados kuda sêmbrani punika wangsulanipun makatên, ing ngajêng Bathara Janapada [Ja...]

--- 6 : 28 ---

[...napada] darbe musthika aswadari, kawasanipun manawi dipun angge dados santika ing lampah sagêd anututi pangraping kuda, punika Dèwi Janapadi badhe sumêrêp ing kayêktosanipun, musthika aswadari kapêndhêt saking pasimpênan, sarêng kauningan dhatêng ingkang rama, musthika aswadari kaêmut lajêng kolu, Bathara Janapada lajêng ngandika makatên, anêmaha kaluputan sara iku anggèr, musthika aswadari iku kinandhut kewala bisa anututi pangraping turăngga, ing mêngko têka sira untal iku apa sira kapengin kaya jaran sêmbrani, Dèwi Janapadi ing sanalika lajêng dados kuda sêmbrani, ingkang rama sangêt amiduhung salêbêting galih, kawistara amaringi prênah wontên samadyaning wana parêk kalihan padhepokan kawula, wêcanipun badhe ruwat dening putra ing Timpurusa kang awasta Saratwaja, inggih punika jatukramanipun Dèwi Janapadi, sarêng sampun kalampahan Dèwi Janapadi ruwat dening kawula ngantos dados semah pisan lajêng ayoga mêdal dhampit, sami sanalika Dèwi Janapadi muksa, anak kawula rare dhampit kalih pisan lajêng kapupu tiyang èstri wêwanan awasta Yoni, kala samantên amarêngi sedanipun kaka Prabu Paruwa, kula katêksa [ka...]

--- 6 : 29 ---

[...têksa] mantuk dening para wadya punggawa ing Timpurusa, sami rêmbag amrayogèkakên manawi kawula gumantosa kaka Prabu Paruwa, kalampahan kawula jumênêng nata ing Timpurusa, asêsilih nama Prabu Purunggaji pêpulunan kawula ingkang anama Radèn Carya dados prabu anèm, lulus ngantos dumugi sapariki punika, têlas aturipun Prabu Purunggaji. Prabu Krêsna Dwipayana andangu malih ing kayêktosanipun Prabu Swarka, manawi darbe garwa sawêk antuk kawan dasa dintên pinêjahan tanpa karana, Prabu Purunggaji matur, ing saèstunipun amêjahi duratmaka, lajêng misuwur sabên darbe garwa pinêjahan, bêbukanipun makatên, garwanipun pramèswari Prabu Swarka putri ing Baladhara, anama Dèwi Sundari, punika pinuju wawrat sêpuh kenging kamayaning pawèstri ingkang alampah dados duratmaka, Dèwi Sundari siningêtakên wontên ing panggenan siluman, duratmaka wau lajêng amancala warni Dèwi Sundari, Prabu Swarka katambêtan ing lêlampahan makatên punika, malihanipun duratmaka èstri dipun nyana Dèwi Sundari sajati, sarêng antawis angsal kawan dasa dintên, ing wanci lingsir dalu, Prabu Swarka amiyarsa tangising jabang bayi lair, kaupadosan salêbêting pura botên [bo...]

--- 6 : 30 ---

[...tên] wontên tiyang darbe suta, ing ngriku parmaning dewa wontên kapiyarsa swara makatên: Lah payo payo padha atêtulung gustimu Dèwi Sundari ambabar mêtu dhampit, amlasasih têmên pambabare têka boya katungkulan dening priya. Nuntên kapiyarsa wontên ingkang anauri makatên, kayaparan bisane katungkulan wong sri narendra katambêtan ing lêlakon, gustimu Dèwi Sundari siningêtake ana ing panggonan siluman, Dèwi Sundari kang maksih sare iku malihaning duratmaka. Nuntên kapiyarsa wontên ingkang têtakèn makatên, sapa baya wanudya kang dadi duratmaka iku, têka sakti têmên. Kang tinakonan anauri, sakti manèh wong yoganing Sang Maharsi Jatiwisesa ing wukir Dasala. Tinakenan malih, apa karanane yoganing maharsi têka anglakoni dadi duratmaka, winangsulan, mangkene bêbukane, Sang Maharsi Jatiwisesa darbe suta wanudya, aran Rêtna Suyati, dahad kuciwa ing warni, iku kapencut dadi garwane Prabu Swarka, ora kasêmbadan ing rama ananging mêksa, têmahan dadi muksane Sang Maharsi Jatiwisesa, Rêtna Suyati laju maring Ngawu-awu, matak aji limunan. Barêng wus waspada ing suwarnane Dèwi Sundari, iku Rêtna Suyati malih warnane

--- 6 : 31 ---

Dèwi Sundari, dinulur dening dewa, dumadakan padharane mundhak gêdhe kaya anggarbini, barêng nuju wayah bêngi sirêping janma Dèwi Sundari siningêtake ana ing panggonan siluman ing saparene iki, Rêtna Suyati angaton tan ana anyana yèn iku mêmalihane duratmaka wadon. Ingkang têtakèn muwus malih, yèn mangkana sri narendra kalêbon sandi upaya, amlasake têmên têka kapisah lawan garwane sajati. Kang winuwusan amangsuli, iku ana kang dadi saranane pangruwat, sri narendra kagungan kucing irêng mulus buntute pucuk rada bundhêl, iku bae pinêndhêma anèng ngisoring pasareyan dèn rêmpit aja ana singa janma wikan, nuli sinidhikara ing aji danurdhara kaping têlu rambahan, ing kono ana kang katon wanudya ayu endah, iya iku kang ambaurêksa pasareyan, anama Dèwi Menaka, dinutaa maring siluman panggonane anyingêtake Dèwi Sundari, supaya ginawaa putrane pisan. Kèndêlipun kang amuwus makatên. Rama Prabu Swarka taksih angantos-antos bokmanawi wontên wuwus ingkang kapiyarsa malih. Sarêng sampun tita botên wontên kapiyarsa punapa-punapa, punika rama Prabu Swarka lajêng anglêksanani mêndhêm [mêndhê...]

--- 6 : 32 ---

[...m] kucing cêmêng mulus sarta sinidhikara ing aji danurdhara kaping tiga rambahan, sami sanalika praptanipun Dèwi Menaka, ingkang ambaurêksa pasareyan. Lajêng dinuta andhatêngakên Dèwi Sundari saputranipun pisan, Dèwi Menaka mêsat saking ngarsa botên antawis dangu prapta ambêkta jabang bayi jalu èstri kemawon, aturipun Dèwi Menaka, garwa nata Dèwi Sundari sampun muksa konduran dènira babar tanpa dhukun, têlas aturipun Dèwi Menaka lajêng botên katingal. Ing ngriku rama Prabu Swarka dahat bramantya, dununging duka dhatêng duratmaka Rêtna Suyati, mila kalampahan dipun pêjahi, ananging kuciwa pêjahipun Rêtna Suyati taksih warni garwa nata Dèwi Sundari, dados misuwaring[4] pawartos rama Prabu Swarka winastanan amêjahi garwa, awit dening awis wadya ingkang jinatosan manawi ingkang pinêjahan punika duratmaka, mênggah ingkang dipun jatosi lêlampahan makatên wau, ing saèstunipun botên amastani rama Prabu Swarka amêjahi garwa punika lajêngipun jabang bayi sakalihan ing nalika samantên pinupu dhatêng Bagawan Swakukstha, inggih punika brahmana lêlana saking tanah wetan dados gurunipun rama Prabu Swarka ingkang èstri sinungan nama Dèwi [Dè...]

--- 6 : 33 ---

[...wi] Kèsru, tgêsipun kapingit, ingkang jalu dipun namani Radèn Prahasana, tgêsipun panggenan samun. Ing alami-lami dumugi diwasanipun Dèwi Kèsru kawarti pinakramakakên antuk putraning Bagawan Swakukstha kang wuragil, anama Kèsthawa, makatên cariyosipun rama Prabu Swarka, têlas aturipun Prabu Purunggaji, Prabu Krêsna Dwipayana langkung suka dènira miyarsa ing lêlampahan elok makatên punika. Nuntên gêntos kacariyos sanalika Bagawan Santanu amupu rare dhampit ingkang sami kapanggih wontên samadyaning wana, èstrinipun pinaringan nama Krêpi, jalêripun pinaringan nama Krêpa, tgêsipun kawlasasih sakalihan lajêng pinaringakên ingkang putra Bagawan Santanu anama Bisma, ing mangke rare kalih wau sami kapundhut dhatêng Ngastina, sasampunipun ngandika makatên Prabu Krêsna Dwipayana lajêng animbali rare kang wasta Krêpa Krêpi, sarêng winawas dhatêng Prabu Purunggaji, karaos salêbêting galih manawi sakalihan punika putranipun ingkang kapupu tiyang wêwanan awasta Yoni rumiyin, mila aturipun Prabu Purunggaji manawi kaparênga rare sakalihan wau dipun suwun. Prabu Krêsna Dwipayana amarêngi, dumuginipun ing antawis dintên Prabu Purunggaji

--- 6 : 34 ---

kalilan mantuk dhatêng Timpurusa.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Ananda, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana têdhak dhatêng ing pasanggrahan ing paramuwana, putra nata Arya Prabu Dewayana piniji andhèrèk. Dumuginipun ing pasanggrahan dèrèng antawis dangu Sang Hyang Naradha tumêdhak andhawahakên timbalanira Sang Hyang Girinata, manawi Arya Prabu Dewayana kapundhut saraya, badhe kaabên prang kalihan ditya raja ing Kiskêndha, anama Prabu Nagapaya, nuwun garwa widadari Dèwi Supraba, ananging botên kasambadan dening Sang Hyang Endra, marma Prabu Nagapaya, anuduh punggawa ditya saha wadya kuswa kinèn ambarisi ing suralaya, makuwon imbanging wukir Jamurdipa, tansah anyênyiwo karya girising para dewa, ing nalika punika Prabu Krêsna Dwipayana ngantos dangu botên amangsuli, ragi awrat ing galih dening sang narpatmaja, dèrèng nate prang kalihan ditya, Sang Hyang Naradha sumêrêp pasang sêmunipun Prabu Krêsna Dwipayana yèn awrat mila pangandikanipun makatên: Wahyu iku sayêkti tumiba marang wong agawe ayu, akèh wong katurunan pulung dene sok atêtulung, [atê...]

--- 6 : 35 ---

[...tulung,] singa kang tabêri anglakoni kangelan, bakal antuk pahalan, Prabu Krêsna Dwipayana kaluhuran sabda botên sagêd sawala dados anyumanggakakên. Arya Prabu Dewayana lajêng kabêkta mêsat angambara, ingkang kantun wontên ing pasanggrahan mangu-mangu kadi tinêbak ing sima lêpat. Ing ngriku Patih Duma matur, manawi kaparênga ing karsa nata, badhe andhawahakên undhang dhatêng para wadya punggawa sarta sagunging para nata tampingan praja, sami kinèn bêbarisan wontên sajawining nagari Ngastina, bokmanawi mêngsah ditya anglut anukup mariki, anggêr sampun sami amirantos dados botên kuciwa, Prabu Krêsna Dwipayana kasêmbadan ing galih, Patih Duma lajêng anuduh ingkang kinèn andhawahakên undhang sampun waradin sadaya, sarêng kalampahan sami tata baris sarwa samapta sapalakartining ayuda, Prabu Krêsna Dwipayana dahat dènira manadukara angalêmbana, ing nalika punika Patih Duma pinaringan pêparab Jaya Yatna, kasêbut nama Jaya Prayitna.

Ya ta kawuwusa lampahipun Sang Hyang Naradha, ambêkta Prabu Dewayana, sarêng dumugi ing suralaya dahat sinungga-sungga dening Sang Hyang Endra, Arya Prabu Dewayana

--- 6 : 36 ---

pinaringan pusaka jêmparing Jamusdipa, prabawanipun sagêd amadhangakên ing pêpêtêng, sarêng antawis sampun rêrêm, Arya Prabu Dewayana dhinawahan anirnakakên ditya ingkang sami bêbarisan wontên imbanging wukir Jamurdipa, enggaling cariyos sagung para ditya sampun sirna sadaya.

Gantya kawuwusa ing Kiskêndha, mangkya Ditya Raja Nagapaya sampun amiyarsa manawi dutanipun sirna dening putra ing Ngastina, mila lajêng anglampahakên ingkang rayi ditya sakti anama Arya Danupaya, kinèn angrabasa nagari ing Ngastina, mangkat sarta kanthi punggawa ditya ingkang sami digdaya sura sêkti ing ayuda, nuntên Ditya Raja Nagapaya tumindak pribadi anglurug dhatêng suralaya praptanipun lajêng gêlar dumuk angun-angun nirbaya nir wikara, para dewa sami ngisis mêsat kabaratan, Arya Prabu Dewayana mangsah ing ayuda ginêtak dening Raja Nagapaya kombul lajêng dhawah kantaka, saksana Sang Hyang Naradha ambayangsawa, dinusan ing tirta marta, waluya gêsang sami sanalika mangsah malih ginêtak botên ebah, tinuju sagunging pamaribawa wantala, ing ngriku Raja Ditya Nagapaya lajêng masang kamayan pêtêng dhêdhêt angêndhanu, Arya Prabu Dewayana

--- 6 : 37 ---

anglêpasakên jêmparing Jamusdipa, pêpêtêng sirna Ditya Raja Nagapaya kacundhuk jajanira kumbul ing gêgana, kacariyos dhawah wontên pucaking Argabêlah, ya ta Arya Prabu Dewayana ing nalika punika, langkung sinungga-sungga tansah pinuja măntra dening para dewa, sarta pinaringan pêparab dhatêng Sang Hyang Girinata, anama Bathara Sudarma, nuntên pinaringan pusaka lisah tala, lajêng winulang salwiring aji prabawa, kawasa amêdalakên angin, latu sarta toya tanpa sangkan, sapanunggilanipun ingkang anama prabawa, kawulangakên sampun widagda sadaya, sarêng antawis dintên Sang Hyang Naradha angirit antukipun Arya Prabu Dewayana dhatêng Ngastina.

Kunêng sanalika, kawuwusa nagari ing Ngastina, mangkya para punggawa sawêg amêthukakên pangamuking ditya saking Kiskêndha, pintên-pintên antawising prang langkung rame gêntos kalindhih, sarêng Arya Danupaya angawaki pribadi, para punggawa ing Ngastina kathah sami kaprajayèng ing ayuda, ing nalika punika nuju praptanipun Arya Prabu Dewayana saking suralaya kairit Sang Hyang Naradha, sumêrêp manawi para punggawa ing Ngastina sami kasulayah dening pangamukipun manggalaning mêngsah ditya, Arya Prabu Dewayana lajêng [la...]

--- 6 : 38 ---

[...jêng] amatak aji prabawa, amêdalakên bayu bajra sindhungriwut aliwawar, Arya Danupaya saha wadya ditya sami kabuncang ing prahara sirna sadaya. Sang Hyang Naradha lajêng panggih kalihan Prabu Krêsna Dwipayana, amaringakên putra nata sarta andhawahakên panarima, Prabu Krêsna Dwipayana langkung panuhunira, ing ngriku wartos-winartosan salwiring lêlampahan sami suka sukuripun, Sang Hyang Naradha lajêng mêsat angambara.

Salêbêtipun ing warsa Rakcata, etanging taun surya sangkala 654, tinêngêran warna yagsa angoyag langit. Kaetang ing taun candrasangkala 674, tinêngêran karya swara obahing gêgana.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana karsa angadani grawalaksa, tgêsipun pirantosing lêlumpatan, kaundhangakên sagunging wadya gung alit sadaya, sintên ingkang lêpas lumpatipun kadadosakên punggawa, ing nalika punika sawarninipun ingkang kadhawahan sampun sami ngalêmpak sadaya, lajêng lumumpat gêntos-gêntos dèrèng wontên ingkang kalêbêt lêpas piyambak, amung tiyang satunggal ingkang anglangkungi lêpas lumpatipun ngantos [nganto...]

--- 6 : 39 ---

[...s] sagêd dumugi sajawining grawalaksa, dinangu matur awasta pun Saraja, dinangu ingkang mulang lêlumpatan, aturipun botên nate anggêguru, amung saking pawartosipun nalika pun biyung wawrat, idham-idhamanipun ulam kidang sangsam. Prabu Krêsna Dwipayana gumujêng suka, pun Saraja lajêng kadadosakên punggawa.

Amarêngi masa manggasri, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Rakcata, kacariyos nagari Mêndhangkamulan, mangkya Prabu Srisudhayu sawêg sungkawa, awit dening putranira kênya anama Dèwi Srini musna tanpa karana, ari nata Arya Sudhaka, kalihan Arya Sudha, sami dinuta angupadosi botên wontên ingkang antuk karya, Prabu Srisudhayu lajêng sowan dhatêng Ngastina, anuwun pitêdah icalipun putra kênya punika, wangsulanipun Prabu Krêsna Dwipayana, benjing kapanggih dening jodhonipun. Prabu Srisudhayu sawatawis ragi eca galihipun, lajêng pamit sampun kalilan.

Gantya kawuwusa nagari ing Gilingwêsi, putranipun Prabu Danaraja têtiga sami jalu: 1. Radèn Sudhana, 2. Radèn Saradha, 3. Radèn Sarana, ing mangkya sami cangkrama ambêbêdhag dhatêng wana, wadya ingkang umiring amung sawatawis [sawata...]

--- 6 : 40 ---

[...wis] sarêng dumuginipun ing antawis wanci, Radèn Sudhana kinuncang ing dewa, kapisah kalihan wadya, ing ngriku uninga kênya linêkêran dening naga, botên sarănta Radèn Sudhana amênthang jêmparing, dupi naga sumêrêp lajêng amuwus aris: He radèn putra, sampun ijêngandika angaru biru dhatêng kula, manawi kenging sêsêmbur kula wisa dados punapa, lêhêng radèn marêka mariki badhe prayogi ingkang tinêmahan. Radèn Sudhana duk amiyarsa sande lumêpas jêmparingipun, lajêng marêpêki ananging taksih sănggarunggi, mila jêmparingira taksih wontên ing asta kanan, ingkang kiwa anyêpêng gandhewa. Naga muwus anyariyosakên lêlampahanipun makatên: He radèn putra, mugi kapiyarsakna atur kula ingkang satuhu, mênggah kênya punika sajatosipun putri ing Mêndhangkamulan, anama Dèwi Srini, mila wontên ing ngriki tansah kula lêkêri mêkatên bêbukanipun, kala Dèwi Srini kababarakên saking ibu ari-arinipun linabuh ing banawi Pawitra, katêmahanipun dados taksaka inggih kula punika, lajêng anglampahi tapa brata wontên ing guwa Ragu ngantos agêng. Sarêng alami-lami antuk parmaning dewa katêdhakan Sang Hyang Girinata, amaringi sagunging

--- 6 : 41 ---

guna kasaktèn maneka warni, sasampunipun kula widagda sadaya, lajêng matur anuwun ruwat sagêda dadom[5] janma. Pangandikanipun Sang Hyang Girinata: Hèh Naga Srinaba paring ingsun jênêng maring sira, ora lawas sayêkti nuli ruwat ana ing Ngastina, kang dadi sarana bisa nirmala, sira andhusthaa kadangira kênya kang aran Dèwi Srini, iku pasthi dadi jatukramane putra ing Gilingwêsi kang aran Radèn Sudhana, manawa kadangira kênya wus ana kene, antara dina Radèn Sudhana têka ing ngarêpira, iku gawanên maring Ngastina, ora nganggo paturan apa-apa sayêkti katungka dutaningsun kang andhawuhake marang Prabu Krêsna Dwipayana, makatên pangandikanipun Sang Hyang Girinata. Kula lajêng andhustha kakang bok Dèwi Srini ngantos dumugi sapariki punika, manawi sampuna kula jatosi sayêkti ajrih kewala, sarèhning mangkya sampun kalampahan radèn putra dumugi ing ngriki, manawi kaparênga suwawi kula bêkta dhumatêng ing Ngastina manggèna wontên bukasri kalihan kakang bok Dèwi Srini pisan, sawêg kèndêl samantên wuwusira Sang Naga Srinaba, katungka praptanira Radèn Saradha, kalihan Radèn Sarana, saha wadya ingkang ngupadosi Radèn Sudhana, dupi uninga manawi wontên naga, dados [da...]

--- 6 : 42 ---

[...dos] sami darbe salah pandalih, radèn sakalihan badhe amarjaya pinambêngan dening Radèn Sudhana, lajêng winartosan salwiring rèh ingkang badhe linampahan, radèn sakalihan saha wadya samya ngungun sadaya. Nuntên tinuduh radèn sakalihan kinèn mantuk dhumatêng Gilingwêsi supados matur ingkang rama, prayogining lêlampahan punika manawi kaparênga ingkang rama sagêda sowan dhatêng Ngastina, radèn sakalihan matur sandika lajêng mangkat saha wadya, ing sanalika Radèn Sudhana kalihan Dèwi Srini sami kalêbêtakên ing bukasri dening Naga Srinaba, lajêng kabêkta dhatêng Ngastina mêdal ing gêgana, sarêng andungkap dumugi sajawining praja ing ngriku Sang Hyang Naradha tumêdhak angirit lêbêtipun Sang Naga Srinaba, kapanggih kalihan Prabu Krêsna Dwipayana wontên ing panangkilan. Ya ta sagunging wadya kang asewaka samya cingak angungun dènira uninga Sang Hyang Naradha tumêdhak angirit naga gêng kagiri-giri, ing sasampunipun sinambramèng pambagya dening Prabu Krêsna Dwipayana, Sang Hyang Naradha andhawahakên timbalanira Sang Hyang Girinata, manawi naga ingkang kairit punika anama Sang Srinaba kalêbêt yoganipun Prabu Srisudhayu ing Mêndhangkamulan, wit kamulaning ari-ari atêmahan [atê...]

--- 6 : 43 ---

[...mahan] warna naga salajêngipun dumugi kairit punika sampun kacariyosakên sadaya. Prabu Krêsna Dwipayana ananggapi ingkang dados dhawahipun Sang Hyang Naradha matur sandika, ananging dènira andhaupakên Dèwi Srini kalihan ngruwat naga mênawi sampun andhatêngakên ratu ing Gilingwêsi kalihan ratu ing Mêndhangkamulan, supados botên kuciwa dènira karya pamiwahan, Sang Hyang Naradha mangayubagya lajêng muksa. Sapêngkêripun Sang Hyang Naradha Naga Srinaba lajêng angêdalakên Radèn Sudhana kalihan Dèwi Srini saking bukasri, ing nalika punika Dèwi Srini kalêbêtakên ing pura, Radèn Sudhana kaparingakên dhatêng kapatihan, Naga Srinaba kaprênahakên panggenanipun wontên ing sanggar palanggatan. Sasampunipun makatên Prabu Krêsna Dwipayana anglampahakên utusan punggawa ingkang kinèn dhatêng ing Gilingwêsi kalihan dhatêng ing Mêndhangkamulan.

Amarêngi ing masa sitra, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Rakcata, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya kadhatêngan ratu ing Gilingwêsi kalihan ratu ing Mêndhangkamulan, lajêng winartosan dhatêng Prabu Krêsna Dwipayana ing lêlampahanipun Radèn Sudhana kalihan Dèwi

--- 6 : 44 ---

Srini, sarta dhatênging Naga Srinaba kairit dening Sang Hyang Naradha andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata. Prabu sakalihan parêng matur sami suka sukur, sasampunipun makatên ing antawis dintên Radèn Sudhana kadhaupakên akalihan Dèwi Srini, langkung agêng pamiwahaning pangantèn andhatêngakên sukaning para wadya punggawa sadaya, nuntên Naga Srinaba rinuwat dening Prabu Krêsna Dwipayana sampun nirmala waluya jatining janma, lajêng jinunjung dados punggawa ing Ngastina pinaringan nama Arya Srinaba. Sarêng ing antawis dintên pangantèn sakalihan linilan kabêkta mantuk dhatêng Mêndhangkamulan binawahan malih kadi duk wontên ing Ngastina, dupi ing kawan dasa dintênipun lajêng kabêkta dhatêng ing Gilingwêsi, winangun malih bawahanipun andhatêngakên suka.

Antawis ing dalêm kawan taun surya botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap gangsal taun surya cariyosipun kapratelakakên ing ngandhap punika:

Salêbêtipun warsa Sadharuna, etanging taun surya sangkala 659, tinêngêran trusthaning bayu angebahakên gêgana. Kaetang ing taun candrasangkala [candra...]

--- 6 : 45 ---

[...sangkala] 679, tinêngêran guwaning ardi oyag.

Amarêngi ing masa srawana, kacariyos ing nagari Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana karsa angadani papan panggenan ajar-ajar anjêmparing lêpas-lêpasan, miwah wontên ingkang mawi lesan, para putra santana kalihan sagunging punggawa myang para wadya sami kadhawahan mêdali dhatêng pangajaran sadaya.

Amarêngi masa asuji taksih tunggil warsa salêbêtipun taun Sadharuna, kacariyos Prabu Krêsna Dwipayana nuju miyos ing păncaniti siniwèng para wadya gung alit, ing ngriku wontên wadya alit marêk maring panangkilan sêmunipun kadi angêmu sungkawa, dinangu ing nama myang sêdyanira, aturipun wasta Êmpu Wrêsa ing Kaiman, sêdya anuwun pitêdah sutanipun jalu satunggal awasta Wrisika, punika tansah anglayung putih mêsum kados sêsakitên, kausadan punapa-punapa botên andadosakên waluya, saking sangêting sungkawa dados marêk ing ngabyantara nata kamipurun anuwun usada. Pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana: He Êmpu Wrêsa, wruhanira sutanta jalu Si Wrisika iku ora lara apa-apa, ananging amung darbe lara aras-arasên, [aras-a...]

--- 6 : 46 ---

[...rasên,] manawa kadaut ing wêkasane dadi sungkanan ing sabarang karya, dene kang dadi usadane iku mangkene, êtorên saka ing kaluwèn, lire iya cawisana pangane, ananging kasèpêna mangsane, sarta cawisan iku êdohêna saka ing panggonane, manawa sutanira iku wis kaworan angrasa luwe bangêt, sayêkti gêlêm anjukuk kang dadi cêcawisane, manawa wus rada lantèh gêlêm angambil barang kang dadi pangane dhewe, nuli cawisana mêntahan kewala, supaya rinatêngan dhewe, sarana mangkono iku bokmanawa dadi waluyaning aras-arasên, karana kalumrahaning wong aurip iku sayêkti padha kasandhangan tapa, manawa bangêt kaluwèn, adat gêlêm anglakoni kangelan. Sasampunipun angandika makatên Prabu Krêsna Dwipayana mundhut kancana pêpêlikan lajêng kaparingakên dhatêng Êmpu Wrêsa, sarywa ngandika malih êmas urean iki pêndhêmên amarênca aywa kongsi kawruhan dening sutanira, yèn wus antara dina sira mêmacula sêngadi arêp nandur kimpul, ing kono pêpêndhêmanira êmas salokaêna, wèhêna marang sutanira api-api têmon saka ing pamaculan, iku bokmanawa dadi kabungahaning sutanira ing wêkasan [wê...]

--- 6 : 47 ---

[...kasan] gêlêm ambubak bumi sarta anandur wiji, sabab kang kaèsthi anêmu pêpêndhêman kancana, têlas pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana. Êmpu Wrêsa nêmbah anampèni kancana lajêng kalilan mantuk, dumugi dhusun ing Kaiman, sampun kalampahan sapangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana sadaya, ing nalika punika kacariyos, pun Wrisika sampun mantun sungkanan, malah sarwa santika dhatêng saniskara, andadosakên suka sukurira Êmpu Wrêsa, botên antawis lami pun Wrisika kasaosakên dhatêng gèn pamagangan, ing antawis dintên kinulawisudha dados wadya panêkar.

Salêbêtipun ing warsa Rudraksa, etanging taun surya sangkala 660, tinêngêran tanpa karênga rêtuning wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 680, tinêngêran barakaning sarira winayangkari.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana karsa angadani pangajaran prang tandang wontên ing têgal pabaratan, sagunging para wadya punggawa sami dhinawuhan ajar-ajar sabên Tumpak, patrapipun kadi satataning prang kalihan mêngsah satuhu, sami ungkih-ingungkih dêdêr-dinêdêr idêr-idêran, lintu papan [papa...]

--- 6 : 48 ---

[...n] ananging botên wontên ingkang katiwasan.

Amarêngi masa sitra, sami tunggil warsa taksih salêbêting taun Rudraksa, kacariyos malih nagari ing Ngastina mangkya kadhatêngan ratu saking tanah Smarakandha, anama Prabu Danèswara, dhatêngipun kadi angêmu sungkawa, kawistara wadya ingkang andhèrèkakên amung sawatawis kewala, kapanggih kalihan Prabu Krêsna Dwipayana, wontên ing panggenan ajar-ajar prang tandang, sasampunipun sinambrama ing pambage tinakenan nama pinangkanira muwah parluning karsa, wangsulanipun: Kula punika ratu nangkoda ing Smarakandha, kang kasêbut nama Prabu Danèswara, kalêbêt darahing Ngayudya saking Prabu Barata, sowan kula mariki tanpa wadya punika saking anglampahi wasitaning dewa, wit milanipun makatên: Anggèn kula anglampahakên gêgramèn dhatêng tanah-tanah ing salaminipun tansah kauntungan kewala, amung salêbêting taun punika têka ragi rakaos têmên, samukawis ingkang dados pangupajiwa kula, gêgramèn tansah katunèn, ananêm botên kamêdalan, ingon-ingon sami kasangsaran, punika têka andadosakên sungkawaning manah kula, ngantos anglabêti dhatêng para wadya sapraja sami kasarakat sadaya, saking

--- 6 : 49 ---

sangêtipun ing kasêngkêlan kula lajêng anungku puja samadi anêgês karsaning kang kawasa, ing ngriku wontên parmaning dewa aparing wasita sawantahipun, kula kinèn dhatêng Ngastina aminta pitulungipun Prabu Krêsna Dwipayana, ing mangke sampun kalampahan kula sagêd kapanggih kalihan panjênêngan paduka, botên langkung amung anyumanggakakên jiwa raga kemawon, Prabu Krêsna Dwipayana mêmangsuli têmbung pangèsthawa, yayi prabu parikrama kula dhatêng ijêngandika, manawi kaparênga yayi prabu karsaa anguras rajabrana saisining pura sadaya, kadamêla dêdana dhatêng para sudra papa kalihan enggal-enggal mêmulea ing para dewa ing ngriku bokmanawi dados jalaranipun yayi prabu antuk pangaksamaning dewa. Ya ta Prabu Danèswara dupi amiyarsa ing pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana ingkang makatên punika, têka lêgêg èsmu kewran salêbêting galih badhe dipun turut bokmanawi amêwahi papa, upami botên angestokakên, bokmanawi anêmahi sapudhêndhaning dewa, dangu-dangu matur sêdya amituhu ing sapangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana, sarêng antawis dintên pamit mantuk kalilan lajêng mangkat, dumugi ing Smarakandha, sampun kalêksanan sadaya. Kacariyos [Kacariyo...]

--- 6 : 50 ---

[...s] botên antawis lami Prabu Danèswara antuk parmaning dewa, sakathahing gêdhong sarta para wêwadhah sami pulih isi rajabrana malih, sarwa pèni angungkuli ingkang sampun kadanakakên punika, Prabu Danèswara dahat suka sukurira, ing salajêngipun manawi angesahakên gêgramèn sarwa kauntungan, manawi ananêm sarwa kawêdalan, ingon-ingon sangsaya baranahan, ing wêkasan Prabu Danèswara dados anarima dhatêng Prabu Krêsna Dwipayana, mila lajêng parentah tata-tata badhe sowan dhatêng ing Ngastina malih.

Amarêngi masa palguna, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Rudraksa, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana nuju miyos sinewaka ing păncaniti, wontên wadya alit marêk ing panangkilan, sêmunipun kadi angêmu sungkawa, dinangu ing nama sêdyanira, aturira, awasta Buyut Pradipta ing paminggiran nagari kabawah dhatêng purohitan, sêdya anuwun pitulung, sutanipun èstri awasta pun Snêh punika dados jaliripun tiyang sakawan: 1. wasta pun Kaskaya, kalêbêt băngsa sudra ananging sugih rajabrana artadaya, 2. wasta Sang Marsana, priyantun panêkar ananging saklangkung awon warninipun, 3. wasta Kiyai [Ki...]

--- 6 : 51 ---

[...yai] Sarana tiyang sampun pikun, ananging tukang gunadhasthi, 4. wasta Jaka Sangka bagus anèm warninipun, ananging sangêt papa, punika sutamba pun Snêh wau sampun prasasat kados rare ewah, botên kantênan ingkang dipun antêpi dados lakinipun pisan, manawi ing salah satunggil dipun piliha inggih lajêng kawula dhaupakên, têlas aturipun Buyut Pradipta. Pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana: He Buyut Pradipta wruhanira wong papat iku dudu jodhone sutanira Si Snêh, karana olèh sêsikuning dewa gone padha angadèkake awake dhewe, sing sapa angadi-adi amêsthi bakal tanpa dadi, lwire: Si Kaskaya, iku sun arani wong adigang, dene angandêlake ing karosane, sumangkeyan, yèn sugih rajabrana. Si Marsana iku sun arani wong adigung, dene angandêlake ing kaluhurane, sumangkeyan yèn dadi priyayi. Si Sarana iku sun arani wong adiguna, dene angandêlake ing kapintêrane, sumangkeyan yèn sugih guna japa măntra. Si Jaka Sangka iku sun arani wong adiwarna, dene angandêlake ing rupane, sumangkeyan yèn bagus anom, basa sajatine sutanira Si Snêh iku saka karsaning [...]

--- 6 : 52 ---

[...saning] kang kawasa bakal jinodhokake lawan asu ajag, antèkêna ing saantara dina mèh têka, sawêg kèndêl samantên pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana, ing ngriku wontên sagawon ajag dhatêng panangkilan lajêng andhêkêm, Prabu Krêsna Dwipayana angandika malih, he Buyut Pradipta, lah iku jodhone Si Snêh wis prapta andhêkêm anèng ing ngarsaningsun. Buyut Pradipta uninga lajêng anjrit karuna sêsambat amlasarsa: Dhuh gusti manawi kaparênga sutamba pun Snêh sampun ngantos kajodhokakên kalihan sagawon ajag, sumêlanging manah bokmanawi kawula badhe darbe putu kirik, lêhêng kaparingna dhatêng tiyang cacad kemawon saèstu anyumanggakakên, awit dening kawula badhe darbe putu rare satuhu kenging dipun mong kalihan ura-ura. Prabu Krêsna Dwipayana gumujêng suka, Patih Jaya Yatna saha wadya punggawa sami ambiyantoni gumujêng sadaya. Pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana: He Buyut Pradipta aywa dadi susahing atinira, sajatine asu ajag iku satriya putrane ratu gêdhe, ing mêngko ingsun ruwate supaya bisa anyaritakake lêlakoning nguni. Nuntên Prabu Krêsna Dwipayana angruwat srênggala

--- 6 : 53 ---

ajag sampun waluya nirmala jatining janma lajêng wotsari angaras pada, aturipun sarywa rawat waspa, dhuh pukulun, punapa ingkang kawula saosakên dados wangsulan, anjawi amung ananggakakên jiwa raga. Prabu Krêsna Dwipayana angandika manis manuhara: Lah ta anggèr aran wus rahayu kang dadi wêwalêsira kajaba mung anarima, mangkya ingsun jatènana kewala kang sinambat ing nama sata[6] pinangkaning praja, aturipun ingkang dinangu makatên, dhuh pukulun, kawula kamipurun matur sajarwa, ing sajatosipun kawula punika kalêbêt băngsa satriya, manawi wontên ingkang sotah amastani dhatêng kawula pun Arya Leka, putranipun Prabu Laksmana ing Pinggala, wit milanipun anêmahi papa citraka punika makatên, karsanipun rama nata kawula dipun lêbêtakên dhatêng purohita ing Maharsindra, supados winulanga salwiring guna kasantikan dhatêng Bagawan Wrahaspati, sampun kalampahan kawula sarwa widagda ing saniskara, sarêng kawula badhe mantuk dumadakan têka katuwuhan manah èpèh, pangèsthi kawula sampun ngantos wontên ingkang animbangi widagdaning kasantikan, dados Bagawan Wrahaspati kawula cidra muksa sarwi angêsotakên, ing katêmahanipun kawula warni

--- 6 : 54 ---

cagawon[7] ajag punika, kawula lajêng akên mantuk dhatêng Pinggala ananging tanpa kardi, liripun tansah kaoyak-oyak dening janma, mila kawula lajêng kesah dhatêng wanapringga tansah anênuwun pangaksamaning dewa, ing alami-lami antuk wasita salêbêting supêna, manawi ratu ing Ngastina asring karsa angruwat papa citraka, punika adrênging manah kawula kêdah sowan dhatêng Ngastina, sagêdipun kalampahan saking anêmah dados ulangan cumbon, manawi wontên ingkang amilala botên lana, amung awit saking anggèn kawula daya-daya dumugia ing Ngastina, parmaning dewa anumpal kèli kemawon têka sagêd sowan ing ngabyantara paduka ngantos kalampahan ruwat dados janma malih punika, saèstunipun sakalangkung sangêt ing panuwun kawula, têlas aturipun Arya Leka, Prabu Krêsna Dwipayana angandika: Ing mêngko sira apa arêp mulih maring Pinggala, Radèn Arya Leka matur, manawi kawarênging[8] karsa nuwun kadasihêna pisan, anggêripun rama Prabu Laksmana kaparingan uninga. Prabu Krêsna Dwipayana mangayubagya lajêng anantun dhatêng Radèn Arya Leka, yèn mangkana karêpira anggèr prayogane palakramaa dhingin, waminggiran[9] praja ing kene ana kamituwa

--- 6 : 55 ---

aran Buyut Pradipta, darbe suta wadon aran Si Snêh iku wus pinasthi karsaning kang kawasa manawa dadi jodhonira, ing besuk sêsuta jalu kalokèng jana priya wirotama. Radèn Arya Leka aturipun sumăngga ing karsa drêmi anglampahi. Ing nalika punika Buyut Pradipta kadhawahan angaturakên sutanira dhatêng kapatihan, Patih Jaya Yatna kadhawahan amiwaha dhauping pangantèn sakalihan, aturipun sami sandika. Enggaling cariyos kala samantên Radèn Arya Leka sampun kadhaupakên akalihan Rara Snêh, binayangkarya ing pamiwahanipun andhatêngakên suka, sarêng antawis dintên Radèn Arya Leka tinimbalan marêk ing ngabyantara nata, dhinawahan pramrayogining[10] lampah, makatên pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana lah ta anggèr, sapira prayoganing kongkonan yêkti utama sira dhewe kang lumakua angaturi uninga maring ramanira, supaya bisa amratelakake salwiring lêlakonira kabèh, aturipun Radèn Arya Leka inggih sandika lajêng kalilan tata-tata, sasampunipun sarwa samapta mangkat saha garwa mawi kinanthenan punggawa arya sakatha sapanêkarira.

--- 6 : 56 ---

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Rudraksa, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana kadhatêngan Prabu Danèswara ing Smarakandha, angaturakên pisungsung sagung dêdamêling prang warna-warna sami yasan tanah ing lèr sadaya, tăndha dados panuhunipun dènira anglampahi pitêdah ing wêkasan antuk parmaning dewa, Prabu Danèswara lajêng anyariyosakên salwiring rèh ingkang kalampahan saking wiwitan dumugi ing wêkasanipun pisan, Prabu Krêsna Dwipayana duk amiyarsa langkung suka sarta anarima tampining pisungsung punika.

Taksih salêbêting masa srawana, kacariyos Prabu Laksmana, ing Pinggala sowan dhatêng Ngastina, sarta Radèn Arya Leka umiring pisan, sasampunipun sinambrama ing pambage dhatêng Prabu Krêsna Dwipayana, Prabu Laksmana angaturakên pisungsung titihaning prang warna-warna, wontên dipăngga, turăngga, rata sami prayogi sadaya, tăndha dados panuwunipun dènira ruwat Radên Arya Leka saking kacitrakan punika, Prabu Krêsna Dwipayana anampèni langkung suka rêna anarima. Sarêng ing antawis dintên Prabu Danèswara akalihan Prabu Laksmana sami

--- 6 : 57 ---

anuwun pitêdah kasampurnaning agêsang sampun winêjang kalih pisan, dumugining masa padrawana ratu sakalihan sami pamit kondur dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak, sampun ingayubagya lajêng mangkat.

Salêbêtipun ing warsa Sambrama, etanging taun surya sangkala 661, tinêngêran ratu angrasani rêtuning siluman. Kaetang ing taun candrasangkala 681, tinêngêran tunggal pangèsthi rasaning barakan.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana, kadhatêngan ratu ing Sriwadari, anama Prabu Dasabau, putraning Prabu Partayatnya, sasampunipun sinambrama ing pambagya Prabu Krêsna Dwipayana andangu parluning karsa, aturipun Prabu Dasabau, pukulun jêng kaka prabu ingkang dados kêkasihing dewa, kauningana ing samuksanipun yayah paduka kangjêng rama Prabu Partayatnya kula ingkang anggêntosi dados ratu ing Sriwadari sampun angsal tigang taun punika têka tansah anandhang sungkawa kemawon, awit saking nagari kula kaparag ing pagêblug agêng, madal salwiring têtumbal, kula tansah anungku puja samadi anêgês karsaning kang kawasa, [kawa...]

--- 6 : 58 ---

[...sa,] ing wasana angsal wangsiting dewa makatên, hèh Prabu Dasabau, age katêmua lan kadangira misan, Prabu Krêsna Dwipayana ing Ngastina, amintaa pulunira Si Pandhu gawanên maring Sriwadari, iku kang bisa ambengkas pangupayaning drubiksa, ing wêkasan sirêp pagring ing prajanira, punika jêng kaka prabu, manawi kaparênga pun kulup Arya Dewayana, kula suwun dhatêng ing Sriwadari, supados anyirêpa kamayaning lêlêmbat, ingkang adamêl panyakit punika, pangandikanipun Prabu Krêsna Dwipayana sarwi angêmu sungkawa kawistara ing nitya, lah ta kayaparan yayi prabu ênggon ingsun bisa anglêgani ing pamintanira, sarèhning pulunanira maksih rare, durung pantês anyirêpa kamayan, Prabu Dasabau gumujêng sarywa matur aris: Dhuh kakang prabu rare pundi kililan kala kabêkta dhatêng suralaya, wawratipun rare sawêg ngumur pitung warsa sagêd anyirnakakên ditya raja ing Kiskêndha. Wangsulanipun Prabu Krêsna Dwipayana, lah têka mindho gawe sira iku yayi prabu, ing nalika samana sayêkti saka kawasaning dewa, aja sing manusa kang tinitah luwih manèh, nadyan lêmut manawa kinawasakake sayêkti bisa ambengkas sêsukêring suralaya, wangsulanipun Prabu

--- 6 : 59 ---

Dasabau, kula punika inggih karsaning dewa, ênggènipun badhe mêwahi kawasa dhatêng pun kulup, tandhanipun dening kawasitakakên dhatêng kula, punapa ta botên prayogi kalampahana wasitaning dewa punika, sumăngga karaosakên ing galih kang asakeca, sawêg kèndêl samantên anggènipun sami diya-diniya narendra sakalihan, katungka tumêdhakipun Sang Hyang Naradha, andhawahakên dhatêng Prabu Krêsna Dwipayana, manawi Radèn Arya Dewayana, kinèn ambêktakakên ing Prabu Dasabau, Patih Smarasanta ingkang kapitados umiringa, awit badhe prayogi ing kadadosanipun, Prabu Krêsna Dwipayana wotsari anyumanggakakên, Sang Hyang Naradha mêsat angambara, sarêng ing antawis dintên Prabu Krêsna Dwipayana parentah tata-tata, sasampunipun sarwa samapta ing sapalakartining sarana têtumbal paliyasan sadaya, Prabu Dasabau kalilan mangkat, Radèn Arya Prabu Dewayana kabêktakakên kinanthenan Patih Smarasanta sapunggawa panêkaripun, enggaling cariyos dumugi ing Sriwadari, sami kagawokan dènira uninga sunyaning praja, amargi sapêngkêripun Prabu Dasabau têtiyang salêbêting nagari, tansah kasangsaran dening panyakit, têmahan [tê...]

--- 6 : 60 ---

[...mahan] akathah ingkang sami kesah rêbat pangungsèn sowang-sowangan, ing nalika punika Prabu Dasabau akalihan sri narpatmaja saha wadya sami anjujug dhatêng salêbêting pura sadaya, langkung sinuba-suba ing sakawontênanipun, sarêng antawis sampun rêrêm, Prabu Dasabau apirêmbagan dènira masang, sakathahing sarana miwah para têtumbal paliyasan punika, Patih Smarasanta amrayogèkakên kapasang ing pasetran utawi wontên ing panggenan kajêng aèng, sapanunggilanipun ingkang sami angkêr-angkêr sadaya, dupi wanci dalu sampun kalêksanan patraping pamasangipun sowang-sowang, kala samantên kapiyarsa sabawaning para lêlêmbat brakasaktan[11] ingkang sami anandukakên panyakit, lah ing mangko ana tanggul maruta ingkang ananggulangi prayoga angaturi uninga maring gusti, lah iya payo lah iya payo, lajêng sidhêm pramanêm datan wontên ingkang kapiyarsa malih, rêmbagipun Prabu Dasabau amrayogèkakên lajêng tindak midêr-midêr ing sadalu punika, Patih Smarasanta akalihan sri narendra putra dahat mangayubagya, sampun sami lumaksana, sarêng saantawis ragi têbih ing ngriku kawibawan prabawaning cahya tumejangkara lajêng kawuryan wontên pura kancana sawar[12] araras, [a...]

--- 6 : 61 ---

[...raras,] sarta katingal para wadya jalu èstri ingkang pêjah pagêblug sami wontên arah-arahaning pura kancana punika, ananging pundi ingkang pinarêpêkan sami angesahi sarywa muwus makatên: Lah tobat têka panas têmên badanku, Prabu Dasabau anguwuh-uwuh akèn wangsula, botên wontên ingkang nauri, amung wontên pawèstri satunggil pinarêpêkan botên angesahi, Prabu Dasabau angandika manis manuhara, lah dene iki Si Hyasi katêmu ana ing kene, kayaparan lire sira wus mati têka bisa katêmu lawan ingsun, pun Hyasi matur: Pjêh kadospundi ta gusti, kawula punika saèstunipun taksih gêsang, andhèrèk ing rayi paduka jêng pramèswari, Dèwi Panitra, Prabu Dasabau gumujêng sarywa muwus: Lah saya anglêngkara sira Hyasi, yayi Dèwi Panitra wus lawas pamuksane têka sira ngaku suwita, aturipun pun Hyasi: Dhuh pukulun, manawi kawula matur doracara, ila-ila punapa ingkang kawula têmaha, papa citraka punapa ingkang kawula panggih, ing saèstunipun rayi paduka Dèwi Panitra taksih waluya gêsang, malah jumênêng ratu èstri wontên ing ngriki, sampun adamêl patih jalêr anama Praswa, ananging punggawanipun dèrèng patos kathah,

--- 6 : 62 ---

mila ing mangke dhawah anirup sêsaradan, dhusun agêng kilèn punika wontên ingkang dados pangiriding angêngarad, awasta Sang Grisma, akathah tiyang jalêr èstri ingkang sampun kenging, kaarad lajêng katur ing ngarsa nata, sami kapatah ing pandamêlanipun sowang-sowang, têlas aturipun pun Hyasi. Prabu Dasabau anggarjita ing galih, lajêng angandika: Upama ingsun marêka marang ratunira apa bisa katêmu, pun Hyasi sagah angaturi uninga rumiyin lajêng kesah, ya ta sapêngkêripun pun Hyasi, botên dangu katingal wontên baris saking wetan, kilèn, kidul, lèr, samya parêng anarajang sura tan taha, Prabu Dasabau kalihan sri narpatmaja miwah Patih Smarasanta saha wadya punggawa samya panggah ananggulangi nirbaya nir wikara, paguting prang langkung rame gêntos kalindhih, sarêng dumugining antawis tanpa wêkasan, ing ngriku sri narendra putra kèndêl matak mantra wikrama amursita aji prabawa saking para dewa, amunah kasuraning mêngsah parêng kasulayah, lajêng samya mirut amiruda sar-saran asowang-sowang, amung wontên ingkang anungkul kêkalih, dinangu matur, ingkang satunggal wasta Patih Praswa, satunggilipun matur awasta Sang Grisma, dinangu malih ing karananira samya angamuk punggung [pung...]

--- 6 : 63 ---

[...gung] tanpa parikrama, dèrèng ngantos matur katungka byar raintên lajêng kawuryan prabawaning surya, ing nalika punika pura kancana sapanunggilanipun sami sirna, amung katingal astana risak pating balengkrah sadaya, ingkang anungkul têmah sami dados waraha kalih pisan, botên antawis dangu wontên tiyang kaki-kaki prapta tanpa sangkan, matur anuwun gêsangipun waraha kêkalih punika, mawi angaturi ingkang sumêrêp dados panêbusipun: 1. awarni kanthong, 2. awarni cublak, 3. awarni curidha purgana, dinangu karananira makatên, aturipun, kawula dhanghyang ingkang smarasiti ing ngiki, awasta pun Sangki, sajatosipun waraha kêkalih punika anak kawula, mila kula suwunakên pangaksama, dene amung drêmi nglampahi dhawahing Gusti Dèwi Panitra ingkang jumênêng ratu èstri wontên ing ngriki, kinèn angarad-arad sakathahing tiyang jalu èstri, badhe kapatah ing damêlipun sowang-sowang, ing mangke sarèhning sampun kabadharan andadosakên kapêsanipun anak kawula kalih pisan punika, botên langkung kawula amung anênuwun ing sih kawêlasan, mênggah anggèn kawula angaturakên ingkang sumêrêp dados panêbus tigang warni punika saèstu wontên pikantukipun: [pikantu...]

--- 6 : 64 ---

[...kipun:] 1. ingkang awarni kanthong punika pakantukipun sagêd anêmbadani sarwa sêdya andumugèni salwiring karsa, upami kagungan sêdya angarsakakên punapa-punapa, angrogoha kanthong punika kemawon, saèstu kadhatêngan, 2. ingkang awarni cublak punika isi lisah pranawa, pakantukipun manawi kasipatakên ing netra sakalihan dados sumêrêp dhatêng ingkang ghaib-ghaib, 3. Ingkang awarni curidha purgana, punika pakantukipun manawi wontên pagring agêng, kinaluku ing toya tuli lajêng kaombèkakên dhatêng tiyang ingkang kenging panyakit, niscaya waluya sagêd gêsang, anjawi saking punika wêwêling kawula manawi wontên ambah-ambahan pagêblug, dipun tabêri wungu ing dalu wontên panggenan kang asêpên, amaspadakna sangkaning mrêtyu jiwa ingkang cumalorot kados dilah, punika pinêthuka ing panambrama salêbêting batos sarwi angêningakên cipta angèndêlakên saniskara, makatên panambramanipun: hong samayu masu ngayuri hya ngayu, kaping tiga, punika mrêtyu jiwa asring sirêp botên saèstu ambabarakên prabawa sêsakit, têlas aturira Kaki Sangki, Prabu Dasabau kalihan sri narpatmaja sami dahat pangungunipun, lajêng [la...]

--- 6 : 65 ---

[...jêng] amaringakên waraha sakalihan sarywa ngandika manawi sampun sami kaapuntên, Kaki Sangki wotsari lajêng muksa dalah waraha akalih pisan, Prabu Dasabau kalihan sri narpatmaja sami kondur angadhaton, kala samantên kacariyos pagring agêng ing Sriwadari sampun sirêp andadosakên suka sukuripun wadya sanagari, ing nalika punika Prabu Dasabau kagungan panggraita badhe anuwun pitêdah kasampurnaning sangkan paran dhatêng ingkang raka Prabu Krêsna Dwipayana, awit dènira angraosakên ingkang garwa Dèwi Panitra, sedanipun têka kalêbêt ing panasaran, enggaling cariyos mangkya Prabu Dasabau tata-tata badhe umiring antukipun ingkang putra sri narpatmaja dhatêng Ngastina, dèrèng ngantos mangkat katungka praptanipun Prabu Palguna ing Singgêla, angaturi uninga dhatêng ingkang raka Prabu Dasabau, manawi nagari ing Singgêla mangkya kagegeran dening sato wana sami angambah salêbêting praja parêng angrêrisak pemahan, salong wontên ingkang amêmăngsa janma miwah rajakaya, punika manawi kaparênga anuwun pitulung mugi-mugi karsaa amaringi sarana ingkang anyirnakakên sato wana, ya ta Prabu Dasabau duk amiyarsa dahat pangungunipun lajêng ngandika [ngandi...]

--- 6 : 66 ---

[...ka] dhatêng ingkang putra Radèn Arya Prabu Dewayana: Dhuh kulup, utamaning aurip iku kang bisa karya kauripan, lire ramanira yayi Prabu Palguna iki kapang-kapang aminta jiwa luwih utama lamun kasêmbadan, sarèhning padha wong atuwanira datan pae lawan ingsun, iku sayêkti iya dadi kawajibanira uga, karana iku kadang ingsun nak-sanak, iya misane ramanira nata, anjabane saka mangkana dhèk eyangira rama Prabu Partayadnyana durung jumênêng nata ing Gujulaha, samana wus kêrêp umiring marang ingkang rama Prabu Partayadnya ing Sriwadari sowan marang Ngastina, dahat kinasihan dening eyangira Prabu Partayadnya lawan Prabu Partayadnyana padha dèn ambil putra karo pisan, marmane manawa kaparênga ing karsa, prayoga padha têdhak maring Singgêla, anyatakake kang dadi sikaraning sato khewan iku jalaran saka ing apa. Têlas pangandikanipun Prabu Dasabau, Patih Smarasanta tumut mangayubagya, mila sri narpatmaja kasêmbadan salêbêting galih, ing antawis dintên sami mangkat saha wadya, botên kacariyos lampahipun wontên ing margi, sarêng dumugi ing Singgêla nuju sato wana sami mêdal saking kitha kados wontên ingkang kaupadosan, ing ngriku

--- 6 : 67 ---

kapêthukakên para wadya, ananging botên wontên ingkang sagêd nanggulangi, pamuking sato wana aka gila-gila, mila sri narendra putra lajêng amatak aji prabawa tumanduk dhatêng sato wana sami pêjah katêmahan dados bangkening janma sadaya, ing nalika punika wontên kunarpa satunggal kalimputan dening cahya, sarêng sami pinarêpêkan katingal ingkang mawa cahya wau kunarpanipun Bagawan Amisana, inggih punika marasêpuhipun Prabu Palguna, mila andadosakên pangungun sarta dahat sungkawanira Prabu Palguna, rumaos kalingsêman dening ingkang rama marasêpuh têka botên sagêd muksa, Prabu Dasabau sumêrêp saking pasang pasêmonipun Prabu Palguna manawi angêmu sungkawa, mila lajêng kaimur ing wuwus manis manuhara, yayi prabu anahêna sungkawa ambirata kalingsêman, ora kuciwa sedaning rama maratuwanira, amung kurang awas emut ing sawatara, karana wus kasusra manawa têdhaking Prabu Wibisana, iku yêkti kadunungan upadesa, ora kasamaran marang kamulyaning sangkan paran, ewadene mungguh kasampurnane kajaba binorongake ing Kyai Patih Smarasanta kewala, iku wong kawak bokmanawa katarima ing pasidhikarane, Prabu Palguna kasêmbadan ing galih lajêng amasrahakên [amasrah...]

--- 6 : 68 ---

[...akên] dhatêng Patih Smarasanta, ing ngriku tinanggapan dening atur sumendhe, inggih pintên banggi kemawon, nuntên Patih Smarasanta kèndêl ing saantawis lajêng anyipta pangukudaning saniskara, botên dangu layonipun bagawan amisana muksa, Prabu Palguna dahat suka rêna anarima, sasampunipun makatên, Patih Smarasanta matur dhatêng sri narpatmaja, amrayogèkakên sakathahing wangke punika sami kasampurnakêna sadaya, mila sri narendra putra lajêng matak aji prabawa mijil dahana angalad-alad, para kuwănda sami kabasmaran dados awu sowang-sowangan, salêbêting awu kawistara wontên rêrupan maneka warna, ingkang kathah warni musthika, salong wontên ingkang awarni kancana, sawênèh wontên ingkang awarni waja, utawi tosan. Sarêng kinalêmpakakên dhatêng ngayunan, ing ngriku wontên wêwayangan pêthak katingal angigêl sarywa muwus makatên, kula punika ratu kumara ingkang ambaurêksa sagung kadadosanipun hawaning atma, kalilana awêwarah ingkang badhe prayogi katêmahanipun. Sampun winangsulan sami mangayubagya, wêwayangan kèndêl pangigêlipun lajêng matur, kawuningana mênggah hawaning atma ingkang awarni musthika punika pakantukipun dados pangidhêpan [pa...]

--- 6 : 69 ---

[...ngidhêpan] dhatêng băngsa janma sato sapanunggilanipun, singa ingkang kanggenan ing têmahan kaidhêp dhatêng sagunging tumitah, mênggah hawaning atma ingkang awarni kancana punika, pakantukipun dados pangirupan dhatêng sadhana, singa ingkang kanggenan ing têmahan tansah kinalulutan dhatêng sagunging rajabrana, mênggah ingkang awarni waja tosan punika pakantukipun dados pangimpunan dhatêng warastra, singa ingkang kanggenan ing têmahan asring kadunungan dêdamêl sae, dene sadaya wau pantês kadarbea dhatêng radèn putra ing Ngastina, sabab punika minăngka pituwasipun dènira anyampurnakakên sagunging para kunarpa, têlas aturipun Sang Ratu Kumara lajêng muksa. Nuntên Prabu Palguna angulungakên sagunging para musthika sapanunggilanipun sampun katampèn dhatêng sri narendra putra, kinèn angrumati ing Patih Smarasanta, sasampunipun makatên lajêng sami kaacaran dhatêng salêbêting pura, langkung sinuba-suba ing pamboga andrawina dados suka pirênaning para dhatêngan sadaya. Ya ta sri narpatmaja dahat kacaryan dènira aningali ing pasang rakiting pura, uparêngganipun sarwendah sasat raras srining Endrabawana, Prabu Palguna sumêrêp dhatêng pasang sêmunipun radèn putra manawi tansah kacaryan, [kacar...]

--- 6 : 70 ---

[...yan,] mila lajêng angandika: Anggèr siwayèng Ngastina, uparêngganing pura ing Singgêla iki, maksih kasêbut kuciwa, manawi tinimbang uparêngganing pura ing Ngalêngka sayêkti boya amadhani, bêbasan untap-untapan kewala pirabara, karana ing Singgêla iki kadhatone eyang para Prabu Wibisana, ing Ngalêngka kadhatone eyang para Prabu Rawana, kang ayasa ing kuna para dewa. Sarêng sri narpaputra kacariyosan makatên, sakalangkung adrênging karsa kêdah badhe sumêrêpa. Ing antawis dintên kabêkta minggah dhatêng Ngalêngkapura, sakathahing têtingalan andadosakên kacaryan sadaya, sarêng dènira mubêng-mubêng dumugi ing patamanan, sakathahing têtuwuhan sangsaya karya kayungyun, pangandikanipun Prabu Palguna: Anggèr sajroning taman iki kang arupa gêgodhongan utawa kêkêmbangan miwah wowohan sapanunggalane padha wiji saka ing swarga kabèh. Prabu Palguna lajêng angambil sakathahing wiji badhe kabêktakakên dhatêng Ngastina, sasampunipun dumugi dènira anêningali lajêng sami tumêdhak dhatêng Singgêla malih, ing antawis dintên kondur dhatêng Sriwadari sarta Prabu Palguna umiring pisan.

Amarêngi masa manggakala, taksih tunggil warsa sami salêbêting [salê...]

--- 6 : 71 ---

[...bêting] taun Sambrama, kacariyos malih nagari ing Sriwadari, mangkya Prabu Dasabau bidhal umiring konduripun sri narpatmaja dhatêng Ngastina, akalihan Prabu Palguna ing Singgêla umiring pisan, botên kacariyos lampahira wontên ing margi, dumuginipun ing Ngastina laju marêg dhatêng Prabu Krêsna Dwipayana, sasampunipun sinambrama ing pambagya, Prabu Dasabau matur anyariyosakên salwiring lêlampahan sadaya, andadosakên ing suka sukuripun Prabu Krêsna Dwipayana. Sarêng ing antawis dintên Prabu Dasabau akalihan Prabu Palguna sami nuwun pamit kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang sampun kalilan lajêng mangkat.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Sambrama, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana kadhatêngan Prabu Dasabau kalihan Prabu Palguna, sasampunipun sinambrama ing pambagya, dinangu parluning karsa, sakalihan matur manawi badhe nuwun pitêdah kasampurnaning agêsang, Prabu Krêsna Dwipayana anêmbadani, dumugining dintên ingkang pinilih prayogi, prabu sakalihan winêjang sampun sami anampèni, sarêng antawis dintên anuwun pamit kondur sampun sami kalilan [ka...]

--- 6 : 72 ---

[...lilan] sarta pinaringan pangèstu sagêda anêtêpi ing salampahipun sadaya.

Antawis ing dalêm kawan taun surya botên wontên ingkang kacariyosakên, sarêng andungkap angsal gangsal taun surya cariyosipun kapratelakakên ing ngandhap punika:

Salêbêtipun ing warsa Dundumi, etanging taun surya sangkala 666, tinêngêran ebahing anggang[13] karêngèng wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 686, tinêngêran kilating naga kumêlap ing gêgana.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Krêsna Dwipayana karsa angadani pangajaran prang catur, nuntên ing antawis dintên para putra sami kadhawahan prang catur, ing nalika punika Radèn Arya Prabu Drêtarasthra kandhah dening Radèn Arya Prabu Dewayana, Radèn Arya Prabu Dewayana kandhah dening Radèn Arya Prabu Widura, ing wêkasan Radèn Arya Prabu Widura, katitih saking patitisipun Radèn Arya Prabu Dewayana, Prabu Krêsna Dwipayana langkung suka sukur.

Amarêngi masa pusa, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Dundumi, gêntos kacariyos nagari ing Gandara, mangkya [mang...]

--- 6 : 73 ---

[...kya] Prabu Kesrawa ambagawan, kagêntosan ingkang putra, anama Prabu Angandara, Bagawan Kesrawa lajêng amangun tapa dhatêng wukir Candramuka.

Amarêngi masa manggasri, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Dundumi, gêntos kacariyos nagari ing Madraka, mangkya Prabu Madrapati sawêg anandhang sungkawa, awit dening kang putra Radèn Narasoma wisata tanpa paliwara, patih dinuta angupadosi sarta para punggawa mantri sami sinêbar andum paran sowang-sowangan.

Kawuwusa sarênganing lêlampahan, ing Argabêlan wontên raja pandhita ditya, anama Rêsi Bagaspati, langkung gêntur kasutapanipun sangkaning taruna, ngantos antuk parmaning dewa, pinaringan garwa widadari, anama Dèwi Pudyastuti, pêputra èstri satunggal awarni manusa langkung ayu endah, anama Dèwi Pujawati, ing mangke sampun diwasa supêna wastra lungiyan kalihan jêjaka bagus warnanira anama Radèn Narasoma, kawarti raja putra ing Madraka, sarêng wungu Dèwi Pujawati anggubêl dhatêng ingkang rama Rêsi Bagaspati, kinèn angupadosi ingkang kasupêna, wangsulanira Rêsi Bagaspati tansah anyanggi krama angecani manah kemawon, ing ngriku Dèwi Pujawati pamit badhe

--- 6 : 74 ---

angupadosi pribadi, Rêsi Bagaspati gita ing manah lajêng mêsat angambara.

Kawuwusa Radèn Narasoma wontên samadyaning wana tansah anungku puja samadi, anuwun parmaning dewa sagêda darbe kasaktèn ingkang anglangkungi sasaminipun. Ya ta lampahira Rêsi Bagaspati wontên ing gêgana sumêrêp manawi wontên satriya amêmuja, Rêsi Bagaspati tumêdhak amanggihi, Radèn Narasoma luwar dènira mêmuja lajêng têtakèn tanpa krama: Hèh buta tuwa sapa aranira, lan ing ngêndi sangkanira, paraning sêdya arêp apa. Rêsi Bagaspati gumujêng sarya mangsuli manis manuhara: Dhuh anggèr raja satriya bagus anèm, sampun sampeyan kagungan galih jagaruna, sanadyan kula punika warni ditya, dede băngsa raksasa ingkang dados gêlah-gêlahing jagad, saèstunipun taksih kasêbut raja pandhita wasta Rêsi Bagaspati, turasipun Sang Hyang Wrahaspati ing kina, anggèn kula anglampahi têtapa wontên ing Argabêlah antuk parmaning dewa, kula kaparingan semah widadari, putraning Sang Hyang Darmastuti sarta kaparingan guna kasantikan warni-warni, sarêng semah kula widadari darbe suta satunggal èstri warni manusa ayu endah, kula namani Dèwi Pujawati, [Pu...]

--- 6 : 75 ---

[...jawati,] punika semah kula widadari wau muksa, kula kantun anggana momong suta èstri ngantos dumugining diwasa, mangkya supêna wastra lungiyan kalihan putra ing Madraka, kang anama Radèn Narasoma, saking kajêngipun anak kula èstri sagêda kapanggih dados jatukrama pisan. Mila kula dipun kèngkèn angupadosi kang kasupêna punika, wangsul ing bêbasanipun kula kamipurun napak tilas anurun sungging, mugi kaparênga gêntos matur pitakèn, bokmanawi panjênêngan sampeyan sumêrêp ingkang anama Radèn Narasoma, kula nuwun mêmalar sih mugi kapitêdahna ancêr-ancêripun kemawon, sawêg kèndêl samantên aturipun Rêsi Bagaspati, Radèn Narasoma kalintu ing sasêrêpan, Rêsi Bagaspati dinalih anjêjadha badhe angapus krama, mila Radèn Narasoma madêg suraning driya, ngandika anguman-uman sata[14] sajarwa ing nama, Rêsi Bagaspati langkung suka, lajêng anantun manawi kaparêng badhe kabêkta dhatêng padhepokanipun ing Argabêlah, Radèn Narasoma saya bramatya têmah dados prang kalihan Rêsi Bagaspati, ananging Radèn Narasoma tansah karepotan dening kataman ing gêlar guna pangaskrêti, mila lajêng kenging kabêkta [ka...]

--- 6 : 76 ---

[...bêkta] angambara, dumugi ing Argabêlah sampun kadhaupakên akalihan Dèwi Pujawati, langkung sih-sinihan dènira apalakrama, Radèn Narasoma lajêng winêjang salwiring guna kasantikan miwah aji jaya kawijaya sadaya sampun widagda, ing nalika punika Radèn Narasoma kagungan panggalih èpèhan, sarta rumaos lingsêm dènira darbe marasêpuh awarni ditya, mila tansah angêmu sungkawa kawistara ing nitya. Dèwi Pujawati matur ingkang dados darunanipun, punapa kaduwung darbe pawongan tiyang bidak padarakan sarta sutaning ditya kuthip. Wangsulanipun Radèn Narasoma: Dhuh yayi dèwi, aywa kaduk ati abela tămpa, yêkti sèwu nugraha ingsun amêngku ing sira, upama angulatana sèwu nagara dèn kongsi cekoh regoh jambul wanên anyakêthi jangan lumbu ing bêbasane măngsa antuka kang kaya sira, dene kang dadi darunane sungkawanangsun[15] iki yayi, mungguh pêparinge wulang rama rêsi salwiring guna kasantikan kabèh, iku andadèkake sumêlang manawa rama rêsi amaringi wêwulang maring lyan ingsun, utawa paringe wêwulang maring lyan angungkuli kang kawulangake ing ingsun, sayêkti ing têmbe ingsun bakal kungkulan marang sapadha-padha, anjaba manawa rama rêsi [rê...]

--- 6 : 77 ---

[...si] bisa amuksa ing sadurunge amaringi wêwulang maring lyan, iku amasthi ora dadi sandeyaning tyas ingsun, sawêg kèndêl samantên pangandikanipun Radèn Narasoma, Dèwi Pujawati mêdal marêg dhatêng ngarsaning kang rama, atawan-tawan karuna sarywa ngrungkêbi pangkon. Rêsi Bagaspati kagèt lajêng andangu karana, Dèwi Pujawati botên amangsuli amung anuwun mugi kang rama karsa amuksa ing sanalika mangke, Rêsi Bagaspati sampun anduga manawi Radèn Narasoma rumaos lingsêm darbe marasêpuh ditya, mila lajêng angandika dhatêng ingkang putra: Dhuh kaliwat satya tuhu maring priya sira iku anggèr, baya pantês angaliha aran Dèwi Sêtyawati, yèn mangkana lakinira aturana marene, Dèwi Sêtyawati lèngsèr angaturi Radèn Narasoma sampun prapta ing ngarsaning marasêpuh. Rêsi Bagaspati sajarwa manawi ing mangke Dèwi Pujawati dipun lih nama Dèwi Sêtyawati, sarta panêdhanipun sampun kasagahan. Anangging sarananipun mawia anandhang brana, langkung prayogi anggèr karsaa nguntapakên dhatêng pun bapa, Radèn Narasoma duk miyarsa tumungkul arawat waspa, rumaos datan măngga manawi amarjayaa dhatêng marasêpuh ingkang sampun dados guru, sarêng pinêksa lajêng nglampahi mênthang [mê...]

--- 6 : 78 ---

[...nthang] sanjata tumanduk dhatêng jajanira Rêsi Bagaspati, kawuryan rudiranira pêthak sumamburat kadi rêtna bra markata, mèh angayati muksa Radèn Narasoma ingawe kinèn anyêlaka, dupi parêk lajêng winisik salwiring aji căndhaberawa, sampun katanggapan ing sasuraosipun, botên antawis dangu Rêsi Bagaspati muksa parêng gara-gara gêtêr-patêr dhèdhèt erawati guntur kêtug abêbarungan, sakèndêling gara-gara ing ngriku wontên swara kapiyarsa amêlingi karnanira Radèn Narasoma, ing têmbe patinira dening ratu sadu, sarana pustaka kang dèn arani Kalimausada, poma dèn awas aja kongsi uwas, dèn eling aja kongsi sumêlang, ing kono tumêkane jangjinira dèn waspada. Ya ta Radèn Narasoma amiyarsa dahat amiduhung lajêng analăngsa pasrah ing karsaning kang kawasa. Sarêng antawis dintên Radèn Narasoma kondur dhatêng Mandraka saha garwa, para cantrik endhang ing sapanunggilanipun sami andhèrèk sadaya, dumuginipun ing Mandraka andadosakên suka sukuring kang rama nata.

Gêntos kawuwusa sarênganing lêlampahan, Prabu Kunthiboja ing Madura, mangkya sawêg kasêngkêlan galih dening [de...]

--- 6 : 79 ---

[...ning] kang putra Dèwi Kunti têka anggarbini tanpa lawanan, dinangu matur sajarwa manawi mêntas anggêguru, dhatêng pandhita lêlana wasta Rêsi Druwasa, kawarti panuksmanipun Sang Hyang Surya, winulang suraosing aji darma, manawi kawatêg sagêd andhatêngakên para dewa ingkang cinipta, awisanipun botên kènging wêwuda kasorotan surya, manawi padharan ngantos kapanasan prabawaning surya saèstu lajêng wawrat botên mawi lawanan, ing wêkasan Dèwi Kunti amarêngi siram wêwuda padharanipun kasorotan surya katêmahanipun dados wawrat punika, Prabu Kunthiboja andangu panggenaning Rêsi Druwasa badhe katimbalan kinèn angruwata sampun kawistara, aturing putra botên kantênan panggenanipun, ananging manawi kacipta sarwi matêg aji darma, saèstu dhatêng sami sanalika, nuntên Dèwi Kunti kadhawuhan anyipta sampun kalampahan, Rêsi Druwasa prapta, Prabu Kunthiboja malar sih luwaring putra sampun ngantos kawistara, Rêsi Druwasa lajêng mêdalakên jabang bayi saking talinganipun Dèwi Kunti botên karaos-raos. Jabang bayi mijil kakung langkung pêkik suwarnanira, pinaringan nama Radèn Karna, Rêsi Druwasa marabi Suryaputra, ing nalika punika Prabu Kunthiboja amarsudi [a...]

--- 6 : 80 ---

[...marsudi] rêmbag prayogining kadadosan, aturipun Rêsi Druwasa, amrayogèkakên jabang bayi punika kalêbêtna ing kandhaga, sarta dipun panganggènana anting-anting gêlang kalung kawaca sarwa kancana, sarêng sampun kalaksanan jabang bayi kalêbêtakên ing kandhaga lajêng kabêkta dhatêng Rêsi Druwasa mêsat angambara.

Gêntos kawuwusa sarênganing lêlampahan malih pasisiripun nagari ing Angga wontên dhusun karajan wasta ing Pêthapralaya, kanggenan raja pandhita ingkang asring mandaya mina wasta Sang Wiku Radhi, punika darbe suta èstri wasta Dèwi Radha, kagarwa dening Prabu Adirata ing Angga, Prabu Adirata punika putraning Prabu Turila, Prabu Turila putraning Prabu Dasa ing kina, kacariyos kala samantên Sang Wiku Radhi nuju amandaya mina wontên ing lèpèn aswa, Rêsi Druwasa lajêng anglabuh kandhaga ingkang isi jabang bayi wau, panglabuhipun parêk akalihan panggenaning pandaya, ya ta Sang Wiku Radhi sarêng sumêrêp manawi wontên kandhaga kèli lajêng linangenan, kabêkta minggir, duk binuka isi jabang bayi jalu cahyanira sumunu, Sang Wiku Radhi andugi manawi punika putraning ratu kawistara pinanganggèn sarwa kancana, mila panggraitanira langkung prayogi kaaturêna dhatêng prabu [pra...]

--- 6 : 81 ---

[...]bu Adirata, awit dening Dèwi Radha dèrèng darbe putra nuntên kandhaga tinutup malih, lajêng kabêkta dhatêng Angga, katur ing Prabu Adirata, andadosakên suka pirênaning galih, ing nalika punika saking karsaning dewa dumadakan pambayunira Dèwi Radha mangkah-mangkah mijil santênipun, jabang bayi lajêng sinêsêpan marêm kadi anêsêp dhatêng ibunipun piyambak, mila jabang bayi lajêng pinaringan nama Radèn Radeya.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa salêbêting taun Dundumi, kacariyos nagari ing Madura, mangkya Prabu Kunthiboja sawêg kasêngkêlan ing galih dènira kadhatêngan tamu para ratu saking sèwu nagari, sami parêng anglamar dhatêng Dèwi Kunti, tanbuh ingkang katanggapan, kewraning pambudi dados angadêgakên sayêmbara pinilih, singa ingkang kasênêngan dhatêng Dèwi Kunti lajêng kadhaupakên, kaubanggèn purnamaning masa srawana adêging sayêmbara punika.

Kawuwusa Radèn Narasoma dupi amiyarsa manawi ing Madura badhe wontên sayêmbara pinilih, Radèn Narasoma lajêng tindak sêdya aningali kewala.

Gêntos kacariyos Prabu Anggandara, ing mangke badhe angadêgi sayêmbara pinilih dhatêng Madura, mangkat ambêkta [a...]

--- 6 : 82 ---

[...mbêkta] wadya saha para ari nata sami umiring sadaya.

Gêntos kocapa nagari ing Ngastina, mangkya Radèn Arya Prabu Dewayana, anuwun pamit ingkang rama badhe aningali sayêmbara pinilih dhatêng ing Madura, Prabu Krêsna Dwipayana kaparêngan ing karsa lajêng amisik dhatêng kang putra, manawi Dèwi Kunti sampun pinasthi dados jatukramanipun, ananging winêling tindakipun punika sampun ngantos ambêkta wadya kathah bokmanawi karya gita atêmahan tanpa gati, Radèn Arya Prabu Dewayana amituhu lajêng mangkat amung kalihan para êmban kemawon.

Wau kawuwusa malih nagari ing Madura, praptaning purnamasidhi Prabu Kunthiboja amranata patraping sayêmbara, para ratu sami ingacaran majênga gêntos-gênton[16] kemawon, sarêng sampun saeka prapta sadaya, Prabu Kunthiboja akalihan para garwa putra sami aningali saking pêpanggungan, ajêngipun para nata botên wontên ingkang pinilih dhatêng Dèwi Kunti, amung Radèn Narasoma ingkang dados sênênging galih, ananging sarêng kadangu wangsulanipun amung aningali kemawon, botên sumêdya angadêgi sayêmbara, makatên punika labêt sampun kawratan, dening sih trêsna wêlas dhatêng

--- 6 : 83 ---

garwa Dèwi Sêtyawati, mila milalu kesah badhe kondur dhatêng Madraka, dumugi ing margi kapêthukan akalihan lampahipun Radèn Arya Prabu Dewayana, sami kèndêl takèn-tinakenan, Radèn Narasoma awêwarti manawi sayêmbara sampun bibaran, awit dening putri sampun kenging dhatêng Radèn Narasoma, kaubanggèn dhaupipun manawi sampun mantuk dhatêng Madraka, lajêng angaraka kados satataning pangantèn, Radèn Arya Prabu Dewayana asmunipun kadi datan pitados winartosan makatên punika, sarêng maksa badhe aningali pinambêngan dhatêng Radèn Narasoma, ing wêkasan dados păncakara, Radèn Arya Prabu Dewayana tinanduk ing căndhaberawa panggah, sagunging pangabaran winêdalakên maksa sami tanpa karya sadaya, mila Radèn Narasoma lumampah dipun walêsa, ing ngriku Radèn Arya Prabu Dewayana amatêg aji prabawa mijil bayu bajra, Radèn Narasoma katyub ing samirana kombul ing gêgana, anguwuh-uwuh manawi sampun rumaos kawon, sagêda mudhun rahayu apunagi badhe atur putri arinipun piyambak anama Dèwi Madri, langkung ayu endah kang suwarna angungkuli Dèwi Kunti, Radèn Arya Prabu Dewayana rumaos [ru...]

--- 6 : 84 ---

[...maos] kamiwêlasên dènira miyarsa sêsambatipun Radèn Narasoma tansah aminta pangaksama, mila lajêng kaudhunakên sami lênggah satata, apirêmbagan prayogining lêlampahan, sarêng sampun saeka praya lajêng sami marêk dhatêng Prabu Kunthiboja, Radèn Narasoma angaturakên ingkang apantês dados jatukramanipun Dèwi Kunti punika putra ing Ngastina anama Radèn Arya Prabu Dewayana, amargi Radèn Narasoma sampun darbe garwa anama Dèwi Sêtyawati, Prabu Kunthiboja kasêmbadan ing karsa, ananging Dèwi Kunti sêmunipun taksih rêmên dhatêng Radèn Narasoma, mila sarêng katantun ragi awrat, purunipun anglampahi amung labêt saking ajrih dhatêng kang rama, ing nalika punika Radèn Arya Prabu Dewayana lajêng kadhaupakên, sapêkêning pangantèn Radèn Arya Prabu Dewayana kondur dhatêng Ngastina, Radèn Narasoma kondur dhatêng Madraka, ubanggi badhe tumuntên dhatêng Ngastina angirit arinya Dèwi Madri.

Kawuwusa lampahipun Radèn Arya Prabu Dewayana antawis sampun têbih saking Madura, kabegal dhatêng Prabu Anggandara, gêlar dumuk angun-angun saha wadya sadaya, para wadya saking Madura ingkang andhèrèkakên pangantèn [pa...]

--- 6 : 85 ---

[...ngantèn] sami larut asar-saran. Radèn Arya Prabu Dewayana mangsah pêpulih, ing wêkasan Prabu Anggandara pêjah kasambut ing ayuda, arinipun têtiga: Radèn Arya Suman, Radèn Arya Sarabasata, Radèn Arya Gajaksa, sami nungkul katiga pisan. Sampun katampèn dhatêng Radèn Arya Prabu Dewayana, aturipun manawi kagêsangan sagah angaturakên kadangipun èstri, arinipun tumuntên kalihan Prabu Anggandara, wasta Dèwi Anggandari, kasumanggakakên dadosa pawonganing garwanipun. Radèn Arya Prabu Dewayana kasêmbadan ing galih, Rarèn[17] Arya Suman sakadangipun sampun kaapuntên lajêng sami kadhawahan mantuk dhatêng Gandara, ing samasa-masa Dèwi Anggandari kinèn angaturêna dhatêng Ngastina. Radèn Arya Suman matur sandika lajêng mantuk. Radèn Arya Prabu Dewayana lajêng lampahipun dumugi ing Ngastina, matur salwiring lêlampahan sadaya andadosakên suka sukuripun ingkang rama, lajêng binawahan malih kados kala dhaupipun wontên ing Madura.

Gêntos kawuwusa ing Madraka, mangkya Radèn Narasoma matur ing rama, manawi kaparênga Dèwi Madri badhe kabêkta sowan dhatêng Ngastina, sagêda kagarwa dening raja putra Radèn [Ra...]

--- 6 : 86 ---

[...dèn] Arya Prabu Dewayana, bokmanawi sae kadadosanipun ing wingking, Prabu Madrapati kasêmbadan ing karsa lajêng dhawah tata-tata, sasampuning samapta mangkat, dumuginipun ing Ngastina untap-untapan akalihan dhatêngipun Radèn Arya Suman, sarêng sami angaturakên putri katampèn dhatêng Radèn Arya Prabu Dewayana, Prabu Krêsna Dwipayana uninga andadosakên sukaning galih, ananging Radèn Arya Prabu Dewayana winisik dhatêng ingkang rama, manawi Dèwi Anggandari punika pinasthi dados jodhonipun Radèn Arya Prabu Drêtarasthra, mila Radèn Arya Prabu Dewayana anglilakakên Dèwi Anggandari kagarwa dhatêng ingkang raka Radèn Arya Prabu Drêtarasthra, Dèwi Anggandari dahat lênggana dènira krama antuk wuta, dupi pinaksa matur sandika dêrmi anglampahi, nanging aprasêtya: ing têmbe manawi apêputra dadosa mêngsahipun ingkang putra Radèn Arya Prabu Dewayana, gêr sinauran gêtêr-patêr ing gêgana para dewa sami asêsanti minăngka saksi, sasampunipun makatên, Radèn Arya Prabu Dewayana sinerenan kapraboning rama, kajumênêngakên wontên ing Ngastina, asêsilih nama Prabu Dewanata, ajêjuluk Prabu Darmaraja, sarêng Arya Suman kagêntosakên [kagê...]

--- 6 : 87 ---

[...ntosakên] ingkang raka wontên ing Gandara, kaparingan nama Prabu Sakuni, ajêjuluk Prabu Anggandara kaping kalih, ing antawis dintên Prabu Krêsna Dwipayana animbali ingkang rayi Rêsi Warabisma, dhinawuhan kinèn lulus têtêpipun dados parampara wontên ing Ngastina, sarta kapitadosan among amêmulang dhatêng ingkang putra katiga pisan, Rêsi Warabisma matur anuwun pangèstu sagêda kalampahan, sasampunipun makatên Rêsi Warabisma lajêng ambayawarakakên jumênêngipun Prabu Dewanata, sarêng antawis dintên malih Prabu Krêsna Dwipayana pindhah dhatêng Satasrênga, asêsilih nama Bagawan Byasa, kasêbut nama Bagawan Abiyasa, ingkang andhèrèkakên pindhah amung para kamisêpuhing sawatawis, para parêkan amung sakawan sami kaparingan nama endhang: 1. Endhang Prawi, 2. Endhang Mantaka, 3. Endhang Wratsari, 4. Endhang Saburu.

Amarêngi masa padrawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Dundumi, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya kadhatêngan mêngsah para ratu sèwu nagari, badhe angrêbat Dèwi Kunti, ananging sami kawon dening kataman prabawa angin gora riwut, akathah ingkang pêjah

--- 6 : 88 ---

dhawah ing saênggèn-ênggèn, sasesaning kang pêjah sami anungkul minta jiwa, lajêng kadhawahan manawi sampun kaapuntên, sarta lajêng kalilan sami mantuk dhatêng prajanipun sowang-sowang.

Salêbêtipun ing warsa Triyodhari etanging taun surya sangkala 667, tinêngêran swaraning anggas nênêm. Kaetang ing taun candrasangkala 687, tinêngêran turăngga angèsthi manis.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Dewanata karsa mangun taman udyana, kawêwahan bale kancana malih rinêngga ing sarwa rêtna, sarêng sagunging para wiji saking Ngalêngka sami tinanêman, ing ngriku tuwuhipun lajêng angrêmbaka suhun sari sami sanalika, amêwahi raras ruming patamanan. Ya ta ing nalika punika kadhatêngan cobaning dewa wontên kuda tanpa sangkan lajêng angrêrisak patanêman, ing taman sami katêdha tumpês dalah sogolipun, katur dhatêng Prabu Dewanata, ing ngriku linêpasan saradibya punang kuda sirna katingal wontên jawata asêsanti makatên, wastu nitaru katarêm, mawa pahagan saparêm, saranosa deca marêm, munganawi swang dèhèrêm, tgêsipun: pasthining

--- 6 : 89 ---

godhongan katandur nganggo paedah sawatara, dadi sarat, dadi tămba, dadi enak anarima, lan ana upas akarya pilara. Sarêng sampun têlas dènira sêsanti, angakên nama Bathara Aswa, ingkang dados dhêdhukun ing suralaya, badhe awêwarah pakantuking tanêman sadaya punika, Prabu Dewanata kinèn anyêlak lajêng kabêktaa midêr-midêr salêbêting taman udyana, winarah pahalanipun para tanêman satunggal-tunggal, ingkang dados sarana, ingkang dados usada, ingkang eca raosipun, amurugakên marêm, utawi ingkang dados wisa adamêl pisakit sami katêdahakên sadaya, sarêng Bathara Aswa muksa Prabu Dewanata sakalangkung suka pirênaning galih.

Salêbêtipun ing warsa Tisimuka, etanging taun surya sangkala 668, tinêngêran brahmana angrasa rêtu. Kaetang ing taun candrasangkala 688, tinêngêran angèsthi samadyaning ngraras muksa.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Dewanata karsa amangun bale prasadarga, sinungan jagang mubêng kinapurancang, sajawining jagang kadekekan pêkên agêng maju sakawan, mawi bale alit [a...]

--- 6 : 90 ---

[...lit] pinarsada jêjidaran, urut sapinggiring pêkên.

Amarêngi masa srawana, taksih sami salêbêting taun Tisimuka, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya kadhatêngan mêngsah saking nagari ing Kusurasrata, ratunipun anama Prabu Suwelaraja, badhe angrêbat Dèwi Kunti, paguting prang langkung rame gêntos kalindhih, dangu-dangu mêngsah sirna dening sanjata prabawa păncawora.

Salêbêtipun ing warsa Dinakara, etanging taun surya sangkala 669, tinêngêran rudra angoyag wrêksa. Kaetang ing taun candrasangkala 689 tinêngêran trusthaning brahmana angrasa barakan.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Dewanata nuju miyos sinewaka wontên ing panangkilan, karsa angulawisudha para wadya ingkang sami katarima sadaya, ing nalika punika wontên dhatêngan saking tanah Malaka, dinangu ing nama miwah sêdyanipun, matur awasta Nangkoda Darwa, sêdyanipun amung angaturakên pisungsung rajabrana kemawon, ananging kalilana angindhung pura wontên nagari ing Ngastina, badhe andhatêngakên gêgramèn saking tanah Malaka, utawi saking ing tanah amăncapraja, supados enggalipun [engga...]

--- 6 : 91 ---

[...lipun] kasêmbadan manawi wontên karsa nata amundhut samukawis ingkang dados parluning karya, Prabu Dewanata kaparêngan ing karsa, kala samantên Nangkoda Darwa kaparingan prênah wontên tanah pasudagaran, lajêngipun kadadosakên ulu-uluning para sudagaran sadaya, kacariyos enggal-enggal atur pisungsung rajabrana maneka warna, andadosakên ing suka pirênaning galihira Prabu Dewanata.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Dinakara, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Dewanata, karsa angadani bandaran sajawining praja maju sakawan, saking aturipun Nangkoda Darwa, wêdal lêbêting gêgramèn mawia kèndêl wontên ing ngriku, badhe katiti pariksa warnining gêgramèn punika, supados lulusipun lampahing para nangkoda kang atuhu, dèrèng antawis lami wontên parangmuka dhatêng amindha nangkoda, kacariyos bêbukanipun makatên, Prabu Dasarna ing Malaka kagungan putra jalu satunggal anama Arya Sadrasa, pêjah têtukaran akalihan Nangkoda Darwa, dening angrêmêni semahira, saking ajrihipun Nangkoda Darwa lajêng miruda dhatêng Ngastina, semahipun [semah...]

--- 6 : 92 ---

[...ipun] ingkang karêmênan dening Arya Sadrasa wau inggih kabêkta miruda pisan, ananging sarêng wontên ing margi tansah karya salayaning rêraosan, mila lajêng kapêjahan wontên samadyaning wana tanah ing Ngastina. Sarêng kapiyarsa dening Prabu Dasarna manawi Nangkoda Darwa ngungsi dhatêng Ngastina, lajêng utusan punggawa prajurit ambêkta sapanêkaripun, kinèn amêjahi Nangkoda Darwa wontên ing pundi panggenanipun, ananging sarêng dumugi ing Ngastina, utusan saking Malaka wau darbe pambudi, manawi lajêng amarawasa kemawon, saèstu andadosakên tiwasing dinuta, mila para panêkaring prajurit sami kinèn sêsingidan wontên panggenan kang arêmpit, lêlurahipun lajêng lumêbêt ing nagari angangge-angge cara nangkoda, dumugi pabandaran kaandhêg dening para juru tataban badhe katiti pariksa, ananging botên purun kèndêl awêkasan dados păncakara, para juru tataban kawon, akathah ingkang pêjah, sakantunipun sami lumajêng awêwartos dhatêng Nangkoda Darwa salwiring lêlampahan sadaya, ing ngriku Nangkoda Darwa dhatêng pabandaran uninga manawi ingkang ngamuk punika dede nangkoda satuhu, punggawa prajurit ing Malaka wasta Arya Wirawangsa, Nangkoda Darwa rumaos [ru...]

--- 6 : 93 ---

[...maos] botên kawawa ananggulangi, mila lajêng atur uninga dhatêng Prabu Dewanata, mangkya karsa nata amung anglampahakên pangagênging punggawa nangkoda kemawon, nama Arya Sadhana sapanêkaripun, sami kinèn anitipariksa ing prakawis punika. Sarêng dumugi sakèthènging pabandaran, Arya Wirawangsa sumêrêp manawi kawêdalan wadya saking salêbêting nagari, ing sanalika lajêng angungêlakên tangara, botên antawis dangu para panêkaripun ingkang sêsingidan wau sami dhatêng sadaya, Arya Sadhana kagèt lajêng andangu dhatêng Nangkoda Darwa, aturipun: Punika prajurit saking Malaka, utusanipun Prabu Dasarna kinèn amêjahi dhatêng kawula, ingkang dados purwanipun sampun kaaturakên sadaya, Arya Sadhana kewran ing manah manawi andadosakên kuciwa, ing ngriku lajêng anglampahakên lêlayu atur uninga sarta anyadhong ingkang dados karsa nata, ing mangkya Prabu Dewanata anglampahakên punggawa prajurit Sang Arya Bandhuwangka sapanêkaripun, dumugi ing pabandaran lajêng campuh prang langkung rame gêntos kalindhih, sarêng antawis dangu para prajurit saking Malaka sami kawon, akathah ingkang pêjah, Arya Wirawangsa mangsah pêpulih pinêthukakên dening Arya Bandhuwangka, sami tandhing [ta...]

--- 6 : 94 ---

[...ndhing] kasantikan botên wontên ingkang kuciwa, dupi parêng amijilakên pangabaran, ing ngriku saking pandoning dewa dènira karya pêpasthèn, Nangkoda Darwa kasanglat ing pamaribawa pêjah tanbuh sangkaning kamayan, sarêng akalihan Arya Wirawangsa kapikut dening Arya Bandhuwangka, kala samantên katur ing Prabu Dewanata andadosakên pangunguning galih dening Nangkoda Darwa pêjah botên kantênan ingkang mrajaya, mila Arya Wirawangsa kalilan mantuk kinèn umatur dhatêng Prabu Dasarna, ing pêjahipun Nangkoda Darwa punika, saking kaelokaning lêlampahan prasasat sampun antuk wêwalêsan dènira kapêjahan putra, Arya Wirawangsa wotsari matur sandika lajêng mangkat.

Salêbêtipun ing warsa Sujarêha, etanging taun surya sangkala 670, tinêngêran tanpa swara oyaging langit. Kaetang ing taun candrasangkala 690, tinêngêran lêburing guwa angebahakên gêgana.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari Ngastina, mangkya Prabu Dewanata karsa mangun pagrogolan ing paramuwana, sarêng sampun dados sarwa prayogi, Prabu Dewanata têdhak anênumpu sato wana, para

--- 6 : 95 ---

punggawa kadhawuhan kinèn sami ambêbêdhag ing sasênêngipun sowang-sowang, ing nalika punika langkung kathah antukipun andadosakên sukaning galihira Prabu Dewanata. Sarêng antawis dintên sakonduripun saking pagrogolan Prabu Dewanata dhawuh kinèn amangun sakathahing pagrogolan sadaya, sasampunipun sami dados lajêng pinaringan nama sowang-sowang, anut isèn-isèning wana ing ngriku.

Gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, ing wukir Kandha wontên padhepokaning brahmana, winastan ing Asrama Kandha, ingkang adhêdhepok anama Brahmana Kandha, punika rêmên dhatêng pawèstri ingkang awasta Rara Dêrmi, sutaning Nangkoda Dêrma, sudagar agêng ing dhusun Pandaha, kalêbêt padaning wukir Kandha, sarêng Rara Dêrmi kaangkah badhe dipun pêndhêt semah dhatêng Brahmana Kandha, Nangkoda Dêrma botên suka, awit dening Brahmana Kandha sangêt miskinipun, ananging Rara Dêrmi kataman ing guna pangasihan dados rêmên dhatêng Brahmana Kandha, mila anurut pirêmbag badhe kadadosakên kidang, Brahmana Kandha inggih mancala warni kidang ugi, sarêng sampun saeka praya kalampahan sami amalih warni kidang kalih pisan lajêng dhatêng

--- 6 : 96 ---

wana, Nangkoda Dêrma angupadosi botên kapanggih, amargi botên sumêrêp manawi sutanipun èstri dados kidang punika.

Salêbêtipun ing warsa Sadhamuka, etanging taun surya sangkala 671, tinêngêran jalma awicantên manis. Kaetang ing taun candrasangkala 691, tinêngêran rupa rudra masaning muksa.

Amarêngi masa srawana, kacariyos nagari Ngastina, mangkya Prabu Dewanata apêpara têdhak dhatêng ing pagrogolan, ing wanayasa, karsa ambêbêdhag ambêbujung kidang sangsam, dumuginipun ing pasanggrahan, para wadyanira gêrma tuwa buru sami ambêrêg sato wana kalêbêtakên pagrogolan, jinêmparingan dening Prabu Dewanata akathah ingkang pêjah, Prabu Dewanata sakalangkung sukaning driya. Sarêng antawis dintên wontên cobaning dewa, kidang mêmalihanipun Brahmana Kandha kalihan Rara Dêrmi sami alêlakèn wontên salêbêting grogol, Prabu Dewanata uninga têka andadosakên ewaning galih, kidang jalu èstri linêpasan ing warastra sami ruwat dados sajatining jalma, ananging Brahmana Kandha rumaos kalingsêman dènira badhar ing pakartinipun, mila [mi...]

--- 6 : 97 ---

[...la] lajêng muksa sarwi ngupatani dhatêng Prabu Dewanata: Ing têmbe yêkti anêmahi seda mêntas anyarèni garwa. Prabu Dewanata duk amiyarsa manawi kaupatan makatên punika dahat amiduhung analăngsa ing dewa, malihan kidang èstri lajêng katimbalan dinangu ing bêbukanira, aturipun sajarwa saking wiwitan dumugi ing wêkasan, Prabu Dewanata angungun, Rara Dêrmi lajêng kabêkta kondur dhatêng Ngastina, sarêng antawis dintên kaparingakên dhatêng dhusun ing Pandaha, Nangkoda Dêrma anampèni dahat ing suka panuhunipun.

Salêbêtipun ing warsa Sadhaksadha, etanging taun surya sangkala 672, tinêngêran panêmbahing rêsi angraras kamuksan. Kaetang ing taun candrasangkala 692, tinêngêran paksa trustha angrasa barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Dewanata animbali para wadya kamisêpuh sadaya, dhinawuhan sami kinèn angrêmbag upataning Brahmana Kandha sampun ngantos anêmahi, pamanggihing rêmbag sabiyantu sami angaturakên saloka, pangabêring prasapa punika saking ambantêr tapa, Prabu Dewanata kasêmbadan ing galih karsa badhe anglêksanani saloka makatên [maka...]

--- 6 : 98 ---

[...tên] punika, ananging anyarantosakên manawi surya sampun mangalèr.

Amarêngi masa srawana taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Sadhaksadha, kacariyos malih Prabu Dewanata, ing mangke karsa ambangun tapa dhatêng Saptarga andhèrèk ingkang rama, raka nata Radèn Arya Prabu Drêtarasthra, kawakilakên angasta paprentahan nagari Ngastina, kinalihan ari nata Radèn Arya Prabu Widura, angkatira Prabu Dewanata amung kalihan garwa saha para wadya tuwanggana kemawon, dumuginipun ing Saptarga Bagawan Byasa sampun waskitha salwiring lêlampahan, mila pangandikanipun dhatêng ingkang putra makatên: Kulup Prabu Dewanata, wruhanira boya anikara upataning wong asikara, karana Si Brahmana Kandha wus anyikara marang Nangkoda Dêrma, karsaning dewa aparing wêwalêsan, jalaran têka sira kang kinèn angruwat kasmala, ing wêkasan dadi suka sukuring kang sinikara, ananging Brahmana Kandha iku bawaning pandhita manawa anêpatani sanadyan boya katêmahan asring amratandhani uga, ing wuri sutanira anglakoni kaèsi-èsi sawatara, samono iku anggêr awas lan eling sayêkti boya dadi sangsaraning sutanira, [sutani...]

--- 6 : 99 ---

[...ra,] karana amung minăngka sêsêpuhing kasutapan kewala. Ya ta Prabu Dewanata dupi amiyarsa ing pangandikanipun kang rama makatên punika andadosakên dahating sungkawa, ing ngriku Bagawan Byasa lajêng amusthi musthika jamus cinipta dados pustaka, winastan kalimausada, amêlar jangkaning lêlampahan minăngka têtumbaling kasangsaranipun ingkang putra Prabu Dewanata ing wuri, sarêng kaparingakên dhatêng Prabu Dewanata kadhawuhan amêmêtri kang arêmpit, sarta winisik kawasaning pustaka punika manawi sinidhikara dhatêng tiyang sadu sagêd dados warastra. Prabu Dewanata nêmbah anampèni pustaka andadosakên suka dahat ing panuhunira, sasampunipun makatên, Prabu Dewanata kadhawuh ambangun tapa amung kalilan ing dalêm tigang warsa sampun ngantos asanggama, aturipun inggih sandika anglampahi.

Salêbêtipun ing warsa Jagalogêna, etanging taun surya sangkala 673, tinêngêran gunaning pandhita angrasa sampurna. Kaetang ing taun candrasangkala 693, tinêngêran wedha anrus karênga ing langit.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Wiratha

--- 6 : 100 ---

mangkya Prabu Matswapati apuruhita dhatêng pandhita lêlana, nama Rêsi Druwasa, sasampunipun winêjang salwiring aji sadaya, Prabu Matswapati lajêng minta sarana sagêda pêputra malih, awit dene putra nata Radèn Seta sampun yuswa kawan dasa satunggal warsa dèrèng darbe ari. Wangsulanira Rêsi Druwasa manawi kaparênga sang narpatmaja badhe sinidhikara, Prabu Matswapati anglilani, nuntên Radèn Seta tinimbalan prapta lajêng sinidhikara wontên ing Pahoman, sarêng sampun rampung dènira anidhikara Rêsi Druwasa, Prabu Matswapati amiyarsa tangising bêbayi, dupi kaaturan mariksa Prabu Matswapati kagyat dene wontên bayi têtiga sami jalu pêkik asambada sarta kêmbar ing wêwangunan, Rêsi Druwasa matur mugi sampun andadosakên rêngating galih, sajatosipun saking karsaning kang kawasa putra paduka Radèn Seta kawangsulakên dados bêbayi malih, ananging binangun warni têtiga: ingkang pêthak punika sêpuh, taksih awinastan Radèn Seta, ingkang jênar punika arinipun tumuntên, pinaringan nama wasta Radèn Sangka, ingkang abrit punika anèm piyambak, pinaringan nama wasta Radèn Utara, tiga pisan punika sami sinêbut wirotama, botên wontên ingkang pasah ing

--- 6 : 101 ---

dêdamêl, binasakakên prasasat sami lêpat ing pêjah, ananging katiga pisan pjahipun ing têmbe dening janma wadat, Prabu Matswapati kèndêl ing saantawis angandika aris: Kula punika kapencut amomong anak èstri. Aturipun Rêsi Druwasa, ing benjing manawi bayi têtiga punika sampun sami diwasa panjênêngan paduka darbe putra wanudya cêmêng manis, ananging badhe dados wiji anurunakên para nata, manawi sampun kalampahan kemawon, mugi kaparingana wasta Dèwi Utari, Prabu Matswapati langkung suka rêna anarima dènira winêca badhe sagêd pêputra èstri, ing nalika punika jabang bayi têtiga lajêng sinambut kaparingakên dhatêng garwa Dèwi Sutiksna, sarta winartosan salwiring lampah kaelokan makatên wau, Dèwi Sutiksna angungun têmah karuna, tansah kaimur dening raka nata kinèn amupus ing pêpasthèn, kèndêl dènira maca rawat waspa udrasa, Dèwi Sutiksna lajêng amêmatah ingkang kinarya êmban inyaning putra têtiga punika, kala samantên sampun kasusra ing amăncapraja manawi Prabu Matswapati kagungan putra kadadosan saking kaelokaning dewa: 1. wasta Radèn Seta, 2. wasta Radèn Sangka, kasêbut [kasêbu...]

--- 6 : 102 ---

[...t] nama Radèn Warasangka, inggih Radèn Wratsangka, 3. wasta Radèn Utara, katiga pisan sami winêca badhe lêpat ing pêjah, mila akathah sami têtuwi tumutur mangèstu widada, sasampunipun makatên Rêsi Druwasa pamit badhe lêlana malih, Prabu Matswapati winêling kaaturan enggal-enggal atêtawur dhatêng para dewa, winangsulan bangdhe[18] pinituhu wêwêlingipun Rêsi Druwasa punika.

Amarêngi masa palguna, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Jagalogêna, gêntos kacariyos nagari ing Madraka, mangkya Prabu Madrapati muksa, Radèn Narasoma sampun kaèstrènan dening Rêsi Warabisma, manawi anggêntosi jumênêng nata ing Madraka, anama Prabu Salya, ajêjuluk Prabu Somadata inggih Prabu Madradipa.

Salêbêtipun ing warsa Kilaka, etanging taun surya sangkala 674, tinêngêran dadi swara karênga ing gêgana. Kaetang ing taun candrasangkala 694, tinêngêran warna rudra angrasa muksa.

Amarêngi masa palguna, kacariyos nagari ing Madura, mangkya Prabu Kunthiboja kadhatêngan Rêsi Druwasa, amisik manawi Prabu Kunthiboja mèh dumugi ing janji, kaparênga badhe kabêkta tindak mubêng-mubêng anamur kula, ngiras [ngi...]

--- 6 : 103 ---

[...ras] adêdana dhatêng para sudra papa, Prabu Kunthiboja datan lênggana, ing antawis dintên mangkat amung kalihan Rêsi Druwasa kewala, ing nalika punika aningali tiyang pêjah sami dêdagan, satunggal mujur mangilèn, satunggal mujur magetan, Rêsi Druwasa matur dhatêng Pra[19] Kunthiboja, punika têtêpipun manawi panjênêngan paduka kirang titi pariksa, upami titi pariksaa ing saèstunipun sumêrêp bêbukaning prakawis punika, wangsulanipun Prabu Kunthiboja sampun angadhadha lajêng apitakèn karana, Rêsi Druwasa matur, punika sami pandung aguna kalih pisan, ingkang satunggal awasta pun Laksana, satunggalipun awasta pun Yuwana, ing ngajêng sampun saeka praya sami kakan-kakan, yayyan-yayyan, ing sabên angsal mêmandung kaprênahakên wontên salêbêting guwa, mawi dipun wawrat kathahing kancana angsal-angsalanipun punika, ing dalêm sadintên amung kapêsthi mêndhêt sawawrat sami kadamêl sarananing panggêsangan, sarêng alami-lami kancana ingkang taksih wontên ing parawatan wau ical sadaya botên kantênan kang amêndhêt, pun Laksana akalihan pun Yuwana wau sami tarka-tinarka têmah dados têtukaran ing wêkasan pêjah kalih pisan,

--- 6 : 104 ---

punika kadospundi ing panggalih paduka sagêdipun anglari icaling kancana wau, Prabu Kunthiboja amangsuli dèrèng kabuka, aturipun Rêsi Druwasa, manawi kaparênga panjênêngan paduka karsaa angadêgakên pêkên enggal wontên ing ngriki, kaparingana nama pêkên duratmaka, saèstu tumuntên wontên kaelokaning dewa, sasampunipun matur makatên Rêsi Druwasa muksa, Prabu Kunthiboja lajêng kondur lajêng adhêdhawah dhatêng Patih Yadawangsa kinèn angupakara wangkening tiyang pêjah sami dêdagan, manawi sampun kasampurnakakên tilas wangkening kuwănda wau kadamêla pêkên, kawastanan pêkên duratmaka, Patih Yadawangsa matur sandika sampun kalaksanan ing sadhawahipun Prabu Kunthiboja sadaya, sarêng antawis dintên anuju ramening pêkên wontên tiyang rêbat sawala, bêbukanipun ingkang dados pabên, wontên tiyang wade tinumbas, urupipun kancana wangun lumpangan alit, ing dalêm lumpangan satunggal kapasthi wawrat, sawawrat, punika tiyang ingkang sêsadeyan angakên kancana wangun lumpangan alit wau gadhahanipun ical kapandungan, tiyang ingkang têtumbas angakên manawi kagunganipun putra nata Radèn Roma, angsalipun manggih wontên ing guwa kala

--- 6 : 105 ---

cangkrama dhatêng wana, pangakênipun tiyang ingkang têtumbas wau amung dêrmi kautus kinèn angupados wêwadeyan tosan pamor ingkang prayogi, sapintêna ing pangaosipun kadhawahan angurupi kancana wangun lumpangan alit ingkang kabêkta punika, ing sadangunipun awawan-wawan wuwus ngastos[20] kauningan dhatêng Rakyana Patih Yadawangsa lajêng katur ing Prabu Kunthiboja, andadosakên pangunguning galih asmu kalingsêman, dene putra nata kalêbêt dados panggrayangan, sarêng Radèn Roma kadangu matur sayêktosipun inggih amanggih wontên guwa, maneka warna wêwangunaning kancana punika, wontên ingkang wangun kados lumpang alit, wontên ingkang wangun kados kuwuk sagantên, wontên ingkang wangun kados kijing, ece, sompil, keyong, wontên warni gêlang, kalung, karoncong, jamang, ing sapanunggilanipun, kala samantên lajêng kapundhut sampun katur sadaya, ing ngriku Rakyana Patih Yadawangsa kadhawahan amaringakên sagunging kancana wangun lumpangan alit dhatêng tiyang wade tosan pamor ingkang ngakên kapandungan, panyirêping prakawis kaparingan ganjaran sanjata wastra adiwarna, sarta kinèn amartosi manawi pandungipun sampun pêjah [pê...]

--- 6 : 106 ---

[...jah] têtukaran sami rowang, sarêng kadhawahakên tiyang wade tosan pamor wau sakalangkung ing pamundhi panuwunipun Patih Yadawangsa kadhawahan malih, kinèn anggantung sagunging kancana ingkang dèrèng kaakên ing têtiyang, manawi wontên ingkang angakêni sarta jangkêp saksinipun, inggih kaparingêna, Patih Yadawangsa matur sandika, sasampunipun makatên putra nata Radèn Roma ingalih nama Radèn Rukma, ajêjuluk Radèn Iranyaroma, kalabêtan saking dènira amanggih kancana wontên ing guwa. Ya ta kawuwusa Prabu Kunthiboja saking dènira karêrantan angêmu lingsêm kawastan kirang titi pariksa dhatêng Rêsi Druwasa, dados anandhang gêrah sawatawis ing wêkasan muksa, sarêng antawis dintên pramèswari nata Dèwi Bandadari tumutur muksa, putra sêpuh Radèn Arya Prabu Sodha ing nalika punika lajêng kaèstrènan dening Rêsi Warabisma, anggêntosi ingkang rama jumênêng nata ing Madura, anama Prabu Basudewa, putra nata ingkang panênggak Radèn Rukma, kalêrês arinipun Dèwi Kunthi kadadosakên wakiling prabu anèm, anama Radèn Arya Prabu Rukma, putra nata ingkang anèm pisan Radèn Sena dados senapatining ayuda, anama Radèn Arya Ugrasena,

--- 6 : 107 ---

kala samantên sampun têntrêm nagari ing Madura, kawuryan rarasing praja raharja.

Salêbêtingpun[21] ing warsa Prapawa etanging taun surya sangkala 675, tinêngêran tataning rêsi angrasa sunya. Kaetang ing taun candrasangkala 695, tinêngêran bayu rudra angoyag langit.

Amarêngi masa srawana, kacariyos ing wukir Saptarga, mangkya Bagawan Byasa animbali putra Prabu Dewanata dhinawuhan manawi sampun antuk parmaning dewa kalilan kondur jumênênga nata wontên ing Ngastina malih, Prabu Dewanata matur sandika, lajêng tata-tata ing antawis dintên mangkat, sarêng dumugi samadyaning wana wontên satriya kawlasasih panganggenipun sarwa kusut, tinakenan matur sajarwa manawi raja putra ing Pancala anama Radèn Sucitra, putraning Prabu Duryasa sêdya badhe suwita dhatêng Ngastina, tinakenan malih ingkang dados karana makatên punika, aturipun, nagari ing Pancala punika kalêbêt karta raharja, rama Prabu Duryasa punika ing salaminipun lampah kinèringan sasamining nata, ananging sarêng dumugining masa kapêsan têka botên anglabêti, lwiripun makatên: awit kala kawula dipun puruhitakakên dhatêng raja pandhita ing Baratmadya, [Ba...]

--- 6 : 108 ---

[...ratmadya,] ingkang anama Rêsi Baradwaja, punika wontên sêsarêngan kawula anggêguru, raja putra ing Palastina, anama Radèn Sudarma putraning Prabu Bayurota, salaminipun sami puruhita wontên ing Baratmadya kinadangakên akalihan ingkang putra Rêsi Baradwaja, anama Bambang Kumbayana, kala samantên Radèn Sudarma asring amintonakên ing kaluhuranipun, dènira cêcariyosan botên wontên nagari santosa kados ing Palastina, sarta kasaktènipun ingkang rama Prabu Bayurowa tanpa timbang, cêcariyosan makatên punika ragi andadosakên ewaning manah, mila kawula asring gêntos anyariyosakên kasantosanipun nagari ing Pancala utawi rama Prabu Duryasa kinèringan ing sasamining nata, cêcariyosan kawula makatên punika inggih andadosakên ewaning manahipun Radèn Sudarma ugi, ing têmahan asring awawan-wawan wuwus sami sawala, ngantos kauningan dhatêng Rêsi Baratwaja sinapih ing basa krama kinèn sami atut rukun, ananging Bambang Kumbayana asring anumuti Radèn Sudarma, samukawis ingkang kacariyosakên dhatêng Radèn Sudarma winastan lêrês sadaya, cêcariyosan kawula amung kapaibên winastan anglêngkara, sarêng

--- 6 : 109 ---

antawis lami kula mantuk dhatêng Pancala badhe kapalakramakakên, dèrèng ngantos kalampahan sêlak kadhatêngan mêngsah saking Palastina, tanpa parikrama ingkang dados mêngsah inggih Radèn Sudarma wau punika sampun jumênêng nata wontên ing Palastina, sarèhning dhatêngipun mêngsah punika lajêng anukup gêlar dumuk angun-angun kemawon, dados nagari ing Pancala gègèr pêpuyêngan akathah ingkang pjah, rama Prabu Duryasa anêmahi muksa samadyaning ayuda, kawula kapalajêng angungsi dhatêng wana sunya, kawarti inggih dipun upadosi dhatêng Prabu Sudarma, ananging parmaning dewa botên sagêd pinanggih, ing nalika punika kawula lajêng botên amiyarsa kadadosanipun nagari ing Pancala, amung tansah anênungku puja samadi wontên salêbêting guwa, dèrèng ngantos lami antuk wasitaning dewa kawula kinèn suwita dhatêng Ngastina kalampahan anumpal kèli dumugi ing ngriki punika, têlas aturipun Radèn Sucitra. Prabu Dewanata langkung wêlas lajêng jinatosan manawi ratu ing Ngastina satuhu, Radèn Sucitra langkung suka lajêng matur manawi kaparênging karsa badhe andhèrèk dhatêng Ngastina, Prabu Dewanata kasêmbadan ing galih sarta dhinawuhan manawi kapundhut kadang anèm, Radèn Sucitra dahat ing

--- 6 : 110 ---

pamundhi panuwunipun, sasampunipun makatên lajêng sami mangkat, dumuginipun ing Ngastina Prabu Drêtarasthra amasrahakên karaton dhatêng ingkang rayi Prabu Dewanata, kinèn jumênênga nata malih, ing antawis dintên Rêsi Warabisma angèstrèni jumênêngipun lajêng kabyawarakakên dhatêng para nata sadaya, ing nalika punika sangsaya kawuryan rarasing praja raharja.

Salêbêtipun ing warsa Iwa, etanging taun surya sangkala 676, tinêngêran orêging prabwata angebahakên boma ing antariksa. Kaetang ing taun candrasangkala 696, tinêngêran angrasa trustha rarasing barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Dewanata karsa angulawisudha Radèn Sucitra kadadosakên punggawa miji ingalih nama Arya Drupada, sarêng antawis dintên tinantun badhe pinakramakakên, pangandikanipun Prabu Dewanata, yayi Arya Drupada, talatahe bawahan ingsun ing kene ana praja anyar, duk maksih dadi alas arane padha lawan nagaranira ing Pancala, barêng binakalan kutha marang paman Prabu Găndabau ing Binaka, mangkya aran ing nagara Capalaradya [Ca...]

--- 6 : 111 ---

[...palaradya] iku Prabu Găndabau darbe putra wanudya aran Dèwi Găndawati, akèh kang angarêpake nanging tan ana katampan, ing wêkasan Dèwi Găndawati kinarya sayêmbara, singa kang kawawa amênthang gandhewa pusaka sarta panahe bisa tumanduk marang witing tal kang ajajar pitu tatasa kabèh, sayêkti kadhaupake antuk Dèwi Găndawati mau, iku yayi sayogyane sira angadêgana sayêmbara marang Capalaradya, saka ing kira-kira bokmanawa Dèwi Găndawati dadi jodhonira, aturipun Arya Drupada inggih sandika mugi angsala pangèstu paduka nata, sasampunipun matur makatên lajêng kalilan tata-tata ing antawis dintên mangkat kinanthenan wadya amung sawatawis kemawon.

Kawuwusa nagari ing Capalaradya mangkya dhatêngan saking amăncapraja ingkang sami angadêgi sayêmbara sampun pêpêkan sadaya, lajêng gêntos-gêntos amênthang gandhewa pusaka, ananging botên wontên ingkang alêbda karya, amung Arya Drupada saking pandoning dewa têka kuwawi mênthang laras sarta jêmparingipun lumêpas lajêng tumanduk dhatêng witing tal kang ajajar pitu tatas sadaya, andadosakên pangungunipun ingkang sami uninga, ing nalika punika

--- 6 : 112 ---

Arya Drupada lajêng kadhaupakên akalihan Dèwi Găndawati, sakathahing para dhatêngan sami madêg suraning driya arsa amrajaya pangantèn, ananging sami kawon dening Raja Putra Radèn Găndamana, ing wêkasan para dhatêngan sampun mundur sadaya. Arya Drupada lêstantun dhaupipun binayangkarya andhatêngakên suka, sasampunipun makatên Arya Drupada dinangu asaling lêluri, aturipun angakên raja putra ing Pancala suwita dhatêng ing Ngastina, bêbukanipun dumugi ing wêkasan sampun kagancarakên sadaya, andadosakên suka sukuring galihira Prabu Găndabau, pangandikanipun: Yèn mangkana kulup, baya wus pinasthi saka karsaning kang kawasa prajanira aran ing Pancala, prajaningsun iki maune iya aran alas ing Pancala, dumadakan sira dhaup lawan putraningsun, dadi ing bêbasane kêtan padha kêtan, prasasat galuga sinalusur sari, Arya Drupada andhêku, ya ta dumugining antawis dintên, Prabu Găndabau utusan angaturi uninga dhatêng Ngastina, manawi Arya Drupada sampun lêbda karya lajêng kadhaupakên akalihan Dèwi Găndawati, wasananing aturan mugi kaparênga Arya Drupada kadadosakên prabu anom ing Capalaradya,

--- 6 : 113 ---

putranipun priya ingkang awasta Radèn Găndamana kadadosakên senapatining ayuda, ing nalika punika Prabu Dewanata sarêng kaaturan uninga dahat kasêmbadan ing karsa, mila Prabu Găndabau lajêng andhawuhakên dhatêng Patih Drêsthakètu, manawi Arya Drupada jinunjung dados prabu anom, Radèn Găndamana dados senapatining ayuda, Patih Drêsthakètu lajêng ambyawarakakên dhatêng para wadya punggawa parêng mangayubagya sami suka sukur sadaya.

Amarêngi masa srawana, taksih sami tunggil warsa ing salêbêting taun Iwa, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Dewanata ginubêl ing garwa kêkalih sami kapencut amomong putra, winangsulan badhe anuwun sarana dhatêng ingkang rama rumiyin, nuntên Dèwi Kunthi matur manawi kaparênga badhe aminta sarana dhatêng pandhita lêlana kang anama Rêsi Druwasa, saking kawarti darbe sarana ingkang sagêd andhatêngakên para cipta. Prabu Dewanata mangayubagya, nuntên Dèwi Kunthi kèndêl ing saantawis Rêsi Druwasa prapta tanpa sangkan, ing ngriku Prabu Dewanata anambrama wuwus manuhara andadosakên sukaning galihira Rêsi Druwasa, sarêng Prabu Dewanata sampun anyariyosakên [a...]

--- 6 : 114 ---

[...nyariyosakên] panggubêling garwa sakalihan, dènira kapencut amomong putra, Rêsi Druwasa anayogyani, nanging kalilana badhe sumêrêp rajahing garwa kalih pisan ingkang wontên èpèk-èpèk, ing asta kiwa têngên, Prabu Dewanata amarêngi lajêng tiningalan rajahing garwa sakalihan, aturipun Rêsi Druwasa, garwa paduka Dèwi Kunthi punika ing têmbe darbe putra jalu têtiga, ingkang sêpuh katurunan Darmasmara, kadadosanipun ing têmbe sarwa santosa sadu budi ambêk santa paramarta. Ingkang panênggak katurunan Baywasmara, kadadosanipun ing têmbe sarwa rosa santika budi ambêk wirotama. Ingkang anèm katurunan Indrasmara, kadadosanipun ing têmbe sarwa widagda manuhara budi wêweka ambêk wêlasan. Dene garwa paduka Dèwi Madri punika ing têmbe darbe putra kêmbar sami jalu, ingkang sêpuh katurunan Aswasmara, kadadosanipun ing têmbe sarwa satya budi ambêk lêgawa, sarta widagda salwiring mantra sarana. Ingkang anèm pisan katurunan Aswismara, kadadosanipun ing têmbe sarwa yatna budi ambêk narima, sarta amumpuni salwiring para nosadha. Ya ta Prabu Dewanaya duk amiyarsa ing pamêca makatên punika andadosakên [andadosa...]

--- 6 : 115 ---

[...kên] suka pirênaning galih lajêng mêmalar sarana ingkang supados sagêda enggal kalampahan, ing ngriku Rêsi Druwasa anyipta woh palaraswa dhatêng sami sanalika lajêng kabêlah dados gangsal iris, ingkang tigang iris kaaturan amaringakên garwa sêpuh Dèwi Kunthi, ingkang kalih iris kaaturan amaringakên garwa nèm Dèwi Madri, sarêng sampun sami kadhahar isi kabucal, Rêsi Druwasa pamit kalilan lajêng muksa.

Ing mangkya kawuwusa Dèwi Anggandari, sampun dangu dènira angênginte botên kauningan ing janma, pangèsthinipun badhe tumut amêmalar sarana, dèrèng ngantos kalampahan sêlak Rêsi Druwasa muksa, dados amung anuduh dhatêng pêparêkan satunggal kinèn amêdhêt isining woh palaraswa lajêng kaamudan ing wêkasan kolu dhatêng guwa garba, andadosakên pangungunira Dèwi Anggandari.

Salêbêtipun ing warsa Culika etanging taun surya sangkala 677, tinêngêran sabdaning pandhita karêngèng wiyat. Kaetang ing taun candrasangkala 697, tinêngêran rêsi sanga sinarkara.

Amarêngi masa naya, kacariyos malih nagari ing Ngastina, [Nga...]

--- 6 : 116 ---

[...stina,] mangkya Dèwi Kunthi ambabar mijil jalu pêkik asmu jatmika, ing ngriku Bagawan Abiyasa katuran rawuh sarêng kalihan Sang Hyang Darma, sasampunipun paripurna dènira amulasara, ingkang eyang amaringi nama Radèn Yodha, ajêjuluk Puntadewa, lajêng kapundhut putra dening Sang Hyang Darma sarta pinaringan nama Darmaputra, Prabu Dewanata langkung suka sukur, sarêng Sang Hyang Darma muksa, Bagawan Abiyasa kondur dhatêng Saptarga malih, ing antawis dintên Sang Hyang Darma tumêdhak malih amaringakên basana[22] maneka warna.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Culika, kacariyos nagari ing Madura, mangkya Prabu Basudewa ginubêl ingkang garwa têtiga: 1. Dèwi Rohini, 2. Dèwi Dewani, ajêjuluk Dèwi Maendra, 3. Dèwi Maera, ajêjuluk Dèwi Madira, panggubêling garwa nata têtiga punika sami kapencut amomong putra, Prabu Basudewa sakalangkung sêngkêling galih, amargi kewran ing pangupayanipun ingkang minăngka sarana, mila tansah anungku pudya samadi wontên ing pahoman, sarêng antawis dintên antuk wasitaning dewa, kinèn anggarogol sato wana ing Kubina wontên laladaning ngriku dènira manggih ingkang dados sarana, [sara...]

--- 6 : 117 ---

[...na,] Prabu Basudewa lajêng animbali ingkang rayi Radèn Arya Prabu Rukma, akalihan Patih Yadawangsa, sami dhinawuhan kinèn angadani pagrogolan wontên ing wana Kubina, ari nata akalihan patih matur sandika lajêng tata-tata, sasampunira sarwa samapta sami mangkat saha wadya para punggawa ing sawatawis.

__________

Perangan ăngka 4, nama Sêrat Gorawangsa, kaanggit dening Êmpu Barandang ing Mamênang, saking karsanipun Prabu Aji Jayabaya nata binathara ing nagari Kadhiri, panganggitipun nalika taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candrasangkala amarêngi 879.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbukaning cariyos, salêbêtipun ing warsa Pramaduda, etanging taun surya sangkala 678, tinêngêran liman angrik rumasa muksa. Kaetang ing taun candrasangkala 698, tinêngêran naga rudra angraras barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari ing Madura, mangkya Prabu Basudewa têdhak dhatêng pagrogolan, ing wana Kubina, ari nata sakalihan sami andhèrèk, Patih Yadawangsa pinatah kantun têngga praja, dumugi [du...]

--- 6 : 118 ---

[...mugi] ing pagrogolan lajêng anênumpu sato wana.

Ya ta kawuwusa sarênganing lêlampahan, ing suralaya para dewa sami pêpakan wontên samadyaning bale martyukundha, Sang Hyang Naradha andhawahakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, dhatêng Sang Hyang Wisnu, makatên pangandikanira Sang Hyang Naradha: He kulup Wisnu, duk sira majanmaning ayudya aran Bathara Ramawijaya padha ubaya sambawana lawan arinira Laksmana Sadu, manawa ing têmbe majanma manèh, Laksamana Sadu dadia tuwa, Ramawijaya dadi ênom, iku ing mêngko wus masakalane padha dhinawuhan kinèn anêtêpi kang dadi ubaya sambawana, ananging pasang yogyane nganggoa pancadan sowang-sowang, Wisnu dadi macan, Laksmana Sadu dadia naga, sawêg kèndêl samantên pangandikanipun Sang Hyang Naradha, dewaning sarpa kang anama Bathara Basuki matur dhatêng Sang Hyang Naradha, manawi kaparênga badhe tumutur majanma. Wangsulanira Sang Hyang Naradha, amrayogèkakên dadosa satunggal, akalihan panjanmaning Laksmana Sadu, upama satu munggwing rimbagan, satune Laksmana Sadu, rimbagane Basuki, Sang Hyang Brahma anambungi atur, manawi makatên, luhung kadamêla kaelokan pisan, Laksmana [Laksma...]

--- 6 : 119 ---

[...na] Sadu akalihan Basuki, kadadosakên satunggal, yayi Wisnu kadadosna kêkalih, makatên ing panimbangipun sampun sambada dadosing kaelokan, Sang Hyang Naradha mangayubagya, lajêng kadhawahakên dhatêng Sang Hyang Wisnu sampun kasanggêman dadosipun kêkalih punika, kaupamèkakên sêkar akalihan gandanipun, singa ingkang kadhawahan sêkar dados kawujudanipun Sang Hyang Wisnu, singa ingkang kadhawahan gănda darbe wêwatêkan kados Sang Hyang Wisnu. Sang Hyang Naradha langkung suka dènira miyarsa, lajêng sami kinèn dhatêng Madura anjujug salêbêting pagrogolan wana ing Kubina, angkatipun saking suralaya Sang Hyang Wisnu sampun amancala warna sima, Bathara Laksmana Sadu akalihan Bathara Basuki sampun dados satunggal amancala warna naga. Sarêng sami lumêbêt ing grogol kauningan dhatêng Prabu Basudewa, singha jinêmparing pêjah kuwănda musna nirmala waluya Sang Hyang Wisnu, kacariyos dados kêkalih, wadhagipun anuksma dhatêng garwanipun Prabu Basudewa ingkang anama Dèwi Maendra, alusipun anuksma dhatêng garwanipun sêpuh Prabu Dewanata ing Ngastina kang anama Dèwi Kunthi. Ya ta sapêjahing singha naga anarajang lajêng jinêmparing dening

--- 6 : 120 ---

Prabu Basudewa, pjah ing naga kuwănda musna nirmala waluya Bathara Laksmana Sadu kalihan Bathara Basuki. Kacariyos lajêng anunggal panuksma dhatêng garwanipun Prabu Basudewa ingkang anama Dèwi Rohini, Prabu Basudewa langkung ngungun dènira amêjahi singha, akalihan naga kawandanipun sami musna, sampun angintên manawi kalih pisan punika sami kadadosaning dewa, mila panyiptanira Prabu Basudewa rumaos manawi sampun angsal sarana, parandosipun taksih karsa anyarantosakên manawi wontên wasitaning dewa malih, dados salêbêtipun wontên ing pagrogolan punika Prabu Basudewa asring anungku pudya samadi.

Gêntos kacariyos sarênganing lampahan malih, pucaking wukir Gowagra, tanah ing Nuswabarwa wontên danawa raja anama Prabu Gorawangsa, turasing Bagawan Danu ing nguni, mangkya Prabu Gorawangsa sawêg kataman asmara turida, awit dènira supêna awastra lungiyan, akalihan pramèswari ing Madura kang anama Dèwi Maera. Prabu Gorawangsa apirêmbagan kalihan ingkang rayi anama Arya Saratimantra, sagêda kalampahan panggih kalihan ingkang kasupêna punika, aturing danawa ari nata prayogi [pra...]

--- 6 : 121 ---

[...yogi] anglampahakên cundaka dhatêng Madura, angyêktosakên pramèswari ing Madura punapa wontên ingkang anama Dèwi Maera, aturipun Arya Saratimantra makatên punika andadosakên kapanujoning galihira Sang Danawa Raja, lajêng amatah punggawa detya kang undhagi ing guna wasta Ditya Suksara, punika asring kenging kapitadosan sandining karti sampeka, Ditya Suksara dhinawuhan wadosing karsa sampun tumanggap lajêng mêsat angambara, botên antawis dintên wangsul malih matur manawi yêktos, wontên pramèswari ing Madura kang anama Dèwi Maera, saha kapasang yogi ing masa punika Prabu Basudewa sawêg apêpara grogol dhatêng wana sampun mèh sacăndra dèrèng kondur. Prabu Gorawangsa duk amiyarsa langkung suka rumaos antuk kala desa, ing nalika punika Prabu Gorawangsa lajêng mêsat angambara amung kalihan Detya Suksara kewala, anjujug ing pagrogolan amatêg aji limunan, dupi sampun sumêrêp ing suwarnanipun Prabu Basudewa, ing ngriku Prabu Gorawangsa malih warna kadi Prabu Basudewa, lajêng dhatêng Madura anjujug salêbêting pura, Ditya Suksara amêmanuki saking gêgana.

--- 6 : 122 ---

Ya ta kawuwusa Dèwi Maira amarêngi ing dalu katimbalan dhatêng Prabu Basudewa malihan lajêng tumamèng pasareyan, Dèwi Maira botên sumêrêp manawi kataman ing sandi upaya, dipun nyana Prabu Basudewa satuhu, mila timbang sih pangulahing asmara.

Kawuwusa ing pagrogolan, mangkya Prabu Basudewa antuk wasita sawantah manawi salêbêting pura wontên corah calawênthah, kala samantên ari nata Radèn Arya Prabu Rukma kadhawahan angyêktosakên, mangkat lêlancaran sarêng dumugi salêbêting pura tansah lêlimunan, lajêng anjêjêp saking jawi, ing nalika punika Radèn Arya Prabu Rukma uninga manawi ingkang raka Prabu Basudewa wontên salêbêting pasareyanipun Dèwi Maira, botên sarănta lajêng matur saking jawi, kawula kautus angyêktosakên wasitaning dewa, ing wêkasan têka panjênêngan paduka piyambak ingkang dados corah calawênthah, tgêsipun punapa panjênêngan paduka anyoba dhatêng kawula, manawi makatên kaka prabu kagungan panggalih sănggarunggi ing salaminipun, ya ta Prabu Basudewa malihan dupi amiyarsa lajêng andangu dhatêng Dèwi Maira mênggah ingkang muwus makatên punika, aturipun Dèwi [Dè...]

--- 6 : 123 ---

[...wi] Maira, punapa panjênêngan paduka supe swaranipun ari nata Radèn Arya Prabu Rukma, Prabu Basudewa malihan dèrèng ngantos andangu karananipun sêlak kasêsa dènira anauri makatên: Yayi Radèn Arya Prabu Rukma sira mêntas saka ing ngêndi, lan apa kang sinêdya. Radèn Arya Prabu Rukma sangsaya kagèt sarta anggraita lajêng amangsuli sugal: Lah têka dahat arda walepa kaka prabu iki, basakêna aku dinuta têka dadak nganggo tiniti, dèrèng ngantos dumugi wangsulanira Radèn Arya Prabu Rukma kasêlak sinauran dening Prabu Basudewa malihan, ah tabane wong mangkana iku patut tinapukan cangkême, Radèn Arya Prabu Rukma sangsaya kabangan bangun alin-alining nala, wuwusira datan tanpa taha, ah arêp mêkasi kaka prabu, manawa mangkono ora pantês sinêmbah baya pantês tinambuhan kewala, Prabu Basudewa malihan dahat bramatya lajêng mêdal anyandhak dhatêng Radèn Arya Prabu Rukma, binucal dhawah sajawining pura, Radèn Arya Prabu Rukma wangsul arsa malês ambanting ananging sêlak rinukêt dados kenging binucal malih, ing ngriku Radèn Arya Prabu Rukma badhe wangsul angrukêt ananging botên tahan mambêt ababipun ingkang raka, [ra...]

--- 6 : 124 ---

[...ka,] langkung bangêr kados gandaning bangke ingkang sampun barah lungkrah, mila Radèn Arya Prabu Rukma lajêng anyandhak jêmparing linêpasakên dhatêng Prabu Basudewa malihan têmah kababaran dados Danawa Raja Gorawangsa, para pawèstri salêbêting pura dupi uninga sami kagegeran rêbat pangungsèn sowang-sowang. Radèn Arya Prabu Rukma sangsaya anggambira bangun tyas sudira, lajêng sêsumbar tanpa rêringa, Sang Danawa Raja Gorawangsa angrik lajêng anarajang nirbaya nir wikara, Radèn Arya Prabu Rukma panggah sura tan taha, paguting prang Radèn Arya Prabu Rukma anggung binuncang kewala, ing ngriku lajêng amênthang gandhewa saradibya lumêpas, Sang Danawa Raja Gorawangsa kataman ing saradibya pêjah kuwănda muksa.

Ya ta kawuwusa Ditya Suksara ingkang amêmanuki saking gêgana, dupi uninga manawi Sang Danawa Raja Gorawangsa anêmahi tiwas salêbêting ayuda, ditya Suksara nêdya pêpulih arsa anigas utamangganira Radèn Arya Prabu Rukma, duk cumalorot saking antariksa, kasanglat ambruk ing bantala, lajêng mêsat angambara malih mancala warna raksasa sèwu parêng anarajang, Radèn Arya Prabu Rukma datan kewran giniro ginarumung ing raksasa kathah, [ka...]

--- 6 : 125 ---

[...thah,] saksana anggêdhêg gandhewa mijil prabawa bayu bajra parêng lumêpasing sara sangkali, raksasa sèwu swuh sirna ing wêkasan Detya Suksara kabandana dening sara sangkali botên sagêd anggulawat amung tansah gulasahan kewala, sarêng kadangu matur sajarwa manawi andêlipun Sang Danawa Raja Gorawangsa, awasta Detya Suksara, dinangu karananipun Sang Danawa Raja dènira darbe solah salah dados duratmaka punika aturipun sajarwa saking wiwitan dumugi ing wêkasan, Radèn Arya Prabu Rukma angungun, lajêng animbali Patih Yadawangsa, winartosan salwiring lêlampahan sadaya, Patih Yadawangsa kagyat angungun asmu kajrihan, mila matur anuwun pangaksama ing tiwasipun dènira rumêksa praja, Radèn Arya Rukma gumujêng sarywa ngandika manis manuhara: Paman Patih Yadawangsa, sampun andika sandeya manawi antuk dêduka saèstu wontên ing kula prakawis punika, Patih Yadawangsa sampun sakeca manahira, nuntên Radèn Arya Prabu Rukma tata-tata badhe wangsul dhatêng pagrogolan malih, sasampunipun sarwa samapta mangkat ambêkta bêbêstan Ditya Suksara, dumugi ing pagrogolan, laju marêk ing ngabyantara nata, Prabu Basudewa kagyat aningali [ani...]

--- 6 : 126 ---

[...ngali] ditya kabandana, lajêng andangu karana, Radèn Arya Prabu Rukma matur salwiring lêlampahan sadaya, Prabu Basudewa anglênggêr ngantos dangu botên angandika, sarêng sampun sarèh duhkitaning driya lajêng dhawah manawi badhe kondur, para wadya punggawa kinèn sami atata-tata, sasampunipun sarwa samapta Prabu Basudewa bidhal saking pagrogolan. Dumuginipun ing Madura andangu dhatêng para pawèstri: Sintên ingkang katawan cêmêring duratmaka, aturing para pawèstri botên wontên malih anjawi amung pramèswari nata Dèwi Maira, ing nalika punika ari nata Radèn Arya Prabu Rukma dhinawuhan kinèn amêjahi Dèwi Maira, kabêktaa dhatêng wana, dene Ditya Suksara kadhadhuhan[23] dangu kayaparan ing kapti, sarêng kadangu aturipun amung anuwun gêsang, ingkang minăngka panêbusing jiwa raga Ditya Suksara sagah angaturakên pusakanipun Sang Danawa Raja Gorawangsa, awarni gada tosan jêne ingkang dipun pêpêtri wontên salêbêting sanggar palanggatan, prabawanipun manawi sinidhikara mijil dêdamêl warni-warni, tumanduk dhatêng mêngsah tanpa sesa. Prabu Basudewa kasêmbadan ing karsa lajêng dhawah kinèn amêndhêta sampun ngantos dangu praptanira, Ditya Suksara nêmbah mêsat taksih kabandana, [kabanda...]

--- 6 : 127 ---

[...na,] ing sara sangkali, botên antawis dintên malih sampun prapta angaturakên gada tosan pita, Prabu Basudewa langkung suka lajêng dhawuh kinèn angluwari Ditya Suksara sarêng sampun kaluwaran lajêng kalilan mantuk dhatêng prajanipun sami sanalika Ditya Suksara nêmbah mêsat angambara.

Kawuwusa Radèn Arya Prabu Rukma ing mangke sampun mangkat dhatêng wana angirit Dèwi Maera, dumugi samadyaning wanapringga ing wêkasan botên măngga anyedani, awit dening kalêpatanipun Dèwi Maira botên katêmaha, amung kalimputan saking kataman sandi upaya ing sanalika, mila karsanipun Radèn Arya Prabu Rukma sabiyantu kalihan para punggawa, manawi Dèwi Maira badhe tinilar wontên ing wana kemawon, kala samantên lajêng kadamêlakên wisma alit sarta pinanci dhaharipun kanggea ing sawatawis dintên, nuntên Radèn Arya Prabu Rukma kondur umatur ing raka nata manawi Dèwi Maira sampun sinedan, Prabu Basudewa lêga ing galih sarta amaringi uninga manawi sutanira èstri juru madharan awasta Kèn Badra ing mangke kapundhut garwa pinaringan nama Dèwi Badraini, Radèn Arya Prabu Rukma wotsari amangayubagya.

--- 6 : 128 ---

Gêntos kawuwusa ing wukir Gowagra mangkya Arya Saratimantra dupi amiyarsa tiwasipun ingkang raka Danawa Raja Gorawangsa, karsa anglurug dhatêng Madura, pinambêngan dening Ditya Suksara, rinaos manawi kalêbêt ing bêbasan sulung alêbu tumangan, amargi nagari ing Madura punika tuhu wingit saking kawibawan ingkang jumênêng nata winongwong dening jawata. Ananging Arya Saratimantra maksa amlampah lajêng mêsat angambara saha wadya, sarêng dumugi ing prênah panggenaning Dèwi Maera, Arya Saratimantra aningali teja angêndhanu, andangu dhatêng Ditya Suksara, kang katon angêndhanu iki tejaning apa, Ditya Suksara matur: Èmpêripun punika tejaning wanudya kapati brata, kawistara sênênipun asmu anglayung, prayogi pinarêpêkan sumêrêpa ing kayêktosanipun. Arya Saratimantra anuruti, dupi parêk ing ngriku Ditya Suksara matur manawi punika pramèswari ing Madura kang anama Dèwi Maera, sampun kataman ing asmara tăntra dening raka paduka Prabu Gorawangsa, kados punika kabucal dhatêng wana supados pêjaha kamăngsa ing sato galak. Ya ta Arya Saratimantra sarêng amiyarsa langkung angrês ing tyas karêrantan pamuksaning raka,

--- 6 : 129 ---

pangandikanipun: Yèn mangkana ingsun ora sida anglurug maring Madura, angur baya angapèn-apènana Dèwi Maira kewala, karana iku wus kalêbu dadi garwane kakang prabu, Ditya Suksara sarta para wadya danawa sami jumurung sadaya lajêng tumêdhak saking gêgana, Dèwi Maira kagyat langkung ajrih aningali ditya kathah praptanjog saking awiyat punika, lajêng angandika sarwi gumêtêr: Lah ta mara buta aywa talangke tumuli tadhah tarab mangsanên ingsun iki. Arya Saratimantra amangsuli wuwus parimarma: Dhuh kakang bok kramining pangawu-awu kula, sampun ngantos kaduk tyas abela tampi, sanadyan kula punika danawa botên nate măngsa janma, dhatêng kula ngriki punika tumingal saking gêgana kakang bok kadi angêmu sungkawa, sarèhning kula rumaos wêlas ingkang makatên, manawi kaparênga kula badhe angapèn-apèni wontên ing ngriki, kakang bok apitadosa dhatêng kula. Ya ta Dèwi Maira dupi miyarsa ing wuwusira Arya Saratimantra têka asrêp raosing galih, lajêng amangsuli wuwus panarima, ing nalika punika sagunging para ditya lajêng dhinawuhan dhatêng Arya Saratimantra, kinèn sami babad-babad wana sarta angadani pakarangan, sampun kalampahan [kalampaha...]

--- 6 : 130 ---

[...n] ing antawis dintên dados sarwa sangkêp saniskaraning wisma sadaya, panggenanipun Dèwi Maira wontên ing têngah.

Amarêngi masa palguna, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Pramaduda, kacariyos nagari ing Capalaradya, mangkya Prabu Găndabau muksa, Arya Drupada sampun kaèstrènan dening Rêsi Warabisma, jumênêng nata anggêntosi marasêpuh Prabu Găndabau, anama Prabu Drupada, Radèn Arya Găndamana dados prabu anèm, taksih angiras dados senapatining ayuda.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Pramaduda, kacariyos nagari ing Gilingwêsi mangkya Prabu Danaraja muksa, Radèn Sudhana sampun kaèstrènan dening Rêsi Warabisma, jumênêng nata anggêntosi ingkang rama, anama Prabu Sudhana.

Amarêngi masa drawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Pramaduda, kacariyos ingkang wontên pakarangan samadyaning wana, mangkya Dèwi Maira karaos anyakiti badhe darbe putra. Ing nalika punika wontên brahmana prapta, pinanggihan dening Arya Saratimantra, sarêng sampun sinambrama ing pambagya tinakenan sangkan paraning sêdya, winangsulan ing wuwus manis manuhara: [manuha...]

--- 6 : 131 ---

[...ra:] Kula punika brahmana saking wukir Rawisrêngga, manawi wontên ingkang sotah mastani, kula anama Brahmana Wangsa, dhatêng kula ing ngriki punika, awit mambêt gandaning jabang bayi ingkang kabêkta dening maruta. Sawêg kèndêl samantên wangsulanira Brahmana Wangsa, Dèwi Maira babar mijil jalu, Brahmana Wangsa lajêng angsung nama Jaka Maruta, apêparab Kăngsa, lajêng sami kaboyongan dhatêng wukir Rawisrêngga, Arya Saratimantra umiring saha wadya para ditya sadaya.

Amarêngi masa asuji, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Pramaduda, kacariyos nagari ing Madura, mangkya garwa nata Dèwi Rohini, ambabar mijil jalu pêthak mulus, botên antawis dangu garwa nata Dèwi Dewani ambabar mijil jalu cêmêng mulun[24]. Ingkang ibu seda konduran, putra ingkang cêmêng mulus lajêng kaparingakên dhatêng Dèwi Rohini, mila ing nalika punika Dèwi Rohini kasub ing sanagari winastan apêputra kêmbar sami jalu gondhang kasih, kayêktosan dening anêsêpi putra kêkalih, sarêng ing antawis dintên Prabu Basudewa antuk wasitaning dewa, manawi badhe widada putra kêkalih punika, kaparingêna dhatêng tiyang juru pangon maesa lêmbu, kang awasta Sang Nandagopa, karan Buyut Antyagopa ing Widarakandhang, [Wi...]

--- 6 : 132 ---

[...darakandhang,] somahing Sang Nandagopa, kang awasta Kèn Yasodha nuju darbe putra dhampit, sawêg sinapih enggal. Ya ta Prabu Basudewa dupi antuk wasitaning dewa makatên punika, têka andadosakên sungkawaning driya, lajêng animbali ari nata Radèn Arya Prabu Rukma, winartosan dènira antuk wasitaning dewa, makatên wau dahat angungun, ing wêkasan Radèn Arya Prabu Rukma kautus dhatêng Widarakandhang amaringakên putra nata sakalihan, kinèn lampah sêsilipan sampun ngantos wontên ingkang uninga, Radèn Arya Prabu Rukma ananggapi karsaning raka nata, lajêng amangkat ing dalu ambêkta putra nata sakalihan amung kanthi êmban èstri kemawon. Dumugi ing Widarakandhang kapanggih kalihan Buyut Nandagopa, sampun kadhawuhakên ingkang dados karsa nata sadaya, buyut Nandagopa langkung suka anampèni atmajandra[25] sakalihan, lajêng kasêsêpan dhatêng Kèn Yasodha. Ing nalika punika Sang Hyang Naradha tumêdhak amaringi namanipun putra nata, ingkang sêpuh pêthak mulus, nama Radèn Karsana, inggih Radèn Kakrasana, jinatosakên manawi punika panuksmanipun Bathara Laksmana Sadu akalihan Bathara Basuki. Ingkang anèm [a...]

--- 6 : 133 ---

[...nèm] cêmêng mulus, nama Radèn Krêsna, inggih Radèn Narayana, jinatosakên manawi punika panuksmanipun Sang Hyang Wisnu, ing wêkasan Buyut Nandagopa winarah manawi narpatmaja kalih pisan punika badhe dados mêngsahipun kujana kang anama Kăngsa, mila kinèn angati-ati dènira mulasara supados ing têmbe sampun ngantos kuciwa, Buyut Nandagopa nêmbah matur sandika amituhu, sasampunipun makatên Sang Hyang Naradha muksa, nuntên Arya Prabu Rukma kondur dhatêng Madura, angaturakên salwiring lêlampahan sadaya, Prabu Basudewa langkung suka sukur.

_________

Panunggilanipun Bab Kaping 7.

Perangan ăngka 6, nama Sêrat Wandhalaksana.

Kaanggit dening Êmpu Ragarunting ing Mamênang, saking karsanipun Prabu Aji Jayabaya, nata binathara ing nagari Kadhiri, pangangitipun nalika taun surya sangkala 853, kaetang ing taun candrasangkala amarêngi 879.

Wiyosipun, mênggah ingkang dados bêbukaning cariyos, salêbêtipun ing taun Prasutpadi, etanging [e...]

--- 6 : 134 ---

[...tanging] taun surya sangkala 679, tinêngêran trusthaning wiku angraras barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 699, tinêngêran rudra muka angoyag langit.

Amarêngi masa pusa, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya garwa nata Dèwi Kunthi ambabar mijil bungkus, ing nalika punika Bagawan Abiyasa kaaturan rawuh, Prabu Dewanata anuwun ruwat putra, dèrèng ngantos karuwat, Sang Hyang Bayu tumêdhak amundhut putra ingkang mijil bungkus, ingaturakên sami sanalika lajêng kabêkta mêsat angambara, dhinawahakên wontên samadyaning wana Wandhalaksana, prênah salèring Banakêling, ing ngriku andadosakên gara-gara angin păncawora gora riwut amaradini triloka. Nuntên Sang Hyang Surapati anuduh sagunging para dewa sami kinèn angruwat bungkus punika, ananging botên wontên ingkang lêbda karya, mila sutaning Gajendrairawana kang awasta Gajah Sena, dhinawuhan tumêdhak kinèn angruwata. Dupi prapta ing Wandhalaksana, Gajah Sena kagyat asmu katrêsan dènira aningali wujuding bungkus, tansah mijil bayu bajra sarta kapiyarsa swaranira gêrêng-gêrêng masingha nadha, nuntên Sang Hyang Naradha tumêdhak, [tumê...]

--- 6 : 135 ---

[...dhak,] sarywa ngatag dhatêng Gajah Sena, kinèn enggal angruwat bungkus punika sampun ngantos ajrih-ajrih, ing antawis mêndhaning bayu bajra Gajah Sena tanpa rêringa dènira anggadhing bungkus, sarêng pêcah mijil jabang bayi jalu agêng inggil, molah gumasah angebahakên pratala sabawa gumalêgêr amijilakên bayu bajra, Gajah Sena kasampe pêjah kuwănda musna, kacariyos dados bayuning jabang bayi. Ing nalika punika Sang Hyang Bayu tumêdhak, jabang bayi sinambut kabêkta mêsat angambara, tinurunakên dhatêng Ngastina katampèn dhatêng Prabu Dewanata, Sang Hyang Bayu awêwarti salwiring lêlampahan, kala wontên ing Wandhalaksana, sarta amaringi namaning jabang bayi Radèn Bima, inggih Radèn Bimasena, inggih Radèn Bratasena, apêparab Bayuputra, Prabu Dewanata langkung suka wotsari anuwun, sarêng Sang Hyang Bayu muksa, Bagawan Abiyasa amaringi nama Radèn Wrêkodhara.

Ya ta kawuwusa sami sanalika punika, bungkusipun Radèn Bima kabêkta mêsat dening Sang Hyang Naradha, kabêkta dhatêng Gitacala samadyaning wana ing Banakêling, inggih punika padhepokanipun Bagawan Sapwani, putraning Bagawan Dhandhaka, raja pandhita ing nagari Sindu. Sang Hyang Naradha dumugi [du...]

--- 6 : 136 ---

[...mugi] ing ngriku amarêngi Bagawan Sapwani sagarwa samya mêmuja anuwun parmaning dewa sagêda pêputra jalu kang asakti santosa sarwa laksana. Sang Hyang Naradha lajêng amaringakên bungkus minăngka sarana, kinèn angêkuma ing tirta kaskaya, inggih punika tirta jawah sapisan, kainuma jalu èstri ing sabên têngah dalu. Sarêng bungkus katampèn dhatêng Bagawan Sapwani, Sang Hyang Naradha muksa, kala samantên sampun kalampahan ing sadhawahipun Sang Hyang Naradha, katêmahan garwanipun Bagawan Sapwani anggarbini.

Ing mangkya amangsuli cariyos, kala lairipun Radèn Bima mêdal bungkus, punika sarêng sadintên Dèwi Anggandari, ambabar warni wungkulan daging, lajêng rinuwat dhatêng Bagawan Abiyasa dados jabang bayi katiga èstri: 1. jalu pinaringan nama Radèn Duryodhana, 2. jalu pinaringan nama Radèn Dursasana, 3. èstri pinaringan nama Dèwi Dursilawati. Mila sami pinaringan nama makatên, dene lairipun salah rupa wujud wungkulan daging, anjawi saking sabab salah rupa, Bagawan Abiyasa botên kasamaran manawi katiga pisan punika sami titising detya, ingkang sêpuh panuksmanipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, ingkang panêngah panuksmanipun Arya Kumbakarna, ingkang anèm panuksmanipun [panuksma...]

--- 6 : 137 ---

[...nipun] Dèwi Srupanaka, sasampunipun makatên, kacariyos ing nalika punika Dèwi Anggandari kemutan dènira prasêtya, manawi ingkang putra dados mêngsahipun putraning Pandhu, kayêktosanipun ing mangke amung pêputra tiga èstri, rinaos badhe karoban mêngsah, awit garwanipun Prabu Dewanata kêkalih saèstu badhe kathah putranipun, dados Dèwi Anggandari akarya pangupadi, ing sabên dalu angladosakên pawongan satunggal-satunggal, pinanganggèn ing busana sarwendah sarta solah bawanipun kinèn anulad kados Dèwi Anggandari, sarêng sampun kalampahan para cèthi cinangkraman dening Radèn Arya Prabu Drêtarasthra, ing têmahan sami anggarbini sadaya.

Amarêngi masa asuji, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Prasutpadi, kaetang ing taun surya sangkala 679, kaetang ing taun candrasangkala, sampun angsal 700 warsa, tinêngêran bumanya swarane muluk.

Kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya para pawonganipun Dèwi Anggandari sami ambabar mijil jalu, wontên ingkang sarêng sadintên, wontên ingkang gêntos dintên, miwah [mi...]

--- 6 : 138 ---

[...wah] wontên ingkang mêdal kêmbar, ngantos jangkêp satus kalêbêt putranipun Dèwi Anggandari katiga èstri wau punika, saking cariyos sami katitipan atmaning para raksasa ing Ngalêngka sadaya.

Taksih sami salêbêting masa asuji, ing warsa Prasutpadi, kacariyos padhepokan ing Gitacala, mangkya garwanipun Bagawan Sapwani ambabar mijil jalu, sinungan nama Bambang Sindura.

Salêbêtipun ing warsa Anggila, etanging taun surya sangkala 680, tinêngêran tanpa sarira angrasa barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 701, tinêngêran suta barakaning rêsi.

Amarêngi masa srawana, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Dewanata kadhatêngan warana[26] sagêd tata janma, sarta wanudya labêting awirya, sasampunipun sinambrama ing pambagya, dinangu ing sangkan paran miwah kang sinambat ing wêwanginipun. Aturing wanara: Kawula punika rewănda kala jamanipun Prabu Ramawijaya, ing Ngayudya kalêbêt ulucumbu, awasta Kapi Jambawan, apêparab Jambuwana, kaparingan semah putranipun Prabu Wibisana ing Ngalêngka, awasta Trijatha, sowan kawula mariki punika [pu...]

--- 6 : 139 ---

[...nika] anglampahi wasitaning dewa, bêbukanipun anggèn kawula antuk wasita awit dening ginubêl dhatêng semah Dèwi Trijatha, sampun langkung satus taun panggihipun kalihan kawula dèrèng darbe suta, punika kawula lajêng anungku puja samadi antuk wasitaning dewa makatên: Sira anuwuna pitulung marang kadange tuwa ratu ing Ngastina, sayêkti bisa sêsuta, mila kalampahan kawula sowan ing panjênêngan paduka punika, anyumanggakakên jiwa raga. Ya ta Prabu Dewanata duk amiyarsa ing atur wêwangsulaning Kapi Jambawan makatên punika têka rumaos wêlas, nuntên angaturi ingkang raka prapta, sampun kasaosan uninga salwiring lêlampahanipun Sang Kapi Jambawan sadaya. Arya Prabu Drêtarasthra langkung ngungun, ing ngriku Dèwi Trijatha kadhawahan marêk lajêng kadêmèk lambungipun sarywa ngandika: Bakal darbe suta wadon sawiji, Kapi Jambawan akalihan Dèwi Trijatha dupi amiyarsa winêca makatên punika dahat suka sukur, aturipun manawi kaparênga badhe sumawita pisan wontên ing Ngastina, Prabu Dewanata anayogyani, botên lami anuwun prênah wontên ing wukir kang aparêk lèpèn, lajêng kaparingan padaning Găndamadana.

--- 6 : 140 ---

Salêbêting warsa Istrimuka, etanging taun surya sangkala ăngka 681, tinêngêran putra murti angrasa malêtik. Kaetang ing taun candrasangkala 702, tinêngêran anêmbah barakaning rêsi.

Amarêngi masa palguna, kacariyos malih nagari Ngastina, mangkya garwa nata Dèwi Kunthi ambabar putra mijil jalu, pinaringan nama Radèn Palguna, awit miyosipun anuju masa Palguna.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Istrimuka, kacariyos nagari ing Madura, mangkya Prabu Basudewa amaringi prênah dhatêng ingkang rayi kêkalih: 1. Radèn Arya Prabu Rukma, kinèn abêbadhe wontên dhusun karajan ing Kumbina, paminggiring wana ing Boja, kaparingan nama Prabu Bismaka, ajêjuluk Prabu Iranyaroma, 2. Radèn Arya Ugrasena, kinèn abêbadhe wontên dhusun pabandaran ing Lesanpura, kaparingan nama Prabu Satyajit, angkatipun sakalihan sarêng sami salêbêting masa srawana, dumugi ing panggenanipun sowang-sowang, lajêng sami karya gatraning kitha, sarêng sampun dados, nagarinipun Prabu Bismaka, winastan ing Kubina, nagarinipun Prabu Satyajit, [Sa...]

--- 6 : 141 ---

[...tyajit,] taksih winastan ing Lesanpura, kala samantên kawuryan rarasing praja raharja.

Salêbêtipun ing warsa Pawa, etanging taun surya sangkala ăngka 682, tinêngêran kêmbaraning sarira angrasa barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 703, tinêngêran wedha tanpa swara.

Amarêngi masa sitra, kacariyos nagari Ngastina, mangkya garwa nata Dèwi Madri ambabar miyos kêmbar sami jalu: 1. pinaringan nama Radèn Nangkula, 2. pinaringan nama Radèn Sadewa, ing nalika punika wontên dewa kêkalih sami tumêdhak, Bathara Aswa, amundhut putra dhatêng Radèn Nangkula, 2. Bathara Aswi, amundhut putra dhatêng Radèn Sadewa, sarta mawi maringi têtêngêr kalung maniara.

Salêbêtipun ing warsa Ipa, etanging taun surya sangkala ăngka 683, tinêngêran gunaning brahmana angraras kamuksan. Kaetang ing taun candrasangkala 704, tinêngêran yogya musna kaswarèng wiyat.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari Wiratha, mangkya Prabu Matswapati karsa angadani pacangkraman wontên [wontê...]

--- 6 : 142 ---

[...n] ing Ngawu-ngawu, prênah kidul wetaning praja, sarêng sampun dados winastan ing Sukendra, Prabu Matswapati enggal-enggal têdhak cangkrama ambêbingah wadya punggawa.

Amarêngi masa manggasri, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Ipa, kacariyos ing nagari Baratmadya tanah sabrang Atasangin, wontên ingkang jumênêng raja pandhita anama Rêsi Baradwaja, ing nalika punika badhe amiwaha putra Bambang Kumbayana, antuk putraning brahmana rêsi, raja pandhita ing Madhêndha, ananging Bambang Kumbayana mopo, kêdah badhe nyuwun jatukrama widadari, kang rama langkung duka, pangandikanipun anguman-uman, hèh kadang-kadang sutaning êjun mono kudu anèh lan wong akèh, panguman-umaning Rêsi Baradwaja, makatên punika kacariyosakên ingkang dados bêbuka, kala rumuhun Rêsi Baradwaja, garwanipun anama Dèwi Yoni, putraning Rêsi Patmayana, sarêng Dèwi Yoni anggarbini, pambabaripun mijil uwêl, Dèwi Yoni seda konduran layon muksa. Uwêl punika lajêng winadhahan ing êjun kabêkta dhatêng ngarsanipun rinuwat dening Bagawan Maruta, atêmahanipun dados jabang bayi wontên salêbêting êjun, dipun namani Bambang Kumbayana. Sarêng alami-lami dumugining [dumu...]

--- 6 : 143 ---

[...gining] masa badhe pinakramakakên mopo, ngantos andadosakên dêdukanipun ingkang rama, kalampahan Bambang Kumbayana tinundhung saking Baratmadya, lajêng kesah tanpa rowang botên kantênan ingkang sinêdya, ing samargi-margi tansah anungku puja samadi minta parmaning jawata. Sarèhning kusuma sudira brata kalabêtan saking cuwa murang wêwulanging rama, dados ing mangke kadhatêngan cobaning jawata. Dupi lampahira Bambang Kumbayana kapambêngan samudra botên wontên baita, ing ngriku Dèwi Wilotama tumêdhak amêmindha kapal sêmbrani, mêndhak-mêndhak wontên ing ngarsa, sasmitanipun kadi lumampah tinitihana, sarêng Bambang Kumbayana anitih lajêng kabêkta lumampah lon-lonan wontên saluhuring toya. Ya ta Bambang Kumbayana ing sadangunipun anitih têka rumaos kasmaran dhatêng kuda sêmbrani punika, têmahan korut rasanira dhumawah ing toya awor kalihan uruh salêbêting samudra. Kuda sêmbrani botên kasamaran lajêng anyarab rahsa punika, saking pandoning Hyang Wisesa ing têmahan kuda sêmbrani anggarbini, kawasaning widadari amung angetang wanci, mila sarêng dumugi ing dharatan, kuda sêmbrani ambabar mijil janma priya, Bambang Kumbayana angungun dènira mulat. Ing nalika [nali...]

--- 6 : 144 ---

[...ka] punika kuda sêmbrani muwus sajarwa kala anyarab rahsa, mangkana Bambang Kumbayana duk miyarsa dahat bramantya awit dènira rumaos kaerang-erang ing lêlampahanipun, kuda sêmbrani jinêmparing kababaran dados Dèwi Wilotama, lajêng sajarwa ing nama angakên manawi anglampahi dhawahipun Sang Hyang Surapati, kinèn anyoba dadosing lêlampahanira Bambang Kumbayana. Sasampunipun Dèwi Wilotama sajarwa makatên, lajêng amaringi namaning putra Bambang Aswatama, botên antawis dangu Dèwi Wilotama muksa, Bambang Kumbayana kantun anggana sarwi amangku putra ingkang tansah anêsêp darijinira pribadi.

Ya ta gantya kawuwusa sarênganing lêlampahan, nagari ing Timpurusa wontên ingkang jumênêng nata, anama Prabu Purungga, inggih Prabu Purunggaji, darbe putra kêkalih èstri jalu, anama Dèwi Kêrpi, ajêjuluk Dèwi Rupini, 2. jalu, anama Radèn Kêrpa, ing nalika punika Prabu Purungga sawêg kataman sungkawa dènira ginubêl dhatêng putra èstri Dèwi Kêrpi, awit supêna dados garwanipun Bambang Kumbayana, panangisira Dèwi Kêrpi ingkang rama kaaturan ngupadosi, Prabu Purungga lajêng utusan ingkang putra Radèn Kêrpa kinèn anênular pawarti, nanging

--- 6 : 145 ---

amung kadamêl angecani manahipun Dèwi Kêrpi kemawon, awit sampun kapacangakên akalihan pulunanipun kang wasta Radèn Carya, dados prabu anom ing Timpurusa, mila ing lampahira Radèn Kêrpa botên patos angungsêd ing pangingsêpipun. Ya ta kaelokaning dewa dumadakan Radèn Kêrpa, anandhang sangkala wontên ing purug, kabujung sawêr agêng kagiri-giri gra magalak, ing ngriku katulungan dhatêng Bambang Kumbayana, taksaka jinêmparing pêjah kuwănda muksa lajêng katingal wontên wanudya ayu endah inggih punika Dèwi Kêrpi, saking dènira amêsu cipta tinurutan dening kang kawasa, salêbêting anendra ing dalu Dèwi Kêrpi kamalihakên warni taksaka lajêng mêsat angambara botên wontên ingkang uninga, sarêng Radèn Kêrpa sumêrêp kadangipun sêpuh prapta tanpa sangkan, sangêt pangunguning galih lajêng tinangisan, botên antawis dangu Sang Hyang Naradha tumêdhak akalihan widadari anama Dèwi Janapadhi, inggih punika ingkang ibu Dèwi Kêrpi akalihan Radèn Kêrpa, pangandikanipun Sang Hyang Naradha: Lah kêrpi kêrpa sayogyane padha angabêktia marang Dèwi Janapadhi, iki sajatine kang anganakake ing sira, Dèwi Kêrpi akalihan Radèn Kêrpa,

--- 6 : 146 ---

lajêng sami angabêkti dhatêng ingkang ibu, Sang Hyang Naradha angandika malih: Lah Janapadhi, karsaning Hyang Girinata, sutanira Si Kêrpi kaparingan momongan rare jalu aran Bambang Aswatama, iki sutaning Dèwi Wilotama, kang patutan lawan Bambang Kumbayana, Dèwi Janapadhi umatur mangayubagya, nuntên Dèwi Kêrpi ingatak kinèn anyandhak rare jalu, dupi cinandhak saking karsaning ingkang kawasa pambayuning Dèwi Kêrpi mijil santênipun. Bambang Aswatama lajêng anêsêp kadi dhatêng ingkang ibu pribadi, sasampunipun makatên Sang Hyang Naradha muksa, Dèwi Janapadhi kantun amomong putra wayah, lajêng anyipta wisma saisèn-isènipun sadaya, sarêng antawis dintên Radèn Kêrpa kinèn angaturi uninga ing rama nata mangkat.

Ya ta kacariyos Prabu Purungga badhe kumêdah angupadosi priyăngga, katungka praptanipun Radèn Kêrpa, angaturakên salwiring lêlampahan saking wiwitan dumugi ing wêkasan. Prabu Purungga duk amiyarsa langkung ngungun, têmah andadosakên kasêsaning galih daya-daya kapanggiha, kala samantên lajêng tata-tata, sarêng sampun sarwa samapta mangkat lêlancaran kewala, dumugi ing muara kapanggih akalihan Dèwi Janapadhi, sarta ingkang putra Dèwi [Dè...]

--- 6 : 147 ---

[...wi] Kêrpi sami wartos-winartosan andadosakên suka sukur, ing antawis dintên kaboyongan dhatêng Timpurusa, winiwaha dhaupipun Dèwi Kêrpi akalihan Bambang Kumbayana, sinaksènan dening widadara-widadari ing suralaya sadaya.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Ipa, kacariyos malih nagari ing Timpurusa, mangkya Prabu Anom Radèn Carya pinakramakakên antuk putraning Brahmana Ludha, anama Dèwi Paruti, winiwaha dhaupipun andhatêngakên suka.

Salêbêtipun ing warsa Tadu, etanging taun surya sangkala ăngka 684, tinêngêran warna murti angrasa barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 705, tinêngêran tata tanpa swara.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos nagari ing Wiratha, mangkya Prabu Matswapati, Karpa ayasa patamanan, winastan ing taman Kicaka, sangkêp saisèn-isènipun sarwa sri raras kawuryan, utawi uparênganipun kadi taman ing Endrabawana.

Salêbêtipun ing warsa Iswara, etanging taun surya sangkala 685, tinêngêran tataning brahmana rêtu.

--- 6 : 148 ---

Kaetang ing taun candrasangkala 706, tinêngêran obahing boma kaswarèng wiyat.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari Wiratha, mangkya Prabu Matswapati, arsa angadani pagrogolan, angubêngi pamedan sajawining kitha, winastan ing pamrêgan.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Iswara. Gêntos kacariyos ing wukir Mèstri, wontên pandhita tata tapa, anama Rêsi Metreya, yoganing Bagawan Metra, raja pandhita ingkang mangasrama pucaking wukir ing Imalaya, Rêsi Metreya kamantu dening Rêsi Basusara, antuk Endhang Basusi, kadangipun sêpuh Sang Wasibaswara, Rêsi Basusara, punika putraning Rêsi Basudara, dene Rêsi Basudara putraning Rêsi Basunanda, Rêsi Basunanda ingkang rayi Prabu Basukèsthi ing Wiratha. Wangsul ingkang kacariyosakên lêlampahanipun Rêsi Metreya, amarêngi muja samadi, antuk parmaning dewa, pinaringan măntra andhatêngakên parasdya, pamatêking măntra punika, ing salaminipun amung kawangênan kaping tiga, sarta winalêran botên kenging manawi ngantos awêwartia ing sasaminipun. Sarêng Rêsi Metreya mêdal saking ing pamêlêngan, [pamê...]

--- 6 : 149 ---

[...lêngan,] aningali ingkang garwa Endhang Basusi sawêg sungkawa dènira malarat. Rêsi Metreya kamiwêlasên lajêng angêngimur muwus pangarêm-arêm: Lah yayi luwarên sungkawaning driya dènira anandhang sudra papa, ing mêngko saantara yêkti ana parmaning dewa, Endhang Basusi têtakèn sangkaning antuk parimarma, Rêsi Metreya kèndêl èsmu kaduwung dènira muwus karya pangarêm-arêming garwa, Endhang Basusi sangsaya angêngudi patakènipun, ananging botên winangsulan dhatêng Rêsi Metreya, ing nalika punika Endhang Basusi andadosakên rêngating manah rumaos botên kaendahakên, mila lajêng karuna angaru-ara, sêsambatipun manawi botên kajatosan, suka luhung kaprasapakêna kados punapa dènira nêmahi papa cintraka. Rêsi Metreya kamiwêlasên amiyarsa sêsambating garwa, mila lajêng asajarwa dènira antuk parmaning dewa, pinaringan măntra andhatêngakên parasdya, Endhang Basusi kèndêl pamularipun sarywa muwus anuwun tăndha yêkti, manawi makatên kawula badhe sumêrêp ing kayêktosanipun, warni kawula ingkang sampun awon sagêda ayu, anggèn kawula sampun sêpuh mantuka anèm malih, Rêsi Metreya kèndêl amargi dede makatên [makatê...]

--- 6 : 150 ---

[...n] sêdyanipun. Endhang Basusi karuna malih sarywa sêsambat amêlasasih, Rêsi Metreya karêrantam ing wardaya, têmah amituruti pamintaning garwa, sami sanalika Endhang Basusi malih warna ayu anèm kadi widadari saking suralaya, sarêng antawis dintên kasusra ing amăncapraja, manawi garwanipun Rêsi Metreya kang wasta Endhang Basusi sampun sêpuh sarta awon warnanipun, ing mangke dados ayu anèm kadi waranggana tumurun, kala samantên kathahing tiyang saking amăncapraja sami prapta anêningali, wontên ingkang angalêmbana, wontên ingkang lajêng jawat. Wêkasan andadosakên sungkawanira Endhang Basusi, sarta Rêsi Metreya anggung kabangan saking dènira butaajêngan. Mila lajêng amatêk măntra malih, panuwuning dewa mugi Endhang Basusi kaparingana warni awon malih, sami sanalika Endhang Basusi warni awon sangêt malah dados srênggala, kala samantên sangsaya sami misuwur têmahan damêl pangunguning manahipun tiyang amăncapraja, jêjêl ingkang sami nêningali, sarta angerang-erang, ngantos andadosakên ing kalingsêmanipun Endhang Basusi, akalihan Rêsi Metreya, mila lajêng amatêk măntra malih, panuwunira ing dewa mugi Endhang Basusi kawaluyakêna [kawaluya...]

--- 6 : 151 ---

[...kêna] kados warnanipun lami, sami sanalika Endhang Basusi mantuk warnanipun lami malih, Rêsi Metreya akalihan Endhang Basusi sami analăngsa nuwun pangaksamaning dewa, tansah anungku puja samadi wontên ing pamêlêngan, botên lami antuk parmaning dewa sami kaparingan sagêd damêl kancana, andadosakên kacêkapanipun sakalihan.

Salêbêtipun ing warsa Wakdaniya, etanging taun surya sangkala 686, tinêngêran basing pangèsthi angebahakên gêgana. Kaetang ing taun candrasangkala 707, tinêngêran rêsi muksa kaswarèng barakan.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Dewanata, karsa angadani pagrogolan wontên ing wana paminggir sajawining kikising kitha padu sakawan, ing wetan, ing kilèn, ing kidul, ing lèr, sasampunipun sami dados, nuntên sagunging wadya gêrma kirata kadhawahan ambêrêg sato wana, kinèn anglêbêtakên pagrogolan.

Salêbêtipun ing warsa Pramadi, etanging taun surya sangkala ăngka 687, tinêngêran sukaning pangèsthi

--- 6 : 152 ---

angraras swarga. Kaetang ing taun candrasangkala 708, tinêngêran dirada barakan swara.

Amarêngi masa manggasri, kacariyos malih nagari Ngastina, mangkya Prabu Dewanata, karsa amêwahi wêwangunan salêbêting pura, pasangrakitipun rinaras kadi ing Endrabawana, sarta angewahi uparêngganing taman udyana winangun kadi Asmaracakra.

Salêbêtipun ing warsa Wikrama, etanging taun surya sangkala 688, tinêngêran angèsthi manggalaning tahên. Kaetang ing taun candrasangkala 709, tinêngêran rudra muksa kaswarèng wiyat.

Amarêngi masa sitra, kacariyos malih nagari Ngastina, mangkya Prabu Dewanata, dhawah angupados ingkang sami adi aèng sarwa pèni warninipun, kados ta: sato, paksi, mina, miwah parakitri[27] sêsêkaran, badhe kinarya isèn-isèning taman udyana, botên antawis lami para wadya ingkang dinuta sami angsal damêl, lajêng kaprênahakên wontên panggenanipun sowang-sowang, ing ngriku amêwahi raras srining taman udyana.

Salêbêtipun ing warsa Wila, etanging taun surya sangkala ăngka 689, tinêngêran ragoning brahmana [brahma...]

--- 6 : 153 ---

[...na] angraras kamuksan. Kaetang ing taun candrasangkala 710, tinêngêran muksaning ratu kaswarèng langit.

Amarêngi masa srawana, kacariyos malih nagari Ngastina, mangkya Prabu Dewanata, kadhatêngan sêsikuning dewa dènira mangun kadhaton rinaras ing Endrabawana. Awiyos ingkang dados bêbukanipun makatên, sampun antawis lami wontên yoganipun Sang Hyang Yama angejawantah jumênêng raja pandhita, anama Rêsi Suhatra, mangasrama ing wukir Kilasa, punika darbe karsa dhatêng Rara Rago, sutaning Êmpu Dwara kamisêpuhing dhusun Drukila, parêk akalihan padhepokanipun Rêsi Suhatra, ananging Êmpu Dwara botên anêmbadani, awit dènira kuciwa ing warni botên timbang akalihan Rara Rago, adrênging karsanipun Rêsi Suhatra ing têmahan Rara Rago kamalihakên warni kidang kancana, Rêsi Suhatra amancala warni kidang ujung netra mutyara, tumuntên sakalihan sami lumajêng dhatêng wana, kadumugèn ing karsa botên wontên ingkang amunasika, Êmpu Dwara katambêtan ing lampah têmahan andadosakên dahating sungkawa, tansah anungku puja samadi nuwun wasitaning dewa, sarêng alami-lami

--- 6 : 154 ---

kawuwusa kang amalih warni kidang punika sami kenging pirantos kalêbêtakên dhatêng taman udyana ing Ngastina, tansah dènira karuna, sêsambat kadi satataning janma. Ing nalika punika Prabu Dewanata kagyat lajêng andangu karana, wangsulaning kidang kang karuna sarwi anguman-uman, hèh sang ratu kang tanpa titi pariksa, punapia têka salah karya angarubiru dhatêng titahing dewa, kang botên anangsaya, makatên punika yêktinipun kenging kasêbut amuta tuli tanpa pêpali, măngka ing bêbasanipun ratu punika kasêbut rajaniti, ing wêkasan têka kasêbut rajapati, awit dening karsa amarăngka tanpa karana. Ya ta Prabu Dewanata dupi miyarsa madêg suraning driya, kidang jinêmparing pêjah kalih pisan, kuwandaning kidang jalu muksa wangkene kidang kancana èstri waluya jatining janma, ing ngriku wontên wadya panêkar satunggal wasta Sang Nandaka, sumêrêp dhatêng kunarpa èstri punika lajêng tinangisan sarywa matur ing Prabu Dewanata, manawi wangke punika pulunanipun awasta Rara Rago, sutaning Êmpu Dwara, kamisêpuhing dhusun Drukila, Prabu Dewanata lajêng dhawah amaringakên dhatêng Êmpu Dwara, sarta pinaringan waragad ing pambêsminipun.

Mangkya kawuwusa Prabu Dewanata, sarêng mêntas anjêmparing [anjê...]

--- 6 : 155 ---

[...mparing] kidang jalu èstri lajêng anandhang gêrah, Bagawan Abiyasa rawuh awêwarah dhatêng Dèwi Kunthi, manawi Prabu Dewanata sampun pinasthi karsaning dewa botên kenging kausadan, mila Dèwi Kunthi kinèn amupus pêpasthèning titah kemawon.

Ya ta gêntos ingkang kacariyosakên, para dewa ing suralaya sami angrêmbag dènira andhawahakên sêsiku dhatêng Prabu Dewanata, dadosing rêmbag mangkya Prabu Dewanata badhe pinulung dalah raganipun lajêng kalêbêtakên kawah candradimuka, nuntên Sang Hyang Yama tumêdhak dhatêng Ngastina, sarêng badhe nyêndhal mayang dhatêng Prabu Dewanata kauningan dening Bagawan Abiyasa, mila Sang Hyang Yama tansah angèn iriban anyarantosakên manawi sagêd katungkul. Ing ngriku ngantos kaping pintên kemawon dènira ngayati mêksa kawanguran. Dados Sang Hyang Yama amarsudi wardaya, kabukaning pambudi Dèwi Madrin kapulung tanpa karana, andadosakên kagyatipun Prabu Dewanata têmah kantaka, lajêng kenging kasêndhal mayang dening Sang Hyang Yama, kabêkta mêsat angambara, nuntên Bagawan Abiyasa angraga suksma kawasa anututi, dumugi ing suralaya minta pangaksamaning dewa, supados Prabu Dewanata sampun [sa...]

--- 6 : 156 ---

[...mpun] ngantos kalêbêtakên kawah candradimuka, sakathah-kathahing dosanipun katanggêl dhatêng Bagawan Abiyasa, linintu wadal nastapaning Pandhawa, têgêsipun: sutaning Prabu Pandhu Dewanata ingkang anglampahi kasutapanipun măngka ruba ing dewa, Sang Hyang Surapati anglilani lajêng andhawahakên parentah dhatêng Sang Hyang Yama, Prabu Dewanata, kalihan Dèwi Madrin kinèn anginggahakên ing swarga, sampun kalampahan, sasampuning makatên, Bagawan Abiyasa waluya jati lajêng dhawahakên pranata dhatêng Rêsi Warabisma, kinèn angèstrèni jumênêngipun putra sêpuh, kagêntosakên ingkang rayi Prabu Dewanata, anama Prabu Drêtarasthra, jêjuluk Prabu Drêtanagara, sarêng sampun kalampahan, sagung pusakanipun Prabu Dewanata, sami kapundhut dhatêng Bagawan Abiyasa, kados ta: pustaka kalimausada, lisah tala, sapanunggalaning kang nama pusaka, saking prabu Prabu Dewanata, sami kapundhut dados gêgantungan sadaya, ing têmbe badhe kaparingakên dhatêng ingkang badhe ambawani ing bawana, Prabu Drêtarasthra, anyumanggakakên, nuntên Bagawan Abiyasa kondur dhatêng Saptarga, sarta Dèwi Kunthi, saputranipun gangsal, dalah para wadya punggawa ingkang sêpuh-sêpuh sami kabêkta sadaya, ing nalika [nali...]

--- 6 : 157 ---

[...ka] punika, kacariyos para wadya punggawa kathah ingkang miruda saking Ngastina, dhatêng amăncapraja, kados ta: Arya Bargawa, dhatêng Pancala, dados pandhita, Arya Praharana, dhatêng Madura, dados săgata, Arya Yudistha dhatêng Madraka, dados mahamuni, Arya Bilawa, dhatêng Wiratha, dados panjuru, amargi sami karaos-raos ing samuksanipun Prabu Dewanata, prasasat êmbanan tanpa sotya.

Salêbêting warsa Sitrapanu, etanging taun surya sangkala 690, tinêngêran tanpa gatra rêtuning barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 711, tinêngêran rupa janma kaswarèng wiyat.

Amarêngi masa manggakala, kacariyos malih nagari Ngastina, mangkya kaparag ing pagring agêng botên kenging tinambak, Prabu Drêtarasthra dahat sungkawa lajêng utusan angaturi uninga dhatêng Saptarga, Bagawan Abiyasa têdhak dhatêng Ngastina, Prabu Drêtarasthra matur nyuwun tumbal. Pangandikanipun Bagawan Abiyasa: Mungguh ananing lêlara iki jalaran săngka lali, manawa sira eling maring pulunanira Pandhawa sayêkti dadi raharjaning praja, karana kang kasêbut [kasêbu...]

--- 6 : 158 ---

[...t] ing bêbasan, tulusing anapak tilasan iku wêlasa maring kang atêtilas, liring bêbasan mangkana iku sira wajib angopènana maring Pandhawa sabrayat têkan sakawulawargane pisan, prênahêna ana ing papan panggonan kang aprayoga, pancènana pangane sabên kala măngsa, manawa kalakon ing pakon ingsun, sayêkti tanpa antara sirêping pagêblug iki, aturing Prabu Drêtarasthra inggih sandika nglampahi, ing nalika punika lajêng utusan nimbali Dèwi Kunthi saputranipun Pandhawa gangsal. Ing antawis dintên prapta sampun sami kaprênahakên, wontên sajawinipun pura parêk kalihan taman udyana, kala samantên pagring lajêng sirêp tanpa karana, nuntên Bagawan Abiyasa kondur dhatêng Saptarga, para kamisêpuh lajêng kinèn angêmăng Pandhawa gangsal.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Sitrapanu, gêntos kacariyos sarênganing lêlampahan, Bambang Kumbayana nguni salaminipun wontên nagari ing Timpurusa, tansah ginubêl dhatêng ingkang garwa Dèwi Kêrpi sagêda pêputra, supados wontêna rencangipun Bambang Aswatama, sarèhning Bambang Kumbayana botên sagêd amituhoni dados amilalu lolos [lolo...]

--- 6 : 159 ---

[...s] saking ing Timpurusa tanpa wadya, angagêm busana cara pandhita, ing nalika punika Dèwi Kêrpi amothah dhatêng ingkang rama supados karsaa utusan angupadosi, Prabu Purunggaji gadgada ing galih lajêng anglampahakên punggawa kinèn angruruh pawartos.

Kawuwusa Bambang Kumbayana wontên samadyaning wanapringga tansah atajin dhahar nendra, kang kaèsdhi[28] badhe dhatêng nagari ing Pancala angupadosi Radèn Sucitra, angungsi dhatêng Ngastina, ing ngriku Bambang Kumbayana lajêng dhatêng Ngastina, sarêng antawis dumugi kikisan praja antuk pawartos manawi Radèn Sucitra sampun pindhah dhatêng ing Capalaradya, mila Bambang Kumbayana anglajêngakên lampahipun. Botên antawis lami dumugi ing salêbêting nagari ing Capalaradya, ananging dèrèng antuk pawartos sajati, dados Bambang Kumbayana lajêng dhatêng panangkilan, kauningan dening Radèn Arya Găndamana, Bambang Kumbayana dinangu ing sangkan paran miwah namanira, amangsuli tanpa krama, manawi saking ing Timpurusa, anama Bambang Kumbayana sêdya angupadosi pawong mitranipun raja putra ing Pancala, kang awasta Radèn Sucitra. Radèn Arya Găndamana amangsuli têmbung tanpa rêringa hèh wiku dama kang

--- 6 : 160 ---

atinggal parikrama, wruhanira ing kene boya ana kang aran Sucitra iku. Bambang Kumbayana amangsuli têmbung sugal, nirbaya nir wikara, yèn ing kene ora ana amung amitulungana angruruh pawartos kewala. Radèn Arya Găndamana botên anyagahi, sadangunipun suwela mangke wêkasan dados păncakara langkung rame gêntos kalindhih. Sarêng sami angêtog karosan, Bambang Kumbayana kasoran lajêng pinisakitan ngantos satêngah pêjah, kauningan dening Prabu Drupada botên supe manawi punika Bambang Kumbayana, raja putra ing Baratmadya, mila Radèn Arya Găndamana botên kalilan amasisakakên, amung kadhawahan bucal dhatêng wana kemawon sami sanalika sanpun[29] kalampahan. Sarêng Bambang Kumbayana waluya dening pamulasaraning ing tiyang ngambil wrêksa, lajêng kabêkta dhatêng ing padhêkahan ing Sokalima, tumut ing karajan ing Ngaicakra, kabawah dhatêng Capalaradya, wontên ing ngriku Bambang Kumbayana tansah sinungga-sungga dhatêng bêbuyuting Sokalima, kang awasta Sang Purotama, ing wêkasan Bambang Kumbayana darbe prabawa andhatêngakên kabêgyan. Kala samantên Sang Purotama, sakawulawarganipun sami kadulurakên bêgya sadaya. [sa...]

--- 6 : 161 ---

[...daya.] Ya ta kawuwusa Sang Purotama darbe ari jalu sumawita wontên ing Ngastina awasta Sang Purocana, punika asring matur dhatêng Rêsi Warabisma, manawi padhêkahan ing Sokalima wontên pandhita kasêbut nama Dhanghyang Kumbayana, ajêjuluk Dhanghyang Druna, kalêbêt kathah kagunanipun, pantês manawi dadosa puruhita, Rêsi Warabisma kasêmbadan ing karsa lajêng têdhak ing Sokalima, angyêktosakên kasudibyanipun kang kasêbut nama Dhanghyang Druna, sarêng sampun kawuryan salwiring guna sadaya, Dhanghyang Druna lajêng kabêkta dhatêng Ngastina, kaparêngan ing nalika punika praptanipun Dèwi Kêrpi, akalihan Radèn Kêrpa, kapanggih kalihan Dhanghyang Druna. Ya ta Radèn Kêrpa awêwartos manawi ingkang rama Prabu Purunggaji sampun muksa, kagêntosan Prabu Carya, Dhanghyang Druna angungun lajêng gêntos anyariyosakên ing lêlampahanipun. Radèn Kêrpa langkung ngungun asmu kabangan bangun alin-alining nala, kang dèn ănta-ănta Radèn Arya Găndamana, kapan-kapan kapanggiha badhe arsa malês amisakit, ananging pinambêngan dhatêng Rêsi Warabisma, mila Radèn Kêrpa kasrêpan asrênging karsa, ing antawis dintên Rêsi Warabisma matur dhatêng Prabu Drêtarasthra, manawi kaparênga putra nata para Kurawa akalihan [a...]

--- 6 : 162 ---

[...kalihan] Pandhawa sami kapuruhitakakên dhatêng Dhanghyang Druna miwah Kêrpa, ingkang supados amindhaka kasudibyanipun, awit dening kalih pisan punika kalêbêt sami widagda ing kadigdayan. Prabu Drêtarasthra kasêmbadan ing karsa, kala samantên para putra nata Kurawa akalihan Pandhawa lajêng sami kapuruhitakakên dhatêng Dhanghyang Druna miwah Kêrpa, sarêng sampun sarwa widagda sadaya, Dhanghyang Druna minta pituwas dènira mêmulang dhatêng Kurawa, Pandhawa, sagêda anyêpêng Arya Găndamana, nuntên Kurawa Pandhawa, sami matur ing rama Prabu Drêtarasthra, akalihan lajêng atata-tata samaktaning ayuda, ing antawis dintên budhal saha wadyabala kuswa anglurug dhatêng Capalaradya, ingkang pinăngka pangiriting prang Dhanghyang Druna akalihan Kêrpa.

Kawuwusa Prabu Drupada dahat sungkawa dènira kalurugan saking Ngastina, aprakawis Arya Găndamana, mila ing mangke nantun ingkang rayi Arya Găndamana, punapa anutut punapa ambragagah, aturipun inggih sumêdya anglawani, ing ngriku lajêng kalilan mêdal kinèn amêthukakên mêngsah saking Ngastina, campuhing prang para Kurawa kawon, nuntên Pandhawa mangsah Arya Găndamana kapêthuk dening Radèn Bima, Prabu Drupada mangsah mangusir kawon dening

--- 6 : 163 ---

Radèn Arjuna wêkasan anungkul. Katur ing Dhanghyang Druna, lajêng sami kabêkta dhatêng Ngastina, ing samargi-margi Arya Găndamana tansah pinisakitan ngantos mèh pêjah satêngah kantaka, sarêng dumugi ing Ngastina katur dhatêng Prabu Drêtarasthra, Arya Găndamana kinèn angluwari Dhanghyang Druna tinantun wêkasaning karsa matur aminta ingkang minăngka panêbusing Arya Găndamana, siti bawah ing Capalaradya satus. Karajaning Ngaicatra sapadhêkahanipun ing Sokalima, kadhawahakên dhatêng Prabu Drupada matur sumăngga ing karsa, sarêng ing antawis dintên, Prabu Drupada kalilan kondur bêkta Radèn Arya Găndamana, dumugi ing Capalaradya tansah rudita dhatêng Dhanghyang Druna, lajêng amêmuja antuk parmaning dewa, kaparingan sasmita badhe pêputra jalu nglangkungi rosanipun. Kinèn anamakna Drêsthadyumna, punika pinasthi ing têmbe kang amêjahi Dhanghyang Druna, Prabu Drupada langkung suka sukur.

Kawuwusa nagari ing Ngastina, Prabu Drêtarasthra sampun antuk wartos sajati, manawi ingkang angêntasi karya, dhatêng Capalaradya, punika Pandhawa, mila Radèn Puntadewa kadadosakên prabu anom ing Ngastina, sarêng antawis dintên para Pandhawa sami katimbalan dhatêng Saptarga, kaparingan [kaparing...]

--- 6 : 164 ---

[...an] pusaka ingkang gumantung wontên Bagawan Byasa, ing nalika punika Sata Kurawa kenging pambangusing wadya, kaaturan ambegal pusaka ingkang kabêkta ing saantukipun ing Pandhawa, dupi kalampahan botên wontên kang alêpda karya, mila lampahipun Pandhawa lêstantun dumugi Ngastina, botên lami Arya Sangkuni anandukakên karti sampeka, asarana atur kamandaka dhatêng Dèwi Kunthi, angakên dinuta dening Prabu Drêtarasthra, kinèn amundhut pusaka badhe katingalan sakêdhap kewala, labêting pawèstri Dèwi Kunthi kurang wêweka, sarta anarêngi para Pandhawa sami wontên panangkilan, dados sagunging pusaka kabêktakakên dhatêng Arya Sangkuni, ing nalika punika wontên wadya ing Pandhawa ingkang atur uninga dhatêng Prabu Anom Puntadewa, saksana Arya Sena nututi lampahipun Arya Sangkuni, dupi kacandhak sagunging pusaka sampun kenging karêbat sadaya, amung kantun lisah tala ingkang kabêkta lumajêng dening Arya Sangkuni, badhe katututan sêlak Arya Sena kinarubut ing para Kurawa, mila palajêngipun Arya Sangkuni sagêd marak dhatêng ngarsaning Prabu Drêtarasthra, angaturakên lisah tala sarta sajarwa dènira karya pangapus krama dhatêng Pandhawa, lisah tala lajêng [la...]

--- 6 : 165 ---

[...jêng] katampèn dening Prabu Drêtarasthra, kasuwun dhatêng Radèn Arya Suyudhana kadhawahan kinèn sêsuci rumiyin. Radèn Arya Suyudhana lajêng mundur saking ngarsanipun ingkang rama nata, badhe siram.

Kawuwusa Arya Sena dènira kinarubut ing para Kurawa mangkya jayèng rana, sarêng para Kurawa sami angisis, Arya Sena marêk ing ngarsanipun Prabu Drêtarasthra, awit dènira amiyarsa manawi lisah tala sampun katanggapan dhatêng Prabu Drêtarasthra, Arya Sena matur nyuwun lisah tala, Prabu Drêtarasthra kasamaran ing sanalika dipun nyana Radèn Arya Suyudhana, dados lisah tala kaparingakên lajêng kabêkta dening Radèn Arya Sena.

Ya ta ing sapêngkêripun Arya Sena, ing nalika punika Radèn Arya Suyudhana marêk dhatêng ngarsaning kang rama nata anuwun lisah tala, Prabu Drêtarasthra kagyat amiyarsa sarywa ngandika manawi lisah tala sampun kaparingakên, lajêng anêtah sariranipun dènira kasamaran, ing wêkasan Radèn Arya Suyudhana kadhawahan kinèn anarima, ananging Radèn Arya Suyudhana èsmu runtik dhatêng ingkang rama, mila unduripun tanpa pamit lajêng anututi lampahipun Arya Sena, kacandhak ing margi Arya Sena kabyuk [ka...]

--- 6 : 166 ---

[...byuk] dening Kurawa kathah saking kewraning galih cupu manik wadhah lisah tala kabucal botên wontên ingkang sumêrêp dhawahipun, sarêng para Kurawa uninga manawi cupu manik sampun kabucal dados bibaran sami mantuk sowang-sowang.

Gêntos winursita Dhanghyang Druna mêntas saking Sokalima arsa kondur dhatêng Ngastina, dumugi ing margi sumêrêp wontên prabawaning cahya gumilang saking gêgana, dhawah dhatêng bumi watêsan nagari, sarêng pinarêpêkan kawuryan wontên salêbêting sumur Jalatundha, arah-arahing wana Jatiroka, Dhanghyang Druna lajêng anglêpasakên sara sangkali dhatêng sumur punika, dupi wangsulipun jêmparing rante ing ngriku antuk cupu manik isi lisah tala, Dhanghyang Druna langkung suka lajêng andumugèkakên lampahipun, dèrèng antawis têbih kapêthukan para Kurawa, akalihan Pandhawa, tinakenan sami amangsuli manawi angruruh cupu manik isi lisah tala, Dhanghyang Druna sagah amanggihakên, ananging badhe karya pasanggiri samadyaning wana Jatiroka wontên jambêt sauwit woh mănca warna, sintên ingkang angundhuh sadhompol warni gangsal: cêmêng, abrit, jêne, pêthak, ijêm, inggih punika ingkang kuwawi kanggenan cupu manik isi lisah tala, para Kurawa akalihan Pandhawa [Pa...]

--- 6 : 167 ---

[...ndhawa] sami sagah lajêng kairit panggenan jambêt punika, duk angundhuh para Kurawa sami sumaput supe ing purwa duk sina, dupi Pandhawa angundhuh angsal sadhompol mănca warna katur ing Dhanghyang Druna cupu manik badhe kaparingakên dhatêng Pandhawa, pinambêngan dening para Kurawa, Dhanghyang Druna kewran ing galih lajêng anyipta patula gumantung wontên ing jambêt kang awoh mănca warna, inggih punika taraju kinarya animbang wawrating Kurawa akalihan Pandhawa, sarêng katimbang awrat Pandhawa, cupu manik badhe kaparingakên dhatêng Pandhawa, Kurawa amambêngi malih, Dhanghyang Druna lajêng andhawahakên sayêmbara, singa kang sagêd karya lèpèn dados sami sanalika, amasthi badhe kaparingan cupu manik isi lisah tala, ing ngriku para Kurawa saha wadya sarêng tumandang sami gêgêjig dhudhuk siti kang alêbak, para Pandhawa kewran ing galih dènira tanpa saraya, mila lajêng sami kèndêl amêlêng samadi salêbêting batos, antuk parmaning dewa kadhawahan sipta sasmita kapiyarsa saking maruta mănda, nuntên Arya Sena matêk jaya purusa inggih punika pajalêranipun mêdal toya tanpa kêndhat têmahan dados sirahing lèpèn, Arya Parta anglêpasakên jêmparing dhawah ing siti taksih lumampah kados maluku, [malu...]

--- 6 : 168 ---

[...ku,] lajêng tinurut ilining toya saking pajalêran wau, ing sanalika dados banawi langkung santêr toyanipun. Ngantos anrus dhatêng ing samudra, Dhanghyang Druna aningali langkung suka anarima, lajêng winastanan lèpèn sarayu, kala samantên para Kurawa sami kagyat dènira aningali dêdamêlanipun lèpèn kantun. Saking rumaos kalingsêman dados sami bibar mantuk, Dhanghyang Druna duk uninga lajêng amaringakên cupu manik kang isi lisah tala, sarta amaringakên jambêt sadhompol kang amăncawarna, jinatosan manawi dede jambêt satuhu, inggih punika rêtna păncamaya, kinèn angangge pusaka agung sawabipun. Manawi wontên damêl sinidhikara dados amêdalakên prabawa, ingkang cêmêng prabawanipun sagêd anggonjingakên bumi dados lindhu, ingkang abrit prabawanipun sagêd andhatêngakên latu, ingkang jêne prabawanipun sagêd andhatêngakên angin agêng, ingkang pêthak prabawanipun sagêd andhatêngakên toya agung, ingkang ijêm prabawanipun sagêd andhatêngakên sakathahing kutu-kutu wong alang taga, sarêng sadaya sampun katanggapan dening para Pandhawa lajêng sami kondur dhatêng Ngastina, kampir ing lèpèn damêlanipun para Kurawa lajêng winastanan [winasta...]

--- 6 : 169 ---

[...nan] lèpèn sarawing, dumugi ing wisma para Pandhawa sami awêwarti dhatêng ingkang ibu langkung suka sukur.

Salêbêtipun ing warsa Supanu, etanging taun surya sangkala ăngka 691, tinêngêran rupa rudra angoyag langit. Kaetang ing taun candrasangkala 712, tinêngêran paksa anunggal rêsi.

Amarêngi masa kartika, kacariyos malih nagari Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra, karsa amintonakên kasudibyaning para putra Kurawa akalihan Pandhawa, badhe kaabên tandhing lawanan sami satriya, ing nalika punika Prabu Drêtarasthra lajêng anglampahakên utusan dhatêng para nata măncapraja, manawi wontên ingkang kasêmbadan ing karsa sami ambiyantonana adêging prang tandhing punika mawi toh bingahan. Wangsulanipun para nata kang amăncapraja sami sagah andhatêngi, mila Prabu Drêtarasthra lajêng adamêl papan payudan wontên ing Têgal Kuruksetra, sarêng kalihan adêging panggung kancana badhe kadamêl aningali prang tandhing, nuntên praptanipun para nata suruhan saking amăncapraja sami anuwun papan pasanggrahan. Sampun kalilan angadêgakên dalêm wangunan pura wontên salêbêting pamedan ing Têgal Kuruksetra.

--- 6 : 170 ---

Amarêngi masa manggasri, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Supanu, kacariyos adêging prang tandhing ngantos ing dalêm pitung masa, para Kurawa akalihan Pandhawa, tansah sami jayèng rana, sagunging para nata suruhan saking amăncapraja, sami amasrahakên ing pikawonipun siti bawahanira sowang-sowang, lajêng sami dipun wradinkên para Kurawa akalihan para Pandhawa.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Supanu, gêntos kawuwusa ing wukir Rawisrêngga, Brahmana Wangsa ginubêl dening Sang Jaka Maruta, kang pêparab Bambang Kăngsa, têtakèn sajatosipun kang ayoga, sarêng kawisik suraosing warah sajarwa manawi kang ayoga Prabu Basudewa ing Madura, Bambang Kăngsa pamit badhe dhatêng Madura, kalilan ananging sampun bêkta rencang kathah-kathah, bokmanawi andadosakên botên prayogi ing katêmahanipun. Bambang Kăngsa lajêng mangkat amung kanthi Ditya Suksara kewala, dumugi ing Madura amarêngi Prabu Satyajit badhe sumiwi dhatêng panangkilan, Bambang Kăngsa tinakenan amangsuli tanpa krama pangakênipun putra nata ing Madura anama Bambang Kăngsa, ing ngriku Prabu Satyajit langkung duka lajêng dados păncakara, ananging [a...]

--- 6 : 171 ---

[...nanging] Prabu Satyajit datansah kuciwa, mila mangu sarwi anggraita bokmanawi punika pambabaripun Dèwi Maera kalarung rumuhun. Sasampunipun makatên Prabu Satyajit angandika manadukara: Kalinganeya ingsun iki dahat kalimunan, dene têka anglakoni pamothahing pulunan. Dhuh kulup Kăngsa sajatine sira iku pulunan ingsun pribadi, iya ingsun iki pamanira kang aran Ugrasena apêparab Satyajit. Madêg ratu ing Lesanpura, lah mara marenea kulup, ingsun sebakake maring ngarsane ramanira nata. Bambang Kăngsa duk amiyarsa asrêp ing dukanira lajêng marêpêki ing ngriku winarah salwiring rèh marêk dhatêng ngabyantara nata, sampun pinituhu lajêng kabêkta sowan Prabu Satyajit marêk kaparèng ngarsa awêwisikan aturipun saking wiwitan dumugi wêkasan, Prabu Basudewa asmu duka kawistarèng nitya, ananging lilihipun dening pangrapuning Prabu Satyajit, sarèhning Bambang Kăngsa langkung sudibya sakti, upami botên katanggapana bokmanawi damêl susah, ing nalika punika Bambang Kăngsa katimbalan marêk ing ngarsa, dhinawuhan manawi satuhu putraning nata, Bambang Kăngsa lajêng awotsari angèstupada.

Ya ta kawuwusa ing nalika Bambang Kăngsa apăncakara [apănca...]

--- 6 : 172 ---

[...kara] kalihan Prabu Satyajit, Ditya Suksara gya mêsat dhatêng wukir Rawisrêngga, awêwarti manawi Bambang Kăngsa, pinêthukakên prang dening Ratu Madura, Arya Saratimantra dupi miyarsa lajêng undhang pra wadya ditya ing sanalika mangkat. Dumugi Madura, karya gitaning praja dipun nyana mêngsah mila Bambang Kăngsa dhinawuhan kinèn mêthukakên. Dupi pagut adhêp-adhêpan Bambang Kăngsa uninga manawi ingkang prapta Arya Saratimantra Bambang Kăngsa lajêng nguwuh-uwuh Arya Saratimantra, botên samar manawi Radèn Kăngsa, mila lajêng marêpêki sami rêrangkulan, Arya Saratimantra têtakèn saèstuning lampah, Bambang Kăngsa sanjang manawi sampun lêstantun ingakên putra dening Prabu Basudewa, Arya Saratimantra langkung suka sukur, Bambang Kăngsa lajêng marêpêki ingkang rama, matur manawi ingkang prapta ditya punika, wadya têtêlukan kala taksih wontên wana mangkya kasumanggakakên dadosa wadya narendra, Prabu Basudewa langkung suka anarima, Bambang Kăngsa lajêng jinungjung dados prabu anom i[30] Madura, anama Arya Prabu Kăngsa, Prabu Satyajit tumut angambil putra amaringi jêjuluk Arya Ugrasena, Arya Saratimantra lêstantun dados êmbanipun prabu anom.

--- 6 : 173 ---

Salêbêtipun ing warsa Taruna, etanging taun surya sangkala 692, tinêngêran sikaraning rudra angrasa barakan. Kaetang ing taun candrasangkala 713, tinêngêran gêni lêwih sawukir sirna.

Amarêngi masa kartika, kacariyos nagari Ngastina, mangkya kadhatêngan mêngsah saking nagari Manggala, anama Prabu Jalasangara, dhatêngipun sumêdya lêlana ngambara prang ngabên karosan, jangji alap-alapan nagari, sabawahanipun para Kurawa sami anglawan tansah karepotan, tandhing prang lan Arya Sena kasor, lajêng amisik salwiring aji sampun katanggapan dening Radèn Arya Sena, ing wêkasan Prabu Jalasangara muksa, Prabu Drêtarasthra tansah angalêmbana kasêktèning para Pandhawa.

Amarêngi masa manggasri, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Taruna, kacariyos malih nagari ing Ngastina, mangkya Prabu Drêtarasthra, tansah ginubêl dening raja putra Radèn Arya Suyudhana, anuwun kesahipun Pandhawa saking Ngastina, Prabu Drêtarasthra botên keguh ing atur makatên punika, amargi ginalih kapanasan kemawon, ananging sarèhning lami sangêt pangudinipun raja putra dados tinurutan, nuntên Dèwi Kunthi saputranipun Pandhawa [Pa...]

--- 6 : 174 ---

[...ndhawa] gangsal dhinawuhan kinèn ngalih dhatêng tanah Waranawata, prenah kidulipun nagari Ngastina, kalilan bêbadhe kitha wontên ing ngriku, sarta pinaringan băndha beyaning dandos-dandos. Dèwi Kunthi matur sandika ing antawis dintên mangkat saha para putra sawadya sadaya, mêdal ing lèpèn titihan baita saking Arya Widura, dumugi ing Waranawata sampun amanggih pasanggrahan sarwa rumantos, ananging pasanggrahan punika dêdamêlanipun Rajaputra Suyudhana, wontên wadya têtanggên satunggal awasta Sang Purocana, winangsit kinèn angrumiyini karya datu graha, têgêsipun griya damar sela, inggih punika pasanggrahan kang badhe dipun ênggèni para Pandhawa, ananging sagung padandosan bêbalungane bale sami ginala ing damar sela, sarta kausaran warirang sadaya, sarêng Pandhawa sampun sami lumêbêt dhatêng bale gala-gala punika, tansah kadhatêngan para brahmana utawi para mitra karuh ingkang asih marma martamu têtuwi, ing antawis dintên Sang Rajaputra Suyudhana prapta akalihan para santana ambêkta lêlangên ingkang andadosakên suka rênaning para Pandhawa, wontên ing ngriku lajêng sami boga andrawina wuru-wuru panjang ananging para Pandhawa tansah prayitna dènira [dèni...]

--- 6 : 175 ---

[...ra] sampun winangsit dhatêng Arya Widura, manawi praptanipun Sang Rajaputra Suyudhana punika badhe ngangkah awon. Ya ta sadangunira băjana Sang Rajaputra Suyudhana karya sêsambèn mundhut papan catur, sêngadi Prabu Anom Yudhisthira winulang patrapipun jumênêng nata saking kasukan catur punika, sarêng winulang anglampahakên angsal kalih rambahan Prabu Anom Yudhisthira sampun widagda, purun anglawan lampahing kasukan catur, andadosakên garjitaning galih Sang Rajaputra Suyudhana, mila lajêng atrap sami jangji ingkang dados totohanipun, Sang Rajaputra Suyudhana toh nagari sapalih sabawahipun, Pandhawa toh pêjah, utawi kesah saking bawahing Ngastina, ya ta dupi paguting prang catur angsal sarambahan sang toh praja kalindhih, bamban malih mêksa kandhap. Ngantos kaping tiga badhe mat ratuning sang atoh praja dening sang atoh jiwa, ing wêkasan Arya Sangkuni angingêr papan catur punika têmah tuna ratunipun kang badhe mat wau, Dèwi Kunthi sumêrêp langkung duka anguman-uman dhatêng Arya Sangkuni, mila Arya Sangkuni palarasan unduripun. Nuntên para Kurawa akalihan Pandhawa, andumugèkakên dènira drawina, kala samantên Radèn Arya Sena, sangêt kawuron [kawu...]

--- 6 : 176 ---

[...ron] lajêng mijil angasokakên sarira, ing wêkasan kapati nendra, sarêng para Kurawa sami angisis sêngadi kasayahan. Ing ngriku kabêsminipun bale sagala-gala, Sang Rajaputra Suyudhana lolos asilurupan. Ya ta kawuwusa Radèn Sena ing mangkya antuk mangsit salêbêting nendra, kinèn angrangkut kang ibu sakadangipun, sarta kinèn tut wingking plajênging garangan pêthak. Radèn Arya Sena kagyat dènira amiyarsa swara gumuruh, dupi aningali ulating latu Radèn Arya Sena anrang baya, kadangipun sami rinakutan dyan kabêkta mêdal saking bale pasanggrahan, kapanggih akalihan para wadya ing sawontênipun, botên antawis dangu katingal garangan pêthak, tanpa sangkan lumajêng mangidul, tinututan garangan pêthak gya amblês ing bumi taksih tinut wingking dening Pandhawa, ngantos dumugi ing Saptapratala garangan pêthak dados Sang Hyang Naradha, para Pandhawa dhinawuhan sami kèndêla wontên ing ngriku, sarêng Sang Hyang Naradha muksa para Pandhawa sami yasa panggenan ingkang amikantuki.

Gêntos kawuwusa para Kurawa, ing nalika punika sami suka-suka, dènira angintên para Pandhawa sami sirna kabêsmi [ka...]

--- 6 : 177 ---

[...bêsmi] sadaya, ananging sajatosipun ingkang kabêsmi punika amung tamu èstri băngsa brahmani wasta Bilasa sutanipun gangsal, akalihan êmbanipun Sang Rajaputra Suyudhana, wasta Sang Purocana, labêt saking kawuron, sarêng sirêping latu Endhang Bilasa sutanipun gangsal angsal parmaning dewa wangkenipun sami wêtah kemawon, botên wontên ingkang dados awu, mila kinintên manawi punika kunarpaning Pandhawa, katur dhatêng Prabu Drêtarasthra, lajêng parentah kinèn angupakara, sarta kasirnakakên mawi pakurmatan. Sang Rajaputra Suyudhana tansah angêmu suka sungkawa, sukanipun dening para Pandhawa sirna, sungkawanipun dening kecalan êmban kabêsmi dados awu.

Gêntos kacariyos kahyangan ing Saptapratala, Sang Hyang Anantaboga tinangisan ingkang putra èstri Dèwi Nagagini, supêna parakrama antuk satriya berawa, anama Radèn Arya Bratasena, panggubêling putra ingkang rama kaaturan ngupadosi, Sang Hyang Anantaboga sangêt wêlas dhatêng kang putra dènira kêdah anganyut jiwa, dados amatêk mantra wikrama angingkut jagad traya, botên antawis dangu para Pandhawa sami prapta. Lajêng sinambrama

--- 6 : 178 ---

dening Sang Hyang Anantaboga, para Pandhawa saibunipun sami suka rêna anarima, sarêng kawistara sampun kataman ing galih lêgawa, Dèwi Kunthi jinatosan dhatêng Sang Hyang Anantaboga, ingkang dados pangèsthi awit saking anuruti pamothahing putra èstri nama Dèwi Nagagini, supêna jatukrama akalihan Radèn Arya Bratasena, ing mangke Dèwi Kunthi kaparêngan dados besan, wangsulanipun Dèwi Kunthi inggih mangayubagya, anggêr sagêd angantukakên dhatêng nagarinipun. Enggaling carita kala samantên Radèn Arya Sena sampun kadhaupakên akalihan Dèwi Nagagini, ananging dèrèng carêm kaubanggèn ing têmbe manawi kadangipun sêpuh wus parakrama, Sang Hyang Anantaboga anarima ubanggi makatên punika, nuntên para Pandhawa sami winulang salwiring aji jaya wijayan sadaya, sampun sami widagda, sarêng antawis dintên Dèwi Kunthi pamit mantuk saha putranipun sadaya, Sang Hyang Anantaboga amrayogèkakên nanging kinèn dhatêng Wiratha, suwita ing Prabu Matswapati, wontên ing ngriku marginipun antuk kabêgyan, Dèwi Nagagini badhe tumut winangsulan ing benjing manawi sampun kantênan pasuwitanipun saèstu kapurugan. Sang Hyang Anantaboga [Ananta...]

--- 6 : 179 ---

[...boga] tumut ambêbolèhi, mila Dèwi Nagagini anarima dipun tilar, sasampunipun mêkatên Dèwi Kunthi saputranipun mangkat mijil ing sumur Ganggodaka, inggih punika sirahing banawi Wilogangga para Pandhawa lajêng anurut têpining banawi anjog pasisiring wana Pringgadani sami kèndêl wontên sangandhaping wandira, ing nalika punika amarêngi Sang Rajaputra Suyudhana sakadangira sami ambêbêdhag wontên ing wana ngriku, duk uninga dhatêng para Pandhawa langkung kagyat miwah dahat ing pangungunira, dene taksih sami basuki, măngka kinintên sampun sami sirna dening dahana nguni, têmah kagyat bangun angun-anguning nala, sigra sami samapta sêdya angringkês, ing ngriku para Pandhawa sampun prayitna lajêng oncat masilurupan angungsi dhatêng dhusun Mêdhangsurukan, tanah Purwacarita, para Kurawa katilapan kadi dahat kacuwaning tyas lajêng sami mantuk maring praja. Wau ta para Pandhawa lajêng minggah maring wukir Girikandha wukiripun ing Mêdhangsurukan ugi, kapanggih lan kang martapèng ngriku nama Bagawan Selaraja, sawusing sinambrama pambagya lajêng tinakenan, para Pandhawa sajarwa ing nama miwah salêlampahanipun miwiti mêkasi, sang tapa miyarsa dahat angrêsing tyas têmah mijil kang waspa, èngêt [è...]

--- 6 : 180 ---

[...ngêt] yèn lêluhurira ing nguni sami sinaenan ing lêluhurira Pandhawa, wêkasan ingaturan rêrêm anêntrêmakên sarira, sarta anggung sinuba-suba, ngantos lami para Pandhawa dènira wontên ing patapan, tansah winulang ing aji jaya kawijayan tumpêk sakathahing kawruhira sang bagawan, sarêng ing antawis lami para Pandhawa lajêng amit ing sang bagawan yèn arsa sowan kang eyang maring Saptarga, sang bagawan mangayubagya, lajêng mangkat arêreyongan lampahipun, sakêdhap-sakêdhap aso, ya ta sarêng ing antawis wanci lingsir, ing nalika punika Dèwi Kunthi karaon[31] anglih Radèn Arya Bratasena akalihan Radèn Pamade sami dinuta angupados dhêdharan, kalih pisan sami mangkat sowang-sowangan. Kawuwusa lampahira Radèn Pamade, dumugi ing dhusun ing Mêdhangsurukan, wontên pawèstri dhatêng sêndhang kawatawis kados pangantèn enggal, Radèn Pamade marêpêki badhe têtakèn, pawèstri lumajêng sarywa anjrit anguwuh priya, ingkang jalu kagyat lajêng amêthukakên, semahira wêwarti manawi kajawat ing janma jalu sarywa sêsambat botên anarima, priyanira kinèn amêjahi janma kang anjawat samangkya taksih wontên ing sêndhang, lakinipun api bramantya,

--- 6 : 181 ---

ananging salêbêting batin èsmu suka dènira jalaraning atut, wuwusira sagah amêjahi janma kang anjawat. Somahira kinèn lumêbêt ing wisma, ingkang jalu lajêng dhatêng sêndhang kapanggih kalihan Radèn Pamade, muwus malatsih rumaos kapotangan dening kaatutakên akalihan semahipun. Radèn Pamade tinakèn amangsuli sajarwa, kang atakèn dahat ajrihira, lajêng andhêku konjêm ing kisma anuwun pangaksama, Radèn Pamade andangu karana winangsulan atur sadhara manuhara, dhuh pukulun sang sinatriya sudibya, kauningana sajatosipun kawula punika patinggi ing Mêndhangsurukan awasta pun Sagotra, imah-imah angsal putraning Brahmana Ludha awasta Rarasati, dèrèng atut ing wêkasan panjênêngan paduka ingkang angatutakên. Awit saking kadangu lajêng lumajar awêwarti manawi kajawat ing tiyang jalu, kawula api napsu nanging ing batos langkung suka rêna anarima, dening dados jalaraning atut, ing mangkya kawula prasêtya suka dados tawuring ayuda brata, wangsulanipun Radèn Pamade dahat anarima, ing wêkasan sajarwa manawi ingkang ibu Dèwi Kunthi kaluwèn, Sang Sagotra sagah angaturakên sêkul ulam dhêdharan [dhê...]

--- 6 : 182 ---

[...dharan] ing sawontênipun. Radèn Pamade kondur Sang Sagotra andhèrèkakên.

Gêntos kawuwusa lampahipun Radèn Arya Bratasena, dumugi ing tanah Kicaka amiyarsa tangising têtiyang kathah, Radèn Arya Bratasena amurugi sarywa têtakèn ingkang dados darunaning karuna, wontên tiyang sêpuh ingkang amangsuli makatên: Dhuh priyantun ingkang asêmbada sajatosipun ingkang anangis punika anak putu kawula sadaya, amargi kawula badhe dados mêmangsanipun danawa, raja ing Ekacakra, anama Raja Baka, inggih punika ingkang angratoni têtiyang Kicaka sadaya, danawa Raja Baka punika ingkang dados têdhanipun sabên dintên uwos sapadhati, maesa kalih, janma satunggal, punika katarab mêmêntahan kemawon. Têtiyang tanah ing Kicaka botên wontên ingkang sagêd anêmbadani, mila milalu asok ulubukti kemawon. Saking laminipun darbe sêsanggèn makatên, ngantos kalampahan sunya ruri sakathahing padhusunan têtiyangipun sami miruda sadaya, kang maksih kanggenan têtiyang amung kantun padhusunan karajan kemawon, dados ing ngriki punika dhusun karajan dipun wastani ing Manailan, turun-tumurun [turun-tumu...]

--- 6 : 183 ---

[...run] panggenaning brahmana purohita, saha sami kalêbêt danèswara, amung kawula punika ingkang sakalangkung dama miskin awit saking botên kaur anggaota pijêr anyangi mêmangsaning Danawa Raja Baka kemawon, dumugi ing mangke têtiyang Manailan ngantos têlas sadaya, kantun anak putu kawula owêl manawi dadosa ulubukti, mila milalu badan kawula piyambak ingkang badhe anglampahi, anak kawula wasta Rawan anggendhol botên suka manawi makatên, kêdah awakipun ingkang anglampahi dados lêlampahan, ngantos diya-diniya, ing wêkasan kawula kêdah adrêng nglampahi piyambak, ing nalika kawula angrukti abon-abon sarywa muwus makatên: He Rawan, wus tuwa amung angèsthi kawêkasan, punika anak putu kawula lajêng sami anangis, kawula sampun botên adarbe patolihan amung tansah amuwus makatên kemawon, wondene nama kawula karan pun Idrapa, têlas aturipun kamisêpuhing Manailan. Wangsulanira Radèn Arya Bratasena manawi kenging katambêlan purun anglampahi dados lêladosan ulubukti ananging minta pituwas sêkul ulam dhêdhaharan, Dhanghyang Idrapa anyarah ing karsa lajêng kabêkta

--- 6 : 184 ---

dhatêng ngarsanipun Danawa Raja Baka, sampun katur ing saabon-abonipun sadaya, sarêng katadhah abon-abon bebas kantun Radèn Arya Bratasena ambăndakalani ing wêkasan dados prang danawa raja kandhap pêjah kuwănda pinarwasa tanpa kukupan. Dhanghyang Idrapa marêpêki dhatêng Radèn Arya Bratasena tansah sinuhun-suhun sarta angatingalakên suka panarimanipun. Sang Rawan angaturakên prasêtya suka dadosa tawuring yuda brata ing têmbe, nuntên sami wangsul dhatêng Manailan malih, Dhanghyang Idrapa sampun angrukti sêsaosanipun panggang tumpêng cêplokan, Radèn Arya Bratasena kondur Dhanghyang Idrapa andhèrèkakên saanak putunipun, dumugi ing ngarsanipun Dèwi Kunthi sarêng akalihan ingkang rayi Radèn Pamade, sampun sami ngaturakên angsal-angsal sarta anyariyosakên lêlampahanipun sowang-sowang. Pangandikanipun Dèwi Kunthi, olèh-olèh iki kang enak pinangan muhung saka si kulup panênggak, karana rinewangan urup ludira, nuntên sami dhêdharan ngantos waradin dhatêng para wadya kawulawarga, ing nalika punika sami kasatan miwah wontên ingkang kasêrêtên, sarêng kainuman ing toya bêbêlikan sami [sa...]

--- 6 : 185 ---

[...mi] pêjah sadaya, Dhanghyang Idrapa sumêrêp manawi kamayaning dewa, lajêng matêk mantra wikrama sami sanalika, kawuryan kamayanipun Sang Hyang Brahma, samantara muksa atilar toya marta wontên ing kamandhalu cinandhak dhatêng Dhanghyang Idrapa kasiramakên ing Pandhawa sampun sami waluya sadaya, nuntên sami kaaturan lumêbêt dhatêng pura ing Ekacakra.

Nahan samantara kawuwusa ing Ngastina, mangkya Sang Rajaputra Suyudhana miyarsa pawarta yèn para Pandhawa, sami dêdunung wontên ing patapan Girikandha pinupu ing Bagawan Sela Raja, ing nalika punika lajêng mangkat anglurug miwah kadang sawadyabala, sangkêp sakapraboning prang. Praptaning patapan lajêng angrêrisak pakarangan miwah padhepokan, Bagawan Sela Raja kacêpêng pinêjahan, kunarpa muksa, para cantrik manguyu jêjanggan samya mawur sasaran mèt pangungsèn ing atêbih, sutanipun bagawan kêkalih, kang sêpuh nama Wasi Jalasangara, ing dhusun Mêdhangwa, padhêkahanipun ing Mêdhangsurukan, ingkang nèm nama Puthut Sarodhaka ing dhusun Mêdhangsari, padhêkahanipun ing Mêdhangsurukan ugi, sarêng ramanira muksa dahat sungkawaning tyas tistis, lajêng sami lolos saking patapan. Wau ta para [pa...]

--- 6 : 186 ---

[...ra] Kurawa sabêdhahing patapan dahat sukaning tyas, nanging èsmu cuwa, dene para Pandhawa sampun sami botên wontên, wêkasan sami mantuk sawadya samarga-marga anggung surak gumuruh yayah manêkêr wiyat.

Amangsuli cariyos lampahira Wasi Jalasangara lan ari Puthut Sarodhaka, dahat kawlasarsa kalunta-lunta lampahe anjog ing wukir Manikmaya angungsi Sang Bagawan Sutiksna, tinanya sajarwa ing nama miwah lêlampahanira, Sang Wiku dahat wêlasing tyas, lajêng pinupu sami ingambil suta, ing alami-lami lajêng sami kamantu, Wasi Jalasangara antuk sutanipun ingkang sêpuh nama Endhang Suki, Puthut Parodha kaantuk sutanipun ingkang nèm nama Endhang Sukskati, dhaupipun mawi winiwaha satataning wukir.

Gêntos kawuwusa ing nagari Pringgadani, cêlak akalihan nagari ing Ekacakra, wontên danawa raja awasta Irimba, ing mangkya amiyarsa warta manawi Danawa Raja Baka ing Ekacakra pêjah kasangsaya dening Pandhawa, sarta puranipun lajêng kaênggenan pisan, Danawa Raja Irimba murina dènira tunggil băngsa, lajêng parentah dhatêng arinipun, èstri warni rasêksi awasta Irimbi, ingkang sampun katăndha guna kasêktènipun. Dèwi Irimbi kinèn [kinè...]

--- 6 : 187 ---

[...n] angyêktosakên pêjahipun Danawa Raja Baka, Dèwi Irimbi mêsat angambara kadhèrèkakên arinipun jalu awasta Prabakeswa, dumugining Ekacakra ing wanci dalu, tansah angênginte saking alam limunan. Winawas wus têtela pêjah ing Danawa Raja Baka, katitik saking para Pandhawa sami dumunung wontên salêbêting pura Ngekacakra. Ya ta pangintipira Dèwi Irimbi, ngantos anjajah salêbêting pura botên wontên ingkang angudanèni, awit amarêngi sami nendra sadaya, amung Radèn Arya Bratasena ingkang dèrèng sare amargi ngêmu sandeya bokmanawi wontên parangmuka, sarêng Dèwi Irimbi uninga dhatêng Radèn Arya Bratasena dahat kasmaran, lajêng angatingal sarywa amalih warni wanudya ayu endah, Radèn Arya Bratasena kagyat lajêng andangu Dèwi Irimbi mangsuli sajarwa manawi kasmaran sumêdya amawongan, Radèn Arya Bratasena langkung duka, sampun kanyana manawi paduking karti sampeka, Dèwi Irimbi cinandhak kaoncat-ancitakên lajêng binucal, dhawahipun dados rasêksi malih lajêng angrik sarwi akaruna, têmahan andadosakên kagètipun kang sami nendra, Dèwi Kunthi mijil andangu dhatêng Radèn Arya Bratasena, aturipun [aturipu...]

--- 6 : 188 ---

[...n] sajarwa wontên kamayaning duratmaka warni rasêksi punika badhe pinêjahan. Dèwi Kunthi andangu dhatêng Dèwi Irimbi, aturipun sajarwa manawi brăngta dhatêng Radèn Arya Bratasena, kaparênga dados padang juru panyapu latar, Dèwi Kunthi langkung wêlas lajêng angandika makatên: Têka amêmêlas têmên wong ayu sira iki, sami sanalika Dèwi Irimbi malih warni wanudya ayu endah yayah waranggana saking suralaya, ing ngriku Radèn Arya Bratasena pinêksa dening ingkang ibu kinèn anampèni panyèthinipun Dèwi Irimbi, aturipun inggih sandika anglampahi, ananging carêmipun ubanggi manawi ingkang raka sampun parakrama, Dèwi Kunthi anantun dhatêng Dèwi Irimbi, aturipun sumăngga ing karsa, kala samantên lajêng kadhaupakên mawi winiwaha ing sawatawis.

Ya ta kawuwusa Arya Prabakeswa, ingkang anjangkung saking gêgana, sumêrêp sasolahira Dèwi Irimbi, lajêng mantuk dhatêng ing Pringgadani, angaturi uninga ing raka nata, Danawa Raja Irimba langkung duka lajêng anglurug sawadyakuswa, praptaning Ekacakra parêng ngamuk punggung sura tan taha, Radèn Arya Bratasena ananggulangi yudaning danawa labda karya, Danawa Raja Irimba pêjah kuwănda muksa, para [pa...]

--- 6 : 189 ---

[...ra] wadya danawa sami mangsah mangungsir kiwul ananging tanpa ngudhili, ing ngriku Arya Prabakeswa, Prabagati, Brajadênta, Brajamusthi, sami mangsah mangungsir sumêdya bêk pêjah nirbaya wikara, sinayutan dening Dèwi Irimbi, sami kasrêpan ing manah saking ajrih dhatêng kadangipun sêpuh, mila Radèn Arya Prabakeswa dalah ingkang rayi katiga sami anungkul, lajêng dhinawuhan kinèn sami mantuk dhatêng Pringgadani sakawan pisan, supados anarubakên sagunging para wadya danawa sadaya, ing nalika punika kalilan pamit sarêng sami mêsat angambara.

Amarêngi masa srawana, taksih tunggil warsa sami salêbêting taun Taruna, gêntos kacariyos nagari ing Madura, mangkya Prabu Basudewa, kaaturan uninga dening Arya Prabu Kăngsa, saking ing wêwartosipun ing dhusun Widarakandhang wontên durtaning rat sumêdya bongga dhatêng parentah, ingkang dados ulu-ulu wasta Kakrasana, sutaning Buyut Antyagopa, punika kaparênga ing karsa badhe linurugan mumpung dèrèng angrêbda. Pangandikanipun Prabu Basudewa kinèn anyarantosakên sawatawis, badhe kayêktosakên ing pawarti punika, Arya Prabu Kăngsa pamit mundur tata-tata samakta ing ayuda, Prabu

--- 6 : 190 ---

Basudewa lajêng pirêmbagan akalihan ingkang rayi Prabu Bismaka ing Kumbina, kala samantên amarêngi sowan dhatêng Madura dadosing rêmbag, lajêng dinuta analika dhatêng Widarakandhang, kinèn lampah sêsiliban kemawon. Prabu Bismaka sampun anampèni karsaning kang raka nata lajêng mangkat ing dalu tanpa wadya kathah, byar enjing dumugi ing Widarakandhang, langkung ngungun aningali pasang rakiting pemahan sanès akalihan kala rumuhun. Saubênging dhusun kabanon mawi jagang kapurancang, wêwangunanipun kadi kutha kêkojor, Prabu Bismaka lajêng animbali Buyut Antyagopa prapta, dinangu sababipun adamêl kagèting nagari aturipun amung angaturakên pêjah gêsang sumăngga ing ngabyantara, awit dening atmajendra kêdah turas alingan sada, pinambêngan mêksa sarosa ing karsa, Prabu Bismaka dupi amiyarsa ing aturira Buyut Antyagopa makatên punika, andadosakên dêduka, Buyut Antyagopa winastan anglirwakakên dhawah, ing ngajêng kinèn among amêmulang kadadosanipun têka malang sumêra, Buyut Antyagopa tansah analăngsa nuwun angaksama. Ya ta sadangunipun Prabu Bismaka duk anguman-uman dhatêng Buyut Antyagopa, Radèn Kakrasana [Kakra...]

--- 6 : 191 ---

[...sana] dupi amiyarsa dahat bramantya lajêng amurugi, Prabu Bismaka badhe cinandhak ananging kagendholan dhatêng Buyut Antyagopa, Radèn Kakrasana jinatosan manawi ingkang adêduka punika gustinipun piyambak, sampun lêrêsipun gusti dêduka dhatêng kawulanipun ingkang kalêpatan. Sarêng Buyut Antyagopa anyêrêpakên makatên, Radèn Kakrasana lilih lajêng wangsul dhatêng panggenanipun malih. Prabu Bismaka andangu rare ingkang abangan wau, aturipun Buyut Antyagopa, inggih punika narpatmaja ingkang sêpuh, awasta Radèn Kakrasana, ingkang anèm awasta Radèn Narayana, nanging ing mangke sawêg kesah puruhita. Prabu Bismaka langkung suka sukur lajêng kondur, Buyut Antyagopa winêling sampun ngantos kalajêng-lajêng dènira angadan-adani pakarangan winangun kitha, utawi angêngirub tiyang padhusunan, bokmanawi andadosakên rubeda angribêdi badan. Buyut Antyagopa matur sandika sagêda angèstokakên supados andadosakên widada. Ya ta Prabu Bismaka sakonduripun saking Widarakandhang dumugining praja sampun matur ing raka nata andadosakên suka pirênaning galihira Prabu Basudewa, sarêng antawis dintên Arya Prabu Kăngsa marêk ing ngabyantaranira [nga...]

--- 6 : 192 ---

[...byantaranira] Prabu Basudewa, matur manawi saèstu anglurug dhatêng Widarakandhang, mila makatên misuwuring pawartos sangsaya agung balanipun tiyang balila punika, malah sampun wontên ingkang madêg nata anama Kakrasana, wangsulanipun Prabu Basudewa amung tansah anyanggi angecani kapti kemawon, wêkasaning pangandika sagah utusan anyêpêngi têtiyang Widarakandhang sadaya, Arya Prabu Kăngsa matur badhe anganthèni wadya ditya, ananging pinambêngan dening Prabu Basudewa, kagalih mindhak adamêl aru-ara botên antuk saniskara, mila Prabu Kăngsa kèndêl asmu rudita lajêng mundur saking ngarsa nata, nuntên Prabu Bismaka dinuta dhatêng Widarakandhang malih, kinèn andhawahakên dhatêng Buyut Antyagopa, atmajendra sêkalihan sami siningkirna dhatêng arga sunya, supados amanguna tapa brata, Prabu Bismaka mangkat lêlancaran, dumugi ing Widarakandhang sampun kadhawahakên ingkang dados karsa nata, Buyut Antyagopa matur manawi ing mangke putra nata sakalihan sampun sami amangun tèki dhatêng wana sunya, Prabu Bismaka kondur matur ing sarèhira dinuta, Prabu Basudewa langkung suka sukur.

Ya ta kawuwusa Arya Prabu Kăngsa, ing mangke apirêmbagan [apirê...]

--- 6 : 193 ---

[...mbagan] akalihan para wadya ditya, mênggah dènira badhe anglurugi ing Widarakandhang tansah pinambêngan dening kang rama nata, dadosing rêmbag sami saeka praya dènira anglurugi dhatêng Widarakandhang badhe tanpa paliwara, amung Arya Saratimăntra ingkang botên anêmbadani ing rêmbag makatên punika, manawi kasêbut amuta tuli mindhak andadosakên panggrayanganing para sujana ingkang anayadi, mênggah prayoginipun sagêda amasang kalatidha kemawon, têrkadhang kawuryan ingkang dados kaliliping netra punika, liripun lêhêng ngadêgêna kalangan angabên tiyang, Arya Saratimăntra lumampah kadamêla sawung, manawi kaparêngan rêmbag makatên punika, saèstu botên kawistara ing karsa, Arya Prabu Kăngsa dahat mangayubagya lajêng marêk ing rama nata matur anuwun lilah badhe adamêl kalangan angabên sawung têtiyang sawungipun. Arya Prabu Kăngsa ditya awasta Saratimăntra kaupadosêna tandhing ingkang sagêd lumawan wawrating kasantikanipun, sami katohan pangawasaning saniskara, manawi sawungipun ingkang rama kawon, inggih lajênga karsa sèlèh kaprabon, manawi sawungipun Arya Prabu Kăngsa kawon, inggih dipun lungsura anggènipun dados [dado...]

--- 6 : 194 ---

[...s] prabu anom. Ingkang rama winangênan sawung satus kaabêna gêntos-gêntos akalihan sawungipun Arya Prabu Kăngsa, Prabu Basudewa amituruti ing panuwun makatên punika, nuntên Prabu Bismaka dinuta dhatêng Ngastina, anuwun pitulung sawung ingkang prayogi, angkatipun Prabu Bismaka dumugi ing Ngastina sampun matur dhatêng Prabu Drêtarasthra, lajêng kabêktanan para Kurawa, kapilihan ingkang sami sakti awidigdaya, dumuginipun ing Madura, langkung sinuba-suba sami biningahakên galihipun, sarêng antawis dintên pangruktining kalangan sampun sarwa mirantos lajêng tata-tata pamantêsing tandhingan, dupi lêkas samya mêdali ing rana para Kurawa mangsah gêntos-gêntos anggung kandhap, ing dalêm pêndhak dintên botên wontên ingkang ngawonakên prangipun Arya Saratimăntra, ing wêkasan para Kurawa bibar mantuk dhatêng Ngastina, Prabu Basudewa mundhut sarèh badhe ngupados sawung malih, Arya Kăngsa anyarantosakên.

Gêntos kawuwusa para Pandhawa, ingkang sami dumunung wontên nagari ing Ekacakra, mangkya Radèn Puntadewa antuk wangsiting kang eyang Bagawan Byasa, kinèn sami suwita dhatêng nagari Wiratha, sarêng matur dhatêng ingkang ibu ing

--- 6 : 195 ---

ngriku Dèwi Kunthi kemutan kala winêling Sang Hyang Anantaboga, mila lajêng pirêmbagan dènira badhe dhatêng Wiratha sumêdya anamur lampah, supados sampun ngantos kawistara manawi Pandhawa, sarta para rêrepot èstri badhe katilar wontên ing Ekacakra rumiyin, muhunga kantun Dèwi Kunthi kemawon, dadosing rêmbag lajêng sami tata-tata, sami angrasuk busana cara brahmana wasta babakan wrêksarema kalabangan kinèstha sasupit urang Dèwi Kunthi angagêm cara endhang, angalih nama Endhang Rini, Radèn Puntadewa ngalih nama Dwijakangka, Radèn Arya Bratasena angalih nama Wasi Balawa, Radèn Pamade badhe angakên wadu nama Kandhi Wrêhatnala, Radèn Nangkula angalih nama Cèkèl Damagranti, Radèn Sahadewa angalih nama Cantrik Tantripala, sarêng sampun sarwa samapta ing antawis dintên mangkat, dumugi samadyaning wana wontên cobaning dewa, mimba alana sura anantang ngabên kasantikan, jangji singa kawon pinêjahan, ing ngriku Wasi Balawa marwasèng prang jaya, gya badhar Sang Hyang Brahmani, sung jêmparing bramastra ing Pandhawa, lajêng winarah andugèkakên lampahipun, dèrèng antawis dintên nuju sirap surya wontên gandarwa kawuryan amarêngi adus ing sêndhang akaliyan [aka...]

--- 6 : 196 ---

[...liyan] semahipun. Gandarwa anguwuh-uwuh kinèn kèndêla ingkang samya lêlampah, awit dening sawêg wontên pawèstri adus. Ananging botên kapiyarsakakên panguwuhing gandarwa punika, sarêng gandarwa sumêrêp manawi botên kapaèlu ing panêpakipun dahat bramantya lajêng anarajang sura tan taha, kapêthukakên Radèn Pamade sami angabên pangabaran, botên wontên ingkang kuciwa, sarêng Radèn Pamade anglêpasakên sanjata bramastra mêdal latu ambêsmi dhatêng gandarwa waluya jatining dewa lajêng sêsanti jaya-jaya, pangandikanipun angakên dewa nama Bathara Citrarata, kenging upatanira Sang Hyang Surapati, dados gandarwa anama Angkarawarna, ing mangkya waluya dahat suka rêna anarima, nuntên Radèn Pamade winulang salwiring aji pamawasan sampun widagda, sasampunipun makatên Bathara Citrarata dhawah amundhut sanjata bramastra ingkang saking Sang Hyang Brahmani, ing têmbe manawi wontên damêlipun kemawon kaparingakên malih, sarêng sampun kaaturakên, Bathara Citrarata amaringi pitulungan kuda satus dados têtumpakan lampahing para Pandhawa saha wadya, sarta winêling kinèn samya puruhita dhatêng Brahmana Domya ing dhusun Utkocaka, kuda satus sampun katampèn [katampè...]

--- 6 : 197 ---

[...n] Bathara Citrarata muksa saha garwa Dèwi Nariti, para Pandhawa anglajêngakên lampahira sami anitih turăngga, dumugining dhusun ing Utkocaka kampir dhatêng patapanipun Brahmana Domya lajêng puruhita salwiring kagunan sadaya sampun sami widagda, sarêng antawis dintên badhe mangkat ing ngriku kadhatêngan punggawa duta saking Madura, awasta Arya Yadawa, ingkang dinuta kinèn angupados sawung, Arya Yadawa katambêtan dhatêng para Pandhawa, mila Wasi Balawa katêmbung dados sawung badhe kaabên akalihan Ditya Saratimăntra, Brahmana Domya amrayogèkakên, Wasi Balawa lajêng kabêkta ing saantukipun Arya Yadawa.

Gêntos kawuwusa ing padhepokan ing Utarayana, kang amaratapa, turasira Sang Hyang Wisnu anama Rêsi Padmanaba, raja pandhita kasub sadu dibyadi murti ing mangke nuju katamuan rare jêjaka saking Widarakandhang anama Radèn Krêsna punika satriya putraning nata tur panukmanira Sang Hyang Wisnu, mila Rêsi Padmanaba langkung kurmat saengga kadi katamuan raja, sarêng tinakenan ingkang dados parluning karya Radèn Krêsna amangsuli ingkang kaèsthi sêdya puruhita suka dadosa indhung-indhung anyêthikakên [anyêthika...]

--- 6 : 198 ---

[...kên] padhiyang, Rêsi Padmanaba malatsihira dening kataman silakrama ingkang angrêsêpakên ing manah, ing ngriku Radèn Krêsna lajêng winêjang salwiring guna kasantikan jaya kawijayan sadaya sarwa widagda, ing antawis dintên Radèn Krêsna kapanjingan manah angkara murka, awit saking osiking cipta ing wingking badhe kathah ingkang animbangi guna kasudibyanipun, malah têrkadhang wontên ingkang angungkuli salwiring kasaktènira mila ing mangke Radèn Krêsna, karsa minta pêjahipun Rêsi Padmanaba, têmbungira ing sapangayunan sêngadi dadar-dadar badhe anyoba wulanging guru, ananging Rêsi Padmanaba sampun waskitha ingkang dados karsanipun Radèn Krêsna, sarêng tinurutan sami ngabên kadigdayan Rêsi Padmanaba èsmu karepotan. Ing ngriku lajêng tiwikrama dados kala mrêtyu apangawak latu sawukir, sarta isèn-isèning triloka sami kasarira sadaya, Radèn Krêsna uninga langkung katrêsan sarywa osik salêbêting galih badhe anêlăngsa, asor lumawana, luhung nuwuna wêwulang aji tiwikrama makatên punika, mila lajêng anêmbah saking katêbihan sarywa muwus minta pangaksama, Rêsi Padmanaba sampun lilih lajêng ngukut krodhanira mantuk warnanipun lami, Radèn Krêsna amarêpêki anguswa pada sarywa analăngsa sampun [sa...]

--- 6 : 199 ---

[...mpun] katarima, sarêng ing dalu Radèn Krêsna angudi winêjanga aji ingkang sagêd tiwikrama, wangsulanipun Rêsi Padmanaba inggih sagah, ananging punapa Radèn Krêsna sagêd anglampahi ingkang dados awisanipun: 1. botên kenging dhahar ingkang sarywa tumuwuh ing bumi, 2. botên kenginging[32] angagêm busana ingkang tumuwuh ing bumi, 3. botên ke[33] amanggèn utawi angaup ingkang sarywa tumuwuh ing bumi, manawi sagêd anyêgah salamining agêsang inggih kuwawi kanggenan aji bala sarewu, ingkang kawasa ambabar tiwikrama, wangsulanipun Radèn Krêsna inggih kadugi anglampahi, ing nalika punika Radèn Krêsna winêjang aji bala sarewu, sampun widagda, lajêng sinungan sêkar wijaya kusuma ingkang sagêd anggêsangakên tiyang pêjah dèrèng dumugi ing jangjinipun, manawi sampun kapasthi dumugi ing jangji inggih botên sagêd gêsang malih, kaping kalih sinungan sanjata cakra, cakra ingkang asagêd angêdalakên pangabaran maneka warna, kaping tiga sinungan pusaka sanjata narayanagopa ingkang sagêd andhatêngakên bala lêlêmbut kathahipun sayuta, sarêng pusaka tigang prakawis sampun katampèn dening Radèn Krêsna sami kadunungakên prênahipun: 1. sêkar wijaya kusuma, wontên ing sirah, wêdalipun [wê...]

--- 6 : 200 ---

[...dalipun] saking lesan, 2. sanjata cakra wontên ing jaja, wêdalipun saking asta, 3. sanjata narayanagopa, wontên ing guwa garba, wêdalipun saking suku, sasampunipun makatên Radèn Krêsna tinêdah kinèn dhatêng patapan ing Găndamadana, kapurih puruhita ing wanara kang kasêbut nama Sang Kapi Jêmbawan, Radèn Krêsna amituhu sapitêdahing guru sami sanalika, punika Rêsi Padmanaba muksa, Radèn Krêsna dahat pangunguning galih lajêng mangkat dhatêng Găndamadana, wontên ing margi awiraosan kalihan Sang Udawa manawi sampun kantênan kadadosaning sarira, badhe angagêm pêparab Padmanaba, Sang Udawa jumurung ing karsa, sarêng dumugi padaning wukir Candramuka minggah dhatêng Găndamadana ing ngriku kapêthukakên dening Maharsi Kapi Jêmbawan, laju sami lêlênggahan wontên samadyaning pacrabakan, sang maharsi sangêt ing kurmatipun saênggènipun botên kasamaran manawi punika panjanmaning Bathara Rama, ing nalika punika Radèn Krêsna sajarwa ingkang dados parluning karsa, Sang Kapi Jêmbawan anyumanggakakên ing sakawontênanipun, sasampuning antawis wanci Radèn Krêsna winulang sakathahing aji danurdara, akalihan aji danurwedha, ingkang anyêrapakên pangulahing [pangulah...]

--- 6 : 201 ---

[...ing] saniskara sadaya sampun widagda, ya ta kacariyos Radèn Krêsna salaminipun wontên ing Gondamadana anandhang brăngta dhatêng ing putranipun èstri, Sang Maharsi Kapi Jêmbawan kang anama Dèwi Jêmbawati, sang maharsi sampun sumêrêp ing pasang cipta mila lajêng matur makatên: Anggèr mugi kaparêngan pun bapa nuwilagănda manawi sampun dumugi ing wahyaning masa kala, Radèn Krêsna anampèni ing sipta sasmita makatên punika mila lajêng tinêdah kinèn tindak dhatêng Madura aningali kalangan prang ngabên tiyang, wontên ing ngriku babaring wiji jati kusuma, Radèn Krêsna amituhu lajêng mangkat.

Gêntos kawuwusa Radèn Kakrasana, ingkang atêtaki wontên ing arga sunya, mangkya katêdhakan Sang Hyang Brahma, amisik salwiring aji balarama, ingkang arabawa rosa kaskaya, botên karaos lêsu lupa, sarta botên sayahan ing salaminipun, sarêng sampun katanggapan lajêng amaringi sanjata nanggala awarni angkus ingkang anartani jaya sarosa, akalihan sanjata alagadara, awarni luku ingkang mratandhani jaya kaskaya, sarywa Radèn Kakrasana tinêdah kinèn dhatêng Madura aningali parameyaning kalangan saha ngabên-abên, ananging wêwêlingipun sampun [sa...]

--- 6 : 202 ---

[...mpun] ngantos kirang wêweka, Radèn Kakrasana matur sandika lajêng mangkat.

Nahan gêntos ingkang winursita nagari ing Madura, mangkya sakathahing sawung sampun sami samapta wontên salêbêting kalangan sadaya, nuntên Arya Saratimăntra, manjing kênthêng sarywa nguwuh-uwuh minta tandhing, Wasi Balawa lumawan lajêng prang ngabên kadigdayan botên wontên ingkang kuciwa, dangu-dangu Arya Saratimăntra pêjah binanting ing siti, dupi Arya Prabu Kăngsa uninga lajêng mangsah mangusir kiwul, Wasi Balawa anadhahi nanging asmu karepotan, anggung binucal dhawah sajabaning baris, ya ta kawuwusa Radèn Kakrasana ingkang aningali wontên pojok lèr wetan, sarêng Wasi Balawa tansah karepotan, Radèn Kakrasana lajêng mangsah tanpa kadhawahan, Arya Prabu Kăngsa cinandhak lajêng kabucal dhawah jawining kêkênthêngan, ing ngriku Arya Prabu Kăngsa duk uninga lajêng ngrukêt kang tambung laku, tanggap dyan narayana musus asta, Arya Prabu Kăngsa linêpasan ing sanjata cakra kenging baunipun kiwa tugêl, Radèn Kakrasana uwal lajêng anêpak mukanipun Arya Prabu Kăngsa pêjah kapisanan, Wasi Balawa uninga manawi mêngsahipun pêjah dening liyan, [liya...]

--- 6 : 203 ---

[...n,] badhe angamuk punggung katungka têdhakipun Sang Hyang Naradha, angrêrapu wirodhaning Wasi Balawa sarta anyumêrêpakên manawi ingkang mêjahi mêngsahipun punika kaprênah kadangira pribadi, ingkang pêputra Prabu Basudewa kalêrês kadangipun sêpuh Dèsi[34] Kunthi, Wasi Balawa anarima sampun lilih bramantyanipun, nuntên Sang Hyang Naradha marêpêki dhatêng Prabu Basudewa, mênggah pêjahipun Kăngsa dening Narpatmaja ingkang wontên ing Widarakandhang, ananging mangkya sami miruda saking ajrih manawi katrap ing pidananing praja, sawêg samantên pangandikanira Sang Hyang Naradha katungka pangamuking ditya wadyanipun Arya Prabu Kăngsa, tinadhahan dening Wasi Balawa sami pêjah sadaya, kantun satunggal kalih lajêng mantuk dhatêng wukir Rawisrêngga, sami matur ing Brahmana Wangsa salwiring lêlampahan sadaya, Brahmana Wangsa langkung ngungun.

Ya ta kawuwusa malih nagari Madura, sasirnaning mêngsah ditya Sang Hyang Naradha muksa, Wasi Balawa mit wangsul dhatêng panggenaning kadang ibunipun. Prabu Basudewa anglilani sarta amaringi pusaka gada tosan pita, minăngka tandhaning panarima, katanggapan dening Wasi Balawa kabêkta mangkat, sapêngkêring Wasi Balawa Prabu Basudewa utusan [u...]

--- 6 : 204 ---

[...tusan] angupadosi putra kang amiruda, Patih Yadawangsa sampun amatah punggawa ingkang dinuta: 1. ingkang raka pribadi anama Arya Yadawa, 2. Arya Pragota, 3. Arya Wisata, 4. Arya Pramuka, sami ambêkta panêkaripun sowang-sowang.

Gêntos kawuwusa dhusun ing Utkocaka, sapraptanipun Wasi Balawa, anyariyosakên salwiring lêlampahanipun sadaya, kang ibu miwah para kadangira sami ngungun. Ing antawis dintên mangkat, Brahmana Domya umiring ngantos dumugi ing Wiratha, anjujug panggenaning wadya panjuru wasta Arya Bilawa, amargi punika tilas punggawanipun Prabu Pandhu Dewanata ing Ngastina, wontên ing ngriku para Pandhawa langkung sinuba-suba, sarta jinurungan dènira sami ngalih nama utawi angagêm cara brahmana punika, ingkang supados botên kawistara manawi Pandhawa, sarêng sampun rêrêp ing saantawis para Pandhawa sami pirêmbagan sagêdipun marêk dhatêng ngabyantara nata, dadosing rêmbag Arya Bilawa, amrayogèkakên sakathahing dêdamêl sami kasingidêna, awit bokmanawi dados sănggarunggining, senapati Sang Arya Kicaka, winastanan wiku-wikuning atigan, ing jawi pêthak mulus ing lêbêt isi wila pilus, [pi...]

--- 6 : 205 ---

[...lus,] ing katêmahanipun botên amikantuki dhatêng pangawulan, para Pandhawa sami mangayubagya ing rêmbag makatên punika, nuntên sakathahing dêdamêl sami kasingidakên dhatêng pasetran kang asunya, sasampunipun makatên Arya Bilawa marêk ing ngabyantara nata, angaturakên para brahmana mudha badhe suwita: 1. brahmani, awasta Endhang Rini, 2. kamisêpuhing brahmana anama Dwijakangka, 3. Wasi Balawa, 4. Kandhi Wrêhatnala, 5. Cèkèl Damagranti, 6. Cantrik Tantripala, kaetang dalah uluguntungipun sadaya tiyang wolulas. Prabu Matswapati sampun kaparênging karsa, sarêng katimbalan sami kadangu ing kasagêdanipun sowang-sowang, aturipun Endhang Rini, angakên sagêd patraping amulasara, aturipun Sang Dwijakangka amung sagêd amardi etanging saniskara, sarta angrakit kalangênan ingkang amikantuki, aturipun Sang Wasi Balawa amung sagêd ambêrêg sato wana, sarta angrêratêngi ulam ingkang eca-eca, aturipun Sang Kandhi Wrêhatnala, sarèhning wandu amung sagêd ulah bêksa, sarta amarsudi lêlagoning gêndhing sindhèn rêrêpèn ing sapanunggilanipun, aturipun Sang Cèkèl Damagranti amung sagêd anêgari kuda,

--- 6 : 206 ---

aturipun Sang Cantrik Tantripala amung sagêd amiyara sawarnining rajakaya pitik iwèn. Ya ta Prabu Matswapati duk amiyarsa langkung kapirênaning galih Endhang Rini lajêng kalêbêtakên ing pura, dados êmban kinèn amulasara, putra èstri kang anama Dèwi Utari, Sang Dwijakangka dados tăndha angiras wadya nitipraja, Sang Wasi Balawa dados jagal, minăngka kondhangipun Sang Jagal Malakas, Sang Kandhi Wrêhatnala dados niyaga, sarta amulang bêksa dhatêng para atmajendra, Sang Cèkèl Damagranti dados panêgar, Sang Cantrik Tantripala dados paniwèn, angopèni para kalangênan ingon-ingon sadaya, sarêng sampun kadhawahakên lajêng sami kaparingan prênah ing panggenanipun sowang-sowang. Ya ta ing nalika punika, Arya Kicaka tansah rêrênggi dhatêng Arya Bilawa, ing sadintên-dintên kapêndhêt lêpatipun, awit kasiku dènira ngaturakên pasuwitan brahmana mudha botên paliwara, saking kajrihanira Sang Arya Bilawa awêwarah manawi badhe muksa, ingkang dados sababipun sampun kajatosakên sadaya, ing ngriku para brahmana mudha sami dahat sungkawa, Arya Bilawa angêngimur sarta martandhani atur pusaka, tăndha Dwijakangka warni musthika martadarbe [marta...]

--- 6 : 207 ---

[...darbe] prabawa sarèh samukawis ing karsa, Jagal Balawa warni musthika ayu darbe prabawa karosan, niyaga Sang Kandhi Wrêhatnala warni musthika sari darbe prabawa pangasihan, panêgar Sang Damagranti, warni musthika wardi, darbe prabawa panglêpasan, paniwèn Sang Tantripala, warni musthika panu, darbe prabawa sulaksana, sasampunipun kagagapan sowang-sowang, Arya Bilawa mêmêling kinèn sami prayitna, sarta namanipun sinungakên ing Jagal Balawa, pakantukipun amêwahi jaya santosa, Jagal Balawa amituhu Arya Bilawa lajêng muksa, kala samantên Jagal Balawa awitipun kasêbut nama Jagal Bilawa.

__________

Dumugi samantên têlasing cariyos ingkang kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 6, taksih wontên sambêtipun kawrat ing Sêrat Pustakaraja Purwa jilidan ăngka 7.

--- 6 : 0 ---

[3 halaman kosong]

 


Ngastina. (kembali)
Krêsna. (kembali)
patula. (kembali)
misuwuring. (kembali)
dados. (kembali)
sarta. (kembali)
sagawon. (kembali)
kaparênging. (kembali)
paminggiran. (kembali)
10 pamrayogining. (kembali)
11 brakasakan. (kembali)
12 sarwa. (kembali)
13 anggas. (kembali)
14 sarta. (kembali)
15 sungkawaningsun. (kembali)
16 gêntos-gêntos. (kembali)
17 Radèn. (kembali)
18 badhe. (kembali)
19 Prabu. (kembali)
20 ngantos. (kembali)
21 salêbêtipun. (kembali)
22 busana. (kembali)
23 kadhawuhan. (kembali)
24 mulus. (kembali)
25 atmajendra. (kembali)
26 wanara. (kembali)
27 parangkitri. (kembali)
28 kaèsthi. (kembali)
29 sampun. (kembali)
30 ing. (kembali)
31 karaos. (kembali)
32 kenging. (kembali)
33 kenging. (kembali)
34 Dèwi. (kembali)