Sêrat Jaka Lodhang tuwin Sêrat Kalatidha, Prawiradiarja, #1498

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Jaka Lodhang Tuwin Kalatidha

Karanganipun R. Ng. Rănggawarsita, Pujăngga Agêng Ing Nagari Surakarta Adiningrat.

--- [1] ---

Sêrat Jaka Lodhang tuwin Sêrat Kalatidha

Karanganipun swargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita pujăngga agêng ing nagari Surakarta Adiningrat.

Gadhahanipun Tuwan Radèn Prawiradiharja, ing Soka.

Jiwaragan.

Tambahan Wirid Purwa Madya Wasana. Ngèlmi wêjangan kasampurnaning pêjah gêsang.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Răngèh jlêg tumiba | gêgaran santosa | wartane mèh têka | sikara karodha | tatage tan katon | barang-barang ngêrong | sagah tanpa raga | katali kawawar | dhadhal amêkasi | tăndha murang tata[1] ||

1. Gambuh

1. Jaka Lodhang gumandhul | praptaning pang ngêthèngkrèng sru muwus | eling-eling pasthi karsaning Hyang Widhi | gunung mêndhak jurang brênjul | ingungsi praja prang kasor ||

2. nanging aywa kaliru | sumurupa kăndha kang tinamtu | nadyan mêndhak mêndhaking gunung wus pasthi | maksih katon labêtipun | beda lawan jurang gêsong ||

3. nadyan bisa barênjul | tanpa tawing enggal jugrugipun | kalakone karsaning Hyang wus pinasthi | yèn ngidak sangkalanipun | sirna tata èsthining wong |[2]|

2. Sinom

1. sasêdyane tanpa dadya | sacipta-cipta tanpolih | kang rêraton-raton rantas |

--- [4] ---

mrih luhur asor pinanggih | bêbêndu gung anêkani[3] | kongas ing kanisthanipun | wong agung nis gungira | sudirèng wirang jrih lalis | ingkang cilik tan tolih ring cilikira ||

2. wong alim alim pulasan | jaba putih jêro kuning | ngulama masa maksiyat | madan[4] madon minum main | khaji khaji abanting | dulban kêthu putih mamprung | wadon nir wadonira | prabawèng salaka rukmi | kabèh-kabèh mung marono tingalira ||

3. para sudagar ingargya | jroning jaman kênèng sarik | marmane saisining rat | sangsarane saya mêncit | nir sad èsthining urip |[5] iku ta sangkalanipun | pantoging nandhang sudra | yèn wus tobat tanpa mosik | sru nalăngsa ngandêlkên maring Hyang Suksma ||

3. Megatruh

1. bok parawan săngga wang duh kalbu[6] | Jaka Lodhang nabda malih | nanging ana parmanipun | ing wêca kang wus pinasthi | èsthinên murih kalakon ||

2. sangkalane maksih nunggal jamanipun | nèng sajroning madya akir | wiku sapta ngèsthi ratu[7] | ngadil parimarmèng dasih | ing kono karsaning manon ||

3. tinêmune wong ngantuk anêmu kêthuk | malênuk samargi-margi [samargi-...]

--- [5] ---

[...margi] | marmane bungah kang nêmu | marga jroning kêthuk isi | kêncana sêsotya byor[8] ||

Kalatidha: Kala: Jaman, Tidha: Nyamar.

1. Sinom

1. wahyaning arda rubeda | ki wrêda adrêng mèngêti | mêsu cipta mati raga | mêdhar warananing gaib | ananira sakalir | ruwêding sarwa tumuwuh | wiwaling kang warana | dadi badaling Hyang Widhi | amêdharkên paribawaning bawana ||

2. mangkya darajating praja | kawuryan wus sunyaruri | rurah pangrèhing ukara | karana tanpa palupi | atilar sulastuti | sarjana sujana kèlu | kalulun kalatidha | tidhêm tandhaning dumadi | ardayèng rad dening karoban rubeda ||

3. ratune ratu utama | patihe patih linuwih | pra nayaka tyas raharja | panêkare bêcik-bêcik | parandene tan dadi | palisan sing kalabêndu | malah sangkin andadra | rubeda angrêribêdi | beda-beda ardane

--- [6] ---

wong sanagara ||

4. katêtangi tangisira | sira sang paramèng kawi | kawilêt ing tyas duhkita | kataman rèh tan mirangi | dening upaya sandi | sumaruna anarawung | mangimur manuhara | mèt pamrih melik pakolih | têmah suha ing karsa tanpa wiweka ||

5. dhasar karoban pawarta | bêbaratan ujar lamis | pinudya dadya pangarsa | wêkasan manggih kawuri | yèn pinikir sayêkti | mundhak apa anèng ngayun | andhêdhêr kaluputan | siniraman banyu lali | lamun tuwuh dadi kêmbanging bêbeka ||

6. ujaring Panitisastra | wêwarah asung pêpeling | ing jaman kênèng musibat | wong ambêg jatmika kontit | mêngkono yèn nitèni | pedah amituhu[9] | pawarta lalawora | mundhak angrênta ati[10] | angur baya ngikêta caritèng kuna ||

7. kêni kinarya darsana | panglimbanging ala bêcik | sayêkti akèh kewala | lêlakon kang dadi tamsil | masalahing aurip | wahananira tinêmu | têmahan anarima | mupus papênthèning[11] takdir | puluh-puluh anglakoni kaelokan [kaelo...]

--- [7] ---

[...kan] ||

8. amênangi jaman edan | ewuh aya ing pambudi | mèlu edan nora tahan | yèn tahan mèlu nglakoni | boya kaduman melik | kalirên wêkasanipun | dilalah karsa Allah | bêkja-bêkjane kang lali | luwih bêkja kang eling lawan waspada ||

9. samono iku bêbêsan | padu-padune kapengin | inggih makatên Paman Dhoblang[12] | bênêr ingkang angarani | nanging sajroning batin | sajatine nyamut-nyamut | wis tuwa arêp apa | luhung mahas ing asêpi | supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma ||

10. beda lan kang wus santosa | kinarilan ing Hyang Widhi | satiba alanganeya | tan usah ngupaya kasil | saking mangunah prapti | Pangeran paring pitulung | marga samaning titah | rupa sabarang pakolih | parandene maksih tabêri ihtiyar ||

11. sakadare linakonan | mung tumindak marang ati | ugêr tan dadi prakara | karana wirayat muni | ihtiyar iku wajib | pamilihing rèh rahayu | sinambi budidaya | kanthi awas lawan eling | kang kaèsthi antuka parmaning Suksma ||

12. ya Allah ya rasulollah | kang sipat murah lan asih | mugi-mugi aparinga | pitulung kang anartani | ing awal lawan akir | dumununging gêsang ulun [ulu...]

--- [8] ---

[...n] | mangkya sampun awêrda | ing wêkasan kadipundi | mila mugi wontêna pitulung tuwan ||

13. sagêda sabar santosa | mati sajroning aurip | kalis ing rèh aru-ara | murka angkara sumingkir | tarlèn mêlêng malat sih | sanityasa tyas mêmasuh | badharing sapudhêndha | antuk mayar sawatawis | borong angga suwarga mèsi martaya ||

2. Gambuh

1. rasaning tyas kayungyun | kongas mangaskrêtèng têmbang gambuh | gambir wana kalawan êning ati[13] | katênta kudu pitutur | sumingkiring rèh tyas mirong ||

2. dèn samya amituhu | ing sajroning jaman kalabêndu | yogya sami nyênyuda ardaning ati | kang nênuntun mring pakewuh | uwohing panggawe awon ||

3. ngajapa tyas rahayu | ngayêmana sasamèng tumuwuh | wahanane ngêndhak angkara kalindhih | ngendhangkên pakarti dudu | dinuwa luwar tibèng doh ||

4. beda kang aji pupung | ning waspada rubedane tutut | akêkinthil tan anggop anggung tut wuri | tyas riwud rawat dahuru | korub sinêrang ing goroh ||

5. ilang budayanipun | tanpa bayu weyane ngalumpruk | saciptaning wardaya ambêbayani | ubayane nora payu | kari kataman pakewoh ||

6. rong asta

--- [9] ---

wus katêkuk | kari ura-ura kang pakantuk | dhandhanggula lagu palaran sayêkti | nglêluri para para lêluhur[14] | abot sihing Hyang swami karo[15] ||

7. galap-gangsuling têmbung | ki pujăngga pagupitanipun | rangu-rangu pamanguning rèh arjanti | tinanggapan srana tambuh | katênta nawung prihatos ||

8. wartining para jamhur | pamawasing wasita tanpa wus | wahanane jaman owah angowani | yèku sangsaya pakewuh | ewuhaya kang linakon ||

9. sidhining kalabêndu | saya dadra ardaning tyas limut | nora kêna linêrêp limating budi | lamun durung mangsanipun | malah sumuke angrandon ||

10. tatanane tumruntun | panuntuning angkara antuk[16] | kaladesa wênganing karsa kaèksi | limut kalimput angawut | mawut sanggyaning dumados ||

11. ing antara sapangu | pangungaking kaanan wus mirut | morat-marit panguripaning sasami | sirna katêntrêmanipun | wong udrasa sak gon-ênggon ||

12. kêmat isarat lêbur | bubur tanpa daya kaparubuh | paribasan tidhêm tandhaning dumadi |

--- [10] ---

bêkjane ula dhahulu | cangkêm silite anyaplok ||

13. dhungkari gunung-gunung | kang gênêng padha jinugrug[17] | parandene datan ana kang nanggulangi[18] | wêdi kalamun sinêmbur | upase lir wedang umob ||

14. kolonganing kaluwung | prabanira kuning abang biru | sumurupa iku mung soroting warih | wêwarahe para rusul | dudu jatining Hyang Manon ||

15. supaya padha emut | amawasa sajroning taun[19] | windu kuning (windu kêncana) kono ana wewe putih | agamane têbu wulung | arsa rinabasèng wêdhon ||

16. rasane wus karasuk | miwah kêsuk kalamangsanipun | kawisesa kuwasanira Hyang Widhi | wahyaning wahyu tumêlung | tulus tan kêna tinêgor ||

17. karkating tyas katuju | jibar-jibur adus banyu wahyu | yuwanane turun-tumurun tan ênting | iku wus karsaning Hyang Agung[20] | kamurahanira Hyang Manon[21] ||

18. tatune kabèh tuntum | lêlarane waluya sadarum | tyas prihatin ginantyan suka mêpêki | wong ngantuk anêmu kêthuk | jro isi dinar sabokor ||

Nyandhak sêkar mêgatruh, winastan Sêrat Sabdajati, ingkang sêkar gambuh punika winastan Sêrat Sabdatama.

3. Megatruh

1. aywa pêgat ngudia rănging budyayu | margane suka basuki | dimèn luwar kang kinayun | kalis ing panggawe sisip | ingkang tabêri prihatos[22] ||

2. ulatana kang nganti bisa kapangguh | galedhahên kang sayêkti | talitinên aywa klèru | larasên sajroning ati | dèn tumanggap dimèn manggon ||

3. pamanggone anèng pangèsthi rahayu | angayomi ing tyas êning | êninging ati kang suwung | nanging sajatine isi | isine cipta kang yêktos ||

4. lakonana kalayan sabaring kalbu | yèn dèn obah nêniwasi | kasusupan setan [seta ...]

--- [11] ---

[...n] gundhul | ambêbedhung gawa kandhi | isine rupiyah kêton ||

5. lamun nganti korub mring panggawe dudu | dadi pakuwoning eblis | mlêbu mring alam pakewuh | ewuh pana ninging ati | têmah wuru kabêsturon ||

6. nora kengguh mring pamardi rèh budyayu | ayuning tyas sipat kuping | kinêpung panggawe rusuh | lali pasihaning Gusti | ginuntingan kaya mêrcon ||

7. parandene kabèh kang samya andulu | ulap kalilipên wêsi | akèh wong kang padha sujud | kinira yèn jabarail | kautus dening Hyang Manon ||

8. yèn kang uning marang sajatining kawruh | kewuhan sajroning ati | yèn nirua nora arus | uripe kaèsi-èsi | yèn nirua dadi asor ||

9. nora ngandêl marang gaibing Hyang Agung | anggêlar sakalir-kalir | kalamun têmên tinêmu | kabêgyan anêkani[23] | kamurahaning Hyang Manon ||

10. anuhoni kabèh kang duwe panyuwun | [...][24] | yèn têmên-têmên tinêmu | nora

--- [12] ---

kurang sandhang bukti | saciptanira kalakon ||

11. ki pujăngga nyambiwara wèh pitutur | sakang[25] mangunahing dhiri | ambuka warananipun | aling-aling kang ngalingi | angalingkap têmah katon ||

12. para janma sajroning jaman pakewuh | kasudranira andadi | dahurune sayandarung | kèh tyas mirong murang margi | kasêtyan wus nora katon ||

13. katuwone winawas dahat matrênyuh | kênyaming sasmita yêkti | sanityatyasèng tyas malat kung[26] | kongas wêlase kapati | sulaking jaman prihatos ||

14. waluyane benjang yèn wus ana wiku | mêmuji ngèsthi sawiji[27] | sabuk lêbu lir makjênun | kalibêdan tudang-tuding | anacah sakèhing wong[28] ||

15. iku lagi sirêp jaman Kalabêndu | Kalasuba kang gumanti | wong cilik bisa gumuyu | nora kurang sandhang bukti | sêdyane kabèh kalakon ||

16. pandulune ki pujăngga durung kêmput |

--- [13] ---

mulur lir bênang tinarik | nanging kasêrang ing umur | andungkap kasidan jati | mulih sajatining ênggon ||

17. amung kurang wolung ari kang kadulu | êmating pati patitis | wus katon nèng Lokilmakpul | angumpul nèng madya ari | amarêngi ri Buda Pon ||

18. tanggal kaping lima antaraning luhur | sêlaning taun jimakir | sangara winduning pati | tolu uma aryang jagur[29] | nêtêpi ngumpul saênggon ||

19. cinitra ri Buda kaping wolu likur | Sawal ing taun Jimakir | candraning warsa pinetung | nêmbah muksa pujăngga ji |[30][31] ki pujăngga pamit layon ||

Tamat.

--- [14] ---

Sêrat Hidayat Jati karanganipun swargi R Ng Rănggawarsita pujăngga agêng. Nêrangakên ngèlmi sajati, saha ngèlmi kasampurnan kangge wêjangan, rêgi f 4.

__________

Sêrat Suluk Salokajiwa, musawaratanipun para pandhita, sarta Sang Hyang Wisnu (Suman). Puruhita dhatêng Sang Pandhita Ngusman Ajit, nêrangakên ngèlmi sajati, kangge wêjangan, karanganipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga agêng, sêratan tangan rêgi f 1,75.

__________

Sêrat Wirit Purwa Madya Wusana, anêrangakên kawontênanipun ngèlmi kasampurnan, wiwitan dumugi pungkasan kangge wêjangan, karanganipun Wiryapanitra, ing Surakarta, sêratan tangan, rêgi f 1,75.

Kula têrangakên sawatawis.

--- [1] ---

Purwa Madya Wasana.

Sêrat Purwa Madya Wasana, mila kula namakakên makatên.

Purwa têgêsipun wiwitan.

Madya têgêsipun têngahan.

Wasana têgêsipun pungkasan.

Mênggah sêdyaning manah badhe agêlarakên[32] piridan ingkang prayogi: linampahan, kabatosan.

1. Purwa: anêrangakên dumados sarta asalipun manungsa, tuwin gêgandhenganipun kalihan dating Pangeran.

2. Madya: anêrangakên patrap tumindakipun wêkdal dados lêlampahan wontên ngalam dunya, ingkang sagêd gandhèng tuwin salaras kalihan dhawuh pangandikaning Allah, (têtêp jumênêng loroning atunggil).

3. Wasana, anêrangakên tekat dununging tiyang pêjah, saha lêlampahaning sakaratul maot dumugi têtêpipun jumênêng pribadi gêsang langgêng.

Purwa, mênggah dumados asalipun tiyang (manungswa).

--- [16] ---

Punika, sampun kathah para sarjana ingkang agêlarakên kapacak ing Sêrat Warni-Warni. Ewadene sapunika kula anggêlarakên malih, punika supados kenginga kangge têturutan anggèn kula badhe agêlarakên patrap tumindakipun lêlampahan, sagêda dumunung pirantos satunggal-tunggalipun.

Ingkang nitahakên bumi langit saisinipun punika, limrahipun manusa sami anyêbut: Kang Maha Sukci, Gusti Allah, lan sanès-sanèsipun miturut basa tuwin bangsanipun piyambak-piyambak, dene Gusti Allah punika: ora warna, ora rupa, ora arah, ora ênggon, nanging wajib anane.

Mênggah wontênipun wau dumunung wontên ing sipat jalal, jamal, kahar, kamal.

1. Jalal punika agung datipun, sagêd angimputi bawana.

2. Jamal punika wujudipun dede jalêr, dede èstri, dede wandu.

3. Kahar punika botên gadhah nama sintên-sintên.

4. Kamal punika sampurna ing pandamêlipun, namung kalayan sabda.

--- [17] ---

Gusti Allah punika namung satunggal, nanging wêwijanganipun wontên tiga: inggih punika:

1. Gawe urip, 2. urip, 3. kang nguripi, (tiga-tiganing atunggil). Langgêng kawontênanipun, tuwin botên kenging yèn kapisah-pisahakên, dipun pêthil satunggal-satunggal: têtêp dados satunggal, dene kasampurnanipun ugi wontên tiga, inggih punika:

Kang gawe urip, jagad saisine iki ora bisa dumadi dhewe, kajaba karsane kang gawe urip, lan kang ambarkahi sagung dumadi.

2. Urip, ora ana titah kang wanuh marang kang gawe urip, kang tansah têtunggalan.

Punika ingkang minăngka utusan utawi wakiling kang gawe urip, kapasrahakên dhatêng manungswa sadaya minăngka guru, utawi patutan, punapadene ingkang paring sandhang tuwin têdha, lan punapa sak kêbêtahanipun manungswa, punapa ingkang sampun dados pandumanipun, sarta ambêg wêlasan, wicaksana, sagêd sampurna kawontênanipun, mênggah punika para manungswa warni-warni anggènipun marabi, wontên ingkang mastani sang sabda, sang pamarta, sang juru jati, nabi kilir, lan sa-

--- [18] ---

nès-sanèsipun.

3. Kang nguripi: ora ana manuswa kang bisa wanuh marang sang urip, kajaba yèn olèh pêpadhanging kang gawe urip, punika êmbaning sang urip, kangge madhangi manahing manuswa tuwin kangge ambuka warana, salajêngipun ingkang sagêd nêntrêmakên, mênggah punika wau warni-warni anggènipun marabi, wontên ingkang mastani roh sukci, nur Mukhamad, banyu urip, lan sanès-sanèsipun.

Kang gawe urip, anggènipun kagungan karsa supados tatela ati kaluhuran utawi panguwaosipun kanthi anurunakên ingkang kalih: sang urip lan kang nguripi, ing salêbêting kadis, anyêbutakên ingkang rumuhun piyambak, inggih nama kayu sajaratul yakin, têgêsipun kayu inggih kayun ingkang nyata wontên wujudipun, tumurunipun dhatêng manuswa anggèning têtunggilan ngangge warana kawan prakawis.

1. Inggih punika kăntha, ngangge plawangan pamiyarsa, ingkang darbèni sukma langgêng.

2. Warna, ngangge plawangan paningal, ingkang darbèni sukma luhur.

--- [19] ---

3. Ambu, ngangge plawangan grana, ingkang darbèni sukma purba.

4. Rasa ngangge plawangan lesan, ingkang darbèni sukma wisesa.

Sakawan prakawis punika tumurunipun dhatêng jabang bayi, saking satunggal-satunggal urut, ing wêkasan piyambak calathu.

Mênggah dumadosipun manungswa asal saking anasir 4 prakawis, tuwin mudah 5 prakawis. Dene dunungipun anasir 4 prakawis punika, inggih punika: 1. gêni, 2. angin, 3. banyu, 4. Bumi.

1. Gêni dumados dados napsu.

Napsu mahanani hawa 4 prakawis, inggih punika:

1. Aluamah, watêkipun ngăngsa-ăngsa, ngangge plawangan lesan, pamanggènipun usus.

2. Amarah, watêkipun sêrêng, brangasan, ngangge plawangan talingan, pamanggènipun ing rêmpêlu.

3. Supiyah, watêkipun kadêrêng, daya-daya, ngangge plawangan mripat, pamanggènipun ing limpa.

4. Mutmainah, watêkipun antêng, jinêm, ngangge plawangan grana, pamanggènipun ing ginjêl.

Hawa 4 prakawis punika, kaalusanipun mahanani cahya 4 prakawis: 1. Irêng, 2. abang, 3. kuning, 4. putih.

--- [20] ---

2. Angin, dumados mahanani 4 prakawis, 1. napas, 2. tanapas, 3. anpas, 4. nupus.

1. Napas, punika têtangsuling jisim, dumunung wontên manah suwedha, têgêsipun woding manah, wahananipun dados angin ingkang mêdal ing badan kemawon, ngangge plawangan lesan.

2. Tanapas, punika têtangsuling manah, dumunung wontên ing pusêr, wahananipun ingkang manjing dhatêng badan kemawon, ngangge plawangan grana.

3. Anpas, dumados dados gêtih, dumunung wontên ing jantung, wahananipun dados angin ingkang têtêp wontên ing nglêbêt kemawon, ngangge plawangan talingan.

4. Nupus, bumi, dumados bangsaning dêdagingan.

Kaalusaning gêni, angin, banyu, kêmpal dados satunggal, dipun wastani trimurti, têgêsipun: sarining kawêningan têtêlu kang wus ngumpul dadi sawiji, dumados dados pramana.

Gêsangipun pramana tarik-tinarik utawi daya-dinaya kalihan gêsanging sukma rahsa, ing wusana sagêd mahanani wujud akăntha janmi, lajêng ambabarakên triloka, inggih punika:

--- [21] ---

jimat, jantung, lan paringsil. Ing dalêm kadis dipun wastani betal makmur, betal mukaram, betal mukadas, amêdharakên tata malige, kados ing ngandhap punika:

Sajatine ingsun anata malige ana ing betal mamur,[33] betal mukaram, betal mukadas, amêdharakên tata malige. Kados ing ngandhap punika:

Sajatine ingsun anata malige ana betal makmur, jumênêng ana ing sirah.

Kang ana sajrone sirah iki jimat, iya utêk.

Kang ana antaraning utêk, iku manik.

Kang ana sajroning manik, iku budi.

Kang ana sajroning budi, iku angên-angên.

Kang ana sajroning angên-angên, iku sukma.

Kang ana sajroning sukma, iku rahsa.

Kang ana sajroning rahsa, iku Ingsun.

Iya Ingsun dat kang anglimputi kaanan jati.

Dados têrangipun ing betal makmur punika panggenan pasewakan, sintên ingkang sumêdya sapatêmon, prayogi marêk sowan ing ngriku, utawi tumindak pepe wontên ing wringin kêmbar.

Sajatine ingsun anata malige ana ing betal mukaram, iku omah ênggoning larangan Ingsun, jumênêng

--- [22] ---

ana ing dhadha.

Kang ana sajroning dhadha iku ati.

Kang ana antaraning ati iku jantung.

Kang ana sajroning jantung iku budi.

Kang ana sajroning budi iku napsu.

Kang ana sajroning napsu iku sukma.

Kang ana sajroning sukma iku rahsa.

Kang ana sajroning rahsa iku Ingsun.

Iya Ingsun dat kang anglimputi kaanan jati.

Dados têrangipun ing betal mukaram punika, wiyos dhawuhipun Gusti: amila sinêbut larangan, ing ngriku pakêmpalaning dat ingkang alit-alit, ingkang kenging kangge panêngêran, cahya ingkang saklangkung wêning, amargi ing ngriku kratoning badan ilapi, mênggah obah-osiking manuswa punika wijinipun saking jantung, lajêng katampèn ing dat ingkang nindakakên sanubari, maknawi, siri, sanepanipun makatên:

Kurungan jago iku mêsthine iya isi jago: sajrone jago isine iya jago, punika wujud kêmpaling kawula lan Gusti (loroning atunggil).

Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betal mukadas, iku omah êng-

--- [23] ---

gon ingsun pasucèn, jumênêng ana ing konthol.

Kang ana sajroning konthol iku pringsilan.

Kang ana antaraning pringsilan iku numpah, iya iku mani.

Kang ana sajroning mani iku madi.

Kang ana sajroning madi iku wadi.

Kang ana sajroning wadi iku maningkêm.

Kang ana sajroning maningkêm iku rahsa.

Kang ana sajroning rahsa iku Ingsun.

Iya Ingsun dat kang anglimputi kaanan jati, jumênêng ing nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono ananing alam akadiyat, wahdat, wakhadiyat, arwah, misal, ajêsam, insan kamil, dadining manungswa kang sampurna, iya iku sajatine sipat Ingsun. Dene têrangipun makatên:

1. Madi[34] punika koma ingkang taksih dados toya, warninipun surat biru.

2. Madi punika sarining mani, warninipun surat dadu.

3. Wadi punika sarining madi, warninipun surat jênar.

4. Maningkêm punika sarining wadi, warninipun pêthak maya-maya, kadya rêtna.

5. Nukat gaip punika wiji pêpingitan, inggih pu-

--- [24] ---

nika sarining toya sajati.

6. Johar awal, punika sêsotya ingkang wiwitan, inggih punika manik, dados êmbananing rahsa sajati sadaya ing ngriku wahananing martabat pitu, kasbut ing ngandhap punika:

1. Alam akadiyat, wahananipun kèndêl sawêg sawulan, kasbut latakyun awal, dene sawêg nyata ananipun.

2. Alam wahdat, wahananipun kèndêl sawêg kalih wulan, kasbut latakyun awal, dene sawêg nyata kaananipun.

3. Alam wakadiyat, wahananipun kèndêl sawêg tigang wulan.

4. Alam arwah, sawêg kèndêl kawan wulan. Kasbut ayat sabitah, dene nyata ing kaananipun sampun kăntha janggêrênging jabang bayi.

5. Alam misal, wahananipun sawêg kèndêl gangsal wulan, kasbut ayat karijiyah, dene sanyata mêdal ing kaananipun, sampun darbe sipat, nanging taksih upami kemawon.

6. Alam ajêsam, kaananipun sawêg kèndêl nêm wulan, kasbut ayat mukawiyah dene sanyata gêsang kaananipun, sampun dar-

--- [25] ---

be asma dipun wastani jabang bayi.

7. Alam insan kamil, wahananipun sawêg kèndêl pitung wulan, ngantos dumugi wolung wulan, tuwin sangang wulan, kasbut ayat maknawiyah dene sampun nyata ing kaananipun, jumênêng sampurnaning manungswa lajêng badhe lair ing ngalam donya.

Mudah 5 prakawis inggih punika nur, rahsa, roh, napsu, budi.

Kacariyos, ing kadis, manjingipun mudah wau, wiwit saking êmbun-êmbunan, kèndêl wontên ing utêk, lajêng tumurun dhatêng netra. Lajêng dhatêng karna, lajêng dhatêng grana, lajêng dhatêng lesan. Lajêng dhatêng jaja: lajêng sumrambah dhatêng jasad sadaya: têtêp jumênêng insan kamil.

Wontên malih panunggilanipun gaib satunggal, ingkang kawastanan saprangkat, inggih punika sêsêbutan Allah, Mukhamad, rasul, mênggah dunungipun makatên.

Allah punika namung paraban, asmanipun sajati sang urip, dene palênggahanipun saha jumênêngipun wontên ing manik, (thêlênging mripat).

--- [26] ---

Sanyata kayêktosan, ing sajroning manik wontên lare kêmbar.

Mukhamad, punika ugi pêparaban, sajatosipun wujud pêpadhang kang sajati, jumênêngipun wontên ing putihing mripat kita, sanyata kayêktosan awasing paningal saking netra ingkang pêthak, saha wontên caya ingkang wêning.

Rasul, punika ugi paraban, sajatosipun rasa, jumênêngipun wontên ing irênging mripat kita, sanyata kayêktosan, êmating rasa manawi bliyut badhe sare, utawi manawi nglêrêsi ngêdalakên koma, dumunung ing netra ingkang irêng.

Pêpangkataning gaib ing nginggil punika parlu dipun kawruhi, agêng sangêt dayanipun.

Wontên malih wêwijanganipun ingkang winastan martabat 21 inggih punika ingkang 9 martabat Jawi:

1. Paningaling netra punika ingkang kangge donya.

2. Roh rabani punika pamiyarsa kangge donya.

3. Roh mani punika gănda kangge donya.

4. Roh tamiyin punika thukuling rahsanta.

--- [27] ---

5. Roh kawani punika thukuling kêkuwatanira.

6. Roh kabati punika thukuling pamanggya.

7. Roh ulupi punika thukuling karêp kang dèrèng kawêdal.

8. Roh ilapi punika thukuling solahing badan kang kasar.

9. Roh badan ilapi punika thukuling nèng jantung solahing lesan.

Ingkang 7 martabat ing nglêbêt:

1. Akadiyat punika kêkarêp kang santosa.

2. Dumadosipun sêdya tama: wadat.

3. Wakadiyat punika kadumugèning sêdya.

4. Arwah punika panggenan pangwasaning akir.

5. Misal punika panggenan pamiyarsa akir.

6. Ajêsam punika panggenan paningaling akir.

7. Insan kamil punika panggenan panguripan.

Ing nglêbêtipun isi martabat tiga:

1. Rohkani: panggenanipun ing ati sanubari.

2. Roh badan rokani panggenanipun ing ati maknawi.

3. Roh kudus panggenanipun ing ati siri.

Ing nglêbêtipun malih wontên martabat 2:

1. sang urip sajroning urip ana banyu panguripan.

2. sang nguripi

Minăngka katrangan kadhapuk ing pitakenan.

Sapa kowe iku manuswa, têgêsipun, wiwitan manungswa urip iki saka mêtêng samun (wadhah).

 


Pada bait ini di tiap awal baris ada sandiasma: Rănggawarsita basa kadhaton. (kembali)
Tanggal: sirna tata èsthining wong (AJ 1850). Tahun AJ 1850 jatuh antara tanggal Masehi: 26 September 1919 sampai dengan 14 September 1920. (kembali)
Lebih satu suku kata: bêbêndu gung nêkani. (kembali)
madad. (kembali)
Tanggal: nir sad èsthining urip (AJ 1860). Tahun AJ 1860 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Juni 1929 sampai dengan 29 Mei 1930. (kembali)
Kurang dua suku kata: bok parawan săngga wang duhkitèng kalbu. (kembali)
Tanggal: wiku sapta ngèsthi ratu (AJ 1877). Tahun AJ 1877 jatuh antara tanggal Masehi: 6 Desember 1945 sampai dengan 24 November 1946. (kembali)
Kurang satu suku kata: kêncana sêsotya abyor. (kembali)
Kurang dua suku kata: pedah apa amituhu. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: mundhak angrêrănta ati. (kembali)
11 papêsthèning. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: gih makatên Paman Dhoblang. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: gambir wana kalawan êninging ati. (kembali)
14 Lebih dua suku kata: nglêluri para lêluhur. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: abot sih Hyang swami karo. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: panuntuning angkara pan antuk. (kembali)
17 Kurang dua suku kata: kang gunung gênêng padha jinugrug. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: parandene tan ana kang nanggulangi. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: amawasa ing sajroning taun. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: iku karsaning Hyang Agung. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: kamurahaning Hyang Manon. (kembali)
22 Pada bait ini tiap baris ada sandiasma: Rănggawarsita. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: kabêgyan anênêkani. (kembali)
24 Kurang satu baris ke-2: 8i. (kembali)
25 saking. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: sanityasèng tyas malat kung. (kembali)
27 § 1877 jaman mulya. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: anacah sakèhing uwong. (kembali)
29 Baris ke-2 seharusnya menjadi baris ke-3, begitu juga sebaliknya. (kembali)
30 § 1802 seda. (kembali)
31 Tanggal: Buda (Rêbo) wolu likur (28) Sawal Jimakir: nêmbah muksa pujăngga ji (AJ 1802). Tanggal Masehi: Kamis 18 Desember 1873. Perbedaan satu hari (Rêbo versus Kamis) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
32 anggêlarakên. (kembali)
33 makmur. (kembali)
34 mani. (kembali)