Wicara Kêras, Pahêman Radya Pustaka, 1900, #1292

JudulCitra
Terakhir diubah: 23-12-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wicara Kêras

PB. IV.

--- [0] ---

Sêrat Wicara Kêras

Anggitan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ing Surakarta.

Kawêdalakên sarta sampun katètèsakên kalihan luguning babonipun dening pahêman Radya Pustaka.

Nalika taun 1829.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Vogel van der Heijde & Co. ing Surakarta 1900.

--- 1 ---

1. Sinom

1. watêke Wicara Kêras | sumuke pangucap wêngis | iku nangèkakên napas | setane nuli kêkinthil | yèn ujar ririh manis | nora tangi napasipun | ayêm sarta santosa | setane lumayu ngênthir | pan wus kocap wong sabar ngunjara setan ||

2. budi kang nora sarănta | iku panuntuning eblis | dèn omahakên paragak | pangrasane suwarga di | wong kêna ing jêjail | kurang mantêp marang ngèlmu | dhinadhung bêrkasakan | nalare pating saluwir | nora eling lamun titahing Pangeran ||

3. sasat kinarya khalipah | têgêse mapan gêgênti | têka kurang panggraita | parandene kudu bêcik | apa margane bêcik | sok buwang

--- 2 ---

sarak tur lêngus | măngsa silih antuka | malah jiniwir ing cicir | pangrasane dudu gêtih lawan kama ||

4. wus kocap ing dalêm kitab | pêpacanganing bilai | wong kurang sabar darana | ewan panastèning ati | lyan jinising utami | yèku bangsaning têrwèlu | andadra ngămbra-ămbra | lali lamun ana pati | utamane yèn wong bêcik nglakonana ||

5. sabarang panggawe arja | sumingkir panggawe nisthip | anyêgah tingkah kang salah | nora ewan nora jail | saengga wiji sawi | sayêkti cêpak mèh thukul | kakêmbanging awirya | dudu kêmbanging bilai | dèn waspada wong urip aja sêmbrana ||

6. aywa dumèh yèn awirya | anak putune wong mukti [mu...]

--- 3 ---

[...kti] | sanadyan mêngku nagara | aja sumakehan êdir | tan nganggo dugi-dugi | sapa sira sapa ingsun | puniku bêbakalan | atombok kaki lan nini | kang wus bêcik panggonane milu kambat ||

7. sanadyan ora wania | ngarêp garundêl ing wuri | iku wong watak niaya | nora ngeman kaki nini | wong tuwa kang wus mati | katut tinunjang ing pisuh | mêmule pêndhak Ruwah | ilang bae tanpa kardi | nak putune ting balengkrah nora kaprah ||

8. wong tuwa wajib bêbakal | wong anom dama[1] nglakoni | yèn wong tuwane tan lumrah | turune yêkti nêmahi | iba ta Kangjêng Nabi | Mukhamat ingkang rinasul | tur wus nayakaningrat | tan kêna sawiji-wiji | parandene ngetung [nge...]

--- 4 ---

[...tung] nistha lan utama ||

9. sawab mikir ing wêkasan | kaya ta ing tanah Jawi | duk Ki Agêng ing Sêsela | asabar tur tèki-tèki | Bondhankajawan nênggih | ingkang miwiti mangun kung | kongsi prapta ing Pajang | Ki Pamanahan angabdi | Sultan Pajang olih ganjaran Mataram ||

10. Ngabèi Saloringpasar | saparene angêmohi | nora nganggo lara lapa | sadaya samya amukti | tan milu mati ragi | mangkruk-mangkruk nêmu kêthuk | Kyai Agêng Sêsela | pêpaline aprayogi | dèn anggoa nora sasar kabêlasar ||

11. malah mulya ing dêlahan | pinuji dadia gusti | asih ing para ngulama | wêlas marang pêkir miskin | awèta dèn aubi | tulusa dadia [da...]

--- 5 ---

[...dia] paku | buwana ing rat Jawa | aja mikir taiyoli | amikira tulus arjaning nagara ||

12. mokal tan anggraitaa | nanging kèh padha kasilip | ngaku têdhak Brawijaya | ratuning wong Majapait | pagene nora yêkti | têka sêpi ing rahayu | mung gunane ta padha | kasukan lali ing dhiri | nora nganggo duga-duga lan watara ||

13. yèn ngaku anak pandhita | sayêkti bêtah sêsirih | yèn ora karêm ing lapa | iku lamis nora dhamis | yèn kurang bêtah ngêlih | sayêkti wong ngaku-aku | lamun anak pujăngga | tan wêruh ing êpa siji | ngaku anak sujana nalare liwar ||

14. ngaku anaking ulama | têka nora bisa ngaji | yèn ngaku anaking Cina |

--- 6 ---

pagene tan nganggo kucir | ngaku anaking santri | durung bisa maca kulhu | yèn ngaku sutèng raja | pêsthi nalare patitis | yèn anaking kaum pêsthi bisa donga ||

15. lamun ora mêngkonoa | sayêkti liniron bêlis | duk ibune pulangraras | lawan bapakane nguni | setan kang amomori | yèn ora iku blêk thuthur | mulane karêm sasar | bêlasar arda mêndhalit | sêsetanan anjaili padha băngsa ||

16. mung karême dèn gunggunga | dèn alêma yèn asigit | talèdhèk ajimprak-jimprak | panganggêpe widadari | yèn kasaliring thithik | padha băngsa nuli padu | datan nganggo ukara | sêsumbar acêrik-cêrik | yèn wania pêrang măngsa [măng...]

--- 7 ---

[...sa] mêngkonoa ||

17. mung wanine padha băngsa | dèn rowangi takêr pati | jamak wong ngaku prawira | kaya Sultan Mangkubumi | atapa tur undhagi | ing wiweka gothak-gathuk | micara tan sikara | pasaja nalare mintir | lamun aprang padha Jawa nora karsa ||

18. samêngko datan sêmbada | mung cariwis angêjuwis | yèn ana alis alancap | batine angithi-ithi | ambêke nglêlanangi | muncu-muncu kaya wudun | kabèh rat jagad Jawa | anèng sêlaning dariji | mung tumèmpèl anèng ing lambe sadhela ||

19. lamun kawulane ana | kang sisip nuli dèn incih | yèn marentah padha Jawa | kaya têbusan wong Bali | yèn uga dèn waoni | nuli palêthês mèt [mè...]

--- 8 ---

[...t] umur | samya kèh datan ngeman | pêsating nyawa lan jisim | pangrasane nora kêna ing duraka ||

20. gêdhe-gêdhening duraka | wong sok anggêgampang pati | gêdhe-gêdhening ganjaran | wong mati kinarya urip | ngapura ing wong sisip | tur sabar sarta rahayu | nanging ta pangkat-pangkat | yèn wus katrap kudu nuli | pinanjingan ing kisas aywa was-uwas ||

21. mêlang-mêlang kurang rêncang | kêna binedhung ing bêlis | lamun amêngku bicara | kariya ngêmut dariji | yèn duwe pikir silip | mung kadêrêng kudu bêrung | nora angon ukara | iku wong datanpa kardi | pantêse mung klênthung-klênthung bănda tangan ||

22. kaya alam Wiradigda | lali kalamun [kalamu...]

--- 9 ---

[...n] wong cilik | kudu angowahi adat | ambubrah janji wus dadi | amêmpêng kudu jurit | sêsumbare bisa mabur | saguh bisa malumpad | bangawane wong Sêmanggi | kabèh obat ing loji pan dadya toya ||

23. lawan ujare wong kathah | kabèh kang muridirèki | Nur Salèh kalawan Bahman | sayêktine jaman iki | aja na guru mami | nagara iki wus ancur | kalamun dèn anggêpa | ature marang sang aji | mung dinumuk bubrahe loji ing Sala ||

24. Kêndhuruan Wiradigda | awisma anèng nagari | yèn ora dadi wadana | pasthi dalajating bumi | yèn karsane sang aji | karone dadi tumênggung | ing Bantên Balambangan | ngumpul mring Surakartèki | nadyan [nadya...]

--- 10 ---

[...n] Bali Sêmbawa Bugis Makasar ||

25. mêsthi tundhuk marang Sala | padha asok bulubêkti | nora lawan pinukul prang | miwah ing Batawi miris | marang Surakartèki | jendrale gawa pisungsung | lamun padha bănggaa | măngsa ngobahêna têki | gêntholikêm kang bêdhah loji Sêmarang ||

26. dene wong kang ahli jăngka | ngarani Radèn Misani | iku Radèn Wiradigda | anggêpe wus nora gimir | mulane dèn pêpêtri | ambalilu wong angantuk | balithuk ing nagara | agawe wutahing gêtih | wêkasane ting calulu nora pakra ||

2. Dhandhanggula

1. ilang cinucuk ing dhandhang putih | nuli ginawa muluk ngambara | wong lima iku rowange | pikire ting

--- 11 ---

salinthut | kudu nyathut Sultan Giyanti | durung kongsi tumêka | sêlak amêrkungkung | sinuhun ing Kabanaran | wus têtela lamun lêlananging bumi | ing mêngko durung ana ||

2. mung ing kuna akèh kang ngungkuli | yèn samêngko măngsa ta anaa | prandene kudu mathèthèng | wani tinandhing saguh | mulane ta ana bupati | aran Sujanapura | tumênggung ngalindur | karêpe amadhanana | duk timure iya Sultan Mangkubumi | aran Dèn Mas Sujana ||

3. ting baliyur pikire wong ngutil | iya têka dèn anggêp kewala | lagi kabul istijrate | ngèlmu karang kinêlun | dudu ngèlmu ingkang sajati | tur ta măngsa mèmpêra | ki agêng rumuhun | Ngabdul Mukiyi ing Karang |

--- 12 ---

mung nalare anasak pating balasik | rusak angajak-ajak ||

4. saengga wong ngaku trah prajurit | nora karêm marang lara lapa | mung karêm kudu mathèngkrèng | gumunggung tur kumlungkung | durung bisa mithês woh ranti | polahe salengkrangan | kaya wong wus komuk | bêdhah nagara têlulas | singa wonge kapapag dèn panthêlêngi | pamrihe sumingkira ||

5. mêmêdèni anggung briga-brigi | pêthanthangan têngahing kalangan | sarwi ngêploki talèdhèk | dudu têngah prang pupuh | pangrasane kaya wong uwis | anêkêm jagad Jawa | lir Răngga Madiun | ngaku tètèsing prawira | pan kaputu dening Răngga Sukawati | iku prajurit nyata ||

6. lan kamantu marang ing sang aji |

--- 13 ---

mulane ya polahe tan kaprah | kawênang-wênang ambêke | lali dadining uyuh | lamun padha badan jasmani | batin măngsa bedaa | bok aja adigung | ngandêlkên trahing prawira | wong wus utang măngsa wurunga tinagih | mundhak ginuyu bocah ||

7. duk lolose saking ing nagari | ngontragakên ing nagara liyan | pating bathithit polahe | linurugan lor kidul | pangrasane ambêbayani | dene trahing prawira | lan dadya têtunggul | bupati măncanagara | wêkasana[2] têka angisin-isini | ngucêmakên nagara ||

8. pêpantêse kayaa ing nguni | Surapatya Rajèng Pasuruan | răngga iku nora tèlèr | mung lamun ana bathuk | kang kalimis [ka...]

--- 14 ---

[...limis] alise lincip | dhèwèke apêparab | Janaka Madiun | dudu Janaka Ngamarta | pratandhane tan bisa mibêr mring langit | lan ora bisa ngilang ||

9. mati siya-siya badannèki | nora kaya Sang Prabu Rawana | mati tumpês lan balane | nadyan budine nguthuh | maring bala anggêpe bêcik | jêmbarakên jajahan | mêngkono wong punjul | patine pati utama | angurêbi wuwus kang uwis kawijil | ambelani ing bala ||

10. nora kaya răngga tanpa kanthi | ing patine mung siji balaka | karo kalawan badane | bature padha mawut | datan etung bela ing gusti | ujêr sok dèn balengkrah | ing paturonipun | mulane [mula...]

--- 15 ---

[...ne] nora piraa | ing bobote kaya wong dêkêp cêcindhil | mundhak ngrowani ajang ||

11. padha kêmba kang samya nglurugi | dene datan ana kara-kara | amarani wong angame | jêbule tanpa kusur | kabèh padha amilu isin | cidra ujaring kuna | loke wus jumêglug | praptèng wetan Balambangan | lamun răngga bisa mutêr gunung Mrapi | prajurit tanah Jawa ||

12. wusanane padha lan kêmêrki | patine răngga nêmahi nistha | nanging ana utamane | sathithik dene lampus | angantêpi ujar kang uwis | kawuwus anèng lesan | lumuh tinalikung | angringkuk lir Wiradigda | nora wirang mulat marang bumi langit | wong wus sipat punggawa ||

13. têka nora amilaur

--- 16 ---

mati | jamak-jamak nguntala ambêkan | dadi wus cuthêl rasane | ilang caturanipun | miwah Sultan Ngayogya nguni | balero karsanira | kalimput ing lulut | sok ngaku trahing prawira | ingsun iki anak Sultan Mangkubumi | nanging boya sêmbada ||

14. mung karsane dhewe dèn ubungi | ngămbra-ămbra nora sawatara | karêm donya tanpa gawe | atumpuk ngundhung-undhung | tan karuan makêthi-kêthi | mokal durung mirênga | yèn donya puniku | dhihin pancadan utama | kaping pindho pancadan marang bilai | pratikêl kang wisesa ||

15. lamun donya datan mijil-mijil | mlêbu bae têgêse tan ganjar | mring bala kang olèh gawe | iku pancadan luput | kurang asih

--- 17 ---

marang ing dasih | ujare susah-susah | sun ganjar wong iku | ujêr wis amangan sawah | iku donya mundhak angurub-urubi | anggawa karusakan ||

16. lan wong bangêt karêm ing pawèstri | wus têtela awit Nabi Adam | saprene ala dadine | gêmpal nugrahanipun | nora pantês nora prakati | wong karêm maring arta | cahyane asêbut | nanging iya wênang uga | lamun arta kinarya ambusanani | nagara lawan bala ||

17. miwah kinarya wèwèh wong miskin | iku dadi pancadan kamulyan | nora siya ing badane | watêking donya iku | lan wong wadon pinêtri-pêtri | ngimêl marang kiyanat | nêkakakên mungsuh | bisa agawe rêkasa | dhêdhêmêne lumuh kalong suka [su...]

--- 18 ---

[...ka] olih | iku wong karêm donya ||

18. yèn wus mêndêm tan angitung bêcik | buwang nistha madya lan utama | mung ngetung-etung undhake | doyan kibir têkabur | yèn bênêra Ngayogya dhingin | măngsa nulia bêdhah | abot sangganipun | sugih băndha sugih putra | myang santana sasat Prabu Kurupati | Ngastina gêng gêmpuran ||

19. nadyan kalah nora minggrang-minggring | babarpisan utawa mênanga | agogol jêjarahane | nanging pêrang puniku | aja sêpi nalar kang bêcik | ywa buwang kaprayitnan | tibane sor unggul | dèn waspada ing lêlewa | ana bênêr wêkasane dadi sisip | iku wong kurang yitna ||

20. lamun uwas-uwas nêniwasi | cincing têlês [tê...]

--- 19 ---

[...lês] mêrgigih tan gagah | wigah-wigih pindho gawe | tan urus pan kadurus | aja watak angapirani | yèn wani têtêmênan | aja mundur-mundur | aja cidra ing ubaya | lah mênênga lamun niyat nora wani | aja kakehan ăngka ||

21. caritane ing jaman kariyin | bratayuda Pandhawa Korawa | apêrang padha banyune | nanging karoban mungsuh | wong Pandhawa wadyane kêdhik | dene bala Korawa | gumulung kadya lun | banjir bandhang ing lautan | ladhu wukir jitus Korawa ngêrobi | maksih gung wong Ngastina ||

22. parandene Korawa katitih | iya saking nalare katimpah | băndha bandhu karatone | donyane tanpa itung | wong Pandhawa

--- 20 ---

miskin tur langip | balane mung sapala | parandene unggul | saking kumandêling dewa | wong narima asabar tur nora jail | sarta abêtah tapa ||

23. mung jinaluk mring Hyang Otipati | lawas-lawas nuli katarima | Korawa gêgêmpurane | mêngkono wong linuhung | têtuladan ingkang utami | dèn anggêpa lir jimat | tungtungna ing jantung | sanadyan iku wong buda | nora nistha aja kaya wong saiki | kranjingan jajalaknat ||

24. akèh ingkang kasurupan bêlis | langar bae ujare wong salat | iku nora na gawene | wong maca Kuran iku | mamah klaras upamanèki | anêmbah ing brahala | kang mêngkono iku | yèn dhèwèke maksih [ma...]

--- 21 ---

[...ksih] lumrah | doyan sêga maksih ngising mêtu tai | wong pantês pinênthungan ||

25. nora eling yèn mêtu ing pêrji | dêdalan sukêr luwih tan pakra | kaya malekat ujare | wong kumprung kadalurung | ngaku dhukun kalêngki-lêngki | supaya ginuronan | pamrihe wong iku | mung têlêse gondhangira | kalimising lambe wêtênge malênthi | wong kompra ngayawara ||

26. eling-eling wong ulah nagari | aja watak ewan jêjailan | kabèh pinriha bêcike | aja awowor sambu | ing wiweka dipun patitis | lan aja gêgêmbyakan | ujar sêngak sêngung | yèn arêp karêm ing suka | sapantêse aja lali ing wêwadi | lan aja bêkakrakan [bêkakra...]

--- 22 ---

[...kan] ||

27. ingkang rada jinêm yèn alinggih | aja byang-êbyangan lir sakarat | iku tan bêcik watêke | suka duka datan wun | wong mêngkono iku pan dadi | tontonan ing ngakathah | tur pangrasanipun | nangwèk guswèk cikwèk thirwèk |[3] ting saruwèk kaya budine wong baring | tan eling subasita ||

3. Gambuh

1. kadya ta wus anggambuh | ing wiweka măngsa ta kaliru | pangrasane kaya Sinuhun ing Giri | ngrangkêpa karaton sèwu | nora tumpangso tan dhompo ||

2. ngèlmune maksih mancur | tur datan suda sarengatipun | mokal lamun kalonglongana ing adil | yèn maksih kaya si kathung | sayêktine durung ethor ||

3. kèthèr pating

--- 23 ---

baliwur | mung lambene bae anggadêbus | dèn takoni janjine sawiji-wiji | sêsaure iya êmbuh | dudu anggêp kang sayêktos ||

4. gethokan bae tèngsun | iku dudu ngèlmu kang satuhu | ngèlmuningsun gumêcos padha pêrmati | kari-kari salang-surup | wêkasane amaleyot ||

5. ngèlmune durung gathuk | kurang patitis sêlak kasusu | têkabure angarah gumêndhung êdir | tatakrama durung pêcus | pangrasane wus kagolong ||

6. sarak binuwang sêbrung | batal karam dèn sahakên iku | mung awake dhewe jênêng maha suci | nanging pikire baludhus | iku wong pantês tinabok ||

7. tan itung kudu bêrung | misih dahwèn irèn tanpa

--- 24 ---

kusur | lamun ana melik misih kuwal-kuwil | wêkasane nora ngukup | ginèndèng marang jêjorong ||

8. kalimput ing piangkuh | kaya Kangjêng Sultan Kendhang iku | yèn ajaa kuwal-kuwil mêmêdèni | gajêg sida gajêg wurung | kaya sinorog ing kanthong ||

9. wurunge aprang pupuh | dêstun têmên kudu salang-surup | eman lamun pinăngka paringing abdi | dèn wèwèhakên ing mungsuh | mungsuhe kudu barakot ||

10. prandene maksih kuwur | kukuh marang donyane gumandhul | pan wong karêm donya mêngkono tan bêcik | kaya wong tinuju bingung | têka pijêr dhêlog-dhêlog ||

11. lawas gone kalumpuk | pirang windu kongsi ngundhung-undhung | sauwise [sau...]

--- 25 ---

[...wise] dadi seje kang duwèni | binêskup marang ing mungsuh | kang kari mung padha dongong ||

12. lan urun lênguk-lênguk | nora bisa mikir ting palinguk | mung gunane padha entar mêmaoni | anglakoni boya enjuh | tinanggorêna tan jegos ||

13. kasusu kudu lêngus | saking dene agêndhung gumagus | Sultan Kendhang yèn tirona Mangkubumi | nênggih kang rama karuhun | pilih tandhing pasthi abot ||

14. sêsangganing prang pupuh | duk alame swargi kang wus kasub | amung aprang lawan budine awêning | kalêthêk mung wong têtêlu | kang dadya kondhang palugon ||

15. prandene amêlangkruk | sawab pikire sampun gumathuk | bêbudène santosa datan rêrênggi | wêruh [wê...]

--- 26 ---

[...ruh] wêkasaning dudu | miwah dadine kang ewoh ||

16. patitis yèn tumanduk | nora kadadak yèn duwe usul | geyongane mêtu saking dalil khadis | tabêri alênguk-lênguk | ngiling-ilingi parimbon ||

17. putus ambobot laku | bakal nistha utama sor unggul | sadurunge wus kawruhan sadayèki | kêkandhangan angêndhukur | ing mêngko oyot arondhon ||

18. bênêre iku punjul | apêse datan bêdhah nêm taun | duk kang rama wêtune saking nagari | kongsi pirang-pirang taun | tur bature wong barondhol ||

19. puniki pantêsipun | măngsa nuli kalaha nêm windu | nadyan mêtu sayêkti gendhong nagari | bisa dhungkar gunung Lawu | sabêndhoyote [sabê...]

--- 27 ---

[...ndhoyote] wus ngradon ||

20. Kumpêni pêsthi bingung | nuli etang rugi ontungipun | yèn nekada budine pating kulithih | akale mung ngicuk-icuk | bêbusuk kang duwe tabon ||

21. wong Jawa kurang guyub | nalare anggung pating panjêlut | ting kathêkluk ting kathuwêl ting pênthalit | yèn dèn gunggung muncu-muncu | kaya wudun mèh mêcothot ||

22. tan idhêp yèn dèn bujuk | nuli bingung tan wruh ing lor kidul | lali băngsa padha Islam gêlêm jurit | dene wong mangkono iku | pantêse mung gawa bathok ||

23. nèng pinggiring lêlurung | mulane ya sêluman-sêlumun | kang mêngkono boya pantês dadi gusti | pantêse mung dadi inthuk | nèng dêlanggung sarwi singsot [sing...]

--- 28 ---

[...sot] ||

24. tan wruh yèn kênèng apus | pangrasane ngêdhangkrang wus luhur | suwe-suwe dèn thèthèli abalindhis | êntèk kanthonge ngêlunthung | kabèh kurang kang binadhog ||

25. mung pijêr mingak-minguk | nora mikir wong pating salênggruk | pikire mung amupus kaya Pak Cêplik | parandene sok kumruwuk | lir gubar bèri tinaboh ||

4. Kinanthi

1. tan kinanthi purwanipun | kentar labêtane sêbit | nir wikara purantara | milar-milare kasisir | jinujur nora makanjar | tanpa jêjêr mung jêjêrih ||

2. kongas rarasing rum-arum | kawingkis gandanya kengis | kawêntar rêrasan wêdhar | ting salênthit nora rêmpit | kawilêt ing ulat panas | gugup lamun ora

--- 29 ---

dadi ||

3. gêtêr kuwatir mêgatruh | tan ruruh ngaruh-aruhi | saput sunaring prabawa | kurang pasrah maring takdir | konus maduning puspita | anjrênih anggung ngrêrintih ||

4. kasandhung angundhung-undhung | tinunjang bajangan bajing | sasmita kurang santika | pandhitane wus kabêlik | kacêlik ajulalatan | tinula-tula ing tali ||

5. binandhu dumèh sok gêndhung | minantêre angawaki | jinarah abis sadaya | binêkta maring nagari | wus kalingkung winalakang | amrakungkung nora sêkti ||

6. iku Murma ing Kapundhung | ngandêlakên duwe aji | păncasona Dasamuka | wuruke Prabu Subali | ujêr sok ngarani Allah | gandhul-gandhul anèng masjid ||

7. geyong-geyong kaya [ka...]

--- 30 ---

[...ya] bumbung | ing karêpe nora sisip | akale wong ambalasar | nadyan para nabi wali | misih kikib luwih samar | tur batine wus ngêngkoki ||

8. măngsa tirua puniku | Ki Murma kaya wêwêri | omahe saijab-ijab | lali kalamun wong cilik | arêp ngingêrakên jagad | tanah Jawa dèn dhèwèki ||

9. aja na kang milu-milu | ingsun tênunge Kumpêni | kurang sathithik lir alam | panêngah Wiradigdèki | wêkasane anglêmpara | mung cêriwis jaluk picis ||

10. amêthethe rada gêmblung | gunane ngapus-apusi | ngêmplang sakèhing dagangan | wong ngêndi-êndi kèh prapti | adol sabarang tinumbas | dhuwite dèn samayani ||

11. besuk yèn ingsun [ing...]

--- 31 ---

[...sun] lumêbu | mung kurang sapuluh ari | dhapêt uwang dhari sultan | kangjêng ratu kang maringi | sanadyan jaluka pira | sarèbu salêksa bolih ||

12. ngong bayarkên ing sirèku | wus ngandêl prasamya mulih | dêdagangane tinilar | dadya wong ngurug-urugi | amuwuhi ing jarahan | basa bali ting calili ||

13. êndi mau êndi mau | kapriye akale iki | apa munggaha bicara | iya marang ing nagari | sinêrêg utang piutang | ana siji kang nauri ||

14. ingsun ora milu-milu | wus tarima bae mami | mundhak agawe prakara | aku wêdi yèn bilai | mênawa katut Ki Murma | diya-diniya prasami ||

15. ah mênênga sira cubluk | jêr dhuwitmu mung sathithik | dagangan [dagang...]

--- 32 ---

[...an] ingsun iki ta | akèh tur duwèk Kumpêni | kang duwe sayêkti gusar | paranta polah ngong iki ||

16. iku ahline têkabur | labête nora bêciki | bilaine anggêgawa | sanak tăngga lambung kering | lali titahing Hyang Suksma | badane misih jasmani ||

17. jêr dudu rohkani iku | sok ngumbar hawa lan kibir | anggêgampang midak sarak | dadi wong lancang mucicil | tur măngsa iku miriba | kang wêwolu para wali ||

18. nadyan para wali wolu | misih samar luwih kikib | durung gêlêm anggêgampang | mungguh sarengatirèki | sarak puniku dêdalan | nugraha wahyu sajati ||

19. yèn tinggala pan kabêntus | tan wurung ambilaèni | kasurang-surang [kasurang-su...]

--- 33 ---

[...rang] sinarang | karana nora prakati | bubrah alam buwang kăntha | mrana-mranaa kacêlik ||

20. nanging wong kang wis linuhung | parlu têkabur lan kibir | ngênjak-ênjak midak sarak | yèku anggêp kang pêrmati | nora watak sasênggrangan | bilaine dèn antêpi ||

21. tan was-uwas anggêpipun | nanging wong jaman saiki | arang tur măngsa pintêra | angur ta kang ngati-ati | anglakonana parentah | ing nabi kang wus sinêlir ||

22. paribasan kontul biru | nirua tuladan bêcik | aja pijêr langak-langak | mênèk kasandhung karikil | gudhe pandhak datan ana | apa-apa yèn ing batin ||

23. singa kang munggèng ing ranu | mung ambêke bêbayani | nora kêna

--- 34 ---

lêledaa | kudu awas ing pangèksi | aywa kurang panarima | yèn mêgatruh aja lali ||

5. Mêgatruh

1. nadyan silih bênêra ing ngèlmunipun | yèn sarake dèn owahi | wong pantês dinulang watu | sapuluh sabithi-bithi | iku setan arêraton ||

2. tur ta măngsa tiru Tuwan Sayid Odrus | wong kandêl antêpirèki | ngèlmune têrang wus putus | kèh-kèhing manungsa iki | mung bêbengkrakan kemawon ||

3. durung pêcus ngèlmune kasusu lêngus | saengga wong arêp dadi | priyayi ngawulèng ratu | durung bisa ika-iki | durung potang durung bobot ||

4. durung abot sêsanggane ing prang pupuh | durung kêkaya nagari [naga...]

--- 35 ---

[...ri] | durung nglêgakakên kalbu | kalbune sri narapati | anggung wahyune ginêpyok ||

5. nadyan olih sayêktine maksih kuncup | enak kang matêng anèng wit | upamane durèn kakum | sanadyan ambune wangi | rasane adhêm kemawon ||

6. utama kang runtuh pribadi puniku | pinêsu marang Hyang Widhi | panrima busananipun | mantêp tumêmên ing gusti | wahyu jêdhul ambêntoyong ||

7. kang rahayu budine aja têkabur | aja dumèh yèn dèn sihi | aja dumèh yèn dèn ugung | aja dumèh dèn wêdèni | aja dumèh yèn dèn royom ||

8. aja salah wèngwèng wong ngadhulèng[4] ratu | kang bisa nimpêni wadi | ulapên karsaning ratu | kang tabêri wira-wiri [wira-...]

--- 36 ---

[...wiri] | aseba marang sang katong ||

9. kang waspada ing lêlewa ywa katungkul | aja dahwèn lawan jail | aja irèn lawan lêngus | marang kancanira ngabdi | dimène sakarêping wong ||

10. elingêna yèn kêna aja kabacut | yèn polahe nora bêcik | lamun tan kêna iya wus | ana awake pribadi | têka ênêngna kemawon ||

11. aja panastènan mring kancanirèku | karêpe sawiji-wiji | jêr datan kêna kinêlun | aja watak mêmaoni | lan ngêgungakên piyangkoh ||

12. sabarang rèh aja kasusu gumêndhung | aja kewat lamun angling | angur ngakua balilu | iku kang luwih utami | dèn miturut ing sapakon ||

13. lamun durung karuan [karu...]

--- 37 ---

[...an] aja sok umuk | bêcik mênênga kariyin | aywa sok angumbar sanggup | mênawa nora sayêkti | aja watak anggêdobrol ||

14. aja sumêntana lan aja baludhus | dèn isinan bêtah ngêlih | nanging ta isin puniku | rong prakara ingkang dhingin | isin marang padhaning wong ||

15. kapindhone isin marang ing Hyang Agung | têgêse sawiji-wiji | kang isin marang Hyang Agung | sabarang panggawe silib | aywa ngambah dèn waspaos ||

16. kaya ta wong melik kagunganing ratu | dandanan miwah pawèstri | iku kumprung tanpa kusur | lali binedhung ing bêlis | dene isinan padha wong ||

17. aja ambaludhus tabêri jêjaluk | yèn tan olih garundêli |

--- 38 ---

yèku manungsa tan patut | lali titahing Hyang Widhi | durung idhêp ing wêwaton ||

18. yèn dèn utus mring sang ulun durung pêcus | tatrape sawiji-wiji | parandene sok kumênthus | ganjarane kang dèn incih | tan anganggo alon-alon ||

19. lamun dinukanan sok anggung marêngut | garundêlan anèng wuri | tan wruh yèn dhèwèke luput | polahe kurang prakati | wontên malih winiraos ||

20. pratikêle wanita marang ing kakung | kang lungguh miwah utami | kang ala kalawan luput | anggêpe sawiji-wiji | ingkang abêcik linakon ||

21. aywa nganggo sabarang panggawe luput | dèn wêdi bêkti ing laki | aja dhoso ambasêngut [ambasêngu...]

--- 39 ---

[...t] | nora mêrakakên ati | mung cumadhanga ing pakon ||

22. aja miyak ing wêwadine wong kakung | aja nikêlakên alis | puniku pan duraka gung | mungguh Hyang Kang Maha Lêwih | lair batine maleyot ||

23. tan awênang wong wadon iku gêguru | mring liyane lakinèki | lan aja tabêri padu | duraka marang Hyang Widhi | lair batine wus condhong ||

24. yèn dèn anggo puniku wadon satuhu | dèn sihi marang Hyang Widhi | tuwin sanak tangganipun | wêlase anrus ing batin | nadyan lakine tuwajoh ||

25. wêlas marang rabine têrusing kalbu | tan nganggo sinănggarunggi | yèn wong tumêmên ing kakung | nugraha sayêki prapti | nuli wahyune mancongol [manco...]

--- 40 ---

[...ngol] ||

26. aja nganggo guna pawèstri puniku | sarat jimat donga nênggih | mundhak ngakèhakên luput | pan dosa ing awal akir | dèn awe marang gandarwo ||

27. mung sarate jimate dongane iku | kang mantêp wêdi ing laki | sabarang karêping kakung | aywa tukang mêmalangi | barang pakone linakon ||

28. cumadhanga ing karsa aywa sok dangus | iku luwih tan prayogi | utama wong wadon iku | rêrêsika sabên wêngi | dèn tabêri nata sinom ||

6. Sinom

1. aywa sok tabêri sănja | marang ing tangganirèki | yèn wus busana mênênga | anèng wismanta pribadi | kunêng datan winarni | wangsul malih kang winuwus | anggêpe wong ngawula | anênggih marang sang

--- 41 ---

aji | dèn waspada wawasên karsaning nata ||

2. têtuladan kang prayoga | poma anggonên ywa lali | tuwajuhên nèng wardaya | aywa maido sirèki | duraka gêng pinanggih | kasiku marang Hyang Agung | ngèlmune condhongêna | ing lair kalawan batin | lamun wangkal badhigal kurang prayoga ||

3. dhèmês sêmune tan ana | kabèh kang ningali sêngit | caritèku têtuladan | ing ala kalawan bêcik | puniku dèn patitis | aywa dhoso salang surup | yèn anggêping pêpatya | tirunên patihirèki | Maospati Sri Arjuna Sasrabuja ||

4. Rêkyana Patih Suwănda | angrèhkên para narpati | budine luwih santosa | putus wiweka undhagi | sarèh [sa...]

--- 42 ---

[...rèh] tur langkung sêkti | momot amêngku wadya gung | kabèh kêna ri kang tyas | tan rêngat nora gumingsir | tinêmpuhna ing ripu samyambêk pêjah ||

5. pan undha usuk kewala | kadibyanira ing jurit | lawan Sri Arjunasasra | mulane bangêt dèn sihi | anggung kinarya wakil | yèn sinewakèng wadya gung | miwah ing warnanira | sarupa kalawan gusti | apituwin duk prang lan Prabu Rawana ||

6. angadoni jayèng yuda | narpatine lagya guling | munggèng sawangan samudra | sarta ingkang para rabi | sawadyanira kêrig | Suwănda têtunggulipun | nulya na mungsuh prapta | nênggih prabuning rasêksi | akadhaton nagari gêng ing Ngalêngka ||

7. Sang Aprabu Dasamuka [Dasamu...]

--- 43 ---

[...ka] | tuhu punjuling sabumi | saêrat wus anèng asta | kêkês kang para narpati | nadyan jawatèng langit | endrane wus tinalikung | sira Patih Suwănda | parandene durung miris | mapagakên ing ripu kang lagya prapta ||

8. pinêthukkên nèng dêdalan | pamrihe rêkyana patih | adoha lan gustinira | aja angêgèt-êgèti | dènira lagya guling | kalangên nèng samudra gung | bêbungah para garwa | lan kabèh sawadyanèki | aywa kongsi rêkasa muwuhi karya ||

9. mangkana Patih Suwănda | wus budhal sawadyanèki | kang tinuduh rumêksaa | mring gustinira sang aji | sagung pra rajasiwi | lawan ratu pinisêpuh | kathahe winatara | kinarya sêsulihnèki | salungane [sa...]

--- 44 ---

[...lungane] Rêkyana Patih Suwănda ||

10. nyêkêla pêparentahan | lan atmajaning para ji | dadia sêsulihira | bapa kang magut ing jurit | mênawa anêmahi | kapupu jroning prang pupuh | puniku ambanjura | gumantya madêg narpati | parentahe Risang Apatih Suwănda ||

11. ya ta enggaling carita | wus campuh dènira jurit | pan arame long-linongan | Patih Suwănda ngawaki | Prabu Dasaswa prapti | jujug madyaning prang pupuh | wruh lamun wadyanira | samya katitih ing jurit | dening pamukira Ki Patih Suwănda ||

12. bangun malih dènira prang | sarawuhe ditya pati | laju ngawaki ngayuda | krodha tumpêsing wadya wil | bêndu yayah sinipi | angganya mêkar [mê...]

--- 45 ---

[...kar] sagunung | kabèh datan tumama | gêgaman madyapadèki | kêkês mulat sagunging para narendra ||

13. giris lumayu sasaran | prajuriting Maèspati | amung sang mantri wisesa | punggawa pangirid baris | malang ratanya gumrit | Suwănda têtunggulipun | lir kuwung mawangkawa | silakning malana wêngi | kadya lintang katrangan surya tumeja ||

14. ginêgêt-gêgêt kang waja | kumêdut padoning lathi | gênjot salêning rata bra | kumukus pasuryan andik | mawinga-winga wêngis | ing pranaja latu-latu | kadya sètu bêdhah brak | mung kari lajêrirèki | pramukanya punggawa gung Maèspatya ||

15. sigra akarya pustaka | tan adangu nulya dadi | kinanthilakên sanjata | sadaya [sada...]

--- 46 ---

[...ya] kang para aji | tinibanan jêmparing | para ratu kang lumayu | miris mulat Rawana | samya katututan dening | kintakine Sang Adipati Suwănda ||

16. binuka sinukmèng driya | hèh sagung para narpati | kang padha lumayu ing prang | têka nora idhêp ngisin | giris mungsuhe sêkti | lali yèn tinitah ratu | tan wruh ing wêwatêsan | mungguh ta ing pati urip | pan gumantung anèng Hyang Suksma Kawêkas ||

17. dewa-dewa suralaya | sayêkti padha ngurmati | yèn wong mati ing paprangan | luwih malih yèn narpati | mulane dèn mangêrti | sagunging kang para ratu | kinacèk lan sasama | sama-samaning dumadi | pan kinarya luhuring kang para raja ||

18. pagene padha ngucira | lumayu madyaning jurit [ju...]

--- 47 ---

[...rit] | miris mungsuh Dasamuka | dumèh ratuning rasêksi | tan juju mung jêjêrih | pangrasane mungsuh iku | jawata kang wisesa | mulane padha anggêndring | lali kabèh lamun tinitah narendra ||

19. lan mungsuhe dudu dewa | dudu Sang Hyang Otipati | mungsuh buta brakasakan | kawuse kapati-pati | angèl wong dadya aji | angur dadia pêpikul | agampang linakonan | lamun tinitah narpati | sayêktine sugih wirang kêndêl aprang ||

20. pan ratunira sang nata | wong agung ing Maèspati | pamêngkune marang bala | kabèh pan kinulit daging | nora sinănggarunggi | dèn êmong sakayunipun | tan ana sinung rêngat | apa wêwalêsirèki | lamun ora gêtih [gê...]

--- 48 ---

[...tih] kalawan antaka ||

21. yèn ta nora mangkonoa | eman-eman kang nagari | dèn adêgi ratu kompra | budine kurang pêrmati | apa ratuning kucing | yèn kapêngkok ambaludhus | yèn ratu têtêmênan | pagene ta wêdi jurit | yèn wus timbang nalare ingkang prayoga ||

22. nistha madya lan utama | sang prabu ing Maèspati | ambuwang nistha lan madya | mung utama dèn ênggoni | sirèku pra narpati | buwang madya kudu-kudu | angarêpakên nistha | tangèh prapta ing utami | dadya rong prakara iku dosanira ||

23. dhingin dosa ing narendra | tan anut parikramèki | padha tinggal ing wêwatak | iya mring ratunirèki | tangèh padha sirèki | rumêksaa [ru...]

--- 49 ---

[...mêksaa] ing sang ulun | rumêksa badanira | pribadi pating bêlasik | nora wurung jroning pati nêmu papa ||

24. kapindhone dosanira | mring Sang Hyang Prawatapati | de padha tinitah raja | têka lumayu ing jurit | prandene kudu bêcik | ngilangkên kramaning ratu | tuhu datanpa sastra | patine amor mêmêdi | lah ta apa pinilih kang para raja ||

25. Sang Prabu Arjunasasra | mung sabar kalawan asih | sagung wadyatantranira | rinêksa ing lair batin | iki ta lagi-lagi | sapisan katêkan mungsuh | mêngkono toging karya | tan patut dadi narpati | angawula Prabu Arjunawijaya ||

26. ratu sugih paramarta | anggung amenaki kapti | angur padha ngawulaa |

--- 50 ---

marang ratuning rasêksi | tan angèl dèn lakoni | iya aja tanggung-tanggung | gampang laku dursila | jamak-jamak yèn narpati | amiliha budi rahayu utama ||

27. pan tapa sirahing tapa | tarlèn samadyaning jurit | tapa-tapaning prawira | kasor tapaning pra rêsi | tapa ing gunung wêsi | tapaking warastrèng pupuh | sinêmbah nèng payudan | aywa kasêlan rêrênggi | panggihana sêdya yu agamanira ||

28. pagut ngasmara dilaga | ciptanên mangsah samadi | papan satêngahing aprang | wêwadhah dupanirèki | panduking warastra di | angkuhên urubing kukus | myang ratus-ratus gănda | gong panêngraning ajurit | pan anggêpên iku gênthakêlèngira ||

29. amujaa jayèng yuda | mungsuh rêruwêding [rê...]

--- 51 ---

[...ruwêding] jurit | amomot sakèhing beka | rêncana sajroning pati | yèn uga wus kalingling | lêstari no kaliru |[5] yêkti nêmu kamulyan | yèn tan pralaya ing jurit | malah-malah saya gung ganjaranira ||

30. ganjarane wong ayuda | dènnya kèh amêmatèni | anumpêsi satru salah | kadya sasăngka upami | lan bathara suryèki | tan kalingan dening mêndhung | luhur panggonanira | yèku utamaning jurit | yèn têkaning pati mulih ing kamulyan ||

7. Pangkur

1. aywa mungkur ing utama | sagunging kang tinitah pra narpati | wus mangkana para ratu | myarsa pituturira | Risang Adipati Suwănda linuhung | kalangkung prayoganira | anggarjita kang

--- 52 ---

para ji ||

2. rinasa-rasa ing driya | tuhu datan nalimpang tur patitis | sigra gumulung kadya lun | prapta ing ngarsanira | Kyana Patih Suwănda sawadyanipun | miwah mantri myang punggawa | wangsul anusul ing gusti ||

3. samya tan itung pralaya | ambêk pati nora tolih ing dhiri | wus kathah kang samya lampus | sagunging para ja |[6] têtumpêsan Sêmantri punggawanipun | anênggih sang senapatya | Suwănda ngawaki jurit ||

4. pinrêp ing limpung myang kunta | sira Patih Suwănda datan gingsir | muntab tiwikramanipun | mêkar baunya dhomas | sang yaksendra angganira mahamèru | samya angrênggêp gêgaman | astanira kadya luwing ||

5. Suwănda malang ratanya [ra...]

--- 53 ---

[...tanya] | kaprabawan dening pratănggapati | lir wulan katrangan mêndhung | gumêbyar punang rata | Kyana Patih Suwănda tuhu binagus | nora gung luhur sêmbada | malah kapara dêdêling ||

6. tan keguh rinoban lawan | mungsuhira lir kala badhog bumi | nguntal jagade ginilut | parandene tan kewran | sira Patih Suwănda tuhu dibya nung | amênthang cakra baswara | lumêpas sigra ngênani ||

7. kasor prabawa Rawana | tibèng siti gumuling angêmasi | urip malih datan wungu | misih pi-api pêjah | Kyana Patih Suwănda pangrasanipun | Sang Prabu Dasawadana | tinarka banjur ngêmasi ||

8. têdhak saking ratanira | arsa nigas ing jăngga sang ditya ji |

--- 53 ---

kya patih sigra ginêlut | rinangkul winalakang | katon agung luhur lan sang yaksa prabu | kontit Suwănda wus kêna | tinigas murdanya mati ||

9. dening curiga priyăngga | gêmbung pisah mêsat mastakanèki | sirah gêmbunge angamuk | mêmati ring punggawa | sru puyêngan paprangan kalangkung kuwur | dèn amuk kunarpanira | Suwănda Risang Apatih ||

10. têtêp prajurit utama | tuhu-tuhu tan ana kang kadyèki | ing tribuwana wus kasub | măngsa silih miriba | pan puniku tuladan pêpatih punjul | angèl lamun tinirua | pêpatih ing Maèspati ||

11. nanging ta padha mèmpêra | pratikêle Suwănda Maèspati | sukur yèn bisa aniru | ngêblêgi

--- 55 ---

babarpisan | iya iku utama patih linuhung | mungguh ta ing tanah Jawa | lir pêpatih Ngayogyèki ||

12. Danurêja kang sapisan | pan wus kêna sinêbut patih luwih | madya kèh utamanipun | tan arsa ngambah nistha | yèn micara patitis pan ora gangsul | sabar tur lila ing donya | momot mêngku ing wadya lit ||

13. sadaya tan sinung rêngat | ing wiweka putus sampun undhagi | ganthêng kakêncênganipun | mantêp yèn wus prayoga | nora mingkêd ing wuwus sanadyan lampus | wani bicara lan jendral | lamun bênêr tan gumingsir ||

14. lah tirua Danurêja | yèn ing tanah Jawa kawilang bêcik | wus kêna ingaran punjul | Dipati Danurêja | yèn ing

--- 56 ---

Surakarta kang rada linuhung | nênggih Dipati Sindurja | madya ingkang dèn karêmi ||

15. sumingkir marang ing nistha | si utama mung pinrih dèn lêkêti | kalingkung prakaranipun | bicara lan Walănda | nuli cêkik nguntal upas têmah lampus | lumuh kalamun kongsia | rinucat bawatirèki ||

16. sanadyan praptèng pralaya | lamun misih ngiringkên bawatnèki | tan saru tur malah patut | ujêr uwis kinarya | punggawa gêng patih mêmatah wadya gung | yèn kongsia nêmu nistha | ambêsêmakên nagari ||

17. pan wus adat kuna-kuna | yèn punggawa kasêlut ing prakawis | samya amilalu lampus | wirang yèn cinêngkalak | kaya iku Wiradigda lan Kêndhuru | bêtah saèn doyan [doya...]

--- 57 ---

[...n] wirang | gawe sangaring nagari ||

18. duk alame Brawijaya | kongsi prapta saprene amênangi | lamun bupati angringkuk | lir inthuk cinêngkalak | lagya Wiradigda Kêndhuruan iku | tan pantês yèn tinirua | nênulada kang utami ||

19. Adipati Pringgalaya | nadyan nasak pikire ambêkiwit | yèn nistha bangêt milaur | mati nguntal warangan | duk pêparon nagara agawe kuwur | gawe posinging kapala | Kumpêni kalangkung sêdhih ||

20. miwah Sultan Kabanaran | yèn bicara lawan Pringgalayèki | anggung binusuk biningung | datan nganggo ukara | mung pikire dhewe kang pinunjul-punjul | angilangakên pasaja | salinthutan kaya dhêmit ||

21. lingnya Sultan Kabanaran [Ka...]

--- 58 ---

[...banaran] | lamun isih ipe Pringgalayèki | mêmatihi anak prabu | iya măngsa sidaa | pêparona nagara ingsun pilaur | omah saluhuring jaran | lalu saba ing wanadri ||

22. ya ta Radèn Pringgalaya | mirêng warta lamun dèn sêsêngiri | mring Kumpêni lan puniku | Sinuhun Kabanaran | nulya eling ciptane ingkang pinunjul | lamun titahing Hyang Suksma | besuk mati mêngko mati ||

23. andadak pikir dadakan | wus pralaya Pringgalaya Dipati | yèku budi kang linuhung | tigas nora was-uwas | eling lamun dadya pêpatihing ratu | lamun kongsia sru nistha | ilang manising nagari ||

8. Dhandhanggula

1. iku andhe-andhening pêpatih | dene

--- 59 ---

ta mungguh para punggawa | kang abêcik caritane | ing nguni kang wus luhung | Surabaya Kyai Dipati | Jangrana lawan Cakra- | ningrat Madurèku | yèku tirunên prayoga | pangwulane miwah kêndêling ajurit | wiweka tur santosa ||

2. bisa ngadêgakên narapati | duk lolose Pangran Kapugêran | wong loro iku kondhange | putus ambobot laku | yèn wus êning tan minggrang-minggring | kadya alam pêpetar | tumênggung têtêlu | Jayaningrat Pakalongan | pan kabesan nênggih marang adipati | Radèn Natakusuma ||

3. yèn gugua katêlu bupati | măngsa sidaa pêrang pacina | tan abubrah nagarane | mung pikir ala nganggur | kang dèn anggo [ang...]

--- 60 ---

[...go] marang nagari | wong wus padha kapenak | kudu-kudu kuwur | jumrunuh Tirtawiguna | nyênyetani wêwadul marang sang aji | akarya bumi rêngka ||

4. padha dene karsane sang aji | têka nora binobot tinimbang | kurang antêp wêwatêke | mung kaya bocah kuncung | binabedhung marang ing abdi | têka nurut kewala | mangalor mangidul | datan nganggo sinaringan | sabarang mèl abdine dèn anggêp sami | wêkasane barusah ||

5. nganggo tombok pêpatihirèki | kentar saking ing nagara Jawa | prajane tulus bubrahe | banjur darung laku dur | katawêngan dening Kumpêni | kalantur ing pratingkah | dhompo salang surup | kalunta kadawa-dawa | yèn [yè...]

--- 61 ---

[...n] aja na têtumbal ingkang pêrmati | sultan ing Kabanaran ||

6. dene katri punggawa anênggih | ingkang samya ngaturi prakara | luwih bêcik ing dadine | dèn anggêpa puniku | datan kongsi pating saluwir | rêmbuge tan dhinahar | mring pêpatihipun | sadaya nulyambêk pêjah | nguntal upas katiga wus samya mati | tan kongsi milu pêrang ||

7. yèku ambêke bupati nguni | padha kandêl-kumandêl ing suksma | lumrah tan itung patine | arang ingkang bêludhus | bêtah ngisin tan idhêp ngisin | akèh sugih wêwirang | yèn sipat tumênggung | tuladên iku prayoga | nora ngucêmakên marang ing nagari | malih ingkang winarna ||

8. punggawa kang kawilang ing bêcik | Răngga Wirasêntika

--- 62 ---

ing Jipang | wong Sukawati wijile | iku budine punjul | kadya Ranadiningrat nênggih | lawan Suryanagara | Suwandi puniku | samya ambêking prawira | miwah Radèn Supama prajurit luwih | ladak datan cak-êncak ||

9. lamun aprang tan kaèni-èni | sabukane cathok sêt sapisan | kulambi pranakan bae | yèn tinêmpuh ing mungsuh | dèn rowangi sarwi malangkrik | apanggah nora kedah | tur sinambi udud | apuse nèng tangan kiwa | ingkang têngên anyêkêl rokokirèki | arang nyandhak gêgaman ||

10. mungsuhira amung dèn tudingi | ing rokok sarwi mèsêm angucap | sirèku nêmpuh marene | payo campuh lan ingsun | dharakalan [dhara...]

--- 63 ---

[...kalan] mungsuhe giris | mudhun jog sing turăngga | srah bongkokanipun | nadyan mungsuhe kathaha | mung pinapag kapitu kalawan abdi | datan wurung kabandhang ||

11. iya Sang Aprabu Parikêsit | iku Radèn Supamajaningrat | Pakalongan nagarane | praptèng sabrang wus kasub | lamun Rajèng Malawapati | prawira ing ayuda | prajurit dibya nung | wantêr asugih prabawa | pan sêmbada cucude kapati-pati | sêmbrana tur wiraga ||

12. yèn tinangkil ing wadyanirèki | pira-pira datan kaliwatan | jalêbut ginarap kabèh | akèh samya kapoyuh | yèn wong mêngi kumat anggigil | kongsi dadi bayangan | wite mung gumuyu | nora na bisa mingkêma | wus têtela Pangran [Pa...]

--- 64 ---

[...ngran] Natakusumèki | wong ladak kawarisan ||

13. dene punggawa Surakartèki | ingkang wus prawira ing ayuda | tur datan nistha budine | nênggih Kyai Tumênggung | Puspaanagara ing nguni | puniku wijilira | mula-mulanipun | wong sudagaran kewala | ing Garêsik anama Juragan Bali | alame Japuspita ||

14. lolos saking ing Kartasurèki | Juragan Bali kawut milu prang | Jayapuspita akale | lawas-lawas angrungu | Ki Juragan Bali ambalik | milu wong Kartasura | yudanipun ampuh | katur marang sri narendra | lamun wontên sudagar kêndêl ing jurit | purun mêngsah karaman ||

15. nulya ginanjar nama ngabèi | apêparab Ngabèi Tohjaya [Toh...]

--- 65 ---

[...jaya] | ing Lamongan nagarane | pan gawene wong sèwu | lami-lami ginanjar malih | sabibaring pacina | anama tumênggung | Tumênggung Puspanagara | turun anak putune dadya bupati | iku wong aprayoga ||

16. aja kaya Mangunonêng Pathi | datan eling yèn wijiling kompra | nganggo sakarêpe dhewe | ambawur tanpa kusur | lêlabêtan sinêbit-sêbit | agung rèh ngayawara | lali ing lor kidul | amupung kawênang-wênang | puspita bra kongas prabawa winardi | ngentar ukarèng praja ||

17. nênggih Kangjêng Sultan Mangkubumi | kala baris anèng Kabanaran | duk Mangunonêng praptane | dêlèr ingkang angutus | ngicuk-icuk Sultan Giyanti | tan arsa [ar...]

--- 66 ---

[...sa] manggihana | sultan maring iku | Mangunonêng ing Santênan | andikane Kangjêng Sultan Mangkubumi | hèh kakang Martapura ||

18. wasiyate kakang mas suwargi | ingkang sinare anèng Lawiyan | duk misih panjênêngane | dhawuhe marang ingsun | hèh adhi mas Amangkubumi | muga ta kalakona | ing saciptaningsun | Mangunonêng si dubilah | arêp wruha atine ingsun jêjuwing | wong nora kira-kira ||

19. anggêpe lir malekad Ngijrail | kaya dudu turune wong Jawa | iku kakang andikane | sinuhun marang ingsun | Panêmbahan Pugêr miyarsi | alon ing aturira | sumăngga pukulun | lêrês ingkang pangandika | raka dalêm jêng sultan ngandika malih | wakane [wa...]

--- 67 ---

[...kane] Martapura ||

20. ingsun ingkang nutugakên iki | ing karsane kakang prabu swarga | dalune sigra pinatèn | pinundhut atinipun | Mangunonêng sampun ngêmasi | yèku wong tanpa kira | polahe bêrgundung | aywa tiru kang mangkana | anirua Bupati Surakartèki | Tumênggung Arungbinang ||

21. Arungbinang kang arabi pêri | iya sang dyah ing Bulukasapta | kêndêl prang entar budine | wiwekane wus putus | apandhega luwih undhagi | yèn prang milu Walănda | Walandane nurut | apa sarèhe Rungbinang | pan kalakon tan nganggo sinănggarunggi | Rungbinang luwih akal ||

22. lêpas mênawa pasang piranti | wêgig lamun masang kamandaka | tan kawêdhar

--- 68 ---

lêlèjême | wani balilu ratu | tan awigih nyidrani janji | yèn masang kêkirihan | lir khaji nêm likur | yèn amasang ujar gawat | wus prasasat malaekat Jabarail | arang kadya Rungbinang ||

23. kaya ta Kudanawarsa nênggih | bupati ing Kamangkunagaran | yèku pantês dadi ondhe | mantêp kêndêl prang pupuh | tur rahayu budinirèki | tuhu lamun prawira | Kudanawarsèku | Pangeran Mangkunagara | kondhange mung Kudanawarsa sawiji | kang milu lara lapa ||

24. yèn tinitah sêntananing aji | kudu arêp anganggo utama | têbiha marang nisthane | puniku luwih bagus | aja êdir dirdirèng dhiri | gêgawa ing nagara | mundhak angrêriwuk | nênulada [nênula...]

--- 69 ---

[...da] kang utama | kang abêtah ing lapa miwah sêsirih | ywa kurang panarima ||

25. kang asabar aja sok ajail | kang rahayu kang kaduk pasaja | wong asor luhur wêkase | yèn nganggo kang puniku | yêkti datan kêna ing dêngki | malah nêmu kamulyan | lawas-lawas jêbul | yèn mantêp nora was-uwas | apan Allah sifat rahman lawan rakim | yèn têmên-tinêmênan ||

26. dhasar tapa tur andana warih | yêkti adoh panggawe pitênah | nadyan ana upamane | tan kongsi praptèng ngriku | ingkang ngarah pêsthi kabalik | yèn ora mati edan | sida mati bingung | yèku arane kuwalat | pan sêntana beda kalawan wong cilik | kacèk sugih prabawa ||

27. yèn wong cilik [ci...]

--- 70 ---

[...lik] tapaa sawarsi | durung pati anduwèni walat | misih kurang prabawane | yèn sêntana puniku | manthêng amung tapa sasasi | lamun tinandhing padha | sawulan sataun | yêkti gung prabawanira | jêr sêntana têrusing andana warih | wijiling maratapa ||

28. aja cacak janma manungsèki | lamun mantêp pamusthining driya | yèn ora tinurut dene | mring Hyang kang murbèng tuwuh | nadyan luwing kalawan cacing | miwah kang sato wana | sabarang kang makhluk | kabèh kang duwe ambêkan | sayêktine sinêmbadan ing Hyang Widhi | yèn sarta lawan tapa ||

29. tapa iku pan luhur pribadi | mungguh lakune ing alam dunya | tan ana ondhe-ondhene | têgêse tapa iku | barang karêp cinêgah sami | puniku [puni...]

--- 71 ---

[...ku] dèn waspada | aywa salang surup | dumèh sok lamun cêgaha | yèn karêpe marang panggawe kang bêcik | utama linanturna ||

30. êndi têgêse panggawe bêcik | kaya ta karêm marang ibadah | maca Kuran sadayane | nglilingi sastra ayu | myang parimbon utawi malih | carita kuna-kuna | kang pantês tiniru | puniku luwih prayoga | dèn amantêp sarta narima tabêri | uwas-uwas sirnakna ||

31. nadyan ulêr kang sipat wêwêri | parandene tapa mung sawulan | bangêt pinêsu ciptane | kapengin bisa mabur | iya nuli tinurut dening | mring Hyang kang murbèng alam | ulêr dadi ênthung | tan lawas nulya mawa lar | dadya kupu bisa ngambah ing wiyati | iku labêting tapa ||

--- 72 ---

32. jroning tapa uga dèn kalingling | ing bêbeka rêncana ilangna | rêrêgêd buwangên kabèh | sumêngah lan têkabur | aja sumakehan sirèki | lamun bêtaha tapa | lan aja gumunggung | mundhak tapanira batal | tiwas salit gondhange wêtêng ngalêmpir | eman yèn mêngkonoa ||

33. kaya Kangjêng Sultan Agung nguni | tan kêna dèn idak kang layangan | kang ngidak nulya nglênggèke | iku tapane gêntur | lamun salat jumungah nênggih | marang ing Kakbatullah | sakêclapan rawuh | abot tirua mangkana | ingkang rada ènthèng lakune sathithik | Sinuhun Kapugêran ||

34. lawan malih Sultan Mangkubumi | pês-apêse kayaa Pangeran | Mangkunagara tapane | nadyan kaworan [ka...]

--- 73 ---

[...woran] cucud | tur muthakil rada bêkicik | nanging datan nyênyambat | bêbudènanipun | wani katêmpuh prakara | aja kaya Rahadèn Wiratmêjèki | ethok-ethok karaman ||

35. nora wani pandhuk lawan kucing | dharakalan lumayu anginthar | pangrasane mungsuh gêdhe | mundhak gawe pakewuh | wong desa kèh padha prihatin | tan pijêr asêsawah | anggung kinèn suguh | suguh ngalor suguh ngetan | pan wong desa cahyane samya jêginggis | mêsum kabotan karya ||

36. ingkang bandhol nekad ngadhang margi | samya begal matèni dêdalan | tan etung rusak budine | byung-ubyung tawon kambu | pamrihe mung luputing kardi | lawan luputing sêgah | iku [i...]

--- 74 ---

[...ku] dèn mas guntur | nênggih Radèn Wiratmêja | ing patine bature ingkang matèni | dene nora kuwalat ||

37. jêr wong sisip tan angitung bêcik | dosa marang ing wong tuwanira | kapindho maratuwane | ping têlu marang ratu | kaping pate dosèng nagari | ping lima mring wong desa | alas gunung-gunung | êndi margane bêcika | yèn ajaa sêntanane sri bupati | tan wurung dèn pêpongkrang ||

38. pindho Radèn Mangkukusumèki | sok andhugal budine tan kaprah | anèh kalawan wong akèh | tur wangunane patut | parandene nuli bilai | mêtu saking nagara | anêmahi lampus | kang numbak nora kuwalat | malah luhur mêthongkrong dadi bupati | Tumênggung Wiraguna [Wi...]

--- 75 ---

[...raguna] ||

39. ya puniku wuruk kang sajati | susah nganggo winuruk wong tuwa | wus akèh têtuladane | puniku wuruking hu | têgêsing hu Hyang Maha Lêwih | paningal lawan karna | panuksmaning êhu | pangucap kalawan lesan | nênggih kalbu mukminin baelullahi | sayêkti tan prabeda ||

40. iya amung laire puniki | sarat kudu winuruk wong tuwa | aywa kurang sarengate | dosa gêng nora wurung | mulane wong kang sinung urip | anèng ing alan[7] dunya | nênirua iku | tingkah solah kang prayoga | rumasaa yèn badan misih jasmani | dudu sipat malekat ||

41. malêm Jumungah purnanirèki | ping nêmbêlas lèk Jumadilawal | măngsa sapuluh taun Be | ing sèwu pitung atus [atu...]

--- 76 ---

[...s] | kawan dasa lan patang siki = 1744 |[8] saking rèh ngayawara | budi kang kalantur | kadalurung tan wiweka | wêkasane nênacad sagung dumadi | măngka tuladan lampah ||

42. pandoning tyas punggung tanpa uwit | la-êlane solah tan ukara | manawung sastra datan rèh | mêhêng sruning makathung | mugyantuka sihnirèng Widhi | dhan risang dutatama | nuring rat dibya nung | myang tekang catur sakabat | wirotama para ripu rèh kawuri | bagna tapis during rat ||

43. sang sudyapti mangaksi ring pingging | saking dahat tumiru Sang Usman | tur lêwih mudha batine | tan wèsthi ring tumuwuh | anglêngkara mawêgig-wêgig | tan wrin ngèsêman kathah | saking de

--- 77 ---

cumèlu | tur cêla-cêlaning angga | mung aksama ywa matah ring ari ratri | ing rèh sampun kawangwang ||

__________

--- [78] ---

VERBETERINGEN.

[Sudah langsung dimasukkan dalam teks]

 


darma. (kembali)
wêkasane. (kembali)
Biasanya guru lagu a. (kembali)
ngawulèng. (kembali)
Kurang satu suku kata: lêstari nora kaliru. (kembali)
Kurang satu suku kata: sagunging para raja. (kembali)
alam. (kembali)
Tanggal: Jumungah nêmbêlas (16) Jumadilawal Be: sèwu pitung atus kawan dasa lan patang siki (AJ 1744). Tanggal Masehi: Jumat 4 April 1817. (kembali)