13. Asmaradana

1. lajêng palajêngerèki | Marica sabalanira | atur uninga sêdyane | mring Buminata Ngalêngka | ing marga tan winarna | praptèng Ngalêngka jumujug | ing Radyan Arya Prahastha ||

2. laju binêktèng jro puri | prapta ngarsaning yaksendra | dinangu nêmbah ature | pukulun sri maharaja | kang abdi atur tiwas | wontên parangmuka rawuh | saking nagri Lokapala ||

3. jêjuluk Sri Dhanapati | atmajèng Rêsi Wisrawa | tanpa wilangan balane | arsa mrêp nagri Ngalêngka | wus praptèng jawi kitha | kawula sakêdhap sampun | mêthuk ing prang tan kuwawa ||

4. mêngsah ngurugi pêpati | tumpêsan abdi paduka | pukulun dede wadose | Maha Prabu Dhanaraja | langkung awrat ing yuda | limrah sapunggawanipun | sadaya prawirèng yuda ||

5. balane ditya sapalih | ingkang sapalih manungsa | kunêng Marica ature | buminata ing Ngalêngka | langkung ngungun miyarsa | ngunandika

--- 90 ---

jroning kalbu | paran ta dadine baya ||

6. iyèku Si Dhanapati | kaya-kaya yèn tumêka | nêpsune mring bapakane | yèn ingsun nêngna kewala | kongsia praptèng praja | gawe lok kang nora patut | upama sun ladènana ||

7. agawe nisthaning bumi | dene ta prang lawan bocah | liwat saking kapilare | sawusnya ngartikèng driya | nimbali pra dipatya | manjing sajroning kadhatun | kerid ing Wira Mintragna ||

8. yèku kang minôngka patih | bupati kawak Ngalêngka | Mintragna kang sêpuh dhewe | wus samya praptèng jro pura | yaksendra angandika | Mintragna dandana gupuh | sakapraboning ayuda ||

9. ana parangmuka prapti | Si Dhanendra Lokapala | kêrig kabèh sabalane | saparo para punggawa | gawanên mapag yuda | saparo tunggu maring sun | poma kabèh dèn prayitna ||

10. aja dumèh anom mêksih | Si Dhanendra ing ayuda | pasthi yèn abot bobote [bo...] ||

--- 91 ---

[...bote] | hèh kulup Arya Prahastha | milua mapag yuda | nanging poma wêkas ingsun | sira pranga sawatara ||

11. aja korewang prang lali | lamun abot undurana | yèn ènthèng prihên elinge | aja kabanjur kewala | laline maring bapa | Mintragna sira kang sêpuh | dèn eling wêwêkas ingwang

12. lamun Si Prahastha lali | ing prang ngêtog kasudiran | sira undurêna age | emanên rusaking bala | aja kèh kang palastra | wis ayo mêtua gupuh | sadina mêngko mangkata ||

13. sandika tur sêmbah mijil | sagung ingkang pra dipatya | praptèng jawi têngara ge | orêg nagari Ngalêngka | diyu ditya rasêksa | sakapraboning prang kumpul | gumuruh umung swaranya ||

14. Prahastha wus marentahi | punggawa ingkang tinilar | sapalih pajêg barise | sapalih ingkang binêkta | samêkta wus têngara | budhal punggawa panganjur | Mintragna munggèng dipôngga ||

15. ngundha musala ngajrihi [ngajrih...]

--- 92 ---

[...i] | murub makuthanira bra | gumuruh wadyabalane | mangkrak samya singa nabda | neka warnaning ditya | ing wuri dhêdhêt lir têdhuh | balaning kang pra dipatya ||

16. kadya robing jalanidhi | balabar ngalèbi wana | wutah saparan-parane | tuhu datanpa wilangan | ditya bala Ngalêngka | gumulung golong kadya lun | sagolong-golonganira ||

17. sagung ingkang pra dipati | prasamya wahana rata | wênèh dipôngga sukane | Rahadèn Arya Prahastha | senapatining yuda | nindhihi lampah nèng pungkur | nitih rata nawarêtna ||

18. makutha murub buka sri | bêbadhong bandhung tinundha | pinindha dhandhang ginandhèng | kêlatbau gêlang kana | rinumpakèng sêsotya | rinakit kêkupu tarung | murub ujwalèng sarira ||

19. lir rinênggèng kilat thathit | sênggani rêngganing rata | sumawur liwêran mawor | busananing bala-bala | myang gêbyaring warastra | ting pancurat ting palancur | mangkana [mang...]

--- 93 ---

[...kana] lampahe prapta ||

20. jawi kitha wus kaèksi | panganjuring Lokapala | mulat-mulat dahanane | bandera wêrdi agninya | murub kumantar-kantar | Mintragna krodha andulu | sigra nglêpasi sanjata ||

21. mijil kang prahara gumrit | dahana kabuncang sirna | tikêl sêbit banderane | Gohmuka kagyat tumingal | sirnaning kang dahana | lan katon mêngsahirèku | balabar kadya samodra ||

22. pirang pandêlêng kaèksi | kèhning wil bala Ngalêngka | samya ebat pandulune | kèhning bala Lokapala | kadya samodra bêna | Prahastha ngundhangi gupuh | pasang gêlaring ayuda ||

23. sagung ingkang pra dipati | wus tata pinatah-patah | pangawat kanan keringe | miwah ingkang munggèng dhadha | wuri tanapi ngarsa | salin kang dadya pangayun | Dumrêksa sabalanira ||

24. lan sutaning Jambumangli | sumilih patining bapa | mêksih ingangge namane | gung luhur prakoswèng yuda | tênggak Ditya Sumyarsa |

--- 94 ---

Sumanagra kanthinipun | kang dadi pangawat kanan ||

25. Kampana lan Bajramusthi | pangawat kering Prajôngga | Ditya Marica kanthine | ing dhadha Arya Prahastha | lan sagung wil prawira | Mintragna kang munggèng pungkur | wau Prabu Dhanaraja ||

26. wus pasang gêlarirèki | rinakit dirada mêta | Gohmuka munggèng têlale | gadhing kanan keringira | Gurmuka lan Rukmuka | Wisnungkara sirahipun | ing dhadha Patih Banendra ||

27. tinundha gêlarirèki | têngah Prabu Dhanaraja | kang munggèng kanan keringe | Citrayuda Citracapa | sagunging pra dipatya | munggèng wurinira prabu | ing prang tan nêdya mundura ||

14. Durma

1. wus andadi gêlaring mungsuh lan rowang | sarêng dènnya ngabani | ing bala têngara | sumahab mangsah yuda | Gohmuka ing prang pangirit | sabalanira | gumulung nunjang wani ||

2. tinadhahan mring Jambumangli dumrêksa | caruk rukêting jurit | pêluk lêng-ulêngan | kuwêl [kuwê...]

--- 95 ---

[...l] kèh liru papan | myang pangawat kanan kering | sarêng dènira | angrok nêmpuh ing jurit ||

3. Gurmuka lan Rukmuka sabalanira | kumrutug ngidak wani | Wil Prajôngga tadhah | Marica saha bala | Kampana lan Bajramusthi | tinujah panggah | pinêngkok datan kongkih ||

4. silih palu pêluk nênggala trisula | limpung musala piling | ulêng lêng-ulêngan | caruk cakra côndrasa | sarampang asrang lir siring | dharat ngawiyat | rame têmpuhing jurit ||

5. kadya guntur gumuntur ingkang triloka | gurnitaning ditya ngrik | gong bèri wurahan | umung kêndhang makêndhang | wor panjriting turanggèsthi | mungsuh lan rowang | wus kathah kang ngêmasi ||

6. ditya bala Lokapala sinrêg ing prang | ingurugan pêpati | pinrêpak rinupak | Gohmuka duk tumingal | krodha ratanira gumrit | têtulung bala | anglêpasi jêmparing ||

7. mêtu muntab sanjatanira Gohmuka | Wisnungkara nusuli | ing panah pratipa | umyus [u...]

--- 96 ---

[...myus] kang bayu bajra | sumêrot nundha jêmparing | mawur sumêbar | paprangan maratani ||

8. myang sanjatanira Ki Patih Banendra | mêtu makêthi-kêthi | mawor lan prahara | kumrês marwasèng mêngsah | kang kapapas tumpês tapis | gègèr busêkan | ditya Ngalêngka ngisis ||

9. giyak Ditya Lokapala ngrok rumujak | ambyuk parêng ngêbyuki | Prahastha tumingal | mapag ing pra dipatya | parêng nglêpasi jêmparing | mangampak-ampak | têmpuh nèng awiyati ||

10. pra dipati suka prasamya tiyasa | ngêtog kasuran mamrih | mêtokakên guna | kumupak ngampak-ampak | kèhning kang prabawa mijil | hru lêliwêran | paworing kang jêmparing ||

11. nanggala trisula piling lêng-ulêngan | ling-lingan lir kulingling | tumiling gêgana | kunta matumpa-tumpa | arakan cakra nampêki | mêngsah kèh pêjah | giris lumayu ngisis ||

12. gègèr ditya ing Lokapala mabyungan | kapêlak ing jêmparing [jêmpa...]

--- 97 ---

[...ring] | giyak wil Ngalêngka | kumêrab parêng mara | angrèp rumêbut nangkêbi | Ditya Gohmuka | krodha ngawaki jurit ||

13. Wisnungkara gumulung sabalanira | galak anggêgilani | gul-agul palagan | manggala wil gêgalan | ginulang-gulang ingulig | golong pamuknya | wil bala pitung kêthi ||

14. nora kêna tinanggulang mêksa nunjang | banjur lir banjir wukir | Ki Patih Banendra | têtulung saha bala | Gurmuka Rukmuka sami | ngawaki ing prang | sabalanya pêpulih ||

15. bupatine Ngalêngka ngawaki samya | Kampana Bajramusthi | Dumrêksa Prajôngga | Marica Sumanagra | Supyarsa lan Jambumangli | ambyuk angêbyak | saha bala nangkêbi ||

16. bangun malih kang aprang worsuh liwêran | wuru kawuron sami | punggawa Ngalêngka | supe walêr tinilar | saking wus riwuting jurit | rumupak rampak | sagunging pra dipati ||

17. kèh wikrama angamuk krura saharsa | yayah ngontragna bumi | punggawa [pungga...]

--- 98 ---

[...wa] Ngalêngka | kèh dharat tilar rata | suka ing aprang nguwori | bala dènira | mamrih mêngsah mêmilih ||

18. amêmalu pakolèh sasolah-solah | alingan angalingi | ing bala rumêksa | Rukmuka dipangganya | pêdhat mêta ngolang-aling | ngilês raksasa | nubruk nguwêl ambanting ||

19. kang nitihi mamolahakên musala | anyabêt mobat-mabit | kang kaparak bubar | dening pamuk Rukmuka | Kampana jog mudhun saking | rata tinilar | ngalingi balanya glis ||

20. dipanggane Rukmuka rêbah sinawat | ing limpung angêmasi | Rukmuka malumpat | Kampana sigra ngancap | gapyuk parêng anadhahi | kuwêling aprang | dêdêl-dinêdêl sami ||

21. dangu ulêng wal singsal kalihe kontal | wangsul bindi-binindi | Bajramusthi mulat | têtulung ing Kampana | Rukmuka wus dèn kalihi | luluh ginada | gègèr wadyanirèki ||

22. mawur tinut pangawat kering wus sêmpal | Kampana Bajramusthi | mingêr saha [sa...]

--- 99 ---

[...ha] bala | têtulung mring Prajôngga | arame dènira jurit | lawan Gurmuka | gapyuk pêluk kang èsthi ||

23. pêpulêtan kang nitih sêndhal-sinêndhal | singsal tiba kabanting | tangi parêng mangsah | angrik samya kruranya | paworing panggronya kadi | nêngkêr bawana | kalih prakosèng jurit ||

24. dangu dêdêr-dinêdêr dhêndha-dhinêndha | jangkah-jinangkah sami | tan ana kang cidra | prapta Ditya Marica | sigra nglambung saking kering | nyawat tomara | Gurmuka angoncati ||

25. panggiware Marica pinrih ginada | malumpat datan kêni | Prajôngga anggada | Gurmuka kêbat endha | tan kewran ing prang kinalih | prapta Kampana | kalawan Bajramusthi ||

26. saha bala nalambung têtulung yuda | ngambul ing prang ngêmbuli | Gurmuka kinapat | bingung kinalang-kalang | sinawat samoga kêni | gumêbruk rêbah | luluh linut ing bindi ||

27. bubrah gêlar dirada mêta wus sêmpal | gadhinge kanan kering | busêkan balanya | ngungsi ing gon Gohmuka [Goh...]

--- 100 ---

[...muka] | malang ratane ngalingi | larut ing bala | galak solahing jurit ||

28. mobat-mabit ngêtap rata gumrit kontrag | anglela ngolang-aling | mamolah mrih mêngsah | anggung nyabêt angambat | sêbat-sêbut nganan ngering | badhamanira | ingkang katrajang gusis ||

29. gègèr ditya Ngalêngka bala lorodan | giris lumayu ngisis | atusan kang pêjah | dening pamuk Gohmuka | Dumrêksa ratane gumrit | malang nanggulang | anglêpasi jêmparing ||

30. sungsun-sungsun tumibèng jaja Gohmuka | murub tan anêdhasi | Dumrêksa sinawat | ing limpung glis lumumpat | rêmuk ratane kang kêni | lumrang bantala | sigra Wil Jambumangli ||

31. mangsah gada Gohmuka oncat lumumpat | rata katiban bindi | malêdug suh sirna | Wisnungkara tumingal | Gohmuka rinêbut jurit | mangsah manêngah | sabalanya pêpulih ||

32. pan kinêpung kinalang kinandhang-kandhang | ing sagung pra dipati |

--- 101 ---

pinrêpak rinupak | ingurugan pamanah | sinasiwo kanan kering | Sang Wisnungkara | gêtêr madyaning jurit ||

33. ratanira rêmuk katiban sanjata | sigra lumumpat siti | Ki Patih Banendra | angrês tyas sira mulat | pangawating prang wus gusis | Ditya Gurmuka | lawan Rukmuka mati ||

34. katon Winungkara[1] kalawan Gohmuka | pinarbutan ing jurit | risak balanira | Banendra langkung marma | marang ing punggawa kalih | wus dharat aprang | sigra nolih ing wuri ||

15. Pangkur

1. duka Prabu Dhanaraja | mulat bala ditya rusak ing jurit | ngatag ing punggawanipun | mangsah mêmulih gêlar | kanan kering tumanduk sabalanipun | Citrasêkti Citraguna | sumilih pangawat kering ||

2. kanan Ki Citrasudirga | lawan Citrajaya kanthinirèki | Arya Citracapa ngayun | lan Arya Citrayuda | bala ditya ngaso dinèkèk nèng pungkur | têngah Prabu Dhanaraja | sawadyabala prajurit ||

--- 102 ---

3. Arya Prahastha tumingal | lamun bala ing Lokapala salin | manungsa kang munggèng ngayun | wus rakit pasang gêlar | sigra ngatag ing sagung punggawanipun | mangsuli gènira samya | rakit gêlar kadya nguni ||

4. têngara parêng umangsah | ing ayuda barung surakira tri | ditya ing Ngalêngka sampun | wuru riwut ing yuda | pra dipati nunjang sabalanirambyuk | ingkang tinunjang apanggah | manungsa bakuh gagahi ||

5. bangun malih kang ayuda | kadya wau pati-pati gagapi | wil bala suka anubruk | jambak ngêmah nginum rah | kang sawênèh nyôndrasa marasu limpung | kèh solahira mrih mêngsah | ditya dak-angidak wani ||

6. mulat mring mungsuh manungsa | tan ingapa pangrasaning rasêksi | kèh mati nora kaetung | mêksa angrok rumujak | ngarsa tumpês ing wuri prapta kumrutug | kumêrab mangrêbut ing prang | ambyuk ngêbyuki pêpati ||

7. gègèr kang bala manungsa | sru mabyungan kèlês ing prang kaplipis | kang panggah-panggah [pang...]

--- 103 ---

[...gah-panggah] kèh gugup | kapêlak ing rasêksa | kadya banjir wukir pamukira banjur | krodha Arya Citracapa | mangsah ratanira gumrit ||

8. têtulung rusaking bala | mênthang langkap lumêpas kang jêmparing | kumrusuk saingga jawuh | sanjata narawantah | nora kêndhat saking gandhewa kumêbul | maratani ing paprangan | tibane kadya garimis ||

9. kanggêk kang bala rasêksa | pamukira kadhangan ing jêmparing | kumrêsêg marwasèng mungsuh | kèh kabarubuh rêbah | Sri Dhanendra sanjatanira sumusul | wêtune mayuta-yuta | saking gandhewanirèki ||

10. miwah Arya Citrayuda | anusuli sanjatanira sêkti | wêtune maèwu-èwu | Citrasudirga lawan | Citrajaya Citraguna gupuh-gupuh | samya nusuli sanjata | wêtune makêthi-kêthi ||

11. sumungsun nungsung gêgana | mawor lesus kumêrap anibani | ing mungsuh kadya pinusus | gègèr ditya kèbêkan | mawur tinut ing sanjata

--- 104 ---

kagum-kagum | surak bala Lokapala | ambyuk parêng angêbyuki ||

12. anglut ing bala Ngalêngka | parêng ngrêpak Prahastha aningali | krodha gumrit ratanipun | anglêpaskên sanjata | mêtu muntab saking gandhewa kumrusuk | maèwu mayuta-yuta | malêksa makêthi-kêthi ||

13. têmpuh wor anèng gêgana | gêdhêg malih gandhewanira mijil | nanggala parasu limpung | kunta cakra côndrasa | pêtêng dhêdhêt ing awiyat kadya têdhuh | dening sanjata prabawa | Prahastha mêtu kang budi ||

14. gumlêdhêg wuri tan kêndhat | sanjatane mêtu watu lan wukir | gumludhug saingga ladhu | surak ditya Ngalêngka | parêng manduk pêpulih mangrêmuk satru | gègèr bala Lokapala | katiban ing watu wukir ||

15. kang lulun ngêlun mring wuntat | Sri Dhanendra gupuh dènnya nglêpasi | nimbangi sanjatanipun | mêtu wukir lan sela | nora kêndhat saking gandhewa gumludhug | ibêkan pur anggêgana | têmpuhing [têmpuh...]

--- 105 ---

[...ing] watu lan wukir ||

16. giris kang samya tumingal | hru prabawa dening sêktinya kalih | sela kadya tawon kambu | golong ulêng-ulêngan | nèng awiyat têmpuhing sela lir guntur | Maha Prabu Dhanaraja | nusuli kang sanjata ngin ||

17. prahara gora gurnita | pan ambirat sanjata watu wukir | sirna pinusus ing lesus | krodha Arya Prahastha | musus limpung mêtokkên kadibyanipun | gumlêdhêg mijil dahana | mubal mumbul mring wiyati ||

18. mulat-mulat ngalad-alad | mubal-mubal kumêbul gêgilani | ulêkan sundhul-sumundhul | lir ladhu-ladhu mubal | Sang Prahastha wutah kasudiranipun | yayah ambêsmia jagad | gêni ngêbêki wiyati ||

19. tumiyung ngungkuli bala | Lokapala kêkês kalangkung miris | Prabu Dhanaraja gupuh | musus kunta baswara | umrês ingkang prahara gora gumuntur | sindhung-riwut magênturan | nyapu ring kang sanjatagni ||

20. sumêmbur ambyar sumêbar | sumyar mawur

--- 106 ---

katêmpuh drêsing angin | Arya Prahastha andulu | soring prabawanira | krodha muntap mangsah gumrit ratanipun | gumulung sabalanira | kèlu sagung pra dipati ||

21. anut senapatinira | angawaki siji tan ana kari | Mintragna kang anèng pungkur | mring ngarsa tilar bala | suka ing prang gumulung golong kadya lun | pamuking prang pra dipatya | wus supe wêlinging gusti ||

22. gumrujug angrok rumujak | mamrêp ing prang rumupak anampêki | Arya Citracapa bakuh | lan Arya Citrayuda | kumarêtêg sabala parêng dènnyanduk | nanggulang pamuking ditya | myang pangawat kanan kering ||

23. Citraguna Citrajaya | lawan Citrasudirga Citrasêkti | nunjang lan sabalanipun | ramening prang ubêkan | ingkang para prawira wus wuru marus | miwah ingkang pra dipatya | suka amêmilih tandhing ||

24. sèlèh sanjata prabawa | rukêt ing prang caruk bindi-binindi | Ki Citrasudirga lampus | dening Ditya Kampana | parêng ratanira [ra...]

--- 107 ---

[...tanira] jur sinawat limpung | miwah Citrajaya pêjah | ginada mring Bajramusthi ||

25. luluh lawan ratanira | Citrasêkti prang lawan Jambumangli | arame panduk-pinanduk | ing trisula kalihnya | samya luput krodha Jambumangli gupuh | lumumpat sarwi anggada | Citrasêkti angoncati ||

26. lumumpat sigra Dumrêksa | anututi Citrasêkti binindi | angganira rêmak-rêmpu | Citraguna tumingal | mudhun saking rata angundha gada gung | Jambumangli mêthuk ing prang | samya prakosane kalih ||

27. adangu gada-ginada | sèlèh gada gapyuk rukêt ing jurit | Citraguna sor dinêkung | kontit dinêdêl pêjah | Arya Citracapa krodha dènnya dulu | pêjahe kapat punggawa | mangsah ratanira gumrit ||

28. miwah Arya Citrayuda | apêpulih ing aprang ambêg pati | Mintragna pinêngkok pamuk | sigra Ditya Supyarsa | mangsah galak Citrayuda sru pinupuh | lumumpat mung ratanira | katiban luluh [lu...]

--- 108 ---

[...luh] wor siti ||

29. sigra Arya Citracapa | atêtulung anglêpasi jêmparing | tibèng jajanira murub | Supyarsa tan tumama | pining kalih trisulanira tumanduk | gumadhug tumibèng jaja | Supyarsa tiba kabanting ||

30. kantaka sigra Mintragna | ngundha gada Citracapa ginitik | ratanira rêmak-rêmpu | Citracapa malumpat | gègèr bala ing Lokapala malêdug | ngungsi wurine gustinya | duka Prabu Dhanapati ||

31. mangsah nrêkakên puspaka | ginarêbêg dening sagung prajurit | kadya Hyang Asmara nurun | ngadoni jayèng laga | gêbyar-gêbyar makuthanira ngênguwung | kataman ing diwangkara | muncar-muncar anêlahi ||

32. nêngah ing prang puspakanya | anglut darpa ngapinjal mobat-mabit | amusthi sanjatanipun | dhadhali wus lumêpas | mêtu ura liwêran mawur sumawur | umrês amarwasèng mêngsah | ing wuri sumawur maksih ||

33. gandhewa lir mêtu gêlap | sru kumupak ngampak-ampak nampêki [nampê...]

--- 109 ---

[...ki] | ing ditya kèh kabarubuh | rêbah kambah balasah | bosah-basih rasêksa kang wus kapusus | tambuh paraning ngungsia | jêmparing kadya garimis ||

34. Citrayuda Citracapa | Wisnungkara miwah Banendra Patih | tan têbih lan gustinipun | angampingi puspaka | pra dipati Ngalêngka parêng dènnyambyuk | tan ana bisa parêka | kadhangan kèhning jêmparing ||

35. kang mêksa mêlak kalênggak | ingkang timbul kontal tiba kabanting | kèh rata katiban sumyur | gajah pating sulayah | sangsayandrês hru dhadhali tibanipun | ngambak bangkening rasêksa | giris sagung pra dipati ||

36. Prahastha rêmuk ratanya | luluh ajur katiban ing jêmparing | krodha nyandhak gadanipun | wontên duta kang prapta | saking pura kinèn jangkung ing prangipun | anama Wil Sokasrana | mulat asmaraning jurit ||

16. Asmaradana

1. Sokasrana niyup aglis | ngadhangi Arya Prahastha | sarwi amêngkul sukune | umatur

--- 110 ---

asru ngrarêpa | dhuh-dhuh anggèr emuta | ing wêling ramanta prabu | kinèn aprang sawatara ||

2. têmah arsa lêbu gêni | botên kenging tinanggulang | Sri Dhanaraja krodhane | tumpêsan abdi paduka | miwah kang pra dipatya | akathah kang nandhang tatu | suwawi anggèr mundura ||

3. emanên rusaking dasih | kalawan dèrèng kantênan | Rêsi Wisrawa lilane | ing pêjahipun kang putra | Prahastha duk miyarsa | èngêt ing tyas sigra mundur | miwah sagung pra dipatya ||

4. dhadhal sawadyanirèki | Sri Dhanaraja tumingal | bala Ngalêngka larute | sinusulan ing dahana | gugup ditya Ngalêngka | saya sru palajêngipun | kapêlak dening dahana ||

5. kathetheran pothar-pathir | binêrêg manjing jro kitha | tutup korine sakèthèng | dahana datan anglanjak | kèndêl jawi kewala | kadya nuguri marga gung | sangsaya dadi urupnya ||

6. kumantar-kantar ngajrihi | yayah sundhula ngakasa | dahana mulat-mulate [mula...]

--- 111 ---

[...t-mulate] | gêtêr sapraja Ngalêngka | giris miris sru maras | Sri Dhanendra baris tugur | munggèng sajawining kitha ||

7. Gohmuka sigra tinuding | mring jro pura tanpa bala | bêkta surat pangantêpe | mring buminata Ngalêngka | pamundhute kang rama | Gohmuka tur sêmbah mundur | mêsat marang jroning pura ||

8. kunêng wau kang winarni | Arya Prahastha wus prapta | laju manjing jro kadhaton | matur yèn ing prang kasoran | mêngsah rewang kèh pêjah | yêktos yèn ing prang pinunjul | pun Dhanendra Lokapala ||

9. môndraguna surasêkti | wantêr prawira digdaya | ing mangke kèndêl barise | wontên sajawining kitha | Buminata Ngalêngka | miyarsa kalangkung ngungun | kasaru Mintragna prapta ||

10. matur wontên duta prapti | saking Prabu Dhanaraja | satunggal ditya dutane | sarwi binêktan nuwala | yaksendra angandika | gawanên mring ngarsaningsun | Gohmuka wus tinimbalan ||

11. kerit binêktèng jro

--- 112 ---

puri | prapta ngarsaning yaksendra | nêmbah ngaturkên surate | tinampan lajêng binuka | sinuksma ing wardaya | pèngêt iki layang ingsun | Sri Dhanendra Lokapala ||

12. praptaa mring sang ditya ji | Ngalêngka Sumali Raja | wruhanira praptaningong | mundhut mring Rêsi Wisrawa | ingkang dhusthèng buwana | mêngko nèng prajanirèku | age aturna maringwang ||

13. lamun sira angukuhi | maharsi duskartaning rat | mêtua jaban kutha ge | mapaga wukuring aprang | nora wurung Ngalêngka | sun dadèkkên karang tunu | titi panuksmaning surat ||

14. mèsêm Sang Prabu Sumali | rêngu panduking sasmita | asru ing pangandikane | hèh duta sira matura | marang Si Dhanaraja | sayêkti nèng prajaningsun | ing mêngko Rêsi Wisrawa ||

15. yèn mêksa Si Dhanapati | anjaluk mung dèn antia | ing besuk ingsun atêrne | sang pandhita dèn cêkêla | dhewe mring gustinira | wis duta muliha gupuh | yèn mangkono [mangko...]

--- 113 ---

[...no] saur ingwang ||

16. Gohmuka mundur wotsari | yaksendra ngandikèng putra | hèh kulup banjura age | marang taman Ngargasoka | matura sang pandhita | yèn kasoran prangirèku | iya lan Si Dhanaraja ||

17. tumpêsan bala kèh mati | lan layang iki aturna | kapriye kana karêpe | Si Dhanendra wus tan kêna | mundura krodhanira | ing mêngko barise tugur | ngêpung nagara Ngalêngka ||

18. yèn sang pandhita ngawaki | ing prang sira ngiringêna | kêrigên balamu kabèh | miwah sagung pra dipatya | sêdhêng ngantêp ing yuda | Mintragna mêtua gupuh | kabèh punggawa Ngalêngka ||

19. dèn padha angati-ati | sakapraboning ayuda | kalih sandika ature | wus mêdal saking jro pura | laju Arya Prahastha | taman Ngargasoka rawuh | katur marang sang pandhita ||

20. Prahastha glis dèn timbali | prapta ing ngarsa tur sêmbah | pukulun amba kinèngkèn | ing rama prabu tur wikan | pamêthuk kawula prang |

--- 114 ---

kasoran bala kèh lampus | ing mangke putra paduka ||

21. sawadyane pacak baris | ngêpung nagari Ngalêngka | wau sumusul dutane | ditya anama Gohmuka | sarwi binêktan surat | katur ing jêng rama prabu | punika kawula bêkta ||

22. tuwan kinèn nupiksani | mèsêm Sang Rêsi Wisrawa | sarwi nampani surate | binuka sinuksmèng driya | putus pamaosira | sang pandhita langkung rêngu | acipta duka ing putra ||

23. dènnya kèh karya pêpati | kagagas lingsêm ing driya | nora kèlingan lupute | kalingan namung katingal | ing solahe kang putra | praptèng tyasing krodhanipun | nêdya numpês marang bapa ||

24. Prahastha umatur malih | pukulun paran ing karsa | wau jêng rama wêlinge | yèn tuwan ngawaki ing prang | sagunging pra dipatya | myang kawula kinèn labuh | rêrêmpon madyaning yuda ||

25. sang pandhita ngandika ris | lah iya kulup matura | sun arsa nindaki dhewe | ing yudane [yu...]

--- 115 ---

[...dane] kakangira | sagunging pra dipatya | esuk dèn samêktèng pupuh | Prahastha mundur tur sêmbah ||

26. praptèng jawi angundhangi | sagung para dipatyanya | enjing sang wiku badhene | mijil ngawaki ngayuda | sagunging pra dipatya | sakapraboning prang kumpul | gumuruh bala rêksasa ||

27. suka-sukanya ing latri | dènira sang maha dibya | nindaki ing prang badhene | yayah punagi tyas sira | sagung diyu rêksasa | mêmalês mangrêmuk satru | wau ta Rêsi Wisrawa ||

28. kondur pinêthuk ing rabi | anggung mangu ing wardaya | rangu-rangu pangungune | dènnyarsa mêthuk ing aprang | ing putra Sri Dhanendra | rêncêming tyas kang kaetung | karya saruning buwana ||

29. lan atmaja rêbut rabi | tiningkês pêpês tyas sira | pinupus yèn wus pasthine | karsane maha bathara | brawala lawan putra | ngandika mring garwanipun | hèh yayi mau rinira ||

30. Si Prahastha tur udani | yèn kasoran ing ayuda | tumpêsan [tumpêsa...]

--- 116 ---

[...n] ditya balane | ing mêngko atmajanira | Si Dhanendra wus prapta | sabalane baris tugur | ngêpung nagara Ngalêngka ||

31. ingsun yayi benjing enjing | mapag prange sutanira | kang garwa kumênyut tyase | umatur kadya punapa | panduka prang lan putra | katon ing lyan langkung saru | damêl nisthaning buwana ||

32. sang pandhita lingira ris | lamun kêna sutanira | ingsun prih elinge bae | dene lamun nora kêna | kudu lali ing bapa | wus karsaning jawata gung | môngsa kêna singgahana ||

33. ingsun mati dening siwi | kang garwa sungkawèng driya | awuyungan ing batine | ing dalu datan winarna | enjing Rêsi Wisrawa | wus ngrasuk busananipun | sakapraboning ayuda ||

34. mijil jawi wus cumawis | nênggih titihannya rata | miwah ditya pangayape | patang kêthi wil pilihan | sangkêp sasikêping prang | nanggala parasu limpung | miwah srining busananya ||

35. sadaya akêre

--- 117 ---

rukmi | iku buta sêsimpênan | trahing mati papan kabèh | Sri Maharêsi Wisrawa | sampun nitih ing rata | kumêrtêg pangayapipun | obah sagung pra dipatya ||

36. têngara gumuruh atri | kêndhang gong bèri sauran | kagiri-giri bawane | wil bala tandangnya suka | surak agiyak-giyak | kèh ngigêl mamolah palu | undhi dhêndha unclang gada ||

37. manglung mènglèng miling-miling | tumiling palang pilingnya | nglêlètèr nitir bêndhene | nut marga siring sarampang | wênèh undhi bêdhama | saking sukaning tyasipun | laku mungkur kiprah-kiprah ||

17. Pangkur

1. budhal marang jawi kitha | untab ingkang rasêksa gêgirisi | sumundhul tundhung-tumundhung | jêjêl matundha-tundha | gajah rata turôngga liwêran sêlur | wêtune saking wiwara | sumaput pipit-pinipit ||

2. gumlêdhêg dhêdhêg tan kêndhat | andalêdêg lir sungapan jaladri | ing wuri rêbut dêlanggung | kobèt [ko...]

--- 118 ---

[...bèt] angering nganan | kèhning ditya rêksasa dhêdhêt lir têdhuh | kambah ingkang bumi molah | gurnitaning kang ditya ngrik ||

3. anglir giri gara-gara | rèh gora ngrèh gumuntur gêgêtêri | praptèng jawi kitha sampun | katon dahana mubal | mulat-mulat lir wukir sayuta tunu | ebat ditya ing Ngalêngka | kèndêl samya tata baris ||

4. kadya wutahing samodra | ambalabar sagunging pra dipati | pinatah pinatuh-patuh | Dumrêksa maksih ngarsa | lan Supyarsa Sokasrana kanthinipun | ing kanan Ditya Prajôngga | Kampana lan Bajramusthi ||

5. kering Ditya Mahodara | Gathodara katri lan Jambumangli | pra dipati kabèh pungkur | têngah Rêsi Wisrawa | tan kêna doh Prahastha nunggil gènipun | mangkana Rêsi Wisrawa | sampun nglêpasi jêmparing ||

6. barunastra mring awiyat | pan sakala mêndhung dhêdhêt nglimputi | dhêndhêng limêngan ngêndhanu | ngungkuli kang dahana | pan gumrujug kadya [ka...]

--- 119 ---

[...dya] garojogan sèwu | sirêp urubing dahana | duka Prabu Dhanapati ||

7. wruh kalamun ingkang rama | mijil ing prang dene sanjatanèki | barunastra tibanipun | nyirêpi kang dahana | bala kinèn piyak sadaya nèng pungkur | nrêgakên puspakanira | nglela nèng ngarsa pribadi ||

8. nimbangi Rêsi Wisrawa | ditya kinèn piyak anganan ngering | ratanya wus munggèng ngayun | yayah arêbut praba | lan puspaka mawangkawa angênguwung | sru gumêbyar gêbyar-gêbyar | lir surya kêmbar matandhing ||

9. Maha Prabu Dhanaraja | krodha mêmpêng anglêpasi jêmparing | kumupak gandhewanipun | yayah amêtu gêlap | dening kang hru pangabar pangumbaripun | ingêtog wutah sêktinya | panah santika nêkani ||

10. wêtune maneka warna | gumalêdhêg dhêndha badhama gandhi | nanggala musala limpung | palu piling trisula | kunta cakra candrasa srêsêg lir têdhuh | kumêlap golong linglingan | kèbêkan [kèbê...]

--- 120 ---

[...kan] ing awiyati ||

11. parêng lesus alimunan | lindhu patêr gêtêr anggêgêtêri | dhèdhèt erawati wagyut | kêbut bumi prakêmpa | dening krodhanira Dhanaraja Prabu | yayah yèn manglêbur raya | giris kang samya ningali ||

12. sigra Sang Rêsi Wisrawa | anglêpasi panulak sanjata ngin | prahara-ara tumêmpuh | sanjatane kawarna | sirna larut gusis pinusus ing lesus | krodha Prabu Dhanaraja | dening sakti tanpa dadi ||

13. sèlèh sanjata prabawa | nyandhak ingkang trisula hru malungit | pamungkasing prang satuhu | dudu panah prabawa | linêpaskên kumilat tikêl pinêthuk | ing panulak Sang Wisrawa | duka Prabu Dhanapati ||

14. muntap wêngis krodhanira | nyandhak kunta baswara marêpêki | laraping kunta sru murup | sarya sru sumbar-sumbar | dèn prayitna hèh cêmêr nistha si kuthuh | maharsi duskartaning rat | sukêr ngrêrêgêdi bumi ||

15. urip dêdawa [dê...]

--- 121 ---

[...dawa] druhaka | tadhahana tibaning kunta mami | yèki pangrurahing satru | pangruwat doracara | pamunahing mêmala dursila lêbur | nora wurung patinira | iya ing sadina iki ||

16. Rêsi Wisrawa tumingal | ingkang putra ngayat kunta linuwih | laraping kunta sru murup | mêrêm ing nala pasrah | mèh lumêpas kasaru Narada rawuh | anjog saking dirgantara | anyandhak kunta sayanjrit ||

17. hèh hèh mêngko aja aja | kaki prabu pagenea sirèki | dêdawa tindak kang dudu | ngadoni budi arda | tanpa dadi dènnya sudyambêg sadu[2] | mada wadining sudarma | binêndhon ing bathara di ||

18. sanadyan silih salaha | ing solahe iku darmaja lihi | laline saking kalimput | kinarya lêlampahan | yèn kongsia linawan sira linuluh | lagi mangkono wus kêna | ing pamalês kang malêsi ||

19. besuk nagri Lokapala | rusak dening kadangira pribadi | mulane ya putuningsun [putu...]

--- 122 ---

[...ningsun] | age sira mundura | aja-aja kadêrêng ing tyas andarung | muring-muring murang marga | lan sudarma rêbut rabi ||

20. biratên ing tyas ru-ara | nulusêna ulah puja sêmadi | anjêjêring rèh silarju | mrih arjèng praja-praja | balaburên ing dana krama martayu | mêmulih luluting bala | mêmulang pêpalang lali ||

21. sira Narpa Daniswara | nora kurang saking budi marta sih | ing krama susila putus | lan sira nalôngsaa | mêmintaa aksamaning jawata gung | siguge panggawenira | akèh akarya pêpati ||

22. wusnya ngling Rêsi Narada | nulya musna wangsul mring awiyati | Sri Dhanendra langkung ngungun | nangis sadalêming tyas | sru nalôngsa nêmbah marang ramanipun | ngingêrakên puspakanya | mundur sawadyanirèki ||

23. Rêsi Wisrawa tumingal | yèn kang putra mundur bubarkên baris | saking puspaka wotsantun | langkung sokur ing dewa | sang pandhita ngundhangi pra dipatya wus | bubarakên [bubar...]

--- 123 ---

[...akên] barisira | wau Kusuma Sukèsi ||

24. mêthuk rawuhing kang raka | langkung suka dening Sri Dhanapati | soring prang sawadya mundur | nahan ta kang winarna | Sri Dhanendra sapraptaning prajanipun | anggung mêmangun sungkawa | anungku puja sêmadi ||

25. mêminta aksamèng dewa | linging Rêsi Narada kang ginalih | kunêng gantya kang winuwus | nênggih nagri Ngalêngka | Rêtna Dèwi Sukèsi malih cinatur | wus lami antaranira | apan ta sampun garbini ||

26. praptèng mangsanira babar | mijil sirah sadasa angajrihi | lawan baune rong puluh | kang rama sru sungkawa | katur marang sang yaksendra têdhak gupuh | mulat warnane kang wayah | langkung pangungunirèki ||

27. dene mukanya sadasa | mupus ing tyas sira Prabu Sumali | kang wayah sampun pinundhut | pinutra nèng jro pura | ingaranan Rawana pêparabipun | diwasa kêpati tapa | amrih ngluwihi nèng bumi ||

28. dènnya sinung sipat beda |

--- 124 ---

mila sangêt yoga bratanirèki | pirang taun laminipun | diwasa nèng pratapan | ing Gohkarna wukir gêng langkung pakewuh | ing wuri ibune babar | mêtu ditya gêng sawukir ||

29. ingaranan Kumbakarna | Sang Bagawan Wisrawa langkung kingkin | cipta lingsêm ing dewa gung | dening putra kalihnya | salah rupa tan kaprah samaning diyu | wus pinutra nèng jro pura | mring eyang Prabu Sumali ||

30. Wisrawa lawan kang garwa | langkung saking wiyoganirèng galih | mèh praptèng diwasanipun | Sang Arya Kumbakarna | ingkang eyang lan kang rama rêmbag sampun | putra kinèn sumusula | mring wukir angure wèni ||

18. Sinom

1. Kumbakarna sumusula | mring gunung Gohkarna nuli | ing kakangira Rawana | mintaa nugraha sami | sanadyan salah warni | pan wus karsaning Hyang Agung | namung pinaringana | pangwasa kang angluwihi | Kumbakarna nuruti marang Gohkarna ||

2. tanpa rowang kesahira | ing wuri ibunirèki [ibu...]

--- 125 ---

[...nirèki] | babar putrane wanodya | pasariranira lungit | pamadya kang pawèstri | wus sinungan namanipun | nênggih Sarpakênaka | nging mêksih warna rasêksi | dahat susahira Bagawan Wisrawa ||

3. manjing ing sanggar pamujan | Wisrawa mêsu sêmadi | kang pininta jroning puja | adarbea putra malih | aywa doh ingkang warni | kalawan pambayunipun | Narpati Wisrawana | asêmbada tur apêkik | wus alami sêmadinira Wisrawa ||

4. nulya mijil putranira | jalu warnane apêkik | kadya Prabu Wisrawana | kang rama suka tan sipi | pininta jro sêmadi | undhagia ing tyasipun | arja tur bijaksana | asiha samèng dumadi | ingaranan sira Koda Wibisana ||

5. kapanujon putranira | saparakartining janmi | kadya Prabu Wisrawana | dewa sami angèstrèni | Koda Wibisanèki | gunawaning tyas rum-arum | pasang limpat graita | ramèbu suka tan [ta...]

--- 126 ---

[...n] sipi | pan anyipta nugrahanirèng jawata ||

6. katrima panêdhanira | putra ingkang muragili | abagus ambêg susila | tyas sira nuksmèng wêwangi | ngambar anrus ngasturi | sumêbar mrik marbuk arum | wêweka bijaksana | mangkya pamalêsirèki | sêmbulihe putra sêpuh salah rupa ||

7. pinundhut putrèng jro pura | ing eyang Prabu Sumali | kayungyun mulat ing wayah | lare wus bisa ngecani | marang tyasing sasami | sapraja samya sih lulut | langkung pinuja môntra | ing rama ibu myang kaki | ya ta kunêng gantya kang pinurwèng crita ||

8. Sang Aprabu Wisrawana | ing Lokapala miyarsi | yèn kang rama wus pêputra | kalawan Dèwi Sukèsi | mijil danawa sami | kinesahkên marang gunung | prasamya salah rupa | kang rama anggung prihatin | Sri Dhanendra sigra mring nagri Ngalêngka ||

9. namur tan amawi bala | jujug jroning tamansari | ingkang rama duk pinarak | lan garwa Dèwi [Dè...]

--- 127 ---

[...wi] Sukèsi | kagyat dènnya ningali | praptane putra sang prabu | manêmbah ngaras pada | rinangkul jangganirèki | nulya nêmbah ing ibu putri Ngalêngka ||

10. sang wiku alon ngandika | kamayangan sira prapti | apa baya tan miyarsa | yèn ingsun dahat prihatin | miwah ibunirèki | yayah kadya nganyut tuwuh | merang dening rinira | karo padha salah warni | ingkang tuwa Si Rawana Kumbakarna ||

11. karo mring wukir Gohkarna | sun tuduh amangun tèki | padha mintaa nugraha | kaprawiraning ajurit | kang putra matur aris | lêrês karsanta pukulun | sanadyan salah rupa | mung sagêda anglangkungi | ing sasami kaprawiraning ayuda ||

12. kang rama malih ngandika | panuju ibunirèki | ana têntrêming kang driya | wêtune arinirèki | iya kang muragili | anèmpêre lan sirèku | Si Koda Wibisana | sigra tinimbalan prapti | laju kinèn ngabêkti marang kang raka ||

13. sumêmbah mangaras [ma...]

--- 128 ---

[...ngaras] pada | rinangkul jangganirèki | Sri Dhanaraja turira | punika lamun suwawi | inggih pun yayi Wibi- | sana sumusula gupuh | marang wukir Gohkarna | mintaa nugraha sami | sampun kantun lan kadangira sadaya ||

14. kaprawiraning ayuda | lan sagêda ambêg kadi | manungsa suka mrih arja | ngecani tyasing sasami | rumêksa ing dumadi | icala rasêksanipun | wontêna èmpêrira | lamun trahing pandhita di | ingkang rama mèsêm alon angandika ||

15. iya bênêr karsanira | hèh kulup Wibisana glis | kinèn dening kakangira | mring gunung Gohkarna kaki | dèn bangêt mati ragi | mintaa nugrahanipun | Sang Hyang Jagad Pratingkah | sinungana ambêg kadi | kakangira Narpati Andaniswara ||

16. miwah prawiraning yuda | têdhanên ing bathara di | Wibisana langkung suka | kinon mring kadangirèki | ingkang rama ngidini | yaksendra ngaturan sampun | rawuh mring Ngargasoka | ginarêbêg para cèthi | sarwi nganthi

--- 129 ---

ing wayah Sarpakênaka ||

17. Rêsi Wisrawa tumêdhak | lan garwa Dèwi Sukèsi | mêthuk rawuhing yêksendra | wus tata samya alinggih | Sang Prabu Dhanapati | sumêmbah mangraup suku- | nira sang yaksadipa | rinangkul jangganira ris | anak prabu raharja ing praptanira ||

18. dhêku Prabu Dhanaraja | anuhun aturirèki | umatur Rêsi Wisrawa | mila kawula aturi | wayah tuwan pun Wibi- | sana pinriha sumusul | amartapèng Gohkarna | mring kakange Dhanapati | pan kawula langkung jumurung ing karsa ||

19. yaksendra alon turira | inggih kalangkung utami | kawula mangayubagya | ing karsane kaki aji | angrèh arinirèki | pinrih kaluwihanipun | sang pandhita ngandika | hèh kulup Wibisana glis | wis mangkata linilan ing eyangira ||

20. Wibisana langkung suka | sumungkêm padaning kaki | gantya ngabêkti mring rama | miwah mring ibunirèki | rinangkul jangganya [jangga...]

--- 130 ---

[...nya] ris | Wibisana nêmbah mundur | kang kari gung sungkawa | Kusuma Dèwi Sukèsi | myang kang rama tilar dhahar lawan nendra ||

21. tontonên solahing putra | myang santana agung alit | prasamya ngungun sadaya | satriya kang pra dipati | tistis Ngalêngka nagri | lir koncatan sotyanipun | ungkure Wibisana | sêmuning praja kadya gring | Sri Dhanendra mêksih têngga nèng Ngalêngka ||

22. ingandhêg marang kang rama | gung ulah puja sêmèdi | ya ta wau kang winarna | Wibisana lampahnèki | cinêndhak sampun prapti | ing Gohkarna wukir agung | munggah agraning arga | dahat dènnya mati ragi | kawuwusa wau Bagawan Wisrawa ||

23. saungkure putranira | pinarêng praptaning jangji | mantuk mring kamuksanira | mulya anèng suranadi | orêg Ngalêngka nagri | ing sedanira sang wiku | langkung kawêlasarsa | Kusuma Dèwi Sukèsi | gung udrasa angarang tikbraning driya ||

24. Sang

--- 131 ---

Aprabu Wisrawana | dahat wibuhirèng galih | miwah sang maha yaksendra | karantan tyase miyarsi | sambatira sang dèwi | layon pinaripurna wus | nginggahakên pancaka | dewa prasamya ngurmati | panggêsênge Sri Maharaja Wisrawa ||

25. Sang Aprabu Wisrawana | samana pan sampun pamit | kondur marang prajanira | kunêng gantya kang winarni | nênggih Sukendra giri | kadya sarêng lampahipun | kalawan ing Ngalêngka | nanging ta gantya winarni | nênggih wontên pandhita brata ing tapa ||

19. Asmaradana

1. dahat dènnya mati ragi | anama Rêsi Gotama | tapa sangkanirèng lare | trahing Sang Bathara Maya | pêputra Sang Hyang Surya | Sang Hyang Surya putranipun | nama Hyang Rawiyatmaja ||

2. Rawiyatmaja sêsiwi | anama Sang Hyang Karaba | Sang Hyang Karaba putrane | ran Bathara Dewangkara | pêputra Dewanggana | Dewanggana asêsunu | nama Sang Hyang Dewasana ||

3. Hyang Dewasana

--- 132 ---

sêsiwi | kang sêpuh Prabu Hèria | Rêsi Wisanggêni rine | jalu kalih putranira | Suwôndagni kang tuwa | Jamadagni kang waruju | dene Sang Prabu Hèria ||

4. pêputra jalu kêkalih | sêpuh Prabu Kartawirya | kang gumantya karatone | nèng Maèspati nagara | ratu bêg pinandhita | dening putra kang waruju | anama Rêsi Gotama ||

5. punika ingkang winarni | atapa wukir Sukendra | langkung matêng ing tapane | sasat wus angraga suksma | dadi barang cinipta | sidik paningale têrus | samana Rêsi Gotama ||

6. kapencut krama apsari | isining Endrabawana | jinurungan saciptane | dening Hyang Jagad Pratingkah | apan sampun sinungan | apsari sining swarga gung | kang luwih endah warnanya ||

7. anama Rêtna Windradi | sih lulut dènnya akrama | angendhang-endhang sang sinom | nèng arga anut ing priya | tumut amangun tapa | wus tan ana labêtipun | lamun apsari [a...]

--- 133 ---

[...psari] sawarga ||

8. dènnya nut lampahing laki | kapati brôngta ing tapa | nanging sang rêtna tindake | culika marang ing priya | wanuh lan Sang Hyang Surya | duk maksih nèng swarganipun | dènira anunggal karsa ||

9. sang dyah lawan Bathara Ri | praptèng krama lan sang tapa | dèrèng wus ing pambedhange | hyang ari marang sang rêtna | anggung pamit ing priya | têtuwi mring sawarga gung | sang wiku tan anggraita ||

10. yèn garwane lampah silip | dènira sring mring suwarga | nyana sayêkti pamite | kangên atêtinjo marang | para apsari swarga | rèhning tilas kancanipun | malah kongsi putra tiga ||

11. sang wiku dèrèng udani | yèn garwa lampah culika | saking rêmpit pratingkahe | dènira anunggal karsa | lawan Bathara Surya | putra têtiga winuwus | pambajêngipun wanodya ||

12. anama Rêtna Anjani | langkung endah warnanira | lurusing pasarirane | tan kêkalih lan ibunya | cahya nuksmèng [nu...]

--- 134 ---

[...ksmèng] sasôngka | trah widadari satuhu | panênggak warujunira ||

13. samya priya pêkik-pêkik | putra jalu kang panênggak | Radèn Subali namane | langkung prakoswa ngayuda | miwah Radèn Sugriwa | waruju warnane bagus | tan pae lawan kang raka ||

14. kaprawiraning ajurit | dhasar trahing wiku tapa | anêtêpi tapa dhewe | alit praptaning diwasa | dènira mati raga | amrih prawira pinunjul | mangkana kang cinarita ||

15. Kusuma Rêtna Anjani | darbe cupu asthagina | pêparing saking ibune | nguni saking Sang Hyang Surya | asaling asthagina | cupu manik luwih punjul | winarisakên kang putra ||

16. cinatur Rêtna Anjani | sabarang kang kinarsakna | mijil saking cupu bae | tan ana luput satunggal | isining madyapada | saisining samodra gung | miwah isining sawarga ||

17. kang adi kang luwih-luwih | jroning asthagina ana | kang elok kang anèh-anèh [anèh-...]

--- 135 ---

[...anèh] | mangkana ngalama-lama | kawruhan ing rinira | pan saking wêwadulipun | êmbane radèn kalihnya ||

18. Jêmbawan namanirèki | matur ing radèn kalihnya | dhuh anggèr paran marmane | raka paduka sang rêtna | punika pinaringan | ing ramanta sang awiku | cupu manik asthagina ||

19. prabawa luwih sinêkti | raka paduka sang rêtna | barang kang kinarsakake | saking jro cupu kewala | botên susah ngupaya | ngarsakna sining swarga gung | jroning asthagina ana ||

20. anggèr kang priya kêkalih | têka botên pinaringan | kalangkung sinanès-sanès | dènira sih apêputra | lah adawêg mothaha | ing ramanta sang awiku | sami nyuwuna pusaka ||

21. dadya rahadèn kêkalih | anut turing êmbanira | sigra marêk ing ramane | mothah anuwun pusaka | kang timbang asthagina | dene ta kakang bok sampun | tuwan paringi pusaka ||

22. sih botên sinami-sami | kang

--- 136 ---

priya tan pinaringan | pusaka mung putra wadon | paran kang dadya dosamba | yèn tan arsa pêputra | lêhêng pêjahana gupuh | wau Bagawan Gotama ||

23. myarsa turing putra kalih | langkung kagèting wardaya | alon ing pangandikane | ingsun kaki tan rumôngsa | maringi kakangira | kang kadya turira iku | lah ta mara timbalana ||

24. kakangira Si Anjani | ingsun takonane sapa | cupu manik ingkang awèh | Sugriwa tur sêmbah mentar | nimbali ingkang raka | Rêtna Anjani kering sampun[3] | prapta ngarsane kang rama ||

25. sang wiku ngandika aris | hèh ta nini ingsun tanya | iku arinira karo | Si Subali lan Sugriwa | padha mothah maringwang | tinarka maringi cupu | asthagina marang sira ||

26. lah iku olèhmu ngêndi | nini tutura balaka | jupukên ingsun arsa wroh | sang dyah kumêpyur tyas sira | myarsa linge kang rama | gugup dènira umatur | pukulun pun adhi dora ||

27. botên [bo...]

--- 137 ---

[...tên] rumaos darbèni | cupu manik asthagina | uninga warnine dèrèng | sarwi nolih arinira | sirèku apa gila | pintêr têmên anggadêbus | dadak umatur jêng rama ||

28. kang rayi kalih nauri | dhuh kakangbok sampun dora | umatura sayêktine | sadasa dika kumbia | ujar kula uninga | yèn kakangbok darbe cupu | sang rêtna asru anyêntak ||

29. sirèku apa ta baring | yèn nyata sira uninga | jupukên ngêndi ênggone | apa kang tinêmu baya | ing wong gawe wisuna | sang pandhita rêngu muwus | sapa ingkang matur dora ||

30. sayêkti sun upatani | lêbura datanpa dadya | aja lumrah lan wong akèh | Rêtna Anjani duk myarsa | upatane kang rama | tumungkul mrêbêl wêtu luh | langkung kewraning wardaya ||

31. arsa matura sayêkti | jrih walêring ibunira | dènnya sangêt pêpacake | aywa kongsi kauningan | marang ing sang pandhita | myang mring ari kalihipun |

--- 138 ---

mangkya kongsi kawêruhan ||

32. mila sru kepyaning galih | yèn kumbi ajrih ngupata | dadya runtik jroning tyase | mring kang rayi kalihira | margane kauningan | tinêtêr sarta rinêngu | mring rama dadya balaka ||

33. pukulun inggih sayêkti | amba gadhah asthagina | saking jêng ibu waune | kang maringi mring kawula | sang wiku angandika | lah mara pundhutên gupuh | nini sun arsa uninga ||

34. anulya pinundhut saking | jroning kasêmêkanira | gumêbyar murup prabane | kadya surating baskara | sang wiku eram mulat | cupu tinampanan sampun | tutupe lajêng binuka ||

35. jroning cupu dèn tingali | anglangut têbih awiyar | sumrawang gumawang katon | kadya lam manungsa pada | sangkêp isining dunya | alas-alas gunung-gunung | dharatan miwah samodra ||

36. jroning tutup dèn tingali | sangkêp isining akasa | sudama wulan srêngenge | kilat thathit miwah mega | obar-abir [o...]

--- 139 ---

[...bar-abir] lêlidhah | teja wangkawa kêkuwung | sang wiku eram ing driya ||

37. nulya tinutupan malih | tinon wontên cirinira | ing tutup surat unine | muni saking Sang Hyang Surya | asaling asthagina | sang wiku garjitèng kalbu | narka kalamun kang garwa ||

38. wanuh lawan Bathara Ri | ngandika mring putranira | Anjani undangên age | ibumu mring ngarsaningwang | sang rêtna nêmbah mentar | praptèng ngarsèbu umatur | ibu paduka ngandikan ||

39. ing jêng rama dipun aglis | nulya kering marang putra | tan dangu praptèng ngarsane | sang wiku alon ngandika | Windradi ingsun tanya | angakua kang satuhu | cupu manik asthagina ||

40. iku olèhira ngêndi | kang garwa duk amiyarsa | langkung kumêpyur galihe | anyipta yèn kawanguran | dènnya wanuh Hyang Surya | dahat merang marang kakung | tumungkul ngusapi waspa ||

41. sakêcap datan nauri | tinêtêr-têtêr ping tiga | mring sang wiku pandangune |

--- 140 ---

pijêr karuna kewala | cipta runtik mring putra | dene duk nalikanipun | pinaringan asthagina ||

42. sangêt dènnya mêmalêri | aja kongsi kauningan | mring sang wiku apadene | marang kang rayi kalihnya | mangke têmah kawruhan | mila sru runtik ring sunu | dènnya ngungkurkên wicara ||

20. Pangkur

1. sang pandhita sru ngandika | hèh Windradi kaya ngapa sirèki | têka mênêng tan sumaur | pijêr-pijêr karuna | wêdi-wêdi apa kang dadi wadimu | kang garwa mêksih karuna | sakêcap datan nauri ||

2. tinêtêr sinêlak-sêlak | ingkang garwa maksih datan nauri | sang pandhita langkung bêndu | asru dènnya ngandika | ilang kabèh trêsnane mring garwanipun | dadya muwus anupata | hèh bêcik têmên Windradi ||

3. sun takoni kaping tiga | ngasokakên bisu bae tanpa ngling | mênêng-mênêng kaya tugu | sabdaning wiku tama | pan sakala ingkang garwa dadya tugu | kagyat kang putra têtiga | mulat ing ibunirèki [ibunirè...]

--- 141 ---

[...ki] ||

4. salah rupa tugu sela | Rêtnanjani asru dènira anjrit | myang kang rayi kalihipun | nangis nungkêmi pada | Rêtnanjani sêsambate mêlasayun | dhuh lae-lae jêng rama | kaniayane kêpati ||

5. duka nora tulus duka | têka dadak duka anupatani | punapa ta dosanipun | kinarya salah rupa | rupa tugu dhuh rama ruwatên gupuh | yèn tan arsa mulyakêna | lêhêng kula lan pun adhi ||

6. katri pisan pêjahana | awèt gêsang botên sagêd ningali | ing warnane kangjêng ibu | kang rama sru ngandika | iya mêngko ingsun ruwate ibumu | tugu sela gya cinandhak | binuwang marang wiyati ||

7. tumibèng wana Ngalêngka | anèng pèrèng jurang miring tumawing | misih rupa tugu watu | kang putra duk tumingal | ing dukane kang rama ajrih kêlangkung | katri sumungkêm bantala | sang pandhita ngandika ris ||

8. lah ta wis padha mênênga | cintrakane ibunira wus pasthi | karsane bathara [ba...]

--- 142 ---

[...thara] luhung | kinarya lêlampahan | dening dewa sinung rupa tugu watu | besuk ana kang angruwat | marang ibunira kaki ||

9. lamun prang gêdhe Ngalêngka | pan kinarya gêgamaning wre sêkti | kinêprukakên ing diyu | mulyaning ibunira | mulih widadari awor ing swarga gung | mulane padha mupusa | yèn wus karsaning dewadi ||

10. balik cupu asthagina | liwat ewuh sapa ingkang darbèni | sun paringna mring sirèku | arimu mèri padha | sun paringna ngarinta sira tan angsung | bêcik sun buwang kewala | padha rêbutên dèn aglis ||

11. sapa ingkang dhingin nyandhak | pêsthi iku kang duwe cupu manik | sang pandhita wusnya muwus | cupu sigra binuwang | mring awiyat cumlorot saingga daru | Radèn Subali Sugriwa | sigra dènira nututi ||

12. Rêtnanjani munggèng wuntat | ngêtutakên saparaning kang rayi | cupu tibane jumêgur | pisah lan tutupira | tibèng jroning pura Ngayogya cinatur |

--- [0] ---

Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 13-24): Citra 1 dari 2
Radèn Subali, Radèn Sugriwa

--- 143 ---

dadya talaga Nirmala | babone tibèng wanadri ||

13. dadya talaga Sumala | Sugriwa lan Subali aningali | cupu manik tibanipun | jumêgur nèng talaga | radèn kalih parêng dènira anjêgur | jroning talaga Sumala | silulup dhasaring warih ||

14. praptèng jro padhang kang toya | lir dharatan nanging rahadèn kalih | samya salin sipatipun | kalih warni wanara | dadya sami pangling ing pandulunipun | Subali osiking driya | iki baya kang angambil ||

15. cupu manik asthagina | ingkang rayi panarkanira sami | iki baya kang anjupuk | cupu kagungan ingwang | ingkang raka mêrpêki sru dènnya muwus | hèh sirèku buron apa | sêsaba sajroning warih ||

16. sira nêmu duwèk ingwang | cupu manik mau tiba nèng ngriki | mara ulungna dèn gupuh | ing mêngko ingsun ganjar | yèn tan awèh pêsthi bilai sirèku | nora wurung sun sêsêmpal [sêsêmpa...]

--- 144 ---

[...l] | Sugriwa asru dènnya ngling ||

17. lah iki buron kaparat | pangucape sumêngit si pênyakit | pêsthi sira kang anjupuk | cupu kagungan ingwang | ulungêna jêr wus katon durjanamu | durung kongsi tinakonan | dhingini narka pribadi ||

18. yèn ora nuli ngulungna | pasthi sira mati ingsun jêjuwing | tarka-tinarka adangu | kalih samya kabranang | sigra Radèn Subali mara anubruk | Sugriwa giwar malumpat | tinut gapyuk anadhahi ||

19. ngadu kasudiraning prang | apan sami prakosanira kalih | gêlut pulêtan apêluk | wal singsal parêng kontal | rame dêdêl-dinêdêl dêkung-dinêkung | kuwêl sru sêndhal-sinêndhal | wus wuru riwuting jurit ||

20. mêtu nêpsuning wanara | parêng mêre swarane gêgirisi | caruk rok cawuk-cinawuk | jambak sêbrak-sinêbrak | udrêg rênggês-rinênggês rênggut-rinênggut | mangruwêg kuku manampyal | putêran untir-inguntir ||

--- 145 ---

21. Sugriwa sor titihi prang | sun dinêdêl kèlês sru kapalipis | kèlês kinakahan kukuh | Subali sru sêsumbar | hèh budia buron banyu kaya munyuk | pêksa sudira wisesa | ngayoni prang lawan mami ||

22. jampêng nora kulak warta | yèn Subali prawira sura sêkti | ing aprang môndra dibya nung | yèn sira arsa gêsang | lah dèn age ulungna kagungan ingsun | cupu manik asthagina | yèn nora wèh sun patèni ||

23. Sugriwa kagyat miyarsa | ing sêsumbarira garjitèng galih | lan mulat sariranipun | salin sipat wanara | mawa wulu-wulu wre wrata ngrêmbuyuk | Sugriwa asru karuna | dhuh kakang ingsun Subali ||

24. dulunên sariranira | nandhang mala cintraka kaya mami | kênèng cobaning dewa gung | sinung rupa wanara | kagyat Radèn Subali miyarsa wuwus | mulat ing sariranira | èstu lamun rupa kapi ||

25. Subali asru karuna | gya rinangkul Sugriwa mêksih nangis [na...]

--- 146 ---

[...ngis] | dhuh dhuh Sugriwa riningsun | liwat papa druhaka | nandhang mala cintraka sira lan ingsun | kênèng dêdukaning dewa | marga saking cupu manik ||

26. payo seba kangjêng rama | anênuwun pangapurane yayi | yèn rinuwat pêsthi larut | cintraka kawreyanta | ingkang rayi anut ing rakanira wus | mêntas saking jro talaga | wau ta Rêtna Anjani ||

27. duk kang rayi ambyur samya | nèng talaga prapta kèndêl ngêntosi | nèng têpining bèji dangu | sarwi rêraup toya | dadya namung asta lan wadananipun | kang salin rupa wanara | wau ta wêdalirèki ||

28. kang rayi saking jro toya | Rêtnanjani kagyat dènnya ningali | ajrih saksana lumayu | kang rayi sru karuna | anututi dhuh kangbok sadulur ingsun | sampun jrih kula arinta | Sugriwa lawan Subali ||

29. salin rupa lir wanara | margi saking toya bèji puniki | lah kangbok usapên gupuh | asta wadananira

--- 147 ---

salin rupa kadi waune rêraup | Rêtna Anjani miyarsa | ngusap wadananirèki ||

30. lawan mulat astanira | mawa wulu anjrit Rêtna Anjani | niba ing siti tan emut | kang rayi kalih sigra | anungkêmi dhuh kangbok sampun anglampus | mupusa karsaning dewa | wong anom darma nglakoni ||

21. Sinom

1. suwawi sowan jêng rama | nênuwun apura sami | supayane rinuwata | mantuka lir wingi nguni | sang rêtna duk miyarsi | èngêt kang rayi rinangkul | asru dènnya karuna | kayaparan yayi kalih | solah ingsun awèta rupa wanara ||

2. tan dêrman angur matia | urip druhaka nèng bumi | kang rayi kalih turira | sampun age ngèsthi pati | suwawi mantuk dhingin | nênuwun apuranipun | rinuwata jêng rama | tinangisan bokmanawi | wontên sihe putra samya salah rupa ||

3. sang dyah anut ing arinya | saksana sami lumaris | prapta ngarsane kang rama | katri samya anungkêmi | ing pada

--- 148 ---

sarwi nangis | matur mula bukanipun | nalika salah rupa | marga dènira nututi | cupu manik ambyur sajroning talaga ||

4. Rêtnanjani sambatira | dhuh rama ruwatên aglis | mala cintraka kawula | yèn tan arsa wlas ing siwi | lêhêng pêjaha sami | jêng ibu wus tanpa dunung | pêputra salah rupa | punapa dosane sami | sang pandhita mèsêm alon angandika ||

5. lah ta wis padha mênênga | aja na sira anangis | mupusa karsaning dewa | sakèhing lêlakon iki | darma bae nglakoni | sira kalawan ibumu | balik padha lungaa | dèn bangêt amati ragi | marang Sunyapringga mintaa nugraha ||

6. pan ing kono marganira | antuk sihing bathara di | rinatu bala wanara | ana yaksendra ing benjing | Kiskêndha sura sêkti | Maesasura ranipun | satruning Batharendra | sirnane dening sirèki | lawan besuk Bathara Wisnu manjanma ||

7. marang nagara Ngayodya | angadoni jayèng jurit | munah praja [pra...]

--- 149 ---

[...ja] ing Ngalêngka | ing besuk sira kang dadi | sarananing prang pêsthi | kinadang kinondhang tuhu | marang Wisnu Bathara | maharja ring bumi-bumi | pan ing kono ruwating cintrakanira ||

8. pira-pira putraningwang | kinalulut Wisnumurti | sasat sakêthi nugraha | hèh sutaningsun Subali | tapaa ngalong benjing | yèn wus sasukanirèku | Sugriwa angidanga | hèh sira nini Anjani | iya nuta marang karo arinira ||

9. besuk tapaa nyanthoka | anèng satêpining warih | poma-poma putraningwang | dèn bangêt karo sira mrih | kaprawiraning jurit | karana bot pakaryamu | dadi srayaning dewa | sandika kang putra katri | tan lênggana sakarsane ingkang rama ||

10. sarêng dènira wotsêkar | lajêng lampahira sami | ing marga datan winarna | cinêndhak pan sampun prapti | ing Sunyapringga katri | ngèstokkên wêwêlingipun | Sugriwa tapa ngidang | dene ta Radèn Subali | tapa ngalong

--- 150 ---

gumandhul witing mandira ||

11. pucak wukir Sunyapringga | wontên gurda gêng nglangkungi | ing kono gonira tapa | gumandhul panging kang nginggil | dene Rêtna Anjani | nyanthoka ing tapanipun | nèng talaga Madirda | matimpuh têpining warih | nora mangan yèn nora ana kaleyang ||

12. kang tumibèng pangkonira | lawan nora nginum warih | yèn nora ana bun ingkang | tètès ing lathi pribadi | kunêng datan winarni | katri Sang Gotamasunu | kang samya mati raga | gantya kang winuwus malih | kang martapa anèng ing wukir Gohkarna ||

13. katri Sang Wisrawa putra | Rawana ingkang winarni | sèkêt taun tapanira | etung sirahe kinardi | sirahe kang sawiji | tinapanan limang taun | dadya sirah sadasa | sèkêt taun ambênêri | praptanira ing taune sèkêt warsa ||

14. tinarima tapanira | Bathara Guru nêdhaki | kêthèn kang para jawata | ingkang samya ngiring-iring | mêlêk kang riris wangi | sampun [sa...]

--- 151 ---

[...mpun] prapta nginggilipun | tapa Sang Dasamuka | jawata anguwuh sami | Dasamuka dinangu Hyang Jagad Nata ||

15. apa ingkang sira sêdya | atapa ing sèkêt warsi | kapati amati raga | timbalane Hyang Pramèsthi | Dasamuka nauri | sokur bage sang aulun | padane Sang Winênang | nêdhaki ing karya mami | dhuh pukulun nugrahanên tur kawula ||

16. tuluse ing kawijayan | ngungkulana wong sabumi | manusa diyu rêksasa | kabèh saluhuring bumi | sangisoring wiyati | sampun wontên kadi ulun | nadyan para jawata | isining suralayèki | samya jriha aywa nôngga yudaningwang ||

17. kabèh kang para jawata | kasora prang lawan mami | kumêla mulat maringwang | bêsmia satru sabumi | sakarêp-karêp mami | ingugunga Sang Hyang Guru | miwah ing tiwikrama | rupa-rupa kang ngebati | sawusira têlas ture Dasamuka ||

18. winèstu Hyang Jagad Nata | umung jawata [ja...]

--- 152 ---

[...wata] nêksèni | kabèh ing panêdhanira | Bathara Guru nuruti | dènnya mantêp ing kapti | atêtapa sèkêt taun | Sang Hyang Guru wus bubar | suka Dasamuka mulih | praptèng Nglêngka jujug panggih ibunira ||

19. ngungun sedane kang rama | sigra marêg marang kaki | minta umadêga nata | Prabu Sumali nuruti | marang kang wayah dening | wruh yèn wus antuk pinunjul | katrima tapanira | Bathara Guru nêdhaki | nugrahani sabarang panjalukira ||

20. ngungkuli para jawata | kaprawiraning ajurit | yaksendra sampun bagawan | pasrah karatonirèki | kang wayah madêg aji | Ngalêngka sinêksi sampun | dening para pandhita | jawata samya ngèstrèni | ing adêge Sang Aprabu Dasamuka ||

21. mêngku nagari Ngalêngka | sumilih kratoning kaki | kêrig sagung buta apa | buta wiku kaki-kaki | kang samya tapèng wukir | kundhala kêkalung waluh | prapta nagri Ngalêngka [Nga...]

--- 153 ---

[...lêngka] | ngèstokkên karatonnèki | Dasamuka prabu parusa wasesa ||

22. suyut sakulagotranya | Arya Prahastha matihi | sagunging para sêntana | punggawa ditya samya sih | tuwin wil para mantri | Ngalêngka tan kêna ngetung | lan bupati ngamônca | sadaya prakoswèng jurit | bupatine Rawana Prabu Ngalêngka ||

23. sadaya prasamya suka | marang ratune ing mangkin | bau rongpuluh prakoswa | sirah sadasa ngajrihi | rêngrêng pêtêng nityandik | gumriyêng sêrêng asêrung | kêras rowa birawa | prabane angapraboni | mênggêp mungguh ngratoni bala Ngalêngka ||

24. kasup kasusra ing jagad | tanpa sisihaning bumi | makêtêr saisining rat | tumon prabawa narpati | sagunging pra dipati | kang sêpuh sinulih sampun | suta kadang kinarya | pinilih ingkang prayogi | kunêng wau kang mêksih kèri nèng arga ||

25. katrima panêdhanira | Kumbakarna dèn turuni | dening Sang Hyang Girinata [Giri...]

--- 154 ---

[...nata] | sinung nugraha nglangkungi | sarta dèn sêmbadani | lan gênge sariranipun | miwah swaraning pêtak | lir surya netrane kalih | yèn amandêng panas pan kadya baskara ||

26. angasorêna ing dewa | kaluwihaning ajurit | kabèh sampun sinêmbadan | pinaryoga badannèki | pan ta prasasat wukir | tan ana timbanganipun | suka Sang Kumbakarna | wus antuk nugraha jati | Kumbakarna ulihe angguladrawa ||

22. Dhandhanggula

1. kawuwusa putra kang wuragil | milya mamrih nugrahèng Gohkarna | Wibisana sapraptane | Gohkarna wukir agung | lami dènnya amangun tèki | lare mangko diwasa | nèng Gohkarna gunung | têdhak Hyang Jagad Pratingkah | gumêr dewa kang samya angiring-iring | prapta gyan Wibisana ||

2. pan gumuruh ngudankên wêwangi | dewa dhawuhakên pangandika | Sang Hyang Guru pandangune | dènnya dahat mangun kung | Wibisana matur ngastuti | pukulun ing panêdha | yogyane [yogya...]

--- 155 ---

[...ne] sang ulun | tan aminta paran-paran | mung wontêna kanugrahan manungsa di | sampun kadi pun kakang ||

3. lan sagêda budi maharjani | mêmanisi tyasing sabuwana | kenginga karya ecane | amêdhar ing tyas punggung | myang rumêksèng sagung dumadi | singgahna tyas sikara | ing samèng tumuwuh | rahayuning sabuwana | gêr gumuruh dewa sami angurmati | suka-suka sadaya ||

4. Bathara Guru marwatèng galih | amiyarsa ing panêdhanira | Gunawan Wibisanane | jawata suka ngrungu | ing paminta kamulyèng bumi | enaking sabuwana | manising kang têmbung | bumi yuwana kaarjan | arjaning kang titahing jawata sami | padha-padha ayua ||

5. gumuruh kang ngudankên wêwangi | anglêlètèr santi jaya-jaya | ayu-ayu rahayune | musthikaning praja gung | ing Ngalêngka manik linêwih | sêsotya tanpa una | tumeja ngênguwung | arum-aruming candhana | ing masthika sotya-sumotya tyas êning | wirotamèng [wirota...]

--- 156 ---

[...mèng] wêweka ||

6. sagung jawata kang luwih-luwih | samya nugrahani sowang-sowang | masiyati dhewe-dhewe | andulu tyas rahayu | sagung rêsi myang Narada di | nêlas pangêpuhira | pamêmulang wahyu | berag kang para jawata | Sang Hyang Guru suka tan kondur tumuli | nganti lumrahing kathah ||

7. lir sasôngka Sang Gunawan Wibi- | sana pinupul teja wangkawa | dènnya mamuja gunane | sarwa-sarwi sumawur | amrik ingkang noraga manis | suka sagung tumingal | tan kewran ing têmbung | dènnya gung suka kandhapan | tan suminggah tan kagyat ingèsi-èsi | tyasnya masthika maya ||

8. myang dibyane kaprawiran jurit | sinami lan kadange kalihnya | mung sineje wêwatêke | Wibisana sêdya yu | tan mikir ing kadhustan têbih | mrih ayuning kanang rat | wirutamèng kewuh | wusnya pangudanging dewa | bathara gung kondur tumamèng wiyati | mantuk Sang Wibisana ||

9. jujug marang ibunya

--- 157 ---

ngabêkti | tinangisan langkung ngungunira | dene kang rama sedane | laju mring eyangipun | ing gèn Sang Bagawan Sumali | nêmbah nungkêmi pada | kang wayah rinangkul | langkung sukaning wardaya | de kang wayah wus antuk nugraha jati | winèstu ing jawata ||

10. dènira mrih rumêksèng dewadi | angecani tyasing sabuwana | pae lan kaka kalihe | kang wayah gya tinundhung | mring jro pura ngabêkti maring | kaka Sang Dasamuka | Wibisana gupuh | lumaksana mring jro pura | panggih lawan kaka Sang Dasamuka Ji | nêmbah mangraup pada ||

11. langkung suka sang yaksa narpati | dene ingkang rayi kalihira | sumbaga dibya kasêktèn | antuk sihing Hyang Guru | Kumbakarna lidhahirèki | dewa tanpa wilangan | swaranira sinung | anrus ing bumi kasapta | pitung wiyat kadya brêbêgên miyarsi | ing swara Kumbakarna ||

12. para jawata angungun sami | ajrih malangi Hyang Girinata | dènnya ngathahi kasêktèn | marang [ma...]

--- 158 ---

[...rang] Kumbakarnèku | dening awak wus pindha wukir | netrane lir baskara | têngange dinulu | swara kadi gêlap sasra | iya sapa kuwasa nadhahi jurit | dewa tan bisa mulat ||

13. kumêlingkus kaplêngên prasami | yèn miyarsa ing papêtakira | lir gêlap sèwu jumêbrèt | marga Bathara Guru | anuruti de wus kinardi | beda samaning ditya | miwah kadangipun | nglairakên kuwasanya | Sang Hyang Guru akarya agêng nglangkungi | lawan isining jagad ||

14. sasat bathara panglêbur bumi | Kumbakarna mèru angganira | yèn budia jagad kabèh | kadya gêmpur ginilut | kunêng sining praja winarni | rarêngganing jro pura | kadya sawarga gung | têtêp tan na kuciwa[4] | sêsotya mas kumala nila widuri | kabèh rêngganing pura ||

15. wontên pêpulo êmas sawukir | kinarikil ing sotya mutyara | jumêrut nila widure | botrawi mas sumunu | sêsêgaran alune dadi | kinubêng ing bata mas | alun [a...]

--- 159 ---

[...lun] gêng ngênguwung | sadaya samya kêncana | sarwa rêtna datan ana liya rukmi | lawan sotya-sinotya ||

16. tumpêg dunya sajagad puniki | dadya busanèng jro purèng Lêngka | tangèh wuwusên asrine | dene ta arinipun | samya angêdhaton pribadi | Sang Arya Kumbakarna | kadhatone kidul | saking kadhatoning kaka | Sang Gunawan Wibisana puranèki | salèr puraning kaka ||

17. samya srine kadhatone katri | puranira Arya Wibisana | lan Arya Kumbakarnane | lan Dasamuka Prabu | katri pisan aran jro puri | ing pura madyèng Lêngka | ênggène kang sêpuh | kang rinaja Dasamuka | ing pura duksina ênggène kang rayi | Sang Arya Kumbakarna ||

18. pura utara ingka[5] ngênggèni | Wibisana sampun sinung bala | ing raka ari kalihe | miwah punggawanipun | ditya mantri wus dèn paringi | mèh sami wibawanya | lan raka sang prabu | miwah srining puranira |

--- 160 ---

datan pae lan puranira kaka ji | sajagad tanpa sama ||

19. amung sawarga ingkang nimbangi | kadhatonira Bathara Endra | miwah ta gèn kadhatone | Sang Hyang Bathara Guru | mung punika ingkang nimbangi | yèn ing manungsa pada | para ratu-ratu | tan ana mirip Ngalêngka | mung purastha giri loka kang nimbangi | pura Sang Dasamuka ||

20. kucêm mingkus saisining bumi | tumon prabawane sang yaksendra | Rawana krura ambêke | yèn ana para ratu | kang tan nungkul sigra ginitik | tumpês sasat karoban | ing sagara gunung | jinarahan binoyongan | duk samana Dasamuka angidêri | wêwêngkon prajanira ||

21. tanpa wadya mahawan wiyati | anon pucak wukir Sunyapringga | rinubung kilat thathite | teja wangkawa nawung | kuwung-kuwung kadya ngawêngi | sapucaking aldaka | liwêran andaru | ing kono tatkalanira | wre Subali sinung wahyu bathara di | ajine pôncasona ||

22. Dasamuka niyup marêpêki [marêpê...]

--- [0] ---

Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 13-24): Citra 2 dari 2
Prabu Dasamuka, Radèn Subali

--- 161 ---

[...ki] | praptaning gèn Subali duk lagya | luwar saking ing tapane | lunggyèng sela pitêkur | Dasamuka asru dènnya ngling | dene iki wanara | kang tapa anyingkruk | rinubung thathit liwêran | hèh wre apa sêdyanira anèng bumi | dene kapati tapa ||

23. Dyan Subali alon anauri | hèh rêksasa têka pindho karya | apa ta ana bedane | titahing jawata gung | kabèh iki isining bumi | manungsa lan wanara | rêksasa lan diyu | ingkang padha ulah tapa | sayêktine amrih luwiha nèng bumi | durmane ing ayuda ||

23. Durma

1. duk miyarsa krodha Prabu Dasamuka | dènira wre Subali | sêdya ngluwihana | lawan isining jagad | nudingi asru dènnya ngling | kagila-gila | si monyèt ingkang pinrih ||

2. dene kudu lumuhur dhewe nèng jagad | kaprawiraning jurit | kêthèn angêlathak | kumêthak tharuthukan | tan wruh kanisthanirèki | hèh

--- 162 ---

wre wruhanta | buminata sun iki ||

3. ing Ngalêngka yekang kasumbagèng jagad | môndra prakosa sêkti | wis munyuk wukêna | sêdyamu tanpa karya | kyating rat tan ana kalih | amung Rawana | punjul dhewe nèng bumi ||

4. diyu ditya manungsa sanadyan dewa | nora kêna nimbangi | guna kuring aprang | mêngko monyèt ngalunyat | pêksa lumuwih nèng bumi | lah kalahêna | wukku ring aprang dhingin ||

5. duk miyarsa Subali madêg krodhanya | sugal dènnya nauri | hah apa lingira | dene kabina-bina | ambêgmu anglêluwihi | dhasmu tan kaprah | buta gêdhêging bumi ||

6. sining jagad apa sira dhewe ingkang | sinèrèn guna sêkti | buta palawija | migêna wong atapa | yèn sira kudu ajurit | lah têkakêna | budimu sun kêmbari ||

7. krodha Prabu Rawana narik candrasa | pinrang luput ngoncati | Subali malumpat | bêdhol wit gorarupa | pinutêr saingga giri |

--- 163 ---

Sri Dasamuka | pinupuh angoncati ||

8. giwar tinut Rawana manawat kunta | gumadhug tan ngênèni | kunta swuh nèng jaja | Subali mangsah dhêndha | Rawana nguncati malih | nyandhak trisula | krodhanira tan sipi ||

9. nglêpasakên trisula tinundha-tundha | sungsun-sungsun nibani | nèng jaja swuh sirna | brastha datan tumama | Subali mangsah anggitik | Rawana indha | mêsat malumpat têbih ||

10. nyandhak kang hru bujôngga pasa pinuja | pinusthi sigra mijil | naga gêng makrura | mangang mêkar mukanya | ngakak swarane ngajrihi | siyung makilat | Subali datan gingsir ||

11. duk sinaut têpung kabèh lambungira | ngringkus astane kalih | pinungut pinolah | Subali datan obah | adangu ngêtog budining | naga kruranya | Rawana sukèng galih ||

12. cipta nora wurung Subali patinya | yèn naga wus anggodhi | nadyan tan pasaha | pasthi pêpês balungnya | Subali krodha mrih budi | kirap sarira | mêngkang [mêng...]

--- 164 ---

[...kang] astane kalih ||

13. ingkang bêbêt sarira dinuwa rantas | rinontog rontang-ranting | siyunge pinokah | tutuk sinuwèk suwak | Dasamuka duk ningali | sirnaning naga | ngunguning tyas tan sipi ||

14. dene kang hru taksaka luwih bêbaya | mangkya marang Subali | naga tanpa karya | patine tan rêkasa | Rawana mangkrak krura ngrik | masinga nabda | swaranira ngajrihi ||

15. pangrikira Rawana mêtokkên guna | mangap tutuknya mijil | ditya patang yuta | wêtune nut ing swara | kumrusuk sindhung barêngi | lesus rêksasa | neka warna ngajrihi ||

16. ditya kêthip akêthèn pêtha pêpanthan | gênge sabayi-bayi | nanging rupa ditya | ampuh panautira | arêngês rèngès gumriwis | sawênèh ditya | gêmbung kewala mijil ||

17. ana sirah kewala datanpa tênggak | pukang-pukang myang sikil | kang bau kewala | pèk-èpèk têlapakan | akèh warnaning rasêksi [rasê...]

--- 165 ---

[...ksi] | wuri sangsaya | gêng-agêng ingkang mijil ||

18. gora-godha samya ngundha-undha dhêndha | galak parêng dènnya ngrik | gumuruh gurnita | ditya kang neka warna | ing ngarsa rèngès kaèksi | mara kumêrab | gumriwis gêgirisi ||

19. saking wuri saking ngarsa kering kanan | ambyuk parêng ngêbyuki | Subali sangsaya | berag sudiraning prang | wuwuh gêng myang panjangnèki | mêre ibêkan | galak solahing jurit ||

20. tangan suku mamolah mêmati ditya | buntute mobat-mabit | anyabêt ambabat | nêkuk-nêkuk anêkak | amuntêl muwêl bundhêli | anyêndhal-nyêndhal | nêkung dêkung ambanting ||

21. têtumpêsan wil neka prabawa sirna | sinampar-sampar rujit | rênyuh lir rinanjap | kang kasampe swuh rantas | ditya gêng pêksa gagahi | agah-agahan | malu-malu mapiling ||

22. wênèh dhêndha angunta cakra candrasa | Subali datan busik | sumêbut malumpat [ma...]

--- 166 ---

[...lumpat] | ngambil palu-palu tal | wangsul mangsah krura mamrih | ditya saharsa | mangrêbut mangêmbuli ||

23. pinapag ing palu tal kèh kaparampal | kanan kering binabit | kabarubuh rêbah | kambah dadi jarambah | ing ngarsa pinapas tapis | tumpês syuh sirna | wuri lumayu giris ||

24. ditya bajang binabujung salang-tunjang | tinunjang gêmbung kanji | sirah kèh kaparah | pèk-èpèk kapok gepak | pukang pincangan malêncing | Sri Dasamuka | gèdhèg-gèdhèg ningali ||

15. sirnaning kang wil prabawa tan abisa | dènira wre Subali | sakêthi tan nyana | Subali ing ayuda | kalamun bôndakalani | dene duk lagya | tapa akuru aking ||

16. mangkya wuwuh panjang lan wuwuh gêngira | kuwat anglêliwati | arowa birawa | kêbat tangkêp arikat | tarampil kêsit lir thathit | têguh wêntala | binuta pirang kêthi ||

17. ing ayuda wil prabawa pira-pira | malu-malu mapiling | andhêndha [a...]

--- 167 ---

[...ndhêndha] badhama | nora môntra rinasa | yèn amalês bêbayani | ditya saarga | ukur dinumuk mati ||

18. dadya krodha sarosa Sri Dasamuka | de sêkti tanpa dadi | nyandhak limpungira | duk lagyarsa lumêpas | kasusu praptanirèki | Subali ngancap | Dasamuka nadhahi ||

19. gapyuk cêngkah-cinêngkah pokah-pinokah | kukuh masilih ungkih | sru sêndhal-sinêndhal | putêran liru papan | prêp-pinrêp untir-inguntir | sêbrak-sinêbrak | kuwêl banting-binanting ||

20. kuwatira kalih kinumpulkên ngasta | tog-togan ngêtog sami | kasudiraning prang | yèn wal kasingsal kontal | kalihe tiba kabanting | wangsul sarosa | tutug gitik-ginitik ||

21. têmpuh palu-palu tal papag-pinapag | tikêl kalihe ngambil | galinggang gêng panjang | pinutêr parêng tandang | jangkah-jinangkah prasami | ujung andhêndha | kobèt babit-binabit ||

22. lir binabat wrêksa sol kasawo [kasa...]

--- 168 ---

[...wo] ing prang | barusah bosah-basih | rug rêbah balasah | sato kadya ginusah | kabarasat samya ngungsi | usrêk busêkan | ngungsi ing jurang têrbis ||

23. sagung ingkang maharsi para pandhita | kang sami tapèng wukir | kambah ramening prang | ngungsi kadhungsang-dhungsang | makêtêr kumêtêr ajrih | tumon ing tingkah | solah bawaning jurit ||

24. wre Subali lawan Prabu Dasamuka | karyorêging wanadri | luwih prakosanya | ing tandhing tan kuciwa | kalih trahing wiku luwih | kaluwihannya | ing tapa tutug sami ||

25. prabawa sru bêgor gurnitèng ampuhan | orêg lindhu kang bumi | kombak ngambak-ambak | gonjing gênjot ing arga | duk sêdhênge rukêt kalih | ing prang sangsaya | minggah rukêt ing ardi ||

26. sela-sela sumyur malêthok kadhupak | bêntar rug graning wukir | Prabu Dasamuka | soring prang singsal kontal | kantêp tibane kabanting | nyandhak nanggala | pamungkasing ajurit ||

--- 169 ---

27. angsalira nalika tapèng Gohkarna | pangruwat guna sêkti | linêpaskên sigra | Subali tênggakira | kaparah siraherèki | tibèng bantala | pôncasonane dadi ||

28. sirahira têbih tibane kaplêsat | wangsul mring tênggak malih | daging otot ingkang | pêgat kulit myang tulang | tungtum sakala wus pulih | Sri Dasamuka | ngunguning tyas tan sipi ||

29. jêtung dening Subali sirah wus pêgat | tibèng bantala pulih | tangi sigra ngancap | Dasamuka sinawat | galinggang gêng saturanggi | sumaput rêbah | tangi mungkur ing jurit ||

24. Pangkur

1. krodha mangun triwikrama | Dasamuka wikrama sariragni | mêkar muka Mahamèru | sarta mêtu dahana | mulat-mulat mêngkab baune rongatus | samya ngundha-undha dhêndha | badhama lugora gandhi ||

2. mêsat ngayuh jumantara | lir parbata mangkat kang wukir agni | andadra rodra kumêbul | agni saking sarira | nguwuh-uwuh swaranira kadya guntur | pan [pa...]

--- 170 ---

[...n] kadya Bathara Kala | duk krodharsa badhog bumi ||

3. akon prayitna ngayuda | hèh hèh kodhik kênastan wurung bêsmi | liyatên kadibyaningsun | sapa kang bisa nulak | wukku ring prang wusnya sêsumbar sang prabu | Rawana kirap sarira | dahana ambyuk ngêbruki ||

4. nanging Subali tan kêna | angganira parêg panasing agni | dening lesus lir pinusus | mêsês saking sarira | sumyur mawur dahana ambyur sumêmbur | lir sinêbar bubar-bubar | katêmpuh drêsing kang angin ||

5. Subali sumusul mêsat | mring gêgana umrês prahara gumrit | gèdhèg Dasamuka dulu | gugup anyandhak kunta | apan sami pusaka saking Hyang Guru | prapta Subali pinapag | ing kunta lambunge kêni ||

6. tugêl bêt tibèng bantala | tan adangu pôncasonane dadi | daging otot balung tungtum | kang pêgat pulih samya | dêdêl malih mêsat ing gêgana ngayuh | sêdhih Prabu Dasamuka | sinusul mêsat ngoncati ||

7. butêng liwung krodhanira |

--- 171 ---

malang-megung jungkêl jungkir angêrik | andarpalun solahipun | dènnya mêtokkên guna | wukir sela saking tutuknya gumludhug | miwah kang saking sarira | kêkirap sumawur mijil ||

8. nanggala parasu kunta | gada bindi dhêndha badhama gandhi | musala palu myang limpung | sêrsêk cakra candrasa | mawur sela ulêkan anawon kambu | kèbêkan ing dirgantara | kèhning kang prabawa mijil ||

9. gumlêdhêg dhêdhêg tan kêndhat | wukir sela lir ladhu lagya mili | saking tutuk saking irung | dubur miwah talingan | mêtu sela Subali balik kabêntur | kontal tumibèng bantala | kurugan ing watu wukir ||

10. lyaning sela-sela ingkang | anibani nanggala palu piling | musala lori myang limpung | dhêndha gandhi badhama | kunta cakra candrasa saingga jawuh | ngurugi sariranira | nanging tan angrasa sakit ||

11. Rawana girang sêsumbar | hèh iki Subali sidamu mati | munyuk bênyunyak-bênyunyuk | monyèt liwat ngalunyat | tuwa buru [bu...]

--- 172 ---

[...ru] baribin saka babruwun | alasan datanpa dhôngka | kêthèk nistha dama nistip ||

12. pêksa luwih anèng jagad | nadyan silih duwe nyawa sakêthi | nora wurung dadi bubuk | kurugan wukir sela | lah ing ngêndi angungsèkakên nyawamu | sun anti mamêtokêna | kasudiran sura sêkti ||

13. krodhambêg sarira mêkar | Dyan Subali wimbuh wikrama wêrdi | angganira jlêg sagunung | kalawan Dasamuka | undha-usuk gênge tiwikramanipun | mung kaot sarira wantah | Dasamuka sariragni ||

14. krura mêre rèh ibêkan | swaranira yayah nêngkêr wiyati | mêsat ing gêgana ngayuh | umrês kang bayu bajra | sindhung-riwut prakêmpa rèh guntur kêtuk | kumlapte[6] kang lar saengga | têtuwuhan taru wukir ||

15. ngungun Prabu Dasamuka | de Subali wimbuh wikrama wêrdi | angganira gêng sagunung | sigra musthi limpungnya | nênggih sami pusaka saking Hyang Guru | Subali prapta sinawat | ing limpung lambunge kêni ||

16. tugêl bêt [bê...]

--- 173 ---

[...t] tibèng bantala | tan adangu pôncasonane dadi | daging otot balung tungtum | pulih sigra umêsat | Dasamuka èbêk tyas sira andulu | dene datan kênèng pêjah | kaku tyase têmah nangis ||

17. Subali asru sêsumbar | hèh rêbutên ing aprang iya iki | Subali ing prang dibya nung | lah payo Dasamuka | ing ayuda mênèk cuwa kurang tutug | wasisan sira nyambata | bathara panglêbur bumi ||

18. konên mrih ing patiningwang | diyu ditya rêksasa myang rasêksi | sajagad kêrigên gupuh | papagna wukku ring prang | Dasamuka miyarsa maras tyasipun | nanging wirang ngoncatana | nêmah matiyèng ajurit ||

19. tinadhahan parêng tandang | gapyuk rukêt caruk rok silih-ungkih | okol pulêtan apêluk | Dasamuka astanya | namung satus kang lumawan gêlutipun | kang satus ngrênggêp gêgaman | mamrêp mêmalu mapiling ||

20. andhêndha miwah badhama | Sang Subali wakira tos lir wêsi [wê...]

--- 174 ---

[...si] | pinukul ing kayu gapuk | nora môntra karasa | myang dahana saking tutuknya sumêmbur | nampêki ing urubira | nanging Subali tan kêni ||

21. dening panasing dahana | wulunira salêmbar nora rêmpit | mangkana kang aprang dangu | rukêt anèng awiyat | samya wuru supe kalihira runtuh | tibèng bantala wal singsal | parêng mêsat ing wiyati ||

22. kadya kang parbata tukar | rêbut dhuwur dêdêl gantya ngungkuli | sambêran kêpruk-kinêpruk | gantya tibèng bantala | nêlasakên solah gêlaring prang pupuh | lamun sayah nèng gêgana | nèng dharatan rame jurit ||

23. nèng wana miwah nèng arga | ngambil palu kalih gitik-ginitik | tog-toganing prang tinutug | kalih prakosanira | sirna gêmpang wrêksèng wana nulya caruk | rok rukêt anèng gêgana | maras dewa samya ngili ||

24. ing swarga gêng gèn Hyang Endra | ingkang aprang dêdêl sangsaya inggil | ing Kaendran mèh kasundhul |

--- 175 ---

gègèr dewa busêkan | gugup ngungsi ing swarga gêng gèn Hyang Guru | apsari mawur sasaran | tanbuh parane dèn ungsi ||

25. mar gumêtêr sru kumêras | de swarga gêng gênjot kadya ginonjing | prabawa ramening pupuh | salami dèrèng mulat | solahing prang Subali lan yaksa prabu | yayah manglêbura jagad | tuhu yèn ngebat-ebati ||

26. dewa nguwuh-uwuh samya | akèn nêbih ngudankên wangi-wangi | lumrang sung gônda sumawur | nglêlilih tyasing aprang | ayya kongsi karya rusaking swarga gung | wau Prabu Dasamuka | prangira lawan Subali ||

27. ngêsah susah langkung sayah | de Subali kuwat anglêliwati | mèh kêdhik kêna dinêkung | sigra narik candrasa | lirap-lirap laraping candrasa sirung | kadya surating raditya | candrasa pamungkas luwih ||

28. Subali pinrang candrasa | angganira sigar byak wus kapalih | tumibèng siti gumêbruk | lir ruging kang parbata | tan adangu dadi pôncasonanipun |

--- 176 ---

balung ototira ingkang | pêdhot tungtum sampun pulih ||

29. krura mêrèrèh ibêkan | swaranira yayah nêngkêr wiyati | mêsat ing gêgana ngayuh | Sang Prabu Dasamuka | angoncati susah tyas sira wulangun | nyipta yèn wus kasor ing prang | mungsuh datan kênèng pati ||

30. ciptaning tyas kayaparan | marganingsun lamun mênanga jurit | mungsuh nora kênèng lampus | angur baya nututa | yèn budia ing ngêndi pangungsèn ingsun | pêsthi kacandhak kewala | sapa kuwasa ngukuhi ||

31. bêcik sun nutut ngawula | bokmanawa besuk ngalami-lami | kêna sun prih ajinipun | ingkang tan kênèng pêjah | dadya kêmba Rawana ing ibêripun | tinut ing saparanira | gumêbrug niba ing siti ||

32. ilang tiwikramanira | mulih cilik cinandhak mring Subali | tan osik nèng astanipun | Subali sru sêsumbar | hèh budia buta palawija gupuh | sun anti age mêtokna | gunamu yèn ana kari ||

--- 177 ---

33. dene si nora piraa | ambêkira kumlungkung nglêlanangi | sining rat kabèh rinêngkuh | Rawana sru karuna | nêmbah-nêmbah mêlasasih aturipun | dhuh sang ditya apuranta | ulun pasrah pati urip ||

34. praptèng don angèstupada | lamun arsa jumênêng narapati | prajamba Ngalêngka katur | namung sok gêsangana | duk miyarsa Subali angrês tyasipun | dene ratu gung wisesa | mêmêlas minta mêmanis ||

Catatan kaki:

1. Wisnungkara (kembali)
2. Kurang satu suku kata: tanpa dadi dènnya asudyambêg sadu (kembali)
3. Lebih satu suku kata: Rêtnanjani kering sampun (kembali)
4. Kurang satu suku kata: têtêp tan ana kuciwa (kembali)
5. ingkang (kembali)
6. kumlape (kembali)