40. Durma

1. nguwuh-uwuh Subali asru sêsumbar | hèh Sugriwa dèn aglis | mêtua ing jaba | iki Subali prapta | papagên jarmu ngêmasi | êndi rupanya | wre dhustha cidrèng bumi ||

2. dene têka sumanggêm tômpa ganjaran |

--- 274 ---

mêngku rabi absari | babo-babo aja | age suka wibawa | nèng swarga manungku rêsmi | lah icipana | krodhaku ing prang dhingin ||

3. yèn wus mati ing kono sakarêpira | kalamun maksih urip | kaya nora kêna | sira agawe tingkah | doracara rèh tan yukti | êndi rupanya | raupa kang barêsih ||

4. duk miyarsa kagyat Rahadyan Sugriwa | ngunguning tyas tan sipi | asru ngunandika | iki si kakang prapta | sun sidhêp sampyuh ing jurit | dene pelingnya | pratôndha gêtih putih ||

5. paranbaya dadine sariraningwang | sapa kêlar nadhahi | yudane si kakang | yèn wus mêtu budinya | nadyan bathara ditya jrih | wuking ayuda | matia ping sakêthi ||

6. lamun maksiha ajine pôncasona | sayêkti urip malih | yèn ingsun nututa | nênuhun pangaksama | iya yèn laline lilih | eling manawa | ginanjaran absari ||

7. têmah kolu mring kadang mamriha pêjah

--- 275 ---

kaya pa polah mami | yèn nutut asraha | tanpa antêp ing garwa | dêstun mêmirang nèng bumi | angur matia | lan nutut asrah rabi ||

8. pirabara nêmu wasesa ing aprang | ingsun kêlar nadhahi | krodhane si kakang | sawusnya ngunadika | madêg gadgadèng ajurit | Radèn Sugriwa | wus mêdal marang jawi ||

9. sangsaya kèh kapyarsa sêsumbarira | mêmirang mêmiringi | saru-saru sora | mangundhat ngundhamana | Sugriwa sumaput pipit | datan panon rat | liwung idhêpirèki ||

10. ilang kabèh cipta jrihira mring raka | Sugriwa sru mawêrit | riwut nalanira | dening pangucapira | Subali anglêliwati | mangsah bêg pêjah | Sugriwa pan saryanjrit ||

11. tinadhahan gapyuk sarêng dènnya tandang | caruk rok rukêt sami | kuwêl wêl-uwêlan | mangruwêg kuku mangkas | gut-gutên gigit-ginigit | janggut tan pêgat | pêpêt pipit-pinipit ||

12. muwêr mawor wuru riwuting ayuda [ayu...]

--- 276 ---

[...da] | têtêr untir-inguntir | kumitir ngitiran | ngupu tarung putêran | sumiyut pipit-pinipit | sêbrak-sinêbrak | sambut sêbit-sinêbit ||

13. nêlasakên karosan myang kasudiran | parêng mre gêgirisi | angkêntang goraya | gègèr absari swarga | kaplêngên swara mêlingi | Bathara Endra | susahing tyas tan sipi ||

14. ngunadika paran ta wusananing prang | dene rupane sami | miwah kuwatira | prakosaning prang padha | yèn suwea dènnya jurit | anèng sawarga | wèh susah pra absari ||

15. pasthi dadi dukane Hyang Jagadnata | Hyang Endra marêpêki | mring kalih kang aprang | asru dènnya ngandika | hèh ta karo kang ajurit | padha mudhuna | nèng marcapada bêcik ||

16. sakarêpmu nèng kana silih prabawa | lan kadangmu pribadi | pranga sèwu warsa | iya sakarêpira | mung ayya prang nèng swarga di | agawe susah | dinukan Hyang Pramèsthi ||

17. tan pinirsa pangandikane Hyang Endra |

--- 277 ---

saking wus wuru sami | kalih wuru ing prang | untir nèng palataran | agulung gantya kaguling | ulêng-ulêngan | mubêng kobêng ngubêngi ||

18. jroning swarga wêwangunan kabèh sirna | pêthetan bosah-basih | barusah balasah | miwah kang kêmbang-kêmbang | ingkang jinêmbangan sami | tumpês swuh sirna | kambah ramening jurit ||

19. gapurane rug rêbah kambah kaparah | mawur kang manik-manik | sêsotya sumêbar | pan kadya udan lintang | absari pating jalêrit | gègèr puyêngan | prasamya kontrang-kantring ||

20. kêtêr ajrih myang Kusuma Dèwi Tara | mulat ramening jurit | tanbuh dèn piliha | dene warnane padha | karuna ngêsah tan sipi | wau kang aprang | Sugriwa sor katitih ||

21. jajanira kinakahan tan bisobah | sayah lêsah tan sipi | Subali sru mojar | iki tinêmunira | wre dhustha cidra ing bumi | sandhangên uga | rasane ing tyas mami ||

22. wus cinandhak Sugriwa dèn ikal-ikal | duk lagyarsa binanting |

--- 278 ---

Sugriwa karuna | dhuh kakang sabarêna | ing mêngko bantingên mami | nadyan matia | sok wusa tutur mami ||

23. sira mau angucap-ucap maringwang | wre dhustha cidrèng bumi | ingsun tan anêdya | agawe tindak cidra | marang kadang mamrih pati | dene lingira | maring sun wanti-wanti ||

24. nalikane sira lumêbèng jro guwa | yèn kali mili gêtih | putih sira pêjah | yèn mili gêtih abang | Si Maesasura mati | iku ilinya | gêtih abang wor putih ||

25. ya mulane guwa sun tutupi sela | pasthi panarka mami | yèn sira sampyuh prang | lan Si Maesasura | dene ta rupaning gêtih | dadu kang mêdal | abang wor lawan putih ||

26. nadyan silih atur ingsun mring Hyang Endra | pasaja tan kêkêlir | yèn sira sampyuh prang | lan Si Maesasura | nora pisan awak mami | lamun ngakua | ing aprang antuk kardi ||

27. nanging kudu-kudu ganjaran Hyang Endra | pinaringkên ing mami | dene

--- 279 ---

mêngko sira | kakang nora palastra | saking luput tarka mami | môngsa selaka | kokum tumêkèng pati ||

28. sira wajib sadulurku tuwa nyata | nguntapna pati mami | lah wis dèn aenggal | bantingên raganingwang | Subali duk amiyarsi | linge Sugriwa | tyas sira lir jinait ||

29. èngêt kadya sinapon ing krodhanira | sinèlèhkên kang rayi | rinangkul saksana | Subali sru karuna | dhuh Sugriwa ari mami | papa cintraka | têmên sira lan mami ||

30. pijêr-pijêr kêna cobaning jawata | dènnya kongsi nêmahi | tukar lawan kadang | durung pinaring luwar | ing kawreyanira yayi | pijêr kinêna | ing coba nyarkarani ||

41. Dhandhanggula

1. payo yayi Sugriwa dèn aglis | seba marang Hyang Bathara Endra | anênuwun apurane | luputira lan ingsun | iya dene kongsi nêmahi | karya rusaking swarga | kalihira sampun | prapta ngarsane Hyang Endra | langkung suka [su...]

--- 280 ---

[...ka] mulat atutira kalih | sarêng mangraup pada ||

2. Dyan Subali umatur wotsari | dhuh pukulun sang maha bathara | yogyanta sru druhakane | papa pataka muput | dene dèrèng linuwar saking | cintaka kawreyamba | bekane binantu | kênèng cobaning bathara | sinung lali prang lan kadang rêbut rabi | kalangkung saking nistha ||

3. kantos karya rusaking swarga di | yèn tan wontên aksamèng bathara | ing yogyanta sayêktine | tanpa doning tumuwuh | wuwuh saking cintraka patik | dene ta datan môntra | èngêting tyas ulun | kalamun kadange tuwa | mirabèkna mring pun Sugriwa wus wajib | têka linawan tukar ||

4. ing mangkyamba sampun sinung eling | ulun suwun mangkya pun Sugriwa | tulusa ing pamomonge | ing putra jêng pukulun | rèhning sampun kalajêng mangkin | kawula sampun lila | kaping kalihipun | kadhaton guwa Kiskêndha | langkung pelag tan pae [pa...]

--- 281 ---

[...e] sining swarga di | punika yèn sêmbada ||

5. pun Sugriwa sagarwanirèki | ngadhatona ing guwa Kiskêndha | owêl kalajêng suwênge | dene amba pukulun | mêksih karêm amangun tèki | wontên ing Sunyapringga | anglampahi tuduh | ing sudarma kinèn brata | yèn ta dèrèng wontên sihing bathara di | ruwating kawreyamba ||

6. kinèn maksih brata mati ragi | pun Sugriwa kewala muktia | pukulun lawan garwane | kawula ingkang sêpuh | anglampahi papanirèki | Hyang Endra duk miyarsa | suka ngandika rum | yèn mangkono karêpira | eling duwe kadang anom luwih bêcik | lêgawa nrusing driya ||

7. ingsun ora kêna cidrèng jangji | nguni putraningsun Dèwi Tara | marang ing sira wajibe | dene mêngko sira wus | lila marang arinirèki | luwih têka utama | hèh Sugriwa gupuh | ngadhatona ing Kiskêndha | sarta lawan pakone kakangirèki | gawanên [gawanê...]

--- 282 ---

[...n] garwanira ||

8. parêkane kabèh aja kari | Radèn Sugriwa matur sandika | Hyang Endra malih dêlinge | lan malih wêkas ingsun | hèh Sugriwa dèn bangêt mamrih | subrata mati raga | aywa sira tungkul | suka wibawèng jro guwa | atelada kakangira Si Subali | dènnya kapati tapa ||

9. wruhanira besuk wuri maksih | ana karsane Hyang Jagadnata | marang sira sayêktine | sinungan pakarya gung | ya mulane dèn bangêt mamrih | kaprawiraning yuda | poma wêkas ingsun | Sugriwa matur sandika | wus mangkana parêng ngaras pada kalih | mundur saking ing ngarsa ||

10. Radèn Subali lampahirèki | laju mantuk marang Sunyapringga | anutugakên tapane | Radèn Sugriwa sampun | saha garwa parêkannèki | mudhun saking Kaendran | marga tan winuwus | lampahira sampun prapta | ing Kiskêndha laju ngadhaton jro puri | Kusuma Dèwi Tara ||

11. langkung

--- 283 ---

suka dene sarwa manggih | pura anèng salêbêting guwa | lawan sawarga tan pae | rêrêngganing kadhatun | pan sarwa mas ingkang kinardi | myang sotya-sinasotya | tan kajog tyasipun | Kusumèng Dyah Dèwi Tara | nèng Kiskêndha lawan duk anèng swarga di | nahan ta ing Kiskêndha ||

12. nagri Ngalêngka gantya winarni | nênggih Sang Aprabu Dasamuka | sampun miyarsa wartane | yèn kalih mitranipun | wre Sugriwa lawan Subali | pinèt sraya Hyang Endra | kinèn munah ripu | yaksendra guwa Kiskêndha | kang minôngka ganjaran tohing ajurit | putrane Batharendra ||

13. Dèwi Tara adining absari | mangkya Sang Aprabu Mesasura | pêjah lan Jathasurane | tumpês sawadyanipun | Subali kang marwasèng jurit | nanging ganjaranira | Subali tan ayun | pura atanapi garwa | têmah tiba marang Sugriwa ing mangkin | wus ngadhaton Kiskêndha ||

14. Dasamuka ngungune tan sipi | duk miyarsa [miyar...]

--- 284 ---

[...sa] warta kang mangkana | kadya ginugah wuyunge | mring kusumaning gunung | Widawati kang lêbu gêni | anuksma patang praja | nguni cêthanipun | Sri Maruta Wiku Raja | dumunung nèng Manggada lan Maèspati | Mantili lan Ngayodya ||

15. Dasamuka sigra angundhangi | marang bala siyaga ngayuda | wil diyu rasêksa kabèh | samêkta ing prang pupuh | miwah sagung para dipati | samêka saha bala | swarane gumuruh | budhal saking ing Ngalêngka | kèhing ditya kadya robing jalanidhi | lubèr ngêlèbi wana ||

16. nagri Ngayodya pinrih ginitik | kang jumênêng Prabu Banaputra | pêkik pinandhitambêge | sumbaga ing prang putus | sugih bala prawirèng jurit | Narpati Banaputra | prakosa dibya nung | lampahe Sri Dasamuka | wus angancik ing jajahan têpis wiring | talatahing Ngayodya ||

17. akêkuwu madyaning wanadri | ambêbahak sagung bala ditya | pradesan [prade...]

--- 285 ---

[...san] kang kambah gègèr | wuyungan era-eru | katur marang sri narapati | duka kang Banaputra | ngundhangi wadya gung | satriya mantri punggawa | asamêkta sakapraboning ajurit | budhal Sri Banaputra ||

18. mapag yudane mungsuh kang prapti | jawi kitha kang mungsuh rasêksa | pinagut ing palagane | ratu munggèng panganjur | ing Kamboja ing Kraldhagami | lawan ing Welaraja | abra wadyanipun | dipôngga rata lan kuda | gandhewa lir kêkuwung awêtu riris | bala sakêthi lêksa ||

19. anglir surya enjing duk umijil | gêbyaring busana neka warna | kumilat ngilat thathite | muntab-muntab sru murub | anglir mega linintang suji | mancur pating paluncar | abra angênguwung | dalêdêg kang wadyabala | kunêng prapta lampahe sagunging baris | aglar ing jawi kitha ||

20. ara-ara têgalnya aradin | Sri Bupati Banaputra sigra | baris tinata gêlare | garudha gêlaripun | ingkang munggèng suwiwi kering | Narapati [Nara...]

--- 286 ---

[...pati] Kamboja | Kraldhagami Prabu | kang munggèng suwiwi kanan | Welaraja kang munggèng patukirèki | Sang Prabu Bimakendra ||

21. munggèng buntut sira narapati | Binggala Sri dibya balanira | lan para satriya kabèh | wau kang lagya rawuh | Sri Rawana sawadyanèki | mulat mungsuh wus aglar | suraknya gumuruh | mangsah kang bala rasêksa | sira Wirupaksa lawan Bajramusthi | Kampana lan Dumrêksa ||

22. ingkang munggèng panganjuring baris | dene pangawate kering sira | Gathodara sabalane | ing kanan sira Wilu- | hitaksa lan Sang Puthadaksi | Marica lan Supyarsa | wus anèng bêbuntut | ing jaja Patih Prahastha | Jambumangli tri murda amor ing patih | munggèng jaja andurma ||

42. Durma

1. sigra mangsah prawiranira Rawana | gumuruh kêndhang bèri | umung kalasôngka | gurnang barung kalawan | salomprèt sasra mêlingi | Wira Dumrêksa | ngabani wadya mamrih ||

--- 287 ---

2. têmpuh tinadhahan mring Natèng Kamboja | gumuruh suraknya tri | rame campuhing prang | Sri Bupati Kamboja | angabani para mantri | wadya Dumrêksa | singa nabda mangungkih ||

3. rame dhêndha-dhinêndha kunta-kinunta | lir udan kang jêmparing | katitih ing aprang | prawira ing Kamboja | Natèng Kamboja ningali | balane rusak | sigra ngayat jêmparing ||

4. bêlêk muntab sanjata mêtu ling-lingan | nêmpuh ditya kèh mati | kagum kang rasêksa | ngêlab barising ditya | ing jaja lajêng tumitih | magut sarosa | Bimakendra nampêki ||

5. ngêmbat laras tumênga Sang Bimakendra | wil kang anèng wiyati | kèh kênèng sanjata | jêmparing kang abayak | lir udan bangke rasêksi | ditya kang aprang | kang margèng awiyati ||

6. Bajramusthi têtulung Wira Dumrêksa | Kampana parêng mamrih | miwah Wirupaksa | mêdhun jok saking wiyat | kunta nèng asta kumitir | puyêng anampak | ngiwa nêngên [nêngê...]

--- 288 ---

[...n] mêmati ||

7. Prabu Welaraja gya mangsah mêmanah | bêlêg mêtu sakêthi | mêngsah wil kèh pêjah | ing panah Welaraja | krura wil kang pra dipati | mangsah katulak | katunjang ing jêmparing ||

8. Natèng Kraldhagami nusuli sanjata | gêdhêg gandhewanya glis | jibêg ing awiyat | samya marwasèng ditya | pating talêbok nèng siti | ditya ngawiyat | akathah kang ngêmasi ||

9. miwah ingkang prang dharat ditya kèh pêjah | Dasamuka ningali | bala mawur kambah | miwah kang pra dipatya | sayah ing ayuda kontit | de para nata | Ngayodya sura sêkti ||

10. kadya kocak samodra wukir lir oyag | gênjot lindhu kang bumi | giris kang rasêksa | dening mungsuh prawira | para ratu sura sêkti | tan antuk ngambah | katulak ing jêmparing ||

11. krodha Prabu Rawana ngawaki yuda | angamuk mobat-mabit | andhêndha anyandhak | ngiwa nêngên andhupak | kèh sura prawira mati | Sang Bimakendra [Bi...]

--- 289 ---

[...makendra] | malumpat angoncati ||

12. ngêmbat laras Sri Bupati Bimakendra | Rawana dèn lêpasi | tugêl jangganira | rah muncar sigra mêsat | Sang Rawana sirahnèki | dadi salêksa | nèng paprangan ngêbêki ||

13. gègèr bala Kamboja lan Welaraja | kuwur prasamya miris | de mungsuh bêbaya | sirah lawaning aprang | ampuh panaute sami | akèh prawira | kanin miwah ngêmasi ||

14. para ratu kang sura prawira tama | mangsah-mangsah kabalik | datan kênèng pêjah | sirah kalis pinanah | yèn malês bôndakalani | lir dumung sarpa | siyung anaut mandi ||

15. Prabu Bimakendra kasambut ing aprang | sinaut angêmasi | dèn byuk sinadasa | sirah-sirahing sirah | kang magut ing para aji | lan Welaraja | Kamboja wus ngêmasi ||

16. Maha Prabu Banaputra duk tumingal | yèn pangawate gusis | glar garudha nglayang | kaga pati wus sirna | ratune kang anindhihi | kasambut ing prang | duka yayah sinipi ||

--- 290 ---

17. mangsah mênthang langkap Prabu Banaputra | Endrastra anglêpasi | rong kêthi kang mêdal | jêmparing tumpa-tumpa | amrawasa mungsuh sêkti | anêmpuh sirah | nanging datan matèni ||

18. sirah-sirah kang samya katiban panah | kumêpruk tibèng siti | sakêdhap kewala | nulya mumbul ngawiyat | wuwuh ilate kang mijil | molèr sadhêpa | marani mungsuh malih ||

19. ana ingkang pêcah katiban sanjata | siji pêsate dadi | sapuluh kang sirah | samya marwasèng mêngsah | sirah nora kênèng pati | malah awêwah | umèb makêthi wuri ||

43. Pangkur

1. sru krodha Sang Banaputra | mulat lamun mastaka nora mati | amênthang bramastranipun | mubal mêtu dahana | pira-pira wukir pawaka gumludhug | dumludhung mawêtu gêlap | angiring wêtuning gêni ||

2. mangsah kang wukir dahana | amarwasa sirah kang magut jurit | popok malêthok katunu | sirna sirah pinangan | ing sanjata wukir dahana

--- 291 ---

wus gêmpur | sagung mastaka prabawa | gêmpang datan ana kari ||

3. tan pêgat saking gêndhewa | gunung gêni tumpês mungsuh kabêsmi | Dasamuka sigra mumbul | sarwi nitih wimana | tan kacandhak wukir dahana ambujung | Rawana amanah barat | gunung pawaka kabalik ||

4. mabyungan bala rêksasa | kagegeran dening sanjata gêni | malêdug danawa diyu | ajrih panah pawaka | Dasamuka mulat langkung dukanipun | nglêpaskên kang barunastra | nèng papan mawêtu riris ||

5. kadya guntur sumarambah | sangsaya drês yekang sanjata warih | dalêdêg mêtu angalun | sirêp panah pawaka | wus kasoran dening kang sanjata banyu | wangsul sagung bala ditya | garêbêg prabune sami ||

6. surak kang bala rasêksa | mulat lamun sirna kang sanjatagni | Prabu Banaputra gupuh | ngêtog kadibyanira | sakathahe prawiranira tumanduk | samya nglêpasi sanjata | neka warna sura sêkti ||

7. nêmpuh

--- 292 ---

ing ditya kèh pêjah | luwih saking sayuta ingkang mati | punggawa diyu kang lampus | nama pun Durgaleka | Griwigêna lan Subônggajala lampus | lan ditya pun Sumanagra | samya andêling ajurit ||

8. sigra Prabu Dasamuka | têdhak saking wimana magut jurit | anyandhak gadanya gupuh | satru prawira rêmak | mungsuh ingkang munggèng rata rêmak-rêmpu | miwah ingkang munggèng gajah | rêmuk wor wangkening èsthi ||

9. sagung bupati satriya | para nata kèh mati dening bindi | gumuling nèng ratanipun | akèh mati kadadak | myang bupati kang mati lan kudanipun | miwah kang wadya-winadya | mawur tanpa sesa ngisis ||

10. timbun wangke pabaratan | dening pamukira sang yêksa aji | lir Bathara Kala nurun | saking ari bawana | krura arsa amangan jagad ginêmpur | mêngsah rêbah kasulayah | gusis miris samya ngisis ||

11. brastha binabad ing gada | anglir sato apês katamèng jurit | duk umiyat [u...]

--- 293 ---

[...miyat] sang aprabu | krodha Sri Banaputra | mênthang langkap Endrastrabanu tumanduk | muntab angêbêki papan | mumbul dahana mèh prapti ||

12. gègèr kang bala rêksasa | kanggêk sagung ingkang wil pra dipati | sigra malih sang aprabu | mênthang sanjata dibya | Dasamuka katarajang tênggakipun | pagas janggane kaparas | wusnya glis tumibèng siti ||

13. mêsat pulih jangganira | sirah kumpul marang badane malih | umangsah marwasèng mungsuh | Sang Prabu Banaputra | sinamoga kombul sarêng sami kombul | Rawana munggèng wimana | candrasanira kumitir ||

14. Sang Aprabu Banaputra | nèng puspaka ngayat gandhewanya glis | lumêpas sanjatanipun | tumamèng jajanira | tan rinasa sumèntêg jajane têguh | Sang Banaputra sinawat | ing samoga tibèng siti ||

15. pêjah lan puspakanira | Sri Bupati Banaputra ngêmasi | gêtêr-patêr dhèdhèt lindhu | sumaput riris kêmbang | obar-abir teja-teja [teja-te...]

--- 294 ---

[...ja] kuwung-kuwung | kilat thathit maliwêran | Dasamuka marêpêki ||

16. mring layon Sri Banaputra | pan sakala wungu sarwi nudingi | angujiwat wuwusipun | hèh Prabu Dasamuka | ingsun marang sira têmbe malês ukum | mêtu saking sanak ingwang | besuk numpês mring sirèki ||

17. tusku kang matèni sira | wusnya mojar Dasamuka nulya glis | marêpêki mèh linimpung | layon musnèng awiyat | sigra Dasamuka lan sawadyanipun | angrampas brana jro pura | ambêbahak bêboyongi ||

18. èstri salêbêting pura | pêpingitan miwah kang para sêlir | sadaya kang ayu-ayu | kinumpulakên samya | nèng ngarsane Prabu Dasamuka dulu | tinitik siji tan ana | memba Rêtna Widawati ||

19. sadaya pantês nyèthia | giyuh ing tyas risang yaksa narpati | dadya lami kèndêlipun | anèng pura Ngayodya | angecani tyas sira wadya lit agung | suka nèng nagri Ngayodya | sinoming praja rêspati ||

--- 295 ---

44. Sinom

1. Sang Aprabu Dasamuka | anggung paparèng wanardi | bêbungah tyasing kang bala | dènnya mêntas jayèng jurit | myang sagung pra dipati | suka lêlangên anutug | anèng nagri Ngayodya | kèh wana wukir rêspati | nahan ingkang lagya mrih sukaning wadya ||

2. gantya ingkang winursita | wontên arining narpati | Banaputra kang wus lena | tan arsa wibawèng nagri | suka martapèng wukir | wus dadya pandhita punjul | nama Rsi Rawatmêja | pandhita taruna pêkik | cinarita Sang Bagawan Rawatmêja ||

3. anggarwa putrining kaka | Prabu Banaputra nguni | putrine amung sajuga | pinunjul yangyanging bumi | warnanira lir sasi | nanging darbe gêrah lumpuh | lare praptèng diwasa | sang dyah tan kêna lumaris | panêngêran Rêtna Dèwi Sukasalya ||

4. kang rama langkung sungkawa | katuwon mulat ing siwi | sajuga ayu utama | têka tan bisa lumaris | sagung kang tapèng wukir | wus têlas upayanipun | sèlèh para pandhita | tan ana ingkang kadugi | mulyakakên [mu...]

--- 296 ---

[...lyakakên] ing gêrahira sang rêtna ||

5. kaku tyas sira narendra | dadya kang putra kinardi | sayêmbara gêrahira | ngundhangi wadyanirèki | misuwur sanagari | sayêmbaranira prabu | sapa kang mulyakêna | gêrahe sang rajaputri | sayêktine dadya jatukramanira ||

6. apan nora pilih janma | sanadyan trahing pakathik | yèn mulyakna gêrahira | sayêkti yèn jatukrami | lawan sang rajaputri | sampun kathah para ratu | tuwin para satriya | amrih ing sayêmbarèki | praptèng nagri Ngayodya bêkta usada ||

7. nanging tan ana tumama | malah sangsaya ngranuhi | gêrahira sang lir rêtna | ing puniku Sang Maharsi | Rawatmêja ing latri | anèng ing pratapanipun | antuk sasmitèng dewa | lamun pasthi jatukrami | lan kang putra Rêtna Dèwi Sukasalya ||

8. Bathara Kanekaputra | nênggih ingkang anêdhaki | pamuwuse Hyang Narada | hèh bagya gêng sira kaki | mêngku sutanirèki | nugrahanira

--- 297 ---

Hyang Guru | Kusuma Sukasalya | yèku musthikaning bumi | kang winênang ing têmbe amadhahana ||

9. kalamun Wisnu manjanma | mring nagri Ngayodya benjing | mangun arjaning kanang rat | mêmayu ayuning bumi | nora liya kang dadi | margane panjanmanipun | amung Dyah Sukasalya | minôngka ibunirèki | lah dèn age muliha marang Ngayodya ||

10. usadèki tamakêna | tirtamaya maosadi | ing sutanira sang rêtna | wus pasthi mulyane kaki | sutanira sang putri | amarga saking sirèku | sawusnya tinampanan | tirtamaya maosadi | Hyang Narada musna tumamèng awiyat ||

11. enjang Rêsi Rawatmêja | mudhun mantuk mring nagari | laju tumamèng jro pura | matur ing raka narpati | sasolahirèng latri | Hyang Nrada pamangsitipun | kang raka langkung suka | wus kinèn lêkasna aglis | tirta maosadi marang ingkang putra ||

12. tinamakakên saksana | tirtamaya [tirta...]

--- 298 ---

[...maya] maosadi | sakala sang lir kusuma | mulya kadi wingi uni | wuwuh cahyanirèki | kadya kartika mabangun | kang rama langkung suka | mulat mulyanirèng siwi | gya rinangkul kinêmpit-kêmpit kang putra ||

13. Sang Aprabu Banaputra | tan arsa cidra ing jangji | angundhangi balanira | lamun kang putra wus kêni | mring ari sang maharsi | ing sayêmbara sinuwuk | mangkana sang lir rêtna | pinanggihakên tumuli | lan kang paman Sang Bagawan Rawatmêja ||

14. rinêngga patêmunira | sang pandhita lan sang putri | anèng jro pura Ngayodya | langkung sih-sinihan kalih | tan pêgat karon rêsmi | sadaya samya kayungyun | mulat sang pinangantyan | lir Kamajaya lan Ratih | wus antara lamine ing panggihira ||

15. pamit mantuk mring pratapan | ingkang raka anglilani | Sang Bagawan Rawatmêja | lan garwa sang kadi Ratih | binêkta marang wukir | sang dyah manut rèhing kakung | ngendhang-endhang nèng arga | wus supe langêning nagri |

--- 299 ---

pan kasêngsêm tumon langêning prabata ||

16. asrine pratapanira | akathah kang sarwa sari | sang dyah anggung ngalap sêkar | duk samana sang maharsi | apan sampun miyarsi | ingkang raka sedanipun | kasambut ngadilaga | tumpêsan kang pra dipati | aprang lawan yaksendra Nglêngkadiraja ||

17. mangkya Prabu Dasamuka | sawadyabalane maksih | anèng nagari Ngayodya | ngêbroki sajroning puri | gêmpur sagung branèstri | jinarah rêksasa prabu | suwung nagri Ngayodya | satriya lan pra dipati | tilar praja samya ngungsi mring wanarga ||

18. Sang Bagawan Rawatmêja | anglês tyas sira tan sipi | wus nora môntra galiha | kawibawaning nagari | miwah sang rajaputri | anggung dènira mangun kung | angimur marang priya | gung nungku puja sêmèdi | ya ta wontên malih ingkang winursita ||

19. santana nak-sanakira | dening Sang Banaputra Ji | miwah mring Sang Rawatmêja | saking ibunira kalih | samya putri Mantili | Sang Prabu [Pra...]

--- 300 ---

[...bu] Danuja sêpuh | putrane mung têtiga | ingkang pawèstri kêkalih | pambajênge anama Dèwi Marawa ||

20. panênggakira anama | Dèwi Tunjungbiru nênggih | putra kang waruju priya | nama Prabu Danupati | gumantya ring Mantili | Danupati asêsunu | nênggih Prabu Janaka | Dèwi Marawa akrami | antuk Prabu Banapati ing Ngayodya ||

21. apêputra Rawatmêja | lan Banaputra Narpati | dene putri kang panênggak | Dèwi Tunjungbiru nênggih | kramantuk pandhita di | Sang Wimana sucôndrèku | apêputra sakawan | samya priya pêkik-pêkik | ingkang sêpuh Suma Rêsi namanira ||

22. kang panênggak Rêsi Kala | kalih dadya pandhita di | panêngah Sang Sumaraja | jumênêng sri narapati | nèng Welaraja nênggih | dene putra kang waruju | namarya Dasarata | anut ing raka narpati | anyatriya anèng nagari Ngayodya ||

23. bêdhahe nagri Ngayodya | para mantri kèh umiring | ngungsi nèng

--- 301 ---

wukir Dhêndhaka | iku carita mangsuli | mangkana kang winarni | Rawana ingkang ngadhatun | anèng nagri Ngayodya | sawadyabalanirèki | anggung dènnya pêpara anganthi bala ||

45. Kinanthi

1. maksih dènira gung wuyung | wayang-wuyungan ing galih | Sang Aprabu Dasamuka | datan liyan kang kaèsthi | namung kang wus lêbu wawa | Rêtna Dèwi Widawati ||

2. tumanêm anèng jêjantung | gumantung tuntunging ati | katon ing sasolahira | linali-lali tan lali | dening nguni Wiku Raja | Maruta cêthanirèki ||

3. dumunung ing praja catur | Manggada lan Maèspati | Mantili lan ing Ngayodya | têmah ing Ngayodya mangkin | èstri salêbêting pura | tan ana kang mirip siji ||

4. anyèthia kabèh patut | marang ing Dyah Widawati | mila Prabu Dasamuka | agung paparèng wanadri | bêbungah ing bala lawan | kinarya panglipur brangti ||

5. nanging datan antuk lipur | brangtane saya ngranuhi | mangkana Sri

--- 302 ---

Dasamuka | lagya paparèng wanadri | sarwi anitih wimana | mung kêdhik wadya kang ngiring ||

6. angubêngi gunung-gunung | wêwêngkon Ngayodya nagri | mulat ana wêwangunan | pratapan pindha nagari | asri munggul gapuranya | sela cêndhani ingukir ||

7. miwah pagêr batanipun | sadaya sela cêndhani | karange nêdhêng tumruna | pêthetanira mêpêki | wowohan di-adi samya | angganthêng tirise asri ||

8. gèn sanggar pidikanipun | botrawi pinancak suji | kinubêng ing kêmbang-kêmbang | ingkang jinêmbangan sami | Rêtna Dèwi Sukasalya | samana apan marêngi ||

9. mêng-amêng jawining pintu | lawan cèthine kêkalih | suka samya ngalap sêkar | kang munggèng têpining margi | kagyat Prabu Dasamuka | mulat ing wanodya luwih ||

10. lêng-lênging tyas mangu-mangu | kadya pêjah tanpa kanin | lah ta sapa iki baya | rabine ingkang palinggih | apa apsari sawarga | kalangênan anèng [a...]

--- 303 ---

[...nèng] wukir ||

11. dene liwat endahipun | iki rêspatine mirib | lawan kang wus lêbu wongwa | pasanging wadana sami | miwah wênêse kang cahya | liringe lindri awingit ||

12. nanging mêmanise durung | nimbangi kang lêbu gêni | nanging ta wus kêna uga | kinarya tambaning brangti | dene têka eman-eman | ngong ayu suka nèng wukir ||

13. pêpantêsira wong ayu | amung siniwiyèng puri | sanadyan anèng jro pura | yèn dudu Ngalêngka nagri | sayêkti maksih kuciwa | mung anèng kadhaton mami ||

14. pêpantêsira mas ingsun | nanging ta watara mami | wong ayu nandhang sungkawa | tajin dhahar lawan guling | anglonging ôngga kawangwang | anglalêntrèh sêmu wingit ||

15. malah ta wataraningsun | wênêsing cahya wong iki | yèn mungguha kêmbang-kêmbang | wus kalong sarine pêsthi | kaingsêp dening brêmara | sênêning cahya katawis ||

16. Dasamuka sigra muwus | saking [sa...]

--- 304 ---

[...king] wimananirèki | marpêki nulya têtanya | wau ta kang rajaputri | mulat praptaning yaksendra | gumêtêr langkung dènnya jrih ||

17. sigra dènira lumayu | lawan cèthine kêkalih | manjing ing dalêm patrapan | Dasamuka anututi | Sang Bagawan Rawatmêja | apan ta lagya sêmèdi ||

18. kagyat kang garwa lumayu | sigra mêdal marang jawi | mêthukakên Dasamuka | sarya sru dènira angling | hèh rêksasa apa karya | prapta ing pratapan mami ||

19. suka pêpara mring gunung | lah apa endahing wukir | bêcik paparèng nagara | sasukanira pinanggih | Sang Aprabu Dasamuka | asru dènira nauri ||

20. hèh sang wiku wruhanamu | rêksasa raja sun iki | buminata ing Ngalêngka | kang gitik Ngayodya nagri | dadya mêngko ing Ngayodya | wus kaduwèng marang mami ||

21. alas-alas gunung-gunung | sawêngkon Ngayodya nagri | lan saisine sadaya | sayêktine duwèk mami | hèh sang wiku [wi...]

--- 305 ---

[...ku] ingsun tanya | ana pawèstri yu luwih ||

22. ingsun prêpêki lumayu | apa ta rabinirèki | sang pandhita saurira | apan iya garwa mami | Dasamuka malih mojar | yèn nyata rabinirèki ||

23. hèh sang wiku ingsun pundhut | aja dadi tyasirèki | dèn suka rila maringwang | ing besuk ingsun lironi | èstri jro pura Ngayodya | sasukanira milihi ||

24. lan ing ngêndi para ratu | kang duwe putri yu luwih | ingkang dadi sênêngira | ingsun pundhute tumuli | iya amung garwanira | dèn suka lila ing mami ||

25. sang pandhita duk angrungu | lingira sang yaksa aji | lir tinêpak mukanira | nudingi asru dènnya ngling | hèh-hèh apa wuwusira | buta gêgêdhêging bumi ||

26. sukamu murka laku dur | sira jaluk garwa mami | kaya yèn nora katêkan | lamun ingsun maksih urip | luput-luput mêngko sira | kokum dening asta mami ||

27. hèh rêksasa

--- 306 ---

aja kambuh | wruhanira ingsun iki | kadang Prabu Banaputra | Rawatmêja aran mami | dêstun ingsun ajap-ajap | durmanira ing ajurit ||

46. Durma

1. duk miyarsa krodha Prabu Dasamuka | kalingane sirèki | kadang Banaputra | tunggak kalingan ronya | patine kakangirèki | nêdya malêsa | ukum pati mring mami ||

2. kaya nora cuwa puthut sêdyanira | kudu prang lawan mami | lamun sira bisa | matèni Dasamuka | sayêkti yèn pitung bumi | pitung akasa | kèdhêp marang sirèki ||

3. lah ta payo puthut nuli têkakêna | sêdyanira mring mami | Rêsi Rawatmêja | sigra nyandhak gandhewa | hèh bagya têmên sirèki | lamun luputa | dening sanjata mami ||

4. wus lumêpas surastranira lir kilat | lumarap angênèni | pagas jangganira | Sang Prabu Dasamuka | tibèng siti nulya dadi | pôncasonanya | kang pêgat sampun pulih ||

5. tangi [ta...]

--- 307 ---

[...ngi] krodha Rawana nyawat samoga | pinêthuk ing jêmparing | tikêl samoganya | Bagawan Rawatmêja | nglêpasi sanjata malih | larap lir kilat | panahira ngênèni ||

6. pan cumundhuk jangganira Dasamuka | tugêl bêt tibèng siti | Prabu Dasamuka | dadi pôncasonanya | ingkang pêgat sampun pulih | sigra Rawana | mêsat marang wiyati ||

7. nguwuh-uwuh Rawana asru sêsumbar | hèh babo dèn aeling | Rêsi Rawatmêja | aja ge girang-girang | sambata wong tuwa kalih | lah tadhahana | tibane limpung mami ||

8. nora wurung hèh ta puthut patinira | iya sadina iki | sigra Dasamuka | Bagawan Rawatmêja | sinawat ing limpung kêni | jajanya tiba | gumuling anèng siti ||

9. Dasamuka suka dènira tumingal | limpungira ngênèni | sigra Sri Rawana | niyup narik candrasa | arsa anigasa aglis | tênggak sang tapa | ya ta wontên winarni ||

--- 308 ---

10. pêksi raja mitranira sang pandhita | ran Kagendra Sêmpati | gêngnya saprabata | mulat yèn mitranira | Rêsi Raratmêja[1] jurit | lan Dasamuka | krodhanira tan sipi ||

11. hèh hèh dene ya iku Si Dasamuka | aprang lan mitra mami | durung tutug baya | dènnya suka niaya | kakange wus angêmasi | kang anèng arga | pinrih kapati-pati ||

12. krodha Sang Sêmpati gadgadèng ayuda | kirab lar angajrihi | mêsat ing gêgana | yayah prabata mangkat | umrês sindhung angin-angin | Sri Dasamuka | sêdhêngira mèh prapti ||

13. tumigas ing tênggak Rêsi Rawatmêja | Sêmpati anututi | mamrêp sru manampyal | kuku mangrêm sarira | patuk kapêtêk nrus manjing | jajanya bêncah | rênyuh sarira rujit ||

14. dening kuku mangkas mangrêm sru mangrantas | gumêbruk tibèng siti | tan dangu waluya | ngungun Si Dasamuka | hèh ta manuk apa iki | tuhu sikara | migêna wong ||

--- [0] ---

Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 40-52): Citra 1 dari 2
Prabu Dasamuka, Nagaraja Prabu Sêmpati, Rêsi Rawatmêja

--- 309 ---

ajurit ||

15. Sang Kagendra Sêmpati awas tumingal | yèn Dasamuka urip | nguwuh sru sêsumbar | hèh payo Dasamuka | sumusula mring wiyati | nadyan duwea | sira umur sakêthi ||

16. nora wurung mêngko patimu deningwang | buta gêdhêging bumi | sukambêg niaya | siya-siyèng buwana | aja tambuh ingun iki | kagendra raja | ranku ring rat Sêmpati ||

17. pan mitrane dening Rêsi Rawatmêja | Dasamuka miyarsi | langkung dukanira | hèh hèh kaga narendra | suka sikara mrih pati | sandhangên uga | mêngko pamalês mami ||

18. nêpak bau Rawana gayuh gêgana | pinapag ing Sêmpati | mukanya kinêpyak | tinampyal asru kontal | gumêbruk tiba ing siti | Sri Dasamuka | mangun wikrama wêrdi ||

19. gêng sawukir mangkrak ngayuh ing gêgana | Sêmpati angoncati | sinusul umêsat | Sêmpati sigra mapag | panyambêre dèn barêngi | gapyuk cinandhak | rinukêt [ri...]

--- 310 ---

[...nukêt] ing ajurit ||

20. suku karo rinangkus patuk pinêtak | Sêmpati tan bisosik | lar sinêbrak-sêbrak | buntut jêbol sinêndhal | sadaya dèn barundhuli | dèn udhal-udhal | wulune wus barindhil ||

21. langkung suka Sang Aprabu Dasamuka | mulat wulu wus gundhil | saksana binuwang | Sêmpati tibèng wana | ananging nora ngêmasi | warnanên ingkang | kasambut ing ajurit ||

22. sinungkêman layone dening kang garwa | sêsambat mêlasasih | Rêtna Sukasalya | nêdya bela palastra | amusthi patrêmirèki | sakêdhap ingkang | raka wungu lon angling ||

23. hèh ta nimas ayya sira mrih palastra | dewa nora nglilani | apan sira ingkang | têmbe dadya jalaran | kalamun Wisnu manitis | môngka ibunya | lah ngungsia dèn aglis ||

24. mring Dhêndhaka ênggone Si Dasarata | iku nimas kang pêsthi | mêngkoni mring sira | yèku besuk kang dadya | bapakne Sang Winumurti | lamun manjanma | marang Ngayodya [Nga...]

--- 311 ---

[...yodya] benjing ||

25. hèh ta nimas pamêngkoningsun mring sira | jodho ngalang-alangi | karsaning jawata | pêsthi Si Dasarata | mring sira ingkang mêngkoni | praptèng dêlahan | madêg Ngayodya benjing ||

26. wusira ngling sang rêsi layone sirna | ngunguning tyas sang putri | mituhu mring priya | mêdal jawi tumingal | pêksi gêngira sawukir | ngêmbut-êmbutan | wulune wus barindhil ||

27. sang lir rêtna gumêtêr ajrih tumingal | Sêmpati lon dènnya ngling | hèh ta sang kusuma | ayya wêdi maringwang | wruhanira ingsun iki | pan wus mêmitra | lawan lakinirèki ||

28. iya mêntas aprang lan Si Dasamuka | Sêmpati aran mami | atêtulung marang | yudane lakinira | nanging kasoran ing jurit | wuluku sirna | ing aprang dèn bubuti ||

29. lah dèn enggal ngungsia marang Dhêndhaka | wukir gêng kidul iki | lan sira ngambila | êlar panjawat ingwang | karyanên wêlah nèng margi | obat-abitna | sayêkti mundhak kêsit ||

--- 312 ---

30. lakunira sasat mahawan gêgana | sang rêtna duk miyarsi | mituhu wus ngalap | lare Sêmpati ingkang | brondhol mêntas dèn bubuti | mring Dasamuka | jêprah anèng wanadri ||

31. pan kasaru praptanira Dasamuka | mulat sang dyah wus mijil | saking ing pratapan | nusup-nusup nèng wana | Dasamuka anututi | nguwuh sing wuntat | hèh babo marang ngêndi ||

32. apa tuhu dènnya tan arsa maringwang | liwat salah ing kapti | suka mring pandhita | papa kulinèng wana | lêng suka amukti sari | anèng Ngalêngka | sinêmbah wong sabumi ||

33. dhuh mas mirah emanên sariranira | nusup-nusup wanadri | kênèng ri manawa | lêhêng Si Dasamuka | sêbita kulite nanging | tulus asiha | mirah ingsun mring mami ||

34. sang kusuma miyarsa maras tyas sira | sigra laring Sêmpati | pinolah nèng asta | yayah kadya umêsat | sasat tan angambah siti | kêsit lampahnya | sumripit kadya thathit ||

35. duk tumingal kagyat Prabu

--- 313 ---

Dasamuka | dene sang rêtna kadi | kilat lampahira | Sang Prabu Dasamuka | nututi sarya sru angling | mring ngêndi sira | ngungsia marang langit ||

36. nora wurung sira kacandhak deningwang | sok maksiha kaèksi | sanadyan ngungsia | lak-lakan nagaraja | nora wurung ingsun usir | saparanira | sapa kang angukuhi ||

37. kunêng wau palajênge sang kusuma | sakêdhap sampun prapti | ing wukir Dhêndhaka | Rahadèn Dasarata | nèng pratapan lagya linggih | kathah ngarsanya | kang ngadhêp para mantri ||

38. ing Ngayodya kathah ingkang sami trêsna | nunggil dènira ngungsi | nèng wukir Dhêndhaka | kagyat praptane sang dyah | nungkêmi pada sru nangis | Dyah Sukasalya | matur tingkahirèki ||

39. nalikane anèng ing pratapanira | kang raka sang maharsi | Rawatmêja pêjah | rinurah ing yaksendra | layon sirna tinggal wêling | akon maringwang | kinèn ngungsi mariki ||

40. dèrèng tutug sang dyah

--- 314 ---

dènnya matur tingkah | gugup praptanirèki | Prabu Dasamuka | Rahadèn Dasarata | mudhun mêthuk ngacarani | sang dyah singidan | wismèng pratapan wuri ||

47. Pangkur

1. Sang Aprabu Dasamuka | sru ngandika wong apa sira iki | warnamu anom abagus | têka suka nèng arga | lan wong akèh bêcik-bêcik ingsun dulu | sêmune kaya wong praja | dudu pantêse nèng wukir ||

2. rahadèn matur pasaja | dhuh pukulun amba kadangirèki | Sri Banaputra kang lampus | kadange naking-sanak | Dasamuka miyarsa sru dènnya muwus | sira kadang Banaputra | bagya kapanggih lan mami ||

3. tunggale Si Rawatmêja | pêsthi lamun sumêdya mêmalêsi | ing patine kadangipun | lah payo nuli aprang | Dasarata ngrarêpa dènnya umatur | dhuh pukulun ila-ila | puruna ing paduka ji ||

4. mila kang abdi sadaya | tilar wisma samya ngungsi wanadri | jrih lamun kasêrêng bêndu | krodha [kro...]

--- 315 ---

[...dha] tuwan ngayuda | yèn wus aris sadaya sumêdya wangsul | sumiwi ing padukendra | ngaturakên pati urip ||

5. ing mangkya punapa karsa | ingkang abdi pukulun anglampahi | Dasamuka ngandika sru | yèn têmên-têmên sira | nungkul aris lah mara ulungna gupuh | èstri kang ngungsi mring sira | iku anampik mring mami ||

6. bojone Si Rawatmêja | lah ipukên tyase dèn kêna lilih | supaya arsa maring sun | Dasarata turira | inggih mangke tuwan kèndêla rumuhun | kados yèn kenging kewala | sintên kang purun ngukuhi ||

7. Dasarata manjing wisma | gêdhong wuri gèn singidan sang dèwi | lawange sampun tinutup | alon ing wuwusira | saking jawi dhuh rara mêtua gupuh | paran ta sira lumuha | ing karsane sang ditya ji ||

8. môngsa ta nêmua papa | nèng Ngalêngka sinêmbah wong sabumi | apan ta wus kaprahipun | ing ratu mangun yuda | soring aprang toh praja lan putrinipun | tan kêna [kê...]

--- 316 ---

[...na] sira selaka | dadya garwaning narpati ||

9. binoyong belani praja | nora nistha lamun sira karabi | Dasamuka ratu punjul | Buminata Ngalêngka | angluwihi prabawa wibawanipun | makêtêr saisining rat | sanadyan dewa samya jrih ||

10. yèn sira tulus lumuha | marang Prabu Dasamuka karabi | ing ngêndi pangungsènamu | sapa wani malanga | nadyan silih ngungsia Bathara Guru | ajrih marang Dasamuka | môngsa wania ngukuhi ||

11. sang kusuma duk miyarsa | linging Dasarata asru dènnyanjrit | pêgat-pêgat muwusipun | yèn dika tan kuwawa | angukuhi lêhêng susulna wak ingsun | mring rama kang seda aprang | tuwin kang lena nèng wukir ||

12. ing mêngko yèn wus palastra | sakarsanta ngêsrahêna wak mami | dene ta sru pelingipun | ingkang linèng pratapan | kinèn ngungsi mring dhèwèke ingsun turut | praptèng don kudu masrahna | lêhêng tumêka ing pati ||

13. Dasarata giyuh

--- 317 ---

ing tyas | amiyarsa sambatira sang dèwi | nulya na dewa kang rawuh | dhawuhkên pangandika | hèh hèh Dasarata timbalan Hyang Guru | ayya dahat giyuh ing tyas | sira ngalapa dèn aglis ||

14. lêlayon sêkar sang rêtna | lah pintanên ing puja dimèn dadi | wanodya kang luwih ayu | ingkang padha kalawan | Dèwi Sukasalya ing suwarnanipun | ulungna mring Dasamuka | sayêktine tan udani ||

15. kalamun èstri pêpujan | lawan nora kêna selak sirèki | mêngkua satutugipun | mring Dèwi Sukasalya | pan kinarya jalaranira Hyang Wisnu | ing besuk lamun manjanma | mung sira lawan sang dèwi ||

16. ingkang sinung wênang dadya | bapa babunira Sang Wisnumurti | Dasarata duk angrungu | linging dewa mangkana | asrêping tyas dadya lon dènira muwus | hèh rara ayya karuna | ana sihing jawata di ||

17. paringa layoning sêkar | ngong ciptane ing mangke lamun dadi |

--- 318 ---

èstri kinarya lêliru | sarta sabdaning dewa | asrêp ing tyas sang rêtna ngulungi sampun | sêkar layoning ukêlnya | cinipta sakala dadi ||

18. wanodya endah warnanya | wus tan kalih citrane lan sang dèwi | myang rêspati manisipun | binêkta mijil sigra | praptèng jawi Dasamuka suka dulu | dene sang kusuma kêna | tutut tyas sira wus kering ||

19. asru dènira ngandika | hèh ta Dasarata muliha aglis | sira umadêga ratu | mêngku nagri Ngayodya | wus prayoga sapa wonge kang barênjul | nora nut karatonira | ingsun gêcêke tumuli ||

20. Dasamuka ngawe sigra | wadya ingkang bêkta wimana prapti | sang dyah tinitihkên sampun | wimana nunggal lawan | Dasamuka pamit sigra budhalipun | ing marga datan winarna | ing nagri Ngayodya prapti ||

21. laju manjing ing jro pura | sang dyah tiron Sukasalya kinanthi | binêkta marang jinêm rum | Sang Prabu Dasamuka [Dasa...]

--- 319 ---

[...muka] | anêkakkên dènira karsa salulut | duk lagyarsa cinumbana | sang rêtna tiron ngêmasi ||

22. ngungun Prabu Dasamuka | cuwèng rêsmi tyas sira muring-muring | ngurêng rêngune andarung | mring dewa suralaya | ngunadika iku kang karya wulangun | Dasamuka mijil sigra | nimbali kang pra dipati ||

23. kerid ing Patih Prahastha | Prabu Dasamuka sru dènira ngling | hèh sagunging wadyaningsun | Ngalêngka pra dipatya | ingsun gawa banjur munggah sawarga gung | mrêp ing prang Bathara Endra | sajatine angulati ||

24. panuksmaning widasmara | yèn sêpine lirua widadari | lagyantuk sairibipun | lan kang wus lêbu wongwa | durung kongsi salulut kasêlak lampus | pêsthi panggawening dewa | tuhu sikara mring mami ||

25. hèh sagunging wadyaningwang | ing Ngalêngka satriya pra dipati | sapa ingkang wêdi lampus | dening prang mungsuh dewa | sun lilani muliha lan sabalamu | suka muktia nèng praja | ingsun dhewe kang nglabuhi [nglabuh...]

--- 320 ---

[...i] ||

26. yèn kasoran prang lan dewa | nora mulih lêbura nèng swarga di | mring ngêndi panuksmanipun | kusuma di ngaldaka | bisa têmên agawe lara wulangun | lamun sêpining sawarga | mung antuka widadari ||

27. kang mirib-irib kewala | duk miyarsa madêg kang pra dipati | pralabda matur gumuruh | dhuh gustiku Rawana | paran marma kang abdi tinundhung-tundhung | sarambut botên supêna | yèn nêdya tilar ing gusti ||

28. sampun ingkang mêngsah dewa | nadyan silih tumbuk nèng parbatapi | ajura dèn kumur-kumur | kang abdi tan suminggah | dhuh suwawi mêngsah dewa gya pinagut | sêdhêng kang abdi sadaya | angabên sumêngka tandhing ||

29. tog-toganing prang tan cuwa | mungsuh dewa gone guna myang sêkti | pating galidrah gumuruh | ditya matur pralabda | pan araga-raga solahing prang pupuh | samya ngundha-undha dhêndha | mutêr parasu myang piling ||

30. ana ngikal limpungira | wênèh narik tuwêg candrasa lungit | tinanduk ingong [ing...]

--- 321 ---

[...ong] kapupuk | tikêl têpak-tinêpak | wênèh umbul sela itêm gêng salumbung | tinadhahan gundhulira | sela byak sigar kapalih ||

31. amung Ki Patih Prahastha | ingkang susah ngêsah kalangkung sêdhih | asru dènira amuwus | hèh sagung pra dipatya | mêngko-mêngko ayya age soroh sanggup | ya wus sêdhêng wong ngawula | mrih pamalêse ing gusti ||

32. angajap tandhing sumêngka | luwih siku nampik kang mungsuh nanging | aja sira gupuh-gupuh | gustimu tyase lagya | lênglêng binglêng kang ngeling aja kalulun | milu lali tinggal nalar | alurên pikir kang bêcik ||

33. kèndêl sagung pra dipatya | mring Ki Patih Prahastha samya ajrih | dhêdhêg wus samya alungguh | Prahastha malih mojar | dhuh prabuku Rawana yèkang dibya nung | atmajane kadang ingwang | sampun kasmaran ing jurit ||

48. Asmaradana

1. pun paman ayun udani | kang dados karsa paduka | tuwan jatèni wadine | dènnyarsa

--- 322 ---

minggah sawarga | mrêp ing prang Batharendra | punapa prakawisipun | yèn ngamungna arsa krama ||

2. kapencut rabi apsari | bok sampun anggora-godha | kapraboning prang lampahe | pun paman purun dinuta | nêmbunga Batharendra | Dasamuka mèsêm muwus | paman iki kaya bocah ||

3. nora wruh ing karêp mami | gih kula jarwani paman | rong prakara sayêktine | kang dhihin arsa ngupaya | apsari ing sawarga | ingkang wontên èmpêripun | warnane lan widasmara ||

4. kapindho arsa ngyaktèni | nôndha kaprawiran kula | Hyang Girinata jangjine | duk kula sêdhêng martapa | anèng wukir Gohkarna | sèkêt taun sinung wahyu | dening Hyang Jagad Pratingkah ||

5. yèn kawula jayèng bumi | minôngka kyating buwana | saisining jagad kabèh | manungsa diyu rasêksa | nadyan para jawata | sor dening prabawaningsun | malah wus sinung pratôndha ||

6. gêgaman kaprabon [kapra...]

--- 323 ---

[...bon] jurit | luputing têguh myang guna | pamunahing satru kabèh | mila paman sampun susah | bok kula sor ing aprang | Prahastha sêndhu umatur | punika karsa paduka ||

7. kawula dèrèng miyarsi | tingkah kadi padukendra | arsa angrusak dewane | mung cuwa dening wanodya | têka angômbra-ômbra | bubaran babar têkabur | arsa nglêbur tanpa dosa ||

8. angulati Widawati | wong wus mati lêbu wongwa | kapati dadi atine | ngupaya kang nora ana | kang wus ana tinilar | tuhu nalar tanpa kusur | balasar anasar-nasar ||

9. pangakune jayèng jurit | ing rat tan ana mêmadha | ing guna myang kasêktène | puwa-puwa ngawud dewa | dene nguni wus aprang | lan Subali wre akuru | cinêkêl datanpa bisa ||

10. sakèh sêkti tanpa dadi | sakèh guna-guna sirna | lah ing pundi kaanane | jangjine Hyang Jagadnata | kang tuwan anggêp nyata | dumèh bisa rupa satus [sa...]

--- 324 ---

[...tus] | muka mawêtu dahana ||

11. pandamêle lare alit | tan pantês tuwan adèkna | Bathara Brama krodhane | yèn wikrama ing ayuda | murub ngêbêki jagad | gêni paduka puniku | upêt mêrang upamanya ||

12. mung kinarya bakar trasi | botên matêngi katela | adhêm tur gêlis patine | yèn paduka angandêlna | sêktining panah kunta | yèn pinusus mêtu lesus | punika angin punapa ||

13. mung bisa buwang ron aking | dèrèng môntra nimbangana | Bathara Bayu krodhane | sampun kang kadi paduka | yèn botên kabuncanga | wukir sol katub ing lesus | ngêndêlna sanjata toya ||

14. môngsa sagêda nimbangi | ing dibyane Hyang Baruna | punapa angandêlake | ing tiwikrama paduka | dêstun gêng saparbata | tan pantês kinarya gul-gul | botên môntra nimbangana ||

15. Bathara Suman prajurit | yèn wikrama ing ayuda | sèwu parbata gêdhene | jênthike siji [si...]

--- 325 ---

[...ji] kewala | sami lan padukendra | miwah ta pêpêtakipun | lir gêlap sayuta ngampar ||

16. lakon sawulan kapyarsi | kang cêlak kapilêng pêjah | lah ing pundi ta margane | yèn paduka mênang aprang | lan dewa suralaya | sakèhing kagunan sampun | kinacèk para jawata ||

17. sadaya isining bumi | kang sami dibya prawira | saking jawata asale | ing mangkyarsa winangsulna | mring kang awèh ing kuna | mêsthi sigar botên payu | dêstun budi tanpa ngrasa ||

18. botên saking nyênyampahi | ing guna sêkti paduka | saking gêng sih marmaningong | suwawi kondur kewala | takèna mring pun bapa | kakinta sanadyan diyu | sasat maharsi utama ||

19. yogya paduka gugoni | tutên sapitutur kula | raharja ayu têmahe | tuwan trahing wikurêdya | yogya asihèng dewa | wasana arsa minungsuh | manungsa môngsa kiranga ||

20. ratu kang prawira sêkti | yèn [yè...]

--- 326 ---

[...n] arsa nôndha dibyanya | anutugi ing prang rame | bok sampun amungsuh dewa | sukambêg siya-siya | dhuh anggèr sampun kabanjur | anglajur budi tan arja ||

21. kadya paduka anggitik | ing raka Sri Dhanaraja | inggih punapa dosane | kadang tuwa tutur arja | têka winalês papa | miwah ta ing pêjahipun | Sri Banaputra Ngayodya ||

22. kalawan pêjahirèki | Sang Bagawan Rawatmêja | kang jamak sru nalangsane | marang dewa suralaya | satêmah mundhak dadra | dewane arsa minungsuh | dhuh anggèr sampun mangkana ||

23. Dasamuka duk miyarsi | ature Patih Prahastha | kadya tinêpak mukane | yèn sampuna eling paman | kadange ibunira | kadya sinabêt ing limpung | asru dènira ngandika ||

24. hèh paman minggata aglis | muliha marang Ngalêngka | gawanên balamu kabèh | ayya tut buri maringwang | agung gawe mêmirang | muwus sakêna-kênamu | angur amalika [amali...]

--- 327 ---

[...ka] pisan ||

25. milua Hyang Endra aglis | môngsa ta ingsun mundura | saking atur kang mangkono | kajaba ana kuleyang | aking kêlêm ing toya | lan watu itêm tumimbul | iku manawa sun kalah ||

26. prang lan dewa ngadu sêkti | padune wong wêdi pêjah | tanbuh kang dèn ucapake | hèh payo Parsa Dumrêksa | Bajramusthi Kampana | budhalna kabèh balamu | Rawana pangatagira ||

27. ing bala mukanirèki | kumukus mijil dahana | murub sarandune kabèh | kadya prabata kawlagar | madêg kapat punggawa | wruh krodhane gustinipun | têngara ngabani bala ||

28. budhal mahawan wiyati | kèlu sagung pra dipatya | kêbut sabalane kabèh | ibêkan nèng dirgantara | kèhning ditya ngambara | dhêndhêng ngêndhanu lir mêndhung | rasêksa masinga nabda ||

29. gumuruh anggêgirisi | barung tangara ru-ara | kagiri-giri bawane | Sang Aprabu Dasamuka | munggèng wimana

--- 328 ---

rêtna | dhêdhêg kanan keringipun | pangayap ditya prawira ||

30. gumrah gora-gadha sami | miwah sagung pra dipatya | sadaya wimbuh gêdhene | krura samya tiwikrama | Rawana suka mulat | lampahing bala gumrêgut | kadya solahing ayuda ||

31. lêlêthêg rêgêding bumi | bêrkasakan sining wana | isining jurang pêpèrèng | ngrungu lamun prabunira | arsa prang mungsuh dewa | suka prasamya anusul | sarta sagêgamanira ||

32. arêngês rèngès gumriwis | saking lor kidul myang wetan | kulon sarêng ing praptane | ngêmbul gêgaman pangarsa | mila tanpa wilangan | samarga wuwuh-mawuwuh | balane kang bala-bala ||

33. gumlêdhêg ing wuri maksih | tan pêgat kang lagya prapta | sumawur liwêran mawor | wun-awun wêtuning ditya | saking ing wanawasa | miwah saking gunung-gunung | kumrusuk kadya prahara ||

34. girang suka-suka sami | surak-surak giyak-giyak | samya masthi ing batine | yèn gustine

--- 329 ---

unggul ing prang | kadya ge-age dènnya | ngrurah isining swarga gung | boyong widadarinira ||

35. pan namung Rêkyana Patih | Prahastha langkung sungkawa | lêsu sawadyabalane | nèng wuri alon lampahnya | wau ditya pangarsa | cinêndhak lampahira wus | dungkap paminggiring swarga ||

36. wil bajag samya dhingini | gumrujug angrok rumujak | ginujêg dewane gègèr | giris lumayu sasaran | widadari puyêngan | sumyur mawur kawur-kawur | pothar-pathir kuthetheran ||

37. kang kacandhak dèn dhèdhèli | winudanan gundam-gundam | lumayu wêwuda bae | tan ana sêdya lumawan | giris mulat ing ditya | kang dhingin palajêngipun | prapta katur ing Hyang Endra ||

38. yèn swarga tampingan gusis | kambah ing mêngsah rasêksa | tanpa wilangan kathahe | balane Prabu Dasaswa | rêsah samya ngrêrayah | mangkya pangajênge laju | arsa mangrurah Kaendran ||

39. Batharendra duk miyarsi | aturing [a...]

--- 330 ---

[...turing] dewa tampingan | kampita utusan age | mring sagung dewa niyaka | orêk para jawata | sakapraboning pra kumpul | nêdya ngundurakên ditya ||

49. Durma

1. kumpul sagung para jawata nayaka | sakapraboning jurit | pacak baris samya | nèng ngarpat kapanasan | kèhning dewa tanpa wilis | kadya samodra | balabar tanpa têpi ||

2. gajah rata turôngga tanpa itungan | prayitna wus rinakit | gêlaring ayuda | tata pinatah-patah | ingkang munggèng turanggèsthi | dharat myang rata | tiningkah-tingkah sami ||

3. dewa ingkang munggèng turôngga kinarya | pangawat kanan kering | kang munggèng dipôngga | pinatah munggèng dhadha | rata mêncar nganan ngering | mrih kobèting prang | prayoga gêlarnèki ||

4. dewa dharat sinimpên têbih gènira | pan sampun dèn kawruhi | pamuking rasêksa | galak banjuring aprang | pinasangan gêlar wêrit | ringkês ing

--- 331 ---

ngarsa | rowa têmpuhing wuri ||

5. mila ingkang wahana kuda kinarya | pangawat kanan kering | kang pinrih rikata | nangkêbi ing ayuda | ing dhadha kang dèn kandêli | sagung dipôngga | pinrih bakuh ing jurit ||

6. ayya obah kapêngkok pamuking ditya | rata ragi kapering | pandhêlonging dhadha | rikat panyabêtira | dharat sinimpên gènèki | yèn wus wor ing prang | ngamuka saking wuri ||

7. praptanira panganjur ditya Ngalêngka | mulat dewa wus rakit | kèndêl tur uninga | marang ing prabunira | yèn dewa miyos ing jurit | Sri Dasamuka | mring ngarsa aningali ||

8. baris ingkang dewa datanpa wilangan | gabag jirab kaèksi | sajêmbaring ngarpat | kapanasan kèbêkan | tan katon watêsing pinggir | kèhning jawata | dhêdhêt ngampak-ampaki ||

9. krodha Prabu Rawana asru ngandika | payo cacakên aglis | dewa ing Kaendran | kèhe kagila-gila | aja na was [wa...]

--- 332 ---

[...s] wêdi-wêdi | mungsuh lan dewa | dumèh tan kênèng pati ||

10. tarajangên ilêsên bae ngayuda | urugana pêpati | môngsèku tahana | nadhahi pamukira | sigra sagung pra dipati | ngabani bala | mangsah parêng dènnya ngrik ||

11. tinadhahan binarêng têngara surak | lir guntur manêngkêri | pan samya gungira | ditya lawan jawata | kadya paguting jaladri | têmpuhing aprang | tuhu ngebat-ebati ||

12. kèh katlanjur ditya katutup ing gêlar | sinabêt kanan kering | ing ngarsa rinupak | mundur mindêr kèndêran | pangawat ngawêt nangkêbi | ing dhadha tadhah | dipôngga kang gagahi ||

13. tanpa kiwul ditya pangarsa tumpêsan | katutup ing ajurit | Prabu Dasamuka | mulat rusaking bala | krodha sigra angawaki | sapunggawanya | siji tan ana kari ||

14. Gathodara lawan Ditya Maodara | Kampana Bajramusthi | Dumrêksa Prajôngga | Supyarsa Sumanagra | Mitragna lan Jambumangli | Karadusana | lawan [la...]

--- 333 ---

[...wan] Wikathasini ||

15. Sukasrana Trimurda lan Thathakakya | Wirupaksa Puthaksi | Pragôngsa Marica | Anipraba Dyajaksa | Prakêmpa Pratapadaksi | Wilohitaksa | samya mêtokkên sêkti ||

16. ana musus limpunge mijil dahana | mubal-mubal mawêrdi | wênèh nanggalanya | pinutêr mijil toya | ana musus kunta mijil | kang bayu bajra | ngatêr culing jêmparing ||

17. wênèh ngêmbat langkap gandhewa gêng satal | sapucang kêndhêngnèki | pêsate sapisan | panah malêksa-lêksa | sawênèh rasêksa sêkti | tiyasanira | wikrama sariragni ||

18. kèh warnane ditya mêtokkên tiyasa | prabawa guna sêkti | nutugi budinya | babar ngumbar pangabar | yayah ing aprang punagi | santikanira | winutahakên sami ||

19. tandang sagung para jawata nayaka | parêng dènnya nglêpasi | yekang hru prabawa | nulak dibyaning ditya | tinimbang-timbang nimbangi | panah santika | têmpuh wor nèng wiyati ||

--- 334 ---

20. goning sêkti sayêkti ditya jawata | mangkya paguting jurit | yayah manglêbura | jagad sirna sakala | bumi langit ting saluwir | kadya mangkana | saking ramening jurit ||

21. tan wus lamun winuwus ramening yuda | kèhning prabawa mijil | Prabu Dasamuka | mulat bawaning aprang | sagung ingkang pra dipati | pijêr tiyasa | suka angadu sêkti ||

22. sru ngandika hèh sagunging pra dipatya | aja pijêr sirèki | ing prang ngadu yasa | lan dewa suralaya | dadi sukane sayêkti | yèn ombèrana | payo pêlakên wani ||

23. wusing angling Sang Aprabu Dasamuka | mêkar wikrama wêrdi | nêngah ing ayuda | sagunging pra dipatya | mulat prabune ngawaki | parêng dènira | angrok nêmpuh ing jurit ||

24. bayak ngidak rumupak rampak angrêjak | dewa panggah nadhahi | Prabu Dasamuka | wuru riwuting yuda | nubruk nyêbrak ngobrak-abrik | nikêl anyêndhal | dugang dêkung ambanting ||

25. kumarutug [kumarutu...]

--- 335 ---

[...g] dewa tumibèng bantala | nanging nora ngêmasi | pan amung kantaka | tangi lajêng angilang | gila lumayu andhêlik | ngiwa umpêtan | kawus tan ana bali ||

26. myang bangkening ditya rasêksa lir udan | ngambat tumibèng siti | nanging tan rinasa | wuri ngidak kewala | sagung ingkang pra dipati | liwung pamuknya | sadaya ambêg pati ||

27. pra jawata nayaka nadhahi samya | pamuking pra dipati | ingirup rinupak | ginunturan ing panah | pêpitu kang angêmasi | Sri Dasamuka | liwung madyaning jurit ||

28. pamalune mêmilih kang munggèng rata | miwah kang munggèng èsthi | wuwuh wikramanya | mêkar krura saharsa | ngawut ngiwut ngowak-awik | dhupak anyepak | nyambat babit anyêbit ||

29. akèh rata rênyuh gajah kasulayah | dening sang yaksa aji | ing dhadha wus dhadhal | pangawat kering sêmpal | têngên kawur kowar-kawir | mawur sasaran | giris lumayu ngungsi ||

30. mring Hyang

--- 336 ---

Surapati senapatènira | gêgêr madyaning jurit | apan dèrèng obah | Rawana duk tumingal | parentah mring pra dipati | padha mirea | mungkura ing ajurit ||

50. Pangkur

1. pan iki Bathara Endra | sun ujane sêdhêng tandhing lan mami | nora cuwa ing sakayun | ngyasani ngadu yasa | singa tiwas wus sêdhêng adining wuwus | uwusaning kauwusan | nyatane kadibyan mami ||

2. praptèng pati tegakêna | ing ayuda aja na ko tulungi | Dasamuka wusnya muwus | mrêpêki sumbar-sumbar | hèh Hyang Endra eling-eling mupung durung | ayya mapag wukku ring prang | ngur sira nungkula aglis ||

3. ngêsrahna isining swarga | pra apsari apa sakarêp mami | yèn sira mêksa umagut | manawa kapugutan | ing Kaendran nora wurung ingsun gêmpur | mêsthi dadi karang abang | ngong karya buwana balik ||

4. Batharendra duk miyarsa | langkung duka mawinga-winga wêngis | nudingi sru dènnya muwus [mu...]

--- 337 ---

[...wus] | hèh kodhik kalamurka | gêlah-gêlah mamolah suka laku dur | siya-siya ing buwana | buta gêgêdhêging bumi ||

5. kang mangkono iku nyata | têmbe dadya intiping narakagni | Dasamuka duk angrungu | mangkrak muntap krodhanya | nyandhak limpung limpung pêpujan karuhun | Batharendra gya sinawat | binarêngan jinêmparing ||

6. pur pupug bali katulak | nyandhak kunta linêpasakên aglis | pinêthuk tikêl kawangsul | nglêpasakên trisula | angênèni Hyang Endra sakêdhap kantu | wungu sigra dènnya nyandhak | jêmparing pamungkas luwih ||

7. sigra lumêpas lir kilat | Dasamuka pagas jangganirèki | tumibèng siti gumêbrug | pôncasonane dadya | balung ototira kang pêdhot wus tuntum | pulih sigra dènnya mêsat | prapta wus yun-yunan jurit ||

8. ya ta wau ingkang prapta | Kumbakarna suka dènnya ningali | nusul marmane kalangkung | de raka [ra...]

--- 338 ---

[...ka] mungsuh dewa | praptanira marêngi raka sang prabu | rame prang lan Batharendra | samya lancaran jêmparing ||

9. Kumbakarna amor lawan | pra dipati jagani ing ajurit | wus dangu tuju-tinuju | tan ana ingkang cidra | Dasamuka narik ing candrasanipun | mamrêp rumukêting aprang | pinêthukakên jêmparing ||

10. kêna jangganira pagas | sru gumêbrug tibèng siti gumuling | maras ditya kang andulu | pôncasonane dadya | wungu sigra mangkrak muntap krodhanipun | mêsat marang ing gêgana | singa nabda angajrihi ||

11. akon prayitna ngayuda | Sang Hyang Endra sigra dènnya nglêpasi | sanjatanira cumundhuk | ing jaja Dasamuka | nrus ing gigir tumibèng siti gumêbrug | kadya ruging kang prabata | Kumbakarna aningali ||

12. langkung marasing wardaya | bok kabanjur dènira krêp ngêmasi | Kumbakarna nyandhak limpung | Hyang Endra gya sinawat | saking kanan tan wruh kenging lambungipun | niba sru dènnya kantaka | anèng ing siti [si...]

--- 339 ---

[...ti] gumuling ||

13. rinêbat para jawata | Sang Hyang Endra mêksa sangêt tan eling | binêkta ngungsi Hyang Guru | tutup lawanging swarga | Prabu Dasamuka sabalanira nglut | arsa mangrurah Kaendran | anjêjarah bêboyongi ||

14. Bathara Narada Prapta | pan dinuta dènira Hyang Pramèsthi | mêthukkên sang yaksa prabu | wuwuse angrarêpa | dhuh putuku Rawana ingkang dibya nung | tuhu yèn jayèng buwana | sapa kang kaya sirèki ||

15. ing prang ngasorakên dewa | miwah Kumbakarna arinirèki | tuhu kyating rat pinunjul | ing jagad tanpa lawan | nanging aja kadêrêng ing tyas andarung | krura mrih ngrusak sawarga | dinukan ing Hyang Pramèsthi ||

16. dene kang dadi tyas sira | Widawati ing suralaya sêpi | maksih nèng marcapada wus | nuksma putri Manggada | nora kêna sira pikir siji iku | ing mêngko pan wus kagarwa | marang Prabu Maèspati ||

17. iki sira pinaringan |

--- 340 ---

widadari lirune Widawati | Dèwi Tari luwih ayu | atmajèng Batharendra | arinira Kumbakarna iya sinung | pratandhane jayèng yuda | apsari Dèwi Kiswani ||

18. nadyan silih arinira | Wibisana pan iya dèn paringi | jodho dènirèng Hyang Guru | Dèwi Triwati endah | katri pisan padha adining swarga gung | lah ta wis sira mundura | sawadyabalanirèki ||

19. suka muktia nèng praja | sakadangta manungkua ing rêsmi | Dasamuka duk angrungu | lingira Hyang Narada | langkung suka lan tumingal warnanipun | apsari katiga pisan | tuhu yèn samya yu luwih ||

20. katri sampun tinampanan | Dasamuka têngara budhal aglis | saking Kaendran wus mundur | kêbut sabalanira | kunêng marga nagri Ngalêngka wus rawuh | Sang Aprabu Dasamuka | laju ngadhaton jro puri ||

21. Dèwi Tari wus kagarwa | pan kinarya garwa pamungkas padmi | misesa jroning kadhatun |

--- 341 ---

angrèh garwa sadaya | dening Dèwi Kiswani kagarwa sampun | marang Arya Kumbakarna | dene ta Dèwi Triwati ||

22. kagarwa mring Wibisana | ari èstri kakangirèng wuragil | Sarpakênaka ranipun | pinaringakên marang | wil punggawa tampingan andêling kewuh | anama Karadusana | sudira prakosèng jurit ||

23. Sang Aprabu Dasamuka | miwah sira sang arya ari kalih | anggung dènira mong lulut | anèng purane samya | miwah sagung pra dipati punggawa gung | Ngalêngka kathah kang samya | antuk boyongan apsari ||

24. samya mukti ing asmara | suka-suka bela sukaning gusti | nutug mêmangan anginum | sagung diyu rasêksa | agung alit cipta jayanira nulus | tri buwana wus kandhapan | marang ing prabunirèki ||

25. ayya mungguh marcapada | para ratu yèn ana ingkang wani | dewa kasor ing prang sampun | Hyang Endra kapicondhang | mila sami anutugi sukanipun

--- 342 ---

nahan nagari Ngalêngka | kang anggung nginum mêmanis ||

51. Dhandhanggula

1. gantya ingkang winursitèng kawi | nênggih wontên gêmpalan carita | kadya sarêng ing lampahe | lan Dasamuka Prabu | nging carita kinarya gênti | wukir Jatisarana | nênggih kang winuwus | wontên êmpuning pandhita | kalih sanak tapanira anglangkungi | saking para pandhita ||

2. ingkang sêpuh pêparabirèki | Wiku Suwôndagni kang taruna | Wiku Jamadagni rane | nanging seje ing laku | ingkang sêpuh ambêgirèki | nêtêpi kapandhitan | tyasirarja nulus | sêmbada pêkik warnanya | ingkang rayi gagah prakosa gêng inggil | pinandhita prawira ||

3. tan arsa don nèng dhèpokirèki | agung lêlana jajah wanarga | tansah amikul langkape | yèn myarsa para ratu | mangun aprang enggal dhatêngi | kang asor tinulungan | linalar liripun | purwaning prang sapa ingkang | akarya wit yèn tan anut rèhirèki | rinêmuk ing ayuda [ayu...]

--- 343 ---

[...da] ||

4. miwah lamun miyarsa para ji | tuwin para pandhita kang samya | prawira tinêkan age | pan ingajak prang pupuh | nanging datan ana kang wani | lumawan ing ayuda | jrih kadibyanipun | miwah gênging langkapira | tanpa sama mila pêparabirèki | Wiku Ramabargawa ||

5. iya manut gênge kang jêmparing | bargawastra ing rat tanpa sama | miwah guna widibyane | saking praja gung kasub | lamun wiku lampah prajurit | pae lawan kang raka | Sang Swandagni Wiku | nêtêpi kapandhitannya | anèng dhepok gung ulah puja sêmadi | punika kang winarna ||

6. darbe putra jalu mung kêkalih | ingkang sêpuh pan sampun diwasa | Radèn Sêmantri namane | pêkikira kalangkung | môndraguna prawira sêkti | pasang limating[2] krama | ing wêweka putus | apan nora môntra-môntra | lamun trahing pandhita wijiling wukir | ambêge sinatriya ||

7. asring dadya kidunging kênya di | nanging Rahadèn Swandagniputra [Swandagnipu...]

--- 344 ---

[...tra] | têbih marang dyah karsane | saking kasêngsêmipun | dènira mrih guna kasêktin | subrata mati raga | kang cinipta amung | kaprawiraning ayuda | datan arsa tulak lampahing maharsi | kapencut moring praja ||

8. sakan[3] alit dènnya mati ragi | atêtapa namung amrih dibya | dinulur kaprawirane | dening jawata sinung | cakra agêmirèng ajurit | sanjata dining swarga | pamunahing satru | ingkang rayi mijil ditya | salah rupa ing rama sinung kêkasih | Rahadèn Sukasrana ||

9. duk laire binuwang wanadri | ingkang rama sangêt merangira | de putra salah kadadèn | binuwang pinrih lampus | jroning jurang parang tur curi | grêng ori pinggir jurang | pêpèrènge parung | yèku wana pangalapan | gèn drubiksa janma mara janma mati | tan ana wani ngambah ||

10. nanging Sukasrana nora mati | pirang taun anèng wanapringga | diwasa tan mundhak gênge | kulit ajêruk purut | ulês cêmêng [cê...]

--- 345 ---

[...mêng] yayah minangsi | waja ngringih ngri pandhan | mringis sarta ampuh | irung têmpak bathuk banyak | netra lêkok gulu cêndhak pundhak kêpis | rambute arang abang ||

11. gigir wusu wungkuk bokong nyanthik | nyakathakan pekoh pupunira | bèkèl tur bodong wudêle | yèn ngucap grawul-grawul | pêgat-pêgat nanging prak ati | ala ratuning ala | saruning asaru | wil bajang kèh cacadira | suprandene maksih kaduman prak ati | wantune trahing tapa ||

12. ingkang rama kepyan jroning galih | tan kaduga mrih patining putra | ragi pakering batine | wruh lamun putranipun | kinasihan ing Hyang Pramèsthi | wus sinung kaluwihan | nênggih siyungipun | sor upas mandining sarpa | lawan sêkti bisa manjing agal alit | saking matênging tapa ||

13. lamun kangên ing kakangirèki | dalu praptanira ing pratapan | nora kawruhan ing ngakèh | lamun raina wangsul | mring kayanganira [kayangani...]

--- 346 ---

[...ra] wanadri | sagunging brêkasakan | sadaya angratu | marang Radèn Sukasrana | duk samana sang pandhita kang winarni | lagya nimbali putra ||

14. praptèng ngarsa Rahadèn Sêmantri | ingkang rama alon angandika | babo putraningsun anggèr | wus lawasira iku | gonira mrih guna kasêktin | ing jaya-kawijayan | kaya ta wus tutug | bêcik sira ngawulaa | ing narendra warnanta iku rêspati | pantês amor ing praja ||

15. nora pantês mawiku nèng wukir | ingkang putra umatur anêmbah | pukulun ing sadèrènge | tuwan ngandika sampun | ulun gadhah cipta ing batin | marmanta dèrèng angsal | ratu kang pinunjul | kang dados sênênging driya | ratu ingkang sinêmbah samaning aji | kang ambêg santa budya ||

16. lawan ingkang prawirèng ajurit | angungkuli kaprawiran kula | ing guna myang kasêktène | lan kaping kalihipun | kang kuwawi ing prang nadhahi | boting sanjata cakra | nênggih [nêng...]

--- 347 ---

[...gih] tibanipun | punika lamun wontêna | sayêktine kawula purun angabdi | nêmbah angèstupada ||

17. ingkang rama mèsêm ngandika ris | luwih angèl kulup karsanira | ngawula nôndha kasêktèn | yêktyarang para ratu | ing ayuda ingkang nimbangi | guna kaprawiranta | lawan kang tumangguh | anadhahi cakranira | basa cakranira nugraharsa yêkti | mukyaning sarotama ||

18. nadyan dewa ing suralaya jrih | anadhahi marang cakranira | ayya kang manusa manèh | ditya rêksasa diyu | ingkang têguh prawira sêkti | nadhahi cakranira | yêkti têmah lêbur | ewamangkono ya ana | ratu siji kulup kang kêlar nadhahi | tibaning cakranira ||

19. namung Ratu Agung Maèspati | Maha Prabu Arjunawijaya | Sasrabau pêparabe | yèku ratu piturun | môngka tapa babuning bumi | jawata ngejawantah | kang sun tutur iku | minôngka musthikaning rat | panuksmaning Bathara

--- 348 ---

Suman prajurit | ing jagad tanpa timbang ||

20. nora ana ratu sura sêkti | kabèh kasor ngasmara dilaga | rantas ingkang rawe-rawe | dhomas ratu gung-agung | kang kasaban dhamparirèki | nora kalawan aprang | panungkulira lus | dènira kongkulan dana | myang susila panungkulirèng para ji | ing batin puruhita ||

21. saking sêngsêm bawaning narpati | sihing bala gung ngulawisudha | andina dana dadare | dhomas ratu gung-agung | durung ana kinarya patih | ciptaningsun ing driya | pêsthi yèn sirèku | kang dadi wrangkaning nata | môngka kondhangira Prabu Maèspati | pêsthi ngrat pramudita ||

22. sêdhêng sira sumiwi saiki | kaparêng Prabu Arjunasasra | lagya sungkawèng driyane | ngupaya garwanipun | sori ingkang sayogya padmi | wus akèh para raja | atur putri ayu | tan ana ingkang kinarsan | pan anganti panuksmanira Dèwi Sri | panggiha jakalara ||

--- 349 ---

23. pan ing mêngko Kusuma Dèwi Sri | nuksma anèng putri ing Manggada | durung mangsane dhaupe | Dèwi Sri lawan Wisnu | marga nganggo prang gêdhe benjing | mêngko nagri Manggada | kinêpung ing mungsuh | ratu agung ing Widarba | purwaning prang panglamarira tinampik | dadyarsa amasesa ||

24. iku besuk wêkas ingsun kaki | yèn tinampan pangawulanira | tumanggaha ing karsane | lumakua kautus | mring Manggada mundhut sang putri | praptèng prang sumanggupa | pasthi nora wurung | kênane putri Manggada | myang sirnane mungsuh pan kalakon benjing | aja kang mungguh sira ||

25. nadyan kongkonana bocah cilik | yèn wit saking Sri Arjunasasra | pêsthi yèn ngêntasi gawe | ujar wus jodhonipun | nadyan lêta sagara agni | tan wurung panggihira | Sri kalawan Wisnu | hèh kaki ayya sumêlang | suwita ring Maha Prabu Maèspati | wajib èstunên pada ||

26. mêksih ana ambune sayêkti |

--- 350 ---

Sri Arjunasasra lawan sira | tuwa ing kana awune | cilik kalawan agung | lagya sanak misan sayêkti | Prabu Arjunasasra | kalawan sirèku | padha trah Bathara Maya | dene Maha Prabu Kartawirya nguni | lan ingsun naking-sanak ||

27. eyangira Wiku Wisanggêni | sadulure lan Prabu Hèriya | putrèng Hyang Dewasanane | ya Dewangganasunu | putraning Hyang Dewangkarèki | putrane Hyang Karaba | iku putranipun | dene Hyang Rawiyatmaja | Hyang Rawiyatmaja putra Bathara Ri | putrane Sang Hyang Maya ||

28. dadi sira lan Sri Maèspati | turun sanga saking Sang Hyang Maya | nanging wêkas ingsun anggèr | aja pisan sirèku | anglabêti rumôngsa maksih | mambu santanèng nata | murungakên laku | tulusêna cilikira | mung katona yèn tuhu wijiling wukir | dhasar nyata kawula ||

29. nora susah sira angakoni | lamun maksih santananing

--- 351 ---

nata | besuk pan katara dhewe | Sang Prabu Sasrabau | lah akunên dewanirèki | yêktine dhasar dewa | panjanmaning Wisnu | sadina iki mangkata | ingsun jurung ing puja lawan sêmèdi | aja sira wêwarta ||

30. iya marang arinira kaki | bok kêlayu angribêdi marga | saiki bêcik dinane | parêng lan tanggalipun | angawula yêkti antuk sih | kang putra duk miyarsa | linging ramanipun | mèsêm tyas kadya sinêkar | nêmbah matur yèn tuwan sampun jurungi | ulun inggih sandika ||

31. suwita ring Prabu Maèspati | ingkang rama alon angandika | iya wis mangkata radèn | nanging ta wêkas ingsun | poma sira dèn ngati-ati | aja kurang prayitna | suwita ing ratu | Sang Prabu Arjunasasra | ratu punjul luwih gawat luwih wingit | tan kêna ginagampang ||

32. wus mangkana Rahadèn Sêmantri | nêmbah ngaras padaning kang rama | linilan lajêng angkate | lampahira andarung | mudhun saking aldaka prapti [pra...]

--- 352 ---

[...pti] | madyaning wanawasa | pratapan kapungkur | tan ngetang pringganing marga | drênging karsa ing lampah kadya ge prapti | Maèspati nagara ||

33. yayah kadya brôngta ing pawèstri | Radèn Sêmantri ciptaning driya | kaya ngapa ta warnane | bakale gustiningsun | kang sinêmbah dening para ji | iya ingkang pêparab | Prabu Sasrabau | dene ta kaliwat-liwat | kangjêng rama dènnya ngadèkkên nèng bumi | Prabu Arjunasasra ||

34. ora wurung ingsun tôndha benjing | gunaning prang apa baya kêlar | nadhahi cakraku bote | dene ta pamèt ingsun | duk sinungan nugraha saking | Sang Hyang Jagad Pratingkah | pan wus jangjinipun | ratu sangisoring wiyat | nadyan dewa nora na kêlar nadhahi | tibaning cakraningwang ||

35. pan mangkana ing samargi-margi | Radèn Sêmantri ciptaning driya | nêngêna wau lampahe | gantya ingkang winuwus | sang aprabu ing Maèspati | kang wus kasumbagèng rat [ra...]

--- 353 ---

[...t] | karatone punjul | Sri Maha Arjunasasra | sinêmbah ing para ratu sura sêkti | dhomas kang ngèstupada ||

36. tuhu tanpa sisihan nèng bumi | sasat bathara ing ariloka | ing kaprabon prabawane | sêmbada pêkikipun | Sang Hyang Asmara bawana di | kasor timbanging warna | miwah cahyanipun | sasat sunaring baskara | tan kuwawa wadya kang dinuk ing liring | kang mulat kaulapan ||

37. miwah srining pura Maèspati | sasat purastha ing giriloka | jro pura uparênggane | sajuga cacadipun | dene prabu tan darbe sori | dadya langêning pura | sêmune asamun | dhomas ingkang para raja | samya darbe tur-atur putri yu luwih | kadang myang sutanira ||

38. nanging sang prabu ing Maèspati | dahat dènnya dèrèng arsa krama | anganti sri panjanmane | lami dèrèng dumunung | dahat lalu saking panganti | mila sri maharaja | gung dènnya mangun kung | tilar dhahar lawan nendra | duk samana

--- 354 ---

sri bupati anêkani | wiyoga tiwikrama ||

39. minggah pahoman nungku sêmadi | yayah wikrama sajroning puja | jawata prasamya gègèr | mêlanging tyas Hyang Guru | dene Wisnu dahat prihatin | Narada wus dinuta | aparinga pemut | tumurun mring marcapada | pan anjujug jro kadhaton Maèspati | ing gyan muja sri nata ||

52. Sinom

1. praptane Rêsi Narada | gumuyu abêlik-bêlik | wuwuse sarwi ngêngudang | dhuh putuku wong asigit | wong bênthing minthing-minthing | wong abagus sêgus-sêgus | dene kapati brôngta | dumèh durung duwe sori | ingkang pantês mêngkua sajroning pura ||

2. pan salagi durung môngsa | kumpule Wisnu lawan Sri | kari sasiliring bawang | wis kaki luwarên aglis | brangtanirèng sêmadi | yayah wikramèng panêkung | karya marasing dewa | sanadyan Sang Hyang Pramèsthi | mêlanging tyas de sira kapati brôngta ||

3. mêngko sun tuturi

--- 355 ---

sira | panjanmanirèng Dèwi Sri | dumunung anèng Manggada | nuksmèng Rêtna Citrawati | putri kalokèng bumi | ing pramudita pinunjul | padha bae lan sira | brangtaning tyas Citrawati | iya nganti panuksmanira Kesawa ||

4. nuli sira utusana | marang ing Manggada nagri | karana kèh para raja | ing mêngko kang padha amrih | marang Dyah Citrawati | pira-pira para ratu | prapta nagri Manggada | anglamar kabèh tinampik | nanging para ratu sêdyane masesa ||

5. wus pinasthi nora kêna | lamun panjanmaning Êsri | ing ngêndi gon dumununga | pinarbutan ing para ji | ujar sang danawa ji | duk maksih nèng swarganipun | tan wus pangarahira | marang Kusuma Dèwi Sri | barêng Wisnu lawan Sri padha anjanma ||

6. atmane sang ditya raja | tumutur milu anitis | marang sagung para raja | sawadyanira tan kari | mulane kang para ji | padha adrêng karêpipun | sarta lawan masesa | marang panuksmaning Êsri | kapanjingan iku atmaning [a...] ||

--- 356 ---

[...tmaning] danawa ||

7. mulane pitutur ingwang | sira utusana nuli | mundhut putri ing Manggada | yèn durung nèng Maèspati | sayêkti kang para ji | tan wus ing pangarahipun | pan môngsa kalakona | mêngku panuksmaning Êsri | nanging karya barusahing para raja ||

8. wusnya ngling Rêsi Narada | musna marang awiyati | Sang Prabu Arjunasasra | cumêplong tyasnya miyarsi | luwar saking sêmadi | ngrasuk busana kaprabun | mijil jawi sineba | ing sagung para narpati | pêpak andhèr satriya lan pra dipatya ||

9. têdhake sri maharaja | ginarêbêg para cèthi | lunggyèng singasana rêtna | kucêm sagung kang anangkil | tanpa ujwala sami | lir sudama lan sitèngsu | kang para ratu dhomas | kontap sunaring hyang rawi | sinasmitan nêmbah majêng ngarsa nata ||

10. Sang Prabu Arjunasasra | pangandikanira aris | marang Narapati Soda | pangarsaning pra narpati | sira apa miyarsi | Sri Manggada putrinipun | kalokèng [kalo...]

--- 357 ---

[...kèng] pramudita | diwasa tan arsa krami | pinarbutan dening para raja-raja ||

11. umatur Narpati Soda | pukulun inggih miyarsi | Manggada Sri Citradarma | ratu ambêg pandhita di | nanging sampun ngêmasi | Sri Citradarma pukulun | putranipun taruna | kang gumantya narapati | prawirèng prang nama Radèn Citrasana ||

12. pambajêngira wanodya | nama Rêtna Citrawati | diwasa tan arsa krama | pinarbutan ing para ji | malah ing mangke maksih | Natèng Widarba pukulun | tugur nagri Manggada | panglamaripun tinampik | nanging Natèng Widarba nêdya masesa ||

13. Sang Prabu Arjunasasra | kapitèng tyasnya miyarsi | yèn mangkono para raja | padha dhawuhana nuli | samakta ing ajurit | sun arsa tulung prang pupuh | marang Natèng Manggada | dèrèng tutug dènira ngling | pan kasaru Rahadèn Sêmantri prapta ||

14. miyak sagung kang sewaka | jumujug ngarsa narpati | cakêt sangarsaning dhampar | ngungkurakên [ngung...]

--- 358 ---

[...kurakên] kang para ji | tumungkul dènnya linggih | cingak sagung kang andulu | narka nunggil panuksma | lan gustine sri bupati | kang sawênèh anduga lamun santana ||

15. dene miribe kang warna | jambe nom pinara kalih | sêdhênge kaka sumêngka | lan gustine sri bupati | wênêsing cahya sami | tunggiling panyiptanipun | sagunging para raja | narka yèn sudara yêkti | mila sami kinèndêlakên kewala ||

16. Sang Prabu Arjunasasra | pangandikanira aris | bagea kang lagi prapta | sapa ta namanirèki | prapta nèng ngarsa mami | ing ngêndi kawijilamu | lan sapa kang ayoga | warnamu bagus rêspati | mung cacade têka kurang parikrama ||

17. prapta tan nganggo larapan | miyak sagung kang anangkil | lah ta apa sêdyanira | jumujug ing ngarsa mami | Sêmantri duk miyarsi | ing timbalan sang aprabu | ngrasa kadudonira | umatur saha wotsari | angrarêpa dhuh gusti sri maharaja ||

18. mugia [mu...]

--- [0] ---

Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 40-52): Citra 2 dari 2
Para raja: Soda, Kalinggapati, Côndrakètu, Suryakètu, Radèn Sêmantri

Prabu Arjunasasra

--- 359 ---

[...gia] dèn apuntêna | salah solahe kang abdi | rèhning wukir kirang praja | sunya kramaning nagari | kawula pun Sêmantri | nistha kawijilan ulun | papa kawêlasarsa | wukir sangkanipun alit | kang ayoga Maharsi Jatisampurna ||

19. milamba prapta sumewa | ing ngarsa jêng sang siniwi | sumêdya angèstu pada | anglêbur tapaking gusti | Sang Prabu Maèspati | miyarsa mèsêm ing kalbu | alon dènnya ngandika | ya liwat tarima mami | sira sêdya ngawula belani papa ||

20. nanging ta ingsun pasaja | manawa kaduwung wuri | sira suwita maringwang | apa kang sira pengini | liring wong sumêdya mrih | pêrak panjênêngan ratu | sayêkti arsa mulat | ing tindak utama yêkti | kale luput kabèh ingkang sira sêdya ||

21. mrih mulya tan antuk arja | mrih tama nistha pinanggih | lah yaiku tuhuningwang | apa kang sira pengini | basa ing Maèspati | ênggone wong busuk-busuk | adigung adiguna [adi...]

--- 360 ---

[...guna] | sanakira kang para ji | gone padha kadêrêng asih maringwang ||

22. amung suka pawong mitra | pakumpulan mudha budi | Sêmantri matur tur sêmbah | botên nyupêna kang abdi | lamun manggiha singgih | dêstun mulya arjanipun | kang abdi kinarsakna | têngganing agêm turanggi | ingkang abdi satuhu wijiling nistha ||

23. paran ta lamun nyiptaa | ing kamulyan suka singgih | Sang Prabu Arjunasasra | rêsêp tyas sira miyarsi | mèsêm ngandika aris | ya liwat tarimaningsun | yèn sira kudu mêksa | angabdi ing jênêng mami | nêdya papa pirabara nêmu arja ||

24. hèh ta Narapati Soda | iki si adhi Sêmantri | nêdya milu papa sira | kanthinên tunggu nagari | gunging kang pra dipati | dèn samêkta ing prang pupuh | kabèh pan ingsun gawa | mring Manggada bantu jurit | duk miyarsa Sêmantri garjitèng driya ||

25. èngêt wêlinge kang rama | sigra matur awotsari | pukulun sri maharaja | de arsa tindak pribadi | bêbantu [bêba...]

--- 361 ---

[...ntu] ing ajurit | pintên gunging mêngsahipun | Narapati Manggada | sri bupati ngandika ris | Ratu Agung Widarba Darmawasesa ||

26. ngawulakkên para raja | mulane ingsun pribadi | nindaki bêbantu ing prang | Sêmantri matur wotsari | kalangkung nistha gusti | nindaki ing aprang namung | mêngsah Ratu Widarba | pintên wawrating ajurit | nadyan nuduh ing para ratu pangarsa ||

27. pan maksih kagêngên lampah | dêstun ratu kang pamingking | mêngsah ratu ing Widarba | asêdhêng tandhing ajurit | pukulun ingkang abdi | dahat saking kamipurun | lumaku ing sakarsa | saking kêdah anglampahi | ingayahan paduka sang binathara ||

28. ingkang bêbantu ngayuda | kenginga namung kang abdi | mêngsah ratu ing Widarba | sagêndhingipun ngajurit | sang prabu ngandika ris | ya liwat tarimaningsun | Sêmantri prasêtyanta | nanging sun kudu nindaki | krana abot mungsuh ratu ing Widarba ||

29. Sêmantri drêng aturira | parêng tan parênga gusti | kang abdi

--- 362 ---

tur pêjah gêsang | mêksa kêdah anglampahi | ngayahan magut jurit | namung paringa pukulun | panakawan satunggal | dadosa tingaling jurit | sri narendra mèsêm ngunadikèng driya ||

30. apan ta sarwi anyawang | wangunanirèng Sêmantri | sêmune sêdhêp wilêtan | bagusing pamulu wingit | tejane têtêg titih | jatmika utamèng têmbung | kaya kalamun bisa | ngênakkên ing karsa mami | nora nistha yèn dadia wakil ingwang ||

31. dhasar trah wiku utama | dhasare angrêspatèni | pantês tuhuning prawira | pêsthi angêntasi kardi | dadya ngandika aris | lah iya yayi sun turut | apa sakarsanira | kudu lumaku sun tuding | bantu ing prang nanging sira anganggoa ||

32. sakapraboning narendra | dadia sêsulih mami | sun kanthèni catur raja | dadia kondhangirèki | Prabu Kalinggapati | Suryakètu Côndrakètu | lan Nata Wisabajra | nanging sira senapati [sena...]

--- 363 ---

[...pati] | papat iku anjagani sarèhira ||

33. besuk dadining ayuda | yaiku adunên sami | lamun ana pakonira | môngsa na kang nêdya urip | lamun tiwasing jurit | sayêktine têmah lêbur | hèh Prabu Wisabajra | miwah Sri Kalinggapati | Côndrakètu lawan Suryakèturaja ||

34. besuk padha dèn samêkta | sakapraboning ajurit | ingsun kanthèkakên sira | lakune yayi Sêmantri | bêbantu ing ajurit | poma kabèh wêkas ingsun | sira padha anuta | sarèhe yayi Sêmantri | bênêr luput sapakone lakonana ||

35. angrèh sajroning ayuda | miwah ing sakarsa mami | marang ratu ing Manggada | wusa ing yayi Sêmantri | kapat sandika sami | sri narendra nulya kondur | lumêbèng dhatulaya | bubar sagung pra dipati | Dyan Sêmantri binêktèng Narpati Soda ||

36. ing dalu datan winarna | enjing Rahadyan Sêmantri | apan sampun [sa...]

--- 364 ---

[...mpun] pinaringan | busana saking jro puri | makutha binuka sri | badhong tinundha pindha krun | binintang ciri cakra | gêlang kana anting-anting | apan sami agêmira sri narendra ||

37. lawan rata nawa rêtna | myang wadya kang magêrsari | prajurit jro pinilihan | anom-anom mung sakêthi | aglar nèng pôncaniti | miwah narapati catur | sadaya wus samêkta | sakapraboning ajurit | pan anganti timbalan sri maharaja ||

38. sigra sami ingandikan | lumêbêt sajroning puri | praptaning ngarsa narendra | cingak wong sadalêm puri | mulat sang môngka wakil | jumbuh lawan sang aprabu | kêmbar rupa myang swara | sasolah-solahe mirib | caplêk pantês kalamun dadya sudara ||

39. kawuri sagung narendra | tan ana ngundha usuki | Sang Prabu Arjunasasra | mèsêm angandika aris | hèh ta yayi Sêmantri | sajatine karsaningsun | apan ta rong prakara |

--- 365 ---

kang dadi lakunirèki | ingkang dhingin iya bêbantu ngayuda ||

40. kapindho putri Manggada | Rêtna Dèwi Citrawati | yèn sarta arjaning lampah | ingsun durung duwe sori | kênane saka aris | môngsa bodhoa sirèku | mrayoga mrih sêmbada | ingkang dadi karsa mami | aja pisan katon kalamun masesa ||

41. lah wis padha umangkata | sun nora mêmêkas maning | muga rahayuwèng lampah | sandika ingkang sinung ling | sarêng dènnya wotsari | mêdal saking jro kêdhatun | praptèng jawi têngara | obah sagunging prajurit | para ratu kapat wus nganthi kang bala ||

Catatan kaki:

1. Rawatmêja (kembali)
2. limpating (kembali)
3. sangkan (kembali)