Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 53–65)

Judul
Sambungan
1. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 01–12). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 13–24). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 25–39). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 40–52). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
5. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 53–65). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
6. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 66–81). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
7. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 82–101). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 01-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

53. Kinanthi

1. budhal kang dadya panganjur | Narpati Kalenggapati | ngadhangkrang munggèng ratangga | mukatha bêlah buka sri | gêng inggil rowa birawa | sarira kadya minangsi ||

2. godhèg wok bris brêngos têpung | sumingkal jêmbrung kang alis | simbar jaja wulu wawar | ngêngrêng gumriyêng ngajrihi | sasat sarupèng danawa |

--- 366 ---

waja blah pêtêng netyandik ||

3. songsong laring dhandhang wulung | pinalipit sêsotya di | tunggul lêlayu bandera | langking sadaya ciniri | ditya krura ngundha dhêndha | drêsing pawana lumindhih ||

4. kêlabing lêlayu tunggul | barung bêgoring gong bèri | kadya panggrênging rasêksa | molah ngundha-undha bindi | anèng bandera kruraya | gumuruh wadyanira sri ||

5. sadaya samya gul-agul | galak solahing lumaris | kadya angsahing ayuda | ing wuri ingkang nambungi | Narapati Wisabajra | nitih rata jong bangun jring ||

6. asongsong êlaring ulung | sinêlap sinêling-sêling | agagah kadya mèh kêmbar | lawan Sri Kalenggapati | samya godhèg simbar jaja | mung kaot balengah kuning ||

7. gumrêdêg barise tarung | kêrêng sêrênging lumaris | tunggul lêlayu bandera | kababar sadaya ciri | wre krura mutêr mandira | kentar drêsing angin-angin ||

8. lir kruraning wre satuhu | nèng bandera [bande...]

--- 367 ---

[...ra] mangap angrik | mamolah mutêr mandira | kêtêre anggêgêtêri | Sêmantri nambungi wuntat | anitih rata rinukmi ||

9. winarna pinadapèng rum | rêngganing rata tulya sri | asongsong laring manyura | pinalingsir mas inganggit | mirah rineka tranggana | kang minăngka sêkar kanthil ||

10. inganggit lawan jumêrut | kumênyar tejane kadi | wangkawa ngawêngi rata | linud ing lintang sinuji | sênggani srining busana | wadya kang amagêrsari ||

11. lir panjrahing puspita rum | mangsanira bangun katri | bandera ciniri cakra | tunggul daludage sami | pinindha krun kang minulya | tan kajog tyasing prajurit ||

12. miwah sagung para ratu | umiring Radèn Sêmantri | rakiting rumêksèng marga | sasat umiring ing gusti | sumrêg sêngkut lampahira | ing wuri ingkang nambungi ||

13. Suryakètu Căndrakètu | kêmbar punika narpati | dhangah samya munggèng rata | pantês wanguning prajurit | gumuruh

--- 368 ---

wadyabalanya | Sang Aprabu Maèspati ||

14. aningali munggèng panggung | lampahe Radèn Sêmantri | ginarêbêg para raja | miwah sagunging prajurit | tuhu yèn nora kuciwa | kinarya wakil nguwisi ||

15. tejane wênês sumunu | seje lan para narpati | mangkana ing lampahira | cinêndhak lamining margi | prapta jajahan Manggada | mantri tampingan tur uning ||

16. marang gustinira lamun | wontên raja duta prapti | saking Sri Arjunasasra | Ratu Agung Maèspati | kang măngka mukyani duta | nama Rahadyan Sêmantri ||

17. dinutèng Sri Sasrabau | mring paduka bantu jurit | kathah para raja-raja | kang umiring lampahnèki | Narapati Citragada | kapitèng tyasnya miyarsi ||

18. Patih Sêmbada ingutus | miwah sagung pra dipati | mêthuk sajawining kitha | Prabu Citragada maksih | anganti nèng sitibêntar | rêkyana patih wus prapti ||

19. sajawining kitha tundhuk | ing

--- 369 ---

ngarsa Radèn Sêmantri | ngulap-ulap cahyanira | ngrêrêpa matur wotsari | suwawi anggèr lajênga | tumanduk jroning nagari ||

20. rayi paduka sang prabu | ngantosi nèng păncaniti | Sêmantri mèsêm sasmita | ing wadya budhalira glis | lumirit manjing jro pura | dadya tontonan samargi ||

21. srining marga tan winuwus | lampahe para narpati | ngambah lêlurung nagara | tinata rakiting baris | eram wong Manggada mulat | srining bala Maèspati ||

22. sagung ingkang para ratu | ing alun-alun wus prapti | tumurun saking wahana | miwah Rahadèn Sêmantri | Narapati Citragada | mudhun saking ing sitinggil ||

23. mêthuk têpining têtarub | tundhuk lan Radèn Sêmantri | ngrarêpa nambut astanya | langkung dènnya ngacarani | kinanthi binêkta minggah | sitinggil binata rukmi ||

24. miwah sang narpati catur | satata wus samya linggih | Narapati Citragada | ngrêrêpa aturirèki |

--- 370 ---

kawula botên nyupêna | tamuan dutaning gusti ||

25. kêpyuring manah kalangkung | rumaos yèn tampi rukmi | Sêmantri mèsêm lingira | prapta kawula puniki | miwah raka-raka para | catur raja pan tinuding ||

26. dening gusti sang aprabu | ambantoni ing ajurit | kapyarsa yayi narendra | saking nagri Maèspati | mêngsah ratu ing Widarba | ragi karoban ing tandhing ||

27. jêng gusti marma kalangkung | lah ing mangke kadipundi | yêktine mêngsah andika | Citragada turira ris | wontên sajawining kitha | gènira apacak baris ||

28. sayêkti ing nguni sampun | Manggada kinêpung kikis | dene undure punika | awit saking pun apatih | rêmbag sinăngga ing krama | têmah kawula turuti ||

29. saking budi wus kabutuh | amrih ombèra sakêdhik | dene ta panglamarira | saèstu lamun tinampik | kakang bok sampun pratignya | linampu tumêkèng pati ||

--- 371 ---

30. mangkya gusti sang aprabu | marma ing dasih kaswasih | paring bêbantu ngayuda | sasat amurungkên pati | wèh ayuning sanagara | lan kawula wus prajangji ||

31. sapraja sarênga tumpur | lamun winasesèng jurit | bela kangbok prasêtyanya | gumujêng Radèn Sêmantri | puniku sampun kapyarsa | saking nagri Maèspati ||

32. prasêtyane yayi prabu | miwah rakanta sang putri | yayi pasaja kewala | kajawining bantu jurit | kang dados lampah kawula | karsane sri narapati ||

33. yèn sami panujonipun | raka paduka sang putri | kinarsakakên kagarwa | ngadhatona Maèspati | jêng gusti sri maharaja | mapan dèrèng darbe sori ||

34. sampun kathah para ratu | ingkang samya atur putri | tan wontên ingkang kinarsan | dahat têbih ing pawèstri | apan ta lagi punika | mring rakanta sang rêtna di ||

35. kadêrêng ing karsanipun | lamun angagêma sori | Sang Aprabu Citragada [Citra...]

--- 372 ---

[...gada] | dhêku dènira nauri | mugi ta kalampahana | ing karsane sri bupati ||

36. kawula sèwu jumurung | malah ta gadhah punagi | yèn kangbok ngantos kagarwa | ing gusti sri narapati | kawula tumut suwita | nanging sapunika ajrih ||

37. ing karsane sang aprabu | yèn mangsulana nyampuni | sasat umatur pasaja | inggih dhatêng kang nglampahi | Sêmantri alon lingira | puniku wuwus kang pêsthi ||

38. sanadyan gusti sang prabu | ing karsa sakaning aris | botên sumêdya misesa | Sri Manggada ngling mring patih | hèh Sêmbada aturana | gustimu makuwon sami ||

39. Sri Manggada nulya mundur | wau Rahadèn Sêmantri | tuwin sagung para raja | wus samya makuwon sami | lan sawadyabalanira | anèng taman rarasati ||

54. Mijil

1. kunêng gantya wau kang winarni | kusumèng kadhaton | nênggih Natèng Manggada kadange | kasub ing rat yèn putri linuwih | Rêtna Citrawati | sajagad pinunjul ||

--- 373 ---

2. langên-langêning pasir myang wukir | wus ilang nuksma mor | marang putri Manggada langêne | langên-langêning bumi myang langit | ngumpul dadi siji | marang sang dewa rum ||

3. miwah kêmbang-kêmbanging sabumi | sarine tanpa don | yayah muksa kabèh wêwangine | ngumpul marang ing Dyah Citrawati | tuhu panuksmaning | sri sadewaning rum ||

4. pan ing nguni wus kawêtu saking | kidung sang lir sinom | Bathara Brama kasor garwane | Dèwi Ratih miwah Rarasati | pantês awotsari | mring sang dewaning rum ||

5. duk samana sang raja pinutri | lagya sru wirangrong | dene ingkang rama nyar sedane | ingkang rayi duk jumênêng aji | gung orêm prajèki | wit sariranipun ||

6. ingkang karya rudahing nagari | kathah para katong | kang samya mrih marang sarirane | anglêlamar tan kêna tinampik | sêdyane para ji | misesèng prang pupuh ||

7. mila dahat rêncakaning galih | risang kadi

--- 374 ---

sinom | siyang dalu mung ngèsthi patrême | yèn tan antuk sihing jawata di | wangsite kang pasthi | jatukramanipun ||

8. panuksmaning Sang Hyang Wisnumurti | kang tansah dèn antos | pan ing nguni pêsthi ubayane | sagah lamun anjanma manitis | marang Maèspati | gènira dumunung ||

9. anuksma ring Arjunasasra di | adhuh dewaningong | apa baya wurung panjanmane | yèn sidaa gonira manitis | lawase samangkin | sayêkti wus timbul ||

10. dahat lalu gon ingsun anganti | apa baya goroh | yèn wurunga iya panjanmane | sayêktine yèn aparing wangsit | iki sêpa-sêpi | jro panendra suwung ||

11. baya nora supêna ing latri | pangajapan ingong | lamun dahat kaswasih dasihe | sêsêngkêran wus dèn sêsawèni | pinrih ing para ji | gung dèn arubiru ||

12. dhuh pangeran pangajapan mami | yèn tan nuli rawoh | bokmanawa katrucut cèthine | siyang

--- 375 ---

dalu wus angèsthi pati | patrêm gung pinusthi | myang maturun apuy ||

13. duk samana ing dina sawiji | minggah sang lir sinom | mring pahoman ingobar dupane | pan anungku ing puja sêmadi | anjuming pangèsthi | ngêningkên pandulu ||

14. yayah mati sajroning aurip | urip jroning layon | ingkang urip mung osike bae | nora mosik bisa ngosak-asik | trusing pitung bumi | pitung wiyat putus ||

15. pangatase ing cipta matitis | otêr sru kuwatos | pra apsari wuyungan gègère | Sang Hyang Guru mêlang jroning galih | dening sri prihatin | Narada ingutus ||

16. asung pemut marang sang rêtna di | Narada nulyanjog | saking wiyat sarya sru guyune | babo putoningsun wong rêspati | dene ta kapati | dènira nahên kung ||

17. sabên dina ngayam-ayam pati | yèn kongsia layon | mendah baya besuk panggugate | kaki Wisnu marang awak [a...]

--- 376 ---

[...wak] mami | wis lumrahe nini | yèn putri pinunjul ||

18. pinarbutan ing sagung para ji | têmah prang rêrêmpon | ing akrama dadya pêpanggile | măngsa dak bisa amêngkoni |[1] marang sira nini | para ratu iku ||

19. liya saking Sang Hyang Wisnumurti | kang gadhuh praptèng don | mêngku marang sira satutuge | pan ing mêngko wus janma manitis | Hyang Kesawa maring | kang Sri Sasrabau ||

20. ratu agung nagri Maèspati | apan nora goroh | ing ubaya praptane samangke | wus jumênêng narendra linuwih | pan durung amisik | ing dyah jatinipun ||

21. iya nganti panuksmanirèng sri | kapanggiha wutoh | pan ing mêngko wus prapta dutane | kinèn têtulung bêbantu jurit | Rahadèn Sêmantri | prajurit pinunjul ||

22. iku besuk kang ngêntasi kardi | aja walangatos | pasthi Natèng Widarba sirnane | ing ayuda de Radèn Sêmantri | wus kariya nini | manira mit mantuk ||

--- 377 ---

23. aja-aja mêlang tyasirèki | tuhunên jar ingong | wusira ngling Narada nulya ge | musna mantuk marang awiyati | Rêtna Citrawati | mudhar astanipun ||

24. luwar saking dènira sêmadi | duk lênggah sang sinom | pan kasaru kang rayi praptane | dyan ingawe ing kene ri mami | sun têtakon warti | kang rayi tumundhuk ||

25. ngaras pada sang dyah ngandika ris | babo ariningong | paran baya ing jaba wartane | jare ana raja duta prapti | dene sira yayi | kongsi tindak mêthuk ||

26. sapa ingkang duwe duta yayi | kang rayi wotsinom | dhuh kakangbok pan inggih dutane | ratu agung nagri Maèspati | ingkang abêbisik | Prabu Sasrabau ||

27. kang ginusti sagunging para ji | dhomas para katong | ingkang samya kasaban dhampare | kawuleram kakangbok ningali | dutane kang prapti | sakawan ratyagung ||

28. dene ingkang măngka senapati | satriya di kaot [kao...]

--- 378 ---

[...t] | nênggih Radèn Sêmantri namane | mêksih taruna warnane pêkik | lan kawula sami | kangbok sêpuhipun ||

29. praptanipun Rahadèn Sêmantri | tuwin para katong | pan dinuta dhumatêng gustine | mring kawula bêbantu ngajurit | pan sampun kapyarsi | ing Sri Sasrabau ||

30. lamun praja kawula ing ngriki | kinêpung ing mungsoh | Prabu Maèspati wus damêle | atêtulung ing sagung prihatin | kang sikarèng budi | sinatru sinêrtu ||

31. pan ing warti Prabu Maèspati | mêksih jêjaka nom | Hyang Asmara kuciwa baguse | miwah kaprawiraning ajurit | Sang Hyang Suryapati | sor prabawanipun ||

32. inggih sintên kangbok kang nimbangi | dibyaning palugon | ing ayuda yèn mêtu budine | rupa sèwu parbata pan bangkit | cacade sawiji | têbih ing dyah ayu ||

33. ratu dhomas prasamya tur putri | kang supaya kanggo | datan wontên kang kinarsakake | saking dèrèng [dè...]

--- 379 ---

[...rèng] antuk kang ningali | ingkang pantês dadi | sori padmènipun ||

34. malah mangke Prabu Maèspati | lêlamban kemawon | nadyan garwa paminggir tan darbe | karsanipun maksih angulati | kang pantês sinori | dadya timbangipun ||

35. siniwia salêbêting puri | pukulun kakangbok | amba matur sayêkti-yêktine | karsanipun Prabu Maèspati | dènnya bantu jurit | andarbèni kayun ||

36. mring paduka kalamun marêngi | sinori sayêktos | nanging botên misesa karsane | mung yèn samya panujuning kapti | kalamun tinampik | tan dadya tyasipun ||

37. kathah para ratu nguni-uni | kang nglamar kakangbok | tyas kawula masgul têbih bae | amung mangke Sang Sri Maèspati | yèn kangbok marêngi | tyas amba jumurung ||

38. sang kusuma mèsêm jroning galih | myarsa tur sang anom | lir carita dangu pangatêre | dènira mrih mlimping mirampingi | arapêt aramping [ara...]

--- 380 ---

[...mping] | winor lan panggunggung ||

39. panggunggunge ing Sri Maèspati | sêmune wus condhong | lamun nampènana panglamare | marang Ratu Agung Maèspati | nanging sang rêtna di | bratane sinamun ||

55. Asmaradana

1. kang rayi umatur malih | pan sarwi nungkêmi pada | adhuh kangbok kadang ingong | kang pasthi tan kêna owah | dununge sêmbah ingwang | gêgênti jêng rama prabu | tan lyan saking kadang tuwa ||

2. pan kawula kangbok darmi | mêngku nagari Manggada | paduka kang misesa ngrèh | mugi kangbok angemana | risake ing Manggada | anggung kadhayohan mungsuh | kêsêle manah kawula ||

3. magut prang tan dèn lilani | lamun awèt makatêna | kangbok paran wêkasane | tan wun risaking Manggada | mêngsah sangsaya wêwah | kawula sru kamipurun | suka lamun pêjahana ||

4. kenging botên kula turi | samangke anampènana | sri bupati panglamare | sêdhêng pan botên kuciwa | kangbok [kang...]

--- 381 ---

[...bok] sarira tuwan | kagarwa Sri Sasrabau | ratu kalêngkaning jagad ||

5. kawula yêkti umiring | dados panandhon paduka | ngawula ngèstupadane | ing Prabu Arjunasasra | nêmbaha botên nistha | dhuh kangbok sadulur ingsun | dhaharên atur kawula ||

6. yayah brăngta ing pawèstri | raose manah kawula | amiyarsa caritane | Sang Prabu Arjunasasra | suka maharjaning rat | tyas pindha ngulama mêrdu | ambêk santa budi darma ||

7. asih ing dasih kaswasih | dhomas ingkang para raja | rinêksa barang susahe | kinondhang kinadang-kadang | inganggêp tunggil darah | tinut ing sasukanipun | tur samya pinrih utama ||

8. mila sagunging para ji | sumuyud datan sumêlang | suka lêbur nèng ngarsane | suwita mrih puruhita | kêna barang sêdyanya | pangrèh saking gustinipun | miwah prawiraning yuda ||

9. puniku kapencut mami | suwita ratu utama | dene akathah bathine [ba...]

--- 382 ---

[...thine] | yèn paduka datan arsa | kangbok anampènana | marang Prabu Sasrabau | saking datan arsa krama ||

10. anggung arsa nganyut pati | kawulamu lilanana | angamuk mêngsah samangke | măngsa ta dadak ajriha | bela karsa paduka | sanadyan tumêkèng lampus | kawula sampun uninga ||

11. tumpêsa ing aprang dhingin | lêbura wor lawan mêngsah | sarêng wong sapraja kabèh | belani karsa paduka | sampun wontên sulaya | lan mêngsah sarênga gêmpur | saking tan bisa rumêksa ||

12. marang kadang tiwas mami | lêng nusula kangjêng rama | tan drêman jumênêng katong | sang kusuma duk miyarsa | lir jinait tyas sira | kang rayi sigra rinangkul | sang dyah pan sarwi karuna ||

13. adhuh woding tyas sun gusti | ayya ge sira mrih pêjah | ngamuk mungsuh ariningong | yèn wus pasthi karsanira | mring Sri Arjunasasra | iya yayi ingsun turut | pan wus wiyahe wong tuwa ||

14. anglakoni wirang isin | namung yayi

--- 383 ---

sok tulusa | iya jênêngira katong | mêngku nagara Manggada | ingsun yayi kang dadya | wadale kratonirèku | arjane wadya sapraja ||

15. yèn tuhu Sri Maèspati | dènnya mrih cèthi maringwang | ana ta panjaluk ingong | mungsuh ratu ing Widarba | iku dèn kalampahan | sirnane ing aprang pupuh | kapindho panjaluk ingwang ||

16. marang Prabu Maèspati | ingsun jaluk maru dhomas | kang padha putrining katong | têkaa nagri Manggada | măngka tukon sasrahan | wus dadya pratiknyaningsun | wis yayi nuli dhawuhna ||

17. marang duta Maèspati | mêngkono panjaluk ingwang | yèn kalakon samangsane | Sang Prabu Arjunasasra | pamundhute maringwang | aja kang ginarwa tuhu | nadyan kinarya parêkan ||

18. sayêkti ingsun lakoni | dene nora kalampahan | kang dadi panjaluk ingong | praptèng pati ingsun têmah | lumuh ingsun kagarwa | marang Prabu Sasrabau | pira laraning palastra [pala...]

--- 384 ---

[...stra] ||

19. cumêplong tyasnya miyarsi | Narapati Citragada | lênggah sarya lon ature | punika pan sampun lêga | raosing tyas kawula | kangbok wus gadhah pamundhut | kadi lamun kalampahan ||

20. pan kawula benjing enjing | kangbok mijiling ayuda | lan duta Maèspatine | magut prange wong Widarba | sang rêtna angandika | yayi aja sira milu | mijil prang asile apa ||

21. manawa tiwas ing jurit | kayaparan solah ingwang | bok anèng jro kutha bae | apan ana kang wus sagah | anyirnakakên mêngsah | duta Maèspati ihu[2] | pasrahna kono kewala ||

22. kang rayi bêngkuh nauri | emane Ratu Manggada | dhasare bakal kaipe | mring Prabu Arjunasasra | ratu kasumbagèng prang | dhasar warnane abagus | tur baranyak kasêmbadan ||

23. cacade wêdi ngêmasi | mendah baya ucaping dyah | sang rêtna rêngu wuwuse | lah ta minggata dèn enggal | wong dèn eman [e...]

--- 385 ---

[...man] tan kêna | têka dadak anggadêbus | kang rayi gumuyu latah ||

24. kang rayi mundur wotsari | sapraptanira jro pura | Sêmantri ngaturan age | lawan sagung para raja | prapta wus tata lênggah | samadyaning pandhapa gung | lingnya Prabu Citragada ||

25. pukulun kangbok wus kêni | saking ing atur kawula | nanging wontên pamundhute | mêngsah ratu ing Widarba | enggale sirnaning prang | ping kalih panuwunipun | ing gusti sri maharaja ||

26. maru dhomas para putri | praptaa nagri Manggada | kang minăngka sasrahane | Sêmantri mèsêm lingira | yayi Prabu Manggada | kawula ingkang tumangguh | pamundhute sang lir rêtna ||

27. sampun sumêlang ing galih | kados lamun kalampahan | Ratu Widarba sirnane | miwah maru putri dhomas | kawula wus linilan | dening gusti sang aprabu | mancas sagunging bicara ||

28. pan kawula benjing enjing | mijil magut ing ayuda | yayi prabu sabalane | kantuna

--- 386 ---

wontên nagara | atêngga sang lir rêtna | mung paringa yayi prabu | bupati saking satunggal ||

29. kang dados tingaling jurit | bêkuh Prabu Citragada | sarwi anampèl wêntise | dene wus sun ajap-ajap | ratune wong Widarba | ing aprang takêra marus | têmahan arsa tinilar ||

30. mangkya wus pinaring kanthi | lamun ajriha palastra | apan wus pratignyaningong | benjing têmpuhing ayuda | lan ratu ing Widarba | kula kang dadya pangayun | gugup Prabu Wisabajra ||

31. myang Prabu Kalinggapati | puniku wuwus kang nyata | măngsa tilara lancure | dhasare kaipe marang | jêng gusti sri narendra | bakal nunggal lawan ingsun | wêdi prang măngsa dadia ||

32. eman warnane rêspati | suka kang samya miyarsa | ing aprang pasthi dadine | Sêmantri wus masanggrahan | myang sagung para raja | angundhangi wadyanipun | siyaga kapraboning prang ||

33. enjang wus samêkta [sa...]

--- 387 ---

[...mêkta] sami | miwah prajurit Manggada | samêkta sagêgamane | Narapati Citragada | wus mijil saking pura | nêmbang têngara gumuruh | grêguting yuda kênaka ||

56. Pangkur

1. budhal Prabu Citragada | suka ing tyas dadya panganjur jurit | nitih rata manik murub | ginarbêg pra dipatya | kakartala solahing bala gumrêgut | ngajap age têmpuhing prang | prajurit ing Maèspati ||

2. ingkang sumambung ing wuntat | para ratu samya nindhihi baris | tinata nora kasusu | pangkat-pangkating lampah | praptèng jawi kitha cêlak gèning mungsuh | kèndêl samya masanggrahan | sagunging para narpati ||

3. tata trêp sabalanira | senapati nênggih Radèn Sêmantri | anglampahkên duta sampun | bupati ngêmban surat | lumaksana kunêng gantya kang winuwus | kang tugur jawining kitha | sawadyabala narpati ||

4. Sang Prabu Darma Wasesa | pacak baris anèng dhusun paminggir [paming...]

--- 388 ---

[...gir] | ing watês tampinganipun | Manggada lan Widarba | pan rinêngga asri ing pakuwonipun | pinindha kutha wangunan | rinakit kadya nagari ||

5. sagung ingkang para raja | samya karya pagubahan pribadi | suka kalangênan nutug | nèng kali miwah wana | anutugi sukaning wadyabala gung | narapati ing Widarba | samana mijil tinangkil ||

6. anèng ing pura wangunan | pêpak andhèr satriya para aji | Arya Godhadarma ngayun | arine sri narendra | patih kadang kinarya andêling kewuh | misesa ngrèh para raja | sêmbada prakosèng jurit ||

7. wontên malih ratu bala | ing Widarba prakosa sura sêkti | Sri Windura namanipun | lan Raja Sinduloba | Darmapati lawan Raja Kodrabanu | miwah Raja Rodrapaksa | sami gagahing ajurit ||

8. kathah lamun cinatura | ratu bala miwah kang pra dipati | kang mănca tampinganipun | Widarba pira-pira | pan sadaya samya

--- 389 ---

prakosa prang pupuh | Sang Prabu Darmawasesa | pangandikanira aris ||

9. hèh ta yayi Godhadarma | umatura paran wartaning jawi | lalu ing pangantiningsun | marang Patih Manggada | saguh ngêjum iya marang ratunipun | maripih aris mrih kêna | Rêtna Dèwi Citrawati ||

10. dene lawan nora prapta | apa baya arsa durjanèng kami | Arya Godhadarma matur | pukulun sri narendra | tan sayêkti Ratu Manggada tyasipun | ing mangke angambil sraya | dhatêng nagri Maèspati ||

11. ratu kang kasumbagèng rat | tanpa lawan kaprawiraning jurit | Sri Arjuna Sasrabau | sinêmbah ratu dhomas | tinandhingkên ing prang lan paduka prabu | pangêbange Sri Manggada | ngaturkên kadangirèki ||

12. pan ing mangke sampun prapta | bantunipun Sang Prabu Maèspati | kathah ingkang para ratu | tugur nagri Manggada | dèrèng tutug Godhadarma dènnya matur | kasaru wau praptanya [pra...]

--- 390 ---

[...ptanya] | dutane Radèn Sêmantri ||

13. jumujug ngarsa tur surat | Arya Godhadarma ingkang nampèni | laju katur ing sang prabu | suratira binuka | sinuksmèng tyas pèngêt iki layang ingsun | satriya di anglêlana | saking nagri Maèspati ||

14. kang prawira măndraguna | ranku ring rat iya Radèn Sêmantri | dhawuha mring sira Prabu | Widarba wruhanira | praptaningsun Manggada apan ingutus | ing gusti sri maharaja | Ratu Agung Maèspati ||

15. mundhut ing Dyah Citrasmara | praptaningsun miyarsa yèn sirèki | saha bala baris tugur | anèng jabaning kutha | arubiru angrêrusak pakaryamu | bêbahak marang wong desa | anjêjarah bêboyongi ||

16. apa nagara Manggada | ora ana ingkang jumênêng aji | mêngkono tingkahirèku | dudu traping narendra | murang krama ambêg kumlungkung adigung | samêngko wus nora kêna | sirarsa tingkah tan yukti ||

--- 391 ---

17. karana nagri Manggada | wus kaisèn prajurit Maèspati | sirarsa bêrung dalurung | amrih putri masesa | hèh dèn age mêtua ing aprang pupuh | payo rok silih prabawa | ngadu yasa lawan mami ||

18. hèh Narapati Widarba | aja-aja kadêrêng mamrih putri | karana sang rêtnaning rum | ing mêngko wus kinarsan | dening gusti Maha Prabu Sasrabau | lamun sira kudu mêksa | nora wurung angêmasi ||

19. pinangan ing cakraningwang | bêcik sira eling nungkula aris | kabèh sawadyabalamu | sagunging pra dipatya | para ratu padha sêmbahna maring sun | lamun nora mangkonoa | hèh eling-eling dèn eling ||

20. nora wurung prajanira | ing Widarba ingsun têkani jurit | pasthi dadi karang tunu | Prabu Darmawasesa | langkung duka sinêbit-sêbit sratipun | asru dènira ngandika | hèh duta matura aglis ||

21. iya marang gustinira | Si Sêmantri ingkang kaliwat luwih | ambêge [ambê...]

--- 392 ---

[...ge] jagad kinêlun | apa gunaning aprang | de cêcêdhis akon nungkula maring sun | nadyan Si Arjunasasra | ingsun tan ulap ing jurit ||

22. dumèh ratu sugih bala | misesèng rat sinêmbah ing para ji | Sang Arjuna Sasrabau | ngrêrunjang karsaningwang | măngsa ingsun ulapa ing aprang pupuh | duta jrih mulat ing duka | mundur tan amawi pamit ||

23. sang prabu asru ngandika | hèh ta payo Godhadarma dèn aglis | budhalna kabèh balamu | sun angrêmêt Manggada | mundhut rata sigra nitih sang aprabu | gugup Arya Godhadarma | miwah sagunging para ji ||

24. gumuruh nêmbang têngara | dèrèng kongsi tata ingkang prajurit | kasusu budhal sang prabu | saking ing pasanggrahan | ingkang para prawira prasamya gugup | wus budhal sadayanira | kathah prajurit kang kari ||

25. ting kacècèr nusul samya | kunêng wau dutanirèng Sêmantri | wus prapta ing gustinipun | katur saaturira | sasampuning [sasampu...]

--- 393 ---

[...ning] maos sêrat langkung bêndu | Sang Prabu Darmawasesa | sampun bêdholakên baris ||

26. nungkak ing lampah kawula | duk miyarsa mèsêm Radyan Sêmantri | parentah ing para ratu | prayitna ing ayuda | rakit byuha Narapati Căndrakètu | lawan Suryakètu Raja | kinarya pangawat kering ||

27. Sang Aprabu Wisabajra | munggèng kanan lan Sri Kalinggapati | Narpati Manggada ngayun | senapatining aprang | Sang Sêmantri nèng dhadha sabalanipun | prapta bala ing Widarba | tan nêdya mundur ing jurit ||

57. Durma

1. dèrèng kongsi tata gêlaring ayuda | kasusu ing ajurit | bala ing Widarba | nunjang nêmpuh ing aprang | panggah wadya Maèspati | lawan Manggada | kumrêtêg anadhahi ||

2. pangamuke para prawira Widarba | ubêkan ing ajurit | rok rêmpak-rinêmpak | kuwêl kèh liru papan | jêmparing kadya garimis | mungsuh lan rowang | wus kathah kang ngêmasi ||

--- 394 ---

3. ridhu mawor mangawur-awur wurahan | têngaraning ajurit | gong maguru găngsa | têtêg kadya butula | wor panjriting turanggèsthi | rêkatak ingkang | dyaja lêlayu sêbit ||

4. tanpa rungyan sambatira kang kabranan | palêncuting jêmparing | myang gêbruging gada | kêpruking alugora | gora rèh kagiri-giri | gora swaranya | lir guntur manêngkêri ||

5. kêkêr mangkrak sagung kang para prawira | wuru kawuron sami | riwuting ayuda | para ratu Widarba | kumrêtêg parêng dènnya mrih | kang munggèng rata | myang kang munggèng kudèsthi ||

6. anguculkên sanjata guna prabawa | kumrusuk anibani | ing mêngsah kèh pêjah | Narapati Manggada | myang prawira Maèspati | parêng dènira | anglêpasi jêmparing ||

7. têmpuh uwor ibêkan purnèng gêgana | kèhning sanjata sêkti | sawênèh prawira | samya munggèng dipăngga | têmpuh pulêtan kang èsthi | udrêg-udrêgan | dhosok tarik-tinarik ||

--- 395 ---

8. ingkang nitih sarosa pêluk nanggala | sawênèh kang prajurit | samya munggèng kuda | kitêr-kinitêr samya | caruk turăngga samya ngrik | tujah-tinujah | kang nitih mamrih titih ||

9. prang-pinêrang dene ingkang munggèng rata | kang para nata sami | nglêpasi sanjata | tuju-tinuju samya | ajêg dènira jêjêgi | ing prang rumêksa | ing bala angalangi ||

10. ramening prang wor mungsuh kalawan rowang | prandene ing ajurit | tata nora ana | punggawa mungsuh raja | myang satriya mungsuh mantri | karsaning dewa | ing prang kadya tinandhing ||

11. nora jarag parandene para raja | ing prang panggih samya ji | sagung pra dipatya | panggih samya punggawa | mantri panggih sami mantri | kadya tinata | têtandhinganing jurit ||

12. Darmapati prang lan Suryakètu Raja | parêng dènnya nglêpasi | sanjata trisula | tan ana kang kuciwa | samya wasising jêmparing | papag-pinapag | pur pupug tikêl sami ||

13. Darmapati kasilat janggane pagas |

--- 396 ---

kacundhuk ing jêmparing | gègèr balanira | wruh ratune palastra | dhadhal ngêlun marang wuri | Sri Sinduloba | krodha dènnya ningali ||

14. mangsah nunjangakên dipăngga manapak | samoga angênèni | Suryakètu Raja | rêmuk sumyur ratanya | malumpat nyandhak jêmparing | sigra lumêpas | dipanggane kang pinrih ||

15. kapat rampung sukune dipăngga rêbah | malumpat kang anitih | Raja Sinduloba | sigra anyandhak gada | arsa mupuh dèn sarêngi | jajanya bêncah | kacundhuk ing jêmparing ||

16. ratu kalih Darmapati Sinduloba | ing aprang pêjah dening | Suryakètu Raja | Căndrakètu ayuda | dangu lancaran jêmparing | lan Rodrapaksa | rêmuk ratanya sami ||

17. katiban ing sanjata kalih lumumpat | nyandhak gadanya sami | Narpati Manggada | têtulung ing ayuda | Rodrapaksa jinêmparing | jangganya pagas | Kodrabanu ningali ||

18. krodha mangsah sigra Prabu Wisabajra [Wisaba...]

--- 397 ---

[...jra] | nanggulangi ajurit | malang ratanira | ngalingi Sri Manggada | gantya dènira nguculi | sanjata dibya | tan ana kang nêdhasi ||

19. samya murub tumibèng jaja kalihnya | kaku tyase nulya glis | Prabu Wisabajra | malumpat tilar rata | nyandhak gada sigra gitik | luluh angganya | Kodrabanu ngêmasi ||

20. mamor lumrèng ratanya lawan bantala | Prabu Kalinggapati | prang lan Sang Windura | papag-pinapag tatag | sanjata pur pupug sami | datan sarănta | kang aprang ratu kalih ||

21. tilar rata prasamya angundha dhêndha | rok palu silih ungkih | mubêng liru papan | lêbu mulêk walikan | drêsing pawana lumindhih | mangampak-ampak | kalimput kang ajurit ||

22. dangu dêdêr-dinidêr udêr-udêran | putêran mamrih silib | tan ana kang cidra | rikat awase samya | sêdhêng tandhinganing jurit | kadya mèh kêmbar | dhapure ratu kalih ||

23. sugih

--- 398 ---

rema samya kodhèk wulu papar | wok bris jêmbrung kang alis | sarupèng danawa | samya gagah prakosa | gantya tiniban ing bindi | dangu dènnya prang | tan ana kang sor kalih ||

24. Sri Kalinggapati kalamun dhinêndha | sumêbut angoncati | malumpat tan kêna | gada tumibèng kisma | dhungkar mandhêlong kang bumi | Prabu Windura | yèn pinupuh ngoncati ||

25. Sang Aprabu Kalinggapati gadanya | tibèng bantala kadi | bêlah bumi molah | padhola ngambak-ambak | orêg lindhu gonjang-ganjing | megung paprangan | giris kang aningali ||

26. miris maras tumon solahing ayuda | Prabu Kalinggapati | lan Prabu Windura | karyorêging paprangan | têmpuh ing dhêndha pan kadi | ruging prabata | kaplêngjên kang miyarsi ||

27. sèlèh dhêndha kalihe sami sarosa | gapyuk rok silih-ungkih | sru cêngkah-cinêngkah | dugang-dinugang samya | dêdêl-dinêdêl nguwati | sêndhal-sinêndhal | Sri Windura sor titih ||

28. duk sinêndhal [si...]

--- 399 ---

[...nêndhal] kontal tibane kasingsal | kongsêp rambut jinênggit | pyuh jaja jinêjak | gulu pinuntir pêgat | luluh linut dening bindi | bala Widarba | gègèr samya angungsi ||

29. ing wurine Sang Prabu Darmawasesa | gêgêr madyaning jurit | apan dèrèng obah | Sang Arya Godhadarma | tan têbih lawan raka ji | ngampingi rata | lan sagung pra dipati ||

30. krodha dening pêjahe ratu pangarsa | gangsal tan ana kari | pan ing saban-saban | tate munahkên lawan | ing mangkya tan angundhili | aprang kalawan | prajurit Maèspati ||

31. pra dipati kang samya kawilang kuna | ing mangkya tanpa kardi | miwah para raja | pawingking kèh palastra | kadya tan anapak siti | Natèng Widarba | liwung krodhaning jurit ||

32. ngatak marang sagunging pra dipatinya | pêpulih ing ajurit | sarêng dènnya mangsah | sumahap mamrih mêngsah | angrok rumêbut nangkêbi | ambyuk angêbyak [a...]

--- 400 ---

[...ngêbyak] | gustine munggèng wuri ||

58. Pangkur

1. Sang Prabu Darmawasesa | munggèng rata ginarbêg ing prajurit | kang para prawira ngayun | rampak rumupak ing prang | Arya Godhadarma pangirit prang pupuh | nèng dipăngga ngundha dhêndha | pangamuke gêgilani ||

2. kadyandaka sèwu krura | tinut sagung prajurit pra dipati | bêdhat lan dipangganipun | ngiwut panggadanira | Narapati Manggada pinêngkok pamuk | gègèr bala ing Manggada | gugup kapêlak ing jurit ||

3. pangamuke Godhadarma | rêmpak rampak lan sagung pra dipati | gumulung golong kadya lun | tan kêna tinanggulang | kathah para prawira Manggada lampus | Narapati Citragada | krodha ratanira gumrit ||

4. têtulung rusaking bala | ngêmbat langkap lumêpas kang jêmparing | kumrusuk saengga jawuh | umrês marwasèng mêngsah | Godhadarma tan kêndhat pangamukipun | têguh lan dipangganira | pira-pira kang jêmparing ||

--- 401 ---

5. tumibèng jaja lir udan | sumyur mawur pupug tan anêdhasi | angambul panggadanipun | manut dipangganira | bêdhat mêta ngolang-aling ngêbyuk nubruk | akèh prajurit Manggada | pêjah kèlês dening èsthi ||

6. sêsêg nêsêg pangamuknya | Narapati Manggada datan osik | pinêngkok pêngkuh abakuh | tan kêndhat sanjatanya | pacar wutah mubêng kobêng ratanipun | mangimpun laruting bala | taruna balèging jurit ||

7. senapatining ayuda | Sang Sêmantri lan sagunging para ji | manggala parêng têtulung | ngalingi Sri Manggada | ananggulang Godhadarma pamukipun | kanggêg binotan ing lawan | prawirane kèh ngêmasi ||

8. Sri Darmawasesa mulat | Godhadarma pinarbutan ing jurit | krodha gumrit ratanipun | anglêpasi sanjata | mêtu wutah muntap saking langkapipun | kang sanjata narawantah | kumrêsêg anggêgirisi ||

9. sumawur sumyur sumêbar | hru pangabar paprangan [papranga...]

--- 402 ---

[...n] maratani | matumpa-tumpa tumêmpuh | ibêkan ing paprangan | para ratu Maèspati parêngan duk | lumêpas panulakira | têmpuh pyuh anèng wiyati ||

10. nanging ta datan katulak | maksih mêlêg mulêg anglêlimputi | pêtêng dhêdhêt kadya têdhuh | wutahing narawantah | mawor lesus saking gandhewa kumrusuk | Sang Prabu Darmawasesa | mêtu budine kang luwih ||

11. mêmpêng liwung krodhanira | ing ayuda yayah anggêmpur bumi | kèh rata katiban sumyur | gajah pating sulayah | gègèr bala Maèspati kèh kang lampus | kalulun ngêlun mring wuntat | ngungsi gèning senapati ||

12. miwah sagung para raja | kuwur kawur kawêran ing jêmparing | muring-muring ing prang pupuh | dènnya tan antuk ngambah | Sang Sêmantri krodha gumrit ratanipun | ingirup kang pra dipatya | ing aprang anglêlajêri ||

13. lumêpas sanjatanira | hru sêntika endragsara sinêkti | mawor prahara sumawur |

--- 403 ---

mêtuning endrasara | srêsêg sêsêg ngawiyati sru sumiyut | têmpuh pur anèng gêgana | kang aprang samya sinêkti ||

14. cinatur tutug sadina | dènira prang nênggih Radèn Sêmantri | lan Darmawasesa Prabu | suka angadu yasa | nêlasakên solah gêlaring prang pupuh | warastra gora nimpuna | ebat kang samya ningali ||

15. malah ing dalu tan bubar | ing ayuda sambung obore sami | kapitêmêning prang pupuh | Prabu Darmawasesa | dènira mrih mêmalês mangrêmuk satru | miwah Arya Godhadarma | liwung pangamukirèki ||

16. pakolih pamalonira | prang pêpêtêng liwung mangowak-awik | alingan nora kadulu | ngrampêt panggadanira | pra dipati ing Widarba wuru marus | nut ing Arya Godhadarma | pangamuke ambêg pati ||

17. kang kaarsa têtumpêsan | kèh kalonge prajurit Maèspati | senapatining prang dulu | Sêmantri marmèng bala | prang pêpêtêng kang katitih kathah [ka...]

--- 404 ---

[...thah] lampus | pangamuke para raja | kadung worsuh ing ajurit ||

18. sigra nglêpaskên bramastra | nèng awiyat murub mubal mawêrdi | dahana mubêng sumuluh | padhang kadya raina | pra dipati giyak parêng dèniramuk | miwah sagung para raja | mêmalu apulih gêtih ||

19. sagunging ratu manggala | anggulungi ing aprang gêgilani | jujur pamukira banjur | tumpêsan wong Widarba | Arya Godhadarma ing prang wus kapikut | linêpasan nagapasa | dening Rahadèn Sêmantri ||

20. hru naga gêng panjang satal | kang abêbêt ringkus angganirèki | rinêksèng panjara sampun | gègèr bala Widarba | kuwur-kuwur katawur ing prang kèh lampus | kênanira Godhadarma | kêkês sagung pra prajurit ||

21. Sang Prabu Darmawasesa | duk miyarsa kênane ingkang rayi | krodha gumrit ratanipun | suka bela palastra | pra dipati gendholi sadaya matur | gusti sampun ambêk pêjah | suwawi mundur

--- 405 ---

rumiyin ||

22. benjang malih tata ing prang | pra dipati sayah sangêt ing jurit | ye[3] nglajêngna ing prang pupuh | tumpês abdi paduka | botên kenging tinanggulang pamukipun | sadaya wus wuru ing prang | para ratu Maèspati ||

23. Sang Prabu Darmawasesa | angrês ing tyas miyarsa turing dasih | ngingêrakên ratanipun | tilar mungsuh adêgan | saha bala saking paprangan wus kêbut | lon-lonan ing undurira | prajurit ing Maèspati ||

24. tan ana ingkang ngungsira | ingawêran dening Radèn Sêmantri | saking paprangan wus mundur | prasamya masanggrahan | para ratu sadaya prayitnèng kewuh | unduring mêngsah manawa | dhandhang kêlar mirantèni ||

59. Dhandhanggula

1. Prabu Darmawasesa wus prapti | masanggrahan sawadyabalanya | umyang gumuruh tangise | sagung ingkang para rum | kang ratune kasambut jurit | ngumpul mring pasanggrahan- | ira sang aprabu | sadaya anglut karuna | pan sakawan pramèswarining narpati [narpa...]

--- 406 ---

[...ti] | dèrèng wontên pêputra ||

2. sêsambate sadaya mlasasih | sami gubêl ngaturi kondura | miwah sang prabu arine | putri ing rat pinunjul | panêngêran Dyah Darmawati | asru dènnya karuna | mring raka nênutuh | kakang prabu kaya ngapa | karsa dika kapitêmên dènira mrih | marang putri Manggada ||

3. kaya kurang wanodya linuwih | garwa dika lah kurang punapa | sadaya endah warnane | kapati ing prang pupuh | mamrih putri tinohan pati | pra dipati tumpêsan | miwah para ratu | kakang Arya Godhadarma | kongsi kêna ing prang lah ta kadipundi | mangke karsa andika ||

4. punapa ta botên karsa mulih | mring nagara kalamun lajêngna | ing ayuda botên wande | wadya paduka gêmpur | prajurite ing Maèspati | tan kêna ginagampang | ampuhing prang pupuh | kathah-kathah sambatira | ingkang rayi sang prabu rêncêm ing galih | ginubêl para garwa ||

5. angaturi kondur mring nagari | nanging sang

--- 407 ---

prabu sampun pratignya | tan arsa gingsir ing prange | kautamaning ratu | sri narendra ingkang kinapti | utama matia prang | kalawan anungkul | pan amung sanjatanira | kang pamungkas ingangkas-angkas ing jurit | ciptanya sri narendra ||

6. sapa baya kang kêlar nadhahi | mring sanjataningsun kang pamungkas | pamunahing aprang kabèh | sun tibakna ing gunung | yêkti jugrug arga sakêthi | sun tibakna samodra | sat minane lêbur | sun tibakna ing bantala | yêkti bêngkah anrus kasapta kang bumi | ayya ingkang manusa ||

7. minggah sanggar pamujan sang aji | sanjatane kinutug pinuja | dhêdhêp sapakuwon kabèh | samya lit manahipun | pra dipati amung anganti | ratune manawa na | jayane ing pungkur | kunêng kang lagya mêmuja | ing sanjata kinutug sru sinêmadi | gantya ingkang winarna ||

8. nênggih kadangira sri bupati | ing Widarba ingkang tunggil rama | nanging ta sanès ibune | mijil putrining diyu | ing

--- 408 ---

Jonggarba Rêtna Jongwati | kagarwa Sri Widarba | ratu ingkang sêpuh | Sang Prabu Darmawidagda | apêputra satunggil mijil rasêksi | Prabu Jonggirupaksa ||

9. pan sumilih karatoning kaki | nèng Jonggarba Sri Jonggirupaksa | taruna buta bêlatèr | bapa manungsa tuhu | ibu ditya warnanirèki | maksih awak manungsa | nanging mawi siyung | agagah dêdêg parusa | langkung saking angkara prawirèng jurit | duk samana miyarsa ||

10. lamun ingkang rayi sri bupati | ing Widarba dènnya mring Manggada | tinampik ing panglamare | têmah dadya prang pupuh | lawan prabu ing Maèspati | rêbut putri Manggada | sumêlang tyasipun | Sang Prabu Jonggirupaksa | mring kang rayi dening mêngsah ratu luwih | Prabu Arjunasasra ||

11. kasup kaprawiraning ajurit | sugih bala ing rat tanpa timbang | Sasrabau karatone | dhomas ingkang kawêngku | ratu bala ing Maèspati | samya prawirèng yuda |

--- 409 ---

angundhangi gupuh | Sang Prabu Jonggirupaksa | bala kinèn sanengga kaprabon jurit | Kya Patih Amonggarba ||

12. miwah sagunging wil pra dipati | kèhing bala ditya patang yuta | samêkta sagêgamane | nêmpung gawa kang sêpuh | angrèh samanirèng bupati | Ditya Kalapragăngsa | lawan Kalaranu | Mamangmurka Amongmurka | Bajobarang lawan Ditya Lindhusrênggi | nyakêthi balanira ||

13. bala ngrong èwu kang para mantri | patang yuta wil bala Jonggarba | wus samêkta gêgamane | têngara budhal sampun | saking praja sri narapati | ditya wil patang yuta | swarane gumuruh | samya mahawan gêgana | kadya têdhuh dhêdhêt madyaning wiyati | kèhing ditya ngambara ||

14. goraning swara kagiri-giri | rasêksa samya masinga nabda | kunêng wil bala lampahe | gantya ingkang winuwus | Sri Widarba wusnya sêmadi | ngrasuk kapraboning prang | amakutha murub | babe mas aprabèng jaja | mijil saking [sa...]

--- 410 ---

[...king] pasanggrahan sri bupati | ing jawi wus samêkta ||

15. sagung ingkang prajurit para ji | pra dipati kang palastrèng yuda | wus ginantyan atmajane | sawênèh kadangipun | pulih tyase sagung prajurit | mulat ing prabunira | tuhu yèn binagus | lir Bathara Pritanjala | munggèng rata ginrêbêg ing pra dipati | têngara sigra budhal ||

16. saking pasanggrahan sri bupati | kèhing bala lir samodra bêna | sumrêg gumrêgut lampahe | sêsêg nêsêg sumêngkut | kadya age têmpuh ing jurit | mêmalês ngamuk mêngsah | praptèng rana sampun | pasang gêlaring ayuda | atap tinap pra dipati kang nindhihi | pangawat kering kanan ||

17. dadya dhadhaning prang sri bupati | lawan sagunging mantri prawira | tata prayitna rakite | sêsêg sinungsun-sungsun | wadya ingkang amagêrsari | dinum kang para raja | têtindhihing kewuh | myang pangawat kering kanan | miwah ingkang pinatah rumêksèng wuri | jaga prang tarombolan ||

18. kawarnaa [ka...]

--- 411 ---

[...warnaa] Rahadèn Sêmantri | tuwin sagung para raja-raja | wus budhalakên barise | saking pakuwonipun | praptèng rana mungsuhirèki | katon wus baris tata | dhêndhêng kadya mêndhung | pirang pandêlêng katingal | kèndêl nata bala Rahadèn Sêmantri | tan owah byuhanira ||

19. Wisrabajra lan Kalinggapati | munggèng kanan Sri Natèng Manggada | nèng ngarsa lan sabalane | Narpati Suryakètu | Căndrakètu kang munggèng kering | senapati nèng têngah | sawadyabala gung | wus tata sigra têngara | angabani ing bala umagut jurit | Narapati Manggada ||

20. sabalane nêmpuh ngidak wani | ing ayuda kadya mong sayuta | pangawat kanan keringe | kumrutug parêng nêmpuh | sagung ingkang para narpati | mangrêmpak mamuk rampak | gumrêdêg rumêbut | ing mêngsah kèh kasulayah | bosah-basih kambah prangira katitih | gègèr bala Widarba ||

21. palayune datan tolih gusti | pra dipati tan ana [a...]

--- 412 ---

[...na] tumanggah | giris kalangkung marase | prang wingi kawusipun | rewang dadya sagara gêtih | kamuk ing para raja | kèlu mambu ilu | para prawira Widarba | Prabu Darmawasesa krodha tan sipi | mulat unduring bala ||

60. Durma

1. ngêtap rata Sang Prabu Darmawasesa | nêdya ngamuk ing jurit | kasaru praptanya | ditya bala Jonggarba | gumuruh anèng wiyati | Jonggirupaksa | utusan mring kang rayi ||

2. kinèn miyak sagunging bala Widarba | asoa ing ajurit | Sri Darmawasesa | kagyat dening kang raka | nora lawan dèn aturi | sabalanira | prapta têtulung jurit ||

3. mundur piyak sagunging bala Widarba | kumpul wus tata malih | Sri Jonggirupaksa | sigra ngabani bala | lumêkas mangsah ing jurit | wil patang yuta | parêng dènira angrik ||

4. anibani nanggala parasu kunta | limpung musala gandhi | kumrucuk lir udan | akèh prawirèng pêjah |

--- 413 ---

gègèr bala Maèspati | kang para raja | gugup kagum ing jurit ||

5. kuwur kawur tan wruh praptaning kang mêngsah | senapatining jurit | Sêmantri garjita | ngadêg rêngganing rata | mulat mungsuh nèng wiyati | ngêmbat langkapnya | lumêpas kang jêmparing ||

6. ngayuh wiyat garjita kang para raja | parêng dènnya nglêpasi | sanjata panulak | ibêkan dirgantara | mapag têmpuhing jêmparing | kumupak papak | panulak anampêki ||

7. pambandhême ditya kèh bali katulak | limpung palu myang piling | nanggala trisula | kaprapal parêng kontal | Sêmantri sigra nusuli | sanjatanira | lumêpas mring wiyati ||

8. ditya niyup sakêthi pinanah tatas | kumrusuk tibèng siti | bangkening rasêksa | kang mara mara rantas | kaparas-paras katapis | ditya sayuta | kapupus ing jêmparing ||

9. udan gêmbung cêngêl bau buja pukang | sumawur rah mariris | kang kari rumaras | singa kang niyup lunas | sagunging

--- 414 ---

wil pra dipati | krodha tumingal | mangsah sarêng dènnya ngrik ||

10. Bajobarang Mamangmurka Amongmurka | lan ditya Lindhusrênggi | Wil Kalapragăngsa | Kalaranu mangatag | bala ing aprang pêpulih | punggawanira | sadaya angawaki ||

11. Bajobarang niyup angundha badhama | Prabu Kalinggapati | mênthang langkapira | jêmparing wus lumêpas | păncasula angênèni | bêncah jajanya | Bajobarang ngêmasi ||

12. tibèng siti gumêbrug lir ruging arga | Kalaranu pêpulih | siyut nawat kunta | pinapag Sri Manggada | kuntanira jinêmparing | tikêl kabuncang | sanjatane nusuli ||

13. Kalaranu kacundhuk janggane pagas | gumêbrug tibèng siti | Patih Amonggarba | angrês tyas sira mulat | tan antuk prang awiyati | kang pra dipatya | kinèn mudhun sapalih ||

14. pranga dharat sapalih pranga ngawiyat | sigra wil Lindhusrênggi | lan Kalapragăngsa | mudhun sawadyanira | têtindhih rêkyana

--- 415 ---

patih | sapalih ditya | mêksih nèng awiyati ||

15. Mamangmurka lawan Ditya Amongmurka | ratune kang nindhihi | Sri Jonggirupaksa | mangsah ngabani bala | samya nguculkên jêmparing | limpung musala | nanggala palupiling ||

16. miwah ingkang prang dharat ditya prasamya | anglêpasi jêmparing | limpung piling kunta | gègèr kathah palastra | prajurit ing Maèspati | kang para raja | bingung dènnya nadhahi ||

17. Senapati Sêmantri sigra mêmatah | bubuhaning ajurit | Narpati Manggada | lan Prabu Wisabajra | katri Sang Kalinggapati | nadhahi dharat | dene kang nèng wiyati ||

18. Suryakètu lawan Căndrakètu Raja | katri lan senapati | nadhahi prang wiyat | giyak parêng tumandang | sangsaya ramening jurit | kang para raja | sadaya wuru gêtih ||

19. pandhêlonging bala kapêlak ing ditya | ingudanan jêmparing | yèn ing wiyat miyat | ditya niyup pinapag | tuhu pandhega undhagi | sêdhêng [sê...]

--- 416 ---

[...dhêng] kaojat | ing prang dadya têtindhih ||

20. liwunging prang namung senapatinira | ing aprang angalingi | ing bala winulat | dharat wiyat rinêksa | ginanti-ganti pêsating | sanjatanira | yèn ing dharat katitih ||

21. mila pra dipati lali pangamuknya | pracayèng senapati | eling jroning aprang | kang mrêpêk pinrêpêkan | gung ajêg dènnya jêjêgi | mêngsah sinusah | ingudanan jêmparing ||

22. Ditya Lindhusrênggi wus pêjah ginada | dening Kalinggapati | tuwin kancanira | Ditya Kalapragăngsa | rukêting prang silih-ungkih | lan Wisabajra | rame bindi-binindi ||

23. udrêg dêdrêg sigra Narpati Manggada | anglêpasi jêmparing | Wil Kalapragăngsa | kacundhuk jajanira | têrus tumiba nèng siti | gègèr balanya | ngungsi rêkyana patih ||

24. Amonggarba krodha angundha badhama | ngamuk prang ambêg julig | wil bala sayuta | parêng angrok rumujak | angêbyak ambyuk ngêbyuki |

--- 417 ---

kukuh prayitna | prawira Maèspati ||

25. ananggulang pamuking ditya saharsa | sêsêg ingkang jêmparing | wil mêlak katampak | ing jêmparing kèh pêjah | malêbêt rah angêlèbi | bangke katambak | lumembak kadya mili ||

26. dharat wiyat mawantu-wantu tambah rah | dadya samodra gêtih | bangkening dipăngga | lan ditya pindha karang | asarah sirahing èsthi | balêrênging rah | ganggêng kumbala rawis ||

27. arêramon bandera tunggul daludag | lumut kumbala wilis | rêmukaning rata | tugêlaning warastra | daruju untu ngarikil | angrês kaidak | karya sêdhihing jurit ||

28. pan wus dadya kudanganing dyah utama | bantên samodra gêtih | pêpanggiling krama | Sri Wisnu panggihira | Rêtna Dèwi Citrawati | putri Manggada | lan Prabu Maèspati ||

29. Patih Amonggarba ing prang wus palastra | dening Radèn Sêmantri | tiniban sanjata | tugêl mastakanira | miwah kang aprang wiyati | kalih [ka...]

--- 418 ---

[...lih] punggawa | wus pêjah ing ajurit ||

30. Mamangmurka lawan Ditya Amongmurka | sabalane wus gusis | Sri Jonggirupaksa | têlas pangayapira | ditya kang amagêrsari | butêng krodhanya | mangkrak niyup sarya ngrik ||

31. linêpasan kang sanjata păncaweda | dening Radèn Sêmantri | trus bêncah jajanya | Prabu Jonggirupaksa | gumêbrug tiba ing siti | lir ruging arga | surak wong Maèspati ||

32. amung kantun Sang Prabu Darmawasesa | gêgêr madyaning jurit | apan dèrèng obah | tata malih wadyanya | mulat pêjahing raka ji | Jonggirupaksa | krodha tan tolih wuri ||

61. Pangkur

1. têlasing pangarsa-arsa | sri narendra suka matiyèng jurit | cipta gagahira tangguh | tan arsa ginggangana | ing ayuda tuhu kanisthaning ratu | wusnya punagi ing driya | ngêtap ratanira gumrit ||

2. musthi sanjata pamungkas | linêkas ing puja wêtuning sêkti | gêdhêg gandhewa gumludhug |

--- 419 ---

mêtu wukir dahana | mawor sindhung ngumandhang tundhung-tumundhung | gumlêdhêg dhêdhêg tan kêndhat | wêtuning kang sanjatagni ||

3. kadya ladhu-ladhu mubal | mumbul kombul kumêbul anibani | wadya gung gègèr kèh lampus | binêrêg ing dahana | para ratu kanggêg pamukira kadung | ngêlun kaluluning bala | ngungsi gèning senapati ||

4. Sêmantri ngêmbat langkapnya | barunastra lumêpas mêtu riris | mawor prahara kumrusuk | drês udan păncawara | sumarambah toya wranampêg tumêmpuh | sirêp urubing dahana | minăngsa sanjata warih ||

5. Sang Prabu Darmawasesa | krodha muntap tumon kang sanjatagni | kasoran kadibyanipun | nyandhak pamungkasing prang | wus ingayat laraping warastra murub | lumêpas saengga kilat | sigra Rahadèn Sêmantri ||

6. lumêpas panulakira | papag tikêl têmpuh sami jêmparing | Sêmantri nglêpasi sampun | warayang hru wasesa | pamunahing lawan syuh tikêl [tikê...]

--- 420 ---

[...l] pinêthuk | ing panulak Sri Widarba | samya risakira kalih ||

7. tatag patitise samya | ulah laras wignya wasise sami | Sêmantri nglêpaskên sampun | cakra mêsat kumilat | Prabu Darmawasesa jangganya rampung | rantas kaparas ing cakra | gumuling nèng rata manik ||

8. mati tan mingkêt gènira | tuhu lamun tusing prajurit luwih | brêmara liwêran umung | asrang lumrèng ing tawang | lir nangisi sumawur kang riris arum | gêgana mabang sumirat | kadya kawaratan gêtih ||

9. yayah bela kang palastra | parêng lindhu orêg kang bumi gonjing | anggraning arga rug gugrug | giri rèh gara-gara | gara-garaning ratu mati prang pupuh | dhêdhêt sêngara limutan | prakêmpa rèh kang udadi ||

10. malêdug bala Widarba | wruh kalamun ratune angêmasi | gègèr kuwur kawur-kawur | lumayu asasaran | kang sawênèh pra dipati dhingkul nungkul | ambuwang gêgamanira | milu wadya Maèspati ||

--- 421 ---

11. tan ana kang angucira | ingawêra dening Radèn Sêmantri | ngundhangi bala wus mundur | kêbut saking paprangan | masanggrahan Arya Godhadarma sampun | pinêndhêt ing pênêdira | dening Rahadèn Sêmantri ||

12. linuwar saking panjara | tinêtêpkên kinèn samya ngayumi | pra dipati ingkang nungkul | Widarba wus akathah | Arya Godhadarma saksana ingutus | ngumpulna sagung barana | miwah sagung para putri ||

13. kang kantun nèng pasanggrahan | ratu kalih ingkang kinèn umiring | Narapati Căndrakètu | lan Suryakètu Raja | Godhadarma kang dhingini prapta sampun | pasanggrahan ing Widarba | gumuruh swaraning tangis ||

14. pramèswarining narendra | pan sakawan liyane para putri | putrining kang para ratu | kumpul nèng pasanggrahan | datan kêna tinambak tangis gumuruh | miwah arining narendra | Rêtna Dèwi Darmawati ||

15. sumungkêm padaning raka | Arya Godhadarma angarih-arih |

--- 422 ---

sirêp tangising para rum | mupus dadya boyongan | nanging maksih sadaya asênggrug-sênggrug | Godhadarma wus parentah | ngumpulna tandhu lan joli ||

16. satus tandhu lan jêmpana | kamot sagung boyongan para putri | binudhalakên rumuhun | gili tandhu jêmpana | pra dipati anjajari ngurung-urung | ing wuri sampun têngara | budhal Rahadèn Sêmantri ||

17. kêbut manjing jroning kitha | para putri lajêng binêktèng puri | katur ing sang rêtnaning rum | wus inganggêp sadaya | putri satus langkung gangsal jangkêpipun | dhomas anganti utusan | saking nagri Maèspati ||

18. Sêmantri wus lumaksana | dutanira bupati ngêmban tulis | ing marga datan winuwus | lampahing duta prapta | Maèspati nuju siniwèng wadya gung | Sang Prabu Arjunasasra | kagyat dènira ningali ||

19. praptaning duta tur surat | wus tinampan dening sri narapati | binuka sinuksmèng kalbu | atur sêmbah

--- 423 ---

kawula | pun Sêmantri tuwin sagung para ratu | katur ing pada narendra | Gusti Prabu Maèspati ||

20. kang măngka rêtnaning jagad | wiyosipun kang abdi tur udani | lampah kawula pukulun | mundhut putri Manggada | sampun kenging wit saking ubayanipun | sirnaning Ratu Widarba | saking pangèstuning gusti ||

21. Sang Prabu Darmawasesa | botên awrat linawan ing ajurit | pan namung kabêktèng umuk | ratyagung sugih bala | ing Widarba ngawulakkên para ratu | sugih bala pra dipatya | para mantri tanpa wilis ||

22. mung sadalu kalih siyang | sawadyane tumpêsan ing ajurit | kamuk dening para ratu | lan wontên kadangira | tunggil rama nanging sanès ibunipun | mijil saking putri ditya | Jonggarba kuthanirèki ||

23. Sang Prabu Jonggirupaksa | sawadyane sumusul ing jurit |[4] inggih apês tanpa kiwul | sabalane tumpêsan | ing ayuda pan dadya samodra marus [ma...]

--- 424 ---

[...rus] | ping kalih putri Manggada | Rêtna Dèwi Citrawati ||

24. anuwun tukon sasrahan | maru dhomas inggih samia putri | pan sampun punaginipun | dening putri boyongan | ing Widarba satus gangsal sampun katur | ing Rajaputri Manggada | pukulun amung anganti ||

25. jangkêpipun putri dhomas | ing samăngsa wontên karsaning gusti | saking wus punaginipun | mong maru putri dhomas | ingkang abdi sumanggèng karsa sang prabu | titi panuksmaning sêrat | sri nata suka tan sipi ||

62. Sinom

1. Sang Prabu Arjunasasra | mèsêm angandika aris | hèh ta Narapati Soda | lakune yayi Sêmantri | apan wus antuk kardi | sida dadine prang pupuh | lan ratu ing Widarba | wus tumpêsan ing ajurit | nanging mêngko rajaputri ing Manggada ||

2. jaluk maru putri dhomas | iku dhawuhna dèn aglis | marang sagung para raja | sapa ingkang duwe putri | kabèh pundhutên [pu...]

--- 425 ---

[...ndhutên] sami | sun karya sasrahanipun | Rajaputri Manggada | dene ta yayi Sêmantri | ing ature pan wus antuk satus gangsal ||

3. putri boyongan Widarba | iku luwihana putri | saking dhomas manawa na | warnane ingkang tinampik | marang Dyah Citrawati | nora kalêbu ing maru | wusnya dhawuh narendra | kondur lumêbèng jro puri | Prabu Soda angundangi para raja ||

4. anyaoskên putrinira | pinilih ingkang yu luwih | kang sawênèh kadangira | wusnya jangkêp dhomas putri | ratu satus tinuding | angiringna lampahipun | marang nagri Manggada | atusan tandhu myang joli | pangiride Sang Prabu Ngalatanaya ||

5. ngirid sagung para raja | patang atus pra dipati | gumuruh swaraning bala | ing marga datan winarni | nagri Manggada prapti | orêg sapraja angrungu | praptane putri dhomas | saking nagri Maèspati | Prabu Citragada sampun magêlaran ||

6. sakawan [sakawa...]

--- 426 ---

[...n] ratu manggala | gangsal Rahadèn Sêmantri | ingkang samya jajar lênggah | para ratu kang pawingking | banjêng lan pra dipati | undha-usuk lungguhipun | Prabu Ngalatanaya | praptanira dèn kurmati | andhawuhkên timbalan sri maharaja ||

7. maringakên putri dhomas | miwah babêktanirèki | mring Rajaputri Manggada | wus dhinawuhakên nuli | suka Radèn Sêmantri | para putri dhomas sampun | linajêngkên mring pura | marêk ing Dyah Citrawati | samya nêmbah mring Rajaputri Manggada ||

8. lir sudama nglud sasăngka | sangang atus para putri | nênggih kang minăngka lintang | Rêtna Dèwi Citrawati | ingkang minăngka sasi | kucêm putri sangang atus | yayah datanpa cahya | ngumpul ing Dyah Citrawati | tuhu lamun kumaraning jagad traya ||

9. ing mangkya na sêksènira | sangang atus para putri | ayune mijil sadaya | Rêtna Dèwi Citrawati | tuhu panuksmaning Sri | gustining para rum-arum | wêwolu putri [pu...]

--- 427 ---

[...tri] ingkang | pinundhut kinarya ngarsi | kapalane para maru putri dhomas ||

10. kadang Căndrakètu Raja | nama Dèwi Căndrarêsmi | lan putrine Nata Soda | nama Dèwi Sodarêsmi | myang Dèwi Suryarêsmi | arine Sri Suryakètu | lan putri Wisabajra | nama Dèwi Wisarêsmi | gangsal putrinira Narpati Windura ||

11. ratu bala ing Widarba | nama Dèwi Windurêsmi | lan putrining Sinduloba | nama Dèwi Sindurêsmi | lan Dèwi Banurêsmi | putri Nata Kodrabanu | lan sutèng Rodrapaksa | nama Dèwi Rodrarêsmi | pan sakawan putri kawan dadya ngarsa ||

12. angrèh maru satus sewang | dene Dèwi Darmawati | rajaputri ing Widarba | karsanira sang rêtna di | pinacang lan Sêmantri | sêmbulih tohing prang pupuh | pramèswari Widarba | sakawan samya yu luwih | karsanira rajaputri ing Manggada ||

13. badhe marang catur raja | manggala ing Maèspati | wau kang putri sakawan |

--- 428 ---

yèn sampun praptèng nagari | wusnya samêkta sami | para putri sangang atus | budhal saking Manggada | atusan jêmpana joli | dulur-dulur dadya tontonan samarga ||

14. Narpati Ngalatanaya | lawan satus kang para ji | munggèng ngarsaning jêmpana | sawadyabalanirèki | punggawa para mantri | wor lan wadyabalanipun | Narpati Citragada | kang pinatah munggèng kering | Căndrakètu lawan Suryakètu Raja ||

15. dene kang lumampah kanan | Sang Prabu Kalinggapati | lawan Nata Wisabajra | sawadyabalanirèki | sira Radyan Sêmantri | sawadyabala nèng pungkur | lan sagung para raja | Widarba sawadyanèki | asri tinon gumuruh lampahing bala ||

16. tunggul lêlayu daludag | bandera mawarni-warni | lir prawata kêmbang-kêmbang | ing ngarsa kanan myang wuri | tistis sêmuning nagri | lung-lungan kabèh samya lum | pucang kadya kinuncang | lir tinêrês taru tiris | karang-karang sêmu bang kadya angarang [anga...]

--- 429 ---

[...rang] ||

17. saungkure sang kusuma | sêmuning praja kadya gring | lir koncatan sotyanira | kêdhasih munya angasih | lir tangisirèng nagri | dhadhali mibêr tumutur | bola-bali lir kadya | kêlayu mring Maèspati | cucur muni nèng tawang kadya karuna ||

18. cinatur lêpas lampahnya | nagri Manggada kawuri | akathah langêning marga | suka sagung para putri | lumrèng kombang samya mrih | ngrabasa ngrurah rum-arum | sêkar-sêkar sumêkar | tinanduk maruta minging | yayah kadya atur gănda sang kusuma ||

19. tan wus sri langêning marga | mangkana Radèn Sêmantri | anggung mèpu ing wardaya | rangu-rangu dènira mrih | margane prang tumuli | lan gustine sang aprabu | têtêpe pangabdinya | năndha samadyaning jurit | ewuh dènnya karya bêbukaning aprang ||

20. mila randhat anèng marga | dene Rahadèn Sêmantri | dèrèng pinanggih ing driya | dènira mrih nuli jurit | kalawan sri bupati |

--- 430 ---

kang pantês bêbukanipun | dadine ing ayuda | têtêpe dènira ngabdi | aja kosi[5] kadrawasan dukanira ||

21. mangkana lampahe prapta | ing têpis wiring nagari | ing Maèspati nagara | kèndêl Rahadèn Sêmantri | ngundhangi kang para ji | karya pasanggrahan agung | gènira sang kusuma | tinunggil lan para putri | para ratu pinatah pakuwonira ||

22. Narapati Citragada | rumêksa pakuwon wuri | Narapati Wisabajra | lawan Sri Kalinggapati | ingkang makuwon kering | Narapati Căndrakètu | lan Suryakètu Raja | kanan pakuwonirèki | Dyan Sêmantri lan para Ratu Widarba ||

23. lawan Sri Ngalatanaya | ngarsa pakuwonirèki | Sêmantri wus karya surat | badhe katur marang gusti | sagung para narpati | tan ana wruh wadinipun | mung nyana tur uninga | praptane sang rajaputri | wus amatah duta mundhi srat sarkara ||

63. Dhandhanggula

1. mêsat duta bupati kêkalih | kuda [ku...]

--- 431 ---

[...da] kalih atus sêsandêran | kunêng ing marga lampahe | gantya ingkang winuwus | sang aprabu ing Maèspati | enjing duk siniwaka | ing wadyabala gung | sagung ingkang para raja | pêpak andhèr satriya lan pra dipati | lagweca siniwaka ||

2. pan kasaru dutaning Sêmantri | prapta laju tumamèng byantara | nêmbah tinata ature | matur lamun ingutus | mring Sêmantri ngaturkên tulis | mèsêm sri maharaja | sêrat gya pinundhut | laju sinuksmèng wardaya | bêbukane sêmbah ulun pun Sêmantri | katur ing padukendra ||

3. sasampuning sapunika gusti | ingkang abdi ngaturi uninga | putri Manggada samangke | kabêkta lampah ulun | miwah sagung kang para putri | duk kèndêl masanggrahan | sawadyabala gung | wontên ing dhusun tampingan | pan angantos timbalan paduka gusti | pukulun yèn parênga ||

4. ingkang abdi ngaturi prayogi | putri Manggada sêsotyaning rat |

--- 432 ---

ing mangke praptèng kramane | tuwan narendra punjul | kasub ing rat lajêring bumi | jawata ngejawantah | têtelanira wus | ing jagad tanpa sisihan | sinêmbah ing para ratu sura sêkti | akrama dyah utama ||

5. Citrawati musthikaning bumi | putri kumaraning jagad traya | eman kirang pêpanggile | ngamungkên prang pêpucuk | Sri Widarba apês ing jurit | lan kang abdi kewala | tan kangge sabêdhug | apan dèrèng măntra-măntra | datan pantês dados pêpanggiling krami | kalangkung saking nistha ||

6. yèn dedea paduka pribadi | kang nindaki samadyaning aprang | tuhu dèrèng sah kramane | nilar aturan kang wus | para ratu ing nguni-uni | yèn krama dyah utama | abantên prang pupuh | têmah samodra ludira | pan ing mangke ngamungkên prange kang abdi | kèsêman ing bawana ||

7. dene ingkang ngladosi ngajurit | ngarsa paduka inggih kawula | ingkang dadya pêpanggile | samadyaning prang pupuh |

--- 433 ---

ing arinta sang rajaputri | dados bantêning krama | suka sukèng lampus | yèn botên kalampahana | sayêktine gusti kawula kêkahi | Rajaputri Manggada ||

8. sampun tuwan anarka ing galih | bok kang abdi anggadhahi cipta | marang putri Manggadane | têbih saking puniku | ingkang abdi pan pindha rêsi | wahdad datanpa krama | wus ubayèng tuwuh | milane sru tur kawula | inggih saking owêl dening putri luwih | krama sêpi kewala ||

9. sampun titi panuksmaning tulis | mèsêm ing tyas Sri Arjunasasra | sêrat inguncalkên age | mring sagung para ratu | ganti-ganti nupiksa tulis | samya ngungun ing driya | ngandika sang prabu | hèh duta sira balia | umatura mring gustimu Si Sêmantri | aja sumêlang driya ||

10. panjaluke pan ingsun turuti | kudu-kudu ngajak prang lan ingwang | lawan dhawuhana kabèh | sagunging para ratu | abarisa kalangan benjing | dèn rame padha surak [su...]

--- 434 ---

[...rak] | têmpuhing prang pupuh | duta wus ngangsulan sêrat | nêmbah mundur sang prabu ngandika malih | mring sagung para raja ||

11. padha budinên ingkang sayêkti | Si Sêmantri mangkono suratnya | apa kang dadi karêpe | Narpati Soda matur | bokmanawi darbèni melik | marang putri Manggada | ngandika sang prabu | yèn upama mangkonoa | apa ninggal ing warnane Si Sêmantri | bagus trahing atapa ||

12. wutuh tejane têtêg atitih | ulat tangguh wicaksanèng krama | sêmbada kaprawirane | pan dudu pantêsipun | yèn duwea tindak tan yukti | pantêse amung sêtya | ing wacana tangguh | mokal ninggala warnanya | sun watara dhasare wus nêdya lami | gone ngabdi maringwang ||

13. ing sêmune sumêdya ngayoni | ing prang tandhing angadua guna | mintokkên kaprawirane | ewuh bêbukanipun | dinalanan ngabdi ing mami | samêngko antuk marga | kaparêng sun utus | marang nagara Manggada [Mang...]

--- 435 ---

[...gada] | gawe beka anjarag mrih duka mami | nindakana ngayuda ||

14. besuk esuk sagunging para ji | dèn samêkta sakapraboning prang | poma wêkas ingsun kabèh | têmpuhing aprang pupuh | dèn pracaya padha ing batin | nadyan ingsun kasora | ayya na têtulung | praptèng pati tegakêna | wus sun sêdya anuruti Si Sêmantri | prang tandhing ngadu yasa ||

15. wusnya dhawuh kondur sri bupati | manjing pura sagung para raja | kang sewaka bubar kabèh | ngundhangi wadyanipun | pan ing dalu siyaga sami | sakapraboning aprang | mangkana sang prabu | sapraptanira jro pura | tanpa nendra kang tansah ginalih-galih | Sêmantri suratira ||

16. pangungune Prabu Maèspati | dènira wus nêlas tangguhira | marang Sêmantri pêthèke | anom warnane bagus | ing pamulu alus awingit | pasang limpating krama | ing wêweka putus | sêmbada trahing atapa | lan wus katon kadigdayaning [kadigdaya...]

--- 436 ---

[...ning] ajurit | kamot mêngku mring bala ||

17. cuwa dènnya arsa bêbakali | mring Sêmantri duk lagine prapta | pan wus cinathêt ing sihe | kinondhang badhenipun | dènira mrih rumêksèng nagri | maharjaning kanang rat | ayêming tumuwuh | ing mangke têmahan cidra | mila langkung giyuhing tyas sri bupati | ing dalu tan winarna ||

18. enjingira sagunging para ji | wus samêkta sakapraboning prang | prajurit jro sadayane | andhèr nèng alun-alun | prajurite para narpati | wutah mring jawi kitha | miwah lurung-lurung | sadaya jêjêl gêgaman | kadya têdhuh gunging bala Maèspati | tuhu tanpa wilangan ||

19. têdhakira wau sri bupati | ginarêbêg sagung pra dipatya | wus anitih titihane | rata manik mas luru | sarwa warna panjong bangun jring | rinumpakèng sêsotya | têtirah jumêrut | pangirid rinawis abra | linimput ing pakaja nila widuri | murub rêngganing rata ||

20. kadya [ka...]

--- 437 ---

[...dya] surya mangsane duk mijil | mêntas saking wening jaladiyan | mungup munggèng ujyalane | prabata prabanipun | angênani sining wanadri | katon sinang baranang | lir wana katunu | busananing bala-bala | sênggani lan makuthaning kang para ji | asri pating galêbyar ||

21. budhal saking praja sri bupati | gunging bala lir samodra bêna | wutah saparan-parane | gumludhug guntur kêtug | gara-gara kagiri-giri | kambah kang bumi molah | gumulung kadya lun | tumundhung matundha-tundha | para ratu kang samya nindhihi baris | kunêng gantya winarna ||

22. dutanira Rahadèn Sêmantri | sampun prapta katur suratira | myang sang prabu timbalane | sadaya sampun katur | langkung suka Radèn Sêmantri | surat nulya binuka | sinuksma ing kalbu | wus putus pamaosira | mèsêm ing tyas Sêmantri sigra ngaturi | mring sagung para raja ||

23. dhinawuhkên timbalan narpati | lawan sinung uninga sadaya | sri bupati [bu...]

--- 438 ---

[...pati] wangsulane | sagunging para ratu | ganti-ganti nupiksa tulis | dhêlêg-dhêlêg sadaya | ngungun samya jêtung | Narapati Wisabajra | alon matur lah punika kadipundi | kawula tan anduga ||

24. ingkang dados wêwadining tulis | kang wêwangsule sri maharaja | têka makotên jêbule | sêrat tuwan rumuhun | botên namung atur udani | kawula jarwanana | ing satuhunipun | kang dados karsa paduka | wêwadine Sêmantri mèsêm nauri | kakang prabu sadaya ||

25. sampun dados galihipun sami | sayêktine pan inggih kawula | ingkang nênuwun têdhake | jêng gusti sang aprabu | saking dene sampun punagi | kêdah arsa uninga | wawrating prang pupuh | supaya lamun dadosa | ing pamulang sagêda angirib-irib | gêlaring prang sri nata ||

64. Sinom

1. dèrèng tutug angandika | kasaru gumyah ing jawi | rawuhe sri maharaja | sawadya para narpati | tata pakuwon sami | swaraning bala [ba...]

--- 439 ---

[...la] gumuruh | Prabu Arjunasasra | wus prapta dutanirèki | mring Sêmantri maringakên rata rêtna ||

2. badhe andhunganing yuda | miwah kapraboning jurit | badhong tanapi makutha | suka Rahadèn Sêmantri | duta dhawuhkên malih | marang sagung para ratu | enjang sami barisa | kalangan kang amiranti | têmpuhing prang dèn rame surake samya ||

3. tur sandika para raja | wus mundur duta narpati | ing dalu datan winarna | enjinge samêkta sami | sagung para narpati | nêmbang têngara gumuruh | mijil baris kalangan | têpung kapang angubêngi | para ratu samya manggung munggèng rata ||

4. sagung têngaraning aprang | jinèjèr ngarsaning baris | lêlayu tunggul bandera | rontèk kakăndha kêkitir | pirid pinarik-parik | daludag lan umbul-umbul | gênggêng ngarsèng gêgaman | tinon saking mandrawa sri | sri bupati sampun munggèng rata rêtna ||

5. kamot sakapraboning [sa...]

--- 440 ---

[...kapraboning] prang | wus manjing têngahing baris | gumuruh suraking wadya | binarung têngara nitir | Sêmantri dèn dhawuhi | anitiha ratanipun | lawan kinèn nêlasna | solah gêlaring ajurit | tur sandika nêmbah minggah ratanira ||

6. manjing jro baris kalangan | timbangan ratane kadi | têmpuring hyang giwangkara | rêrêngganing rata rukmi | nawung sunaring rawi | mawangkawa angênguwung | dangu wangwang-winawang | ngiwa gandhewane sami | dèrèng wontên lumêkas tiyasanira ||

7. sami molahakên rata | wignyane sarati kalih | kang nitih ngêmbat gandhewa | kinawi samya winasis | bêsus tangkêping jurit | wiraganira alurus | dènira ngulah laras | larase kang yuda kalih | lir Bathara Kamajaya lan Asmara ||

8. kinêmbar samadyaning prang | ing pamulu wus sairib | tan ana ingkang kuciwa | kalihira pêkik-pêkik | samya dêdêg rêspati | sêdhêng têtandhinganipun | gêbyare makutha bra | pyuk netrane [netra...]

--- 441 ---

[...ne] kang anitih | kadya daru lêng-ulêngan jroning rata ||

9. nglêkaskên tiyasanira | ing aprang Radèn Sêmantri | lumêpas saking gandhewa | tekang sanjata dhadhali | ngayuh marang wiyati | ngayati ngasut sumiyut | bayak arak-arakan | sêrsêg kumêrsêg nêsêki | wuri maksih kumêbul saking gandhewa ||

10. giris tyase wadyabala | dening sanjata ngungkuli | liwêran mara kumêrab | sigra Prabu Maèspati | musthi ingkang jêmparing | lumêpas panulakipun | kumrusuk wor prahara | sami sanjata dhadhali | têmpuh uwor papak pur anèng gêgana ||

11. gumuruh suraking bala | saking sukane ningali | dene solahing sanjata | saingga wong magut jurit | tata tangkis-tinangkis | sambêran buru-binuru | rame pêrang-pinêrang | swarane pating carêngkling | aprang surung-sinurung sêrang-sinêrang ||

12. dangu rok ingkang sanjata | sang prabu sigra nglêpasi | sanjata abra panulak | mijil [miji...]

--- 442 ---

[...l] kang prahara gumrit | nyapu sagung jêmparing | gusis pinusus ing lesus | Sêmantri duk tumingal | sirnane ingkang jêmparing | ngêtap rata angêmbat gandhewanira ||

13. musthi kang bujăngga pasa | naga gêng-agêng wus mijil | wêtune saking gandhewa | dalêdêg anggêgilani | pêpanthan pirang kêthi | paprangan sêsêg supênuh | Prabu Arjunasasra | sigra dènira nglêpasi | hru garudha panulak bujăngga pasa ||

14. kagendra ngayuh ngawiyat | sumêbut ngebat-ebati | taksaka non ing garudha | ngadêg sadaya samya mrih | mangap krura ngajrihi | kagendra nulya marunggul | sirna bujăngga pasa | binêkta mring awiyati | hru garudha maksih bêlêg nèng gêgana ||

15. kalangan agêgolongan | munggèng luhuring Sêmantri | gumuruh suraking bala | Sêmantri merang tan sipi | sigra dènnya jêmparing | lumêpas kunta sinungsun | mêtu mayuta-yuta | muntap angayuh wiyati | hru garudha sirna

--- 443 ---

kabuncang ing kunta ||

16. Sêmantri garjita mulat | dening kuntanya mungkasi | maksih muntap nèng gêgana | gêdhêg gandhewane malih | mêtu mawarni-warni | nanggala parasu limpung | kunta cakra căndrasa | badhama musala gandhi | kadya têdhuh kèbêkan ponang gêgana ||

17. Sang Prabu Arjunasasra | tan owah dènira linggih | munggèng sarêngganing rata | ngêtog budining Sêmantri | dènnya ngêtokkên sêkti | santikanira tinutug | wutah ingkang sanjata | wus tita wêtunirèki | sri narendra sigra anyandhak gandhewa ||

18. musthi kang sanjata naga | suwiwi lar kadya pêksi | nanging sirah buntut naga | jalu panjang mawi sisik | linêpasakên aglis | prapta ing gêgana wimbuh | gênging sanjata naga | mêkar mukanya lir wukir | mangap krura nadhahi sagung sanjata ||

19. nanggala parasu kunta | pirang yuta pirang kêthi | koyup ing sanjata naga | sirna siji tan na kari | naga gêgila [gêgi...]

--- 444 ---

[...la] maksih | molah galak solahipun | mangap siyung makilat | ulêkan wisa kadyagni | anggung niyup sumiyut kadya nauta ||

20. bali mubêng kêkalangan | ngakak swarane ngajrihi | kêlabing lar mawa bajra | ngadêg buntute kumitir | gugup Radèn Sêmantri | nglêpaskên bramastranipun | sumundhul mring gêgana | bramastra murub mawêrdi | sirna gêsêng naga pinangan dahana ||

21. giris sagung para raja | dahana sangsaya dadi | mulat-mulat ngalat-dalat | nèng wiyat murub mawêrdi | mubal-mubal ngajrihi | lir wukir sayuta tunu | kadya mèh tibanira | ebah sakathahing baris | sri bupati sigra nyandhak barunastra ||

22. lumêpas lêrêp sakala | pêtêng dhêdhêt anglimputi | saluhuring kang dahana | mêndhung dhêdhêt andhatêngi | wening wiyat mawêrdi | giyungan mayung tumiyung | sirêp ingkang dahana | katampêg sanjata warih | mêksih adrês gumrujug tibèng dharatan ||

23. kadya sungapan samodra [sa...]

--- 445 ---

[...modra] | munggèng satêngahing baris | mangalun mangombak-ombak | nanging kang toya tan minggir | krodha Radèn Sêmantri | anggung sinurak gumuruh | nyandhak malih bramastra | pan gêni ratuning gêni | tikêl satus lawan gêni ngalam dunya ||

24. panase myang ampuhira | linêpasakên tumuli | murub sanjata dahana | bramastra asru mawêrdi | tibèng têngahing warih | jumêgur ing swaranipun | sirna kang barunastra | katiban kang bramastra di | asat gêrèng malah sitinira nêla ||

25. dahana maksih urubnya | munggèng satêngahing baris | mulat-mulat ngalat-dalat | yayah sundhul ngawiyati | sagung para narpati | samyeram pandulunipun | Sêmantri gunaning prang | animbangi sri bupati | luwih saking duk aprang nagri Manggada ||

26. Sang Prabu Arjunasasra | nyandhak bramastranira glis | pamungkas sigra lumêpas | têmpuh sami sanjatagni | parêng murub mawêrdi | mubal-mubal mabul kombul | mumbul alêlumbungan [alêlumbunga...]

--- 446 ---

[...n] | golongan anggêgirisi | lêng-ulêngan dahana ngayuh gêgana ||

27. gègèr kang para jawata | Narada nguwuh anjêlih | hèh karo kang băndayuda | dinukan ing Hyang Pramèsthi | tingkahira ing jurit | kaya wong mamriha lampus | nganggo gêgamaning prang | bramastra panglêbur bumi | lah ta uwis racutên ing krodhanira ||

28. sêdhêng samono kewala | anăndha guna kasêktin | tutuging prang nora cuwa | Narada sawusira ngling | sigra kang aprang kalih | sarêng sèlèh langkapipun | sirêp ingkang dahana | Sêmantri lan sri bupati | matag kusir majêng gandhengan kang asta ||

65. Kinanthi

1. pangiridira kacaruk | ing ngarsa tujah samya ngrik | parêng minggir ngering nganan | èrèk rata adu iring | silih gon măndra putêran | lêbu mulêg anglimputi ||

2. dening lesus lir pinusus | lêbu kentas dening angin | sumilak rêngganing rata | gumilap ngulap-ulapi | kanthaning

--- 447 ---

prang kêkanthetan | kang nitih samya amusthi ||

3. sanjata wijèn satuhu | dudu prabawa kasêktin | kumêsar tyase kang samya | mulat solahing ajurit | yayah wus caruk warastra | rukêting rata kêkalih ||

4. sêsotya manik sumawur | saengga wintang mariris | mubêng têpung ratanira | parêng culing kang jêmparing | laraping warastra kadya | sêsiringing kilat thathit ||

5. adangu tuju-tinuju | tan ana ingkang kasilip | pur pupug papag-pinapag | samya wasising ajurit | gênjoting rata ngapinjal | katut culing kang jêmparing ||

6. dangu dènnya liru têmbung | nanging Prabu Maèspati | tan arsa mrih patinira | ing prang namung angladèni | muji sadalêming driya | marang Rahadèn Sêmantri ||

7. tuhu kalamun pinunjul | kaprawiraning ajurit | ayême ngêmu santosa | waskitha tatag patitis | pan sakêthi nora nyana | samono toging ajurit ||

8. dene ta

--- 448 ---

wêtoning gunung | ing aprang mèh bêbayani | sugih gêlaring ayuda | tarampil sikêp jêmparing | wus wasis prang munggèng rata | kadya tuhuning nagari ||

9. jawatèng awiyat umung | samya ngudankên wêwangi | ngrêrapu tyase kang aprang | ayya ta kabanjur runtik | baskara tidhêm kalaran | sirêm-sirêm wêtu riris ||

10. ririse mawa rum-arum | lumrang brêmara samya mrih | kadya tangising akasa | măngka luh tibaning riris | kalih adining satriya | winowong jawata sami ||

11. alas-alas gunung-gunung | langit miwah jalanidhi | kabèh saisining wana | yayah belani prihatin | tumon bawane kang aprang | akarya masguling bumi ||

12. mangkana kang aprang dangu | silih hru maliru tangkis | Sêmantri syuh ratanira | luluh tiniban jêmparing | malumpat nyandhak sanjata | tekang hru sutiksna lungit ||

13. lumêpas pinapag pupug | ing panulak sri bupati | sutiksna tikêl [tikê...]

--- 449 ---

[...l] kabuncang | salin warayang kaping tri | singa linêpasna sirna | kaku tyas sira Sêmantri ||

14. kang ngatêri rata rawuh | Sêmantri sigra anitih | ngêtap rata gumrit kontrag | Sêmantri krodha tan sipi | dene ta sanjatanira | pamungkas tan ana kari ||

15. ngadu sêkti datan antuk | sanjata wantah katitih | liwung krodhanira ing prang | lumêkas mamrih mungkasi | anyandhak cakra baswara | pamunahing guna sêkti ||

16. laraping kang cakra murub | kadya surating hyang rawi | sang prabu mulat prayitna | nyandhak sanjatanira glis | cakranira mèh lumêpas | dhininginan jinêmparing ||

17. pinindho ratane sumyur | Sêmantri krodha tan sipi | mangsah cakrane lumêpas | sri bupati angoncati | malumpat mung ratanira | katiban cakra wor siti ||

18. mulat wêngis krodhanipun | Sri Bupati Maèspati | sigra mangun tiwikrama | sakala gêngira aji | yayah ngayuh jumantara |

--- 450 ---

sumaput ngebat-ebati ||

19. sêsumbar anggrêng gumludhug | bul buwah kang bantala tri | lumangkah bumi lir bêlah | orêg lindhu gonjang-ganjing | samodra molah prakêmpa | girindra yayah kairing ||

20. kontrag-kontrag rug gumuntur | iku Prabu Maèspati | wikrama ukur kewala | yèn budia kang sayêkti | rupa pitung mono bisa | wau Rahadèn Sêmantri ||

21. mulat bayunira racut | ing wikrama sri bupati | duk lagya arsa cinandhak | Sêmantri mêndhak wotsari | sumungkêm siti karuna | umatur angasih-asih ||

22. dhuh gustiku sang aprabu | kang sèstu nataning bumi | kalêngkaning jagad traya | kang abdi tur pati urip | mugi ta dèn apuntêna | dening dahat kumawani ||

23. lumawan ing aprang pupuh | saking dening wus punagi | sasat miknăngka[6] ubaya | pangabdine ingkang dasih | ing gusti kang kalêngkèng rat | năndha samadyaning jurit ||

24. mangkya kalampahan sampun [sa...]

--- 451 ---

[...mpun] | mugi tulusa kang abdi | praptèng don angèstupada | ing gusti sang sri bupati | supaya lamun dadosa | sêrati pagondhal kusir ||

25. Sang Aprabu Sasrabau | miyarsa turing Sêmantri | sigra birat wikramanya | mulya sariranira lit | alon dènira ngandika | lah iya tarima mami ||

26. sira ngawula maring sun | năndha samadyaning jurit | saking wus dadya ubaya | apan wus kalakon mangkin | rame prang silih prabawa | tutug sagêlaring jurit ||

27. dadya mêngko manira nut | gantya năndha ing sirèki | lamun têmên-têmên sira | angabdi ing jênêng mami | ingsun nguni duwe taman | aran taman Sriwêdari ||

28. wukir Nguntara gonipun | putêrên mring Maèspati | kabèh wangunaning taman | aja na kang owah siji | talaga yya kongsi asat | praptane nèng Maèspati ||

29. lah iku pamundhut ingsun | yèn sira nora nêkani | sayêkti ingsun [ing...]

--- 452 ---

[...sun] tan arsa | angabdèkna ing sirèki | wasisan dadia mêngsah | mijila ing aprang malih ||

 


Kurang satu suku kata: măngsa dadak bisa amêngkoni. (kembali)
iku. (kembali)
yèn. (kembali)
Kurang satu suku kata: sawadyane sumusul ing ajurit. (kembali)
kongsi. (kembali)
minăngka. (kembali)