Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 66–81)

Judul
Sambungan
1. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 01–12). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 13–24). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 25–39). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 40–52). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
5. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 53–65). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
6. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 66–81). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
7. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 82–101). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 01-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

66. Mijil

1. sawusira ngandika sang aji | saha bala bodhol | kondur marang pasanggrahan gêdhe | miwah sagunging para narpati | masanggrahan sami | swarane gumuruh ||

2. kawarnaa sagung para putri | kang anèng pakuwon | awuyungan miyarsa dadine | ing ayuda Rahadèn Sêmantri | lawan sri bupati | tan wruh purwanipun ||

3. panarkane Rêtna Citrawati | dadining palugon | Sêmantri kang sèdhèng mring gustine | sumêdya mrih marang para putri | mila sang rêtna di | sungkawa kalangkung ||

4. maras-maras sru dènnya kuwatir | miwah para sinom | bok sang prabu kasoran yudane | lan Sêmantri dene nglêluwihi | ramening ajurit | sadina dèrèng wus ||

5. malah karya orêging kang bumi | sruning prabawa rok | pan kasaru kang rayi praptane |

--- 453 ---

Natèng Manggada matur wotsari | kangbok ing ajurit | pun Sêmantri sampun ||

6. kasor ing prang mangkya sri bupati | kondur amakuwon | langkung saking ayuda ramene | malah sri narendra ing ajurit | kongsi andhatêngi | wikrama winangun ||

7. kacêpênge Rahadèn Sêmantri | tanpa bayu lumpoh | dèrèng tutug kang rayi ature | rawuhira wau sri bupati | gugup sang rêtna di | sigra dènnya mêthuk ||

8. tundhukira lawan sri bupati | nataring pakuwon | tarap para putri nèng wurine | nêmbah mêndhak Rêtna Citrawati | sigra sri bupati | sang rêtna sinambut ||

9. dèrèng kongsi sinungan wotsari | binêktèng pakuwon | para putri anggarêbêg kabèh | sri narendra lajêng mring jinêmrik | ing kono dènnya mrih | nêkani salulut ||

10. sri bupati lan Dyah Citrawati | nèng jinêm pakuwon | tan winuwus rarasing karêsmèn | panggihira

--- 454 ---

Wisnu kalawan Sri | laluning panganti | kasok ing sihipun ||

11. yayah kadya ngluwari punagi | pamonging karongron | para putri samya tanpa sare | saos munggèng jawining jinêmrik | dalu tan winarni | enjingira sampun ||

12. samêkta sagunging para putri | sri narendra bodhol | saking pasanggrahan sawadyane | pan gumuruh lampahirèng margi | jroning kutha prapti | angambah marga gung ||

13. pan tinata lampahing kang baris | sagung para katong | tan kêna wor sajuru-jurune | samya mawi têngêran pribadi | upacaranya sri | tunggul payung agung ||

14. lan dalêdêg daludag mawarni | bandera bra katon | umbul-umbul lêlayu lan rontèk | ulur sêlur jêmpana lan joli | tinon amuwuhi | asrining marga gung ||

15. tabah-tabahan ingkang para ji | gumuruh kêndhang gong | tanpa rungyan pradăngga swarane | saengganya lir binayangkari | Prabu Maèspati [Ma...]

--- 455 ---

[...èspati] | srining lampahipun ||

16. kadya mêntas lêlana don jurit | undure sang katong | para putri măngka boyongane | èbêkan sapraja kang miyarsi | rawuhe sang aji | dènnya sru kayungyun ||

17. Sêmantri wus kasoran ing jurit | dhomas para sinom | miwah Rajaputri Manggadane | ingkang kasub kaloka ing bumi | Rêtna Citrawati | wus binêkta kondur ||

18. malah wuwuh satus para putri | boyongan nom-anom | nênggih saking Widarba bawane | ubêkan kang wadya jalu èstri | samya nêningali | têpining marga gung ||

19. jêjêl munggèng sajawining baris | dènira nênonton | praptanira sang dyah titihane | mêndhak tarap kang samya ningali | sang rêtna kaèksi | nèng jêmpana kurung ||

20. cahyanira sumunu lir sasi | sêdhênge sumorot | ping patbêlas duk piningit dene | ima manda manawêng manipis | riyêm-riyêm kadi | rinênggèng kêkuwung ||

--- 456 ---

21. sauluring jêmpana sang dèwi | wadya kèh miraos | layak gustiningsun salawase | dahat têmên datan arsa krami | akèh para putri | tan măntra dinulu ||

22. iya nora bodho sri bupati | dènira angantos | marang Rajaputri Manggadane | lah ing ngêndi babo para putri | kang mirib-iribi | ing sang rêtnaning rum ||

23. cahyanira lir gêbyaring sasi | wèh ulap kang tumon | baya ta wus pasthi timbangane | lawan gustiningsun sri bupati | mêngkuwèng jro puri | putri Manggadèku ||

24. pantês musthikaning para putri | gustiku sang katong | iya musthikaning ratu kabèh | nora kayaa sri narapati | lêkas arsa krami | angêpak angumbuk ||

25. putri dhomas kinarsakkên sami | iki baya wuwoh | jro kadhaton ing besuk asrine | dene sang prabu wus darbe sori | akèh para putri | salawase suwung ||

26. kunêng wuwusên kang nêningali | rawuhe sang

--- 457 ---

katong | wus ngadhaton kalawan garwane | putri Manggada têtêp mêngkoni | marang rajaputri | dhomas para maru ||

27. putri boyongan satus pan maksih | kinari kadhaton | nganti ingkang pinaring parênge | namung sakawan ingkang pinilih | ing Dyah Citrawati | kinarya pangayun ||

28. linadoskên sakarsaning laki | langêning kalangon | putri dhomas kawaratan kabèh | ing asmara kêna dening aji | ajining narpati | kang bala sêrèwu ||

29. pan sadaya awarna sang aji | mila para sinom | suka tuwuk ing asmara kabèh | pangrasane ginanti sang aji | sayêktine sêkti | kang tinunggil namung ||

30. Sang Dyah Citrawati jroning rêsmi | dènira sang katong | lan wêwalu putri ngarsa bae | nahan Sri Bupati Maèspati | kang lagya nuwuki | ngasmara para rum ||

67. Asmaradana

1. warnanên Radèn Sêmantri | saungkure sri narendra | dèrèng sah saking ênggone | langkung saking kawlasarsa |

--- 458 ---

sruning wardayanira | dènnya mrih suwitèng prabu | cuwa kaputungan karsa ||

2. wus sasat lamun tinampik | nênggih pangawulanira | saking abot pamundhute | Sêmantri anglês tyas sira | kadya winangsulana | solahira kang wus luput | năndha samadyaning aprang ||

3. marang Prabu Maèspati | têmahan gantya tinăndha | binotaning pamundhute | kinèn amutêra taman | Sriwêdari wutuhan | wukir Nguntara gonipun | rumăngsa nora kaduga ||

4. kadya pêjah tanpa kanin | Sêmantri raosing driya | wus pinathok pratignyane | wurunga dènnya suwita | ing Sang Arjunasasra | suka matiyèng wana gung | wirang mantuk marang arga ||

5. kunêng gantya kang winarni | nênggih Ditya Sukasrana | Radèn Sêmantri arine | nalika marang pratapan | onêng marang kang raka | praptaning pratapan dalu | pakèning sudarmanira ||

6. si kakang ana ing ngêndi | winartanan lamun lunga | mring nagri Maèspatine [Ma...]

--- 459 ---

[...èspatine] | sumêdya suwita marang | Prabu Arjunasasra | Sukasrana langkung ngungun | pamit sumusul ing raka ||

7. lampahira wor lan angin | anèng marga mambêt gănda | nulya pinarpêkan age | tiningalan yèn kang raka | pitêkur dènnya lênggah | sêmune sungkawèng kalbu | winêdalan saking wuntat ||

8. inguwuh kagyat anolih | kang rayi rinangkul sigra | adhuh babo ariningong | baya têka ngêndi sira | dene wruh prênah ingwang | kang rayi alon sumaur | iya têka ing pratapan ||

9. onêng marang sira sêpi | winartanan lamun lunga | mring nagri Maèspatine | lah ing mêngko kayaparan | gonira asuwita | dene ta pijêr pitêkur | kang raka anutur purwa ||

10. nalikanira tinuding | ing Prabu Arjunasasra | putri Manggada kênane | prang lan ratu ing Widarba | miwah nalikanira | dadine ing aprang pupuh | lan Prabu Arjunasasra ||

11. saking ngluwari punagi |

--- 460 ---

năndha samadyaning yuda | myang sang prabu pamundhute | tinuturkên sadayanya | margane kaputungan | Sukasrana sru gumuyu | lah ing mêngko kayaparan ||

12. pamundhute sri bupati | apa ta sira kaduga | kang raka alon saure | yayi pan ora kaduga | marmane sru sungkawa | wruh prênahe bae durung | kang aran wukir Nguntara ||

13. iku dhawuhing narpati | kabèh wangunaning taman | pêthetan kêmbang-kêmbange | siji nora kêna owah | praptaning prajanira | Sukasrana asru muwus | wis aja sira wêwarta ||

14. ala sirnane tinampik | Sang Prabu Arjunasasra | nora kaprah pamundhute | sapa wonge ingkang bisa | mutêr taman wutuhan | ingkang akongkon puniku | mutêra măngsa bisaa ||

15. Sang Aprabu Maèspati | dêstun ratu angalathak | lah wis payo mulih bae | suwita asile apa | kang raka angandika | ingsun wus ubayèng tuwuh | yèn kongsi wurung suwita [su...]

--- 461 ---

[...wita] ||

16. marang Prabu Maèspati | suka matia nèng wana | wis yayi muliha dhewe | matura mring kangjêng rama | Sukasrana miyarsa | kang raka rinangkul gapyuk | andêl têmên kakang sira ||

17. nora nganggo mêmarèni | kang mangkono budinira | sabarang dadi atine | yèn cuwa tan katutugan | kudu-kudu palastra | mulane aja kumênthus | lunga tan nganggo wêwarta ||

18. ujêr pangrasanirèki | duwe kadang rupa ala | mundhak angribêdi bae | dumèh wus guna prawira | dene nora piraa | samono toging budimu | mutêr taman nora bisa ||

19. eman warnamu apêkik | cobak Sri Arjunasasra | akona ingkang mêngkono | sadhela bae sun bisa | mutêr taman Nguntara | dèn têka lan gunungipun | Sêmantri duk amiyarsa ||

20. ing wuwuse ingkang rayi | rinangkul sarwi ngandika | baya ta iki swargane | wong duwe sadulur lanang | yayi apuranira | srah pati urip wak ingsun [ingsu...]

--- 462 ---

[...n] | pamundhute sri narendra ||

21. mutêr taman Sriwêdari | măngsa ta bodhoa sira | Sukasrana lon wuwuse | iya kakang aja susah | nanging jangji wak ingwang | milu suwita ing besuk | tan bêtah pisah lan sira ||

22. pantês bae sri bupati | mundhut Sriwêdari taman | apan wus duwèke dhewe | ujêr Sri Arjunasasra | panuksmaning Kesawa | Hyang Wisnu duk maksihipun | kayangan wukir Nguntara ||

23. gone yasa Sriwêdari | dadine kalawan cipta | mulane luwih asrine | lah payo nuli sun gawa | marang wukir Nguntara | anitiha gigir ingsun | lawan ngêrêmêna netra ||

24. sun gawa margèng wiyati | manawa saputên sira | kang raka mituhu linge | wus anitih gigirira | sarwi ngêrêmkên netra | Sukasrana gya sumêbut | kang raka binêkta mêsat ||

25. mring awiyat kadi thathit | sumiyut kras ibêrira | sakêdhap prapta lampahe | ngungkuli wukir Nguntara | sigra niyup mangandhap | jujug [juju...]

--- 463 ---

[...g] jroning tamansantun | Sêmantri ngêlèkkên netra ||

26. eram dènira ningali | srining Sriwêdari taman | sarwa mas uparênggane | pêthetan awarna-warna | sangkêping kêmbang-kêmbang | botrawi mas katon mancur | gumilang kinambang toya ||

27. Sêmantri lingira aris | lah yayi mêngko kaya pa | pamutêrira rakite | taman samene ambanya | nadyan silih mutêra | mung siji pêthetanipun | sayêkti alum ginawa ||

28. mring nagara Maèspati | Sukasrana wuwusira | pantês yèn wong kompra bae | lamun wus padha utama | măngsa dadak kewrana | ujêr ta taman puniku | dadine kalawan cipta ||

29. ing mêngko pamutêr mami | iya sun cipta kewala | wis kakang sareya bae | ing kono nèng yasa kambang | kang raka manjing sigra | sajroning botrawinipun | inêp lawang dhandhanggula ||

68. Dhandhanggula

1. Sukrasana sigra angidêri | jroning taman mubêng kaping tiga | sawusnya têpung ubênge | anglêkaskên [ang...]

--- 464 ---

[...lêkaskên] panêkung | pan sidhakêp asuku siji | wikrama nungku cipta | ngêningkên pandulu | katrima panêdhanira | pan sakala obah taman Sriwêdari | jumêgur swaranira ||

2. wusing swara musna tan kaèksi | sirna mulih ajale ing kuna | kalawan cipta dadine | luwar saking panêkung | Sukasrana sajati luwih | emane salah rupa | sacipta jinurung | dening Hyang Jagad Pratingkah | wus mangkana Sukasrana mêsat aglis | saking wukir Nguntara ||

3. pan sakêdhap lampahnya ngungkuli | Maèspati niyup Sukasrana | sakilèn pura jujuge | pinantês têbihipun | tibanira kang tamansari | kalawan jroning pura | Sukasrana sampun | lumêkas ing pujanira | Sriwêdari cinipta sakala dadi | wutuh rakiting taman ||

4. datan ana kang kalong sawiji | kabèh-kabèh wangunaning taman | pêthetan kêmbang-kêmbange | amuji sêktinipun | mring kang rayi Radèn Sêmantri | enjange winursita | sanagara [sana...]

--- 465 ---

[...gara] umung | narka yèn taman têtiban | saking Endraloka sagunging wadya lit | gêdêr-gumêdêr samya ||

5. sampun katur marang sri bupati | wus anarka yèn Sêmantri ingkang | anggawa taman praptane | nulya têdhak sang prabu | lawan garwa sang pramèswari | Rajaputri Manggada | ubêkan kadhatun | para maru putri dhomas | pan umiring marang Dèwi Citrawati | gumuruh anèng marga ||

6. ya ta wau Rahadèn Sêmantri | amiyarsa kalamun narendra | lan para garwa têdhake | akèn ing arinipun | sira yayi lungaa dhingin | muliha marang arga | ing besuk lamun wus | karuwan gonku suwita | sayêktine sira nuli sun kongkoni | saiki yèn ngatona ||

7. angribêdi marang awak mami | dene sira iku rupa ditya | mêmirang katon ing akèh | Sukasrana lon muwus | ingsun dhingin kakang prajangji | nêdya milu suwita | marang sang aprabu | mati urip aja pisah | lamun sira kakang anduwèni [andu...]

--- 466 ---

[...wèni] isin | ngaku kadang maringwang ||

8. lah akunên panakawan dadi | pantês bae bêndara mring sira | lungguh anèng wuri bae | kang raka asru muwus | mundur têka angrêribêdi | yèn nora nuli lunga | masthi sira lampus | Sêmantri angayat cakra | karsanira mung kinarya mêmêdèni | Sukasrana amêksa ||

9. lah ta mara tibakna dèn aglis | măngsa ingsun wêdia palastra | wajib sira nguntapake | nora bêtah wak ingsun | yèn pisaha lawan sirèki | kang raka langkung duka | manahira gugup | rawuhe sri maharaja | kalumpêngên lumêpas cakranirèki | kacundhuk Sukasrana ||

10. pagas jangganira tibèng siti | Sukasrana pan sampun palastra | kang raka sru kaduwunge | duk lagyarsa rinangkul | layon musna datan kaèksi | sarya sru tinggal swara | nora suka ingsun | pinatèn datanpa dosa | eling-eling Sêmantri besuk dèn eling | yèn ana

--- 467 ---

ditya raja ||

11. andon aprang gitik Maèspati | pan ing kono sira dèn prayitna | panjanmaningsun yêktine | mring sira malês ukum | langkung ngungun Radèn Sêmantri | miyarsa sumbarira | mangkana sang prabu | rawuh lawan para garwa | putri dhomas langkung eramira sami | mulat rêngganing taman ||

12. gapura gêng kancana kinardi | pan pinindha garudha manglayang | makutha kăntha-kanthane | pucak gapura munggul | krênantera mangapit kadi | sumpinge kang garudha | jamang mas sinungsun | kadya siraping gapura | pucak sinung hèr laut gênge sacêngkir | tinon saking mandrawa ||

13. angênguwung prabane nêlahi | lir baskara kasangsang gapura | bêbahu kanan keringe | kadya suwiwinipun | lar-êlare rinajawêrdi | sinêling-sêling cêlap | sinungging bang biru | kancana pinăncawarna | sêsakane gapura pipining kori | pindha sikil garudha ||

14. sisik-sisik lis sinilih asih | pinalêtuk ing

--- 468 ---

nila pakaja | gapura kiwa têngêne | sinung gupala watu | warna ditya kêkalih kadi | cingkara lawan bala | upama atunggu | jaga pipining gapura | pindha ngundha badhama ditya kêkalih | angiwa tamèng waja ||

15. lamun ana ingkang manjing kori | kadya nuli gapyuk ambadhama | sangkêlat abang ilate | mirah selan sasêntul | kang kinarya netranirèki | untu tinatrap ing mas | miwah siyungipun | kadya sayêktine ditya | inêbing kang kori kancana pinardi | rinumpakèng sêsotya ||

16. pan ingukir wêwayang kêkalih | pindha Ratih lawan Komajaya | kalamun minêp korine | lir pasihan dinulu | lamun mênga pisahe kadi | elik ngewani priya | tan wus yèn winuwus | asri rêngganing gapura | bata bumi sakubêng akik kinardi | rininggit-ringgit ing mas ||

17. akik wungu tinatrap bang wilis | kadya kuwung-kuwung aprabawa | ngawêngi taman langêne | botrawi mas sumunu [su...]

--- 469 ---

[...munu] | yasa kambang kinambang warih | winorah-warih ing mas | sarasah jumêrut | Sang Prabu Arjunasasra | manjing taman kêkanthèn lan pramèswari | suka kang para garwa ||

18. arêbut woh pêthetan pinêthik | warna-warna sêdhênge tumruna | măngga manggis sapangranggèh | puyuh duk sapangayuh | dhuwêt dhuku mundhu dhêkêti | kuwèni nêdhêng nyadham | dhêndhêng lan kapundhung | biyêt srikaya ngayangan | jêruk jirak jambu pijêtan sinuji | pojok durèn rambutan ||

19. jambe jajar banjaran ngidêri | kêmbang-kêmbang ingkang jinêmbangan | ngubêngi yasa kambange | turut tirah nèng ranu | taluki bang sêling saruni | malathine pêpanthan | winor lawan mênur | argulo gambir lan gănda | rupa parijatha pasar amaripit | mirit wancak suji mas ||

20. nagasari sinungsun kêmuning | cêpak cêpaka lawan kênonga | ngayomi pandhan wangêne | rame brêmara umung | mangrurah rum saengga kadi | panambramaning sêkar | marang sang aprabu |

--- 470 ---

miwah mring putri Manggada | atur gănda sêkar mêkar lir punagi | ngambar samya ambabar ||

21. pêpêthetan lumaku pinêthik | amanglung tumêlung êpangira | bangêt kabotan uwohe | Sang Prabu Sasrabau | akêkanthèn lan pramèswari | kang para garwa dhomas | rame mangêrbut rum | sawênèh adus talaga | alêlumban kèh solahing para putri | cinatur sri narendra ||

22. datan arsa kondura tumuli | lami dènnya lêlangên nèng taman | mrih para garwa sukane | samana konduripun | ngarang praja sri narapati | duk miyos siniwaka | Sêmantri jinunjung | kinarya patih misesa | pan kinadang-kadang kinondhang ing wèsthi | angrèh kang para raja ||

23. tumplak kabèh sihira narpati | bambang alum-aluming nagara | wus pasrah marang patihe | sinalin namanipun | nênggih Patih Suwănda mangkin | dene miribing warna | lawan sang aprabu | suyud sagung para raja | mring apatih sadaya

--- 471 ---

pan wêdi asih | marang Patih Suwănda ||

24. mèh sami anggêping kang para ji | lawan gustinira sri narendra | dene ki patih bawane | ambêg amot amêngku | wicaksana alus ing budi | mangkana tinimbalan | marang jro kadhatun | Rêkyana Patih Suwănda | sri narendra lênggah lawan pramèswari | sri nata angandika ||

69. Sinom

1. hèh yayi Patih Suwănda | karsane bakyunirèki | putri boyongan Widarba | iya Dèwi Darmawati | pinaringkên sirèki | Suwănda nêmbah umatur | pukulun sri narendra | ingkang abdi pindha rêsi | wus ubaya wadat datan mawi krama ||

2. pukulun lamun sêmbada | Rêtna Dèwi Darmawati | pinaringna rayi tuwan | Natèng Manggada prayogi | mèsêm sri narapati | nolih marang garwanipun | hèh yayi kayaparan | ature arinirèki | Si Suwănda wus wadat datanpa krama ||

3. rêmbuge pinaringêna | marang

--- 472 ---

arinira yayi | Narapati Citragada | mèsêm Rêtna Citrawati | sumăngga ing karsa ji | ngandika malih sang prabu | hèh ta yayi Suwănda | sira dhawuhana nuli | yayi Citragada lan ratu sakawan ||

4. yayi Căndrakètu Raja | lawan Sri Kalinggapati | Suryakètu Wisabajra | saosna ingsun paringi | pramèswari narpati | Widarba sakawan iku | satus putri boyongan | măngsa bodhoa sirèki | amêmatah pantêse kang ingsun ganjar ||

5. besuk nuli caosêna | tur sêmbah rêkyana patih | mêdal saking jroning pura | mara ratu dèn dhawuhi | kang badhe tampi putri | satus gangsal sadaya wus | gangsal ratu pangarsa | satus ratune pawingking | ing jro pura putri boyongan samêkta ||

6. winarnèng gănda busana | dene Rêtna Citrawati | wêdale saking jro pura | dinum ratu kang nampani | Suwănda Kyana Patih | ingkang mêmatah mêmatut | liya ratu pangarsa | wus pinatah [pi...]

--- 473 ---

[...natah] ing karsa ji | langkung rame bawahane mawikrama ||

7. Suwănda nêkakkên suka | lawan sagunging para ji | nutug suka-parisuka | kasukan-sukan angênting | yayah kadya punagi | tyase sagung para ratu | suka mring patihira | martanira maratani | sanagara samya jrih asih sadaya ||

8. wus kalok ing tri bawana | Suwănda Rêkyana Patih | kaprawiraning ayuda | timbang lan gustinirèki | ing warna wus sairib | solah bawa ambêgipun | samya suka maharja | ngulawisudhèng dumadi | rêngating rat rinêksa pinrih menaka ||

9. wuwuh-wuwuh para raja | kang sumiwèng Maèspati | dibyane Patih Suwănda | panungkulirèng para ji | nora lawan ing jurit | mung pinrêp dana martayu | jinêjêr ing silarja | munah pinanah mêmanis | mungsuh susah samya sih mangsah sumêmbah ||

10. mila sru sihing narendra | ingangkah sudara wèdi | dènnya wirutamèng laga | miwah ambêg arja manis | bisa [bi...]

--- 474 ---

[...sa] basa ngenaki | tyas sira wadya lit agung | kabèh tan sinung rênggang | rumasuk wong sanagari | anggêp bapa marang Apatih Suwănda ||

11. ing mangke pan wus kajarwa | Suwănda kalamun maksih | sêntananirèng narendra | mila sru sihing narpati | patih sasat narpati | ginusti ing para ratu | Suwănda sring kinarya | wakil mring gustinirèki | siniwaka dening para raja-raja ||

12. lunggyèng singangsana rêtna | ingayap ing para cèthi | akèh wadya kasamaran | tan wruh kalamun apatih | ingkang miyos siniwi | têtêp kêmbar warnanipun | Suwănda lan narendra | mung kaot kawula gusti | kêmbar rupa kêmbar solah kêmbar swara ||

13. miwah kaprawiranira | ing ayuda têtêp sami | amung kaot tiwikrama | lan gustine sri bupati | mila asring kinardi | wakil anggitik praja gung | têtêping ratu sasra | kang sumiwèng Maèspati | saanane iya Ki Patih Suwănda ||

14. sêmbadanirèng buwana | jro kadhaton [ka...]

--- 475 ---

[...dhaton] Maèspati | kadya lokèng ariloka | Ngendrabawana tan mirib | Kusuma Citrawati | măngka Dèwi Umanipun | măngka Hyang Girinata | Sri Bupati Maèspati | garwa dhomas kang măngka apsari ngarsa ||

15. apsari pawingkingira | pêpingitan para cèthi | têtêp kadi suralaya | jro kadhaton Maèspati | cahyane sri bupati | kadya diwangkaranipun | Rajaputri Manggada | cahyane minăngka sasi | sudamane para maru putri dhomas ||

16. tan kêna yèn winuwusa | srining pura Maèspati | miwah sang narpadayita | Rêtna Dèwi Citrawati | tuhu yèn amuwuhi | lêlangên srining kadhatun | Rajaputri Manggada | cahyanira busanani | jro kadhaton pama rinênggèng markata ||

17. sajroning panjrahing sêkar | kayungyun asrine sami | yèn kala narpadayita | lan Sang Prabu Maèspati | têdhak mring Sriwêdari | lawan dhomas para maru | sêkar kusut sadaya |

--- 476 ---

samya nyaoskên wêwangi | atur gănda marang Dèwi Citrasmara ||

18. pama lung-lunganing jăngga | ambirat gadhung lumiring | tahên miyat ing jangganta | merang muntêl mulêt ing wit | pudhak mèh babar mingkis | mulat ingkang wêntis katup | kesisan wastra ngulya | kadya kêncana sinangling | sêkar pudhak mungkrêt malih wurung babar ||

19. sadaya kang puyuh dênta | purêt karakêt ing uwit | merang dènira tumingal | ing pambayun sang rêtna di | ngasorkên cêngkir gadhing | kadya kêncana binubut | mêmêt tur maya-maya | mundri lir nila widuri | lamun tinon lir pambayun jro supêna ||

20. gung alit wadya sapraja | tan ana ingucap malih | mung pantêse gustinira | lawan ingkang pramèswari | miwah pantêsirèki | kalawan pêpatihipun | wuwuh kuwunging praja | kunêng gantya kang winarni | ingkang tapa anèng talaga Madirda ||

21. wus pirang taun laminya | Kusuma Rêtna Anjani | dènira tapa nyanthoka | munggèng satêpining bèji | tanpa

--- 477 ---

sinjang sang dèwi | wuda namung sinjang rambut | ubaya yèn tan ana | sihing jawata kang luwih | angruwati cintraka kawreyanira ||

22. suka matiyèng talaga | nora nginum nora bukti | kang dhinahar mung kaleyang | kang tibèng pangkon pribadi | lawan bun kang nètèsi | ing lathi iku dèn inum | luwih ari kalihnya | ing tapanira sang dèwi | tinêdhakan dening Sang Hyang Girinata ||

23. pan arsa nêmbadanana | ing panêdha kang atapi | dènira wus pirang warsa | mantêp tan ginggang ing kapti | umrês jawatèng langit | kang umiring Sang Hyang Guru | nitih wimana rêtna | sumêblak padhang nêlahi | lir bathara memba nganglangi bawana ||

24. prabaning wimana rêtna | padhang luhure sang dèwi | Hyang Girinata umiyat | rakite kang mangun tèki | mangu tyas sira dening | wuda namung sinjang rambut | wêntis kesisan rema | gumêbyar saengga thathit | Sang Hyang Guru lênglênging tyas kamanungsan ||

25. têmah korut tirtanira |

--- 478 ---

kinipatakên ngasta glis | tumiba anèng ron kamal | parêng prahara gumêrit | sindhung riwut dhatêngi | wrêksa sol rêbah pokah puh | roning kamal kabuncang | tumibèng pangkon sang dèwi | gya cinandhak sang dyah sakêdhap tumênga ||

26. dènnya dhahar roning kamal | mulat ing luhurirèki | jibêg jawatèng awiyat | sang rêtna merang ing galih | nulya dhêkukul malih | ngungun dewa kang andulu | dene rupa wanara | kang tapa mukanirèki | Hyang Narada wruh ing wadi suka-suka ||

27. munggèng ngarsaning wimana | latah-latah asêsirig | Sang Hyang Guru angandika | apa ta wadinirèki | gêguyu marang mami | Narada latah umatur | botên gêgujêng tuwan | gêguyu èstri kang tapi | yèn wawrata sayêkti manak wanara ||

28. kêthèk kumêthak ngalathak | tharuthukan angalithik | munyèt nyanyêngit ngalunyat | manthelang kalung kalênthing | pêpincangan malêncing | mêmunyuk sok munyak-munyuk [mu...]

--- 479 ---

[...nyak-munyuk] | ngucêmil kêkêmilan | kalung kacang gendhong cêngkir | Sang Hyang Guru mèsêm osiking wardaya ||

29. baya wruh ing wadiningwang | Narada guyunirèki | Sang Hyang Guru kondur sigra | kêbut pra jawata sami | saking gène Anjani | Narada turut dêlanggung | pan maksih suka-suka | Hyang Guru sigra amêthik | roning ila-ila satêpining marga ||

30. nênungkul Rêsi Narada | ila-ila dèn usapi | asta ingkang tabêt kama | Narada pijêr sêsirig | munggèng ngarsanirèki | inguncalan nora wêruh | nênggih ron ila-ila | tumibèng gigirirèki | lir ingancur Sang Hyang Guru angandika ||

31. hèh kakang Kanekaputra | sira gêguyu mring mami | narka kasmaran wanara | lah ta nyatane punapi | sira iku wus pasthi | bakal duwe anak munyuk | Narada sru turira | kula manak saking pundi | botên niyat lamun dhêmêna wanara ||

32. pae puniku pun Brama | mêmulat [mêmula...]

--- 480 ---

[...t] wêntisirèki | têka acipta kasmaran | pasthi puniku garbini | pun Brama kang ngêtêngi | pasthi lamun manak munyuk | pan sarwi latah-latah | Rêsi Narada dènnya ngling | nora wêruh inguncalan ron asmara ||

70. Asmaradana

1. Sang Hyang Guru ngandika ris | lah iya sakarsanira | angarani jênêng ingong | nanging ta durung karuwan | sira ingkang wus nyata | lamun duwe anak munyuk | dadak gêguyu maringwang ||

2. têka nora idhêp ngisin | anake kêthèk ginawa | kêtêmu lawan dewa kèh | wicara lamun bagusa | saparane ginawa | dewa kèh pating palinguk | tan ana wruh wadinira ||

3. Hyang Guru ngandika malih | lah mara sira nolèha | dudu ta anakmu kuwe | ngêthapêl anèng gendhongan | wau ron ila-ila | antuk sabdaning Hyang Guru | sakala dadi wanara ||

4. maksih ngêthapêl nèng gigir | tangane angrangkul jăngga | mênthalit kalih sikile | nèng lambung lêmês lir tampar | buntut [buntu...]

--- 481 ---

[...t] ambêbêt badan | Narada kagèt anjumbul | niba tangi girap-girap ||

5. gêgulungan anèng siti | winêngkang-wêngkang tan kêna | saya kukuh pangrangkule | karakêt nèng gigirira | Narada mêgap-mêgap | marang ngarsane Hyang Guru | umatur nuwun apura ||

6. Hyang Guru ngandika aris | sataun măngsa ucula | saking gigir pangrangkule | lamun sira durung arsa | iya ngaku atmaja | Narada sigra umatur | pan inggih anak kawula ||

7. mung sampun ngêthapêl gigir | mêngkarag githok kawula | wanara tumurun age | lajêng anungkêmi pada | Narada langkung suka | rinangkul dèn êlus-êlus | gumêr kang para jawata ||

8. dene kayuyun kang warni | mèmpêr Bathara Narada | nyangkrang anglêngin pundhake | gulune mangkêrêt cêndhak | dêdêg cebol kapalang | bèkèl wêtênge anyêmpluk | bokong nyanthik nyakathakan ||

9. buntute panjang nglangkungi | ulêsira ijo [i...]

--- 482 ---

[...jo] tuwa | gumilap anyambêrlilèn | pan sampun sinungan nama | nênggih Radèn Anila | Narada alon umatur | pukulun lamun parênga ||

10. wontêna tunggile malih | sagunging para jawata | nganakna wanara kabèh | sayêkti wontên karyanya | dhaharên tur kawula | yèn amung sawiji tanggung | dados gêguyon kewala ||

11. Sang Hyang Guru nêmbadani | marang aturing Narada | dewa wus ngundhangan kabèh | padha yogaa wanara | aja na kaliwatan | sun wangêni pitung dalu | dadine anake padha ||

12. pacuwan parentah mami | sagunging para jawata | sandika wus bubar kabèh | mantuk mring kayanganira | samya mêsu mêmuja | nèng sanggar pidikanipun | sarta lawan garwanira ||

13. tan antara anggarbini | rabining para jawata | kêlawan cipta dadine | antara ing pitung dina | samya babar sadaya | enggal gêng diwasanipun | dinus lawan gege toya ||

14. mayuta makêthi-kêthi |

--- 483 ---

wanara tanpa wilangan | manut jawata kathahe | anake jawata para | wanara ingkang rucah | wre wira ingkang nung-anung | anak jawata nayaka ||

15. gêng-agêng kagiri-giri | lumrah prawirèng ayuda | wre pangarsa sadayane | kèh ulat pindha baskara | prakatha kadi gêlap | sêgune kadya galudhug | katur ing Hyang Girinata ||

16. langkung sukanya ningali | dhapure ingkang wanara | pangarsa biwara kabèh | pantês samya wirèng yuda | tinurunakên sigra | sadaya kinèn angratu | marang ing guwa Kiskêndha ||

17. wanara wus mudhun sami | pangirid kapi Anila | prapta ing Kiskêndha kabèh | kadya wutahing samodra | wus têtêp pangratunya | marang Sugriwa sumuyut | sagunging bala wanara ||

18. dene Rahadèn Subali | liningga-lingga jawata | pinindha-pindha pêpundhèn | mring sagung bala wanara | ajrih asih sadaya | dènnya prawirambêk wiku | prakosa sudirèng tapa ||

--- 484 ---

19. sampun amacak bupati | Sri Narapati Sugriwa | Anila kinarya patèh | kang sumosor wre Saraba | punggawa ulah sastra | wignya prawirèng prang pupuh | abala ngêlimang yuta ||

20. Anila sisihirèki | wre undhagi ing kagunan | Tamèngpisa sabalane | lan wontên malih punggawa | prawira dadi muka | Danurdara Endrajanu | Gawaksa lawan Gawaya ||

21. Wisangkatha lan Puthaksi | Sata Bali lan Winata | Sêmpati Bimamukane | Kesari Gadamêdana | Kardana Kapimenda | Subodhara kalawan Dru- | wrêksa lan Kamadhrasthinya ||

22. sadaya prawirèng jurit | tan wawang napak gêgana | punggawa wre sabalane | lumrah bala nglimang yuta | sawênèh matang yuta | ing sapangkat-pangkatipun | undha-usuking punggawa ||

23. solahe lumakyèng kardi | tan pae lawan manungsa | anggêpe marang ratune | miwah mring punggawanira | sagunging kapi bala |

--- 485 ---

suka-sukane kalangkung | anèng ing guwa Kiskêndha ||

24. wananira wutuh maksih | sangkêp saliring wowohan | dèrèng kalong salamine | wêwêngkon wana Kiskêndha | sagunging pra dipatya | akarya dunungan sampun | kunêng gantya kang winarna ||

25. kadya carita mangsuli | êmbane Bali Sugriwa | sakesahe momongane | ajrih marang sang pandhita | rumăngsa karya dosa | Jêmbawan dadya anusul | lan wontên pulunanira ||

26. dening Sang Gotama Rêsi | parnah pulunane misan | Ki Puthut Menda namane | mawi sungu kadi menda | duk bêbayine mila | Puthut Menda milu nusul | kampir talaga Sumala ||

27. sayah angum jroning warih | dadya arupa wanara | kêkalih langkung merange | gêblas angilang mring wana | pirang taun laminya | dèn pêpati raganipun | antuk sasmitaning dewa ||

28. kinèn sumusula aglis | marang ing guwa Kiskêndha | winartan yèn momongane [momonga...]

--- 486 ---

[...ne] | wus rinatu ing wanara | bala tanpa wilangan | Jêmbawan sigra anusul | marang ing guwa Kiskêndha ||

29. sapraptane sampun panggih | lan Narapati Sugriwa | Jêmbawan asru tangise | ngaturkên sasolahira | nalika salah rupa | anèng ing talaga adus | merang angili nèng wana ||

30. antuk wangsiting dewadi | kinèn nusul mring paduka | Sugriwa sru pangungune | wus samya mupus ing driya | wau Kapi Jêmbawan | wus pinacak punggawa gung | kanthi lan Kapi Anila ||

71. Kinanthi

1. gantya malih kang winuwus | Kusuma Rêtna Anjani | yekang atapa nyanthoka | munggèng satêpining bèji | ing sawusira adhahar | ron kamal lajêng garbini ||

2. langkung sungkawaning kalbu | ing siyang dalu anangis | ketang wiranging bawana | tanpa lawan anggarbini | langkung rujiting wardaya | sêsambate mêlasasih ||

3. dhuh lae dhuh jawata gung | paran dosaningsun [do...]

--- 487 ---

[...saningsun] iki | binêndu rupa wanara | marga saking cupu manik | durung pinaringan luwar | ruwating kawreyan mami ||

4. nyanthuka wus pirang taun | anèng satêpining warih | mung nênuwun pangaksama | ruwating cintraka mami | têka malah winuwuhan | tanpa lawan anggarbini ||

5. apa ta dosaning ulun | binêndu sinakit-sakit | lêhêng nuli lênyêpêna | saking ing madyapadèki | urip dadawa druhaka | tan padha samining janmi ||

6. hèh mega teja kêkuwung | wangkawa kilat lan thathit | surya sasi myang sudama | wukir miwah jalanidhi | kabèh isining bawana | sêksinên siksa ngong iki ||

7. papa pataka pinuput | kapati pinati-pati | tanpa wit sinung pataka | pêpêt cupêtên tumuli | linuluh sinalah-salah | tanpa lawan anggarbini ||

8. kunêng sang dyah tangisipun | cinarita sampun prapti | mangsane ing wulanira | sang dyah dènira garbini [gar...]

--- 488 ---

[...bini] | rumăngsa lamun bêbada | ing sarira manakiti ||

9. tambuh-tambuh solahipun | Kusuma Rêtna Anjani | acipta praptèng antaka | pambandrênging jabang bayi | mawa prahara ru-ara | sindhung riwut angin-angin ||

10. mêsês lesus lir pinusus | bayu bajra sru gumêrit | wrêksa sol sêmpal kaprapal | rug grêng ori-ori tarik | Rêtna Anjani kantaka | laire kang jabang bayi ||

11. gara-gara rèh gumuntur | makêtêr sining wanadri | prapta udan păncawara | orêg lindhu gonjang-ganjing | rug gugrug agraning arga | prakêmpa rèh kang udadi ||

12. orêging sawarga gugup | sagunging para apsari | dinuta Hyang Girinata | têtulung ing jabang bayi | ambêkta sêsaratira | talaga Madirda prapti ||

13. jabang bayi wus sinambut | dene kang para apsari | sampurna pinaripurna | miwah Kusuma Anjani | rinuwat kawreyanira | mulya kadya wingi uni ||

14. wungu [wu...]

--- 489 ---

[...ngu] pungun-pungun ngungun | mulat ing para apsari | kang nambut ing putranira | Kapi Gapila kang warni | panarimanirèng driya | dene sariranirèki ||

15. wus ruwat kawreyanipun | nugrahaning Hyang Pramèsthi | mangkana wau sang rêtna | binêktèng para apsari | pinarnahakên sawarga | mulya dadi widadari ||

16. dene jabang bayinipun | pinaringkên dèn tampèni | mring Bathara Bayu ingkang | anggadhuh malakartèni | pinrih digdaya luwiha | kaprawiraning ajurit ||

17. Hyang Jagadnata mawantu | dibya ring sang jabang bayi | wus dinus ing gege toya | menggal gêng diwasanèki | Rahadèn Anjaniputra | kathah pêparabirèki ||

18. Rahadèn Pawanasunu | Radèn Ramadayapati | Radèn Prabacanasuta | Nilatmaja lawan malih | nênggih Rahadèn Anoman | Bayutênaya Maruti ||

19. ulahing kagunan putus | pasang limpat tyas undhagi | wêweka tur bijaksana | lêpasing [lê...]

--- 490 ---

[...pasing] graita lantip | ulat gagak ulês seta | sarèh sêmu jatmikani ||

20. kaprawiraning prang punjul | măndraguna sura sêkti | ditya prakosa digdaya | dewa prasamya mêmuji | ing Radèn Bayutênaya | iya Ramadayapati ||

21. lamun krodha ing prang pupuh | prabawa prahara gumrit | sindhung riwut aliwawar | gora rèh kang bajra pati | luwih prabawaning paman | Subali kruraning jurit ||

22. sukèng tyas Bathara Guru | nuduh jawata angirit | ing Radèn Bayutênaya | sinrahkên pamanirèki | kapindra guwa Kiskêndha | lampahira sampun prapti ||

23. panggih lan wanara prabu | jawata duta lingnya ris | hèh Sang Kapindra Sugriwa | timbalane Hyang Pramèsthi | pan iki pulunanira | sutane Dèwi Anjani ||

24. kasraha marang sirèku | dene ta Dèwi Anjani | wus ruwat kawreyanira | mulya dadi widadari | Bathara Bayu kang yoga | ing pulunanira iki ||

--- 491 ---

25. Sugriwa suka kalangkung | dene kang raka Anjani | wus sinung ruwat jawata | mulya dadya widadari | lan mulat pulunanira | langkung sukanirèng galih ||

26. anom ing wêweka putus | pasanging graita lantip | sêmbada prawirèng yuda | wre sadaya prasamya sih | dènnya lus pambêkanira | jatmika sarèh prakati ||

27. jawata duta mit sampun | mantuk muksèng awiyati | wau Narpati Sugriwa | kang putra jinunjung linggih | pinacak bupati putra | pinarcaya ngrèh ing wèsthi ||

28. bala wre sinungan sampun | lawan amatah bupati | kang ngêmbani mring Anoman | wre Saraba sura sêkti | wus mangkana Bayuputra | kinèn sumiwia aglis ||

29. mring paman sang pindha wiku | Subali kang mangun tèki | Anoman gya lumaksana | Saraba ingkang umiring | praptèng wukir Sunyapringga | Anoman mangsah ngabêkti ||

30. Subali kagyat tanya rum | hèh Saraba sapa iki | wre

--- 492 ---

anom nêmbah maringwang | Saraba matur wotsari | punika pulunan tuwan | putrane Dèwi Anjani ||

31. patutan Bathara Bayu | raka paduka ing mangkin | wus ruwat kawreyanira | mulya dadya widadari | Subali kalangkung suka | mulat pulunanirèki ||

32. lan ingkang raka dènnya wus | sinung ruwat ing dewadi | wus mangkana ingkang putra | Anoman tinundhung mulih | sumiwiyèng pamanira | mring guwa Kiskêndha malih ||

33. Si Sugriwa kang rinatu | dene sagung bala kapi | milua mukti wibawa | marang ing pamanirèki | aja suwe nèng pratapan | angregoni tapa mami ||

34. kang putra tur sêmbah mundur | saking Sunyapringga wukir | datan kantun wre Saraba | guwa Kiskêndha wus prapti | katur ing sasolahira | kalamun sampun ngabêkti ||

35. mring paman sang pindha wiku | nanging gya tinundhung mulih | dènnya lagya sru martapa | manawi angrêregoni | kapindra gumujêng myarsa | Anoman aturirèki [a...]

--- 49[1] ---

[...turirèki] ||

72. Sinom

1. kunêng Narpati Sugriwa | kang wus têtêp angratoni | ing sagung bala wanara | gantya kang winarna malih | nênggih Ngalêngka nagri | Risang Dasamuka Prabu | ing mangke pan sangsaya | gunge karatonirèki | rat makêtêr tumon ing prabawanira ||

2. sagunging diyu rêksasa | ingkang kasăngga ing bumi | kang kungkulan ing akasa | sadaya samya sumiwi | marang Ngalêngka nagri | marma sangsaya andarung | Rawana ardanira | puwa-puwa anèng bumi | sabalane bumi pala ing Ngalêngka ||

3. upamanira sasăngka | sagunging para narpati | pagut sunaring baskara | kêkês sadaya samya jrih | marang Sang Yaksapati | susah jinajah ing mungsuh | wusnya gitik Kaendran | alami kèndêlirèki | anèng praja nora lêlana don aprang ||

4. anggung dènnya mong asmara | mring garwa Dyah Dèwi Tari | wus lipur pangarangira | marang Rêtna Widawati | liru Dyah Dèwi Tari | myang sang ari kalihipun |

--- 494 ---

sirarya Kumbakarna | lan Arya Wibisanèki | kalihira samya manungku ngasmara ||

5. garwanira Kumbakarna | apsari Dèwi Kiswani | garwanira Wibisana | Kusuma Dèwi Triwati | sira sang ari kalih | suka wibawa anutug | mèh sami lan kang raka | samya ngadhaton pribadi | ing Ngalêngka prasasat pinara tiga ||

6. miwah sagung pra dipatya | Ngalêngka ditya gung alit | miwah kang amăncapraja | mangan nginum rina wêngi | anèng purane sami | linilan ing prabunipun | nutugi sukanira | sawênèh punggawa sêkti | amêng-amêng ngambil wowohan sawarga ||

7. antuke winot ing rata | ana mêng-amêng pasisir | akarya tarub wangunan | misayèng mina jaladri | wênèh pêpara maring | wana-wana gunung-gunung | akarya pagubahan | prasamya ambêkta rabi | kèh solahe wil punggawa mamrih suka ||

8. sawênèh ana punggawa | sukane pêpara nêbih | sartane ambêkta bala | mring jajahan liyan [li...]

--- 495 ---

[...yan] nagri | ngrêrusak ngrêrusuhi | tan ana kang ngarubiru | tutug sasolahira | ditya Ngalêngka gung alit | cipta tulus dènira jayèng bawana ||

9. ayya mungsuh madyapada | sagunging para narpati | manungsa diyu raksasa | yèn anaa ingkang wani | marang prabunirèki | dewa kasor ing prang sampun | samana Dasamuka | ngundhangi wadyanirèki | kinèn sami siyaga kaprabon yuda ||

10. karsanya Prabu Rawana | lêlana don aprang malih | sagung ingkang pra dipatya | wus samêkta ing jurit |[2] tuwin kang măncanagri | sagêgamanira kumpul | marang nagri Ngalêngka | gumuruh anggêgirisi | kadya guntur wil prawira nata bala ||

11. langkung saking satus yuta | wil bala Ngalêngka mangkin | samêkta gêgamanira | têngara budhalira glis | saking Ngalêngka nagri | de sang ari kalihipun | sirarya Kumbakarna | lan Arya Wibisanèki | sabalane samya kantun têngga praja ||

12. lawan bupati sakawan [sa...]

--- 496 ---

[...kawan] | kang kantun rumêksèng nagri | mangkana ing lampahira | Sri Dasamuka wus prapti | jawi kitha ngêbêki | kadya robing samodra gung | lubèr ngêlèbi wana | myang ditya ing awiyati | kadya têdhuh ibêkaning dirgantara ||

13. lêpas lampahira ngambah | ing jajahan liyan nagri | gègèr ingkang kamarganan | ditya samya jêjarahi | kèh ratu ngungsi wukir | risak kithane ginêmpur | branèstrine jinarah | wênèh ratu nungkul aris | mêthuk marga sarta tur sêsêgahira ||

14. sawênèh ratu prakosa | nêdya mêthuk ing ajurit | mijil saking kuthanira | sawadya nanggulang margi | kèlês dening rasêksi | kêkalèn upamènipun | katêmpuh banjir bandhang | ing prang tan măntra ngudhili | duk samana lampahe Sri Dasamuka ||

15. kèndêl lêlangên ing wana | masanggrahan Nungsamanik | lan sawadyabalanira | akarya pakuwon sami | cinatur Ngarcamanik | wananira maksih wutuh | akathah

--- 497 ---

kang wowohan | papane wiyar tur radin | bêngawan gêng mili ngubêngi parbata ||

16. Sang Aprabu Dasamuka | acangkrama maring wukir | anitih wimana rêtna | miwah sagung pra dipati | wukir gêng ngarca Manik | kathah buron alasipun | sangkêp ingkang wowohan | kêmbang-kêmbange mêpêki | luhur ngarga kathah talaga pancuran ||

17. suka kang bala rasêksa | karasan nèng Nungsamanik | gung misaya buron wana | myang misayèng ulam kali | kunêng ing Nungsamanik | yaksendra ingkang kêkuwu | sawadyabalanira | gantya kang winarna malih | nagara ing Maèspati cinarita ||

18. lawan Prabu Dasamuka | lir sarêng lampahirèki | duk samana sri narendra | Maha Prabu Maèspati | parentah mring Apatih | Suwănda ngundhangi gupuh | mring sagung para raja | satriya lan pra dipati | siyagaa narendra arsa pêpara ||

19. gumêrah wadya sapraja | siyaga kaprabon jurit | angiring [angi...]

--- 498 ---

[...ring] prabu cangkrama | mring wana wukir pasisir | mrih sukaning kang rayi | cangkrama mamèt kalangun | busêkan para raja | satriya punggawa mantri | kadya guntur prawira anata bala ||

20. narpati sasra nagara | satriya lan pra dipati | wus saos wahananira | rata gêng jêmpana joli | gêgaman tanpa wilis | sabalane ratu sèwu | bêkta kucumbinira | sagunging para narpati | pan sadaya kêkanthèn lan garwanira ||

73. Kinanthi

1. wus samêkta kang wadya gung | gêgaman lir parwatagni | kadya wana kêmbang-kêmbang | busananing kang para ji | panganjur Natèng Manggada | kaipe ing sri bupati ||

2. ngirit satus para ratu | anitih rata rinukmi | asri upacaranira | ginarbêg ing pra dipati | têlasing wadya Manggada | Natèng Srawăngga nambungi ||

3. ngirit satus para ratu | Natèng Srawăngga anitih | dipăngga palana lawak | gumrêdêg wadyanira sri | Sang Prabu Srawantipura | ingkang sumambung [su...]

--- 499 ---

[...mambung] ing wuri ||

4. ngirit satus para ratu | Srawantipura anitih | rata jong binangun pita | asri busanèng ajurit | ingkang sumambung ing wuntat | Sang Prabu Kalinggapati ||

5. ngirit satus para ratu | gumuruh wadyanira sri | anitih dipăngga buntal | apalana mas sinangling | Sang Aprabu Wisabajra | ing wuri ingkang nambungi ||

6. ngirit satus para ratu | nitih rata jong bangun jring | gumrêgut lampahing bala | busana bra marwatagni | wahana mawarna-warna | rata turăngga lan èsthi ||

7. titihan kang para ratu | tan kêna wor ingkang baris | pangkat-pangkat lampahira | mawi têngêran pribadi | sagunging ratu manggala | mangku upacara sami ||

8. satunggul sapayung agung | gada gêng angapit-apit | samoga badhama dhêndha | nanggala musala piling | cakra candrosa ing ngarsa | trisula limpung lan lori ||

9. jangkêp ratu limang atus | ingkang lumampah ing ngarsi | mijil [miji...]

--- 500 ---

[...l] Sri Arjunasasra | ing lampah ingkang nêngahi | tuwin para garwa dhomas | ngiring Dèwi Citrawati ||

10. lan parêkan gangsal èwu | anggili garbong pêdhati | titihan kang para garwa | atusan jêmpana joli | ulur sêlur saking pura | Rêtna Dèwi Citrawati ||

11. anitih jêmpana kurung | singup mas binangun asri | wêwaton têlajug pita | tinatirah mantên wilis | salêbêtirèng jêmpana | pinajang-pajang linungsir ||

12. pinalisir mas sinawur | tinon ing mandrawa kadi | wangkawa angêmu teja | sinalimut kilat thathit | kadya daru lêng-ulêngan | lan sudama jroning joli ||

13. jêmpana sinongsong sungsun | êlaring manyura rêsmi | munggèng wurining jêmpana | Sri Bupati Maèspati | dadya pamadyaning lampah | nitih rata manik wilis ||

14. laring sambêrilèn gumyur | srine kang songsong mangapit | ampilan pacarèng ngarsa | pan sadaya dèn songsongi | sinungsun [sinungsu...]

--- 501 ---

[...n] sapasang-pasang | srining songsong amuwuhi ||

15. rêsmi langêning marga gung | sumêbar kababar kadi | kang pêksi krêndha rêratyan | arakan pipit maripit | muntap tata rantap-rantap | wadya kang amagêrsari ||

16. sumrêg sêsêg rèh sumêngkut | wadya jro sumambung wuri | kerit ing sri maharaja | gêgaman mawarni-warni | kadya wana kawêlagar | sinang baranang kaèksi ||

17. srine kang wadyabala gung | ratu limang atus wuri | tan pae kalawan ngarsa | asrining bala lumaris | myang pangkating para raja | sabên saupacara sri ||

18. munggèng wurinira prabu | Sowănda Rêkyana Patih | pangirit ratu pamuntat | anitih rata rinukmi | kalanira sèwu lêksa | sakêthi kang pra dipati ||

19. rumêksèng pakewuh pungkur | sadaya prawirèng jurit | bupatinira Suwănda | tuwin ingkang para mantri | busana kèh neka warna | lir panjrahing puspita sri ||

20. Narapati Căndrakètu | saha bala kang nambungi |

--- 502 ---

ngirit satus para raja | asri busanèng prajurit | saengga sêkar sataman | ingkang sumambung ing wuri ||

21. Narapati Suryakètu | ngirit satus kang para ji | asri busananing bala | kadya ingkang taru rêsmi | Narpati Ngalatanaya | ingkang sumambung ing wuri ||

22. ngirit satus para ratu | asrine wadyanya kadi | panjrahing sêkar palasa | wuri malih kang nambungi | Sang Aprabu Godhadarma | Widarba Sri Narapati ||

23. ngirit satus para ratu | gumrah wadya Widarba Sri | nulya Narapati Soda | ing lampah ingkang mungkasi | ngirit satus para raja | gêgamanira marnani ||

24. jangkêp ratu limang atus | kang munggèng wuri narpati | prapta sajawining kitha | kadya robing jalanidhi | wutah angalèbi wana | gunging wadya Maèspati ||

25. saengga parbata kapuk | katêmpuh drêsing kang angin | kawur ing saparan-paran | wadya gung kang rêbut margi | sumyur kumaliling ambyar | angêbêki

--- 503 ---

wanagiri ||

26. gumaludhug guntur kêtug | gora rèh kagiri-giri | wana têmah ara-ara | kambah ing bala lumaris | tuhu yèn ratuning jagad | Sang Aprabu Maèspati ||

27. sinêmbah ing ratu sèwu | prabawane ambawani | angaubi sabawana | prabu baboning sabumi | bituwahing bumi pala | pilih kang tan atur manis ||

74. Dhandhanggula

1. sirêm-sirêm hyang ima nawêngi | luhurira Sri Arjunasasra | kadya mayungi isthane | wênèh dening balêdug | anglimputi hyang bagaspati | mangkana pra pandhita | miwah para wiku | ing wukir-wukir sadaya | amiyarsa yèn Sang Prabu Maèspati | cangkrama marang wana ||

2. sami mêdhun wiku wukir-wukir | mêthuk ing Sri Arjunawijaya | samya ngaturkên tapane | salamine nèng gunung | tan lyan prabu ing Maèspati | kang pinudya ing tapa | mung Sang Sasrabau | ratu musthikaning jagad | mêmusêri ing bawana anglajêri | ngaubi isining rat ||

--- 504 ---

3. yèn kala lêrêp sri narapati | ing patapannya pandhita mulya | amanggih suka sakèhe | garwa myang balanipun | pan sakala dadya nagari | saking kathahing wadya | para ratu-ratu | ambêbêthèk angarakat | buron alas miwah ulam kali-kali | suka kang para garwa ||

4. anênangkêp jêjabung jêjaring | kala-kala sindhêtan tulupan | sadaya dadya sukane | yèn dalu sang aprabu | gunêm lawan wiku sêjati | mrih arjaning kamuksan | pratingkahing ratu | gyanira rumêksèng jagad | miwah gunêm prayoga wêkasing pati | patitising kamuksan ||

5. suka myarsa Rêtna Citrawati | gunêmira kalawan pandhita | akèh karungu bêcike | tata titining ratu | miwah tata titining pati | pantaraning utama | namakakên laku | laku lêlakoning praja | praja arja jajahanira sayêkti | yayah murwa kawiryan ||

6. miwah Dèwi Rêtna Citrawati | cangkrama mamrih sêkar

--- 505 ---

ngasrama | lan dhomas para marune | gumrah arêbut santun | kadya riris paguting pasir | suka dènira mulat | Prabu Sasrabau | solahe kang garwa dhomas | wus mangkana ngalih pasanggrahan malih | langêning wana-wana ||

7. mêmangun dana samargi-margi | angenaki tyasing balatăntra | waskitha mayu jagade | sagunging wiku-wiku | kontha-kanthi kinthil-kininthil | salamine nèng wana | Sang Sri Sasrabau | suka sakèhing pandhita | siyang latri angadhêp sri narapati | samya suka sadaya ||

8. sêngsêm kacaryan para maharsi | marang Prabu Arjunawijaya | kayungyun gêng pangèstune | ngênting dènnya sêsugun | tumpêk isèn-isèn wanadri | nadyan cantrik urakan | sunggatane katur | duk samana wong ing praja | kèh kapengin kudu-kudu dadi cantrik | dènnya gêng sih sang nata ||

9. ewon alêksan para maharsi | wiku pandhita sewa sunggata | manguyu cantrik-cantrike | dènnyambêg [dè...]

--- 506 ---

[...nnyambêg] sang aprabu | angenaki ing tyas prihatin | mêmayu ing sangsara | anuwuki kayun | ing bala sapraja muwah | isining kang praja myang isi kang wukir | kinênan suka samya ||

10. tangèh lamun wuwusên ing tulis | solahira dènnya masanggrahan | ing pratapan iku kabèh | anggung amangun ayu | karahayoning bumi-bumi | gunêm lan pra pandhita | wulange kacakup | sagunging para punggawa | sabên ari lawan Rêkyana Apatih | Suwănda tampi wulang ||

11. pratingkahira angrèh nagari | kaluhuraning ratu wisesa | pinungkas kautamane | akèh wuwuh pakantuk | marang garwa marang wadyèki | samya nuwuki suka | katêkan sakayun | kalih wulan cinarita | ênggènira lêlangên nèng wana wukir | Prabu Arjunasasra ||

12. mangkya budhal anurut pasisir | manggih sungapan ingkang muara | saparon dina wiyare | miwah sangêt jronipun | kèndêl sagung bala lumaris [lu...]

--- 507 ---

[...maris] | risang subagèng jagad | Prabu Sasrabau | angundhangi para raja | samya kinèn makuwon kêkojor sami | wana pinggir samodra ||

13. arsa tinambak wiyaring kali | kang supaya dadia sagaran | sirahing samodra gêdhe | ing karsanira prabu | tinambaka susah wadya lit | sang nata datan arsa | satêngahing laku | akarya susahing wadya | animbali marang rêkyana apatih | myang sagung para nata ||

14. angandika Prabu Maèspati | hèh Suwănda ingsun arsa nendra | sungapan samodra kene | dèn prayitna sirèku | rumêksaa pakewuh yayi | lan sagung para nata | Suwănda wotsantun | pukulun inggih sandika | sigra prabu tiwikramanira dadi | yayah ngayuh gêgana ||

15. gêngira sang prabu satus wukir | rêbah anèng samodra sungapan | piyak jaladri banyune | longkange wêntisipun | kang minăngka sajroning puri | ênggène para garwa | sapawonganipun [sapa...]

--- 508 ---

[...wonganipun] | sajawining wêntis malang | pakuwone sagung kang para narpati | lawan Patih Suwănda ||

16. minanya srang kasatan ing warih | para garwa suka ngalap mina | gumêrah sapawongane | langkung ing sukanipun | para garwa lan para cèthi | kunêng toya sungapan | bêngawan kang agung | toyane wangsul katulak | dêdêl minggah saparan-paraning warih | balabar wanawasa ||

17. tan malèbèr toya nganan ngering | kabêbêg dening kang wêntis malang | dadya wangsul minggah bae | toya gêng nêmpuh gunung | nusa-nusa kalêban sami | wau kang kawarnaa | pabarisanipun | yaksendra Nglêngkadiraja | sawadyane makuwon ing Nungsamanik | gègèr kalaban toya ||

18. kadya lun adrês kêras kang warih | andalêdêg pasanggrahanira | katrajang ing toya gègèr | ditya kèh ngungsi gunung | Sang Aprabu Rawana ngungsi | sanginggiling prabata | bala ditya mawur | kathah kang minggah ing arga | kang kasusu malangkrong nèng êpang

--- 509 ---

sami | bulu waringin wuntat ||

75. Pangkur

1. krodha Prabu Dasamuka | ngagnya sagung prawira anênitik | kang akarya gênging banyu | sampun prasamya mêsat | Sukasrana nênggih kang prapta rumuhun | wus antuk panitikira | prapta kerit ing apatih ||

2. marêk ing ngarsa Rawana | nêmbah matur Wil Sukasrana aglis | pukulun agênging banyu | nênggih ingkang akarya | Sri Bupati Sang Arjuna Sasrabau | sare rêbah ing samodra | wêntis malang bêbêg warih ||

3. tiwikramanira pindha | gunung sèwu rêbah ing jalanidhi | Sang Arjuna Sasrabau | ratu sêkti sumbaga | Maha Prabu Kartawirya kang sêsunu | Prabu Arjunawijaya | akadhaton Maèspati ||

4. garwane dhomas binêkta | acangkrama nurut pinggir pasisir | wana-wana gunung-gunung | prabu andon pêpara | sura sêkti kèh misesa para ratu | balane tanpa wilangan | narendra ing Maèspati ||

5. ratu lêlananging [lêlanang...]

--- 510 ---

[...ing] jagad | Sri Arjuna Sasrabau apêkik | kasor Hyang Asmara nurun | dening Arjunasasra | miwah kaprawiraning aprang pinunjul | tan ana wênang amulat | gunane Sri Maèspati ||

6. siniwi ing garwa dhomas | pan sadaya sami putri linuwih | Citrawati kang pangayun | putra Natèng Manggada | samya kasor apsari sining swarga gung | tan ana timbang kang warna | kadya Rêtna Citrawati ||

7. yaksendra duk amiyarsa | ing ature Wil Sukasrana nênggih | netya dik tyas sumung-sumung | dukanira kalintang | sru ngandika mring sagung punggawanipun | hèh paman Patih Prahastha | dèn padha samêktèng jurit ||

8. dene tan atakon warta | lamun ratu sangisoring wiyati | nora ana kang kadyèngsun | mêngko ana mêmadha | tur manungsa damarsa nimbangi mring sun | dene ta kaliwat mamak | wani mêmadha mring mami ||

9. manungsa sêktine dama | măngsa padha lan sêktining rasêksi [rasê...]

--- 511 ---

[...ksi] | sapa madhani ing diyu | nadyan padha dityaa | iya sapa kang nimbangi sêktiningsun | wuk ingsun lagi sinungan | nugraha wus ingsun jangji ||

10. kabèh kasêktèn sajagad | aja na kang ngluwihi sêkti mami | jangjine Bathara Guru | ingsun punjul sajagad | mêngko dadak ana madhani maring sun | paman Si Arjunasasra | ingsun gitike tumuli ||

11. umatur Patih Prahastha | yèn kênia sang prabu atur mami | wurungna gitik puniku | măngsa kiranga mêngsah | liya saking Sang Arjuna Sasrabau | ratu misesa sumbaga | sang prabu ing Maèspati ||

12. sugih bala para raja | tur sadaya sami ratu sinêkti | anggêpe Bathara Guru | para ratu samua | rêsêp masuk ing tyas marang Sasrabau | liningga-lingga jawata | narendra ing Maèspati ||

13. wontên Ratu Wisabajra | langkung sêkti sugih bala prajurit | ing prang gada agêmipun | pilih kang kêlar

--- 512 ---

năngga | ing yudane Wisabajra Sang Aprabu | kalawan Natèng Manggada | sami andêling ajurit ||

14. kaipe mring Sang Arjuna | Sasrabau Natèng Manggada sêkti | ing prang cakra agêmipun | sugih bala prawira | Citragada sasat jawata tumurun | sêktine Natèng Manggada | awrat sinăngga ing jurit ||

15. wontên Narpati Srawăngga | widigdaya prawira ing ajurit | jêmparinge lir galudhug | pamunah satru murka | wontên malih ratu Raja Suryakètu | kyating rat wudhu ing aprang | tanpa tandhing ing ajurit ||

16. wontên malih balanira | ratu sêkti prawira Maèspati | ing Srawanti prajanipun | ratu gagah prakosa | yèn ngayuda têguh lawan ratanipun | pilih ratu kang anăngga | bobote Rajèng Srawanti ||

17. wontên malih ratu dibya | Căndrakètu prawira ing ajurit | sasat bathara tumurun | angadoni jayèng prang | yèn ayuda sira Prabu Căndrakètu [Căndra...]

--- 513 ---

[...kètu] | wontên malih ratu dibya | Sang Prabu Kalinggapati ||

18. ratu wudhu tanpa lawan | ing ayuda Prabu Kalinggapati | gada gêng gêgamanipun | pilih kang kêlar năngga | para ratu kang prawira rêmak-rêmpu | ajur lan dipangganira | rata luluh awor siti ||

19. wontên malih ratu dibya | ing Widarba prawira sura sêkti | Godhadarma namanipun | langkung sêkti punika | Godhadarma wudhu datan antuk mungsuh | wontên malih ratu dibya | prawira ing Maèspati ||

20. Sang Prabu Ngalatanaya | langkung sêkti sugih bala prajurit | ing prang tate munah satru | agêm sanjata kunta | tangèh lamun ucapên kang para ratu | miwah Kya Patih Suwănda | pêkik prawira ngajurit ||

21. undha-usuk lan gustinya | Kyana Patih Suwănda ing ajurit | tate bănda para ratu | kocap ing tri bawana | Kyana Patih Suwănda yudane ampuh | miwah kang para satriya | punggawa ing Maèspati [Maèspa...]

--- 514 ---

[...ti] ||

22. limrah prakosa digdaya | datan kêni ginagodhèng ing jurit | Sang Arjuna Sasrabau | ratu musthikaning rat | ambêk santa budya parikrama putus | sampun-sampun mêmungsuhan | lawan Prabu Maèspati ||

23. tan wun amanggih bêbaya | ratu wingit Sang Prabu Maèspati | Sri Arjuna Sasrabau | angkêr kaliwat-liwat | Dasamuka duk miyarsa aturipun | kang paman Patih Prahastha | ing tyas runtik èsmu kingkin ||

76. Asmaradana

1. sru ngandika sri bupati | si paman rêkyana patya | pantês yèn anggunggung mungsoh | dene ta kaliwat-liwat | kaya mêdèni bocah | Si Arjuna Sasrabau | apa ta wani maringwang ||

2. manungsa tur miskin sêkti | măngsa ngalahna maringwang | dênawa prawirèng kewoh | ngêndi ratu tri bawana | wani-wani maringwang | kabèh wus anèng padaku | angadu yasa jayèng prang ||

3. dora yèn anaa malih | kang kasongan ing akasa |

--- 515 ---

kang sinanggèng bumi kabèh | ratu ingkang nimbangana | iya mring Si Rawana | Ngalêngka prawira têguh | kyating rat misesèng jagad ||

4. ditya gandarwa rasêksi | tan ana kang bisa mulat | mring guna prawiraningong | miwah kang para jawata | wus apês kasor mringwang | Si Arjuna Sasrabau | pan maksih awrat jawata ||

5. maksih abot kakang aji | Sri Dhanendra Lokapala | sasat bathara jênênge | Sang Aprabu Dhanaraja | wus têtêp kadang dewa | kasor aprang lawan ingsun | mubêng sun săngga nèng asta ||

6. ratu sakurêbing langit | dadia mungsuh sadaya | tangèh năngga yudaningong | pan Si Arjunawijaya | iku ratuning janma | mung sapele anggêp ingsun | abot ratuning dênawa ||

7. wuwuha ratu sakêthi | kang kaya Arjunasasra | pasthi nora dadi gawe | nadyan imbuhana dewa | kêrigên suralaya | ngêmbulana yudaningsun | mapaga wukku ring ngarsa ||

8. sira Rêkyana [Rê...]

--- 516 ---

[...kyana] Apatih | Prahastha bêkuh turira | dhuh pukulun prabuningong | tan wontên kang dados cacat | ratu nêdya sudira | nanging wontên mangsanipun | ingkang pantês linakonan ||

9. kang tan pantês dèn lampahi | sayêkti angangge măngsa | ing prayoga barang gawe | ana sudira utama | ana sudira nistha | sudira tibèng nisthèku | pantês aja linampahan ||

10. sudira tibèng utami | iku pantês linampahan | kang puniku upamine | anampika ajrih mêngsah | lawan Arjunasasra | nora dadi nisthanipun | malah dadia utama ||

11. dene Prabu Maèspati | ratu kyating rat sumbaga | ambêg santanira lumoh | barang rèh ingkang tan arja | amung amrih kaarjan | Sang Arjuna Sasrabau | ratu nuragèng bawana ||

12. sayêkti pantês tinampik | amungsuh Arjunasasra | dadi wruh bênêr têgêse | pan ora dadi kanisthan | dene amilih [ami...]

--- 517 ---

[...lih] mêngsah | Sang Arjuna Sasrabau | bathara angejawantah ||

13. sagung kang para narpati | kabèh pan măngsa anaa | ingkang nimbangi jênênge | Prabu Arjunawijaya | alus murtining driya | tuhu yèn mamrih rahayu | nora yun pangrèh murkarda ||

14. tan wontên ratu mrih luwih | apolah kadi paduka | anggung sikara karême | margane yèn waluyaa | mungsuh Arjunasasra | wong murka mungsuh rahayu | tangèh mênanga kang murka ||

15. yèn paduka wurung jurit | kalawan Arjunasasra | pra pandhita bungah kabèh | miwah wong tuwa Ngalêngka | yêkti bungah asuka | tuwin sagung anak putu | miwah ratu liya-liya ||

16. tur suka wuwuh pakering | para ratu kang miyarsa | yèn paduka milih mungsoh | ingaran ratu waspada | nganggo anampik mêngsah | dene kang têtêp dèn mungsuh | ing wêweka wus têtela ||

17. dadi wruh ing ala bêcik | nadyan dewa suralaya | pasthi ngalêmbana kabèh [ka...]

--- 518 ---

[...bèh] | wus pasthi lamun narendra | nimpang rasaning sastra | sayêkti manggih papa gung | rusak sagung wadyanira ||

18. sintên ingkang manggih runtik | karusakaning nagara | pasthi mring para ratune | tiwas atilar wêweka | tilar rasaning sastra | nênggih punika pukulun | rasa ugêring narendra ||

19. dene parabdi nganggêpi | sagung kawulaning raja | lumampah lawan sapakèn | yèn ana punggawa tiwas | anèng têngahing papan | nututa kalawan tatu | sayêkti pan dudu titah ||

20. sato jinise sayêkti | dudu jinising manungsa | tan pantês ingabdèkake | saturune aja pêdhak | lawan jênênging raja | wong jêmbêr bangêt puniku | tan pantês amor ing praja ||

21. yèku jinising wong jurit | atinggal mungsuh adêgan | kalawan wong têluk wutoh | yèn ratune wus wêweka | lamun durung wêweka | bênêr wong tinggal ing ratu | yèn ratu kurang wêweka ||

22. yèku [yè...]

--- 519 ---

[...ku] bangun alin-alin | Dasamuka duk miyarsa | Patih Prahastha ature | lir tinêpak mukanira | nora kayaa paman | gunaning mungsuh ginunggung | gunèngong tan dèn wicara ||

23. apa dumèh bêbêg kali | jêmbare saparon dina | munggah ing wukir banyune | iku panggawening bocah | asugih bala raja | iku padha ratu cubluk | têka gêlêm asuwita ||

24. marang sasamaning aji | padha ratu tanpa guna | pijêr dadi cêdhising wong | ratu oreyan kewala | dudu ratu gêgala | angur nêmbaha maring sun | ratu misesèng sajagad ||

25. Prahastha umatur malih | dhuh prabuku aywa pugal | masalah liring kaprabon | datan kêna ginagampang | ratu ugêring jagad | angarsakna lala lucu | nadyan ratuning dênawa ||

26. ujêr maksih andum milih | mungguhing rèh bêcik ala | măngsa ta alaa bae | si bapa kaki ing kuna | padha ratu dênawa | maksih mikir ala ayu | nora

--- 520 ---

bêbawur prakawa ||

27. tan kadi paduka amrih | pratingkah ala kewala | keron tan ana bêcike | anêmua kaluputan | sinandhang wong sajagad | Dasamuka duk angrungu | krodha ayuda kênaka ||

77. Pangkur

1. krura tiwikrama muntap | Dasamuka ngadêg apindha wukir | sirah satus tanganipun | kalih atus prasamya | mandhi gada kunta căndrasa myang limpung | hèh paman Patih Prahastha | liyatên kadibyan mami ||

2. êndi ta isining jagad | wani malang iya ing karsa mami | jagad sun wênyêd sun lêbur | kêna sasukaningwang | nora gawêr sapa tandhingên lan ingsun | iku Si Arjunasasra | sirna anèng asta mami ||

3. garjita sagung punggawa | mulat lamun gustine krura runtik | gumuruh ditya angumpul | samêkta ing ayuda | aglar sagung punggawa ing ngarsa prabu | amung Kya Patih Prahastha | kang maksih awawan angling ||

4. lan prabune Dasamuka | sru turira wau rêkyana patih [pa...]

--- 521 ---

[...tih] | dhuh Rawana prabuningsun | sutane kadang ingwang | nora kêna ngandêlakên sudibya nung | yèn maksih kêna kinêdhap | apan Prabu Maèspati ||

5. dudu si sugiha bala | para ratu kang ingsun pakeringi | mung budine kang rahayu | iku kang ingsun taha | budi sêdhêp amrih alus têtêp ayu | santa budyanira mulya | narpati ing Maèspati ||

6. mungsuh ratu ambêk murka | êndi marga si murka mênang jurit | nora ana adatipun | murka ngasorkên mulya | mung sakêdhap si murka duwèni unggul | si rahayu sor sakêdhap | unggul nêngahi mêkasi ||

7. Sang Prabu Arjunasasra | amêng-amêng sare anèng jaladri | mrih sukaning garwanipun | lawan sukaning bala | nora ana kang sumêdya arubiru | nora ana dèn sikara | mung amrih sukaning dasih ||

8. lan sukaning para garwa | pa margane têka rêp dèn lurugi | ijap ta sikaranipun | mring sasamaning raja | iki dêstun nêdya prang tan [ta...]

--- 522 ---

[...n] nganggo usul | apa kang tinêmu baya | wong agung sikara budi ||

9. Dasamuka duk miyarsa | netranyandik mucicil muwus bêngis | paman patih yèn amuwus | tan rêngêning prawira | hèh dèn age milua mring Sasrabau | nèng kene datanpa guna | mundhak barêbêgi kuping ||

10. payo Mintragna Dumrêksa | Wirupaksa Kampana Bajramusthi | budhalna kabèh balamu | măngsa ingsun wurunga | ngadu yasa lan Arjuna Sasrabau | êmbuh-êmbuh dèn wicara | si patih wong wêdi jurit ||

11. lan iku kang dèn bathara | kang pinudya dening si paman patih | pan namung Bathara Wisnu | dèn go mêdèni mringwang | kaya nora wruh toge Bathara Wisnu | kakang Prabu Lokapala | mulane ngregoni nguni ||

12. marang panjênêngan ingwang | iya saking sinihan bathara di | rinêsêp mring Sang Hyang Wisnu | kinadang-kadang nyata | marang Wisnu dene ta nora na tulung | sun gêmpur ing Lokapala | Wisnu tan ana nulungi ||

--- 523 ---

13. tandhane wêdi maringwang | yèn wania dhingin wis anêmoni | prang Lokapala karuhun | tulunging kaliliran | têtêp ajrih Bathara Wisnu maring sun | kabèh dewa suralaya | kêkês ajrih maring mami ||

14. nora ngèl ing suralaya | sun gêmpura sun êlih marang bumi | bumi sun êlih mandhuwur | ya sapa kang malanga | apan dadi barang solah bawaningsun | dadi sapa kang murungna | ngong karya buwana balik ||

15. iku ta manungsa dama | Si Arjuna Sasrabau sumêkti | nimbangi karaton ingsun | siniwèng para raja | nora nganggo awèh wêruh marang ingsun | kumlungkung wani gêgampang | marang kaluhuran mami ||

16. wusnya ngling Prabu Rawana | nginakakên marang Sang Wisnumurti | rudra andadra kumukus | agni saking sarira | sigra budhal sagung punggawa gung-agung | Kampana lan Wirupaksa | Dumrêksa lan Bajramusthi ||

17. Mintragna lan Gathodara | Wil Pragăngsa Prajăngga Jambumangli | ngayuh dirgantara umung |

--- 524 ---

samya napak gêgana | Prabu Dasamuka nir wikramanipun | wus nitih munggèng wimana | ginarêbêg ditya mantri ||

18. anguntèl Patih Prahastha | munggèng wuri grêndhèl sawadyanèki | ditya tigang atus èwu | balane kyana patya | samya sêdhih akêmba barise langkung | kapêksa Patih Prahastha | amomong ratu taruni ||

78. Sinom

1. wus kêbut sawadyanira | budhal saking Ngarcamanik | sira sang maha yaksendra | ditya ngêbêki wiyati | kunêng gantya winarni | kang matah ngalangi kewuh | Kyana Patih Suwănda | kang anyêbar para mantri | kinèn jêjêp marang sakèhing nagara ||

2. rèhning rumêksèng gustinya | Suwănda Rêkyana Patih | wruh traping karti sampeka | dhustha ingkang marasandi | panjoring satru sêkti | ewuh ayaning tumuwuh | mangkana dutanira | mantri sakawan kang prapti | saking nganglang anjêjêp isining praja ||

3. duta prapta matur nêmbah | mring Suwănda Kyana Patih | pukulun atur [a...]

--- 525 ---

[...tur] uninga | wontên mêngsah badhe prapti | Prabu Rawana gusti | ing Ngalêngka prajanipun | lêlana andon aprang | bala ditya tanpa wilis | arsa gêcak ing raka paduka nata ||

4. purwanipun kauningan | duk barising Ngarcamanik | gègèr kalaban ing toya | inggih toya saking ngriki | tinitik praptèng ngriki | kang akarya gênging ranu | aturing dutanira | lamun Prabu Maèspati | sare anèng samodra ambêbêg toya ||

5. milane sangêt krodhanya | Rawana arsa nglurugi | adrêng angadu prabawa | lawan raka paduka ji | kadya ge tandhing jurit | lan Gusti Sri Sasrabau | nanging awawan karsa | lan patih datan ngrêmbugi | amrih ing prang amungsuh Arjunasasra ||

6. nanging ratune amêksa | wus ambêdholakên baris | Rêkyana Patih Suwănda | wau kalane miyarsi | aturing duta mantri | kumêjot ing tyas agupuh | nimbali para raja | prapta glar ngarsanirèki |

--- 526 ---

angandika Rêkyana Patih Suwănda ||

7. hèh sang prabu ing Manggada | dèn prayitna ana kardi | tuwin Narpati Srawăngga | lan Prabu Kalinggapati | Srawantipura Aji | Suryakètu Căndrakètu | Prabu Ngalatanaya | dèn sami samêktèng jurit | ingsun gawa mapag parangmuka ditya ||

8. Prabu Rawana Ngalêngka | sikara arsa nêkani | sadaya kang para raja | sun gawa amagut jurit | dene kang pra dipati | rong duman kariya tunggu | saduman kang sun gawa | de sagung para narpati | atinggala bala mring putrane samya ||

9. sun wênangakên pratăndha | sagung putraning narpati | saupacaraning raja | sajroning prakara iki | ratu pituwa kari | dèn misesa kaya ingsun | yya kongsi karya kagyat | ing gulinge sri bupati | dimèn eca tulusa karya sukèng dyah ||

10. marma sun papag kadohan | praptaning mungsuh puniki | ayya kagyat gone nendra | jêng gusti sri narapati [nara...]

--- 527 ---

[...pati] | tiwas ungguling jurit | karsaning bathara luhung | wus sah dènira matah | kang rumêksèng sri bupati | sigra matag Suwănda nêmbang têngara ||

11. budhal sagunging gêgaman | ingkang bêbarêpi baris | Sang Aprabu Citragada | manggala panganjur jurit | ratu prawira sêkti | ing Manggada sudibya nung | baranang barisira | tunggule awarni-warni | munggèng rata manik Narpati Manggada ||

12. pan sarwi angundha gada | baswara sri narapati | yayah kadi gumêsênga | ing mungsuh rêksasa pati | tinuduh ing apatih | Natèng Manggada panganjur | ing wuri barisira | Sang Prabu Kalinggapati | asri tinon dalêdêg daludagira ||

13. asri wahana dipăngga | Sang Prabu Kalinggapati | pan sarwi angundha gada | lir Bathara Surapati | agagah agêng inggil | tuhu prakosa dibya nung | yayah anggêmpurêna | ing ripu ditya kang prapti | ing wurine Sang Prabu Srawantipura ||

14. anitih rata gothaka [gotha...]

--- 528 ---

[...ka] | ngundha kuntane ngajrihi | wadyanira sri winulat | ing wuri ingkang nambungi | sabalanira asri | Narapati Căndrakètu | daludag kadi kilat | pinanduk ngangin anitir | munggèng rata sang nata mandhi samboga ||

15. Sang Aprabu Godhadarma | Widarba ingkang nambungi | kumrêtêg sri balanira | ngundha musala ngajrihi | yayah manêngkêr wukir | kadya rèh giri gumuntur | swaraning balakuswa | wadya sri darmèng wiyati | yayah kadya ambêsmi ripu sayuta ||

16. Sang Prabu Ngalatanaya | barise ingkang nambungi | anitih rata gothaka | gandhewa dibya nèng kering | jêmparing kanan mungging | pradiptanira ngênguwung | balane pira-pira | sagunging para narpati | tangèh lamun wuwusên kathahing bala ||

17. sagung ingkang para nata | balane makêthi-kêthi | maèwu mayuta-yuta | kadya samodra angalih | balabar angêbêki | gumêbyar mawur sumawur | baranang kabaskaran | para nata kang sapalih |

--- 529 ---

munggèng ngarsa sapalih kang munggèng wuntat ||

18. kang munggèng têngahing bala | ginarêbêg pra dipati | Rêkyana Patih Suwănda | ngagêm makutha cara ji | busananing narpati | Patih Suwănda rinasuk | apan wus sinung wênang | ing Gusti Sri Maèspati | sring kinarya wakil miyos siniwaka ||

19. yèn kala amangun yuda | pan anggung kinarya wakil | mangkana Patih Suwănda | balanira satus kêthi | pan kadya banjir wukir | gumalêdhêg gumaludhug | lir giri gara-gara | balane rêkyana patih | munggèng rata nindhita Patih Suwănda ||

20. praptèng têgal pasamuan | antaranira wanadri | sêlaning wukir sagara | têngah jêmbare nglangkungi | saparon dina kèksi | wiyar taratabanipun | jawining ara-ara | Suwănda Rêkyana Patih | suka mulat parentah ing para raja ||

21. atata pakuwonira | monggange munya ngrêrangin | sagung kang para narendra | sadaya samya belani | natap kang pradăngga [pradăng...]

--- 530 ---

[...ga] sri | sênggani ngangkang angungkung | baris sampun atata | pirang pandêlêng lir wukir | kadya têdhuh dhêdhêt ngayuh dirgantara ||

22. Rêkyana Patih Suwănda | ing têngah pakuwonnèki | kinubêng ing para raja | ing jawi kang pra dipati | dhêndhêng aganthêng têbih | swaraning bala gumuntur | lir gêrah sumarambah | wau ta ingkang winarni | Dasamuka kang munggèng ngambar asmara ||

79. Asmaradana

1. sawadyanira rasêksi | sira Sang Prabu Rawana | prapta nginggiling pakuwon | angungkuli pasanggraha- | nira Patih Suwănda | Dasamuka kagyat dulu | ing gunging bala Suwănda ||

2. ebat asru dènira ngling | pantês wani mungsuh mringwang | sêmono kèhing balane | sigra Prabu Dasamuka | niyup marang mangandhap | pan arsa mrêpêki dulu | narka yèn Arjunasasra ||

3. kagyat kang para narpati | dening praptaning kang mêngsah | ngêbêki wiyat balane | Sang Aprabu Dasamuka | samya ebate mulat | manusa ebat andulu [andu...]

--- 531 ---

[...lu] | dening gunging kang rêksasa ||

4. ditya gawok aningali | dening kathahing manungsa | balabar lir samodra rob | miwah gunging para raja | pan kadya pulo samya | nèng madyaning samodra gung | pra dipati kadya karang ||

5. gumuruh nêtêg têngari | Rêkyana Patih Suwănda | miwah para ratu kabèh | gong bèri gurnang sauran | wau Sang Dasamuka | singa nabda nguwuh-uwuh | nèng luhurira Suwănda ||

6. hèh-hèh Prabu Maèspati | hèh babo Arjunasasra | miwah para ratu kabèh | yèn sira tan arsa nêmbah | iya mring jênêng ingwang | mung sadina iki dulu | marang soroting baskara ||

7. dêstun namung mêngko bêngi | amulat gêbyaring căndra | besuk esuk lawan êmbèn | sira tumpês ngastaningwang | hèh poma mumpung tata | sun anti ngambila bantu | ya ratu samono êngkas ||

8. ratu ingkang luwih sêkti | pan sisan nyambata dewa | ngêdhuna jawata kabèh | măngsa wurung [wu...]

--- 532 ---

[...rung] Si Rawana | iki ratu digdaya | anumpês marang sirèku | kêlawan sabalanira ||

9. angur angrungkêba aglis | anèng dalamakan ingwang | ratumu gawanên kabèh | sêmbahna mring jênêng ingwang | poma yèn arsa gêsang | hèh Arjuna Sasrabau | poma nuli anêmbaha ||

10. lan dunyamu kang prayogi | tuwin para ratunira | ingkang duwe anak wadon | padha aturna maringwang | dadi pamurung pêjah | hèh Arjuna Sasrabau | lamun nora mêngkonoa ||

11. pasthi lamun angêmasi | emanên karatonira | lan warnamu bagus anom | hèh-hèh Arjunawijaya | sêkti ngong tanpa sama | Dasamuka wusnya muwus | sigra Kya Patih Suwănda ||

12. angadêg dènnya nauri | munggèng ing rata rinêngga | hèh Rawana aja tamboh | sun dudu Arjunasasra | dudu putra sêntana | ingsun iki abdinipun | ing gusti Arjunasasra ||

13. nanging iya awak mami | kinarya mantri

--- 533 ---

wasesa | ambaboni sabalane | mêngku mêmanising praja | sinrahan ngenaki tyas | mring sapraja abdinipun | kang rumêksèng yu pan ingwang ||

14. anglêjarakên tyas kingkin | mudhari wadya tyas mudha | angilangkên dursilane | angluwarkên saking papa | ngêntas maring kaarjan | pan iku pakaryaningsun | ya ingsun Patih Suwănda ||

15. dene lakuningsun iki | ananggulang marang sira | dumèh praptanirèng kene | anglurugi gustiningwang | arsa amungu sira | gone sare gustiningsun | yèn mêksih urip Suwănda ||

16. pêsthi lamun nora olih | dene sira angajak prang | sakarêpmu ingsun bae | angladèni yudanira | tate ingsun kinarya | wakil prang nadhahi satru | ratu ingkang kaya sira ||

17. nora cuwa ing ajurit | hèh Rawana aja kêmba | manawa kurang bobote | iki Si Patih Suwănda | tate mocok mastaka | ratu kang kaya rupamu | nityarda sikara [sika...]

--- 534 ---

[...ra] murka ||

18. ratu akèh-akèh iki | lamun kasorana ing prang | sèwu dora sayêktine | gêlêm anungkul mring sira | iku gone suwita | anggêpe ngiras gêguru | mring Gusti Arjunasasra ||

19. tumpês samadyaning jurit | măngsa na gêlêm suwita | nêmbah ratu kang mangkono | drubigsa angrusak arja | wênang satruning jagad | Sang Arjuna Sasrabau | karatone rumêksèng rat ||

20. Rawana suka miyarsi | muwus sarwi latah-latah | kalingane pêpatihe | sira kang aran Suwănda | bagus putus ing karya | sun puji kaprawiranmu | kamot rumêksèng nagara ||

21. warnanira nom apêkik | tyas sira angikal jagad | nanging ingsun kapirare | yèn apranga lawan sira | sira patih sun raja | Si Arjuna Sasrabau | amung iku tandhing ingwang ||

22. nyampuri sanjata mami | sun anti wèha wruh sira | maring ratumu dèn age | sira

--- 535 ---

nadhahi maringwang | ingsun kang nora arsa | pan eman sanjataningsun | sun tamakêna mring sira ||

23. sira apês ing kasêktin | manungsa agawe dama | dudu pantêse lan ingong | kapindhone dudu raja | nadyan silih ratua | lamun ratu ukur-ukur | tan pantês yuda kênaka ||

80. Pangkur

1. Dasamuka sigra mêsat | pêparentah mring sagung pra dipati | anadhahi yudanipun | Kyana Patih Suwănda | sabalane sagung para ratu-ratu | lêburên sabalanira | iki mungsuh Maèspati ||

2. Kampana Wira Dumrêksa | Wirupaksa Supyarsa Bajramusthi | sadaya sakancanipun | sagung wira punggawa | Dasamuka mung kêdhik binêkta mundur | marang pasanggrahanira | praptèng wukir Arcamanik ||

3. ing wuri sagung punggawa | atêngara umèb ditya mrih jurit | gumrujug saengga jawuh | prahara aru-ara | gora sêsêg ing ngawiyat kadya têdhuh | sigra Kya Patih Suwănda | parentah

--- 536 ---

marang para ji ||

4. mangsah mapag ripu ditya | Sri Bupati Manggada sawadyèki | mingêr ngarsa munggèng patut | Prabu Srawantipura | sabalane angèri wus munggèng tutung | Natèng Srawăngga ing kanan | tênggak Sri Kalinggapati ||

5. buntut Suryakètu Raja | Căndrakètu Ngalatanaya Aji | wus andadi gêlaripun | kagapati santosa | sigra mangsah sagung para ratu-ratu | kumêrab sapunggawanya | satriya lan para mantri ||

6. parêng têmpuhing ayuda | ditya ambyuk gumrujug angêbyuki | bala Maèspati bakuh | Suwănda munggèng jaja | kadya tangkêp bumi lawan langitipun | ramene patêmpuhing prang | ditya kadya udan wukir ||

7. wus akathah kang palastra | ditya miwah prajurit Maèspati | rêbut rok asilih pamuk | têtêr-tinêtêr samya | gapyuk uwor kang samya prawira têguh | udrêg parêng liru kunta | samoga badhama piling ||

8. krodha Narpati [Nar...]

--- 537 ---

[...pati] Manggada | ngêmbat langkap lumêpas kang jêmparing | saking gandhewa ambrubul | gêgolongan abayak | pan alêksan jêmparing marani mungsuh | kang maksih anèng awiyat | kaprawasa ing jêmparing ||

9. kumrutug udan danawa | ngêmbat malih mêtu makêthi-kêthi | ditya katarajang mawur | kang kaprawasa sirna | Wirupaksa krodha miyat ditya mawur | sigra musus kuntanira | kumrusuk mijil ngin-angin ||

10. kapusus sagung sanjata | kanut samya sêsêg tibèng jaladri | mangsah Wirupaksa gupuh | angarahakên ditya | kumarutug saking kanan kering pungkur | gumuruh suraking ditya | ngêbyuki wong Maèspati ||

11. kèh rodra angamah-amah | samya ngêmah kunta lawan jêmparing | brastha kinêmah ginilut | kosik miris kang kambah | Sri Bupati Srawantipura agupuh | angêmbat langkap lumêpas | gumalêdhêg kang selardi ||

12. anêmpuh ditya kèh curna | kaprawasa ing panah watu wukir |

--- 538 ---

dhasing ditya ting kalêpruk | katrajang wukir sela | mênthang langkap sira Prabu Suryakètu | mêtu naga aliwêran | samya anaut rasêksi ||

13. akèh danawa kang pêjah | kang sinaut ing taksaka jêmparing | panahe Sri Suryakètu | brubul saking gandhewa | nagarudra gumêlak yudane ampuh | mangsah punggawa rêksasa | sadaya samya ngawaki ||

14. Dumrêksa Wilohitaksa | Wirupaksa Kampana Bajramusthi | Supyarsa Gathodarèku | Puthadaksi Marica | Sokasrana Pragăngsa Prajăngga ngamuk | gumrêdêg mêdhun mring dharat | kadya jawah ing selardi ||

15. garjita kang para raja | sigra samya mangsah ngawaki jurit | lan sagung prawira nêmpuh | lir trunaning samodra | nglêpasakên jêmparing pamungkasipun | kumrêcêk cêcêb lilingan | kèh kêna tan angunduri ||

81. Durma

1. samya suraning aprang bala rêksasa | myang bala Maèspati | gumulung

--- 539 ---

umangsah | lir paguting samodra | têmpuh rêksasa ngêbyuki | manungsa panggah | bakuh angrok nangkêbi ||

2. gumarêdêg turăngga rata dipăngga | pra dipati angirit | saprajuritira | mangsah anampêg ditya | ambalang kanan lan kering | ingkang bêladhak | ditya kathah ngêmasi ||

3. têmpuh byuhanira kang kaga di raja | ditya byuhaning wukir | jaladri sudira | ambyuk ngêbyuki ngrupak | prawira ing Maèspati | bakuh ngêbyukan | gumulung anangkêbi ||

4. sagung ingkang têngêran tunggul daludag | tinancêpakên siti | ingugêr lan wrêksa | prajurit datan nêdya | mingkêding tunggulerèki | nilar Suwănda | nêdya rêmpu ing jurit ||

5. kadya wukir guntur-gumuntur gênturan | swarane kang ajurit | kêpyaking ratangga | gadêbêging dipăngga | siyat-siyuting jêmparing | kêmpranging kunta | gapruking gada bindi ||

6. cêplèsing kang gandhi tumamèng samoga | myang ing candrasa piling | gêbruging [gê...]

--- 540 ---

[...bruging] dipăngga | rêbah sinaut sarpa | jêmparingira narpati | mêtu prabawa | Căndrakètu sinêkti ||

7. tanpa rungyan swarane kang băndayuda | bangke sungsun matindhih | rahnya racak-racak | tumpang awêwukiran | bangkening ditya rasêksi | bêsmi ing ngarsa | ing wuri banjir wukir ||

8. gumarujug danawa saya gung prapta | ngêbyuki ing ajurit | gora rèh liwêran | kosik kang para raja | prawirane kèh ngêmasi | katitih kambah | bubrah byuhanirèki ||

9. prabu ing Manggada lan Natèng Srawăngga | Prabu Kalinggapati | bramantya sru mulat | rusak bala manungsa | ing pamuk dityambêg julig | kang munggèng rata | miwah kang munggèng èsthi ||

10. maharaja katiga têdhak sing rata | têdhak saking ing èsthi | krura mangsah dharat | sigra Patih Suwănda | miyat ing narendra katri | ngamuk manêngah | bramantya mobat-mabit ||

11. tinampêk ing ditya rêbah

--- 541 ---

kasulayah | kinunta myang binindi | sigra pra dipatya | rêksasa Wirupaksa | Mintragna lan Bajramusthi | Kampana samya | ngarahkên ditya mamrih ||

12. kiwul parêng danawa mayuta-yuta | ambyuk samya ngêbyuki | ngurugi bêbathang | kèlês bala manungsa | kagyat dènira ningali | Patih Suwănda | ngadêg cakra pinusthi ||

13. wus lumêpas cakrane Patih Suwănda | mêtu makêthi-kêthi | bayak ing awiyat | mêdhun marani ditya | kadya udan kilat thathit | sanjata cakra | crêcêp samya nibani ||

14. ting galêmbor kang mati katiban cakra | brastha ing ngarsa tapis | ing wuri kèh prapta | mati katiban cakra | sudira prabawa sêkti | Patih Suwănda | sumbaga ing ajurit ||

15. krura mangsah Dumrêksa Wilohitaksa | Kampana Bajramusthi | Wirupaksa mangsah | dharat angundha kunta | nêngah pamukira mamrih | rumêmuk ing prang | prawira angawaki ||

16. kadya kala solahe Wira Dumrêksa [Du...]

--- 542 ---

[...mrêksa] | duk arsa nglêbur bumi | wil catur punggawa | nyepak dhupak anyandhak | nyêmpal pukang ngowak-awik | kathah prawira | kang mati dèn sêsuwir ||

17. kosik kambah kuwur miris dènnya mulat | prawira Maèspati | kèh sinêmpal-sêmpal | dening Wira Dumrêksa | Wirupaksa Bajramusthi | Wira Kampana | parêng krodhambêg julig ||

18. kagegeran sagunging bala punggawa | prajurit Maèspati | katitih ing ditya | sigra Narpati Soda | têdhak sing rata nglêpasi | kunta baswara | mêtu makêthi-kêthi ||

19. Sri Bupati Manggada musus kang asta | prabawa mêtu angin | sindhung aru-ara | kuntane Prabu Soda | yayah ingatêr ngin-angin | nêmpuh rêksasa | ditya kathah ngêmasi ||

20. ingkang anèng dharatan miwah ngawiyat | udan bangke rasêksi | kombul bangke ditya | binujung ing prahara | lan kunta cêrcêp nibani | ditya wurahan | ngungsi nampak mring nginggil ||

21. linut ingkang sanjata [sa...]

--- 543 ---

[...njata] angin lan kunta | ditya kang amrih ngungsi | ing nginggil mèh prapta | swargane Batharendra | sanjata Manggada Aji | lan Prabu Soda | kunta ngin maksih ngusir ||

22. miwah sagung para ratu parêng tandang | ing pamuk pamrih titih | daub kang rasêksa | sakêthi lêksa sirna | mawur sakarining mati | giwar sasaran | ing wuri sigra mulih ||

23. sakèngsêre punggawa Sang Wirupaksa | Dumrêksa Bajramusthi | kabujung malajar | wuri kang ngirit bala | Pragăngsa lan Puthadaksi | myang Gathodara | Prajăngga Jambumangli ||

24. Mintragna lan Supyarsa angirit bala | pêpulih ing ajurit | gumuruh wurahan | mabyungan kala-kala | kambah gumrêdêging wuri | punggawanira | ana ngirit nindhihi ||

25. munggèng rata swandana ngamuk manglanjak | prok buta angêbyuki | kanggêg para raja | pulih malih ing aprang | têmpuh rèh kagiri-giri | bala manungsa | prajurit Maèspati ||

26. parêng pulih kadya paguting [pagu...]

--- 544 ---

[...ting] samodra | atêmpuh lawan wukir | orêk kang bantala | gonjing rèh ngambak-ambak | gègèr isining wanadri | wrêksa kèh rêbah | kambah ramening jurit ||

27. mangsah saha bala gung Wira Dumrêksa | Mintragna Jambumangli | prang pinggir prabata | lawan Wilohitaksa | Natèng Manggada nadhahi | panggah agatah | mangsah tan tolih wuri ||

 


Semestinya nomor halaman 493. (kembali)
Kurang satu suku kata: wus samêkta ing ajurit. (kembali)