Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 82–101)

Judul
Sambungan
1. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 01–12). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
2. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 13–24). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
3. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 25–39). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
4. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 40–52). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
5. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 53–65). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
6. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 66–81). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
7. Lokapala, Sindusastra, c. 1920, #433 (Pupuh 82–101). Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 01-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

82. Pangkur

1. Sang Aprabu Citragada | ngêmbat langkap panah mêtu sakêthi | bayak amarani mungsuh | bengkas kang munggèng ngarsa | kiwul ingkang saking kanan kering pungkur | giwar kang katrajang panah | tibèng jurang kèh ngêmasi ||

2. krodhambêk Sang Wil Supyarsa | mangsah pulih lan ditya para mantri | prok buta pangamukipun | Sang Prabu Wisabajra | angadhangi Supyarsa dènira ngamuk | Supyarsa anawat kunta | Prabu Wisabajra kêni ||

3. ratanya rêmuk ing kunta | Prabu Wisabajra malumpat aglis | tomaranira tumanduk | ing jaja Sang Supyarsa |

--- 545 ---

nora pasah ing tomara mangsah gupuh | Supyarsa mangancap nyandhak | Wisabajra anadhahi ||

4. cinandhak Sang Wisabajra | ulêng dêdêl Wisabajra nulya glis | anduwa kinipat sêbrung | parêng tibèng kadohan | parêng tandang satangine parêng gapyuk | kuntit Prabu Wisabajra | Narpati Soda nulungi ||

5. Wil Supyarsa wus cinandhak | mring Narpati Soda sinambut aglis | kapêlêg pan wus dinêkung | mati Sang Wil Supyarsa | dening Prabu Soda lan Wisabajrèku | mawur kang bala rasêksa | krodha mulat Bajramusthi ||

6. butêng ngayatakên kunta | Narapati Soda prayitna aglis | pinapag ing panah gupuh | Bajramusthi kuntanya | jinêmparing tibèng siti tugêl rênyuh | tan antuk dènira ngunta | krodha ngrupak Bajrabusthi ||

7. angêtap dipangganira | Bajramusthi ngamuk nujahkên èsthi | akèh rata ingkang rêmuk | kèlês dipăngga nujah | ngisis ingkang katrajang kang para ratu | Narpati Soda angunta [angu...]

--- 546 ---

[...nta] | tugêl têlalening èsthi ||

8. rah sumêmbur èsthi krura | mawa mamrih ngusir ing sri bupati | Soda ngoncati ing pupuh | mubêng witing mandera | sigra Prabu Wisabajra mangsah mupuh | kumbaning liman wus pêcah | pinupuh Sang Bajramusthi ||

9. mring Narpati Wisabajra | Bajramusthi luluh wus angêmasi | gumulung kang atêtulung | mring Soda Wisabajra | Sri Bupati Srawăngga Srawanti nêmpuh | lan sagunging kang prawira | ditya yudane katitih ||

10. kang aprang pinggir samodra | pinggir wana rame dènnya mrih titih | rêksasa agung kabujung | Dumrêksa Wirupaksa | Wil Prajăngga Pradêgsa Gathodarèku | krura ngêpyakkên prabawa | prasamya ngudani wukir ||

11. giri gora gara-gara | kèh kaplipis punggawa Maèspati | dening wil prawira pamuk | samya angundha arga | tinundha ring binandhêmakên ing mungsuh | kèh mati katiban arga | prajurit ing

--- 547 ---

Maèspati ||

12. mangsah Suryakètu Raja | ngêmbat ingkang gandhewa mêtu angin | prahara sindhung gumulung | nulak sanjata arga | katut dening sanjata prahara musus | kabuncang jroning samodra | sirna kang sanjata wukir ||

13. krodhambyuk para dipatya | wil prawira sarêng samya ngawaki | kumêbul sanjata têdhuh | prabawa tumpa-tumpa | sêrsêg ing awiyat myang dharat supênuh | busêkan sagung prawira | mawur bala Maèspati ||

14. ditya prawira kang mangsah | ana limpungira kang mêtu gêni | kunta ingkang mêtu banyu | ana ditya punggawa | sarirane kang mêtu dahana murub | mubal ngêbêki paprangan | Puthaksi lan Puthadaksi ||

15. kang sami mêtu dahana | mawur sagung prajurit Maèspati | sigra sagung para ratu | Suryakètu manggala | ngadêg munggèng rata ngêmbat gandhewa sru | mijil mêndhung agiyungan | angin nampêg mêtu riris ||

16. Natèng Manggada Srawăngga [Srawăng...]

--- 548 ---

[...ga] | Căndrakètu Srawanti Linggapati | Wisabajra parêng ambyuk | têtulung parêng mangsah | samya mijilakên kaluwihanipun | Rêkyana Patih Suwănda | mangsah ratanira gumrit ||

17. tinundha kang para raja | ambakuhi angsahe kang para ji | bumi gênjot saking lindhu | saking kèhning prabawa | lir ampuhan wêtuning prahara têmpur | dhêdhêt samya ngampak-ampak | aliwêran kilat thathit ||

18. krodha Prawira Kampana | mangsah ngamuk butêng jungkir angêrik | Prabu Srawanti pinanduk | arsa rinukêt ing prang | yitna sigra ngayat tomara tumêmpuh | jăngga Kampana aniba | mati de Rajèng Srawanti ||

19. nêngah sri narendra dipa | mobat-mabit gandhewa nganan ngering | kèh ditya prawira lampus | Dumrêksa krodha mulat | mutêr gada nêngah rumukêt ing satru | akèh rêbah kasulayah | prajurit ing Maèspati ||

20. dening pamuking Dumrêksa | dhêndhanira kèh nêmpuh

--- 549 ---

pra dipati | punggawa kèh kabarubuh | kênèng dhêndha Dumrêksa | Kyana Patih Suwănda yitna têtulung | Dumrêksa tiniban cakra | pêdhot sirahe ngunduri ||

83. Durma

1. ngayat malih cakra Kya Patih Suwănda | nibani mungsuh aglis | kèh punggawa ditya | mati katiban cakra | Pragăngsa Prajăngga kêni | ngamuk katulak | ing cakra kyana patih ||

2. parêng pêjah rêbah prawira rêksasa | ing wuri angêbyuki | ditya krodha mangkrak | kadya banjir prabata | Wirupaksa Jambumangli | Wilohitaksa | Marica Bajramusthi ||

3. Gathodara krodha patining Dumrêksa | butêng pangamuknyanjrit | kadya aru-ara | bumi rèh prakampita | ditya ngêntha arsa mamrih | datan katulak | ngisis sagung prajurit ||

4. samya ngungsi wurine Patih Suwănda | gumulung angêbyuki | ditya pukang-pukang | samya ngamuk ayutan | gêmbung pirang-pirang kêthi | myang sirah-sirah | bau lan wêntis-wêntis [wênti...]

--- 550 ---

[...s-wêntis] ||

5. sêrsêg jêjêl prabawa ditya wurahan | bingung wong Maèspati | Dyan Rêkyana Patya | Suwănda ngêmbat langkap | mijil dahana lan angin | angin ampuhan | gumrênggêng ngirit agni ||

6. gumaludhug anêmpuh naracabala | brastha katub ing angin | pinangan dahana | sirna ditya prabawa | ditya bala ingkang maksih | tiniban cakra | wil prawira kèh kêni ||

7. mangsah gumrit ratane Patih Suwănda | ginarbêg ing para ji | kang para dipatya | bayak kang munggèng rata | miwah ingkang munggèng èsthi | parêng kotbuta | para manggala mamrih ||

8. ngamuk parêng Rêkyana Patih Suwănda | ngawaki ngirit jurit | sarwi ngundha cakra | ngadêg rêngganing rata | lir Bathara Surapati | duk saking swarga | mimba nganglangi bumi ||

9. para ratu samya nglêpaskên sanjata | wil punggawa kèh kêni | mawur asasaran | sakarine kang pêjah | prasamya angungsi wukir | pun Sukasrana | palayune dhingini ||

10. praptèng wukir Manik [Ma...]

--- 551 ---

[...nik] ngarsane Rawana | nêmbah pukulun gusti | tiwasing ayuda | sagunging pra dipatya | tumpêsan wadya rasêksi | mungsuh Suwănda | langkung prawira sêkti ||

11. sasat mêngsah bathara ing ariloka | solahe ing ajurit | pun Patih Suwănda | tata titi atatag | patitis ing gêlar titih | kang para raja | bala ing Maèspati ||

12. pan sadaya sami prakosa digdaya | prawira sura sêkti | sagunging prabawa | katulak ing Suwănda | Dumrêksa lan Bajramusthi | Kampana pêjah | Mintragna Jambumangli ||

13. sira Prabu Dasamuka duk miyarsa | sor balane ngajurit | aprang lan Suwănda | kathah punggawa pêjah | awrat bala Maèspati | sinandhang ing prang | tan kêna ginagampil ||

14. duk miyarsa ing ature Sokasrana | yèn bala ditya gusis | punggawa kèh pêjah | kasor prang lan Suwănda | agoyang kêpalanèki | Sang Dasamuka | gêrêng-gêrêng tan angling ||

--- 552 ---

15. angundhangi ditya kang dèrèng ayuda | lan amacak bupati | sakèhe kang pêjah | aprang lawan Suwănda | wus samya kinarya sulih | suta myang kadang | sanamane wus dadi ||

16. wus angumpul sagung ingkang bala ditya | lawan Rêkyana Patih | Prahastha dèrèng prang | budhal Sang Dasamuka | saking pakuwonirèki | ditya akathah | kang nusul ing ajurit ||

17. anyar prapta saking nagari Ngalêngka | gumuruh ing wiyati | miwah kang adharat | ditya ngiras bêbahak | gumaludhug swaranya tri | lir wukir kontrag | wadya rêksasa sami ||

18. dharat ing awiyat samya singa nabda | lir gora anêngkêri | mamrih syuhaning rat | kunêng Sri Dasamuka | kang mangsah nêdya nglurugi | marang Suwănda | pêpatih Maèspati ||

19. kawarnaa sari[1] Kya Patih Suwănda | lan sagung kang para ji | sasirnaning mêngsah | samya eca araryyan | munggèng ngandhaping waringin | lan para nata |

--- 553 ---

sawadyanira sami ||

20. sabên-sabên wit-witan akêrompolan | rêbutan ngaub sami | ingkang nora uman | daludage kewala | kêlabe kang dèn aubi | miwah bandera | tunggul-tunggule sami ||

21. kagyat praptanira Prabu Dasamuka | anjog sawadyanèki | kang saking awiyat | kang dharat dèrèng prapta | pijêr bahak urut margi | dityèng awiyat | sigra nêmpuh ing jurit ||

22. Kyana Patih Prahastha kang munggèng gajah | angirit ing ajurit | lan kang pra dipatya | parêng nampêg ing aprang | gègèr bala Maèspati | ngumpul atata | pasang gêlarnya aglis ||

23. mêdal saking mandera Patih Suwănda | lan sagung kang para ji | samya nata bala | ngiras nadhahi aprang | ing ngarsa nanggulang jurit | ing wuri karya | gêlare wus andadi ||

24. prok buta kang umangsah angêntha asa | sagung wil pra dipati | rumukêt ing aprang | rata rêmuk tinujah | dening

--- 554 ---

gajahe kya patih | myang para nata | kèh kontit dening èsthi ||

25. anêlale anggadhing nubruk anujah | akèh prawira mati | dening Kyana Patya | Prahastha krura nêngah | Prabu Wisabajra aglis | angikal gada | pinupuh ponang èsthi ||

26. rêmak rêbah gajahe Patih Prahastha | malumpat kyana patih | Dasamuka mulat | sigra amênthang langkap | mijil sayuta jêmparing | maneka warna | gada kalawan bindi ||

27. limpung kunta kang mijil saking gandhewa | căndrasa gandhi piling | samya ngamuk nêngah | kuwur kang pra dipatya | punggawa ing Maèspati | bubar katrajang | pamuking gada bindi ||

28. parêng tandang sagung ingkang para raja | miwah Rêkyana Patih | Suwănda amapag | pamuking Dasamuka | wikramanira andadi | sariranira | gatra lir pura rukmi ||

29. murub kang mas pindha pura Dasamuka | lir kudhung pura rukmi | sagung para raja | mangrubut sang yaksendra | Dasamuka [Dasa...]

--- 555 ---

[...muka] datan ajrih | pinrêp ing aprang | prajurit Maèspati ||

30. kumarutug rumêbut kang para raja | prajurit Maèspati | saking kering kanan | rata kuda dipăngga | sigra prasamya nglêpasi | sagung sanjata | lir udan kang jêmparing ||

31. surak umung udan kunta lan trisula | tibèng angganirèki | brastha suh wus datan | tumama mring Rawana | Suryakètu Narapati | ngamuk ing bala | ditya kang magêrsari ||

32. jinêmparing marang Suryakètu Raja | mêtu makêthi-kêthi | tumpês bala ditya | kang magêrsari rêmak | sirna ditya magêrsari | rong kêthi sirna | de Suryakètu Aji ||

33. krodha Prabu Rawana mulat tumpêsnya | ditya kang magêrsari | mangsah ngayat dhêndha | bujung sri naranata | Suryakètu ingkang pinrih | sinabêt dhêndha | Suryakètu kawuri ||

84. Pangkur

1. sira Sang Prabu Rawana | datan angrês kinarubut ing jurit | rinêbut ing para ratu | kinunta sinamoga |

--- 556 ---

jinêmparing anglir riris tibanipun | brastha nèng ăngga Rawana | tan ana tumama siji ||

2. sêrsêg cakra kang tumiba | datan anggop para ratu jêmparing | mêtokkên prabawanipun | ana sanjata sela | miwah naga pawaka myang bajra bayu | anglir guntur sumarambah | kadya turuhing jaladri ||

3. tan măntra-măntra tumama | Dasamuka molah amrih para ji | sahasa amutêr limpung | Suryakètu sinawat | jajanira lampus katiban ing limpung | mati Suryakètu Raja | mamrêg mangsah kang para ji ||

4. ngêtog sanjata pamungkas | mijil sagung prabawa kang ngebati | katulak ngăngga malêdug | marang tawang ling-lingan | kadi guntur tibaning sanjata wau | pawaka brastha ing ăngga | krodha Sang Dasamuka ngrik ||

5. mobat-mabit limpungira | akèh para ratu ingkang ngêmasi | ingkang kasabêt ing limpung | piyak ing ngarsa prapta | ingkang wuri myang ing kanan kering ambyuk [ambyu...]

--- 557 ---

[...k] | Rawana nyandhak anyepak | andugang nyêndhal ambanting ||

6. sumyur ingkang wukir sela | sirna ingkang dahana amung dadi | kukus kumêbul kumêlun | payudan ngampak-ampak | ratanira Rawana sigra pinupuh | marang Sang Prabu Manggada | rêmak-rêmpu tibèng siti ||

7. Dasamuka ngamuk dharat | sangsaya sru krodha lir bêsmi bumi | mangrupak pangamukipun | yayah manêngkêr wiyat | ngiwa nêngên amêmati para ratu | bupati miwah satriya | rinampêt ing asta kalih ||

8. ngasta kanan kering gada | limpungira ngrampêt nora ping kalih | kèh pra ratu kang malêdug | nora gawêr ing asta | sigra Prabu Wisabajra ngayat gupuh | lumêpas sanjatanira | gada Rawana kang pinrih ||

9. jinêmparing gadanira | tugêl ingkang munggèng ing asta kering | pining kalih limpungipun | dening Narpati Soda | tugêl ingkang jinêmparing limpungipun | sigra ngamuk lawan asta | siyung kinarya mêmati [mê...]

--- 558 ---

[...mati] ||

10. sangsaya sru krodhanira | Dasamuka butêng tan ajrih mati | tan milang dening pakewuh | krura angêntha asa | Sri Bupati Manggada lan Căndrakètu | Soda lawan Wisabajra | Narpati Kalinggapati ||

11. parêng mapag pamukira | Sri Bupati Srawăngga lan Srawanti | parêng lumêpas anêmpuh | kanggêg Sang Dasamuka | sigra dènnya malumpat anyandhak gupuh | dinêkung miwah sinêndhal | sinuwak akèh ngêmasi ||

12. sarikutan Dasamuka | ngiwa nêngên nyênyandhak mêmatèni | sariranira kumukus | wulu mêtu dahana | nora kêna dinumuk sariranipun | apanas lir wêsi kobar | cinêkêl amalocoti ||

13. Sang Prabu Swarantipura | wus ngêmasi dinêkung tibèng wêntis | lan Natèng Srawăngga lampus | Prabu Soda Manggada | kalih sarêng bramantya dènnya têtulung | katulak tibèng doh samya | kinipat ing sri bupati ||

14. Dasamuka sru sêsumbar | hèh

--- 559 ---

hèh êndi prajurit Maèspati | kang mapag wukku ring ngayun | nora yèn nimbangana | aprang lawan Rawana sura dibya nung | lir gêlap barung swaranya | sarwi kèndêl ngore wèni ||

85. Sinom

1. kèh miris mawur sasaran | prajurit ing Maèspati | giris mulat ing Rawana | boting prang sarira agni | kadya luput ing pati | malêdug kang para ratu | gusis sawadyanira | myat Rawana krura sêkti | lir Bathara Kala arsa ngrurah jagad ||

2. amung sang mantri wasesa | manggala pangirit baris | senapati ing ayuda | prajurit panata baris | pamungkasing bupati | panutaning para ratu | sira Patih Suwănda | malang ratane tan osik | sru gumêbyar katrangan surya tumeja ||

3. makutha sri ngăndakara | lir Bathara Surapati | Rêkyana Patih Suwănda | nyandhak pustaka tinulis | ing kênaka wus dadi | tinangsul ing cakranipun | mêsat sanjata cakra | tibèng

--- 560 ---

ngarsaning para ji | pustakane Rêkyana Patih Suwănda ||

4. sagung kang miris lumajar | para ratu Maèspati | satriya mantri munggawa[2] | tiniban pustaka aglis | muni Rêkyana Patih | Suwănda ingkang pitutur | hèh sagung para nata | kang padha lumayu jurit | kawruhana nistha madya lan utama ||

5. sagung narpati manggala | ayya tan amrih utami | apan iya gustinira | Maha Prabu Maèspati | nistha madya tinampik | mung utama têtêpipun | yêkti kang linampahan | sirèku para narpati | tinggal madya padha ngarêpakên nistha ||

6. rong prakara dosanira | dhingin dosa maring gusti | tan anut ing parikrama | atinggal watêg sayêkti | Sang Prabu Maèspati | Sri Arjuna Sasrabau | gone amêngku bala | para ji kinulit daging | pan sadaya pinrih inganggêp tênaya ||

7. tan lila yèn nêmu ala | kabèh pinrih nêmu bêcik | myang kapatèn ing dêlahan [dêlah...]

--- 561 ---

[...an] | rinêksa marang ing gusti | ing mangkya manggih kardi | mêngkono solahirèku | tangèh lamun malêsa | rumêksa ngawak pribadi | nora bisa tan wun mati manggih papa ||

8. kapindhone dosanira | sira mring Hyang Bathara di | dene tinitah narendra | têka mèt nisthaning pati | padha lumayu jurit | awêdi sêktining mungsuh | yèku saijap-ijap | liwat nisthaning narpati | wong lumayu ing prang têtêp wong urakan ||

9. anggêdhèkkên kaluputan | ratu kang lumayu jurit | ing pati urip tan angsal | pagene madêg narpati | suwitèng Maèspati | ratu ambêg santa nulus | rahayu mardikèng rat | undhagi pratamèng jurit | ratu wingit patitis mrih pati mulya ||

10. kabèh yèn mêngkono padha | aja tanggung wong aurip | ngawula ratu utama | tan ana bisa nglakoni | angur si wong aurip | aja na tanggung ing laku | wis padha suwitaa | marang [ma...]

--- 562 ---

[...rang] ratuning rasêksi | ambêg salah nora angèl linampahan ||

11. kang jamak manungsa nêdya | amrih utamaning pati | apan satêngahing aprang | gon amèt pati patitis | mati têngahing jurit | yèn bênêr pratikêlipun | tan ana nimbangana | kautamaning kapati | angêsorkên lan pati sajroning puja ||

12. tur urip datanpa sama | yèn ratu lumayu jurit | tan arsa ing pati mulya | kudu mati mor mêmêdi | upata kang dèn amrih | nora mrih pati rahayu | apan dadining cipta | jroning prang nêdya patitis | kasudiran kang nora dhompo ing aprang ||

13. kang tapa sirahing tapa | kang pasrah sajroning jurit | amung Hyang Jagad Pratingkah | kang anitah pati urip | manungsa tan darbèni | mung sumăngga darbèkipun | pagut ngasmarèng laga | ciptanên mangsah sêmadi | papaning prang wêwadhah dupa pamujan ||

14. panduking sagung warastra | ciptanên urubing gêni | dupa wêwangining [wê...]

--- 563 ---

[...wangining] wrêksa | utama marganing pati | gong têngara ing jurit | cipta gêntha kêlèngipun | mêmuja jaya-jaya | mungsuh rêruwêding pati | yèn lêstari ing beka nêmu kamulyan ||

15. yèn tan mati ing ayuda | malah kèh dènnya mêmati | anumpêsi satru salah | amanggih ganjaran luwih | kadi sasăngka rawi | tan kalingan goning luhur | tan kêna ing mêmala | yèku utamaning jurit | wus mangkana wau sagung para raja ||

16. miyarsa pituturira | Suwănda luwih prayogi | garjita kang para raja | sigra wangsul ambêg pati | dènnya Rêkyana Patih | Suwănda pituturipun | rinasa rasèng driya | dadya mrih mangungkih pati | prapta aglar ngarsane Patih Suwănda ||

17. satriya punggawanira | tan kari ratune sami | lan sagung mantri prawira | dalêdêg nusul ing gusti | sagung ingkang para ji | wus samya anyipta tuhu | nganggêp pituturira | Suwănda Rêkyana Patih | ambêg [ambê...]

--- 564 ---

[...g] pati ing prang tan nêdya mundura ||

86. Durma

1. parêng tandang sagung para raja-raja | punggawa pra dipati | miwah sinatriya | ngêmbuli Dasamuka | tan ana angrasa ajrih | dènnya miyarsa | pitutur luwih bêcik ||

2. pituture Rêkyana Patih Suwănda | wadya lir dèn kilèni | sagung para raja | wuwuh tyas kasudiran | rame têmpuhing ajurit | wadya Ngalêngka | lan bala Maèspati ||

3. pra dipati têmpuh lawan wil punggawa | wadya lit prasamya lit | kadya prang duk purwa | ramene kang ayuda | para ratu Maèspati | mangrubut samya | mring Dasamuka siji ||

4. para ratu ana angunta anyakra | anggada lan ambindi | jêmparing lir udan | tumibèng Dasamuka | brastha tan ana nêdhasi | malês anggada | anglimpung kèh ngêmasi ||

5. para ratu miwah satriya punggawa | rinangkêp dèn patèni | akèh kasulayah | Dasamuka sahasa | krodhane kapati-pati [kapati-...]

--- 565 ---

[...pati] | sarira mêkar | kumukus mijil agni ||

6. piyak ingkang ngarsa nangkêbi ing wuntat | kumrubut kang para ji | nanging Dasamuka | suka datan rêkasa | mêmatèni kang para ji | kang kiwa buwang | kanan asru ambanting ||

7. Prabu Soda dinêkung sampun palastra | Nata Kalinggapati | kasambut binuwang | tiba têngahing bala | kang mêksih rame ajurit | giris tumingal | prajurit Maèspati ||

8. dene kathah mastakaning para raja | tiba têngahing baris | dêstun tan tumama | sagung ratu prawira | prajurit ing Maèspati | dhadhal lorodan | prasamya ngungsi wuri ||

9. ing wurine Rêkyana Patih Suwănda | gumrit ratanirèki | sagunging prawira | mawur miris sadaya | mung Suwănda Kyana Patih | juga tan arsa | lumayu jrih ing pati ||

10. tan arsa nut ing pati nama kanisthan | nêngah malang lajêri | Prabu Dasamuka | asru dènnya sêsumbar | hèh Suwănda sira maksih | kudu anglawan [a...]

--- 566 ---

[...nglawan] | lumayua dèn aglis ||

11. matura mring gustimu Arjunasasra | apranga lawan mami | lamun kudu sira | nadhahi wukku ing prang | liwat saking dudu tandhing | Sang Dasamuka | angling sarwi nudingi ||

12. Kyana Patih Suwănda nauri sugal | hèh yaksendra sirèki | kudu-kudu ngajap | aprang lan gustiningwang | Sri Bupati Maèspati | lamun Suwănda | iki durung ngêmasi ||

13. nora kêna sira angadu prabawa | ngadoni jayèng jurit | lan Arjunasasra | eman ratu sumbaga | apêkik rêtnaning bumi | mastakaning rat | sira iki rasêksi ||

14. gêgêdhêging jagad sira kala murka | arda angrêrusuhi | buta palawija | êndhasmu nora kaprah | aku bae anguwisi | sagêndhingira | ing prang ingsun ladèni ||

15. Dasamuka krodha sigra nawat kunta | tinadhahan jêmparing | tikêl kuntanira | limpungira ingayat | dhininginan ing jêmparing | sumyur [su...]

--- 567 ---

[...myur] malêsat | sirna limpungirèki ||

16. Kyana Patih Suwănda asru sêsumbar | hèh prabuning rasêksi | Rawana dèn yitna | sambata wong atuwa | sun tibani cakra mangkin | sigra lumêpas | cakrane kyana patih ||

17. kêna jangganira tugêl Dasamuka | surak wong Maèspati | gumuruh ngampuhan | dènnya sukane mulat | Dasamuka angêmasi | janggane pagas | suka wong Maèspati ||

18. nora wêruh yèn ajine Dasamuka | păncasonane dadi | bangkene Rawana | tibèng bumi waluya | ingkang pêgat tuntum malih | sigra umêsat | andêdêl mring wiyati ||

19. sumbar-sumbar kadi gêlap barung sasra | munggèng mega sarya ngrik | dhêdhêt aling-lingan | kagyat kang para nata | tan nyana yèn urip malih | Sang Dasamuka | miris wong Maèspati ||

20. datan kewran Rêkyana Patih Suwănda | mungsuh anèng wiyati | ngadêg mênthang langkap | mubyar kadya baskara | rêspati [rê...]

--- 568 ---

[...spati] dêdêg pêsagi | pêkik sêmbada | prawira sura sêkti ||

21. lumêpas kang sanjatane păncaweda | tumêmpuh ing wiyati | Dasamuka kêna | tiba saking awiyat | kadya wukir sèwu gingsir | kang bumi bêlah | surak wong Maèspati ||

22. bala ditya rêrêp sirêp sru sungkawa | gustine krêp ngêmasi | aprang lan Suwănda | maras bok banjur pêjah | surake wong Maèspati | ambal-ambalan | yayah nêngkêr wiyati ||

23. kadi bumi bêlah tibane Rawana | bangkene tibèng siti | tuntum ingkang pêgat | sigra wikrama mêsat | gora rèh swaranirèki | kabèh ibêkan | lèr kidul kadi wukir ||

24. sèwu guntur-gumuntur parêng gênturan | sirêp wong Maèspati | sagung bala ditya | gumuruh wijah-wijah | dènnya gustine andadi | wikramanira | nèng awiyat ngêbêki ||

25. anibakkên Rawana wukir dahana | sèwu parêng ngêbyuki | mring Patih Suwănda [Suwă...]

--- 569 ---

[...nda] | yayah anggêmpur jagad | mawrêk bala Maèspati | dening awiyat | sadaya dadi gêni ||

26. cipta nibanana tumpês barisira | bala ing Maèspati | sigra Kyana Patya | Suwănda mênthang langkap | trisula ingkang pinusthi | gumludhug gora | gora rèh mêtu riris ||

27. giyungan lor kidul anampêg dahana | sirna kang wukir agni | kasor kang prabawa | sira Prabu Rawana | dening prabawa Kya Patih | Suwănda suka | myat bala Maèspati ||

28. Dasamuka krura mangkrak ngêntha asa | ngiwung jungkir angêrik | ngawiyat ibêkan | kaku tyase Rawana | dene prabawanya kontit | marang Suwănda | mêtokkên krêp kawuri ||

87. Pangkur

1. krodha mrêpda Dasamuka | ngêntrog jagad lir gêlap sèwu tarik | gora rèh giri gumuntur | ru-ara pracalita | bumi mêngkap gumêtêr sêrsêg dening hru | mêtuning sanjatanira | Rawana wikrama wêrdi ||

2. akèh warnaning

--- 570 ---

sanjata | bajra agni trisula gada bindi | samoga parasu limpung | kunta piling nanggala | kumarêsêg liwêran srang-srangan umung | mawrêk kang bala manungsa | kewran wadya Maèspati ||

3. gupuh Kya Patih Suwănda | mênthang langkap păncasula mêtyangin | lumêpas sindhung angasud | prahara aliwêran | wus katulak sanjata pranawanipun | Rawana mawur kabuncang | sanjata tibèng jaladri ||

4. kaku tyase Dasamuka | sigra Patih Suwănda anglêpasi | sanjata păncaweda wus | tumanduk mring awiyat | ngarab-arab Dasamuka wus kacundhuk | ing jêmparing păncaweda | tênggak pêdhot tibèng siti ||

5. gumêbruk lir gunung sasra | tibèng bumi kang pêdhot sampun pulih | tangi krodha nyandhak gupuh | samogatigna jyala | ngarab-arab singa nabda mangsah gupuh | marang Kya Patih Suwănda | praptèng ngarsaning rata glis ||

6. sarwi angayat samoga | sigra Patih Suwănda anglêpasi |

--- 571 ---

trisulanira tumanduk | ing jaja Dasamuka | tibèng siti urip malih tan awungu | lajêng api-api pêjah | candrasanira kinêmpit ||

7. Patih Suwănda umiyat | narka Dasamuka lajêng ngêmasi | têdhak saking ratanipun | Rawanarsa tinigas | duk jinambak Dasamuka sirahipun | ginêlut Patih Suwănda | kêna dening gêlar nilip ||

8. gêng aluhur Dasamuka | Kyana Patih Suwănda andêdêli | sariranira karimpus | sanjatane cinandhak | tinamakkên Patih Suwănda kapugut | sirah gêmbungira pisah | sami angamuk pribadi ||

9. gêmbung mangsah saking kanan | sirahira kang mangsah saking kering | nulak Dasamuka bingung | gêmbung tinampèl ngasta | mangsah sagung mring bala ditya gumuruh | gègèr ditya mawurahan | ingamuk Suwănda jisim ||

10. sirah anggung nampêk napak | Dasamuka langkung kewran ngajurit | sirah [si...]

--- 572 ---

[...rah] Suwănda gung nêmpuh | ing muka Dasamuka | kèngêl pêgêl gobag-gabig malah ngêlu | sinampe gada malêsat | wangsul nampêk ing ajurit ||

11. Rawana kaku tyas sira | kang mastaka sigra pinanah angin | miwah gêgêmbung kang ngamuk | sampun katut kabuncang | sirna dening kang sanjata gora bayu | dhadhal mawur asasaran | barise sarkara pati ||

88. Dhandhanggula

1. tumpês para ratu Maèspati | lir dhawuhan pêdhot lajêrira | dhadhal anggêrus barise | sakarine kang lampus | para ratu kawêlasasih | kasaput ri diwasa | baskara sumurup | bala Maèspati ana | ingkang sami rêbah api-api mati | silulup ing bêbathang ||

2. amawor ing bangke manusèki | miwah bangkening ditya rêksasa | angrara warah ombake | kèh swaraning matêmpuh | ing gêgaman pating carêngkling | ludira ngombak-ombak | ngin agêng kang nêmpuh | dadya tan [ta...]

--- 573 ---

[...n] antuk anendra | sigra tangi lumayu amor ing baris | kang sami kapêlajar ||

3. samya karuna wong Maèspati | lara-lara kadya ge siyanga | kèh kapyarsa sêsambate | dhuh nyawa gustiningsun | prabu tama ing Maèspati | gusti nuli wungua | umagut ing mungsuh | patènana Dasamuka | dhuh pukulun patih paduka ngêmasi | rayi tuwan Suwănda ||

4. pun Rawana ingkang amêjahi | miwah sagung para raja-raja | kang abela kasambute | Kya Patih Suwandèku | tatag titih tangguh ing jurit | tan ajrih ing palastra | rèhning rat amêngku | langkung prawira ngayuda | bisa têmên atinggal momongannèki | dhuh Kya Patih Suwănda ||

5. wadya lit kèh katalanjur sami | ingkang sampun prapta pasanggrahan | pinggir samodra kuwune | Sang Prabu Sasrabau | otêr sagung bala kang kari | têmahan kapiyarsa | awitira wungu | wau gyanira anendra | nèng sungapan [sungapa...]

--- 574 ---

[...n] samodra sri narapati | sampun miyarsa warta ||

6. lamun wontên mungsuh andhatêngi | ditya Prabu Rawana Ngalêngka | Suwănda wus mapag prange | lan sagung para ratu | lan satriya myang pra dipati | tuwin mantri punggawa | binêkta umagut | marang Apatih Suwănda | kalih duman kang binêkta magut jurit | saduman kang tinilar ||

7. kang pinatah rumêksa nèng wuri | lawan sagung putraning pra nata | miwah saupacarane | sakapraboning ratu | wus mangkana ingkang wadya lit | kang katalanjur prapta | saking prang kaburu | katur ing sang maharaja | kagyat sigra ngundhangi kang pra dipati | lan sagung putra nata ||

8. amung ratu sapuluh kang kari | rumêksa ing pramèswari nata | satriya sapunggawane | kang pra dipati satus | bupati jro ing Maèspati | pan dudu măncapraja | mangkana sang prabu | budhal saking pasanggrahan | datan owah gunging bala Maèspati | lir lampahe Suwănda [Su...]

--- 575 ---

[...wănda] ||

9. mêlanging tyas Prabu Maèspati | saking gêng trêsna marang Suwănda | dening danawa mungsuhe | mila gya dènnya nusul | mring Suwănda têtulung jurit | lêpasing lampahira | nèng marga kapêthuk | mring putrane Nata Soda | lan putrane Darmagora ingkang prapti | samya saking payudan ||

10. kang maksih gêsang lumajêng sami | sêdya matur ngaturi uninga | wus anêrak baris gêdhe | praptèng ngarsa sang prabu | wau rajaputra kêkalih | kèndêl sri maharaja | Prabu Sasrabau | putra Soda Darmagada | nêmbah matur sarya sru dènira nangis | pukulun tur uninga ||

11. abdi paduka tiwas ing jurit | langkung prawira Prabu Rawana | têguh sarta punggawane | nanging punggawanipun | kathah tumpês gusti ing jurit | dening rayi paduka | Suwănda kang magut | mila kasambut ing aprang | pun Apatih Suwănda ingkang ngawaki | aprang lan pun Rawana ||

12. ngabên kasêntikaning

--- 576 ---

ajurit | sagêndhinge Rawana kasoran | pan namung păncasonane | Dasamuka pukulun | wontên kaping gangsal ngêmasi | kaping kalih pinanah | pêdhot jangganipun | ping tiga jajane bêncah | tibèng siti Dasamuka gêsang malih | anubruk para raja ||

13. krura ngamuk ing para narpati | kathah tiwas Kya Patih Suwănda | bela ngawaki yudane | milanipun kasambut | sor gêlute kantun gêng inggil | katigas kang mastaka | Suwănda angamuk | gêmbung ngamuk sowang-sowang | mila têmah paprangan samodra gêtih | saha wukir kêpala ||

14. duk miyarsa Prabu Maèspati | ing pêjahe Kya Patih Suwănda | ambêngkuh butêng kalbune | krodha saha rawat luh | kadya singa alit abudi | arsa ngêmah-ngêmaha | gajah gung aluhur | ngêtap rata gumrit kontap | yayah kadi anggêmpura badhanèki | ing sadina kewala ||

15. tan antara Hyang Narada prapti | saking [sa...]

--- 577 ---

[...king] suralaya wruh yèn duka | Sang Prabu Maèspatine | Arjuna Sasrabau | lamun duka kongsi nêkani | sayêkti karya rusak | gonjit parwata rug | Hyang Narada praptanira | alêlewa ngudang muwus ngasih-asih | hèh ta sang prabuning rat ||

16. ratu sumbaga prawira sêkti | pêkikira sor Sang Hyang Asmara | miwah sudibya gunane | dewa tan ana nusul | nora wênang mulata maring | guna sêktinirèng prang | pan ratuning ratu | têtêp musthikaning jagad | mukyaning rat angadhaton Maèspati | măngka raksakaning rat ||

17. ratu pinunjul mardikèng bumi | solah bawaning ratu utama | dewadi kasoran ing rèh | ring kawiryaning tuhu | liring sastra basa basuki | gunaning rat nimpuna | widagda amêngku | eman lamun nêkanana | krodhanira karya barusahing bumi | amangun êla-êla ||

18. yèn krodhaa Prabu Maèspati | satêmahan karya papaning rat | ru-ara jagad dadine | Si

--- 578 ---

Dasamuka iku | sura sêkti sêdhêng winani | prawira măndraguna | saliring prang putus | parandene yèn tandhinga | lawan sira tan măntra-măntra ngudhoni | sêktine tanpa guna ||

19. kabèh kêtêr saisining bumi | kasor prange lawan Dasamuka | prang lan sira suprandene | bayi upamanipun | mungsuh bocah lagi birai | yèn sira anêdyaa | amrih patinipun | ya marang Si Dasamuka | tan asuwe kagêm ngastanira pasthi | nanging karya la-êla ||

20. karya wagugêning bathara di | wuhên ing tyas Hyang Jagad Pratingkah | wiyosing wijaya kabèh | sinêngkêr ing Hyang Guru | tan ing mêngko mangsaning pati | besuk sapisan êngkas | panjanmanirèku | yèn uwis bala wanara | iku besuk kondhangira amatèni | ngrusak praja Ngalêngka ||

21. ing saiki sira durung kêni | matènana marang Dasamuka | dene ta durung mangsane | liwat dening kumlungkung | Dasamuka anglêlanangi [anglê...]

--- 579 ---

[...lanangi] | angrusak suralaya | Kaendran ginêmpur | kêkês kang para jawata | datan arsa Hyang Guru amidosani | pasthi gandhenganira ||

89. Kinanthi

1. pan amung sira ing besuk | ingkang andarbèni kardi | ing patine Dasamuka | saênggon-ênggoning janmi | ya sira padhaa janma | ing dêlahan wus pinêsthi ||

2. patine murka arda sru | pan têka rahayu budi | marma balia kewala | aja sida magut jurit | lêng suka anèng jro pura | sang prabu sru turirèki ||

3. hèh Sang Hyang Narada sampun | sangsaya ing krodha mami | dumèh arsa magut ing prang | marang Rawana pêpulih | patine ari Suwănda | Dasamuka kang mêjahi ||

4. sayêkti yèn amrih kiwul | botên nêdya mêmatèni | mring pun murka Dasamuka | mung kasora ing ajurit | ulun tan arsa mantuka | mring nagari Maèspati ||

5. yèn dèrèng sor yudanipun | rêksasa raja mring mami | botên [bo...]

--- 580 ---

[...tên] mrih praja myang arta | anjarah bêdhah nagari | tan amrih brana rêtnendah | sampun kathah Maèspati ||

6. mung amrih karêksanipun | ratu saisining bumi | ayya na kang laku ala | lamun maksih jênêng mami | sami arja rahayua | sagunging para narpati ||

7. pundi wontên ambêg rusuh | ratu saisining bumi | manungsa sanadyan ditya | ulun tumpês yèn tan mari | yèn maksih Arjunasasra | ayya na sikara budi ||

8. ayya na dursilèng laku | sagunging para narpati | akarya rusaking jagad | manusa ditya rasêksi | pundi ingkang karya ala | kawula ingkang numpêsi ||

9. Narada mênêng anjêtung | de Sang Prabu Maèspati | pinaripih wus tan kêna | wurunga umagut jurit | apragola băndawala | sigra Prabu Maèspati ||

10. ngatag bupati panganjur | budhal sakathahing baris | Narada maksih tut wuntat | wau Prabu Maèspati | ngandika mring putra Soda | kang

--- 581 ---

tumut aprang ing nguni ||

11. paran nguni gêlaripun | yayi Suwănda duk jurit | ing laku miwah ing aprang | anuta ayya ngowahi | apa rakite Suwănda | sandika kang pra dipati ||

12. wus rinakit gêlaripun | tan owah kadya ing nguni | anut gêlare Suwănda | saking tyas onêng tan sipi | marang ing pêpatihira | anut sasolahirèki ||

13. praptèng paprangan sang prabu | sawadyakuswa rinakit | anut gêlare Suwănda | ing nguni paksindra dadi | kang munggèng patug panjawat | samêkta kang pra dipati ||

14. ing dhadha miwah ing buntut | Rêsi Narada nulya mit | mumbul marang ing awiyat | jawata kathah kang ngiring | lampahe tan antuk karya | dènnya mrih murungkên jurit ||

15. wus aglar ingkang wadya gung | tan owah kadya ing nguni | rakite Patih Suwănda | kadya samodra angalih | bêlabar tanpa wangênan | Dasamuka wus miyarsi ||

16. yèn Sang Prabu Sasrabau | prapta [pra...]

--- 582 ---

[...pta] sawadyanirèki | baranang praditèng wadya | kadi wukir satus kêthi | kobaran dadi dahana | kèhning bala Maèspati ||

17. munggèng satêngah wadya gung | Maha Prabu Maèspati | jumênêng rêngganing rata | suka miyat ing wadyèki | kagagas namung Suwănda | tan ana nindhihi jurit ||

18. sagung ingkang para ratu | satriya myang pra dipati | aglar ing ngarsa narendra | mangkana Rawana prapti | saking ing Manik prawata | ingayap wadya rasêksi ||

19. lir wukir guntur-gumuntur | kèhning ditya ing wiyati | mulat ing bala manusa | ebat saking gunging baris | balane Arjunasasra | kadya trunaning udadi ||

20. Dasamuka arsa dulu | mrêpêki ing sri bupati | kadya muksa dinamonan | pêkike Sri Maèspati | kasor Bathara Asmara | ngungun dènira ningali ||

21. lan Suwănda undha usuk | pêkik myang dêdêge sami | kakang sari kaot cahya | sumunu ngêbêki bumi | Dasamuka

--- 583 ---

sigra matag | ing wadya umangsah jurit ||

22. têngara gurnang gumuruh | niyup kang bala rasêksi | punggawa mangsah manglaga | kadya gora ing wiyati | têngara kêndhang gong surak | manusa tan angunduri ||

90. Durma

1. kang ayuda kadi paguting samodra | punggawa Maèspati | parêng dènnya mangsah | miwah para satriya | prokbuta tan nyipta ajrih | ramening aprang | lir guntur ngawiyati ||

2. ditya dharat miwah kang ditya ngawiyat | kang nitih rata èsthi | miwah ditya ingkang | samya anitih kuda | têmpuh lan para narpati | miwah satriya | rame rok rêbut titih ||

3. aprang pinrang mardăngga sêlur liwêran | kalasăngka sênggani | lan pangriking kuda | patêmpuhing warastra | prawira ing Maèspati | samya sudira | gustine anjênêngi ||

4. sêrsêg ing gêgana uculing sanjata | miwah kang amrêpêki | gada bindi kunta | samoga lan nanggala | badhama parasu piling [pi...]

--- 584 ---

[...ling] | tomara samya | pinandukakên sami ||

5. gapyuk uwor dêdêr rame dêr-idêran | ratanya gathik kosik | parêng pupuhing prang | ana têmpuhing gajah | silih sol ingkang anitih | kunta samoga | limpung parasu piling ||

6. sor katitih yudane bala rêksasa | kathah ingkang ngêmasi | krodhambêg umiyat | sira Prabu Rawana | têdhak saking wimana glis | amutêr kunta | arsa ngawaki jurit ||

7. kacaryan non ing Prabu Arjunasasra | kadya Hyang Jawata di | pantês kang cinadhang | ing swarga tejamaya | nèng rêngganing rata manik | lir muksèng wiyat | piturun jawata di ||

8. krodhambêg Sang Rawana pamutêrira | kunta mêtu sakêthi | sanjata abayak | rong kêthi malih prapta | crêrêp prasamya nibani | kathah kang pêjah | prawira Maèspati ||

9. mutêr malih samoga mijil dahana | lumêpas amrih bêsmi | marwasa ing mêngsah | dahana muntap-muntap [munta...]

--- 585 ---

[...p-muntap] | suraking ditya mêlingi | garjita miyat | Sang Prabu Maèspati ||

10. ngêmbat langkap mijil sanjata panulak | prahara awor agni | mêsês pracalita | kumukus bayu bajra | sirna prabawanirèki | Sang Dasamuka | surak wong Maèspati ||

11. mamrêg sagung miris kang bala rêksasa | sor prabawaning gusti | risang yaksadipa | ngayat kunta baswara | lumêpas Arjuna pinrih | sigra pinapag | purpuk samya jêmparing ||

12. derambêg sang narendra dipa utama | Dasamuka sirnanting | sor prabawanira | kucêm susut sarosa | ngêntha asa ambêg julig | angrik umêkar | wikrama ambêg wêrdi ||

13. krura angrik Rawana kadya prabata | murub marang wiyati | sagung pra natarya | miris miyat Rawana | sigra lumêpas nututi | trisulanira | Sang Prabu Maèspati ||

14. kataman ing trisula tênggaknya pagas | rah kumucur mariris | Prabu Dasamuka | sirah sapuluh tiba | kumarutug praptèng [pra...]

--- 586 ---

[...ptèng] siti | kambon bantala | pating tarèmplok bali ||

15. gêmbung murda pulih kadi waunira | nitih puspaka aglis | saksana pinanah | de sang narendra dipa | puspaka ajur wor siti | kêni sanjata | Rawana mêsat aglis ||

16. ngêrik nguwuh kadya barung gêlap sasra | dêdêl praptèng wiyati | pêtêng ngampak-ampak | kukus saking sarira | bayu gora molak-malik | dhêdhêt ngawiyat | dharatan tan kaèksi ||

17. nguwuh-uwuh hèh babo Arjunasasra | iya dèn ngati-ati | sira arsa mapag | marang wuk ingsun ing prang | ayya ge suka sirèki | tangèh uwisa | prabawa jayèng jurit ||

18. mangap Prabu Rawana mêtu sanjata | saking tutug[3] anggili | sayuta rong yuta | kabèh gêgaman dunya | saking cangkêm saking kuping | saking ing grana | saking jubur anggili ||

19. mongkrong-mongkrong Rawana ngising gêgaman | gada kunta lan bindi | parasu nanggala | limpung piling [pi...]

--- 587 ---

[...ling] candrasa | tumêlotok pirang kêthi | mayuta-yuta | nibani mungsuh bêsmi ||

20. rumujag kang sanjata naraca mangsah | tiba têngahing baris | kathah rata rêmak | gajah kumbane pêcah | gada saking ing wiyati | turăngga pêjah | miwah kang anitihi ||

21. saha singa nabda Prabu Dasamuka | lor kidul swaranya tri | kulon lawan wetan | gorang rèh aliwêran | kumêbul cangkême mijil | dahana mubal | pasang sanjata atri ||

22. gumuruh lir yayah kontrag sabawana | bala ing Maèspati | alêksan kang pêjah | awor rata dipăngga | paprangan susun atindhih | ing ngarsanira | sang prabu myang ing wuri ||

91. Pangkur

1. Narpati Arjunasasra | miyat lamun wikramanira wêrdi | mèsêm datan singgan-singgun | wruh lamun Dasamuka | mêtokakên prabawa gora gumuntur | prakêmpa upamaning prang | lan Bathara Surapati ||

2. Rawana amrih pamungkas | mrawasèng prang

--- 588 ---

mring Prabu Maèspati | Sang Arjuna Sasrabau | eca ngadêg nèng rata | maspadakkên wadya gung sring kabarubuh | ingudanan kang sanjata | miwah prabata selardi ||

3. sela sol isining wana | rungkat kayu-kayu dening kasêktin | Rawana prabawanipun | samodra lir kinocak | suka bala rasêksa surak gumuruh | wor prakampitèng samodra | sigra Prabu Maèspati ||

4. mênthang sanjata trisula | sru ginêdhêg-gêdhêg ponang jêmparing | naga gêng sagunung-gunung | mêtu saking trisula | mangsah kêthèn anguntal parasu limpung | samoga nanggala kunta | căndrasa badhama piling ||

5. sirna kang naga prabawa | gusis mawur siji tan ana kari | wong Maèspati gumuruh | surak manêngkêr wiyat | ngêmbat kunta Sang Arjuna Sasrabau | lumêpas Rawana kêna | pêdhot janggane gumuling ||

6. gumêbrug gêmbunge tiba | kadya wukir guntur bêdhol nibani | ditya kagyat miris dulu | prabawarjunasasra [prabawarju...]

--- 589 ---

[...nasasra] | tibèng bumi dhas pating taremplok wangsul | mring gêmbung sapuluh pisan | Rawana wus mulya malih ||

7. madêg anapak gêgana | tiwikrama winangun gêng sawukir | sirah satus tanganipun | samya ngrênggêp gêgaman | ting parogèl mogèl-mogèl ting palêngkung | sabên-sabên cangkêmira | mangap sami mêtu gêni ||

8. myang asta mutêr sanjata | cakra kunta samoga angajrihi | gora swara kadya guntur | kèh bala katawuran | pra dipati Maèspati miris dulu | kênèng sanjata prabawa | akèh prawira ngêmasi ||

9. krodha ngiwung Dasamuka | ngamuk tangan kalih atus nyandhaki | rumêmêt ambanting satru | amêdhot amêmukang | gègèr bala Maèspati para ratu | pra dipati sinatriya | kathah kasambut ing jurit ||

10. sasat Bathara Kalarsa | nglêbur bumi tuhu ngebat-ebati | sangsaya krura andarung | rinêbut ing ayuda | kinêmbulan dening para ratu-ratu | brastha ingkang [ing...]

--- 590 ---

[...kang] tinarajang | lir winêjêg kang ngêmasi ||

11. tan pêgat kang para raja | mati ngarsa ing wuri angêmbuli | saking kanan kering magut | wênèh ana angrangsang | kang angrangkul minggah ing sirah sru mupuh | ing bau ngunta nyandrasa | sumaput kang angêmbuli ||

12. akèh ajur kang kinêmah | kang dhinupak sinepak kèh ngêmasi | ana kang mati ingurut | rinêmêt anèng asta | rêmak-rêmpu kumriyêk kêpruk-kumêpruk | kang tinêpak ngêmprak-êmprak | kang mènèk ing sirah sami ||

13. ginèdhèg pating palêsat | kang ing wuri mangsah ngrangkul mangungkih | Sang Arjuna Sasrabau | suka dènira mulat | ing yudane Rawana kang kinarubut | lir wukir Sang Dasamuka | pra dipati Maèspati ||

14. lir kêkayon sêsukêtan | kapraharan rêbah kang sol ngêmasi | kadya wukir sèwu guntur | panggroning Dasamuka | kinirikkên rinampêk kang para ratu | runtuh rêbah kasulayah | sangsaya kèh kang ngêmasi ||

15. malêdug kang

--- 591 ---

tinarajang | mawur-mawur pamuke ngobrak-abrik | wikramanira sagunung | krura awak dahana | mobat-mabit riwut pangamuke liwung | kêthèn kang mati kinêmah | rinampêt brastha mangisis ||

16. ru-ara mawur liwêran | kasulayah bala ing Maèspati | akèh prawira kang lampus | Prabu Arjunasasra | miyat Dasamuka solahira ngamuk | gusis ingkang para raja | pra dipati angunduri ||

92. Durma

1. duka miyat Sang Prabu Arjunasasra | mangun tiwikrama glis | jlêg sawukir gêngnya | ngluwihi Dasamuka | agêng Prabu Maèspati | baune sasra | ngrênggêp gêgaman jurit ||

2. kadya Sang Hyang Tipuranta Katisaba | sumaput angajrihi | netra kadi surya | nêngah mring jumantara | lir naga ro arsa ngambil | jiwaning ditya | wulune sri bupati ||

3. wulu kunta nanggala cakra candrasa | gada-gada gêng bindi | munggèng bau sasra | kagyat kang bala ditya | dening Prabu

--- 592 ---

Maèspati | wikrama ditya | warna gêng anglangkungi ||

4. kasor ing gêng wikramane Dasamuka | luwih Sri Maèspati | anggro bumi kontrag | lumangkah kadi bêlah | gênjot lindhu gonjang-ganjing | rèh gara-gara | kumocak jalanidhi ||

5. prakampita kairing giri girindra | sol kang wrêksa waringin | gêlapnya kumupak | pok-pok saking tutugnya | gumlêdhêg kagiri-giri | gumuntur sasra | kumêtêr kang pratiwi ||

6. parêng mangsah gapyuk lir parbata tukar | singa nabda parêng ngrik | lor kidul ibêkan | kadya nêngkêr triloka | prasamya napak wiyati | sundhul Kaendran | gègèr jawata ngili ||

7. rug-rug katawuran gègèr ngombak-ombak | kambah ramening jurit | kadya gunung tukar | dènnya prang padhanira | samya ngambah ing wiyati | kèh swarga kontal | kèrêm tibèng jaladri ||

8. dewane kang duwe swarga kapalêsat | mêntas dharatan sami | sawargane [sawar...]

--- 593 ---

[...gane] ilang | kacêmplung ing samodra | kagyat Rawana Narpati | ngungun tumingal | sêktine sri bupati ||

9. rêg-rêg orêg kang bumi ngadu prabawa | arga kadi gumuling | rèh giri goraya | manggut-manggut prakêmpa | dugang-dinugang makangsi | dêdêl idêran | kadya ngrubuhna langit ||

10. parêng pupuh-pinupuh ing dhêndha sasra | guntur kang wukir-wukir | samya kuwatira | sami wêntalanira | samya gênging gada bindi | musala dhêndha | kunta căndrasa piling ||

11. lindhu gonjing bumi mandhêlong angumbak | kambah ramening jurit | kocak prakampita | samodra lir kinêla | tan wruh pasang surutnèki | mina kèh pêjah | otêr sining jaladri ||

12. krodhambêg Sang Rawana mangu sakala | mangap cangkême mijil | limpung patang yuta | lumêpas amèk mêngsah | parêng dènira nampêki | mring Sang Arjuna | Sasrabau tan gingsir ||

13. limpung tinut ing bayu bajra kumupak | mangrubut ing narpati | Sang Rawana

--- 594 ---

matag | limpung pinrih karasa | tinundha ring angin-angin | masingha nabda | Dasamuka sarya ngrik ||

14. kadya gêlap sakêthi nêngkêr bawana | hèh-hèh sri narapati | hèh Arjunasasra | babo-babo dèn yitna | nora wurung mêngko mati | ajur rinêbat | ing limpung amrih jurit ||

15. limpung patang yuta marwasa ring sira | sigra dènnya jêmparing | trisula panulak | mijil kang patang yuta | ijèn Arjuna nungsuni | sanjata naga | raja mijil sakêthi ||

16. ana têmpuh pur pupug lawan trisula | sanjata naga aglis | nguntal limpung samya | brastha limpung prabawa | siji datan ana wani | narajang naga | sirnane dèn untali ||

17. siji datan ana kari limpung sirna | linêpasan jêmparing | Prabu Dasamuka | niba kêni trisula | pêgat janggane nèng siti | pulih umêsat | mring tawang sru manangis ||

18. kadya gêlap sakêthi barung swaranya | sigra wau kang prapti | Sang Bathari [Ba...]

--- 595 ---

[...thari] Durga | garwa Hyang Jagadnata | tulung kang kasor ing jurit | Prabu Rawana | wau kang dèn alingi ||

19. angrik umung wau Sang Bathari Durga | ngêbêki ing wiyati | dyan maha prakêmpa | ru-ara sabawana | sangsaya sru dènira ngrik | ngêbêki jagad | pêtêng dhêdhêt nampêki ||

20. mati sirêp baskara pêtêng sajagad | lintang-lintang tan kèksi | mung swara kewala | miris kang amiyarsa | dudu wadine swarèki | Arjunasasra | lire sampun udani ||

21. yèn Bathari Durga kang aduwe swara | têtulung ing ajurit | marang Dasamuka | karya pêtêng sajagad | tan kewran Sri Maèspati | wruh yèn Bathara | Durga lawaning jurit ||

22. yitna Prabu Arjunasasra angayat | dhêndha gêng kang pinusthi | sarya sru lingira | Prabu Arjunasasra | hèh Bathari Durga yêkti | asalah karya | dèn prayitna ing jurit ||

23. dhêndhanira Sang Prabu Arjunasasra | gêngnya sawukir siwi | sakêthi astanya [a...]

--- 596 ---

[...stanya] | nênggih cawanging dhêndha | pinindha astanirèki | cawang satunggal | pan samya dèn cêkêli ||

24. suluh lilin gêngira sanaga raja | pinutêr sarya angling | hèh Bathari Durga | ayya ngoncati yuda | lumêpas kang dhêndha sênti[4] | marang gêgana | sumundhul ing wiyati ||

25. bukak pêtêng sajagad sadaya padhang | Durga merang kaèksi | prabawane ilang | mêsat Bathari Durga | Prabu Rawana kaèksi | Durga lumajar | Dyan Prabu Maèspati ||

26. anglêpaskên sanjata dibya tumama | niba saking wiyati | kataman sanjata | Sang Prabu Dasamuka | tibèng bumi tatu pulih | aglis cinandhak | ing Prabu Maèspati ||

27. wus cinêkêl tan osik Sang Dasamuka | bingung lêsu tan sipi | wus rinante sigra | mring Sri Arjunasasra | surak bala Maèspati | dene Rawana | kasikêp ing ajurit ||

28. tumungkul tanpanon rat Sang Dasamuka | mêrêm pi-api mati | rinubung ing kathah | wikramanira

--- 597 ---

sirna | awake wus pulih cilik | Sang Dasamuka | kadya ing nguni-uni ||

29. ginarayang dening para raja-raja | ambêkanira maksih | ginugah prasamya | mring kang para dipatya | ingkang nyêkêli têtali | hèh Dasamuka | apa ta sira mati ||

30. têka mêrêm bae matamu lèkêna | napasmu iki maksih | jublêg tanpa ngucap | dene ta tan sêmbada | solahmu lagi ajurit | sawênang-wênang | jro bumi nglêluwihi ||

31. sagung ingkang bala raksasa tumingal | lamun ratune kêni | kabănda ing aprang | dening Arjunasasra | nêdya sih kabêlêt ajrih | prasamya tilar | lumayu rêbut urip ||

32. kantun Patih Prahastha kang dèrèng kesah | pan arsa anglabuhi | pêpatih utama | ratune tiwas ing prang | pêpatih nglungguhi pati | Patih Prahastha | sumungkêm ngusap wèni ||

93. Sinom

1. sigra Kya Patih Prahastha | sumungkêm ngarsanirèki | ing Prabu Arjunasasra |

--- 598 ---

umatur sarwi anangis | pukulun sri bupati | kang sèstu ratuning ratu | ratu musthikaning rat | mugi tulusa dhuh gusti | rumêksèng rat gustine kang para raja ||

2. yèn kenging tuwan dasihna | sampun paduka pêjahi | punika pun Dasamuka | tuwan apuntênên gusti | dosane wani-wani | anglawan prang mring pukulun | ing nguni sampun kathah | kawula amituturi | inggih saking pun Rawana tyase mudha ||

3. dèrèng darbe tyas wêweka | tyas punggung kang dèn ugêmi | pun Rawana maksih mudha | tan wruh ing ala lan bêcik | ratu kawula gusti | asor ungguling kaprabun | yèn ugi waspadaa | măngsa puruna ajurit | angladosi ing prang mring paduka nata ||

4. Prahastha mila nêmpuh byat | marang Prabu Maèspati | wani-wani kèh turira | dumèh labuh ratunèki | ing batine katolih | dening kaponakanipun | apan kadange tuwa | ibu Rawana

--- 599 ---

Sukèsi | ingkang tuwa putri ditya ing Ngalêngka ||

5. Sang Prabu Arjunasasra | gèdhèg tan arsa nauri | ature Patih Prahastha | mila marase tan sipi | anarka dèn patèni | nanging kabatinanipun | iki ratu utama | lan ingsun wus angaturi | nuwunakên apura ing Dasamuka ||

6. sayêkti lamun apura | ing dosa ratu utami | nolih marang Dasamuka | Prahastha Rêkyana Patih | lah ta pundi kang sisip | duk kawula darbe atur | sampun wani nglawan prang | lawan Prabu Maèspati | pan ing mangke tan wontên luput sakêcap ||

7. sira ratu punggung mudha | tan amrih têpa palupi | mring ratu kang guna tama | patitis prawira sêkti | Sang Prabu Maèspati | têtêp prawira dibya nung | nora pantês dèn mêngsah | kinawulan pantês yêkti | malah-malah katuladana prawira ||

8. ngamungakên ciya-ciya | ngandêlakên sihing nguni | ing Sang Hyang Jagad Pratingkah | măngsa kênaa tinagih |

--- 600 ---

ala kalawan bêcik | mung awak dhewe kang andum | iya ingkang rumêksa | sanadyan wus wahyu nguni | lamun ala tingkahe wahyune sirna ||

9. liwat saking nir wêweka | sira ratu buta tuli | digungmu tanpa sisihan | pangrasanira nèng bumi | dene ta iki manggih | ratu sêkti ing prang putus | sumbaga măndraguna | sinêmbah samaning aji | wirotama Narpati Arjunasasra ||

10. yèn ugi purun ngasora | marang Prabu Maèspati | sayêkti ngundhuh kewala | kaprawiran guna sêkti | satingkahing ajurit | utamane madêg prabu | yèn kula kuli lawas | seba marang Maèspati | antuk tulat wuh luhur praja Ngalêngka ||

11. akathah Patih Prahastha | panutuhirèng narpati | Dasamuka tanpa ngucap | kalangkung ngungunirèki | rante sangsaya sakit | bau rongpuluh rinangkus | siji tan bisa obah | samăngsa obah ningsêti | kawaratan ginodhi sariranira ||

12. winot [wi...]

--- 601 ---

[...not] sajêroning rata | Sang Dasamuka gumuling | sinèrèt anèng ratangga | sira Prabu Maèspati | arsa kondur tumuli | lan sawadya para ratu | marang ing pasanggrahan | pura wangunan pasisir | atêngara bêdholakên barisira ||

13. gumuruh swaraning bala | yayah manêngkêr wiyati | kadya samodra ru-ara | wadya gung ing Maèspati | juru-juruning baris | pangawat miwah panganjur | sagunging rajaputra | sinulihakên narpati | datan owah sarakit-rakiting kina ||

14. sira Prabu Dasamuka | sinèrèt ing rata mungging | ngarsanira sri narendra | gumuling awake sakit | turanggane pangirit | sinabêt kras mumbul-mumbul | sirahe Dasamuka | nèng rata gung golang-galing | sru kabêntus wêsi pêpagêring rata ||

15. yèn turăngga nglumba-nglumba | êndhase agodhag-gadhig | katanggor-tanggor kewala | kabêntus tan bisa osik | nyongor lathinirèki | rah mijil kênèng talajug |

--- 602 ---

gêgubras gobrah-gobrah | warata sariranèki | gêrêng-gêrêng godhine ningsêti mêtak ||

16. kunêng budhale sang nata | saking payudan lumaris | nênggih ingkang winursita | wontên ditya malih warni | bala Ngalêngka kang wil | Sokasrana karya dudu | mindha bala manungsa | angaku wong Maèspati | marêg nêmbah mring Rajaputri Manggada ||

17. ciptanira Sukrasana | akarya atur tan yêkti | wus prapta ing ngarsanira | sira Dèwi Citrawati | umatur sarwi nangis | pukulun raka sang prabu | kasambut ngadilaga | sapunggawane ngêmasi | Dasamuka ing aprang sêkti prawira ||

18. belani Patih Suwănda | sedane sri narapati | tumpês ingkang para raja | satriya lan pra dipati | prawira Maèspati | atumpês kêdhik kang kantun | wau duk amiyarsa | Rêtna Dèwi Citrawati | tanpanon rat jagad mung katon sakilan ||

19. kang para maru sadaya | dhomas para putri prapti |

--- 603 ---

aglar samya nuwun warta | marang Dèwi Citrawati | tan bisa anauri | tumungkul mrêbês mêtu luh | musthi patrêm pabelan | dadya sagung para putri | wruh ing sêmu wadine putri Manggada ||

20. gumuruh samya karuna | myang sagung pawongan cèthi | sadaya anglud karuna | Rêtna Dèwi Citrawati | asru dènira angling | marang sagung para maru | sapa kang nêdya bela | sagung ingkang para putri | payo-payo nusul marang pabaratan ||

21. anyangking patrêm pabelan | Rêtna Dèwi Citrawati | lan para maru sadaya | mèh mangkat kang para putri | mangkana kapiyarsi | praptane bala panganjur | gumuruh gajah rata | Sukasrana matur malih | sampun nusul paduka mring rananggana ||

22. ingkang gumuruh punika | pun Dasamuka kang prapti | arsa boyongi paduka | Rêtna Dèwi Citrawati | myang saaturirèki | Sukasrana kadya tuhu | ature dudu cidra | ngutus pawongan satunggil | mariksaa ing pêrnahe [pêr...]

--- 604 ---

[...nahe] gustinira ||

23. ing ngarêpe gone seda | lah iya marêp ing ngêndi | wontên malih kapiyarsa | gêgaman ing Maèspati | Sukasrana wotsari | gusti paran ta pukulun | pun Dasamuka cêlak | suwawi tumuntên ngili | asru mojar Kusuma Putri Manggada ||

24. hèh wong iki apa karya | ingsun gumingsira malih | sigra narik patrêmira | winawas murub kaèksi | sigra dènnya ngrungkêbi | cacap jajanira têrus | muncar ludiranira | sigra sagung para putri | dhomas samya ngrungkêbi patrêm pabelan ||

25. samya rêbah anggêlasah | dhomas ingkang para putri | abela putri Manggada | Citrawati wus ngêmasi | sigra parêkan cèthi | asrang bela gustinipun | cebol wungkuk kesotan | bule samya bela gusti | sagung para èstri jro bela sadaya ||

26. Sukasrana sigra kesah | mumbul rupa ditya malih | kunêng wau kawuwusa | praptane sri narapati | Narendra [Na...]

--- 605 ---

[...rendra] Maèspati | Sang Arjuna Sasrabau | praptèng jro pasanggrahan | mulat sagung para putri | anggêlasah siji tan ana nyarkara ||

94. Dhandhanggula

1. kapitênggêng Prabu Maèspati | asru jêtung tan bisa ngandika | kadya mati ngadêg gène | sumawur riris arum | kuwung-kuwung teja nawêngi | obar-abir ambabar | wangkawa tumiyung | mayêng thathit aliwêran | aliwawar gêtêr-patêr andhatêngi | dhèdhèt lindhu tan kêndhat ||

2. orêg rêg-rêg gumlêgêr kang wukir | jalanidhi kocak prakampita | gara-gara amangun rèh | baskara rêm linimput | mega ranu tumiyung mintir | lumintir marutanya | urute sru mirut | yayah bela kang palastra | marang putri Manggada Dyah Citrawati | myang putri maru dhomas ||

3. wunguning tyas sang sri narapati | amrêpêki mring putri Manggada | Citrawati ya pagene | sira mas têmah lampus | dyan cinandhak sang rajaputri | asta kang tinindhihan |

--- 606 ---

ing jaja dèn unus | kongkal patrême pabelan | ngunguning tyas mulat sagung para putri | sadaya patrêm jaja ||

4. miwah sagung ingkang para cèthi | samya patine apatrêm jaja | sang prabu wimbuh driyane | iya na ngapa mau | têka padha mangkene iki | dhuh gusti langên ingwang | wungua dèn gupuh | mapaga pun kakang prapta | gusti saking angadoni jayèng jurit | wus sor kang mungsuh ditya ||

5. yaksa prabu kasikêp ing jurit | wus sun rante sun sèrèd ing rata | mara tingalana anggèr | iyèku lawan ingsun | prang lan Si Rawana sun godhi | sapuluh dhase lawan | baune rongpuluh | mara nimas tingalana | têka kèndêl paran dosaningsun yayi | kusuma anggung duka ||

6. adangu Sang Prabu Maèspati | solahira karagan mring garwa | kunêng para ratu kabèh | prapta sawadyanipun | miwah ingkang sinèrèd prapti | sira Prabu Rawana | lan pêpatihipun | Prahastha ngunthul tut wuntat |

--- 607 ---

datan pisah kya patih anggung nangisi | nanging datan binănda ||

7. angladosi toyanirèng margi | bala Maèspati wus sadaya | wadya lit wangsul kuwune | pan namung para ratu | myang satriya punggawa mantri | lajêng marang ngajêngan | prasamya sru ngungun | miyat jroning pasanggrahan | anggêlasah parèstri samya ngêmasi | miwah kang para garwa ||

8. pawongan kang ingutus ing nguni | mêmariksa marang ing payudan | prapta tumingal gustine | sampun kapanggih lampus | lajêng marêk ing sri bupati | kang lagya anambrama | ing garwa kang lampus | putri adi ing Manggada | yèn lajênga lalise sri narapati | nêdya bela palastra ||

9. nêmbah cèthi kang kantun satunggil | dhuh gusti sang lêlajêring jagad | kang ngratoni ratu kabèh | purwane rinta prabu | wau wontên têtiyang prapti | saking ing pabarisan | praptane agupuh | kadi kaburu ing aprang | umarêk ing arinta sang rajaputri | matur sarwi

--- 608 ---

karuna ||

10. yèn paduka kasambut ing jurit | ambelani ing Patih Suwănda | lan para ratu sakèhe | tumpêsan ing prang pupuh | aprang lawan rêksasa aji | Dasamuka Ngalêngka | milanya pukulun | arinta sumêdya bela | ulun ingkang kinèn mariksa rumiyin | inggih dhatêng paprangan ||

11. angyêktoskên ing layon narpati | botên wikan ing sapêngkêr amba | rayi paduka sedane | saya putêk sang prabu | amiyarsa aturing cèthi | hèh iku sapa baya | kang sikarèng atur | ngawe ratu pinituwa | ingkang kantun rumêksa sang rajaputri | dinangu purwanira ||

12. ing sedane iya yayi dèwi | dene kabèh samya patrêm jaja | ratu pituwa ature | pukulun sang aprabu | ing nalika mêngkêr bok cèthi | mariksa mring paprangan | anuntên umatur | kang ngakên saking payudan | rayi tuwan dipun aturi gumingsir | saking ing pasanggrahan ||

13. botên wande Dasamuka prapti | amboyongi [ambo...]

--- 609 ---

[...yongi] sagung para garwa | nuntên miyarsa swarane | bala atri gumuruh | inggih rawuh paduka gusti | tinarka Dasamuka | sang kusuma gugup | tan antara patrêm jaja | para putri dhomas sumusul belani | lan sapawonganira ||

14. sasedane arinta sang putri | tiyang wau anuntên umêsat | anèng gêgana icale | mangkana sang aprabu | duk miyarsa aturirèki | pra ratu pinituwa | sumpêg tyasnya liwung | kapêtêg datan panon rat | mung sadumuk jêmbare jagad kang kèksi | sigra wau kang prapta ||

15. bathara kang rumêksa ing warih | prapta marêg bêkta tirta mulya | ngigêl wau nèng ngarsane | Sang Prabu Sasrabau | miyat lamun jawata prapti | nênggih Sang Hyang Baruna | kang rumêksèng banyu | tata ingacaran lênggah | cahyanira kadi sasăngka duk mijil | mèsêm ing aturira ||

16. Hyang Baruna ing Sri Maèspati | batharèng toya pituturira | dhuh sang prabu dipun age |

--- 610 ---

larutên brăngta wuyung | sampun susah ing pramèswari | pan lagya kênèng coba | datan tulus lampus | pêjahe putri Manggada | kang sayêkti asarêng lan paduka ji | janma sami manjanma ||

17. pan kawula punika sang aji | bêkta usada kang tirta mulya | kang minăngka panguripe | wong kênèng cidrèng lampus | paran karsa sri narapati | Prabu Arjunasasra | ngrarêpa turipun | yèn wontên sihing bathara | tamakêna tirtamaya maosadi | sigra Sang Hyang Baruna ||

18. angubêngi kang samya ngêmasi | sarwi nètèsi kang tirta mulya | pating garegah tangine | sirna lan tatunipun | Citrawati kang urip dhingin | kagyat putri Manggada | andulu sang prabu | sinambut ngrungkêpi pada | lara-lara tangise Dyah Citrawati | prabu milya karuna ||

19. putri dhomas kumrubut ngabêkti | marang Sang Prabu Arjunasasra | nèng pada kanan keringe | parêkan sadaya wus | gêsang kadya rasane ngimpi | suka sagung satriya [satri...]

--- 611 ---

[...ya] | miwah para ratu | dènnya prabu mari brăngta | wus waluya sakathahing kang parèstri | suka sagunging bala ||

20. sang aprabu tata dènnya linggih | lan jawata kang rumêksèng toya | jibêg kang para garwane | Sang Prabu Sasrabau | Hyang Baruna amituturi | hèh babo sri narendra | kang acidrèng tutur | ditya nama Sukasrana | ing pamrihe matia sang pramèswari | Rajaputri Manggada ||

21. paduka ji tan wande ngêmasi | wus ubaya lan putri Manggada | wurunga mati prang rame | sayêkti mati alus | ambelani sang rajaputri | makatên Sukasrana | nênggih sêdyanipun | wusnya pitutur sadaya | nulya pamit wau sang jawatèng warih | murca saking ayunan ||

22. nêmbah matur Rêtna Citrawati | dhuh pukulun wil pun Sukasrana | dora sarasa yêktine | paran karsa sang prabu | dening karya dudu mrih pati | Prabu Arjunasasra | angandika asru | iku wil liwat dursila |

--- 612 ---

pinatenan iku rêrêgêding bumi | ngungsia suralaya ||

23. angungsia sadhasaring bumi | Ngendraloka miwah ngariloka | wênang ngusir saparane | amatèni talutuh | Citrawati matur wotsari | măngsa ta kasupèna | paduka pukulun | ratu pinudyèng sajagad | ambêg santa tyas êning pasthikèng bumi | bumi rinêksèng arja ||

24. Sukasrana punika ditya lit | yêkti amrih kandêling suwita | amrih luhure gustine | mila ngupaya kiwul | mung luhure gustine pinrih | kawula kang cinidra | apan botên tulus | inggih ing pêjah kawula | nuntên wontên pitulunging bathara di | gêsang aparipurna ||

25. pan sadaya garwa paduka ji | botên wontên kang tulus palastra | kèndêl ing peka yêktine | apan dadya sêsêpuh | kautaman paduka aji | angapura ing dosa | têtêp ratu luhur | amot sakathahing beka | wruhing titah narima marang bilai |

--- 613 ---

nuhun yèn lumangkunga ||

26. dene Sukasrana langkung alit | datan pantês paduka galiha | apan punika ratune | Rawana wus kapikut | punapa kang pinikir malih | ratune wus katawan | kasor yudanipun | kawula arsa uninga | bêboyongan paduka ditya narpati | wau duk amiyarsa ||

27. sang aprabu turing pramèswari | dyan rinangkul sang putri Manggada | bênêr sira nah ing anggèr | mèh kalêmpit katèngsun | tanbuh-tanbuh kang ingsun pikir | alah Si Sukasrana | dene ratunipun | Si Rawana wus sun bănda | hèh wong juru rêksa wêtokna dèn aglis | gawanên ngarsaningwang ||

28. bêbandan Ratu Ngalêngka nuli | Si Rawana nêmbah kang dinuta | anggawa ratu rêrantèn | sinèrèt rata gupuh | prapta ngarsanira narpati | ingêdhunakên sigra | nèng siti gumlundhung | tan kêna ucul godhinya | Kyana Patih Prahastha mêksih tut wuri | ngadhêpi Dasamuka ||

29. gumulung siti rinubung [rinu...]

--- 614 ---

[...bung] sami | dening parêkan cèthi pawongan | inguthik sikil sirahe | samya suka gumuyu | para cèthi kang marêpêki | Rajaputri Manggada | mèsêm dènnya dulu | ratu ditya kang binănda | dhas sapuluh tangan rongpuluh gilani | pae samining ditya ||

30. samya angling kang parêkan cèthi | apa iki dewaning jêjurang | têka mangkene dhapure | apa dewaning gunung | ting pancono êndhase iki | baune nora kaprah | kaya babak salu | apa doyan mangan sêga | pêpantêse doyane mung kolang-kaling | gumyah sagung pawongan ||

31. kunêng wontên pandhita linuwih | sampun sumêngka pangawak bajra | minggah jawata lamine | nênggih kawijilipun | Nglokapala Sang Maha Rêsi | Sang Bagawan Pulastha | nênggih namanipun | pêputra Bagawan Patma | Sang Bagawan Patma apêputra nênggih | Sang Bagawan Wisrawa ||

32. Rêsi Wisrawa kathah putrèki | kang asêpuh Prabu Wisrawana |

--- 615 ---

Nglokapala nagarane | rupa manungsa bagus | putranipun kang saking putri | Sukèsi ing Ngalêngka | samya warni diyu | mung siji rupa manungsa | putra sêpuh nênggih sang rêksasa aji | Dasamuka Ngalêngka ||

33. Sang Bagawan Pulastha puniki | prênah buyut lawan Dasamuka | dadya jawata lamine | samana duk tumurun | saking swarga mring sri bupati | Prabu Arjunasasra | nênuwi kang rawuh | kang mêntas unggul ing yuda | Sang Bagawan Pulastha prapta sêsanti | ngêlètèr nèng ngayunan ||

34. duk tumingal sagung para cèthi | mring kang prapta Bagawan Pulastha | narka jawata lampahe | bubar marêk sang prabu | sagung ingkang parêkan cèthi | Prabu Arjunasasra | mèsêm ngandika rum | sarwi mêthuk sawatara | lah suwawi ing ngriki sami alinggih | Sang Bagawan Pulastha ||

35. maksih ngigêl pan dèrèng nauri | sarwi ngêngudang ing sri narendra | ing Maèspati dangune | dhuh prabu kang pinunjul | para ratu ngisoring langit | sanginggiling [sa...]

--- 616 ---

[...nginggiling] bantala | prawirèng prang pupuh | prabawa asor jawata | myang pêkike dewa tan ana nimbangi | cahya nuksmèng sasăngka ||

36. pangigêle angliling sang aji | sarwi angubêngi ngering nganan | wusnya antara dangune | Sang Rêsi Pulastha wus | lênggah lawan sri narapati | Pulastha nglirik marang | buyut kang pinikut | gumlinting nèng palataran | wadya juru rêksa kang samya ngadhêpi | lawan Patih Prahastha ||

37. Sang Bagawan Pulastha lingnya ris | dhuh pukulun jawataning para | raja-raja sakathahe | nimpuni sagung ayu | paramarta asih ing dasih | santa budya martèng rat | sudirèng prang pupuh | sor kaluwihaning dewa | datan măntra-măntra jawata nimbangi | dhatêng paduka nata ||

38. solah bawa paduka narpati | sasat sang hyang bathara kawêkan | ing pêkik miwah cahyane | sasăngka wimba ring rum | anganglangi rêsmining bumi | anduming kalangênan | kang munggèng wana gung | miwah jroning taman-taman | samya [sa...]

--- 617 ---

[...mya] nêmpil ing cahya paduka aji | lêlangêning asmara ||

95. Asmaradana

1. prapta kawula dewaji | lumawad ing rawuh tuwan | kang saking murwèng palugon | amboyong ratuning ditya | dhuh paran karsa tuwan | Rawana ingkang kapikut | punapa kinarsakêna ||

2. yèn padukarsa mêjahi | ngukum dhatêng pun Rawana | ing sakarsa tuwan dados | pun Rawana tuhu mudha | puwa-puwa ing aprang | dene ciptane wus punjul | ngêsorkên pranging jawata ||

3. tan nyana yèn wontên malih | ratu kang angrèh manggala | ing para ratu sakèhe | amurwèng rat pramudita | sumbaga mangun aprang | krêtarta waskithèng kewuh | ing jagad tanpa sisihan ||

4. yèn kenginga dhuh dewaji | Rawana kawulakêna | pundhutên sagung prajane | kang karèh nagri Ngalêngka | mêdalna lêladosan | sumiwia sabên taun | mring Maèspati nagara ||

5. angaturna bulubêkti | malar [ma...]

--- 618 ---

[...lar] sakêdhik dadosa | inggih patunggu korine | ing Maèspati nagara | inggih pun Dasamuka | karyanên pangangon asu | miwah pangangoning menda ||

6. karyanên pagondhal kusir | ing rata paduka nata | sakarsa-karsa sang katong | nanging ta sok basukia | gusti pun Dasamuka | kalangkung pangrêpanipun | ture Bagawan Pulastha ||

7. ngrarêpa sarwi anangis | sira Bagawan Pulastha | langkung amrih luntur sihe | Sang Prabu Arjunasasra | mèsêm dènnya ngandika | hèh sang rêsi paran wuwus | sangêt asih mring si murka ||

8. Pulastha umatur aris | mila sangêt tur kawula | durtaning rat pangidhêpe | nanging panuwun kawula | supadose gêsanga | pun Dasamuka pukulun | punika buyut kawula ||

9. èstu sêsukêring bumi | Rawana nanging kawula | tan purun matur sang katong | măngsa ta kêkilapana | inggih raos punika | tuwan pan ratu pinunjul | yêkti datan [da...]

--- 619 ---

[...tan] kêkilapan ||

10. sarya sru nênggak waspèki | ture Bagawan Pulastha | awor wêlas mring buyute | Dasamuka duk miyarsa | sadangune pocapan | Sang Arjuna Sasrabau | lawan Bagawan Pulastha ||

11. asrêp tyase ngrasa urip | anglirik Arjunasasra | wuwuse kathah èsême | lawan Bagawan Pulastha | adrêng panuwunira | Dasamuka lagya iku | wruh duwe buyut Pulastha ||

12. mèsêm angandika aris | Sang Prabu Arjunasasra | hèh sang rêsi kaya priye | yèn nora sun patènana | yèku Si Dasamuka | akèh akarya lêlampus | wadyèngong kang mati ngrana ||

13. Pulastha umatur aris | sampun paduka sungkawa | wadya tuwan sakathahe | kang pêjah ing rananggana | kawula bokmanawa | sagêd gêsangna pukulun | sarta pangèstu paduka ||

14. sukèng tyas sri narapati | myarsa aturing Pulastha | sagah gêsangkên balane | ngandika mring

--- 620 ---

juru rêksa | Rawana uculana | saosna mring ngarsaningsun | sigra tali inguculan ||

15. gupuh marêk ing ngarsa ji | Rawana nungkêmi pada | ngaturkên sèwu sêmbahe | Bagawan Pulastha mulat | yèn buyute wus luwar | nêmbah anungkêmi suku- | nira Sang Arjunasasra ||

16. Pulastha giyak anjêlih | dhuh dhuh nyawa buyut ingwang | babo dipun antuk kapok | dèn bêkti ing gustinira | Prabu Arjunasasra | pan iku ratu piturun | rêtnaning ratu sadunya ||

17. aturna prajanirèki | Ngalêngka saisinira | miwah sagung punggawane | aja rumăngsa sadaya | sira darma atêngga | yèn anuta trapsila yu | barang rèh ing gustinira ||

18. mundhak kaluhurannèki | ing têmbe karatonira | dene antuk pangèstune | gustimu sang rêtnaning rat | ratu rumêksèng jagad | gurune kang para ratu | ywa sira ngewuh sarkara ||

19. yêkti papa sira panggih | yèn sira nglêngganèng [nglêng...]

--- 621 ---

[...ganèng] karsa | poma-poma buyut ingong | sirèku kalêbu bêgja | dumèh sira kinarya | abdi ing ratu pinunjul | malar antuka tuladan ||

20. sang prabu ing Maèspati | alon dènira ngandika | anyêlani pituture | Pulastha mring buyutira | mangkana ngandikanya | hèh Rawana sira iku | pasrah nagara Ngalêngka ||

21. iya sun tarima uwis | prasêtyanira maringwang | dene ingsun sayêktine | tan arsa wêtuning praja | upêti rajabrana | muktèkna dhewe dèn tutug | isining praja Ngalêngka ||

22. amung marènana mangkin | jêr sira tinitah raja | nganggoa ênggon-ênggone | ing wong umadêg narendra | tan kêna ngayawara | barang solah tindakipun | anyingkirana kanisthan ||

23. aja sira mêmarahi | akarya laku ru-ara | mrihên bênêring kaprabon | yèn ratu pan ora kêna | karya sawiyah-wiyah | ngrusak utamaning ratu | nyampuri jagad utama [u...]

--- 622 ---

[...tama] ||

24. dudu bawaning narpati | yèn ratu sakêna-kêna | ratu pan dudu karyane | ing tingkah tiru wong wadya | wadya pan dudu raja | raja kinacèk tumuwuh | kinèn rumêksa ing bala ||

25. sanajan sira ajurit | yèn amrih cidra ing tingkah | mênang prang kalah kaprabon | mênange ratu prang cidra | amung mênang sadhela | wiwitan mênange iku | wêkasan tan wurung kalah ||

26. iku sira dèn nastiti | yèn narajang walêr ingwang | ngrusak lakuning kaprabon | sayêkti pamanggihira | papa praptèng dêlahan | hèh Dasamuka sirèku | yèn ingsun aja wêlasa ||

27. marang ing buyutirèki | iya Bagawan Pulastha | sira pan maksih sun rante | sira têtêp ing panjaran | Sang Prabu Dasamuka | sandika nêmbah umatur | pukulun datan rumăngsa ||

28. gadhuha urip pribadi | pan kagungan padukendra | paran lêngganaa ing rèh | punapa winalêsêna | ing sri maha narendra | Pulastha suka

--- 623 ---

gumuyu | ya mêngkono buyut ingwang ||

29. wus lêga rasèng tyas mami | sirèku bisa suwita | dhuh buyutku ya mangkono | aja-aja tan wêweka | iya tindaking raja | nora kêna tambung laku | pinèt sêsinoming ujar ||

96. Sinom

1. Sang Prabu Arjunasasra | mèsêm angandika malih | sanadyan sira don aprang | iya dèn anganggo titi | ratu kang bêcik-bêcik | kaya ta kakangirèku | Narpati Lokapala | tan pantês pinèt ing jurit | pan wus têtêp yèn iku ratu utama ||

2. lan Sang Prabu Banaputra | tan pantês pinrih ing jurit | măngsa ta kuranga mêngsah | ratu kang digdaya sêkti | amrih ramening jurit | dadar kaprawiran nutug | anganggoa panantang | kramaning ratu ajurit | anganggoa ngantêp nungkul apa ora ||

3. ayya ta amurang tata | tan kêna yèn ing narpati | anindakna paracidra | yêkti anyêdhihi bumi | bumine panas pêrih |

--- 624 ---

kancikan ratu rubiru | nora mênging wong aprang | padha ratu amrih luwih | nanging aja aninggal kramaning raja ||

4. ngêlar-êlara jajahan | yèn ana ratu tan yukti | tan amrih enaking bala | bêdhahên prajane aglis | pan ingsun angajani | angrusak ratu rubiru | oliha pira-pira | têka muktèkna pribadi | mung ngawea wêruh bae jênêng ingwang ||

5. sira Bagawan Pulastha | miyarsa suka tan sipi | dene buyute sinungan | idi ing Sri Maèspati | kinèn gêcak nagari | yèn ana ratu tan patut | olèha pira-pira | kinèn ngêrèhna praja di | mêdhun ngigêl sira Bagawan Pulastha ||

6. asêsanti jaya-jaya | sarwi ngucap cêrik-cêrik | hèh sira Patih Prahastha | kang tuwa poma dèn eling | Prahastha awotsari | linggih anèng wurinipun | Sang Prabu Dasamuka | bikut Prahastha wotsari | nêmbah marang Pulastha marang sang nata ||

7. nulya Bagawan [Ba...]

--- 625 ---

[...gawan] Pulastha | mênêng sakala tan angling | dhêkukul sarwi rêm ayam | tumênga mêlèk macicil | ngucêmil kêthip-kêthip | adangu nulya tumungkul | prapta kang riris dhadhak | toyane kênthêl aputih | anibani saluhuring rananggana ||

8. nulya atangi sadaya | sagung kang mati ing jurit | katiban ing riris pêthak | ciptane kadya wong ngimpi | nadyan turăngga èsthi | sadaya kagyat angungun | sagung bala manusa | rasêksa wus samya urip | punggawane wus nitih rata dipăngga ||

9. ingiring sawadyanira | mundur masanggrahan sami | gumuruh swaraning bala | suka Prabu Maèspati | sira Rêkyana Patih | Prahastha nampani tuduh | sagung bala rêksasa | kang sami sinung pangarti | yèn wus nungkul ing Prabu Arjunasasra ||

10. ngumpul marang pasanggraha- | nira Prabu Maèspati | sagunging kang bala ditya | dene kang para narpati | kumrubut angabêkti | ing suku sang maha prabu |

--- 626 ---

sagunging para raja | miwah satriya dipati | sumungkêm ing pada sarya sru karuna ||

11. ciptane kaya supêna | sadaya wus samya linggih | aglar ngarsaning narendra | nanging Prabu Maèspati | dèrèng ngandika dening | Suwănda datan kadulu | katangi onênging tyas | marang ing patihirèki | mulat marang sagunging ratu pangarsa ||

12. alon dènira ngandika | hèh paran sang maha rêsi | dene ta yayi Suwănda | punika datan kaèksi | Pulastha matur aris | dhuh pukulun sang aprabu | rayi tuwan Suwănda | tulus pêjahira dening | kunarpane wus sah saking ing payudan ||

13. kabuncang ing samirana | sirna tiba nèng jaladri | Sang Prabu Arjunasasra | miyarsa aturing rêsi | nênggak waspanirèki | sêrêt pangandikanipun | hèh sang maha pandhita | gêsanga para narpati | lamun yayi Suwănda tulus pêjahnya ||

14. malah gêng sangsaya-saya | onêng kawula katangi | marang ing yayi

--- 627 ---

Suwănda | mulat ing para narpati | sampun tanggêl ingkang sih | kawula sangêt nênuwun | mring sang maha pandhita | gêsange pêpatih mami | sang pandhita gya ngrangkul jêngkuning nata ||

15. dhuh sang rêtnaning bawana | kang sèstu nataning bumi | rayi paduka Suwănda | pupusên lamun wus pasthi | puput yuswanirèki | dhingini panjanmanipun | marang nagri Ngayodya | nuksma ring Sumitrasiwi | watawise botên lami padukendra ||

16. inggih sumusul manjanma | mring nagri Ngayodya benjing | nuksmèng Dasarataputra | sumêdya mêmangun malih | arjaning bumi-bumi | myang garwanta datan kantun | putri adi Manggada | nuksma ing putri Mantili | mila sampun kadawa ing tyas sungkawa ||

17. marang ing Patih Suwănda | ing têmbe pan kumpul malih | kunêng turira Pulastha | sang prabu ngungun miyarsi | sampun mupus ing galih | wau sagung para ratu | miwah kang para garwa | samya sukane angênting | dene sampun nungkul kang bala rasêksa [rasê...]

--- 628 ---

[...ksa] ||

18. lan bala gêsang sadaya | kêndhang gong sadaya pulih | kang rêmuk anèng papaprangan |[5] rata rêmuk samya pulih | mangkana sampud[6] pamit | Pulastha marang sang prabu | mumbul mring suralaya | ing kadewan pan wus prapti | ya ta wau Sang Prabu Arjunasasra ||

19. parentah mring Dasamuka | hèh buminata rasêksi | muliha mring prajanira | èngêtên pitutur mami | umatur awotsari | wau sang danawa prabu | gusti sêdya kawula | umiring mring Maèspati | angandika Sang Prabu Arjunasasra ||

20. iya uwis sun tarima | sêtyamu rêksasapati | ayya sumêlang ing driya | muliha prajanirèki | ingsun pan ora lami | mulih marang prajaningsun | aja kèh-akèh susah | yèn sira mring Maèspati | umangkata besuk saking prajanira ||

21. Prabu Rawana tur sêmbah | tan lênggana ing pamêling | sandika ing rèh paduka | narpati dipaning bumi | mangsah Rawana bêkti | ing

--- 629 ---

suku sang maha prabu | miwah Patih Prahastha | nêmbah wus anata baris | Dasamuka lèngsèr saking ngarsa nata ||

22. gumuruh bala rêksasa | sapraptanira ing têbih | saking pasanggrahanira | narpati dipaning bumi | mêsat sang yaksa aji | anapak gêgana sampun | mumbul sawadyanira | dhêdhêt surêm ing wiyati | sumuk dening lampahe bala danawa ||

23. kèhning ditya angambara | ibêkan ing awiyati | kunêng kang lagya lêlampah | gantya kang winuwus malih | Sang Prabu Maèspati | angundhangi balanipun | busana arsa budhal | sapara garwanirèki | kondur marang ing Maèspati nagara ||

24. nurut pinggiring samodra | gumuruh swaranira tri | barise tanpa wilangan | wadya gung ing Maèspati | datan kawarnèng margi | nagri Maèspati rawuh | gurnita sanagara | suka-sukanya tan sipi | jalu èstri gêng alit sapraja suka ||

25. dene gustine raharja | ing

--- 630 ---

nguni kang wus kawarti | rusak balane sang nata | aprang kalawan ditya ji | mangkya doraning warti | balane sang prabu wutuh | malah sampun katawan | Rawana sang yaksapati | wus kaabdi soring prang kawijilira ||

97. Mijil

1. sapraptaning praja Maèspati | sang sri maha katong | wuwuh kasumbaga prabawane | ing triloka ing prang tanpa tandhing | têtêp anglajêri | soring rat pinunjul ||

2. ratu piturun pantês tinut ing | sagung para katong | ing prabawa solah saliring rèh | putusing prang Prabu Maèspati | miwah susilaning | parikramanipun ||

3. nulus ambêg ing santa budyaning | dasih kang winêngkon | winudharan ing mudha punggunge | tinarik ing kaprawiran bangkit | sêmbada sandining | rèh wêweka putus ||

4. miwah punggawa kang pra dipati | sagung satriya nom | pan sadaya punjul kagunane | lawan ingkang para nata sami | mawas prawira ring | kasudiran [kasudi...]

--- 631 ---

[...ran] putus ||

5. rat makêtêr saisi-isining | prabu srah kaprabon | sumiwi tan pinukul prajane | datan etang sor ungguling jurit | samya kêna saking | pawarta misuwur ||

6. lawan sêngsêm sagunging para ji | dibyaning palugon | sumbagèng rat ing tatakramane | ratu musthika dipaning bumi | amrih kaarjaning | sining rat sawêgung ||

7. sasat Bathara Ri pamungkasing | pratamèng kaprabon | ring rat tuhu karya la-êlane | asih ing garwa kang para putri | winot sabudining | sawadyabala gung ||

8. nanging sang prabu tyas sira maksih | onênge kang katon | nênggih Patih Suwănda patine | sabên siniwèng para narpati | onênge katangi | mring pêpatihipun ||

9. antaranira pan sampun lami | kondure sang katong | gung dènnya mrih sukaning wadya kèh | miwah sukaning kang para putri | taman Sriwêdari | dènnya mrih kalangun ||

10. tansah lawan ingkang pramèswari [pra...]

--- 632 ---

[...mèswari] | dènira karongron | garwa dhomas lan saparêkane | kêrig jro pura samya umiring | mring Dyah Citrawati | kalangên anutug ||

11. cinarita Prabu Maèspati | awis angêdhaton | anggung anèng taman sagarwane | dadya sagung para ratu sami | tugur tamansari | sakucumbinipun ||

12. sumiwi ring Dèwi Citrawati | mangkana sang katong | angundhangi ing para ratune | asiyaga sakaprabon jurit | saha garwa sami | karsanya sang prabu ||

13. apêpara marang ing wanadri | mèt langên kalangon | garwane kang para ratu kabèh | pan umiring Dèwi Citrawati | pra ratune sami | umiring sang prabu ||

14. wus samêkta sakathahing baris | sawadya pra katong | kadya guntur gumuruh swarane | prawira kang anata wadyèki | têngara nulya glis | budhal kang panganjur ||

15. ratu limang atus munggèng ngarsi | tata tan kêna wor | pangkat-pangkat sadaya lampahe | samya mawi têngêran [têngêr...]

--- 633 ---

[...an] pribadi | saupacara sri | tunggul payung agung ||

16. andalêdêg daludag mawarni | lêlayu warna byor | ana ratu rata wahanane | kang sawênèh awahana èsthi | jêmpana anggili | joli ulur sêlur ||

17. titihane sagung para putri | panggritan lan gêrbong | wahanane parêkan sakèhe | ratu limang atus munggèng wuri | rakiting lumaris | myang srining wadya gung ||

18. datan pae lan ratu pangarsi | tata tan kêna wor | samya pangkat-pangkat ing lampahe | sabên ratu saupacara sri | myang kang pra dipati | Sang Sri Sasrabau ||

19. dadya pamadya munggèng wurining | sagung para sinom | sri narendra nunggil wahanane | lawan ingkang garwa pramèswari | anitih rata di | rinênggèng jumêrut ||

20. anggung nêningali nganan ngering | myang wuri ngarsa doh | sagung para ratu ing lampahe | kèhning bala lir samodra ngalih | balabar ngêbêki | jêmbaring wana gung ||

21. sri narendra [nare...]

--- 634 ---

[...ndra] tumingal asrining | kang wadya pra katong | pan kagagas onênging driyane | nênggih marang pêpatihirèki | onênge katangi | mangu amangun kung ||

22. pramèswari tumingal sêmuning | yèn nata wirangrong | wruh kalamun ngêmu sungkawane | nêmbah matur Rêtna Citrawati | pukulun dewaji | paran marmanipun ||

23. tumingal ingkang bala lumaris | onênge katongton | yayah kadya anênggak waspane | sri narendra mèsêm anauri | iya yayi dèwi | satuhu tyas ingsun ||

24. umiyat ingkang bala lumaris | srining para katong | pan kagagas tyas ingsun onênge | iya marang arinira yayi | Si Suwănda dening | tan ana kadulu ||

25. anindhihi kang para narpati | yèku rêntêng ingong | dene têka dhingini ulihe | yayi Suwănda dènnya manjanmi | ingsun iki yayi | kaya gea nusul ||

26. marang yayi Suwănda ingkang wis | panjanmane manggon |

--- 635 ---

yèn anaa kang dadi margane | ciptaningsun kaya ge nguwisi | gon ingsun among ing | para ratu-ratu ||

27. pan sumêdya amêmayu malih | ayuning kaprabon | maharjèng rat bengkas mêmalane | duk miyarsa Dèwi Citrawati | andikanira ji | tyas sira kumêpyur ||

28. wruh sêmune yèn sri narapati | sumêdya mrih layon | kaya mèmpêr Pulastha cêthane | mring Suwănda sumusul tumuli | Dèwi Citrawati | sungkawa kalangkung ||

29. cipta dèrèng tuwuk tumonton ing | mêmanis sang katong | nanging dahat sinamune tyase | tan katawis rêntêngirèng galih | mangkana narpati | nênggih lampahipun ||

30. ing samarga-marga gung dènnya mrih | sukaning pra sinom | angarakat miwah abêbêthèk | buron wana miwah buron kali | jêjabung jêjaring | kala-kala manuk ||

31. saênggènnya pakuwon narpati | pinindha kêdhaton | yayah praja angalih arjane | pakuwone [pakuwo...]

--- 636 ---

[...ne] kang para narpati | têpung angubêngi | pasanggrahan agung ||

32. duk samana nuju sri bupati | ambêrêg bêburon | para putri kalangkung sukane | kinaryakkên dènnya nêningali | sapanggungan inggil | lawan sang aprabu ||

33. pra prawira kang samya tinandhing | ngêmbari bêburon | ana warak wuru pangamuke | ijèn prawira ingkang ngêmbari | nubruk dèn barêngi | mukanya tinapuk ||

34. sumyur malêduk tan amindhoni | wênèh ngêmbari mong | ana ingkang angêmbari banthèng | wênèh prawira ngêmbari èsthi | sagung para putri | sukanya kalangkung ||

35. buron alit-alit kèh ngêmasi | dening para sinom | jinêmparing saking panggung bae | kunêng sang prabu ing Maèspati | nênggih kang lagya mrih | sukaning para rum ||

36. wontên wiku rod rarupa prapti | tanpa sangkan miyos | saking wana amangkul langkape | nêrak barise ingkang para ji | warnanya ngajrihi | wus prasasat [prasasa...]

--- 637 ---

[...t] diyu ||

37. agêng inggil gagah godhèk wok bris | netrane kadya mong | wulu wawar sumingkal alise | simbar jaja pan kadya walingi | idêpnya angisi | wulunya ngrêmbuyung ||

38. tangan suku kawaratan sami | mrêpêki sang katong | sumbar-sumbar gumlêgêr swarane | yèku wiku dibya Jamadagni | sêsumbarira mrih | kêkanthèn prang pupuh ||

98. Kinanthi

1. hèh Sang Prabu Sasrabau | ratune wong Maèspati | payo prang silih prabawa | rok băndawala lan mami | dene ta kaliwat suka | rasaning tyas ingsun iki ||

2. kapanggih lawan sirèku | ratu wus kasub ing bumi | sumbagèng prang măndraguna | ditya nung anglêlanangi | kawênang kaonang-onang | tanpa lawan ing ajurit ||

3. iku sukane tyas ingsun | tutug tatag anutugi | tog-togan angadu yasa | singa tiwasa ngêmasi | hèh wruhanta sri narendra | yèsun[7] Wiku Jamadagni ||

--- 638 ---

4. Ramabargawa dibya nung | ing jagad wus tanpa tandhing | hèh Prabu Arjunasasra | aja cuwa tyasirèki | tangguh prang kalawan ingwang | sagêndhingira sun tandhing ||

5. kagyat sagung para ratu | satriya myang pra dipati | miyarsa sêsumbarira | wiku dibya Jamadagni | miwah sagung para garwa | rumaras samya kuwatir ||

6. Sang Aprabu Sasrabau | mèsêm ing tyas duk miyarsi | ngandika mring para nata | hèh sagunging pra dipati | kabèh dèn suka tyas sira | sun ujane wiku iki ||

7. asrang angajak prang pupuh | kabèh wong ing Maèspati | mêngko dadining ayuda | pacuwan parentah mami | praptèng pati tegakêna | ayya na ingkang nulungi ||

8. sri narendra têdhak sampun | saking panggungan mêrpêki | ing Wiku Ramabargawa | asuka-suka dènnya ngling | hèh Prabu Arjunasasra | paran rèhirèng ajurit ||

9. bok aja amrih dêdangu | ing aprang ngadu kasêktin | ngumbar panah [pa...]

--- 639 ---

[...nah] pangabaran | bêcik nuli anglêkasi | ing sanjata kang pamungkas | sapa ta kang andhingini ||

10. apa sira apa ingsun | sri bupati ngandika ris | hèh apa sakarsanira | Jamadagni sun turuti | bêcik sira dhinginana | mêngko yèn wus ingsun gênti ||

11. Jamadagni asru muwus | hèh ratu ing Maèspati | bokmanawa nora kêlar | yèn kongsia sun dhingini | sayêkti tan kongsi sira | mêngko amalês mring mami ||

12. karana sanjataningsun | bargawastra bêbayani | pamungkasing tri bawana | sri bupati anauri | hèh Wiku Ramabargawa | aja sira walangati ||

13. nuli lêkasna maring sun | wus wruh yèn panahirèki | kaliwat dening bêbaya | nanging yèn durung pinêsthi | yêkti bargawastranira | nora tumama mring mami ||

14. Ramabargawa angguguk | hèh iya dèn ngati-ati | nadhahi sanjataningwang | Ramabargawa nulya glis | anyandhak sanjatanira | Bargawastra [Barga...]

--- 640 ---

[...wastra] wus pinusthi ||

15. laraping warastra murub | yayah surating hyang rawi | lumêpas saengga kilat | Bargawastra angênèni | cumundhuk jaja narendra | tiba lênggah sri bupati ||

16. Jamadagni mulat mangu | ngungun kaduwung tan sipi | hèh Prabu Arjunasasra | pagene apêsing jurit | kêna bargawastraningwang | apa ta dudu sirèki ||

17. panjanmanira Hyang Wisnu | yèn nyata-nyata sayêkti | panuksmaning Hyang Kesawa | Bathara Suman prajurit | yêkti bargawastraningwang | mring sira tan anêdhasi ||

18. ingsun kêkudang sirèku | bisa ngatêrna mring mami | mulih mring aribawana | têmah apês angêmasi | nauri sri naradipa | hèh ta Wiku Jamadagni ||

19. wus sun sêdya patèningsun | amarga saking sirèki | supaya lamun dadia | jalaran ingsun manitis | marang nagari Ngayodya | ing kono besuk gon mami ||

20. nuksmèng Dasaratasunu | ana pratandhane benjing |

--- 641 ---

narpaputra ingkang kêlar | amutung langkapirèki | iyèku panjanmaningwang | dadya marganira mulih ||

21. mring aribawana besuk | wusnya ngandika sang aji | kombul atmanira niba | nèng siti wus angêmasi | gilang-gilang kunarpanya | mundur Wiku Jamadagni ||

22. kagyat sagung para ratu | mulat ing sri narapati | soring prang Bargawa musna | gustine wus angêmasi | gumuruh samya karuna | wau Dèwi Citrawati ||

23. lan dhomas kang para maru | kapiyandhêm malajêngi | ing layon sri naradipa | nungkêmi pan asru anjrit | tuwin para maru dhomas | lir grah swarane kang tangis ||

24. myang parêkan gangsal èwu | wau Dèwi Citrawati | wungune saking kantaka | sang dyah angandika aris | marang para maru dhomas | hèh ta sagung para putri ||

25. sapa kang asih mring kakung | kasuwèn mênèk dèn anti | payo nuli padha bela | wusnya ngandika sang putri | mèsêm narik patrêmira | tinatab wus dèn sungkêmi [sung...]

--- 642 ---

[...kêmi] ||

26. maru dhomas duk andulu | narpadayita wus lalis | anungkêmi patrêmira | sigra sagung para putri | parêng dènnya patrêm jaja | sadaya wus angêmasi ||

27. myang parêkan gangsal èwu | tan ana kari sawiji | sadaya bela palastra | balasah tumpang atindhih | kunarpane para garwa | wor bangke parêkan cèthi ||

28. gêgana têdhuh sumawur | umrês ingkang riris wangi | mulêk kang maruta gănda | gandane para apsari | srang-srangan lumrang neng tawang | samya ngudankên wêwangi ||

29. apsari Kaendran kêbut | sadaya sami ngurmati | ing layon putri Manggada | ibêkan jawatèng langit | angudankên kêmbang-kêmbang | kurmating layon narpati ||

30. teja wangkawa manawung | kuwung-kuwunge nawêngi | baskara tidhêm kalaran | parêng orêg bumi gonjing | rug rugrug agraning arga | gumuntur anggêgêtêri ||

31. sagunge kang para ratu | satriya mantri dipati | tanbuh-tanbuh solahira |

--- 643 ---

dèrèng wus tangise sami | prapta sagung para tapa | saking wukir ngore wèni ||

99. Sinom

1. atusan para pandhita | mudhun saking wukir-wukir | sirêp kang samya karuna | sagunging para narpati | sadaya amanggihi | nambrama mring para wiku | dwijawara ris mojar | hèh sagung para narpati | sampun-sampun kadawan ing tyas sungkawa ||

2. sedane sri maharaja | wus karsaning jawata di | pupute kang panjênêngan | sumêdya murwani malih | dènnya mrih maharja ring | bawana ingkang winangun | lêhêng sami galiha | ing layon sri narapati | mrih patunu atêrna kamuksanira ||

3. sagunging para pandhita | jumurung ing puja sami | sagung ingkang para nata | satriya myang pra dipati | mituhu mring maharsi | layon pinaripurna wus | sang prabu saha garwa | miwah dhomas para putri | saparêkan cèthi ingkang gangsal nambang ||

4. wus nginggahakên pancaka | maharsi samya ngurmati | panggêsênge sri narendra [nare...]

--- 644 ---

[...ndra] | miwah para garwa sami | apan ta wus binêsmi | sampurna sirna wunipun | marang Endrabawana | kabêkta drêse kang angin | pra pandhita maharsi bubar sadaya ||

5. narpati sasra nagara | satriya lan pra dipati | wus budhal sawadyanira | saking pakuwon wanadri | marang nagrine sami | sowang-sowang para ratu | praptaning prajanira | apan ta maksih nglêluri | ing rèh saking Sang Prabu Arjunasasra ||

6. mêmangun tindak utama | anèng prajane prasami | narpati sasra nagara | santosèng tyas anêtêpi | wulang Sri Maèspati | linaluri linaluhur | kunêng gantya winarna | nênggih Ngalêngka nagari | Dasamuka wus lami antaranira ||

7. praptèng praja saha bala | Rawana dahat prihatin | sakasorira ngayuda | lawan Prabu Maèspati | gêmpaling tyas ditya ji | kèndêl dènirambêg rusuh | taha ring Sang Arjuna- | sasra pêpacuhirèki | kinèn ngangge tindak utama

--- 645 ---

raharja ||

8. tan wun sungkawaning driya | Rawana ing dalêm batin | dene isining bawana | ratu ana kang ngungkuli | mring sariranirèki | Sri Arjuna Sasrabau | siniwi garwa dhomas | sadaya putri linuwih | pan wus têtêp cêthane Prabu Maruta ||

9. kusuma kang tapèng arga | Widawati lêbu gêni | anuksma putri Manggada | ing mangkya pan wus sayêkti | Kusuma Citrawati | kagarwèng Sri Sasrabau | ping kalih kasor ing prang | ing nguni lawan Subali | sagêndhinge kasoran datanpa bisa ||

10. samana Sri Dasamuka | myarsa Prabu Maèspati | sor prang lan Rama Bargawa | wiku dibya Jamadagni | rame prang nèng wanadri | pêjahe Sri Sasrabau | tiniban bargawastra | Citrawati ambelani | garwa dhomas sadaya apatrêm jaja ||

11. duk myarsa warta mangkana | Rawana suka tan sipi | ciptèstu ing rat kadhêpan | tan ana kang ngrêregoni | dènnyarsa andhèwèki | nèng jagad [jaga...]

--- 646 ---

[...d] anyipta tutug | nora kapalang mêlang | wus ilang kang mêmalangi | Dasamuka angot tyas sira andadra ||

12. dènnyarsa amêngku jagad | puwa-puwa andhèwèki | kumawawa ing bawana | kêkês kang para narpati | susah barusah sami | Rawana krurambêg rusuh | sanadyan sami ditya | yèn tan anut rèhirèki | gya ginêmpur brana èstrine jinarah ||

13. makêtêr saisining rat | tumon prabawanirèki | Rawana ambêg kruraya | myang dewa kêkês samya jrih | saisining rad kadi | sasăngka upaminipun | kontap prabaning surya | punika upamanèki | ajrihira para ratu mring Rawana ||

14. cinatur sampun pêputra | Sang Dasamuka Narpati | gangsal putra sawiji kang | mijil saking Dèwi Tari | nama Radèn Indrajit | kang minăngka anak anung | Sang Arya Meganănda | kang ginadhang gumantya ji | măndraguna ing prang prawira digdaya ||

15. kaloka ing jagad traya [tra...]

--- 647 ---

[...ya] | sira Rahadèn Indrajit | wus angasorakên dewa | kaprawiraning ajurit | sakawan putra wingking | Radèn Trisirah kang sêpuh | nulya Radèn Trikaya | Dewantaka kang sawiji | Saksadewa sadaya prawirèng yuda ||

16. milane sangsaya-saya | makêtêr isining bumi | tumon sang maha yaksendra | Rawana anglêluwihi | gênge karatonnèki | pandhega băndha abandhu | bala santana putra | sadaya prawirèng jurit | putra gangsal wus samya mawat sadaya ||

17. balane tanpa wilangan | putra kang sawiji-wiji | prasamya gadhah punggawa | tuwin Rahadèn Indrajit | sami lan paman kalih | gunging wadyabalanipun | Sang Arya Wibisana | Kumbakarna lan Indrajit | samya sugih punggawa mantri prawira ||

18. liyane putra santana | sagunging wil pra dipati | sadaya prawirèng yuda | tuwin wil kang măncabumi | tampinganing pasisir | sadaya prawirèng pupuh |

--- 648 ---

miwah rêkyana patya | Prahastha balanirèki | tanpa wilis punggawa myang mantrinira ||

19. samana sang yaksendrarsa | lêlana andon prang malih | nimbali Wil Sukasrana | prapta ing ngarsa wotsari | Rawana sru dènnya ngling | hèh Sukasrana dèn gupuh | nitika para raja | kang sura prakosa sêkti | ingkang durung ngidhêp nagara Ngalêngka ||

20. dèn age sira matura | ingsun gêcêke tumuli | Sukasrana karsaningwang | ratu salumahing bumi | kang kungkulan ing langit | manungsa sanadyan diyu | sagunging para nata | nêmbaha ing pada mami | aywa na tan sumiwèng nagri Ngalêngka ||

21. ing nguni mung Si Arjuna- | sasra ingkang nyêmpaluki | marang kaluhuran ingwang | ing mêngko wus angêmasi | ilang kalilip mami | patine Si Sasrabau | sapa wani malanga | marang ing sakarsa mami | talikanên ngêndi ratu gung prakosa ||

22. Sukasrana matur nêmbah | kados kadhatêngan gusti | ing sakarsa padukendra |

--- 649 ---

amrih siniwiyèng bumi | sakêdhik ingkang ngabdi | gadhah sumêlang pukulun | kapindra ing Kiskêndha | punika bok makèwêdi | ing karsanta nêdya kasmaran ing yuda ||

100. Asmaradana

1. kawula miyarsa warti | mangke Narpati Sugriwa | sadaya di karatone | balane tanpa wilangan | kadya samodra wutah | guwa Kiskêndha lir têdhuh | kèhing kang bala wanara ||

2. sagung ingkang pra dipati | sadaya maha sêktiwan | limrah sami prakosane | daut witing gora rupa | saèsthi tanpa sesa | myang amupak gunung-gunung | tan măntra karasèng asta ||

3. gêng-agêng kagiri-giri | sagunging wanara wira | samya ngajrihi dhapure | dene ta mitra paduka | Subali têtêpira | pan namung sinêpuh-sêpuh | dening kang bala wanara ||

4. punika bok makèwêdi | ing karsa paduka nata | dene kapindra kalihe | samya sukanyambêg arja | măngka paduka arsa | mangrurah ing para

--- 650 ---

ratu | pinrih ngidhêp mring Ngalêngka ||

5. kang tan anut tuwan gitik | yêkti Subali Sugriwa | datan angrêmbagi tyase | satêmahan dados mêngsah | inggih măngsa ngasorna | ing krodha tuwan pukulun | nanging damêl kasusahan ||

6. pikantuke langkung kêdhik | amêngsah lawan wanara | botên wontên jarahane | botên praja botên rêtna | Sang Prabu Dasamuka | miyarsa ngandika asru | iya bênêr aturira ||

7. iku Sugriwa Subali | upama ingsun gitika | ing aprang sirna pasthine | nanging ingsun aran cidra | dene karo wus mitra | paran ta budinirèku | Sukrasana matur nêmbah ||

8. yèn mênggah kawula gusti | sae pinèt ing paekan | pranga sami sadulure | Subali lawan Sugriwa | rêbata Dèwi Tara | dimèn lêbur sami batur | dene ta gêlar kawula ||

9. ulun malih warna èsgri[8] | mindha bane Dèwi Tara | umatur lamun kinèngkèn | mring Subali [Su...]

--- 651 ---

[...bali] tur uninga | lamun mangke sang rêtna | nandhang papa kawlasayun | siyang dalu jinêmala ||

10. dening Sugriwa Narpati | purwane sang dyah miyarsa | Maesasura patine | miwah Jathasuranira | dene Prabu Sugriwa | ingkang marwasèng prang pupuh | ngamandakèng Batharendra ||

11. kang sayêkti pun Subali | ingkang marwasèng ayuda | Maesasura patine | miwah Jathasuranira | têmah mangke sang rêtna | mring Sugriwa tibanipun | milane dahat sungkawa ||

12. ing siyang dalu anangis | tilar dhahar lawan nendra | Sugriwa sangêt krodhane | wruh yèn garwa malih cipta | mring Subali tyas sira | têmah sang dyah pinarunggul | nèng panjara pinilara ||

13. Sugriwa pamrihirèki | mila garwa pinalara | mantuna malih ciptane | marang Subali tyas sira | nanging ta sang kusuma | pan sampun ubayèng tuwuh | lumuh kawêngku wre cidra ||

14. ing siyang dalu anangis | namung Subali kewala | ingkang

--- 652 ---

sinambat tangise | milane sangsaya-saya | Narapati Sugriwa | siyasating garwanipun | langkung saking kawlasarsa ||

15. watakipun wre Subali | kagetan panasbaranan | sayêkti aglis krodhane | pan inggih măngsa wandeya | Sugriwa pinrêp ing prang | yêkti lêbur sami batur | tan susah linawan ing prang ||

16. Dasamuka duk miyarsi | ing ature Sukasrana | langkung suka ing driyane | iya bênêr Sukasrana | iku paekanira | nanging bêcike sun milu | dhingini mring Sunyapringga ||

17. katêmu lan Si Subali | ing mêngko yèn wus antara | êntèking patakon ingong | sira dèn enggal praptaa | mindha rupa wanodya | wus dadya ingkang pirêmbug | Rawana lan Sukasrana ||

18. mêsat saking jroning puri | samya mahawan gêgana | mung Sukrasana rowange | ing marga datan winarna | wus praptèng Sunyapringga | wil Sukasrana angantun | laju Prabu Dasamuka ||

--- 653 ---

19. wus panggih lawan Subali | Rawana asru lingira | hèh kakang paran wartine | arinira ing Kiskêndha | iya kakang Sugriwa | dènira padudon padu | lan rabine Dèwi Tara ||

20. ingsun kapita tan sipi | nalika miyarsa warta | de bangêt siya-siyane | nora măntra marang garwa | dènira amilara | kadya mèh antara lampus | sangêting siyasatira ||

21. Subali alon nauri | pan ingsun durung miyarsa | lagi wartanira kiye | dene sawiji tan ana | wanara ing Kiskêndha | atur uninga maring sun | apa ta wadine baya ||

22. bokmanawa dèn awêri | iya marang Si Sugriwa | aja kapyarsa maringong | dèrèng tutug angandika | Subali lan Rawana | kasaru ing praptanipun | kang mindha warna wanodya ||

23. sarwi tawan-tawan tangis | manjing ing dalêm pratapan | marang Subali jujuge | lajêng anukêmi pada | anjrit dènnya karuna | Subali kagyat tanya [ta...]

--- 654 ---

[...nya] sru | hèh sira iki wong apa ||

24. ngrungkêbi suku anangis | kang mindha warna turira | kawula gusti êmbane | ing arinta Dèwi Tara | praptamba pan dinuta | atur uningèng pukulun | mangkya arinta sang rêtna ||

25. nandhang papa kawlasasih | siyang dalu jinêmala | sang kapindra pandamêle | Sugriwambêg siya-siya | tan măntra maring garwa | kadya mèh antara lampus | sangêting siyasatira ||

26. Subali kagyat dènnya ngling | hèh ta ngapa Si Sugriwa | mêngkono marang rabine | apa kang dadi purwanya | kang mindha matur nêmbah | dene ta prakawisipun | purwane rayi paduka ||

27. sang dyah amidhangêt warti | yèn Prabu Maesasura | lan Jathasura patine | dede Sang Prabu Sugriwa | ingkang marwasèng yuda | ngamandaka ngaku-aku | ature mring Batharendra ||

28. pamiyarsane sayêkti | gusti pan saking paduka | Maesasura pêjahe | miwah Jathasuranira [Jathasurani...]

--- 655 ---

[...ra] | têmah mangke sang rêtna | mring Sugriwa tingalipun | milane dahat sungkawa ||

29. tan kenging dèn parêpêki | mring Narapati Sugriwa | dadya nêkani runtike | ingkang garwa pinanjara | tur anggung jinêmala | siya-siyane kalangkung | sasat aniksa ing kumpra ||

30. yèn dalu kinum ing warih | siyang pinepe ing panas | Prabu Sugriwa pamrihe | mila garwa pinilara | mantuna malih cipta | marang paduka pukulun | nuntên mupusa tyas sira ||

31. kênia sajiwa malih | lawan Narpati Sugriwa | sang dyah wus supatèng tyase | lamun tulus kawêngkua | marang Prabu Sugriwa | dèn palaur praptèng lampus | lumuh kawêngku wre cidra ||

32. ature sarwi anangis | kang mindha warna wanodya | tan măntra yèn gawe-gawe | dhuh gusti sang maha dibya | lamun botên enggala | ing sih paduka pukulun | angrêbat kang kawlasarsa ||

33. kadi puwara ngêmasi | saking tan kuwawi nyandhang | sang kapindra

--- 656 ---

siyasate | dhuh gusti lamun èstua | ing sih wêlas paduka | angukup ing kawlasayun | rayi paduka sang rêtna ||

34. punaginipun anyèthi | amawongan ing paduka | lumampah ing sapakone | botên pisan nyipta krama | mung parêkan kewala | tinimbalna kaping pitu | tulusa angèstupada ||

35. Subali duk amiyarsi | ing atur ingkang mangkana | ilang ing kapandhitane | bisane kang mindha warna | karya tur ngomandaka | Subali tyas sira liwung | ngungkurakên Dasamuka ||

101. Pangkur

1. tan warta sumêbut mêsat | mring gêgana mêre anggêgirisi | mangkrak kruranira riwud | wikramanira dahat | mawa sindhung prakêmpa rèh guntur kêtug | prahara gora ru-ara | prabawa kruraning jurit ||

2. Rawana kalangkung suka | lawan Sukasrana mêsat nututi | mêmanuki saking pungkur | nêbih datan katingal | ayun wruha ing prang mangkya dadinipun | wau Subali lampahnya [la...]

--- 657 ---

[...mpahnya] | lir naga krura ngajrihi ||

3. ngungkuli guwa Kiskêndha | sigra niyup wikramanira maksih | sêsumbar anguwuh-uwuh | nèng ngarsaning gapura | gègèr bala wanara puyêngan mawur | miwah wre kang pra dipatya | mire sadaya samya jrih ||

4. tan ana wruh purwanira | de Subali prapta krura ing jurit | kang anèng jro guwa ngrungu | Narapati Sugriwa | sigra mijil sapraptaning jawi dulu | ing praptanira kang raka | ngunguning tyasnya tan sipi ||

5. apa ta wadine baya | de si kakang krura kapati-pati | wikramanirambêg pagut | ing prang apa bêbaya | ingkang dadi dêdukane marang ingsun | mrêpêki arsa têtanya | cinandhak tan bisa osik ||

6. sinêndhal dèn ikal-ikal | anèng asta nanging datan binanting | gumrêgêt binuwang asru | sumêbul lir bêbalang | gègèr bala wanara mawur malêdug | giris lumayu sasaran | angungsi wana kang têbih ||

7. miwah sagung pra dipatya | anututi sadaya samya nangis |

--- 658 ---

mangkana Subali sampun | lumêbèng jroning guwa | Kusumèng Dyah Dèwi Tara wus angrungu | ing sirnane sang kapindra | soring prang lawan Subali ||

8. Kusumèng Dyah Dèwi Tara | sapawonganira sami anangis | tanbuh-tanbuh solahipun | arsa mijil tan bisa | pan kabutuh Subali ing praptanipun | sang rêtna lara karuna | makidhupuh anèng siti ||

9. Subali mrêpêki sigra | wus sinambut sang dyah mêksih anangis | binêkta marang jinêmrum | Kusuma Dèwi Tara | winasesa ginunturan ing pangungrum | rinapu-rapu pangrêpa | linarih pangarih-arih ||

10. linud ing asmara tăntra | sèlèh solah ananggulang tanpolih | tinatula ing salulut | luluh nèng pagulingan | luwar saking asmara kalangkung ngungun | sang dyah mupus ing wardaya | yèn wus karsaning dewadi ||

11. lêlakone kang sarira | sinung laki wanara kaping kalih | sirnane Sugriwa Prabu | dening nora kaliya | ginantya

--- 659 ---

ring Subali kadange sêpuh | sang dyah wus têntrêm tyas sira | anut sarèhing Subali ||

12. kunêng ing guwa Kiskêndha | kang wus têtêp Subali gumantya ji | karaton Sugriwa Prabu | mêngku pura Kiskêndha | manggih garwa kadhaton saisinipun | nanging kang bala wanara | tan ana kari sawiji ||

13. sadaya tilar Kiskêndha | trêsna marang ratunira kang nguni | samya nut punggawanipun | wau kang kasor ing prang | Narapati Sugriwa doh tibanipun | salèr gunung Maliawan | kantêp tibane kabanting ||

14. katanggor ing wrêksa kamal | gêng saèsthi rungkat rêbah katindhih | Narpati Sugriwa kantu | sinundhang mring Anoman | pra dipati prasamya nungkêmi suku | Anila lawan Jêmbawan | kang jagani kanan kering ||

15. ya ta wau kang kantaka | dangu-dangu kasilir dening angin | èngêt wungu pungun-pungun | lênggah amênggah-mênggah | lon ngandika Anoman ingkang dinangu | hèh Maruti kaya ngapa | dadine mangkene [mang...]

--- 660 ---

[...kene] iki ||

16. pan ingsun ora anduga | Si Subali ing mêngko ana ngêndi | Anoman nêmbah umatur | mangke raka paduka | angêbroki jro guwa saisinipun | dene ta garwa paduka | pan sampun kapêtha rabi ||

17. nanging kang bala wanara | datan wontên ingkang kantun satunggil | samya nut punggawanipun | nusul prapta paduka | pêjah gêsang sapurug tan arsa kantun | Sugriwa duk amiyarsa | ngunguning tyas sru dènnya ngling ||

18. hèh Anoman pamanira | Si Subali apa ta wus pinasthi | lamun dadya satruningsun | dene nora kayaa | hèh sagunging pra dipati kang sêdya nut | maring sun belani papa | anglabuhi baya pati ||

19. akaryaa pasanggrahan | anèng kene pan ingsun nêdya lami | alas iki maksih wutuh | jêmbar kèh palakirna | kaya kamot kanggonan sabalaningsun | iya pirabara benjang | ana sihing jawata di ||

20. ingsun bisa mêmalêsa | lara wirang

--- 661 ---

marang ing satru mami | pra dipati matag gupuh | sagung bala wanara | gya tumandang karya pasanggrahan agung | pinindha pura wangunan | Anila kang ngundhagèni ||

21. asri rêngganing taratag | miwah sagung wanara pra dipati | akarya dunungan sampun | Narapati Sugriwa | wus ngadhaton nèng pura wangunanipun | tata trêp bala wanara | sukantuk pasaban sami ||

22. tan pae lawan Kiskêndha | wana wiyar kèh palakirna dadi | saparan-parane tuwuk | sagung bala wanara | Narapati Sugriwa anggung mangun kung | anèng ing pura wangunan | anungku puja sêmadi ||

23. anênêdha marang dewa | sagêdira mantuk purane malih | lan panggihe garwanipun | Kusuma Dèwi Tara | myang sagêde ing têmbe mêmalês ukum | sikaranira kang raka | Subali sirnaning jurit ||

__________

--- [662] ---

Kauningana para maos.

Bilih sêrat waosan ingkang winastan: Lokapala sampun tamat, dene sambêtipun lajênging cariyos winastan Sêrat: Rama, badhe kapacak kangge waosan sêrat pananggalan wêdalipun taun 1922 ngajêng punika, sambêt-sumambêt ngantos satamatipun, ugi kados Sêrat Lokapala ingkang sampun tamat punika.
N. V. Uitgevers Mij. H. BUNING.

 


sira. (kembali)
punggawa. (kembali)
tutuk. (kembali)
sêkti. (kembali)
Lebih satu suku kata: kang rêmuk anèng paprangan. (kembali)
sampun. (kembali)
yèngsun. (kembali)
èstri. (kembali)